Surah Ya Sin

Daftar Surah

بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
يٰسۤ ۚ١
Yā sīn.
[1] Yā Sīn.

وَالْقُرْاٰنِ الْحَكِيْمِۙ٢
Wal-qur'ānil-ḥakīm(i).
[2] Demi Al-Qur’an hang kebeg hikmah,

اِنَّكَ لَمِنَ الْمُرْسَلِيْنَۙ٣
Innaka laminal-mursalīn(a).
[3] saktemene Riko salah sijine uwong teko Rosul-rosul,

عَلٰى صِرَاطٍ مُّسْتَقِيْمٍۗ٤
‘Alā ṣirāṭim mustaqīm(in).
[4] (Hang ono) nyang dalan hang lurus,

تَنْزِيْلَ الْعَزِيْزِ الرَّحِيْمِۙ٥
Tanzīlal-‘azīzir-raḥīm(i).
[5] (Hang dadi wahyu) hang didunaen ambi Hang Maha Kuat tur Maha Asih.

لِتُنْذِرَ قَوْمًا مَّآ اُنْذِرَ اٰبَاۤؤُهُمْ فَهُمْ غٰفِلُوْنَ٦
Litunżira qaumam mā unżira ābā'uhum fahum gāfilūn(a).
[6] Makne riko nguweni peringatan nyang kaum hang apak-apake iane kabeh durung diweni peringatan, kerono iku iane kabeh podo lali.

لَقَدْ حَقَّ الْقَوْلُ عَلٰٓى اَكْثَرِهِمْ فَهُمْ لَا يُؤْمِنُوْنَ٧
Laqad ḥaqqal-qaulu ‘alā akṡarihim fahum lā yu'minūn(a).
[7] Saktemene wes pasti kelaku omongan (ketentuane Gusti Alloh) nyang akeh-akehe iane kabeh, kerono iane kabeh osing iman.

اِنَّا جَعَلْنَا فِيْٓ اَعْنَاقِهِمْ اَغْلٰلًا فَهِيَ اِلَى الْاَذْقَانِ فَهُمْ مُّقْمَحُوْنَ٨
Innā ja‘alnā fī a‘nāqihim aglālan fa hiya ilal-ażqāni fahum muqmaḥūn(a).
[8] Saktemene Isun wes masang rante nyang gulune iane kabeh, terus tangane iane kabeh (diangkat) nyang dagu, mulokno kerono iku iane kabeh podo dangak.

وَجَعَلْنَا مِنْۢ بَيْنِ اَيْدِيْهِمْ سَدًّا وَّمِنْ خَلْفِهِمْ سَدًّا فَاَغْشَيْنٰهُمْ فَهُمْ لَا يُبْصِرُوْنَ٩
Wa ja‘alnā mim baini aidīhim saddaw wa min khalfihim saddan fa agsyaināhum fahum lā yubṣirūn(a).
[9] Lan Isun anakaen nyang ngarepe iane kabeh tembok lan nyang burine iane kabeh tembok (pisan), lan isun tutup (meripat) iane kabeh sampek iane kabeh osing biso deleng.

وَسَوَاۤءٌ عَلَيْهِمْ ءَاَنْذَرْتَهُمْ اَمْ لَمْ تُنْذِرْهُمْ لَا يُؤْمِنُوْنَ١٠
Wa sawā'un ‘alaihim a'anżartahum am lam tunżirhum lā yu'minūn(a).
[10] Podo baen kanggo iane kabeh opo riko nguwni peringatan nyang iane kabeh utowo riko osing nguweni peringatan nyang iane kabeh, iane kabeh osing arep iman.

اِنَّمَا تُنْذِرُ مَنِ اتَّبَعَ الذِّكْرَ وَخَشِيَ الرَّحْمٰنَ بِالْغَيْبِۚ فَبَشِّرْهُ بِمَغْفِرَةٍ وَّاَجْرٍ كَرِيْمٍ١١
Innamā tunżiru manittaba‘aż-żikra wa khasyiyar-raḥmāna bil-gaib(i), fa basysyirhu bimagfiratiw wa ajrin karīm(in).
[11] Saktemene riko mung biso nguweniperingatan nyang uwong-uwong hang gelem nuruti peringatan 751 lan hang wedi nyang Pengeran Hang Maha Welas senajan iane osing deleng. Mulokno wenono iane kabeh kabar seneng ambi ampunan lan ganjaran hang hang mulia.
751) Karepe peringatan hang diwekaen ambi Nabi Muhammad SAW. mung ono gunane kanggo uwong hang gelem nurut.

اِنَّا نَحْنُ نُحْيِ الْمَوْتٰى وَنَكْتُبُ مَا قَدَّمُوْا وَاٰثَارَهُمْۗ وَكُلَّ شَيْءٍ اَحْصَيْنٰهُ فِيْٓ اِمَامٍ مُّبِيْنٍ ࣖ١٢
Innā naḥnu nuḥyil-mautā wa naktubu mā qaddamū wa āṡārahum, wa kulla syai'in aḥṣaināhu fī imāmim mubīn(in).
[12] Saktemene isun nguripaenuwong-uwong matilan Isun nulisaenopo hang iane kabeh lakoni lan bekas-bekas hang iane kabeh tinggalaen.

