Surah Ar-Rum

Daftar Surah

بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
الۤمّۤ ۚ١
Alif lām mīm.
[1] Alif laam Miim

غُلِبَتِ الرُّوْمُۙ٢
Gulibatir-rūm(u).
[2] Wes dikalahno bongso Rumawi. 659
659) Karepe: Rumawi Timur hang pusate ono nyang Konstantinopel.

فِيْٓ اَدْنَى الْاَرْضِ وَهُمْ مِّنْۢ بَعْدِ غَلَبِهِمْ سَيَغْلِبُوْنَۙ٣
Fī adnal-arḍi wa hum mim ba‘di galabihim sayaglibūn(a).
[3] Nyang negeri hang parek 660 lan iane kabeh sakmarine dikalahno terus menang. 661
660) Karepe: paling parek kambi negeri Arab yoiku syiria, lan Palestina zamane dijajah kambi kerajaan Romawi Timur 661) Bongso Rumawi yoiku bongso kang duwe agomo Nasrani hang duweni Kitab Suci sedenge bongso Persia agomone majusi, nyembah geni, lan patung (musyrik). Lurukarone bongso iku podo perangan. Pas kerungu berita kalahe bongso Rumawi kambi bongso Persia, mulakno kaum musyrik Mekkah nyambut kambi seneng-seneng kerono mihak nyang wong-wong musyrik Persia. Sedenge kaum muslim sekaen keronone. Sakwise iku mudun ayat iki lan ayat sakteruse hang nerangaen setemene bongso Rumawi sakwise kalah iku arep oleh kemenangan nyang jerone wektu piro-piro tahun. Ngene iki bener-bener kedadean. Pirang-pirang tahun sakwise iku, bongso Rumawi menang lan bongso Persia kalah. Kambi kedadean hang koyok ngene iki nyoto benere Nabi Muhammad SAW kang dadi Nabil lanRosul lan benereAl-Qur’an kang dadifirmaneGustiAlloh.

فِيْ بِضْعِ سِنِيْنَ ەۗ لِلّٰهِ الْاَمْرُ مِنْ قَبْلُ وَمِنْۢ بَعْدُ ۗوَيَوْمَىِٕذٍ يَّفْرَحُ الْمُؤْمِنُوْنَۙ٤
Fī biḍ‘i sinīn(a), lillāhil-amru min qablu wa mim ba‘d(u), wa yauma'iżiy yafraḥul-mu'minūn(a).
[4] Nyang jerone pirang-pirang tahun (maning). 662 Mung nyang Gusti Alloh urusan sakdurunge lan sakwise (iane kabeh menang). Lan nyang dinone (menange bongso Rumawi) iku podo seneng-seneng uwong-uwong hang iman.
662) Yoiku antara telu sampek sangang tahun. Waktu kalahe bongso Rumawi (tahun 614-615) M kambi menange (tahun 622 M) yoiku kiro-kiro pitung tahun

بِنَصْرِ اللّٰهِ ۗيَنْصُرُ مَنْ يَّشَاۤءُۗ وَهُوَ الْعَزِيْزُ الرَّحِيْمُ٥
Binaṣrillāh(i), yanṣuru may yasyā'(u), wa huwal-‘azīzur-raḥīm(u).
[5] Kerono pitulung Gusti Alloh. Iane nolong sopo baen hang dikarepaen lan Iane hang Moho Perkoso tur Moho penyayang.

وَعْدَ اللّٰهِ ۗ لَا يُخْلِفُ اللّٰهُ وَعْدَهٗ وَلٰكِنَّ اَكْثَرَ النَّاسِ لَا يَعْلَمُوْنَ٦
Wa‘dallāh(i), lā yukhlifullāhu wa‘dahū wa lākinna akṡaran-nāsi lā ya‘lamūn(a).
[6] (Kanggo) janji hang bener-bener sangking Gusti Alloh. Gusti Alloh heng nyalahi janjijanjine, tapekno akeh-akehe menungso heng weroh.

يَعْلَمُوْنَ ظَاهِرًا مِّنَ الْحَيٰوةِ الدُّنْيَاۖ وَهُمْ عَنِ الْاٰخِرَةِ هُمْ غٰفِلُوْنَ٧
Ya‘lamūna ẓāhiram minal-ḥayātid-dun-yā, wa hum ‘anil-ākhirati hum gāfilūn(a).
[7] Iane kabeh mung weruh hang katone sangking keuripan dunia; sedenge Iane kabeh karo kauripan akhirat podo lali.

اَوَلَمْ يَتَفَكَّرُوْا فِيْٓ اَنْفُسِهِمْ ۗ مَا خَلَقَ اللّٰهُ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضَ وَمَا بَيْنَهُمَآ اِلَّا بِالْحَقِّ وَاَجَلٍ مُّسَمًّىۗ وَاِنَّ كَثِيْرًا مِّنَ النَّاسِ بِلِقَاۤئِ رَبِّهِمْ لَكٰفِرُوْنَ٨
Awalam yatafakkarū fī anfusihim, mā khalaqallāhus-samāwāti wal-arḍa wa mā bainahumā illā bil-ḥaqqi wa ajalim musammā(n), wa inna kaṡīram minan-nāsi biliqā'i rabbihim lakāfirūn(a).
[8] Lan apuwo Iane kabeh osing mikiraen masalah (kedadean) awae iane dewek?, Gusti Alloh osing dadekno langit lan bumi lan opoaen hang ono antarane karone sakliiane kambi (tujuan) hang bener lan wektu hang ditentuaken. Lan setemene akeh-akehe antarane menungso bener-bener ingkar arep ketemu kambi Pengerane.

