Surah Al-Furqan

Daftar Surah

بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
تَبٰرَكَ الَّذِيْ نَزَّلَ الْفُرْقَانَ عَلٰى عَبْدِهٖ لِيَكُوْنَ لِلْعٰلَمِيْنَ نَذِيْرًا ۙ١
Tabārakal-lażī nazzalal-furqāna ‘alā ‘abdihī liyakūna lil-‘ālamīna nażīrā(n).
[1] Maha suci Gusti Alloh kang wes mudunaken Al-Furqān (Al-Qur’an) nong kawulone, makne iyane dadi nguweni wedenan (pengenget) nong wong alam dunyo. 646
646) Maksude: jin lan menungso.

ۨالَّذِيْ لَهٗ مُلْكُ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِ وَلَمْ يَتَّخِذْ وَلَدًا وَّلَمْ يَكُنْ لَّهٗ شَرِيْكٌ فِى الْمُلْكِ وَخَلَقَ كُلَّ شَيْءٍ فَقَدَّرَهٗ تَقْدِيْرًا٢
Allażī lahū mulkus-samāwāti wal-arḍi wa lam yattakhiż waladaw wa lam yakul lahū syarīkun fil-mulki wa khalaqa kulla syai'in fa qaddarahū taqdīrā(n).
[2] kang duwine Iyane (Gusti Alloh) kerojoan langit lan bumi, lan iyane osing duwe anak lan osing duwe konco (sekuton) kanggo Iyane reng jero kuwosoane (iyane) lan Iyane wes gawe sekabehane barang, lan netepaken ukuran-ukurane sakrapi-rapine. 647
647) Maksude: sekabehane barang kang digawe Pengeran diweni kelenkapan-kelengkapane lan persiapane modoni nong nalurine, sifat-sifate lan fungsine dewek-dewek reng jero uripe.

وَاتَّخَذُوْا مِنْ دُوْنِهٖٓ اٰلِهَةً لَّا يَخْلُقُوْنَ شَيْـًٔا وَّهُمْ يُخْلَقُوْنَ وَلَا يَمْلِكُوْنَ لِاَنْفُسِهِمْ ضَرًّا وَّلَا نَفْعًا وَّلَا يَمْلِكُوْنَ مَوْتًا وَّلَا حَيٰوةً وَّلَا نُشُوْرًا٣
Wattakhażū min dūnihī ālihatal lā yakhluqūna syai'aw wa hum yukhlaqūna wa lā yamlikūna li'anfusihim ḍarraw wa lā naf‘aw wa lā yamlikūna mautaw wa lā ḥayātaw wa lā nusyūrā(n).
[3] Terus iyan-iyane jumput pengeran-pengeran teko sakliyane Iyane (Gusti Alloh) (kanggo disembah), kang pengeran-pengeran iku osing gawe paran baen, paran maning Iyan-iyane dewek digawe lan osing kuwoso enggo (nulak) siji bahaya lan osing (ugo enggo jumput) siji kang manfaat lan (ugo) osing kuwoso mateni, nguripi lan osing (ugo) nangekaken.

وَقَالَ الَّذِيْنَ كَفَرُوْٓا اِنْ هٰذَآ اِلَّآ اِفْكُ ِۨافْتَرٰىهُ وَاَعَانَهٗ عَلَيْهِ قَوْمٌ اٰخَرُوْنَۚ فَقَدْ جَاۤءُوْ ظُلْمًا وَّزُوْرًا ۚ٤
Wa qālal-lażīna kafarū in hāżā illā ifkuniftarāhu wa a‘ānahū ‘alaihi qaumun ākharūn(a), fa qad jā'ū ẓulmaw wa zūrā(n).
[4] Lan wong-wong kafir ngomong: “Al-Qur’an iki osing liyo mung gubaban kang diono-onokaken ambiMuhammad, lan iyane dibantu ambi kaum kang liyo” 648 ; kongko saktemene iyan-iyane uwes gawe siji kezoliman lan gubaban kang gedi
648) Kang dikarepaken teko iyane ambi “kaum kang liyo” iku yoiku wong-wong kang wes melebu Islam.

وَقَالُوْٓا اَسَاطِيْرُ الْاَوَّلِيْنَ اكْتَتَبَهَا فَهِيَ تُمْلٰى عَلَيْهِ بُكْرَةً وَّاَصِيْلًا٥
Wa qālū asāṭīrul-awwalīnaktatabahā fa hiya tumlā ‘alaihi bukrataw wa aṣīlā(n).
[5] Lan iyan-iyane ngomong: “dongengan-dongengane wong-wong bengene, dijaluk makne ditulisaken, mongko diwocokno dongengan iku nong iyane setiap esuk lan peteng.