وَاضْرِبْ لَهُمْ مَّثَلًا اَصْحٰبَ الْقَرْيَةِۘ اِذْ جَاۤءَهَا الْمُرْسَلُوْنَۚ١٣
Waḍrib lahum maṡalan aṣḥābal-qaryah(ti), iż jā'ahal-mursalūn(a).
[13] Lan gawiyo kanggo iane kabeh suwiji umpomo, yoiku penduduk suwiji negoro pas kongkonan-kongkonaneteko nyang iane kabeh.

اِذْ اَرْسَلْنَآ اِلَيْهِمُ اثْنَيْنِ فَكَذَّبُوْهُمَا فَعَزَّزْنَا بِثَالِثٍ فَقَالُوْٓا اِنَّآ اِلَيْكُمْ مُّرْسَلُوْنَ١٤
Iż arsalnā ilaihimuṡnaini fa każżabūhumā fa ‘azzaznā biṡāliṡin faqālū innā ilaikum mursalūn(a).
[14] (Yoiku) pas Isun ngutus nyang iane kabeh rong kongkonan, terus iane kabeh gubabaen ambi-ambine; terus isun kuataen ambi kongkonan hang ketelu, mulokno ketelung kongkonan iku ngomong: “Saktemene isun yoiku uwong-uwong hang dikongkon nyang riko.

قَالُوْا مَآ اَنْتُمْ اِلَّا بَشَرٌ مِّثْلُنَاۙ وَمَآ اَنْزَلَ الرَّحْمٰنُ مِنْ شَيْءٍۙ اِنْ اَنْتُمْ اِلَّا تَكْذِبُوْنَ١٥
Qālū mā antum illā basyarum miṡlunā, wa mā anzalar-raḥmānu min syai'(in), in antum illā takżibūn(a).
[15] lane kabeh jawab: “Riko osig liyo mung menungso koyok isun kabeh lan Gusti Alloh Hang Maha Welas osing ngedunan suwiji baen, riko osing liyo mung gae gubab baen”.

قَالُوْا رَبُّنَا يَعْلَمُ اِنَّآ اِلَيْكُمْ لَمُرْسَلُوْنَ١٦
Qālū rabbunā ya‘lamu innā ilaikum lamursalūn(a).
[16] Iane kabeh ngomong: “pengeran isun kabeh ngaweruhi saktemene isun kabeh yoiku uwong hang dikongkon nyang riko.

وَمَا عَلَيْنَآ اِلَّا الْبَلٰغُ الْمُبِيْنُ١٧
Wa mā ‘alainā illal-balāgul-mubīn(u).
[17] Lan kewajiban isun kabeh osing liyo mung nyampekaen (perintahe Gusti Alloh) ambi jelas.

قَالُوْٓا اِنَّا تَطَيَّرْنَا بِكُمْۚ لَىِٕنْ لَّمْ تَنْتَهُوْا لَنَرْجُمَنَّكُمْ وَلَيَمَسَّنَّكُمْ مِّنَّا عَذَابٌ اَلِيْمٌ١٨
Qālū innā taṭayyarnā bikum, la'il lam tantahū lanarjumannakum wa layamassannakum minnā ‘ażābun alīm(un).
[18] Iane kabeh jawab: “Saktemene isun kabeh nasibe osing apik kerono riko, stemene kadung riko osing mandek (ngongkon isun kabeh), pasti isun kabeh arep ngeranjam riko lan riko pasti arep oleh sikso hang ngelaraen teko isun kabeh”.

قَالُوْا طَاۤىِٕرُكُمْ مَّعَكُمْۗ اَىِٕنْ ذُكِّرْتُمْۗ بَلْ اَنْتُمْ قَوْمٌ مُّسْرِفُوْنَ١٩
Qālū ṭā'irukum ma‘akum, a'in żukkirtum, bal antum qaumum musrifūn(a).
[19] Kongkonan-kongkonan iku ngomong: “Nasib elek riko iku yoiku kerono riko dewek. Opo riko kadung wes diweni peringatan (riko ngancem isun kabeh)? Saktemene riko yoiku kaum hang ngelewati wates”.

وَجَاۤءَ مِنْ اَقْصَا الْمَدِيْنَةِ رَجُلٌ يَّسْعٰى قَالَ يٰقَوْمِ اتَّبِعُوا الْمُرْسَلِيْنَۙ٢٠
Wa jā'a min aqṣal-madīnati rajuluy yas‘ā qāla yā qaumittabi‘ul-mursalīn(a).
[20] Lan teko pojoke kuto, siji uwong lanang (Habib An-Najjar) ammbi kesusu-susu iane ngomong: “He kaum isun, nurute nyang kongkonan-kongkonan iku.

اتَّبِعُوْا مَنْ لَّا يَسْـَٔلُكُمْ اَجْرًا وَّهُمْ مُّهْتَدُوْنَ ۔٢١
Ittabi‘ū mal lā yas'alukum ajraw wa hum muhtadūn(a).
[21] Nuruto nyang uwong hang osing jalok balesan nyang riko; lan iane kabeh yoiku uwong-uwong hang oleh pituduh.

وَمَا لِيَ لَآ اَعْبُدُ الَّذِيْ فَطَرَنِيْ وَاِلَيْهِ تُرْجَعُوْنَ٢٢
Wa mā liya lā a‘budul-lażī faṭaranī wa ilaihi turja‘ūn(a).
[22] Apuwo isun heng nyembah (pengeran) hang wes ndadekaken isun? lan mung nang pengeran, riko kabeh arep dibalekaken.