اَوَلَمْ يَسِيْرُوْا فِى الْاَرْضِ فَيَنْظُرُوْا كَيْفَ كَانَ عَاقِبَةُ الَّذِيْنَ مِنْ قَبْلِهِمْۗ كَانُوْٓا اَشَدَّ مِنْهُمْ قُوَّةً وَّاَثَارُوا الْاَرْضَ وَعَمَرُوْهَآ اَكْثَرَ مِمَّا عَمَرُوْهَا وَجَاۤءَتْهُمْ رُسُلُهُمْ بِالْبَيِّنٰتِۗ فَمَا كَانَ اللّٰهُ لِيَظْلِمَهُمْ وَلٰكِنْ كَانُوْٓا اَنْفُسَهُمْ يَظْلِمُوْنَۗ٩
Awalam yasīrū fil-arḍi fayanẓurū kaifa kāna ‘āqibatul-lażīna min qablihim, kānū asyadda minhum quwwataw wa aṡārul-arḍa wa ‘amarūhā akṡara mimmā ‘amarūhā wa jā'athum rusuluhum bil-bayyināt(i), famā kānallāhu liyaẓlimahum wa lākin kānū anfusahum yaẓlimūn(a).
[9] Lan apuwo iane kabeh osing ngadakaen melaku-melaku nyang duwur bumi lan merhatekno akibat (hang dirasakaen) kambi uwong-uwong sakdurunge iane kabeh ? Uwong-uwong iku yoiku luwih kuat dibandingaen iane kabeh (iane dewek) lan wes ngelolah bumi (lemah) maning wes makmuraen luweh akeh dibandingaen opo hang wes iane kabeh makmuraen. Lan wes teko nyang iane kabeh rosul-rosul iane kabeh kambi gowo bukti-bukti hang nyoto. Mulokno Gusti Alloh sepisan-pisan osing tahu dzolim nyang iane kabeh, tapekno iane kabeh hang dzolim nyang awake dewek.

ثُمَّ كَانَ عَاقِبَةَ الَّذِيْنَ اَسَاۤءُوا السُّوْۤاٰىٓ اَنْ كَذَّبُوْا بِاٰيٰتِ اللّٰهِ وَكَانُوْا بِهَا يَسْتَهْزِءُوْنَ ࣖ١٠
Ṡumma kāna ‘āqibatal-lażīna asā'us-sū'ā an każżabū bi'āyātillāhi wa kānū bihā yastahzi'ūn(a).
[10] Sakwise iku, akibat uwong-uwong hang ngelakoni kejahatan yoiku (adzab) hang luwih elek, kerono iane kabeh ngapusi nyang ayat-ayate Gusti Alloh lan iane kabeh sering ngelokno-ngelokno.

اَللّٰهُ يَبْدَؤُا الْخَلْقَ ثُمَّ يُعِيْدُهٗ ثُمَّ اِلَيْهِ تُرْجَعُوْنَ١١
Allāhu yabda'ul-khalqa ṡumma yu‘īduhū ṡumma ilaihi turja‘ūn(a).
[11] Gusti Alloh nyiptakaen (menungso) tekan kawitan, sakwise iku balekaken maning (nguripaen) maning; sakwise iku nang Iane riko dibalekno.

وَيَوْمَ تَقُوْمُ السَّاعَةُ يُبْلِسُ الْمُجْرِمُوْنَ١٢
Wa yauma taqūmus-sā‘atu yublisul-mujrimūn(a).
[12] Lan nyang dinone onone kiamat, uwonguwong hang duso podo

وَلَمْ يَكُنْ لَّهُمْ مِّنْ شُرَكَاۤىِٕهِمْ شُفَعٰۤؤُا وَكَانُوْا بِشُرَكَاۤىِٕهِمْ كٰفِرِيْنَ١٣
Wa lam yakul lahum min syurakā'ihim syufa‘ā'u wa kānū bisyurakā'ihim kāfirīn(a).
[13] Lan pisan-pisan osing ono hang nguweni syafaatkanggone iane kabeh teko berhala-berhala iane kabeh lan iane kabeh podo ngingkari nyang berhalane iane kabeh. 663
663) Miturut sebagian ahlitafsir ayatiki diartikaen:“...sedenge yane kabih dadi kafir, yoiku disebabaken patung-patung,”

وَيَوْمَ تَقُوْمُ السَّاعَةُ يَوْمَىِٕذٍ يَّتَفَرَّقُوْنَ١٤
Wa yauma taqūmus-sā‘atu yauma'iżiy yatafarraqūn(a).
[14] Lan nyang dinone onone kiamat, nyang dino iku iane kabeh (menungso) dadi kelompok-kelompok.

فَاَمَّا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَعَمِلُوا الصّٰلِحٰتِ فَهُمْ فِيْ رَوْضَةٍ يُّحْبَرُوْنَ١٥
Fa ammal-lażīna āmanū wa ‘amiluṣ-ṣāliḥāti fahum fī rauḍatiy yuḥbarūn(a).
[15] Anapun uwong-uwong hang iman lan ngamal sholeh, mulokno iane kabeh nyang jerone taman (surga) podo seneng-seneng.

وَاَمَّا الَّذِيْنَ كَفَرُوْا وَكَذَّبُوْا بِاٰيٰتِنَا وَلِقَاۤئِ الْاٰخِرَةِ فَاُولٰۤىِٕكَ فِى الْعَذَابِ مُحْضَرُوْنَ١٦
Wa ammal-lażīna kafarū wa każżabū bi'āyātinā wa liqā'il-ākhirati fa'ulā'ika fil-‘ażābi muḥḍarūn(a).
[16] Uwong-uwong hang kafir lan dustakaen ayat-ayat Isun (Al-Qur’an) ugi (dustakaen) nemoni dinone ono akherat, mulokno iane kabeh tetep ono nyang jerone sikso (neroko).

فَسُبْحٰنَ اللّٰهِ حِيْنَ تُمْسُوْنَ وَحِيْنَ تُصْبِحُوْنَ١٧
Fa subḥānallāhi ḥīna tumsūna wa ḥīna tuṣbiḥūn(a).
[17] Mulokno mocoho tasbih nyang Gusti Alloh nyang waktu riko ono waktu sore lan waktu riko ono nyang waktu subuh.

