Surah Asy-Syu`ara`
بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
طٰسۤمّۤ١
Ṭā Sīm Mīm.
[1]
Thaa Siin Miim
تِلْكَ اٰيٰتُ الْكِتٰبِ الْمُبِيْنِ٢
Tilka āyātul-kitābil-mubīn(i).
[2]
Iki ayat-ayat al-Qur’an hang jelas (terang lan nyoto )
لَعَلَّكَ بَاخِعٌ نَّفْسَكَ اَلَّا يَكُوْنُوْا مُؤْمِنِيْنَ٣
La‘allaka bākhi‘un nafsaka allā yakūnū mu'minīn(a).
[3]
Biso dadi riko (Muhammad) arep ngancuraken awak riko dewek (kerono sedih), soale (wong-wong Mekkah) heng podo iman.
اِنْ نَّشَأْ نُنَزِّلْ عَلَيْهِمْ مِّنَ السَّمَاۤءِ اٰيَةً فَظَلَّتْ اَعْنَاقُهُمْ لَهَا خٰضِعِيْنَ٤
In nasya' nunazzil ‘alaihim minas-samā'i āyatan fa ẓallat a‘nāquhum lahā khāḍi‘īn(a).
[4]
Kadung Kito karep arep ngedunaken neng wong wong kabeh mukjizat teko langit, moko bakal tunduk jithoke (iyane kabeh) ambi nurut hormat (neng riko Muhammad).
وَمَا يَأْتِيْهِمْ مِّنْ ذِكْرٍ مِّنَ الرَّحْمٰنِ مُحْدَثٍ اِلَّا كَانُوْا عَنْهُ مُعْرِضِيْنَ٥
Wa mā ya'tīhim min żikrim minar-raḥmāni muḥdaṡin illā kānū ‘anhu mu‘riḍīn(a).
[5]
Lan heng arep teko neng iyane (wong kafir Mekkah kabeh) pepenget hang anyar saking Pengeran Hang Moho loman, kejobo onone iyane kabeh (wong kafir Mekkah ) iku tetep dadi wong hang using ngereken.
فَقَدْ كَذَّبُوْا فَسَيَأْتِيْهِمْ اَنْۢبـٰۤؤُا مَا كَانُوْا بِهٖ يَسْتَهْزِءُوْنَ٦
Faqad każżabū fa saya'tīhim ambā'u mā kānū bihī yastahzi'ūn(a).
[6]
Temenan iyane kabeh ( wong kafir Mekkah ) wes ndurokoni (Al-Qur’an), moko mbesok arep teko neng iyane kabeh (kebeneran ) kabar-kabar opo baen hang bengen iyane kabeh podo ngelek-elekaken (ngino).
اَوَلَمْ يَرَوْا اِلَى الْاَرْضِ كَمْ اَنْۢبَتْنَا فِيْهَا مِنْ كُلِّ زَوْجٍ كَرِيْمٍ٧
Awalam yarau ilal-arḍi kam ambatnā fīhā min kulli zaujin karīm(in).
[7]
Lan iyane kabeh opo seng merhatekaken bumi, wis piro ake-e Ingsun (Alloh) nyukulaken neng bumi iki pirang-pirang pasang wit-witan kang apik ?
اِنَّ فِيْ ذٰلِكَ لَاٰيَةًۗ وَمَا كَانَ اَكْثَرُهُمْ مُّؤْمِنِيْنَ٨
Inna fī żālika la'āyah(tan), wa mā kāna akṡaruhum mu'minīn(a).
[8]
Setuhune neng hang koyo iku temenan ono tondo kuosone Gusti Alloh. Taping akeh-akeh-e iyane kabeh iku using iman.
وَاِنَّ رَبَّكَ لَهُوَ الْعَزِيْزُ الرَّحِيْمُ ࣖ٩
Inna rabbaka lahuwal-‘azīzur-raḥīm(u).
[9]
Lan setuhune pangeran riko iku bener-bener kang Moho Perkoso lan Moho Welas
وَاِذْ نَادٰى رَبُّكَ مُوْسٰٓى اَنِ ائْتِ الْقَوْمَ الظّٰلِمِيْنَ ۙ١٠
Wa iż nādā rabbuka mūsā ani'til-qaumaẓ-ẓālimīn(a).
[10]
Lan (ingetono) rikolo Pangeran riko ngongkon Musa (ambi firmane) ; tekono siro (he Musa ) nang kaum kang dolim-dholim iku.,
قَوْمَ فِرْعَوْنَ ۗ اَلَا يَتَّقُوْنَ١١
Qauma fir‘aun(a), alā yattaqūn(a).
[11]
(Yoiku) kaume Fir’aun . Apuo iyane kabeh iku heng pada wedi nang pengeran?
قَالَ رَبِّ اِنِّيْٓ اَخَافُ اَنْ يُّكَذِّبُوْنِ ۗ١٢
Qāla rabbi innī akhāfu ay yukażżibūn(i).
[12]
Musa ngomong: “Duh pangeran isun, setuhune isun wedi kadung (kaume Fir’aun) iku podo ndurokoni isun.
وَيَضِيْقُ صَدْرِيْ وَلَا يَنْطَلِقُ لِسَانِيْ فَاَرْسِلْ اِلٰى هٰرُوْنَ١٣
Wa yaḍīqu ṣadrī wa lā yanṭaliqu lisānī fa arsil ilā hārūn(a).
[13]
Lan (ndadekno) supek dodonisun lan seng lancar ilat isun, moko (Ndiko) kongkon (Jibril) nang Harun.
وَلَهُمْ عَلَيَّ ذَنْۢبٌ فَاَخَافُ اَنْ يَّقْتُلُوْنِ ۚ١٤
Wa lahum ‘alayya żambun fa akhāfu ay yaqtulūn(i).
[14]
Lan anggone iyane kabeh (kaume Fir’aun) isun wes nggawe duso, moko isun wedi kadung (iyane kabeh) iku arepe mateni isun.
قَالَ كَلَّا ۚفَاذْهَبَا بِاٰيٰتِنَآ اِنَّا مَعَكُمْ مُّسْتَمِعُوْنَ ۙ١٥
Qāla kallā, fażhabā bi'āyātinā innā ma‘akum mustami‘ūn(a).
[15]
Alloh berfirman: “ojo wedi siro (iyane kabeh iku seng kiro biso mateni siro), moko menyango siro wong loro ambi nggowo ayat-ayat isun (mukjizat-mukjizat); setuhune Ingsun ambi siro, lan ngerungokaken (paren baen kang diomongaken ambi iyane kabeh iku).
فَأْتِيَا فِرْعَوْنَ فَقُوْلَآ اِنَّا رَسُوْلُ رَبِّ الْعٰلَمِيْنَ ۙ١٦
Fa'tiyā fir‘auna faqūlā innā rasūlu rabbil-‘ālamīn(a).
[16]
Moko tekonono siro wong loro neng Fir’aun lan ngomongo siro: setuhue isun iki Rosul Pangerane wong sak-alam kabeh iki.
اَنْ اَرْسِلْ مَعَنَا بَنِيْٓ اِسْرَاۤءِيْلَ ۗ١٧
An arsil ma‘anā banī isrā'īl(a).
[17]
Supayo nglepasno (Fir’aun) nang Bani Isroil (menyang) ambi kene.
قَالَ اَلَمْ نُرَبِّكَ فِيْنَا وَلِيْدًا وَّلَبِثْتَ فِيْنَا مِنْ عُمُرِكَ سِنِيْنَ ۗ١٨
Qāla alam nurabbika fīnā walīdaw wa labiṡta fīnā min ‘umurika sinīn(a).
[18]
Fir’aun njawab: “Yara isun kang wes miyara siro neng antarane (keluarga) isun pas siro mageh lare’ lan siro orep ambi hun sampek pirang-pirangane taun teko umur iro.
وَفَعَلْتَ فَعْلَتَكَ الَّتِيْ فَعَلْتَ وَاَنْتَ مِنَ الْكٰفِرِيْنَ١٩
Wa fa‘alta fa‘latakal-latī fa‘alta wa anta minal-kāfirīn(a).
[19]
Lan siro (Musa) wes ngelakoni (kesalahan) kang wes siro lakoni, lan siro kelebu wong-wong kang seng gelem mbales budi”.
قَالَ فَعَلْتُهَآ اِذًا وَّاَنَا۠ مِنَ الضَّاۤلِّيْنَ٢٠
Qāla fa‘altuhā iżaw wa ana minaḍ-ḍāllīn(a).
[20]
Musa ngomong: “isun wes ngelakoni iku, saking isun neng waktu iku klebu wong-wong kang khilaf”.
فَفَرَرْتُ مِنْكُمْ لَمَّا خِفْتُكُمْ فَوَهَبَ لِيْ رَبِّيْ حُكْمًا وَّجَعَلَنِيْ مِنَ الْمُرْسَلِيْنَ٢١
Fa farartu minkum lammā khiftukum fa wahaba lī rabbī ḥukmaw wa ja‘alanī minal-mursalīn(a).
[21]
Teros ison ninggalaken siro pas ison wedi neng siro, terusane pangeran hun nguweni isun ilmu, ambi ndyadekaen isun salah sijine uwong neng antarane Rosul-Rosul.
وَتِلْكَ نِعْمَةٌ تَمُنُّهَا عَلَيَّ اَنْ عَبَّدْتَّ بَنِيْٓ اِسْرَاۤءِيْلَ ۗ٢٢
Wa tilka ni‘matun tamunnuhā ‘alayya an ‘abbatta banī isrā'īl(a).
[22]
Byalesan kang siro wyakaen neng isun yoiku(disebyabyaken) siro wes nganggo byabu wong Bani Isroil”.
قَالَ فِرْعَوْنُ وَمَا رَبُّ الْعٰلَمِيْنَ ۗ٢٣
Qāla fir‘aunu wa mā rabbul-‘ālamīn(a).
[23]
Fir’aun takon; “sopo pangeran semesta alam iku”?
قَالَ رَبُّ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِ وَمَا بَيْنَهُمَاۗ اِنْ كُنْتُمْ مُّوْقِنِيْنَ٢٤
Qāla rabbus-samāwāti wal-arḍi wa mā bainahumā, in kuntum mūqinīn(a).