ءَاَتَّخِذُ مِنْ دُوْنِهٖٓ اٰلِهَةً اِنْ يُّرِدْنِ الرَّحْمٰنُ بِضُرٍّ لَّا تُغْنِ عَنِّيْ شَفَاعَتُهُمْ شَيْـًٔا وَّلَا يُنْقِذُوْنِۚ٢٣
A'attakhiżu min dūnihī ālihatan iy yuridnir-raḥmānu biḍurril lā tugni ‘annī syafā‘atuhum syai'aw wa lā yunqiżūn(i).
[23] Apuwo isun arep nyembah pengeran sakliyane Gusti Alloh, sak umpama (Gusti Alloh) hang maha welas ngarepaken mudorot nang isun, mangka syafaat wong wong iku heng nguweni manfaat paran paran kanggo awak isun lan wong wong iku heng bisa nyelametaken isun.

اِنِّيْٓ اِذًا لَّفِيْ ضَلٰلٍ مُّبِيْنٍ٢٤
Innī iżal lafī ḍalālim mubīn(in).
[24] Saktemene isun, kadung gediku pesti ana reng kesesatan hang jelas.

اِنِّيْٓ اٰمَنْتُ بِرَبِّكُمْ فَاسْمَعُوْنِۗ٢٥
Innī āmantu birabbikum fasma‘ūn(i).
[25] Saktemene isun wes iman nang Pengeran riko kabeh, mongko rungokno (pengakuan iman isun).

قِيْلَ ادْخُلِ الْجَنَّةَ ۗقَالَ يٰلَيْتَ قَوْمِيْ يَعْلَمُوْنَۙ٢٦
Qīladkhulil-jannah(ta), qāla yā laita qaumī ya‘lamūn(a).
[26] Diomongaken (nang wong ikau): Melebuo nang suwarga 752 . Iyane ngomong “ mandanea apike sekirane kaum isun weroh.
752) Menurut riwayat, wong lanang iku dipateni kambi kaume sakwise iyane ngucapaken omongan minangka nasihat nang kaume. Iki disebut ning jeru ayat 20 s/d 25. Rikala iyane arep mati; Malaikat mudun nguweni weruh saktemene Gusti Alloh wes nyepura dosane lan iyane arep mlebu suwargo

بِمَا غَفَرَ لِيْ رَبِّيْ وَجَعَلَنِيْ مِنَ الْمُكْرَمِيْنَ٢٧
Bimā gafaralī rabbī wa ja‘alanī minal-mukramīn(a).
[27] Paran hang nyebabain pengeran isun nguweni sepura nang isun lan dadekaken isun kelebu wong-wong hang dimulyaaken

۞ وَمَآ اَنْزَلْنَا عَلٰى قَوْمِهٖ مِنْۢ بَعْدِهٖ مِنْ جُنْدٍ مِّنَ السَّمَاۤءِ وَمَا كُنَّا مُنْزِلِيْنَ٢٨
Wa mā anzalnā ‘alā qaumihī mim ba‘dihī min jundim minas-samā'i wa mā kunnā munzilīn(a).
[28] lan isun heng ngedunaken nang kaume sakwise iyane (mati) suatu pasukan teka langit lan sing mbejaji isun ngedunaken

اِنْ كَانَتْ اِلَّا صَيْحَةً وَّاحِدَةً فَاِذَا هُمْ خٰمِدُوْنَ٢٩
In kānat illā ṣaiḥataw wāḥidatan fa'iżā hum khāmidūn(a).
[29] Heng ana seksaan kanggo wong-wong, iku kejaba mong sak bengokan suara bain, mangka jemedul wong-wong iku kabeh mati

يٰحَسْرَةً عَلَى الْعِبَادِۚ مَا يَأْتِيْهِمْ مِّنْ رَّسُوْلٍ اِلَّا كَانُوْا بِهٖ يَسْتَهْزِءُوْنَ٣٠
Yā ḥasratan ‘alal-‘ibād(i), mā ya'tīhim mir rasūlin illā kānū bihī yastahzi'ūn(a).
[30] Mandanea gedhene getun nang batur batur iku, heng ana teka siji Rasul nang wong-wong iku, kejaba wong wong iku sedawane ngelok- ngelokaken.

اَلَمْ يَرَوْا كَمْ اَهْلَكْنَا قَبْلَهُمْ مِّنَ الْقُرُوْنِ اَنَّهُمْ اِلَيْهِمْ لَا يَرْجِعُوْنَ٣١
Alam yarau kam ahlaknā qablahum minal-qurūni annahum ilaihim lā yarji‘ūn(a).
[31] Apa seng weruh wong-wong iku, piro akehe umat umat sakdurunge wong wong iku hang wes isun ancuraken, Saktemene wong wong iku (hang wes isun ancuraken) iku seng ana balek maning. 753
753) Maksudnya: wong wong iku sing balik nang dunya

وَاِنْ كُلٌّ لَّمَّا جَمِيْعٌ لَّدَيْنَا مُحْضَرُوْنَ ࣖ٣٢
Wa in kullul lammā jamī‘ul ladainā muḥḍarūn(a).
[32] Lan angger wong wong iku kabeh dikumpulaken maning nang isun.