وَلَهُ الْحَمْدُ فِى السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِ وَعَشِيًّا وَّحِيْنَ تُظْهِرُوْنَ١٨
Wa lahul-ḥamdu fis-samāwāti wal-arḍi wa ‘asyiyyaw wa ḥīna tuẓhirūn(a).
[18] Lan kanggo Iane kabeh puji nyang langit lan nyang bumi lan nyang dinone riko ono wektu sore lan nyang dinone riko ono wektu dhuhur. 664
664) Karepe moco tasbih nyang jerone ayat 17 yoiku sembahyang. Ayat-ayat 17 lan 18 nerangaen masalah waktune sembahyang hang limo

يُخْرِجُ الْحَيَّ مِنَ الْمَيِّتِ وَيُخْرِجُ الْمَيِّتَ مِنَ الْحَيِّ وَيُحْيِ الْاَرْضَ بَعْدَ مَوْتِهَا ۗوَكَذٰلِكَ تُخْرَجُوْنَ ࣖ١٩
Yukhrijul-ḥayya minal-mayyiti wa yukhrijul-mayyita minal-ḥayyi wa yuḥyil-arḍa ba‘da mautihā, wa każālika tukhrajūn(a).
[19] Iane ngetokaen hang orep teko hang mati lan ngetokaen hang mati teko hang ore plan nguripaen bumi sakwise matine. Lan koyok ngono iku riko arep ditokaen (teko kubur).

وَمِنْ اٰيٰتِهٖٓ اَنْ خَلَقَكُمْ مِّنْ تُرَابٍ ثُمَّ اِذَآ اَنْتُمْ بَشَرٌ تَنْتَشِرُوْنَ٢٠
Wa min āyātihī an khalaqakum min turābin ṡumma iżā antum basyarun tantasyirūn(a).
[20] Lan antarane tondo-tondo kekuasaane Yoiku Iane nyiptakaen riko teko lemah, sakwise iku ujuk-ujuk riko (dadi) menungso hang mundak akeh.

وَمِنْ اٰيٰتِهٖٓ اَنْ خَلَقَ لَكُمْ مِّنْ اَنْفُسِكُمْ اَزْوَاجًا لِّتَسْكُنُوْٓا اِلَيْهَا وَجَعَلَ بَيْنَكُمْ مَّوَدَّةً وَّرَحْمَةً ۗاِنَّ فِيْ ذٰلِكَ لَاٰيٰتٍ لِّقَوْمٍ يَّتَفَكَّرُوْنَ٢١
Wa min āyātihī an khalaqa lakum min anfusikum azwājal litaskunū ilaihā wa ja‘ala bainakum mawaddataw wa raḥmah(tan), inna fī żālika la'āyātil liqaumiy yatafakkarūn(a).
[21] Lan antarane tondo-tondo kekuasaane Yoiku Iane nyiptakaen kanggo riko bojo-bojo teko jenis riko dewe, supoyo riko condong lan ngeroso ayem nyang iane lan didadekno nyang antarane riko roso welas lan asih. Satemene nyang kono-kono mau iku bener-bener ono tondo-tondo kanggo kaum hang gelem mikir.

وَمِنْ اٰيٰتِهٖ خَلْقُ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِ وَاخْتِلَافُ اَلْسِنَتِكُمْ وَاَلْوَانِكُمْۗ اِنَّ فِيْ ذٰلِكَ لَاٰيٰتٍ لِّلْعٰلِمِيْنَ٢٢
Wa min āyātihī khalqus-samāwāti wal-arḍi wakhtilāfu alsinatikum wa alwānikum, inna fī żālika la'āyātil lil-‘ālimīn(a).
[22] Lan antarane tondo-tondo kekuasaane Yoiku nyiptakaen langit lan bumi lan bedo-bedone bahase riko lan werno kulit riko. Satemene nyang kono-kono mau iku bener-bener ono tondo-tondo kanggo uwong-uwong hang weruh.

وَمِنْ اٰيٰتِهٖ مَنَامُكُمْ بِالَّيْلِ وَالنَّهَارِ وَابْتِغَاۤؤُكُمْ مِّنْ فَضْلِهٖۗ اِنَّ فِيْ ذٰلِكَ لَاٰيٰتٍ لِّقَوْمٍ يَّسْمَعُوْنَ٢٣
Wa min āyātihī manāmukum bil-laili wan-nahāri wabtigā'ukum min faḍlih(ī), inna fī żālika la'āyātil liqaumiy yasma‘ūn(a).
[23] Lan antarane tondo-tondo kekuasaane Yoiku turu riko nyang wektu bengi lan awan lan usaha riko ngoleti sebagian karuniane. Satemene nyang kono-kono mau iku bener-bener ono tondo-tondo kanggo kaum hang ngerungokaen.

وَمِنْ اٰيٰتِهٖ يُرِيْكُمُ الْبَرْقَ خَوْفًا وَّطَمَعًا وَّيُنَزِّلُ مِنَ السَّمَاۤءِ مَاۤءً فَيُحْيٖ بِهِ الْاَرْضَ بَعْدَ مَوْتِهَاۗ اِنَّ فِيْ ذٰلِكَ لَاٰيٰتٍ لِّقَوْمٍ يَّعْقِلُوْنَ٢٤
Wa min āyātihī yurīkumul-barqa khaufaw wa ṭama‘aw wa yunazzilu minas-samā'i mā'an fa yuḥyī bihil-arḍa ba‘da mautihā, inna fī żālika la'āyātil liqaumiy ya‘qilūn(a).
[24] Lan antarane tondo-tondo kekuasaane, Iane ngatonaen nyang riko kiat kanggo (nganakaen) keweden lan ngarep-ngarep. Lan Iane ngedunaen banyu udan teko lagit. terus nguripaen bumi nganggo banyu iku sakwise matine. Satemene nyang kono-kono mau iku bener-bener ono tondo-tondo kanggo kaum hang gelem gawe akale

وَمِنْ اٰيٰتِهٖٓ اَنْ تَقُوْمَ السَّمَاۤءُ وَالْاَرْضُ بِاَمْرِهٖۗ ثُمَّ اِذَا دَعَاكُمْ دَعْوَةًۖ مِّنَ الْاَرْضِ اِذَآ اَنْتُمْ تَخْرُجُوْنَ٢٥
Wa min āyātihī an taqūmas-samā'u wal-arḍu bi'amrih(ī), ṡumma iżā da‘ākum da‘watam minal-arḍi iżā antum takhrujūn(a).
[25] Lan antarane tondo-tondo kekuasaane Yoiku dedeke langit lan bum ikambi irodahe. Terus umpomone iane nyelok nyang riko sepisan byaen nyelok teko bumi, sakkalan iku riko metu (teko kubur)

وَلَهٗ مَنْ فِى السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِۗ كُلٌّ لَّهٗ قٰنِتُوْنَ٢٦
Wa lahū man fis-samāwāti wal-arḍ(i), kullul lahū qānitūn(a).
[26] Lan weke Iane sopoaen hang ono nyang langit lan bumi. Kabeh mung Nyang Iane tunduk.