[24]
Musa njawab: “pangeran kang nggawe langit ambi bumi lan paren byaen neng antarane loro iku (iku pangeran iro) , kadung siro (kabeh) mercoyo i”.
قَالَ لِمَنْ حَوْلَهٗٓ اَلَا تَسْتَمِعُوْنَ٢٥
Qāla liman ḥaulahū alā tastami‘ūn(a).
[25]
Fir’aun ngomong neng wong-wong kabeh iku neng sekelilinge: ”opo siro seng ngerungokaen?”
قَالَ رَبُّكُمْ وَرَبُّ اٰبَاۤىِٕكُمُ الْاَوَّلِيْنَ٢٦
Qāla rabbukum wa rabbu ābā'ikumul-awwalīn(a).
[26]
Musa ngomong (pisan): “pangeran iro lan pengerane mbayah-mbyahe siro kang bengyen”.
قَالَ اِنَّ رَسُوْلَكُمُ الَّذِيْٓ اُرْسِلَ اِلَيْكُمْ لَمَجْنُوْنٌ٢٧
Qāla inna rasūlakumul-lażī ursila ilaikum lamajnūn(un).
[27]
Fir’aun ngmong: “sakbenere Rosul iro kang dikongkon neng siro kabeh bener-bener wong edyan”.
قَالَ رَبُّ الْمَشْرِقِ وَالْمَغْرِبِ وَمَا بَيْنَهُمَاۗ اِنْ كُنْتُمْ تَعْقِلُوْنَ٢٨
Qāla rabbul-masyriqi wal-magribi wa mā bainahumā, in kuntum ta‘qilūn(a).
[28]
Musa ngomong: “pangeran kang nguasani wetan lan kulon lan paran kang ono neng antarane loro iku : (yoiku pangeran iro) kadung iro nggunakaen akal iro”.
قَالَ لَىِٕنِ اتَّخَذْتَ اِلٰهًا غَيْرِيْ لَاَجْعَلَنَّكَ مِنَ الْمَسْجُوْنِيْنَ٢٩
Qāla la'inittakhażta ilāhan gairī la'aj‘alannaka minal-masjūnīn(a).
[29]
Fir’aun ngomong: “sakbenere kadung siro nyebyah pangeran saklaine isun, bene-bener isun arep ndyadekaen siro sijine uwong kang dikurung.
قَالَ اَوَلَوْ جِئْتُكَ بِشَيْءٍ مُّبِيْنٍ٣٠
Qāla awalau ji'tuka bisyai'im mubīn(in).
[30]
Musa ngomong: “lan opo (siro arep ngelakoni iku) ikupun isun dudokaen neng siro siji(keterangan) kang nyoto”.
قَالَ فَأْتِ بِهٖٓ اِنْ كُنْتَ مِنَ الصّٰدِقِيْنَ٣١
Qāla fa'ti bihī in kunta minaṣ-ṣādiqīn(a).
[31]
Fir’aun ngmong: “teko o siji (keterangan) kang nyoto iku, kadung siro mlebu wong-wong kang bener”.
فَاَلْقٰى عَصَاهُ فَاِذَا هِيَ ثُعْبَانٌ مُّبِيْنٌ ۚ٣٢
Fa alqā ‘aṣāhu fa iżā hiya ṡu‘bānum mubīn(un).
[32]
Teros Musa ngoncalaken tongkat, kang moro-moro tongkat iku (dadi) ulo kang nyoto.
وَنَزَعَ يَدَهٗ فَاِذَا هِيَ بَيْضَاۤءُ لِلنّٰظِرِيْنَ ࣖ٣٣
Wa naza‘a yadahū fa iżā hiya baiḍā'u lin-nāẓirīn(a).
[33]
Lan Musa narik tangane (teko njerone kelambine) , teros moro-moro tangan iku dyadi potehi(bersinar) kanggo wong-wong kang nuli i.
قَالَ لِلْمَلَاِ حَوْلَهٗٓ اِنَّ هٰذَا لَسٰحِرٌ عَلِيْمٌ ۙ٣٤
Qāla lil-mala'i ḥaulahū inna hāżā lasāḥirun ‘alīm(un).
[34]
Fir’aun ngomong neng wong gedi gedi (pembesar-pembesare) kang ono neng sekelilinge: sakbenere Musa iki bene-bener wong kang penter ilmu sihir”.
يُّرِيْدُ اَنْ يُّخْرِجَكُمْ مِّنْ اَرْضِكُمْ بِسِحْرِهٖۖ فَمَاذَا تَأْمُرُوْنَ٣٥
Yurīdu ay yukhrijakum min arḍikum bisiḥrih(ī), fa māżā ta'murūn(a).
[35]
Musa arepe ngusir siro neng negoroniro dewek ambi sihire; terusane paren kang siro karepaken?”
قَالُوْٓا اَرْجِهْ وَاَخَاهُ وَابْعَثْ فِى الْمَدَاۤىِٕنِ حٰشِرِيْنَ ۙ٣٦
Qālū arjih wa akhāhu wab‘aṡ fil-madā'ini ḥāsyirīn(a).
[36]
Wong-wong njawab: “wurungno solong(urusane) Fir’aun lan dulur-dulure lan kirimen neng sak kabehane negoro wong-wong kang arepe ngumpulyaken (tukang sihir)
يَأْتُوْكَ بِكُلِّ سَحَّارٍ عَلِيْمٍ٣٧
Ya'tūka bikulli saḥḥārin ‘alīm(in).
[37]
Pastine wong-wong iku arepe nekokaken kabeh tokang sihir kang pinter neng siro”
فَجُمِعَ السَّحَرَةُ لِمِيْقَاتِ يَوْمٍ مَّعْلُوْمٍ ۙ٣٨
Fa jumi‘as-saḥaratu limīqāti yaumim ma‘lūm(in).
[38]
Teros dikumpulyaken poro tokang sihir neng waktu kang ditetepaken neng dino kang maklum”.
وَّقِيْلَ لِلنَّاسِ هَلْ اَنْتُمْ مُّجْتَمِعُوْنَ ۙ٣٩
Wa qīla lin-nāsi hal antum mujtami‘ūn(a).
[39]
Lan diomongaken neng wong akeh: “kumpul siro kabeh”.
لَعَلَّنَا نَتَّبِعُ السَّحَرَةَ اِنْ كَانُوْا هُمُ الْغٰلِبِيْنَ٤٠
La‘allanā nattabi‘us-saḥarata in kānū humul-gālibīn(a).
[40]
“Mugo-mugo kene miloni poro tokang sihir kadung wong kabeh dadi wong-wong kang menang”.
فَلَمَّا جَاۤءَ السَّحَرَةُ قَالُوْا لِفِرْعَوْنَ اَىِٕنَّ لَنَا لَاَجْرًا اِنْ كُنَّا نَحْنُ الْغٰلِبِيْنَ٤١
Falammā jā'as-saḥaratu qālū lifir‘auna a'inna lanā la'ajran in kunnā naḥnul-gālibīn(a).
[41]
Moko rikolo poro tokang sihir teko, iyane kabeh podo takon neng Fir’aun: “opo kito temenan oleh opah kang gedi kadung kito klebu wong kang menang?”
قَالَ نَعَمْ وَاِنَّكُمْ اِذًا لَّمِنَ الْمُقَرَّبِيْنَ٤٢
Qāla na‘am wa innakum iżal laminal-muqarrabīn(a).
[42]
Fir’aun njawab: “iyo, setuhune siro kabeh (kadung riko menang), moko temenan arepe dadi wong kang diparekaken (neng isun)”.
قَالَ لَهُمْ مُّوْسٰٓى اَلْقُوْا مَآ اَنْتُمْ مُّلْقُوْنَ٤٣
Qāla lahum mūsā alqū mā antum mulqūn(a).
[43]
Musa ngomong neng wong kabeh: “uncalno paran baen kang biso siro uncalaken”.
فَاَلْقَوْا حِبَالَهُمْ وَعِصِيَّهُمْ وَقَالُوْا بِعِزَّةِ فِرْعَوْنَ اِنَّا لَنَحْنُ الْغٰلِبُوْنَ٤٤
Fa alqau ḥibālahum wa ‘iṣiyyahum wa qālū bi‘izzati fir‘auna innā lanaḥnul-gālibūn(a).
[44]
Moko (poro tukang sihir) podo ngoncalaken tali lan tongkat-tongkat-e lan ngomong: “Demi kuosone Fir’aun, setuhune kito bener-bener wong kang menang”
فَاَلْقٰى مُوْسٰى عَصَاهُ فَاِذَا هِيَ تَلْقَفُ مَا يَأْفِكُوْنَ ۚ٤٥
Fa alqā mūsā ‘aṣāhu fa iżā hiya talqafu mā ya'fikūn(a).
[45]
Terus Musa ngoncalaken tongkate moko (tongkat iku) langsung ngeleg barang-barang palsu kang disulap ( poro tukang sihir)”.
فَاُلْقِيَ السَّحَرَةُ سٰجِدِيْنَ ۙ٤٦
Fa ulqiyas-saḥaratu sājidīn(a).
[46]
Moko poro tukang sihir nyumpet sujud (neng Gusti Alloh).
قَالُوْٓا اٰمَنَّا بِرَبِّ الْعٰلَمِيْنَ ۙ٤٧
Qālū āmannā birabbil-‘ālamīn(a).
[47]
(Poro tukang sihir) podo ngomong: “Kito iman neng Pangeran sak-kabehe alam.
رَبِّ مُوْسٰى وَهٰرُوْنَ٤٨
Rabbi mūsā wa hārūn(a).
[48]
(Yoiku) pangeran Musa lan Harun”.
قَالَ اٰمَنْتُمْ لَهٗ قَبْلَ اَنْ اٰذَنَ لَكُمْۚ اِنَّهٗ لَكَبِيْرُكُمُ الَّذِيْ عَلَّمَكُمُ السِّحْرَۚ فَلَسَوْفَ تَعْلَمُوْنَ ەۗ لَاُقَطِّعَنَّ اَيْدِيَكُمْ وَاَرْجُلَكُمْ مِّنْ خِلَافٍ وَّلَاُصَلِّبَنَّكُمْ اَجْمَعِيْنَۚ٤٩
Qāla āmantum lahū qabla an āżana lakum, innahū lakabīrukumul-lażī ‘allamakumus-siḥr(a), fa lasaufa ta‘lamūn(a), la'uqaṭṭi‘anna aidiyakum wa arjulakum min khilāfiw wa la'uṣallibannakum ajma'īn(a).