وَاٰيَةٌ لَّهُمُ الْاَرْضُ الْمَيْتَةُ ۖاَحْيَيْنٰهَا وَاَخْرَجْنَا مِنْهَا حَبًّا فَمِنْهُ يَأْكُلُوْنَ٣٣
Wa āyatul lahumul-arḍul-maitah(tu), aḥyaināhā wa akhrajnā minhā ḥabban faminhu ya'kulūn(a).
[33] Lan sijine tandha (kuasane Gusti Alloh hang gedhe) kanggo wong wong iku yaiku bumi hang mati, isun urepaken bumi iku, lan isun ngetokaken teka bumi wiji wijian, mangka teka bumi iku wong wong iku mangan.

وَجَعَلْنَا فِيْهَا جَنّٰتٍ مِّنْ نَّخِيْلٍ وَّاَعْنَابٍ وَّفَجَّرْنَا فِيْهَا مِنَ الْعُيُوْنِۙ٣٤
Wa ja‘alnā fīhā jannātim min nakhīliw wa a‘nābiw wa fajjarnā fīhā minal-‘uyūn(i).
[34] Lan isun dadekaken kebon-kebon kurma lan anggur reng bumi lan isun pancuraken teka bumi pirang pirang sumber banyu

لِيَأْكُلُوْا مِنْ ثَمَرِهٖۙ وَمَا عَمِلَتْهُ اَيْدِيْهِمْ ۗ اَفَلَا يَشْكُرُوْنَ٣٥
Liya'kulū min ṡamarihī wa mā ‘amilathu aidīhim, afalā yasykurūn(a).
[35] Supaya wong wong iku oleh mangan teka uwohe, lan paran bain hang wes di usahakaken kambi tangane wong wong iku. Mangka apuwo wong wong iku seng gelem syukur ?

سُبْحٰنَ الَّذِيْ خَلَقَ الْاَزْوَاجَ كُلَّهَا مِمَّا تُنْۢبِتُ الْاَرْضُ وَمِنْ اَنْفُسِهِمْ وَمِمَّا لَا يَعْلَمُوْنَ٣٦
Subḥānal-lażī khalaqal-azwāja kullahā mimmā tumbitul-arḍu wa min anfusihim wa mimmā lā ya‘lamūn(a).
[36] Maha suci Pengeran hang wes dadekaken jadhah jadhan kabeh, kabeh iku ana hang merujuk teka lemah lan ana hang teka awake wong wong iku lan teka paran bain hang seng wong wong iku weruhi.

وَاٰيَةٌ لَّهُمُ الَّيْلُ ۖنَسْلَخُ مِنْهُ النَّهَارَ فَاِذَا هُمْ مُّظْلِمُوْنَۙ٣٧
Wa āyatul lahumul-lailu naslakhu minhun-nahāra fa'iżā hum muẓlimūn(a).
[37] Lan sijine tondho (kuasane Gusti Alloh hang gedhe) kanggo wong wong iku yaiku bengi; isun mbusek padhange raino teka bengi iku, mangka jemedul wong-wong iku ana reng jerone peteng jumbleng.

وَالشَّمْسُ تَجْرِيْ لِمُسْتَقَرٍّ لَّهَا ۗذٰلِكَ تَقْدِيْرُ الْعَزِيْزِ الْعَلِيْمِۗ٣٨
Wasy-syamsu tajrī limustaqarril lahā, żālika taqdīrul-‘azīzil-‘alīm(i).
[38] Lan srengenge melaku reng panggonan idere. Hang gedigu iku uger ugere Pengeran hang Maha gagah lan maha ngaweruhi.

وَالْقَمَرَ قَدَّرْنٰهُ مَنَازِلَ حَتّٰى عَادَ كَالْعُرْجُوْنِ الْقَدِيْمِ٣٩
Wal-qamara qaddarnāhu manāzila ḥattā ‘āda kal-‘urjūnil-qadīm(i).
[39] Lan wes isun tetepaken kanggo ulan panggonane mandek-mandek, sampek (sakwise iyane nyampek neng panggonane mandek hang pungkasan) mbaleko iyane minangka mancung hang tuwek. 754
754) Jarene riwayat, wong lanang iku dipateni karo kaume sakwise ngucapaken omongan kang dadi nasihat nang kaume koyo dene reng ayat 20 s/d 25. naliko arep mati; Malaikat mudun aweh weruh yaiku Gusti Alloh wes ngampuni dosane lan dia arep melebu suwargo

لَا الشَّمْسُ يَنْۢبَغِيْ لَهَآ اَنْ تُدْرِكَ الْقَمَرَ وَلَا الَّيْلُ سَابِقُ النَّهَارِ ۗوَكُلٌّ فِيْ فَلَكٍ يَّسْبَحُوْنَ٤٠
Lasy-syamsu yambagī lahā an tudrikal-qamara wa lal-lailu sābiqun-nahār(i), wa kullun fī falakiy yasbaḥūn(a).
[40] Heng mungkin kanggo srengenge kecaruk wulan, lan bengi sing bisa nyulungi raino. Lan kabeh- kabeh iku ngedhari reng garis edhare.

وَاٰيَةٌ لَّهُمْ اَنَّا حَمَلْنَا ذُرِّيَّتَهُمْ فِى الْفُلْكِ الْمَشْحُوْنِۙ٤١
Wa āyatul lahum annā ḥamalnā żurriyyatahum fil-fulkil-masyḥūn(i).
[41] Lan sijine tandha (kuasane Gusti Alloh hang gedi) kanggone wong-wong iku yaiku saktemene isun angkut keturunane wong wong iku reng kapal hang kebek wot-wotane.