وَهُوَ الَّذِيْ يَبْدَؤُا الْخَلْقَ ثُمَّ يُعِيْدُهٗ وَهُوَ اَهْوَنُ عَلَيْهِۗ وَلَهُ الْمَثَلُ الْاَعْلٰى فِى السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِۚ وَهُوَ الْعَزِيْزُ الْحَكِيْمُ ࣖ٢٧
Wa huwal-lażī yabda'ul-khalqa ṡumma yu‘īduhū wa huwa ahwanu ‘alaih(i), wa lahul-maṡalul-a‘lā fis-samāwāti wal-arḍ(i), wa huwal-‘azīzul-ḥakīm(u).
[27] Lan Iane hang nyiptakaen (menungso) teko kawitan, terus balekaen (nguripaen) maning, lan nguripaken maning iku luwih gampang miturut Iane. Lan kanggo Ianesifat hang Maha Tinggi nyang langit lan nyang bumi; lan mung Iane Hang Maha Perkasa tur Maha wicaksono.

ضَرَبَ لَكُمْ مَّثَلًا مِّنْ اَنْفُسِكُمْۗ هَلْ لَّكُمْ مِّنْ مَّا مَلَكَتْ اَيْمَانُكُمْ مِّنْ شُرَكَاۤءَ فِيْ مَا رَزَقْنٰكُمْ فَاَنْتُمْ فِيْهِ سَوَاۤءٌ تَخَافُوْنَهُمْ كَخِيْفَتِكُمْ اَنْفُسَكُمْۗ كَذٰلِكَ نُفَصِّلُ الْاٰيٰتِ لِقَوْمٍ يَّعْقِلُوْنَ٢٨
Ḍaraba lakum maṡalam min anfusikum, hal lakum mim mā malakat aimānukum min syurakā'a fī mā razaqnākum fa'antum fīhi sawā'un takhāfūnahum kakhīfatikum anfusakum, każālika nufaṣṣilul-āyāti liqaumiy ya‘qilūn(a).
[28] Lane gawe conto kanggo riko teko awak riko dewek. Opo onok antarane hamba-sahaya hang diduweni tangan tengen riko, konco kanggo riko nyang jerone (duweni) rezqi hang wes Isun wekaen nyang riko; mulokno riko podo karo iane kabeh nyang jerone (hak nganggo) rezki iku, riko wedi nyang iane kabeh koyok riko wedi nyang awak riko dewek? Koyok ngene iki Isun jelasaen ayat-ayat nyang kaum hang duweni akal

بَلِ اتَّبَعَ الَّذِيْنَ ظَلَمُوْٓا اَهْوَاۤءَهُمْ بِغَيْرِ عِلْمٍۗ فَمَنْ يَّهْدِيْ مَنْ اَضَلَّ اللّٰهُ ۗوَمَا لَهُمْ مِّنْ نّٰصِرِيْنَ٢٩
Balittaba‘al-lażīna ẓalamū ahwā'ahum bigairi ‘ilm(in), famay yahdī man aḍallallāh(u), wa mā lahum min nāṣirīn(a).
[29] Tetapine uwong-uwong hang dzolim, milu nyang howo nafsune tanpo ilmu pengetahuan; mulokno sopo uwonge hang arep oleh hidayah hang wes disesataen Gusti Alloh? Lan osing ono kanggo iane kabeh sak uwong biyaen hang nulungi.

فَاَقِمْ وَجْهَكَ لِلدِّيْنِ حَنِيْفًاۗ فِطْرَتَ اللّٰهِ الَّتِيْ فَطَرَ النَّاسَ عَلَيْهَاۗ لَا تَبْدِيْلَ لِخَلْقِ اللّٰهِ ۗذٰلِكَ الدِّيْنُ الْقَيِّمُۙ وَلٰكِنَّ اَكْثَرَ النَّاسِ لَا يَعْلَمُوْنَۙ٣٠
Fa aqim wajhaka lid-dīni ḥanīfā(n), fiṭratallāhil-latī faṭaran-nāsa ‘alaihā, lā tabdīla likhalqillāh(i), żālikad-dīnul-qayyim(u), wa lākinna akṡaran-nāsi lā ya‘lamūn(a).
[30] Mulokno adepno wajah riko kambi lurus nyang agama (Gusti Alloh); (tetepo nyang) fitra Gusti Alloh hang wes nyiptakaen menungso miturut fitrah iku. Osing ono berubahe fitrah Gusti Alloh iku. (Ngono iku) Agomo hang lurus; tetapine akeh-akehe menungso osing weruh. 665
665) Fitrah Gusti Alloh karepe: ciptaane Gusti Alloh. Menungso didadekno Gusti Alloh duweni naluri nyang agomo yoiku agomo tauhid. Umpomo ono menungso osing duweni agomo, mongko osing lumrah. Yane kabeh osing duweni agomo tauhid iku cumok kerono lingkungan.

۞ مُنِيْبِيْنَ اِلَيْهِ وَاتَّقُوْهُ وَاَقِيْمُوا الصَّلٰوةَ وَلَا تَكُوْنُوْا مِنَ الْمُشْرِكِيْنَۙ٣١
Munībīna ilaihi wattaqūhu wa aqīmuṣ-ṣalāta wa lā takūnū minal-musyrikīn(a).
[31] Kambi balik taubat nyang Iane lan taqwoho nyang Iane serto dekno sholat lan ojo riko kelebu golongane uwong-uwong hang nyekutoaken Gusti Alloh.

مِنَ الَّذِيْنَ فَرَّقُوْا دِيْنَهُمْ وَكَانُوْا شِيَعًا ۗ كُلُّ حِزْبٍۢ بِمَا لَدَيْهِمْ فَرِحُوْنَ٣٢
Minal-lażīna farraqū dīnahum wa kānū syiya‘ā(n), kullu ḥizbim bimā ladaihim fariḥūn(a).
[32] Yoiku uwong-uwong hang mecah belah agomo iane kabeh 666 lan iane kabeh dadi piro-piro golongan. Saben-saben golongan ngeroso seneng kambi opo hang ono nyang golongane iane.
666) Karepe: ninggalaen agomo tauhid milu nyang macem-maceme kepercayaan hang cocok kambi howo nafsune yane kabeh.