[49]
Fir’aun ngomong: “opo siro kabeh iman neng Musa sakdurunge isun nguweni ijin neng siro ? Setuhune Musa lan Harun iku temenan pemimpin siro kang ngajaraken sihir neng siro, moko engko siro pasti arepe ngeweruhi (ulihe kang siro lakoni); Temenan isun arepe nugel tangan siro lan sikil siro secoro nyilang, lan isun arepe nyalib siro kabeh.
قَالُوْا لَا ضَيْرَ ۖاِنَّآ اِلٰى رَبِّنَا مُنْقَلِبُوْنَ ۚ٥٠
Qālū lā ḍair(a), innā ilā rabbinā munqalibūn(a).
[50]
Wong kabeh ngomong: “seng ono wedi (kanggo kito kabeh)) ; setuhune kito iku wong-wong kang balek neng pengeran kito kabeh”.
اِنَّا نَطْمَعُ اَنْ يَّغْفِرَ لَنَا رَبُّنَا خَطٰيٰنَآ اَنْ كُنَّآ اَوَّلَ الْمُؤْمِنِيْنَ ۗ ࣖ٥١
Innā naṭma‘u ay yagfira lanā rabbunā khaṭāyānā an kunnā awwalal-mu'minīn(a).
[51]
Setuhune kito kepingin banget kadung pengerane kito nguweni sepuro kesalahane kito , soale kito iku klebu wong kang iman kawitan
۞ وَاَوْحَيْنَآ اِلٰى مُوْسٰىٓ اَنْ اَسْرِ بِعِبَادِيْٓ اِنَّكُمْ مُّتَّبَعُوْنَ٥٢
Wa auḥainā ilā mūsā an asri bi‘ibādī innakum muttaba‘ūn(a).
[52]
Lan Isun (Alloh) perintahaken neng Musa; “Menyango neng waktu bengi ambi nggowo poro kawulane Isun (Bani Isroil), kerono setuhune siro kabeh iku arepe dikejer-kejer”.
فَاَرْسَلَ فِرْعَوْنُ فِى الْمَدَاۤىِٕنِ حٰشِرِيْنَ ۚ٥٣
Fa arsala fir‘aunu fil-madā'ini ḥāsyirīn(a).
[53]
Moko Fir’aun ngirimaken wong kang ngumpulaken (tentorone) neng kota-kota.
اِنَّ هٰٓؤُلَاۤءِ لَشِرْذِمَةٌ قَلِيْلُوْنَۙ٥٤
Inna hā'ulā'i lasyirzimatun qalīlūn(a).
[54]
(Fir’aun) ngomong: “Setuhune wong-wong (Bani Isroil) iku temenan cumak gerombolan hang cilik,
وَاِنَّهُمْ لَنَا لَغَاۤىِٕظُوْنَ ۙ٥٥
Wa innahum lanā lagā'iẓūn(a).
[55]
Lan temenan wong-wong Bani Isro’il iku nggawe perkoro kito ngamok,
وَاِنَّا لَجَمِيْعٌ حٰذِرُوْنَ ۗ٥٦
Wa innā lajamī‘un ḥāżirūn(a).
[56]
Lan setuhune kito (Fir’aun lan bolone) iku mesti kudu njogo-njogo sak-kabehe”.
فَاَخْرَجْنٰهُمْ مِّنْ جَنّٰتٍ وَّعُيُوْنٍ ۙ٥٧
Fa akhrajnāhum min jannātiw wa ‘uyūn(in).
[57]
Moko Kito ngetokaken nang Fir’aun ambi kaume teko taman lan sumber.
وَّكُنُوْزٍ وَّمَقَامٍ كَرِيْمٍ ۙ٥٨
Wa kunūziw wa maqāmin karīm(in).
[58]
Lan (teko) Gudang bondo dunyo lan pelungguhan kang mulyo
كَذٰلِكَۚ وَاَوْرَثْنٰهَا بَنِيْٓ اِسْرَاۤءِيْلَ ۗ٥٩
Każālik(a), wa auraṡnāhā banī isrā'īl(a).
[59]
Kang koyo gedigu (kabeh bondo dunyo), Isun (Alloh) ninggali (nguweni) sekabehane (iku) nang Bani Isroil
فَاَتْبَعُوْهُمْ مُّشْرِقِيْنَ٦٠
Fa atba‘ūhum musyriqīn(a).
[60]
Moko Fir’aun lan bolo tentorone biso ngejer wong-wong Bani Isroil neng wektu melecire srengenge
فَلَمَّا تَرٰۤءَا الْجَمْعٰنِ قَالَ اَصْحٰبُ مُوْسٰٓى اِنَّا لَمُدْرَكُوْنَ ۚ٦١
Falammā tarā'al-jam‘āni qāla aṣḥābu mūsā innā lamudrakūn(a).
[61]
Moko rikolo loro golongan iku podo ndeleng, pengikute Musa ngomong : “Setuhune kito temenan biso disusul.
قَالَ كَلَّا ۗاِنَّ مَعِيَ رَبِّيْ سَيَهْدِيْنِ٦٢
Qāla kallā, inna ma‘iya rabbī sayahdīn(i).
[62]
Musa njawab: “ Heng bakalan biso disusul: “Setuhune Pangeran isun ambi isun hang arep arep nguweni piduduh neng hun.
فَاَوْحَيْنَآ اِلٰى مُوْسٰٓى اَنِ اضْرِبْ بِّعَصَاكَ الْبَحْرَۗ فَانْفَلَقَ فَكَانَ كُلُّ فِرْقٍ كَالطَّوْدِ الْعَظِيْمِ ۚ٦٣
Fa auḥainā ilā mūsā aniḍrib bi‘aṣākal-baḥr(a), fanfalaqa fa kāna kullu firqin kaṭ-ṭaudil ‘aẓīm(i).
[63]
Moko Isun (Alloh) mrintahaken Musa: Pentungen lautan iku nganggo tongkat siro. Moko dadi sigar lautan iku, lan saben sigarane koyo gunung hang gedi.
وَاَزْلَفْنَا ثَمَّ الْاٰخَرِيْنَ ۚ٦٤
Wa azlafnā ṡammal-ākharīn(a).
[64]
Lan neng kunu iku Isun (Alloh) parekaken golongan hang liyo.
وَاَنْجَيْنَا مُوْسٰى وَمَنْ مَّعَهٗٓ اَجْمَعِيْنَ ۚ٦٥
Wa anjainā mūsā wa mam ma‘ahū ajma‘īn(a).
[65]
Lan Isun (Alloh) nyelametaken Musa lan wong wong hang milu ambi Musa kabeh .
ثُمَّ اَغْرَقْنَا الْاٰخَرِيْنَ ۗ٦٦
Ṡumma agraqnal-ākharīn(a).
[66]
Moko terus Isun silepaken (ngeremeaken) golongan hang liyo (Fir’aun lan bolone).
اِنَّ فِيْ ذٰلِكَ لَاٰيَةً ۗوَمَا كَانَ اَكْثَرُهُمْ مُّؤْمِنِيْنَ٦٧
Inna fī żālika la'āyah(tan), wa mā kāna akṡaruhum mu'minīn(a).
[67]
Setuhune hang koyo iku temenan dadi tondo hang gedi (mukjizat), taping akeh akehe wong iku podo seng gelem iman.
وَاِنَّ رَبَّكَ لَهُوَ الْعَزِيْزُ الرَّحِيْمُ ࣖ٦٨
Wa inna rabbaka lahuwal-‘azīzur-raḥīm(u).
[68]
Lan setuhune Pangeran siro (Alloh) iku temenan Pengeran Hang Moho kuoso ugo Moho Welas Asih.
وَاتْلُ عَلَيْهِمْ نَبَاَ اِبْرٰهِيْمَ ۘ٦٩
Watlu ‘alaihim naba'a ibrāhīm(a).
[69]
Lan mocokeno siro (Muhammad) neng wong akeh (kafir Mekkah) ceritone Ibrohim.
اِذْ قَالَ لِاَبِيْهِ وَقَوْمِهٖ مَا تَعْبُدُوْنَ٧٠
Iż qāla li'abīhi wa qaumihī mā ta‘budūn(a).
[70]
Rikolo (Ibrohim) ngomong neng bapeke lan koume: “Paran hang siro sembah?
قَالُوْا نَعْبُدُ اَصْنَامًا فَنَظَلُّ لَهَا عٰكِفِيْنَ٧١
Qālū na‘budu aṣnāman fa naẓallu lahā ‘ākifīn(a).
[71]
(Koume Ibrohim) podo njawab: Isun nyembah patung-patung lan isun pateng nyembah yane (patung).
قَالَ هَلْ يَسْمَعُوْنَكُمْ اِذْ تَدْعُوْنَ ۙ٧٢
Qāla hal yasma‘ūnakum iż tad‘ūn(a).
[72]
(Ibrohim) ngomong:” Onotah patung patung iku biso rungokaken rikolo siro ndungo (nang patung iku)
اَوْ يَنْفَعُوْنَكُمْ اَوْ يَضُرُّوْنَ٧٣
Au yanfa‘ūnakum au yaḍurrūn(a).
[73]
Utuwo-tah (patung-patung) iku biso nguweni manfaat neng siri utowo nguweni kerugian?
قَالُوْا بَلْ وَجَدْنَآ اٰبَاۤءَنَا كَذٰلِكَ يَفْعَلُوْنَ٧٤
Qālū bal wajadnā ābā'anā każālika yaf‘alūn(a).
[74]
(Kaume Ibrohim) podo njawab ; “Using, kito kabeh wes nemokaken bapak-embahe kito ngelakoni koyo iku
قَالَ اَفَرَءَيْتُمْ مَّا كُنْتُمْ تَعْبُدُوْنَ ۙ٧٥
Qāla afa ra'aitum mā kuntum ta‘budūn(a).
[75]
(Ibrohim) ngomong, moko onotah siro wes merhatekaken paren hang mesti siro sembah.