وَخَلَقْنَا لَهُمْ مِّنْ مِّثْلِهٖ مَا يَرْكَبُوْنَ٤٢
Wa khalaqnā lahum mim miṡlihī mā yarkabūn(a).
[42] Lan isun dadekaken kanggo wong wong iku hang arep numpaki koyo kapal iku 755 .
755) Maksudnya: mereka itu tidak kembali ke dunia.

وَاِنْ نَّشَأْ نُغْرِقْهُمْ فَلَا صَرِيْخَ لَهُمْ وَلَاهُمْ يُنْقَذُوْنَۙ٤٣
Wa in nasya' nugriqhum falā ṣarīkha lahum wa lā hum yunqażūn(a).
[43] Lan kadung isun karepi, mangka isun ndelepaken wong wong iku, mangka heng ana kanggo wong wong iku hang bisa nulungi lan heng ana hang bisa di selametaken.

اِلَّا رَحْمَةً مِّنَّا وَمَتَاعًا اِلٰى حِيْنٍ٤٤
Illā raḥmatam minnā wa matā‘an ilā ḥīn(in).
[44] Taping (isun selametaken wong wong iku) kerana rahmat hang gedhe teka isun lan kerana nguweni kesenengan urip sampek reng sijine wektu hang ditentukaken

وَاِذَا قِيْلَ لَهُمُ اتَّقُوْا مَا بَيْنَ اَيْدِيْكُمْ وَمَا خَلْفَكُمْ لَعَلَّكُمْ تُرْحَمُوْنَ٤٥
Wa iżā qīla lahumuttaqū mā baina aidīkum wa mā khalfakum la‘allakum turḥamūn(a).
[45] Lan kadung diomongaken nang wong-wong iku “wedio riko nang seksa hang ana reng ngarep riko lan marang seksa hang arep teka supaya riko oleh rahmat” (niscaya wong-wong iku padha mengos)

وَمَا تَأْتِيْهِمْ مِّنْ اٰيَةٍ مِّنْ اٰيٰتِ رَبِّهِمْ اِلَّا كَانُوْا عَنْهَا مُعْرِضِيْنَ٤٦
Wa mā ta'tīhim min āyatim min āyāti rabbihim illā kānū ‘anhā mu‘riḍīn(a).
[46] Lan pisan pisan heng ana teka nang wong wong iku babar pisan sijine tandha teka tandha tandha kuasane pengerane wong-wong iku, kejaba wong wong iku sedawane melengos teka tandha-tandha iku.

وَاِذَا قِيْلَ لَهُمْ اَنْفِقُوْا مِمَّا رَزَقَكُمُ اللّٰهُ ۙقَالَ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا لِلَّذِيْنَ اٰمَنُوْٓا اَنُطْعِمُ مَنْ لَّوْ يَشَاۤءُ اللّٰهُ اَطْعَمَهٗٓ ۖاِنْ اَنْتُمْ اِلَّا فِيْ ضَلٰلٍ مُّبِيْنٍ٤٧
Wa iżā qīla lahum anfiqū mimmā razaqakumullāh(u), qālal-lażīna kafarū lil-lażīna āmanū anuṭ‘imu mal lau yasyā'ullāhu aṭ‘amah(ū), in antum illā fī ḍalālim mubīn(in).
[47] Lan kadung diomongaken nang wong wong iku: “nafkahna separo teka rizki hang diuwekaken Gusti Alloh nang riko”. Mongka wong-wong hang kafir iku ngomong nang wong wong hang padha iman: “apa isun arep nguweni mangan nang wong- wong hang kadung Gusti Alloh ngarepaken, mesti Gusti Alloh arep nguweni mangan, Heng ana riko iku kejaba nang jero kesesatan hang nyata?’’

وَيَقُوْلُوْنَ مَتٰى هٰذَا الْوَعْدُ اِنْ كُنْتُمْ صٰدِقِيْنَ٤٨
Wa yaqūlūna matā hāżal-wa‘du in kuntum ṣādiqīn(a).
[48] Lan wong wong iku ngomong:”kapan (Kedadenane) janji iki (Dino ditangiaken) kadung riko wong-wong hang bener.

مَا يَنْظُرُوْنَ اِلَّا صَيْحَةً وَّاحِدَةً تَأْخُذُهُمْ وَهُمْ يَخِصِّمُوْنَ٤٩
Mā yanẓurūna illā ṣaiḥataw wāḥidatan ta'khużuhum wa hum yakhiṣṣimūn(a).
[49] Wong wong iku heng ngenteni kejaba sak kaokan bain 756 hang arep ngejuraken wong wong iku rikola wong-wong iku tukaran.
756) Maksude: suara semprongan sangkakala hang pertama kang ngejuraken bumi iki

فَلَا يَسْتَطِيْعُوْنَ تَوْصِيَةً وَّلَآ اِلٰٓى اَهْلِهِمْ يَرْجِعُوْنَ ࣖ٥٠
Falā yastaṭī‘ūna tauṣiyataw wa lā ilā ahlihim yarji‘ūn(a).
[50] Terus wong-wong iku heng kuasa gawe sijine wasiat lan seng (pisan) bisa muleh nang keluargane

وَنُفِخَ فِى الصُّوْرِ فَاِذَا هُمْ مِّنَ الْاَجْدَاثِ اِلٰى رَبِّهِمْ يَنْسِلُوْنَ٥١
Wa nufikha fiṣ-ṣūri fa'iżā hum minal-ajdāṡi ilā rabbihim yansilūn(a).
[51] Lan disemprong sangkakala 757 , mangka jemedhul wong-wong iku telikas metu teka kubure (ngadep) nang Pengeran.
757) Semprongan iki yaiku semprongan sangkakala hang ping pindo hang sakwise tangi wong wong jero kubur.