وَاِذَا مَسَّ النَّاسَ ضُرٌّ دَعَوْا رَبَّهُمْ مُّنِيْبِيْنَ اِلَيْهِ ثُمَّ اِذَآ اَذَاقَهُمْ مِّنْهُ رَحْمَةً اِذَا فَرِيْقٌ مِّنْهُمْ بِرَبِّهِمْ يُشْرِكُوْنَۙ٣٣
Wa iżā massan-nāsa ḍurrun da‘au rabbahum munībīna ilaihi ṡumma iżā ażāqahum minhu raḥmatan iżā farīqum minhum birabbihim yusyrikūn(a).
[33] Lan umpomone menungso keneng sijine bahoyo, iane kabeh podo dungo nyang Pengerane kambi balek taubat nyang Iane, terus umpomone Pengeran ngerasakaen nyang iane kabeh barang setitik rahmat 667 teko Iane, dadak sebagian teko iane kabeh nyekutoaken Pengerane.
667) Hang dikarepaen kambi “rahmat” nyang keneyoiku ocol teko bahoyo iku.

لِيَكْفُرُوْا بِمَآ اٰتَيْنٰهُمْۗ فَتَمَتَّعُوْاۗ فَسَوْفَ تَعْلَمُوْنَ٣٤
Liyakfurū bimā ātaināhum, fatamatta‘ū, fasaufa ta‘lamūn(a).
[34] Hinggo iane kabeh ngingkari kambi rahmat hang wes Isun weaken nyang iane kabeh. Mulokno seneng-senengo riko kabeh besok riko bakale weroh (akibate penggaweane riko).

اَمْ اَنْزَلْنَا عَلَيْهِمْ سُلْطٰنًا فَهُوَ يَتَكَلَّمُ بِمَا كَانُوْا بِهٖ يُشْرِكُوْنَ٣٥
Am anzalnā ‘alaihim sulṭānan fahuwa yatakallamu bimā kānū bihī yusyrikūn(a).
[35] Utowo wes tahu ta Isun nurunaen nyang iane kabeh keterangan, terus keterangan iku nuduhaken (benere) opo hang iane kabeh sering nyekutoaken kambi Pengeran.

وَاِذَآ اَذَقْنَا النَّاسَ رَحْمَةً فَرِحُوْا بِهَاۗ وَاِنْ تُصِبْهُمْ سَيِّئَةٌ ۢبِمَا قَدَّمَتْ اَيْدِيْهِمْ اِذَا هُمْ يَقْنَطُوْنَ٣٦
Wa iżā ażaqnan-nāsa raḥmatan fariḥū bihā, wa in tuṣibhum sayyi'atum bimā qaddamat aidīhim iżā hum yaqnaṭūn(a).
[36] Lan kadung riko rasakaen salah sijine rahmat nyang menungso, pasti iane kabeh podo seneng kambi rahmat iku. Lan kadung iane kabeh kenek belahi (bahoyo) kerono kesalahan hang wes dilakoni kambi tangane iane kabeh dewek, dadak iane kabeh iku putus asa.

اَوَلَمْ يَرَوْا اَنَّ اللّٰهَ يَبْسُطُ الرِّزْقَ لِمَنْ يَّشَاۤءُ وَيَقْدِرُۗ اِنَّ فِيْ ذٰلِكَ لَاٰيٰتٍ لِّقَوْمٍ يُّؤْمِنُوْنَ٣٧
Awalam yarau annallāha yabsuṭur-rizqa limay yasyā'u wa yaqdir(u), inna fī żālika la'āyātil liqaumiy yu'minūn(a).
[37] Lan opo iane kabeh osing merhatekaen setemene Gusti Alloh ngeluasaen rezki kanggo sopo hang di karepaen lan Iane (maning) hang nyempitaen (rezki iku). Setemene hang gedigu iku bener-bener ono tondo-tondone (kekuasaane Gusti Alloh) kanggo kaum hang iman

فَاٰتِ ذَا الْقُرْبٰى حَقَّهٗ وَالْمِسْكِيْنَ وَابْنَ السَّبِيْلِۗ ذٰلِكَ خَيْرٌ لِّلَّذِيْنَ يُرِيْدُوْنَ وَجْهَ اللّٰهِ ۖوَاُولٰۤىِٕكَ هُمُ الْمُفْلِحُوْنَ٣٨
Fa āti żal-qurbā ḥaqqahū wal-miskīna wabnas-sabīl(i), żālika khairul lil-lażīna yurīdūna wajhallāh(i), wa ulā'ika humul-mufliḥūn(a).
[38] Mulokno wehono hake dolor hang parek, gedigu (maning) nyang fakir miskin lan uwong-uwong hang ono dalan 668. Ngono iku hang paling apik kanggo uwong-uwong hang goleti ridhane Gusti Alloh; lan iane kabeh iku uwong-uwong hang untung.
668) Delengen arti ibnu sabil nyang jerone not. 647.

وَمَآ اٰتَيْتُمْ مِّنْ رِّبًا لِّيَرْبُوَا۟ فِيْٓ اَمْوَالِ النَّاسِ فَلَا يَرْبُوْا عِنْدَ اللّٰهِ ۚوَمَآ اٰتَيْتُمْ مِّنْ زَكٰوةٍ تُرِيْدُوْنَ وَجْهَ اللّٰهِ فَاُولٰۤىِٕكَ هُمُ الْمُضْعِفُوْنَ٣٩
Wa mā ātaitum mir ribal liyarbuwa fī amwālin-nāsi falā yarbū ‘indallāh(i), wa mā ātaitum min zakātin turīdūna wajhallāhi fa'ulā'ika humul-muḍ‘ifūn(a).
[39] Lan siji perkoro riba (leluwehan) hang riko wekaen mekne iane dadi tambah nyang hartane menungso, mulokno riba iku osing nambahi nyang sanding Gusti Alloh. Lan opo hang riko weaken hang rupo zakat hang riko karepaen kanggo gaduk nyang keridhaan Gusti Alloh. Mulokno (hang ngelakoni gedigu) yoiku uwong-uwong hang ngelipatgandaaken (pahalane).