اَنْتُمْ وَاٰبَاۤؤُكُمُ الْاَقْدَمُوْنَ ۙ٧٦
Antum wa ābā'ukumul-aqdamūn(a).
[76]
Siro kabeh lan bapak mbahe siro bengen?
فَاِنَّهُمْ عَدُوٌّ لِّيْٓ اِلَّا رَبَّ الْعٰلَمِيْنَ ۙ٧٧
Fa innahum ‘aduwwul lī illā rabbal-‘ālamīn(a).
[77]
Moko setuhune (prang hang riko sembah) iku dadi musuh kanggo isun, kejobo Pangeran sekabehane alam
الَّذِيْ خَلَقَنِيْ فَهُوَ يَهْدِيْنِ ۙ٧٨
Allażī khalaqanī fa huwa yahdīn(i).
[78]
(Yoiku Pangeran) hang nyiptakaken isun, moko yo (Pangeran) iku hang nguwuni weruh isun.
وَالَّذِيْ هُوَ يُطْعِمُنِيْ وَيَسْقِيْنِ ۙ٧٩
Wal-lażī huwa yuṭ‘imunī wa yasqīn(i).
[79]
Lan Iyane (Pangeran isun), hang nguweni mangan lan ngumbe neng isun.
وَاِذَا مَرِضْتُ فَهُوَ يَشْفِيْنِ ۙ٨٠
Wa iżā mariḍtu fa huwa yasyfīn(i).
[80]
Lan kadung isun warang, Iyane ( Pengeran isun) iku hang nyegereken isun.
وَالَّذِيْ يُمِيْتُنِيْ ثُمَّ يُحْيِيْنِ ۙ٨١
Wal-lażī yumītunī ṡumma yuḥyīn(i).
[81]
Lan lyane hang arepe gawe isun mati, terusane arepe nguripaken isun (maning)
وَالَّذِيْٓ اَطْمَعُ اَنْ يَّغْفِرَ لِيْ خَطِيْۤـَٔتِيْ يَوْمَ الدِّيْنِ ۗ٨٢
Wal-lażī aṭma‘u ay yagfira lī khaṭī'atī yaumad-dīn(i).
[82]
Lan hang paling isun kepingini arepe ngampuni kesalahane isun neng dino kiamat.
رَبِّ هَبْ لِيْ حُكْمًا وَّاَلْحِقْنِيْ بِالصّٰلِحِيْنَ ۙ٨٣
Rabbi hab lī ḥukmaw wa alḥiqnī biṣ-ṣāliḥīn(a).
[83]
(Ibrohim ndungo): ”Duh Pangeran isun wenono neng isun hikmah lan lebokeno isun neng golongane wong wong hang sholeh.
وَاجْعَلْ لِّيْ لِسَانَ صِدْقٍ فِى الْاٰخِرِيْنَ ۙ٨٤
Waj‘al lī lisāna ṣidqin fil-ākhirīn(a).
[84]
Lan dadekeno kanggo isun cerito hang apik kanggo wong wong (hang teko) sakteruse.
وَاجْعَلْنِيْ مِنْ وَّرَثَةِ جَنَّةِ النَّعِيْمِ ۙ٨٥
Waj‘alnī miw waraṡati janatin na‘īm(i).
[85]
Lan Ndiko ndadekaken isun wong wong hang duweni bagian surgo hang ebbek kenikmatane.
وَاغْفِرْ لِاَبِيْٓ اِنَّهٗ كَانَ مِنَ الضَّاۤلِّيْنَ ۙ٨٦
Wagfir li'abī innahū kāna minaḍ-ḍāllīn(a).
[86]
Lan mugo (Pengeran) nyepuro bapak isun, kerono saktemene bapak isun iku kelebu golongane wong hang sasar dalane.
وَلَا تُخْزِنِيْ يَوْمَ يُبْعَثُوْنَۙ٨٧
Wa lā tukhzinī yauma yub‘aṡūn(a).
[87]
Lan ojo Ndiko ndadekaken isun ino neng dino wong kabeh podo ditangekaken.
يَوْمَ لَا يَنْفَعُ مَالٌ وَّلَا بَنُوْنَ ۙ٨٨
Yauma lā yanfa‘u māluw wa lā banūn(a).
[88]
(Yoiku) dino hang ora isok nguweni manfaat bondo dunyo lan lare lare lanang.
اِلَّا مَنْ اَتَى اللّٰهَ بِقَلْبٍ سَلِيْمٍ ۗ٨٩
Illā man atallāha biqalbin salīm(in).
[89]
Kejobo wong wong hang ngadep neng Gusti Alloh ambi ati hang rijik.
وَاُزْلِفَتِ الْجَنَّةُ لِلْمُتَّقِيْنَ ۙ٩٠
Wa uzlifatil-jannatu lil-muttaqīn(a).
[90]
Lan (neng dino iku) diparekaken surgo kanggo wong hang takwa.
وَبُرِّزَتِ الْجَحِيْمُ لِلْغَاوِيْنَ ۙ٩١
Wa burrizatil-jaḥīmu lil-gāwīn(a).
[91]
Lan dikatonaken jelas neroko jahim kanggo wong wong hang sasar kabeh.
وَقِيْلَ لَهُمْ اَيْنَ مَا كُنْتُمْ تَعْبُدُوْنَ ۙ٩٢
Wa qīla lahum ainamā kuntum ta‘budūn(a).
[92]
Lan diucapaken neng wong kabeh neng endi patung patung hang bengen siro sembah iku?
مِنْ دُوْنِ اللّٰهِ ۗهَلْ يَنْصُرُوْنَكُمْ اَوْ يَنْتَصِرُوْنَ ۗ٩٣
Min dūnillāh(i), hal yanṣurūnakum au yantaṣirūn(a).
[93]
Sakliyane Alloh? opo biso iyane kabeh (sesembahan riko) iku nulungi siro utowo nulungi awak dewek.
فَكُبْكِبُوْا فِيْهَا هُمْ وَالْغَاوٗنَ ۙ٩٤
Fa kubkibū fīhā hum wal-gāwūn(a).
[94]
Moko (sembahan-sembahan iku) disumpetaken neng jero neroko ambi wong wong hang sasar kabeh.
وَجُنُوْدُ اِبْلِيْسَ اَجْمَعُوْنَ ۗ٩٥
Wa junūdu iblīsa ajma‘ūn(a).
[95]
Lan bolo tentara iblis sak-kabehe.
قَالُوْا وَهُمْ فِيْهَا يَخْتَصِمُوْنَ٩٦
Qālū wa hum fīhā yakhtaṣimūn(a).
[96]
Moko ( wong hang podo sasar mau) podo ngomong ; “padahal wong-wong iku neng jerone neroko kabeh podo tokaran.
تَاللّٰهِ اِنْ كُنَّا لَفِيْ ضَلٰلٍ مُّبِيْنٍ ۙ٩٧
Tallāhi in kunnā lafī ḍalālim mubīn(in).
[97]
Demi Alloh: Saktemene kito bengen (neng dunyo) klebu wong hang jelas-jelas sesat dalane.
اِذْ نُسَوِّيْكُمْ بِرَبِّ الْعٰلَمِيْنَ٩٨
Iż nusawwīkum birabbil-‘ālamīn(a).
[98]
Soale mbengen kito modokaken siro (patung-patung sesembahan) ambi pangeran sak-kabehe alam.
وَمَآ اَضَلَّنَآ اِلَّا الْمُجْرِمُوْنَ٩٩
Wa mā aḍallanā illal-mujrimūn(a).
[99]
Lan sengono hang nyaraken kito kejobo wong wong hang ngelakoni duso (duroko)
فَمَا لَنَا مِنْ شٰفِعِيْنَ ۙ١٠٠
Famā lanā min syāfi‘īn(a).
[100]
Moko kito heng duwe siji baen wong hang nguweni syafaat.
وَلَا صَدِيْقٍ حَمِيْمٍ١٠١
Wa lā ṣadīqin ḥamīm(in).
[101]
Lan heng duwe pisan konco hang akrap.
فَلَوْ اَنَّ لَنَا كَرَّةً فَنَكُوْنَ مِنَ الْمُؤْمِنِيْنَ١٠٢
Falau anna lanā karratan fa nakūna minal-mu'minīn(a).
[102]
Moko sekirane kito biso balik sepisan baen (neng dunyo) pastine kene dadi wong wong hang iman.
اِنَّ فِيْ ذٰلِكَ لَاٰيَةً ۗوَمَا كَانَ اَكْثَرُهُمْ مُّؤْمِنِيْنَ١٠٣
Inna fī żālika la'āyah(tan), wa mā kāna akṡaruhum mu'minīn(a).
[103]
Sakbenere neng hang koyo iku bener bener ono tondo tondo (kuosone Gusti Alloh), taping akeh akehe wong wong kabeh iku heng iman.
وَاِنَّ رَبَّكَ لَهُوَ الْعَزِيْزُ الرَّحِيْمُ ࣖ١٠٤
Wa inna rabbaka lahuwal-‘azīzur-raḥīm(u).
[104]
Lan sakbenere pangeran iro bener bener pangeran hang moho kuoso ugo moho welas.
كَذَّبَتْ قَوْمُ نُوْحِ ِۨالْمُرْسَلِيْنَ ۚ١٠٥
Każżabat qaumu nūḥinil-mursalīn(a).
[105]
Koum Nuh wes ngapusi poro Rosul.
اِذْ قَالَ لَهُمْ اَخُوْهُمْ نُوْحٌ اَلَا تَتَّقُوْنَ ۚ١٠٦
Iż qāla lahum akhūhum nūḥun alā tattaqūn(a).
[106]
Pas dulur wong iku kabeh (Nuh) ngomong neng wong iku kabeh “ apowo siri heng takwa?
اِنِّيْ لَكُمْ رَسُوْلٌ اَمِيْنٌ ۙ١٠٧
Innī lakum rasūlun amīn(un).
[107]
Sakbenere isun yoiku salah siji ne rosul hang duweni percoyo (hang dikongkon) neng siro.
فَاتَّقُوا اللّٰهَ وَاَطِيْعُوْنِۚ١٠٨
Fattaqullāha wa aṭī‘ūn(i).
[108]
Moko takwa.o neng Gusti Alloh lan nuruto neng isun.