قَالُوْا يٰوَيْلَنَا مَنْۢ بَعَثَنَا مِنْ مَّرْقَدِنَا ۜهٰذَا مَا وَعَدَ الرَّحْمٰنُ وَصَدَقَ الْمُرْسَلُوْنَ٥٢
Qālū yā wailanā mam ba‘aṡanā mim marqadinā…hāżā mā wa‘adar-raḥmānu wa ṣadaqal-mursalūn(a).
[52] Wong wong iku ngomong “aduh celaka isun! sapa hang nangiaken isun teka panggonan turu ison (kubur)” iki hang dijanjikaken (Pengeran) hang maha awehan lan bener para utusane Gusti Alloh.

اِنْ كَانَتْ اِلَّا صَيْحَةً وَّاحِدَةً فَاِذَا هُمْ جَمِيْعٌ لَّدَيْنَا مُحْضَرُوْنَ٥٣
In kānat illā ṣaiḥataw wāḥidatan fa'iżā hum jamī‘ul ladainā muḥḍarūn(a).
[53] Heng ana berak berak kejaba sak berakan bain, mangka jemedhul wong wong iku kabeh dikumpulaken nang ison.

فَالْيَوْمَ لَا تُظْلَمُ نَفْسٌ شَيْـًٔا وَّلَا تُجْزَوْنَ اِلَّا مَا كُنْتُمْ تَعْمَلُوْنَ٥٤
Fal-yauma lā tuẓlamu nafsun syai'aw wa lā tujzauna illā mā kuntum ta‘malūn(a).
[54] Mangka reng dino iku, siji wong heng dirugiaken blas lan riko heng arep di wales kejaba kambi paran hang wes dilakoni.

اِنَّ اَصْحٰبَ الْجَنَّةِ الْيَوْمَ فِيْ شُغُلٍ فٰكِهُوْنَ ۚ٥٥
Inna aṣḥābal-jannatil-yauma fī syugulin fākihūn(a).
[55] Saktemene wong hang manggon Suwarga, reng dino iku padha seneng-seneng nang kesibukane.

هُمْ وَاَزْوَاجُهُمْ فِيْ ظِلٰلٍ عَلَى الْاَرَاۤىِٕكِ مُتَّكِـُٔوْنَ ۚ٥٦
Hum wa azwājuhum fī ẓilālin ‘alal-arā'iki muttaki'ūn(a).
[56] Wong wong iku lan rayat rayate wong wong iku manggon nang panggonan hang teduh, padha glintingan nang pelonco.

لَهُمْ فِيْهَا فَاكِهَةٌ وَّلَهُمْ مَّا يَدَّعُوْنَ ۚ٥٧
Lahum fīhā fākihatuw wa lahum mā yadda‘ūn(a).
[57] Reng Suwarga iku wong-wong iku kantuk woh-wohan lan kantuk paran hang dijalok wong wong iku.

سَلٰمٌۗ قَوْلًا مِّنْ رَّبٍّ رَّحِيْمٍ٥٨
Salāmun qaulam mir rabbir raḥīm(in).
[58] (Nang wong wong iku diomongaken) “salam” minangka pitutur selamet teka pengeran hang maha welas.

وَامْتَازُوا الْيَوْمَ اَيُّهَا الْمُجْرِمُوْنَ٥٩
Wamtāzul-yauma ayyuhal-mujrimūn(a).
[59] Lan (diwarah nang wong-wong kafir) pisaho riko (teka wong-wong mu’min) reng dino iki, he wong-wong hang gawe jahat.

۞ اَلَمْ اَعْهَدْ اِلَيْكُمْ يٰبَنِيْٓ اٰدَمَ اَنْ لَّا تَعْبُدُوا الشَّيْطٰنَۚ اِنَّهٗ لَكُمْ عَدُوٌّ مُّبِيْنٌ٦٠
Alam a‘had ilaikum yā banī ādama allā ta‘budusy-syaiṭān(a), innahū lakum ‘aduwwum mubīn(un).
[60] Apa isun heng wes merintahaken nang riko he Bani Adam, supaya riko heng nyembah syethan? Saktemene syetan iku musuh hang nyata piturut riko.

وَاَنِ اعْبُدُوْنِيْ ۗهٰذَا صِرَاطٌ مُّسْتَقِيْمٌ٦١
Wa ani‘budūnī, hāżā ṣirāṭum mustaqīm(un).
[61] Lan nyembaho riko nang isun, iki lah dalan hang kenceng.

وَلَقَدْ اَضَلَّ مِنْكُمْ جِبِلًّا كَثِيْرًا ۗاَفَلَمْ تَكُوْنُوْا تَعْقِلُوْنَ٦٢
Wa laqad aḍalla minkum jibillan kaṡīrā(n), afalam takūnū ta‘qilūn(a).
[62] Saktemene syetan iku wes nyesataken nang akeh-akehe antara riko kabeh. Mangka apa riko heng mikiraken?

هٰذِهٖ جَهَنَّمُ الَّتِيْ كُنْتُمْ تُوْعَدُوْنَ٦٣
Hāżihī jahannamul-latī kuntum tū‘adūn(a).
[63] Iki neraka Jahannam hang bengen riko di ancem.