اَللّٰهُ الَّذِيْ خَلَقَكُمْ ثُمَّ رَزَقَكُمْ ثُمَّ يُمِيْتُكُمْ ثُمَّ يُحْيِيْكُمْۗ هَلْ مِنْ شُرَكَاۤىِٕكُمْ مَّنْ يَّفْعَلُ مِنْ ذٰلِكُمْ مِّنْ شَيْءٍۗ سُبْحٰنَهٗ وَتَعٰلٰى عَمَّا يُشْرِكُوْنَ ࣖ٤٠
Allāhul-lażī khalaqakum ṡumma razaqakum ṡumma yumītukum ṡumma yuḥyīkum, hal min syurakā'ikum may yaf‘alu min żālikum min syai'(in), subḥānahū wa ta‘ālā ‘ammā yusyrikūn(a).
[40] Gusti Alloh hang dadekaen riko, terus nguweni rezki, terus mateni riko, terus nguripaen riko (maning). Opo ono nyang antarane perkoro hang riko sekutukaen kambi Gusti Alloh iku hang biso ngelakoni suwiji perkoro teko hang gedigu iku ? Moho Suci Iane lan Moho Dukur teko opo hang iane kabeh sekutokaen.

ظَهَرَ الْفَسَادُ فِى الْبَرِّ وَالْبَحْرِ بِمَا كَسَبَتْ اَيْدِى النَّاسِ لِيُذِيْقَهُمْ بَعْضَ الَّذِيْ عَمِلُوْا لَعَلَّهُمْ يَرْجِعُوْنَ٤١
Żaharal-fasādu fil-barri wal-baḥri bimā kasabat aidin-nāsi liyużīqahum ba‘ḍal-lażī ‘amilū la‘allahum yarji‘ūn(a).
[41] Wes katon kerusakan nyang darat lan laut kerono kelakuwane tangane menungso, mekne Gusti Alloh nyicipaen nyang iane kabeh sebagian teko (pungkasane) kelakuwane iane kabeh, mekne iane kabeh balek (nyang dalan hang bener).

قُلْ سِيْرُوْا فِى الْاَرْضِ فَانْظُرُوْا كَيْفَ كَانَ عَاقِبَةُ الَّذِيْنَ مِنْ قَبْلُۗ كَانَ اَكْثَرُهُمْ مُّشْرِكِيْنَ٤٢
Qul sīrū fil-arḍi fanẓurū kaifa kāna ‘āqibatul-lażīna min qabl(u), kāna akṡaruhum musyrikīn(a).
[42] Ngomongo: “Onokno plesiran nyang duwure bumi lan titenono kelinde pongkasane uwong-uwong bengen. Akeh-akehe iane kabeh iku yoiku uwong-uwong hang nyekutokaen (Gusti Alloh)”.

فَاَقِمْ وَجْهَكَ لِلدِّيْنِ الْقَيِّمِ مِنْ قَبْلِ اَنْ يَّأْتِيَ يَوْمٌ لَّا مَرَدَّ لَهٗ مِنَ اللّٰهِ يَوْمَىِٕذٍ يَّصَّدَّعُوْنَ٤٣
Fa aqim wajhaka lid-dīnil-qayyimi min qabli ay ya'tiya yaumul lā maradda lahū minallāhi yauma'iżiy yaṣṣadda‘ūn(a).
[43] Mulokno, adepno wajah riko nyang agomo hang lurus (Islam) sedurunge ono suwiji dino teko Gusti Alloh hang osing biso ditolak (anane): ono dino iku iane kabeh podo pisah-pisah 669.
669) Yoiku sebagian yane kabeh ono nyang jerone surgo lan sebagian maning ono nyang jerone neroko.

مَنْ كَفَرَ فَعَلَيْهِ كُفْرُهٗۚ وَمَنْ عَمِلَ صَالِحًا فَلِاَنْفُسِهِمْ يَمْهَدُوْنَۙ٤٤
Man kafara fa ‘alaihi kufruh(ū), wa man ‘amila ṣāliḥan fali'anfusihim yamhadūn(a).
[44] Sopo uwonge hang kafir mongko iane dewek hang nanggung (pongkasane) kekafirane iku; lan sopo uwonge hang ngamal saleh mongko kanggo iane kabeh dewek hang nyiapaen (panggonan hang enak)

لِيَجْزِيَ الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَعَمِلُوا الصّٰلِحٰتِ مِنْ فَضْلِهٖۗ اِنَّهٗ لَا يُحِبُّ الْكٰفِرِيْنَ٤٥
Liyajziyal-lażīna āmanū wa ‘amiluṣ-ṣāliḥāti min faḍlih(ī), innahū lā yuḥibbul-kāfirīn(a).
[45] Mekne Gusti Alloh nguweni ganjaran nyang uwong-uwong hang iman lan ngamal saleh teko karuniane. Setemene Iane osing seneng nyang uwong-uwong hang ingkar.

وَمِنْ اٰيٰتِهٖٓ اَنْ يُّرْسِلَ الرِّيٰحَ مُبَشِّرٰتٍ وَّلِيُذِيْقَكُمْ مِّنْ رَّحْمَتِهٖ وَلِتَجْرِيَ الْفُلْكُ بِاَمْرِهٖ وَلِتَبْتَغُوْا مِنْ فَضْلِهٖ وَلَعَلَّكُمْ تَشْكُرُوْنَ٤٦
Wa min āyātihī ay yursilar-riyāḥa mubasysyirātiw wa liyużīqakum mir raḥmatihī wa litajriyal-fulka bi'amrihī wa litabtagū min faḍlihī wa la‘allakum tasykurūn(a).
[46] Lan antarane tondo-tondo kekuasaane yoiku setemene Iane ngirimaen angin kang kanggo gowo berita seneng 670 lan kanggo nyicipaen nyang riko sebagian rahmate lan makne kapal biso layar kambi perintahe Iane 671 lan (maning) makne riko biso goletikaruniane Iane; mugo-mugo riko biso syukur.
670) “Kang gowo berita seneng” karepe : awan hang kandel hang disebol angina terus nurunaen udan. Keronone biso dirasakaen rahmat Gusti Alloh kambi merujuke wiji-wiji hang wes disemaikaen lan ijone tanduran-tanduran tor nguwohe tanduran-tanduran lan lian-liane. 671) Yoiku : kambi izine Gusti Alloh lan kambi kekarepane Yane.