وَمَآ اَسْـَٔلُكُمْ عَلَيْهِ مِنْ اَجْرٍۚ اِنْ اَجْرِيَ اِلَّا عَلٰى رَبِّ الْعٰلَمِيْنَ ۚ١٠٩
Wa mā as'alukum ‘alaihi min ajr(in), in ajriya illā ‘alā rabbil-‘ālamīn(a).
[109]
Lan isun sepisan pisan seng jaluk upsh neng siro teko ajakan ajakan iku upah isun seng liyo mung teko pangeran sekabehane dunyo.
فَاتَّقُوا اللّٰهَ وَاَطِيْعُوْنِ١١٠
Fattaqullāha wa aṭī‘ūn(i).
[110]
Mangkane takwa.o neng Alloh lan nuruto neng isun.
۞ قَالُوْٓا اَنُؤْمِنُ لَكَ وَاتَّبَعَكَ الْاَرْذَلُوْنَ ۗ١١١
Qālū anu'minu laka wattaba‘akal-arżalūn(a).
[111]
Wong wong ngomong apuwo kene arepe iman neng siro padahal hang ngetuti siro yoiku wong wong hang ngino.
قَالَ وَمَا عِلْمِيْ بِمَا كَانُوْا يَعْمَلُوْنَ ۚ١١٢
Qāla wa mā ‘ilmī bimā kānū ya‘malūn(a).
[112]
Nuh jawab kelendi isun nak ngeweruhi paran hang wes wong kabeh lakoni? ١١٢ ۚ َ
اِنْ حِسَابُهُمْ اِلَّا عَلٰى رَبِّيْ لَوْ تَشْعُرُوْنَ ۚ١١٣
In ḥisābuhum illā ‘alā rabbī lau tasy‘urūn(a).
[113]
Itungane (amal kelakoan) wong kabeh seng liyo mung neng pangeran hun kadunbg siro nyadari.
وَمَآ اَنَا۠ بِطَارِدِ الْمُؤْمِنِيْنَ ۚ١١٤
Wa mā ana biṭāridil-mu'minīn(a).
[114]
Lan isun sepisan pisan seng arep ngusir wong wong hang iman.
اِنْ اَنَا۠ اِلَّا نَذِيْرٌ مُّبِيْنٌ ۗ١١٥
In ana illā nażīrum mubīn(un).
[115]
Isin (iki) seng liyo ngelainaken tukang nguweni peringatan lan hang jelasaken.
قَالُوْا لَىِٕنْ لَّمْ تَنْتَهِ يٰنُوْحُ لَتَكُوْنَنَّ مِنَ الْمَرْجُوْمِيْنَۗ١١٦
Qālū la'illam tantahi yā nūḥu latakūnanna minal-marjūmīn(a).
[116]
Wong kabeh ngomong:” sakbenere kadung siro (gelem) mandeg duh Nuh, mestine bener bener siro arepe melebu wong hang di rajam.
قَالَ رَبِّ اِنَّ قَوْمِيْ كَذَّبُوْنِۖ١١٧
Qāla rabbi inna qaumī każżabūn(i).
[117]
Nuh ngomong “duh pangeran isun sakbenere pangeran isun wes ngapusi hun.
فَافْتَحْ بَيْنِيْ وَبَيْنَهُمْ فَتْحًا وَّنَجِّنِيْ وَمَنْ مَّعِيَ مِنَ الْمُؤْمِنِيْنَ١١٨
Faftaḥ bainī wa bainahum fatḥaw wa najjinī wa mam ma‘iya minal-mu'minīn(a).
[118]
Perandane iku onokeno siji Keputusan antarane isun lan wong wong kabeh, lan selameteno isun ambi wong wong hang mukmin ambi isun.
فَاَنْجَيْنٰهُ وَمَنْ مَّعَهٗ فِى الْفُلْكِ الْمَشْحُوْنِ١١٩
Fa anjaināhu wa mam ma‘ahū fil-fulkil-masyḥūn(i).
[119]
Moko kene nyelametaken Nuh ambi wong wong hang milu Nuh neng jero kapal hang akeh wowotane
ثُمَّ اَغْرَقْنَا بَعْدُ الْبَاقِيْنَ١٢٠
Ṡumma agraqnā ba‘dul-bāqīn(a).
[120]
Terusane sakmarek iku nyilepaken wong wong hang manggon.
اِنَّ فِيْ ذٰلِكَ لَاٰيَةً ۗوَمَا كَانَ اَكْثَرُهُمْ مُّؤْمِنِيْنَ١٢١
Inna fī żālika la'āyah(tan), wa mā kāna akṡaruhum mu'minīn(a).
[121]
Sakbenere neng hang koyo iku bener bener ono tondo (kuosone Alloh) taping akeh akehe uwong uwong kabeh iku heng iman.
وَاِنَّ رَبَّكَ لَهُوَ الْعَزِيْزُ الرَّحِيْمُ ࣖ١٢٢
Wa inna rabbaka lahuwal-‘azīzur-raḥīm(u).
[122]
Lan sakbenere pangeran iro pangeran hang moho kuoso ugo moho asih.
كَذَّبَتْ عَادُ ِۨالْمُرْسَلِيْنَ ۖ١٢٣
Każżabat ‘ādunil-mursalīn(a).
[123]
Koum Add wes ngapusi poro Rosul.
اِذْ قَالَ لَهُمْ اَخُوْهُمْ هُوْدٌ اَلَا تَتَّقُوْنَ ۚ١٢٤
Iż qāla lahum akhūhum hūdun alā tattaqūn(a).
[124]
Pas wektu dulur wong wong kabeh ngomong neng wong wong kabeh: “ apowo siro heng takwa?
اِنِّيْ لَكُمْ رَسُوْلٌ اَمِيْنٌ ۙ١٢٥
Innī lakum rasūlun amīn(un).
[125]
Sakbenere isun yoiku siji rosul kepercayaane (hang dikonhkon neng siro).
فَاتَّقُوا اللّٰهَ وَاَطِيْعُوْنِ ۚ١٢٦
Fattaqullāha wa aṭī‘ūn(i).
[126]
Moko takwa neng Gusti Alloh lan nuruto neng hun.
وَمَآ اَسْـَٔلُكُمْ عَلَيْهِ مِنْ اَجْرٍۚ اِنْ اَجْرِيَ اِلَّا عَلٰى رَبِّ الْعٰلَمِيْنَ ۗ١٢٧
Wa mā as'alukum ‘alaihi min ajr(in), in ajriya illā ‘alā rabbil-‘ālamīn(a).
[127]
Lan sepisan pisan isun heng jaluk upah neng siro ambi ajakan iku; upah isun seng liyo mung teko pangeran sekabehane dunyo.
اَتَبْنُوْنَ بِكُلِّ رِيْعٍ اٰيَةً تَعْبَثُوْنَ ۙ١٢٨
Atabnūna bikulli rī‘in āyatan ta‘baṡūn(a).
[128]
Apuwo siro ngedekaken neng saben saben lemah duwur byangunan kanggo memenganan.
وَتَتَّخِذُوْنَ مَصَانِعَ لَعَلَّكُمْ تَخْلُدُوْنَۚ١٢٩
Wa tattakhiżūna maṣāni‘a la‘allakum takhludūn(a).
[129]
Lan siro gawe benteng benteng ambi maksud myakene siro tetep (neng dunyo) ١٢٩ َۚ
وَاِذَا بَطَشْتُمْ بَطَشْتُمْ جَبَّارِيْنَۚ١٣٠
Wa iżā baṭasytum baṭasytum jabbārīn(a).
[130]
lan kadung siro nyikso, moko siro nyikso kanggo wong wong kejem lan bengis.
فَاتَّقُوا اللّٰهَ وَاَطِيْعُوْنِۚ١٣١
Fattaqullāha wa aṭī‘ūn(i).
[131]
Moko takwa.o neng Alloh lan nuruto neng hun
وَاتَّقُوا الَّذِيْٓ اَمَدَّكُمْ بِمَا تَعْلَمُوْنَ ۚ١٣٢
Wattaqul-lażī amaddakum bimā ta‘lamūn(a).
[132]
Lan takwao neng Alloh hang wes nguweni neng siro paren hang siro weruhi. ١٣٢ ۚ َ
اَمَدَّكُمْ بِاَنْعَامٍ وَّبَنِيْنَۙ١٣٣
Amaddakum bi'an‘āmiw wa banīn(a).
[133]
Alloh wes nguweni neng siro angonan lan lare lare.
وَجَنّٰتٍ وَّعُيُوْنٍۚ١٣٤
Wa jannātiw wa ‘uyūn(in).
[134]
lan kebonan kebonan ambi sumber.
اِنِّيْٓ اَخَافُ عَلَيْكُمْ عَذَابَ يَوْمٍ عَظِيْمٍ ۗ١٣٥
Innī akhāfu ‘alaikum ‘ażāba yaumin ‘aẓīm(in).
[135]
sakbenere isun wedi siro arep ditekoni azab dino hang gedi.
قَالُوْا سَوَاۤءٌ عَلَيْنَآ اَوَعَظْتَ اَمْ لَمْ تَكُنْ مِّنَ الْوٰعِظِيْنَ ۙ١٣٦
Qālū sawā'un ‘alainā awa‘aẓta am lam takum minal-wā‘iẓīn(a).
[136]
wong kabeh njawab :” apo iki heng podo baen kanggo kene opo siro nguweni nasihat utowo hwng nguweni nasihat.
اِنْ هٰذَآ اِلَّا خُلُقُ الْاَوَّلِيْنَ ۙ١٣٧
In hāżā illā khuluqul-awwalīn(a).
[137]
(Agomone kene) iki hang liyo mung kebiasaane wong bengen.
وَمَا نَحْنُ بِمُعَذَّبِيْنَ ۚ١٣٨
Wa mā naḥnu bimu‘ażżabīn(a).
[138]
Lan kene sepisan pisan heng arep diazab.
فَكَذَّبُوْهُ فَاَهْلَكْنٰهُمْۗ اِنَّ فِيْ ذٰلِكَ لَاٰيَةً ۗوَمَا كَانَ اَكْثَرُهُمْ مُّؤْمِنِيْنَ١٣٩
Fa każżabūhu fa ahlaknāhum, inna fī żālika la'āyah(tan), wa mā kāna akṡaruhum mu'minīn(a).