اِصْلَوْهَا الْيَوْمَ بِمَا كُنْتُمْ تَكْفُرُوْنَ٦٤
Iṣlauhal-yauma bimā kuntum takfurūn(a).
[64] Melebuho nang jerone dino iki, disebabaken riko bengen nyulayani.

اَلْيَوْمَ نَخْتِمُ عَلٰٓى اَفْوَاهِهِمْ وَتُكَلِّمُنَآ اَيْدِيْهِمْ وَتَشْهَدُ اَرْجُلُهُمْ بِمَا كَانُوْا يَكْسِبُوْنَ٦٥
Al-yauma nakhtimu ‘alā afwāhihim wa tukallimunā aidīhim wa tasyhadu arjuluhum bimā kānū yaksibūn(a).
[65] Reng dino iki isun tutup cangkeme wong-wong iku, lan ngomong nang isun tangan wong wong iku. Lan nguweni kesaksian sikil wong wong iku nang paran bain hang bengen dilakoni

وَلَوْ نَشَاۤءُ لَطَمَسْنَا عَلٰٓى اَعْيُنِهِمْ فَاسْتَبَقُوا الصِّرَاطَ فَاَنّٰى يُبْصِرُوْنَ٦٦
Wa lau nasyā'u laṭamasnā ‘alā a‘yunihim fastabaquṣ-ṣirāṭa fa annā yubṣirūn(a).
[66] Lan kadung isun ngarepaken, mesti isun busek pendelengane mata wong wong iku; terus wong-wong iku padha saingan (nggolek) dalan. Mangka kelendi wong wong iku bisa ndeleng.

وَلَوْ نَشَاۤءُ لَمَسَخْنٰهُمْ عَلٰى مَكَانَتِهِمْ فَمَا اسْتَطَاعُوْا مُضِيًّا وَّلَا يَرْجِعُوْنَ ࣖ٦٧
Wa lau nasyā'u lamasakhnāhum ‘alā makānatihim famastaṭā‘ū muḍiyyaw wa lā yarji‘ūn(a).
[67] Lan kadung isun ngarepaken, mesti isun rubah wong wong iku neng panggonane, mangka wong-wong iku heng sanggup melaku maneng lan heng sanggup balek.

وَمَنْ نُّعَمِّرْهُ نُنَكِّسْهُ فِى الْخَلْقِۗ اَفَلَا يَعْقِلُوْنَ٦٨
Wa man nu‘ammirhu nunakkishu fil-khalq(i), afalā ya‘qilūn(a).
[68] lan sapa bain hang isun dawakaken umure mesti isun balekaken iyane nang kedadenane 758 mangka apa wong-wong iku seng mikiraken?
758) Maksude: balek maneng dadi lemah lan kurang akal

وَمَا عَلَّمْنٰهُ الشِّعْرَ وَمَا يَنْۢبَغِيْ لَهٗ ۗاِنْ هُوَ اِلَّا ذِكْرٌ وَّقُرْاٰنٌ مُّبِيْنٌ ۙ٦٩
Wa mā ‘allamnāhusy-syi‘ra wa mā yambagī lah(ū), in huwa illā żikruw wa qur'ānum mubīn(un).
[69] Lan isun heng ngajaraken syair nang iyane (Muhammad) lan ngucapaken syair iku heng pantes kanggone. Al-Qur’an iku sing ana liya mung kejaba pelajaran lan kitab hang nguweni penerangan.

لِّيُنْذِرَ مَنْ كَانَ حَيًّا وَّيَحِقَّ الْقَوْلُ عَلَى الْكٰفِرِيْنَ٧٠
Liyunżira man kāna ḥayyaw wa yaḥiqqal-qaulu ‘alal-kāfirīn(a).
[70] Supaya iyane (Muhammad) nguweni pepenget nang wong-wong hang urep (atine) lan supaya pestilah (ketetepan (adzab) nang wong-wong kafir.

اَوَلَمْ يَرَوْا اَنَّا خَلَقْنَا لَهُمْ مِّمَّا عَمِلَتْ اَيْدِيْنَآ اَنْعَامًا فَهُمْ لَهَا مٰلِكُوْنَ٧١
Awalam yarau annā khalaqnā lahum mimmā ‘amilat aidīnā an‘āman fahum lahā mālikūn(a).
[71] Lan apa wong-wong iku heng ndeleng, Saktemene isun wes dadekno kewan ternak kanggo wong wong iku yaiku separo teka paran hang isun dadekaken kanggo kuasane isun dewek, terus wong-wong iku nguwasai.

وَذَلَّلْنٰهَا لَهُمْ فَمِنْهَا رَكُوْبُهُمْ وَمِنْهَا يَأْكُلُوْنَ٧٢
Wa żallalnāhā lahum fa minhā rakūbuhum wa minhā ya'kulūn(a).
[72] Lan isun dhungklukaken kewan kewan iku kanggo wong-wong iku, mangka separone dadi tunggangane lan separone dipangan wong wong iku.

وَلَهُمْ فِيْهَا مَنَافِعُ وَمَشَارِبُۗ اَفَلَا يَشْكُرُوْنَ٧٣
Wa lahum fīhā manāfi‘u wa masyārib(u), afalā yasykurūn(a).
[73] Lan wong-wong iku oleh pirang pirang manfaate lan pirang pirang minumane, mangka abuo wong-wong iku heng gelem nyukuri.