وَلَقَدْ اَرْسَلْنَا مِنْ قَبْلِكَ رُسُلًا اِلٰى قَوْمِهِمْ فَجَاۤءُوْهُمْ بِالْبَيِّنٰتِ فَانْتَقَمْنَا مِنَ الَّذِيْنَ اَجْرَمُوْاۗ وَكَانَ حَقًّاۖ عَلَيْنَا نَصْرُ الْمُؤْمِنِيْنَ٤٧
Wa laqad arsalnā min qablika rusulan ilā qaumihim fajā'ūhum bil-bayyināti fantaqamnā minal-lażīna ajramū, wa kāna ḥaqqan ‘alainā naṣrul-mu'minīn(a).
[47] Lan setemene isun wes ngutus sedurunge riko piro-piro rosul nyang kaume, iane kabeh teko nyang rosule kambi gowo keterangan-keterangan (hang cukup), terus Isun ngedekaen balesan nyang uwong-uwong hang duso 672. Lan Isun mesti duweni kewajiban nolong nyang uwong-uwong hang iman.
672) Kambi tekone rosul-rosul hang cokop gowo keterangan-keterangan nyang kaume iku, mulokno sebagian yane kabeh percoyo lan sebagian hang maning gubabaen sampek ono hang ngelarakaen yane. Mulokno nyang uwong hang duso koyok iku Gusti Alloh nyikso yane kabeh.

اَللّٰهُ الَّذِيْ يُرْسِلُ الرِّيٰحَ فَتُثِيْرُ سَحَابًا فَيَبْسُطُهٗ فِى السَّمَاۤءِ كَيْفَ يَشَاۤءُ وَيَجْعَلُهٗ كِسَفًا فَتَرَى الْوَدْقَ يَخْرُجُ مِنْ خِلٰلِهٖۚ فَاِذَآ اَصَابَ بِهٖ مَنْ يَّشَاۤءُ مِنْ عِبَادِهٖٓ اِذَا هُمْ يَسْتَبْشِرُوْنَۚ٤٨
Allāhul-lażī yursilur-riyāḥa fatuṡīru saḥāban fayabsuṭuhū fis-samā'i kaifa yasyā'u wa yaj‘aluhū kisafan fataral-wadqa yakhruju min khilālih(ī), fa'iżā aṣāba bihī may yasyā'u min ‘ibādihī iżā hum yastabsyirūn(a).
[48] Gusti Alloh, Iane hang ngerem angine, terus angen iku ngobah-ngobahaen awan lan Gusti Alloh bentangaen nyang langet nyocoki hang dikarepaen, lan dadekaen awan iku gumpalan hang akeh; terus riko deleng udan metu teko celah-celahe, mulokno kadung udan iku mudun terus keneng hambah-hambahe hang dikarepaen dadak iane kabeh dadi seneng.

وَاِنْ كَانُوْا مِنْ قَبْلِ اَنْ يُّنَزَّلَ عَلَيْهِمْ مِّنْ قَبْلِهٖ لَمُبْلِسِيْنَۚ٤٩
Wa in kānū min qabli ay yunazzala ‘alaihim min qablihī lamublisīn(a).
[49] Lan setemene sedurunge udan didunaen nyang iane kabeh, iane kabeh bener-bener wes putu asa.

فَانْظُرْ اِلٰٓى اٰثٰرِ رَحْمَتِ اللّٰهِ كَيْفَ يُحْيِ الْاَرْضَ بَعْدَ مَوْتِهَاۗ اِنَّ ذٰلِكَ لَمُحْيِ الْمَوْتٰىۚ وَهُوَ عَلٰى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيْرٌ٥٠
Fanẓur ilā āṡāri raḥmatillāhi kaifa yuḥyil-arḍa ba‘da mautihā, inna żālika lamuḥyil-mautā, wa huwa ‘alā kulli syai'in qadīr(un).
[50] Mulokno perhatekaen bekas-bekas rahmate Gusti Alloh, kepundi Gusti Alloh nguripaen bumi hang mati. Setemene (Pengeran hang Kuoso koyok) gedigu bener-bener (kuoso) nguripaen uwong-uwong hang wes mati. Lan Iane Moho Kuoso nyang kabeh perkoro.

وَلَىِٕنْ اَرْسَلْنَا رِيْحًا فَرَاَوْهُ مُصْفَرًّا لَّظَلُّوْا مِنْۢ بَعْدِهٖ يَكْفُرُوْنَ٥١
Wa la'in arsalnā rīḥan fara'auhu muṣfarral laẓallū mim ba‘dihī yakfurūn(a).
[51] Lan temen, kadung isun ngirimaen angina (nyang wit-witan) terus iane kabeh deleng (wit-witan iku) dadi kuning (kereng), bener-bener tetep iane kabeh sakwise iku dadi uwong-uwong hang ingkar.

فَاِنَّكَ لَا تُسْمِعُ الْمَوْتٰى وَلَا تُسْمِعُ الصُّمَّ الدُّعَاۤءَ اِذَا وَلَّوْا مُدْبِرِيْنَ٥٢
Fa innaka lā tusmi‘ul-mautā wa lā tusmi‘uṣ-ṣummad-du‘ā'a iżā wallau mudbirīn(a).
[52] Mulokno setemene riko osing sanggup dadekaen uwong-uwong hang mati iku biso ngerungokaen, lan dadekaen uwong-uwong hang kopoken biso ngerungokaen ajakan, kadung iane kabeh iku mungkur memburi 673.
673) Wong-wong kafir iku dipodokaen Pengeran kambi Wong-wong mati hang osing mungkin maning ngerungokaen pelajaran-pelajaran. Terus maning dipodokaen Wong-wong kafir iku kambi Wong-wong hang kopoken hang osing biso ngerungokaen celok-celoke uwong pisan baen kadung yane kabeh sedeng mungkuri Isun.

وَمَآ اَنْتَ بِهٰدِ الْعُمْيِ عَنْ ضَلٰلَتِهِمْۗ اِنْ تُسْمِعُ اِلَّا مَنْ يُّؤْمِنُ بِاٰيٰتِنَا فَهُمْ مُّسْلِمُوْنَ ࣖ٥٣
Wa mā anta bihādil-‘umyi ‘an ḍalālatihim, in tusmi‘u illā may yu'minu bi'āyātinā fahum muslimūn(a).
[53] Lan riko pisan-pisan osing arep biso nguweni pituduh nyang uwong-uwong hang picek (moto atine) teko kesesatane. Lan riko osing biso aweh ngerungu (nyang pituduhe Pengeran) tapekno biso nyang uwong-uwong hang iman kambi ayat-ayat Isun, iane kabeh iku uwong-uwong hang pasrah (nyang Isun).