[139]
Moko wong kabeh ngapusi Hud, terus kene ngentekaken wong iku kabeh, sakbenere neng hang koyo iku bener bener ono tondo kuosone Alloh, taping akeh akehe wong wong iku heng iman.
وَاِنَّ رَبَّكَ لَهُوَ الْعَزِيْزُ الرَّحِيْمُ ࣖ١٤٠
Wa inna rabbaka lahuwal-‘azīzur-raḥīm(u).
[140]
Lan sakbenre pangeran iro pangeran hang moho kuoso ugo moho welas.
كَذَّبَتْ ثَمُوْدُ الْمُرْسَلِيْنَ ۖ١٤١
Każżabat ṡamūdul-mursalīn(a).
[141]
Koum samud wes ngapusi Rosul- rosul.
اِذْ قَالَ لَهُمْ اَخُوْهُمْ صٰلِحٌ اَلَا تَتَّقُوْنَ ۚ١٤٢
Iż qāla lahum akhūhum ṣāliḥun alā tattaqūn(a).
[142]
Pas dulur wong kabeh, shaleh, ngomong neng wong wong kabeh: ”apowo siro heng takwa?
اِنِّيْ لَكُمْ رَسُوْلٌ اَمِيْنٌ ۙ١٤٣
Innī lakum rasūlun amīn(un).
[143]
dipercoyo (hang dikongkon neng siro)
فَاتَّقُوا اللّٰهَ وَاَطِيْعُوْنِ ۚ١٤٤
Fattaqullāha wa aṭī‘ūn(i).
[144]
Moko takwao neng Gusti Alloh lan nuruto neng hun.
وَمَآ اَسْـَٔلُكُمْ عَلَيْهِ مِنْ اَجْرٍۚ اِنْ اَجْرِيَ اِلَّا عَلٰى رَبِّ الْعٰلَمِيْنَ ۗ١٤٥
Wa mā as'alukum ‘alaihi min ajr(in), in ajriya illā ‘alā rabbil-‘ālamīn(a).
[145]
Lan isun sepisan pisan heng jaluk upah neng siro kerono ajakan iku, upah isun seng liyo mung teko pangeran sekabehane dunyo.
اَتُتْرَكُوْنَ فِيْ مَا هٰهُنَآ اٰمِنِيْنَ ۙ١٤٦
Atutrakūna fīmā hāhunā āminīn(a).
[146]
Opo ono siro arep digeningaken urip neng kene (neng negoro niro iki) ambi keadaan aman.
فِيْ جَنّٰتٍ وَّعُيُوْنٍ ۙ١٤٧
Fī jannātiw wa ‘uyūn(in).
[147]
Neng jero kebonan kebonan serto sumber.
وَّزُرُوْعٍ وَّنَخْلٍ طَلْعُهَا هَضِيْمٌ ۚ١٤٨
Wa zurū‘iw wa nakhlin ṭal‘uhā haḍīm(un).
[148]
Lan wit witan ambi wit wit kurmo hang mayang alus.
وَتَنْحِتُوْنَ مِنَ الْجِبَالِ بُيُوْتًا فٰرِهِيْنَ١٤٩
Wa tanḥitūna minal-jibāli buyūtan fārihīn(a).
[149]
Lan siro ukir sebagian teko gunung iku kanggo didadekaen umyah-umyah dengan rapi.
فَاتَّقُوا اللّٰهَ وَاَطِيْعُوْنِ ۚ١٥٠
Fattaqullāha wa aṭī‘ūn(i).
[150]
Moko takwa neng Alloh lan nuruto neng hun.
وَلَا تُطِيْعُوْٓا اَمْرَ الْمُسْرِفِيْنَ ۙ١٥١
Wa lā tuṭī‘ū amral-musrifīn(a).
[151]
Lan ojo siro nuruti perintahe wong wong kang ngeliwyati bates.
الَّذِيْنَ يُفْسِدُوْنَ فِى الْاَرْضِ وَلَا يُصْلِحُوْنَ١٥٢
Allażīna yufsidūna fil-arḍi wa lā yaṣliḥūn(a).
[152]
152.Kang nggawe kerusakan neng bumi ngonokaen keapikan.
قَالُوْٓا اِنَّمَآ اَنْتَ مِنَ الْمُسَحَّرِيْنَ ۙ١٥٣
Qālū innamā anta minal-musaḥḥarīn(a).
[153]
Wong wong kabeh ngomong: “sakbenere siro salah sijine teko wong wong kang keneng sihir.
مَآ اَنْتَ اِلَّا بَشَرٌ مِّثْلُنَاۙ فَأْتِ بِاٰيَةٍ اِنْ كُنْتَ مِنَ الصّٰدِقِيْنَ١٥٤
Mā anta illā basyarum miṡlunā, fa'ti bi'āyatin in kunta minaṣ-ṣādiqīn(a).
[154]
Siro seng liyo malah siji menungso kang koyo kene ; moko tekokno suatu mukjizat, kadung siro melebu wong wong hang bener.
قَالَ هٰذِهٖ نَاقَةٌ لَّهَا شِرْبٌ وَّلَكُمْ شِرْبُ يَوْمٍ مَّعْلُوْمٍ ۚ١٥٥
Qāla hāżihī nāqatul lahā syirbuw wa lakum syirbu yaumim ma‘lūm(in).
[155]
Sholeh njawab iki seekor unto wadon, unto iku duwe giliran kanggo nguliyaken byanyu, lan siro duwe giliran pisan kanggo nguliyaken banyu neng dino hang hang pas.
وَلَا تَمَسُّوْهَا بِسُوْۤءٍ فَيَأْخُذَكُمْ عَذَابُ يَوْمٍ عَظِيْمٍ١٥٦
Wa lā tamassūhā bisū'in fa ya'khużakum ‘ażābu yaumin ‘aẓīm(in).
[156]
Lan ojo siro nyemplok unto wadon iku ambi paran paren hang elek, hang nyebabaken siro arepe diuweni azab neng dino hnag gedi.
فَعَقَرُوْهَا فَاَصْبَحُوْا نٰدِمِيْنَ ۙ١٥٧
Fa ‘aqarūhā fa aṣbaḥū nādimīn(a).
[157]
Terus wong kabeh maeni unto, terus wong kabeh iku dadi nyesel.
فَاَخَذَهُمُ الْعَذَابُۗ اِنَّ فِيْ ذٰلِكَ لَاٰيَةً ۗوَمَا كَانَ اَكْثَرُهُمْ مُّؤْمِنِيْنَ١٥٨
Fa akhażahumul-‘ażāb(u), inna fī żālika la'āyah(tan), wa mā kāna akṡaruhum mu'minīn(a).
[158]
Moko wong kabeh diuweni azab. Sakbenere neng hang koyo iku bener bener ono bukti hang nyoto. Lan akeh akehe wong wong iku heng iman.
وَاِنَّ رَبَّكَ لَهُوَ الْعَزِيْزُ الرَّحِيْمُ ࣖ١٥٩
Wa inna rabbaka lahuwal-‘azīzur-raḥīm(u).
[159]
Lan sakbenere pangeran iro bener bener pangeran hang moho kuoso ugo moho asih.
كَذَّبَتْ قَوْمُ لُوْطِ ِۨالْمُرْسَلِيْنَ ۖ١٦٠
Każżabat qaumu lūṭinil-mursalīn(a).
[160]
Koum Luth wes ngapusi Rosul-rosul.
اِذْ قَالَ لَهُمْ اَخُوْهُمْ لُوْطٌ اَلَا تَتَّقُوْنَ ۚ١٦١
Iż qāla lahum akhūhum lūṭun alā tattaqūn(a).
[161]
Pas dulure wong wong kabeh. Luth, ngomong neng wong wong kabeh: “apuwo siro hang takwa.
اِنِّيْ لَكُمْ رَسُوْلٌ اَمِيْنٌ ۙ١٦٢
Innī lakum rasūlun amīn(un).
[162]
Sakbenere isun yoiku siji rosul hang dipercoyo (hang dikongkon) neng siro.
فَاتَّقُوا اللّٰهَ وَاَطِيْعُوْنِ ۚ١٦٣
Fattaqullāha wa aṭī‘ūn(i).
[163]
Mangkane takwao neng Alloh lan nuruto neng hun.
وَمَآ اَسْـَٔلُكُمْ عَلَيْهِ مِنْ اَجْرٍ اِنْ اَجْرِيَ اِلَّا عَلٰى رَبِّ الْعٰلَمِيْنَ ۗ١٦٤
Wa mā as'alukum ‘alaihi min ajrin in ajriya illā ‘alā rabbil-‘ālamīn(a).
[164]
Lan isun sepisan pisan seng jaluk opah neng siro kerono ajakan iku; opahe isun seng liyo mung teko pangeran sekabehane dunyo.
اَتَأْتُوْنَ الذُّكْرَانَ مِنَ الْعٰلَمِيْنَ ۙ١٦٥
Ata'tūnaż-żukrāna minal-‘ālamīn(a).
[165]
Apuwo siro heng nekani wernone wong lanang neng antarane menungso.
وَتَذَرُوْنَ مَا خَلَقَ لَكُمْ رَبُّكُمْ مِّنْ اَزْوَاجِكُمْۗ بَلْ اَنْتُمْ قَوْمٌ عَادُوْنَ١٦٦
Wa tażarūna mā khalaqa lakum rabbukum min azwājikum, bal antum qamun ‘ādūn(a).
[166]
Lan siro ninggalaken rabin rabin siro lan didadekaken ambi pangeran siro kanggo siro, maningno siro yoiku wong wong hang ngeliwati batas.
قَالُوْا لَىِٕنْ لَّمْ تَنْتَهِ يٰلُوْطُ لَتَكُوْنَنَّ مِنَ الْمُخْرَجِيْنَ١٦٧
Qālū la'illam tantahi yā lūṭu latakūnanna minal-mukhrajīn(a).
[167]
Wong-wong jawab: “He Luth, sakbenere kadung siro hnag mandeg, bener bener siro golongane wong wong hang diusir.
قَالَ اِنِّيْ لِعَمَلِكُمْ مِّنَ الْقَالِيْنَ ۗ١٦٨
Qāla innī li‘amalikum minal-qālīn(a).