وَاتَّخَذُوْا مِنْ دُوْنِ اللّٰهِ اٰلِهَةً لَّعَلَّهُمْ يُنْصَرُوْنَ ۗ٧٤
Wattakhażū min dūnillāhi ālihatal la‘allahum yunṣarūn(a).
[74] Wong-wong iku njuwut sembahan sembahan liyane Gusti Alloh supoyo wong-wong iku oleh pitulungan.

لَا يَسْتَطِيْعُوْنَ نَصْرَهُمْۙ وَهُمْ لَهُمْ جُنْدٌ مُّحْضَرُوْنَ٧٥
Lā yastaṭī‘ūna naṣrahum, wa hum lahum jundum muḥḍarūn(a).
[75] Berhala berhala iku heng ana hang bisa nulungi wong wong iku; padahal berhala berhala iku dadi tentara hang disiapaken kanggo njaga wong wong iku.

فَلَا يَحْزُنْكَ قَوْلُهُمْ ۘاِنَّا نَعْلَمُ مَا يُسِرُّوْنَ وَمَا يُعْلِنُوْنَ٧٦
Falā yaḥzunka qauluhum, innā na‘lamu mā yusirrūna wa mā yu‘linūn(a).
[76] Mangka aja sampek omongan wong wong iku dadekaken riko susah, Saktemene isun weroh paran bain hang wong wong iku rahasiaaken lan paran bain hang wong wong iku nyatakaken.

اَوَلَمْ يَرَ الْاِنْسَانُ اَنَّا خَلَقْنٰهُ مِنْ نُّطْفَةٍ فَاِذَا هُوَ خَصِيْمٌ مُّبِيْنٌ٧٧
Awalam yaral-insānu annā khalaqnāhu min nuṭfatin fa'iżā huwa khaṣīmum mubīn(un).
[77] Lan apa menungsa seng ngestokaken Saktemene isun dadekaken iyane teka setitik banyu (mani), mangka jemedhul iyane dadi penentang hang nyata.

وَضَرَبَ لَنَا مَثَلًا وَّنَسِيَ خَلْقَهٗۗ قَالَ مَنْ يُّحْيِ الْعِظَامَ وَهِيَ رَمِيْمٌ٧٨
Wa ḍaraba lanā maṡalaw wa nasiya khalqah(ū), qāla may yuḥyil-‘iẓāma wa hiya ramīm(un).
[78] Lan iyane gawe cantha kanggo isun. lan iyane lali nang kedadenane. iyane ngomong “Sapa hang bisa nguripaken rongkong”, hang wes ajur mumur.

قُلْ يُحْيِيْهَا الَّذِيْٓ اَنْشَاَهَآ اَوَّلَ مَرَّةٍ ۗوَهُوَ بِكُلِّ خَلْقٍ عَلِيْمٌ ۙ٧٩
Qul yuḥyīhal-lażī ansya'ahā awwala marrah(tin), wa huwa bikulli khalqin ‘alīm(un).
[79] Ngomongo; iyane arep diuripaken pengeran hang dadekaken hang sepisan. Gusti Alloh maha ngaweruhi sekabehane makhluke

ۨالَّذِيْ جَعَلَ لَكُمْ مِّنَ الشَّجَرِ الْاَخْضَرِ نَارًاۙ فَاِذَآ اَنْتُمْ مِّنْهُ تُوْقِدُوْنَ٨٠
Allażī ja‘ala lakum minasy-syajaril-akhḍari nārā(n), fa'iżā antum minhu tūqidūn(a).
[80] Yaiku Pengeran hang dadekaken kanggo sira geni teka kayu ijo, mangka jemedhul riko nguripaken (geni) teko kayu iku.

اَوَلَيْسَ الَّذِيْ خَلَقَ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضَ بِقٰدِرٍ عَلٰٓى اَنْ يَّخْلُقَ مِثْلَهُمْ ۗبَلٰى وَهُوَ الْخَلّٰقُ الْعَلِيْمُ٨١
Awa laisal-lażī khalaqas-samāwāti wal-arḍa biqādirin ‘alā ay yakhluqa miṡlahum, balā wa huwal-khallāqul-‘alīm(u).
[81] Lan heng pengeran hang dadikaken langit lan bumi iku kuasa dadikaken maneng raga raga wong wong iku hang wes ajur iku? bener; iyane kuasa, lan iyane maha dadikaken lan maha ngaweruhi.

اِنَّمَآ اَمْرُهٗٓ اِذَآ اَرَادَ شَيْـًٔاۖ اَنْ يَّقُوْلَ لَهٗ كُنْ فَيَكُوْنُ٨٢
Innamā amruhū iżā arāda syai'an ay yaqūla lahū kun fa yakūn(u).
[82] Saktemene perintahe Pegeran, kadung iyane ngarepaken paran-paran, mong ngomong nang iyane “dadio!” mangka dadi.

فَسُبْحٰنَ الَّذِيْ بِيَدِهٖ مَلَكُوْتُ كُلِّ شَيْءٍ وَّاِلَيْهِ تُرْجَعُوْنَ ࣖ٨٣
Fa subḥānal-lażī biyadihī malakūtu kulli syai'iw wa ilaihi turja‘ūn(a).
[83] Mangka Moho suci (Gusti Alloh) hang reng tangane kuasane sekabehane perkara lan nang iyane mung riko di balekaken.