۞ اَللّٰهُ الَّذِيْ خَلَقَكُمْ مِّنْ ضَعْفٍ ثُمَّ جَعَلَ مِنْۢ بَعْدِ ضَعْفٍ قُوَّةً ثُمَّ جَعَلَ مِنْۢ بَعْدِ قُوَّةٍ ضَعْفًا وَّشَيْبَةً ۗيَخْلُقُ مَا يَشَاۤءُۚ وَهُوَ الْعَلِيْمُ الْقَدِيْرُ٥٤
Allāhul-lażī khalaqakum min ḍa‘fin ṡumma ja‘ala mim ba‘di ḍa‘fin quwwatan ṡumma ja‘ala mim ba‘di quwwatin ḍa‘faw wa syaibah(tan), yakhluqu mā yasyā'(u), wa huwal-‘alīmul-qadīr(u).
[54] Gusti Alloh, Iane hang nyiptakaen riko teko apes, terus Iane dadekaen (riko) sakwise apes iku dadi kuat, terus Iane dadekaen (riko) sakwise kuat apes (maning) lan uwanen. Iane dadekaen opo hang dikarepaen lan Iane Hang Moho Ngaweruhi tur Moho Kuoso.

وَيَوْمَ تَقُوْمُ السَّاعَةُ يُقْسِمُ الْمُجْرِمُوْنَ ەۙ مَا لَبِثُوْا غَيْرَ سَاعَةٍ ۗ كَذٰلِكَ كَانُوْا يُؤْفَكُوْنَ٥٥
Wa yauma taqūmus-sā‘atu yuqsimul-mujrimūn(a), mā labiṡū gaira sā‘ah(tin), każālika kānū yu'fakūn(a).
[55] Lan nyang dinone kedadeane kiamat, podo sumpah uwong-uwong hang duso; “Iane kabeh osing meneng (nyang jerone kubur) tapekno cumo sedelok “’ podo karo gedigu iku iane kabeh mesti dipalingaen (teko kebeneran 674.
674) Karepe: koyok kelendi yane kabeh gubab nyang jerone omongane yane kabeh iki, podo karo gedigu iku yane kabeh mesti gubab nyang dunyo.

وَقَالَ الَّذِيْنَ اُوْتُوا الْعِلْمَ وَالْاِيْمَانَ لَقَدْ لَبِثْتُمْ فِيْ كِتٰبِ اللّٰهِ اِلٰى يَوْمِ الْبَعْثِۖ فَهٰذَا يَوْمُ الْبَعْثِ وَلٰكِنَّكُمْ كُنْتُمْ لَا تَعْلَمُوْنَ٥٦
Wa qālal-lażīna ūtul-‘ilma wal-īmāna laqad labiṡtum fī kitābillāhi ilā yaumil-ba‘ṡ(i), fa hāżā yaumul-ba‘ṡi wa lākinnakum kuntum lā ta‘lamūn(a).
[56] Lan ngomong uwong-uwong hang wes diweni ilmu lan iman (nyang uwong-uwong hang kafir): “setemene riko wes meneng (nyang jerone kubur) miturut ketetepane Gusti Alloh, tumeko nyang dinane ditangekaen saking kubur; mulokno iki dinone ditangekaen saking kubur iku tapekno riko mesti osing yakin (nyang iku).

فَيَوْمَىِٕذٍ لَّا يَنْفَعُ الَّذِيْنَ ظَلَمُوْا مَعْذِرَتُهُمْ وَلَا هُمْ يُسْتَعْتَبُوْنَ٥٧
Fa yauma'iżil lā yanfa‘ul-lażīna ẓalamū ma‘żiratuhum wa lā hum yusta‘tabūn(a).
[57] Mulokno nyang dino iku osing manfaat (maning) kanggo uwong-uwong hang dzolim jalukane alasane iane kabeh, lan osing pisan iane kabeh diweni kesempatan taubat maning.

وَلَقَدْ ضَرَبْنَا لِلنَّاسِ فِيْ هٰذَا الْقُرْاٰنِ مِنْ كُلِّ مَثَلٍۗ وَلَىِٕنْ جِئْتَهُمْ بِاٰيَةٍ لَّيَقُوْلَنَّ الَّذِيْنَ كَفَرُوْٓا اِنْ اَنْتُمْ اِلَّا مُبْطِلُوْنَ٥٨
Wa laqad ḍarabnā lin-nāsi fī hāżal-qur'āni min kulli maṡal(in), wa la'in ji'tahum bi'āyatil layaqūlannal-lażīna kafarū in antum illā mubṭilūn(a).
[58] Lan setemene wes Isun gawe nyang jerone Al-Qur’an iki kabeh macem contoh kanggo menungso. Lan setemene kadung riko gowo nyang iane kabeh sewiji ayat, pasti uwong-uwong kafir iku arep ngomong: “Riko osing lio cumo uwong-uwong hang gawe kegubaban baen”.

كَذٰلِكَ يَطْبَعُ اللّٰهُ عَلٰى قُلُوْبِ الَّذِيْنَ لَا يَعْلَمُوْنَ٥٩
Każālika yaṭba‘ullāhu ‘alā qulūbil-lażīna lā ya‘lamūn(a).
[59] Gediku Gusti Alloh ngunci mati atine uwong-uwong hang osing gelem ngerteni

فَاصْبِرْ اِنَّ وَعْدَ اللّٰهِ حَقٌّ وَّلَا يَسْتَخِفَّنَّكَ الَّذِيْنَ لَا يُوْقِنُوْنَ ࣖ٦٠
Faṣbir inna wa‘dallāhi ḥaqquw wa lā yastakhiffannakal-lażīna lā yūqinūn(a).
[60] Mulokno sabaro riko, setemene janjine Gusti Alloh yoiku bener lan ojo pisan-paisan uwong-uwong hang osing yakin (nyang benere ayat-ayate Gusti Alloh) iku nguatiraen riko.