[168]
Luth ngomong; sakbenere isun paling bengkel neng kelakoan iro.
رَبِّ نَجِّنِيْ وَاَهْلِيْ مِمَّا يَعْمَلُوْنَ١٦٩
Rabbi najjinī wa ahlī mimmā ya‘malūn(a).
[169]
(Luth ndungo); “duh pangeran isun selametno isun ambi keluarganisun teko (musibah) penggawehan hang wong wong kabeh lakoni.
فَنَجَّيْنٰهُ وَاَهْلَهٗٓ اَجْمَعِيْنَ ۙ١٧٠
Fa najjaināhu wa ahlahū ajma‘īn(a).
[170]
Terus isun nyelametaken wong owng kabeh ambi keluargane kabeh.
اِلَّا عَجُوْزًا فِى الْغٰبِرِيْنَ ۚ١٧١
Illā ‘ajūzan fil-gābirīn(a).
[171]
Sakliyane siji wong wadon tuwek (rabine), hang melebu golongane hang manggon.
ثُمَّ دَمَّرْنَا الْاٰخَرِيْنَ ۚ١٧٢
Ṡumma dammarnal-ākharīn(a).
[172]
Terusane kene ngancuraken hang liyo.
وَاَمْطَرْنَا عَلَيْهِمْ مَّطَرًاۚ فَسَاۤءَ مَطَرُ الْمُنْذَرِيْنَ١٧٣
Wa amṭarnā ‘alaihim maṭarā(n), fa sā'a maṭarul-munżarīn(a).
[173]
Lan kene udani wong wong kabeh ambi (watu) moko elek temenan udan hang ngamtem wong wong hang wes diuweni peringatan iku.
اِنَّ فِيْ ذٰلِكَ لَاٰيَةً ۗوَمَا كَانَ اَكْثَرُهُمْ مُّؤْمِنِيْنَ١٧٤
Inna fī żālika la'āyah(tan), wa mā kāna akṡaruhum mu'minīn(a).
[174]
Sakbenere neng hang koyo iku bener bener ono bukti bukti hang nyoto. Lan akeh akehe wong wong seng iman.
وَاِنَّ رَبَّكَ لَهُوَ الْعَزِيْزُ الرَّحِيْمُ ࣖ١٧٥
Wa inna rabbaka lahuwal-‘azīzur-raḥīm(u).
[175]
Lan sekbenere pangeran isun bener bener pangeran hang moho kuoso ugo moho welas
كَذَّبَ اَصْحٰبُ لْـَٔيْكَةِ الْمُرْسَلِيْنَ ۖ١٧٦
Każżaba aṣḥābul-aikatil-mursalīn(a).
[176]
Penduduk aikah wes ngapusi Rosul-rosul.
اِذْ قَالَ لَهُمْ شُعَيْبٌ اَلَا تَتَّقُوْنَ ۚ١٧٧
Iż qāla lahum syu‘aibun alā tattaqūn(a).
[177]
Pas Syu’aib ngomong neng wong wong: “apowo siro heng takwa?
اِنِّيْ لَكُمْ رَسُوْلٌ اَمِيْنٌ ۙ١٧٨
Innī lakum rasūlun amīn(un).
[178]
Sebenere isun siji rosul hang dipasrahi (hang dikongkon) neng iro.
فَاتَّقُوا اللّٰهَ وَاَطِيْعُوْنِ ۚ١٧٩
Fattaqullāha wa aṭī‘ūn(i).
[179]
Makan takwao neng Alloh lan nuruto nenghun.
وَمَآ اَسْـَٔلُكُمْ عَلَيْهِ مِنْ اَجْرٍ اِنْ اَجْرِيَ اِلَّا عَلٰى رَبِّ الْعٰلَمِيْنَ ۗ١٨٠
Wa mā as'alukum ‘alaihi min ajrin in ajriya illā ‘alā rabbil-‘ālamīn(a).
[180]
Lan isun sepisan pisan seng jaluk upah neng siro kerono ajakan iku; upah isun seng liyo mung teko pangeran sekabehane dunyo.
۞ اَوْفُوا الْكَيْلَ وَلَا تَكُوْنُوْا مِنَ الْمُخْسِرِيْنَ ۚ١٨١
Auful-kaila wa lā takūnū minal-mukhsirīn(a).
[181]
Sempurnakeno takeran lan ojo siro melebu wong wong hang ngerugikaken.
وَزِنُوْا بِالْقِسْطَاسِ الْمُسْتَقِيْمِ ۚ١٨٢
Wazinū bil-qisṭāsil-mustaqīm(i).
[182]
Lan timbangno ambi timbangan hang kenceng.
وَلَا تَبْخَسُوا النَّاسَ اَشْيَاۤءَهُمْ وَلَا تَعْثَوْا فِى الْاَرْضِ مُفْسِدِيْنَ ۚ١٨٣
Wa lā tabkhasun-nāsa asy-yā'ahum wa lā ta‘ṡau fil-arḍi mufsidīn(a).
[183]
Lan ojo siro ngerugekaken menungso neng hak hak e lan ojo siro tambah enak neng bumi ambi gawe kerusakan.
وَاتَّقُوا الَّذِيْ خَلَقَكُمْ وَالْجِبِلَّةَ الْاَوَّلِيْنَ ۗ١٨٤
Wattaqul-lażī khalaqakum wal-jibillatal-awwalīn(a).
[184]
Lan takwao neng Alloh hang wes nyiptakaken siro lan umat umat hang bengen.
قَالُوْٓا اِنَّمَآ اَنْتَ مِنَ الْمُسَحَّرِيْنَ ۙ١٨٥
Qālū innamā anta minal-musaḥḥarīn(a).
[185]
Lan wong wong ngomong: “sebenere siro yoiku salah sijine teko wong-wong hang keneng sihir.
وَمَآ اَنْتَ اِلَّا بَشَرٌ مِّثْلُنَا وَاِنْ نَّظُنُّكَ لَمِنَ الْكٰذِبِيْنَ ۚ١٨٦
Wa mā anta illā basyarum miṡlunā wa in naẓunnuka laminal-kāżibīn(a).
[186]
Lan siro heng liyo sakliyane salah siji menungso koyo kene kabeh, lan sebenere kene yakin kadung siro bener bener melebu golongane wong wong hang ngapusi.
فَاَسْقِطْ عَلَيْنَا كِسَفًا مِّنَ السَّمَاۤءِ اِنْ كُنْتَ مِنَ الصّٰدِقِيْنَ ۗ١٨٧
Fa asqiṭ ‘alainā kisafam minas-samā'i in kunta minaṣ-ṣādiqīn(a).
[187]
Moko teblukeno neng kene gumpalan teko langit, kadung siro melebu wong wong hang bener.
قَالَ رَبِّيْٓ اَعْلَمُ بِمَا تَعْمَلُوْنَ١٨٨
Qāla rabbī a‘lamu bimā ta‘malūn(a).
[188]
Syu’aib ngomong: “pangeran hun lebih weruh ambi paren hang siro lakoni.
فَكَذَّبُوْهُ فَاَخَذَهُمْ عَذَابُ يَوْمِ الظُّلَّةِ ۗاِنَّهٗ كَانَ عَذَابَ يَوْمٍ عَظِيْمٍ١٨٩
Fa każżabūhu fa akhażahum ‘ażābu yaumiẓ-ẓullah(ti), innahū kāna ‘ażāba yaumin ‘aẓīm(in).
[189]
Terus wong kabeh ngapusi Syu’aib terus wong kabeh diuweni azab neng dino wong kabeh ditutupi awan. Sebenere azab iku yoiku azab neng dino hang gedi.
اِنَّ فِيْ ذٰلِكَ لَاٰيَةً ۗوَمَا كَانَ اَكْثَرُهُمْ مُّؤْمِنِيْنَ١٩٠
Inna fī żālika la'āyah(tan), wa mā kāna akṡaruhum mu'minīn(a).
[190]
Sebenere neng hang koyo iku bener bener ono tondo (kuosone Alloh), taping akeh akehe wong wong seng iman.
وَاِنَّ رَبَّكَ لَهُوَ الْعَزِيْزُ الرَّحِيْمُ ࣖ١٩١
Wa inna rabbaka lahuwal-‘azīzur-raḥīm(u).
[191]
Lan sebenere pangeran siro bener bener pangeran hang moho kuoso ugo moho welas.
وَاِنَّهٗ لَتَنْزِيْلُ رَبِّ الْعٰلَمِيْنَ ۗ١٩٢
Wa innahū latanzīlu rabbil-‘ālamīn(a).
[192]
Lan sakbenere Al-Qur’an iki bener bener didunaken teko pangeran sekabehane dunyo.
نَزَلَ بِهِ الرُّوْحُ الْاَمِيْنُ ۙ١٩٣
Nazala bihir rūḥul-amīn(u).
[193]
Al-Qur’an digowo mudun ambi ruhul amin (Jibril)
عَلٰى قَلْبِكَ لِتَكُوْنَ مِنَ الْمُنْذِرِيْنَ ۙ١٩٤
‘Alā qalbika litakūna minal-munżirīn(a).
[194]
Neng jerone ati ndiko (Muhammad) supoyo siro dadi salah sijine neng antarane wong wong hang nguweni peringatan.
بِلِسَانٍ عَرَبِيٍّ مُّبِيْنٍ ۗ١٩٥
Bilisānin ‘arabiyyim mubīn(in).
[195]
Ambi boso arab hang jelas
وَاِنَّهٗ لَفِيْ زُبُرِ الْاَوَّلِيْنَ١٩٦
Wa innahū lafī zuburil-awwalīn(a).
[196]
Lan sakbenere Al-Qur’an iku bener bener (tersebut) neng jero kitab kitab wong hnag bengen.
اَوَلَمْ يَكُنْ لَّهُمْ اٰيَةً اَنْ يَّعْلَمَهٗ عُلَمٰۤؤُا بَنِيْٓ اِسْرَاۤءِيْلَ١٩٧
Awalam yakul lahum āyatan ay ya‘lamahū ‘ulamā'u banī isrā'īl(a).
[197]
Lan opo ta heng cukup dadi bukti kanggo wong kabeh, kadung poro ulama Bani Isroil ngeweruhi?
وَلَوْ نَزَّلْنٰهُ عَلٰى بَعْضِ الْاَعْجَمِيْنَ ۙ١٩٨
Wa lau nazzalnāhū ‘alā ba‘ḍil-a‘jamīn(a).
[198]
Lan kadung Al-Qur’an iku kene Bunaken neng salah sijne teko golongan duduk arab.
فَقَرَاَهٗ عَلَيْهِمْ مَّا كَانُوْا بِهٖ مُؤْمِنِيْنَ ۗ١٩٩
Fa qara'ahū ‘alaihim mā kānū bihī mu'minīn(a).
[199]
Terus golongan seng arab iku mocokaken neng wong wong (wong wong kafir); mestine wong wong iku seng arepe iman neng Qur’an
كَذٰلِكَ سَلَكْنٰهُ فِيْ قُلُوْبِ الْمُجْرِمِيْنَ ۗ٢٠٠
Każālika salaknāhu fī qulūbil-mujrimīn(a).
[200]
Neng koyo iku kene lebokaken Al-Qur’an neng jero atine wong wong hang duroko.
لَا يُؤْمِنُوْنَ بِهٖ حَتّٰى يَرَوُا الْعَذَابَ الْاَلِيْمَ٢٠١
Lā yu'minūna bihī ḥattā yarawul-‘ażābal-alīm(a).
[201]
Wong wong seng iman neng qur’an sampek wong wong iku nulih azab hang perih.
فَيَأْتِيَهُمْ بَغْتَةً وَّهُمْ لَا يَشْعُرُوْنَ ۙ٢٠٢
Fa ya'tiyahum bagtataw wa hum lā yasy‘urūn(a).
[202]
Moko teko azab hang wong wong ambi dadakan, sedeng wong wong iku heng nyadari
فَيَقُوْلُوْا هَلْ نَحْنُ مُنْظَرُوْنَ ۗ٢٠٣
Fa yaqūlū hal naḥnu munẓarūn(a).
[203]
Terus wong wong ngomong opo kene seng biso diuweni kekuwatan.
اَفَبِعَذَابِنَا يَسْتَعْجِلُوْنَ٢٠٤
Afa bi‘ażābinā yasta‘jilūn(a).
[204]
Moko apuwo wong wong jaluk supoyo dicepetaken azabe kene.
اَفَرَءَيْتَ اِنْ مَّتَّعْنٰهُمْ سِنِيْنَ ۙ٢٠٥
Afa ra'aita im matta‘nāhum sinīn(a).
[205]
Moko kelendi pendapat iro kadung kene wakaken neng wong wong kenikmatan urip hang taun taunan.
ثُمَّ جَاۤءَهُمْ مَّا كَانُوْا يُوْعَدُوْنَ ۙ٢٠٦
Ṡumma jā'ahum mā kānū yū‘adūn(a).
[206]
Terus teko neng wong wong azab hang wes diancemaken neng wong-wong.
مَآ اَغْنٰى عَنْهُمْ مَّا كَانُوْا يُمَتَّعُوْنَ ۗ٢٠٧
Mā agnā ‘anhum mā kānū yumatta‘ūn(a).
[207]
Mestine heng ono gunane kanggo wong wong paran hang wong wong kudu nikmati.
وَمَآ اَهْلَكْنَا مِنْ قَرْيَةٍ اِلَّا لَهَا مُنْذِرُوْنَ ۖ٢٠٨
Wa mā ahlaknā min qaryatin illā lahā munżirūn(a).
[208]
Lan kene seng ngancuraken paran paran sijine negoro sakliyane hang wes ono kanggo wong wong hnag nguweni peringatan.
ذِكْرٰىۚ وَمَا كُنَّا ظٰلِمِيْنَ٢٠٩
Żikrā, wa mā kunnā ẓālimīn(a).
[209]
Kanggo ndadekaken peringatan. Lan kene kabeh sepisan pisan heng ngelakni dolim.
وَمَا تَنَزَّلَتْ بِهِ الشَّيٰطِيْنُ٢١٠
Wa mā tanazzalat bihisy-syayāṭīn(u).
[210]
Lan Al-Qur’an iku heng digowo mudun ambi setan setan.
وَمَا يَنْۢبَغِيْ لَهُمْ وَمَا يَسْتَطِيْعُوْنَ ۗ٢١١
Wa mā yambagī lahum wa mā yastaṭī‘ūn(a).
[211]
Lan seng patut wong wong gowo mudun Al-Qur’ani ku lan wong wong iku seng arep kuoso.
اِنَّهُمْ عَنِ السَّمْعِ لَمَعْزُوْلُوْنَ ۗ٢١٢
Innahum ‘anis-sam‘i lama‘zūlūn(a).
[212]
Sakbenere wong wong bener bener didohaken ketimbang ngerungokaken Al-Qur’an iku.
فَلَا تَدْعُ مَعَ اللّٰهِ اِلٰهًا اٰخَرَ فَتَكُوْنَ مِنَ الْمُعَذَّبِيْنَ٢١٣
Falā tad‘u ma‘allāhi ilāhan ākhara fa takūna minal-mu‘ażżabīn(a).
[213]
Moko ojo siro ngongkon (nyembah) pangeran hang liyo sakliyane Alloh, hang nyebabaken siro melebu golongan wong wong hang di azab.
وَاَنْذِرْ عَشِيْرَتَكَ الْاَقْرَبِيْنَ ۙ٢١٤
Wa anżir ‘asyīratakal-aqrabīn(a).
[214]
Lan wenono peringatan neng kerabat kerabat iro hang parek.
وَاخْفِضْ جَنَاحَكَ لِمَنِ اتَّبَعَكَ مِنَ الْمُؤْمِنِيْنَ ۚ٢١٥
Wakhfiḍ janāḥaka limanittaba‘aka minal-mu'minīn(a).
[215]
Lan rendahno awak iri neng wong wong hang ngetutaken iro, yoiku wong wong hang iman.
فَاِنْ عَصَوْكَ فَقُلْ اِنِّيْ بَرِيْۤءٌ مِّمَّا تَعْمَلُوْنَ ۚ٢١٦
Fa in ‘aṣauka faqul innī barī'um mimmā ta‘malūn(a).
[216]
Kadung wong wong duroko neng siro moko omongono : “sakbener isun heng tanggung jawab neng paren hang siro lakoni.
وَتَوَكَّلْ عَلَى الْعَزِيْزِ الرَّحِيْمِ ۙ٢١٧
Wa tawakkal ‘alal-‘azīzir-raḥīm(i).
[217]
Lan tawakalo (Alloh) hang moho kios ugo moho welas.
الَّذِيْ يَرٰىكَ حِيْنَ تَقُوْمُ٢١٨
Allażī yarāka ḥīna taqūm(u).
[218]
Hang nulih siro wektu ssiro ngadek (kanggo sembayang)
وَتَقَلُّبَكَ فِى السّٰجِدِيْنَ٢١٩
Wa taqallubaka fis-sājidīn(a).
[219]
Lan (nulih pisan) perobaan obahe awak iro nneg antarane wong wong hang sujud.
اِنَّهٗ هُوَ السَّمِيْعُ الْعَلِيْمُ٢٢٠
Innahū huwas-samī‘ul-‘alīm(u).
[220]
Sebenere Alloh moho ngerungu ugo moho weruh.
هَلْ اُنَبِّئُكُمْ عَلٰى مَنْ تَنَزَّلُ الشَّيٰطِيْنُ ۗ٢٢١
Hal unabbi'ukum ‘alā man tanazzalusy-syayāṭīn(u).
[221]
Opo isun arepe nguweni weruh neng siro neng sopo setan setan iku mudun.
تَنَزَّلُ عَلٰى كُلِّ اَفَّاكٍ اَثِيْمٍ ۙ٢٢٢
Tanazzalu ‘alā kulli affākin aṡīm(in).
[222]
Setan setan mudun neng saben saben wong hang tukang ngapusi ugo hang akeh duso.
يُّلْقُوْنَ السَّمْعَ وَاَكْثَرُهُمْ كٰذِبُوْنَ ۗ٢٢٣
Yulqūnas-sam‘a wa akṡaruhum kāżibūn(a).
[223]
Wong wong ngedepaken kupinge (neng setan iku), lan akeh akehe wong wong iku wong hang tukang ngapusi.
وَالشُّعَرَاۤءُ يَتَّبِعُهُمُ الْغَاوٗنَ ۗ٢٢٤
Wasy-syu‘arā'u yattabi‘uhumul-gāwūn(a).
[224]
Lan poro penyair penyair iku dipiloni ambi wong wong hang podo sasar.
اَلَمْ تَرَ اَنَّهُمْ فِيْ كُلِّ وَادٍ يَّهِيْمُوْنَ ۙ٢٢٥
Alam tara annahum fī kulli wādiy yahīmūn(a).
[225]
Oseng tah siro podo nulih, saktemene para penyair iku podo ngubengi saben-saben jurang.
وَاَنَّهُمْ يَقُوْلُوْنَ مَا لَا يَفْعَلُوْنَ ۙ٢٢٦
Wa annahum yaqūlūna mā lā yaf‘alūn(a).
[226]
Lan Saktemene (para penyair) iku seneng ngomongaken paran baen hang seng tau dilakoni?
اِلَّا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَعَمِلُوا الصّٰلِحٰتِ وَذَكَرُوا اللّٰهَ كَثِيْرًا وَّانْتَصَرُوْا مِنْۢ بَعْدِ مَا ظُلِمُوْا ۗوَسَيَعْلَمُ الَّذِيْنَ ظَلَمُوْٓا اَيَّ مُنْقَلَبٍ يَّنْقَلِبُوْنَ ࣖ٢٢٧
Illal-lażīna āmanū wa ‘amiluṣ-ṣāliḥāti wa żakarullāha kaṡīraw wantaṣarū mim ba‘di mā ẓulimū, wa saya‘lamul-lażīna ẓalamū ayya munqalabiy yanqalibūn(a).
[227]
Kejobo wong wong (penyair penyair) hang iman lan ngelakoni amal sholeh lan ngakehi dzikir neng Alloh, lan podo oleh kemenangan sakmarek-e olehe didezolimi (ambi wong kafir). Lan wong wong hang dzolim iku mbesok arepe ngeweruhi wong-wong hang podo balik neng endi panggonane balik.