قُلْ اَنْزَلَهُ الَّذِيْ يَعْلَمُ السِّرَّ فِى السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِۗ اِنَّهٗ كَانَ غَفُوْرًا رَّحِيْمًا٦
Qul anzalahul-lażī ya‘lamus-sirra fis-samāwāti wal-arḍ(i), innahū kāna gafūrar raḥīmā(n).
[6] Ngomongo: “Al-Qur’an iku dimudunaken teko (Gusti Alloh) kang ngeweruhi rahasiane reng langit lan reng bumi. Saktemene Iyane Maha nyepuro lan Maha Sayang.”

وَقَالُوْا مَالِ هٰذَا الرَّسُوْلِ يَأْكُلُ الطَّعَامَ وَيَمْشِيْ فِى الْاَسْوَاقِۗ لَوْلَآ اُنْزِلَ اِلَيْهِ مَلَكٌ فَيَكُوْنَ مَعَهٗ نَذِيْرًا ۙ٧
Wa qālū mā lihāżar-rasūli ya'kuluṭ-ṭa‘āma wa yamsyī fil-aswāq(i), lau lā unzila ‘alaihi malakun fa yakūna ma‘ahū nażīrā(n).
[7] lan iyan-iyane ngomong: “apuo rosul iki madang panganan lan melaku reng pasar-pasar? Apuo osing dimudunaken nong iyane malaikat makne malaikat iku nguweni wedenan bareng-bareng ambi iyane?”,

اَوْ يُلْقٰىٓ اِلَيْهِ كَنْزٌ اَوْ تَكُوْنُ لَهٗ جَنَّةٌ يَّأْكُلُ مِنْهَاۗ وَقَالَ الظّٰلِمُوْنَ اِنْ تَتَّبِعُوْنَ اِلَّا رَجُلًا مَّسْحُوْرًا٨
Au yulqā ilaihi kanzun au takūnu lahū jannatuy ya'kulu minhā, wa qālaẓ-ẓālimūna in tattabi‘ūna illā rajulam masḥūrā(n).
[8] utowo (apuo osing) dimudunaken nong iyane perbendaharaan, utowo (apuo osing) ono kebun kanggo iyane, kang iyane mangan teko (asile)?” lan wong-wong kang dzolim iku ngomong: “Siro kabehosing liyo mung milu wong lanang kang Isunng sihir?”

اُنْظُرْ كَيْفَ ضَرَبُوْا لَكَ الْاَمْثَالَ فَضَلُّوْا فَلَا يَسْتَطِيْعُوْنَ سَبِيْلًا ࣖ٩
Unẓur kaifa ḍarabū lakal-amṡāla fa ḍallū falā yastaṭī‘ūna sabīlā(n).
[9] dilengen (kang temenanan) kelendi iyan-iyane gawe bandingan-bandingan ngenengi siro, terus iyan-iyane sesat (kesasar), iyane osing sanggup (oleh) dalan (kanggo nentang kerosulane).

تَبٰرَكَ الَّذِيْٓ اِنْ شَاۤءَ جَعَلَ لَكَ خَيْرًا مِّنْ ذٰلِكَ جَنّٰتٍ تَجْرِيْ مِنْ تَحْتِهَا الْاَنْهٰرُۙ وَيَجْعَلْ لَّكَ قُصُوْرًا١٠
Tabārakal-lażī in syā'a ja‘ala laka khairam min żālika jannātin tajrī min taḥtihal-anhār(u), wa yaj‘al laka quṣūrā(n).
[10] Maha suci (Gusti Alloh) kang kadung Iyane karep, pasti didadekaken Iyane kanggo siro kang lebih apik teko kang gedigu. (yoiku) surgo-surgo kang mili banyu-banyune nong ngisore, lan didadekaken Iyane (ugo) enggo siro keraton-keraton. 649
649) Maksude: kadung Gusti Alloh ngarepaken pasti didadekaken Iyane kanggo Muhammad SAW surgo-surgo lan keraton-keraton koyo kang arep oleh nong akherate. Taping Gusti Alloh osing ngarepaken kang gedigu, makne menuso iku patuh lan iman nong Gusti Alloh dudu kerono dipengaruhi ambi bondo, kejobo didasaraken ambi bukti-bukti lan dalil-dalil kang nyoto.

بَلْ كَذَّبُوْا بِالسَّاعَةِۙ وَاَعْتَدْنَا لِمَنْ كَذَّبَ بِالسَّاعَةِ سَعِيْرًا١١
Bal każżabū bis-sā‘ah(ti), wa a‘tadnā liman każżaba bis-sā‘ati sa‘īrā(n).
[11] Paran maning iyan-iyane nggubabi dino kiamat. Lan isun nyediakaken neroko kang mumbal-mumbal kanggo sopo baen kang nggubabi dino kiamat.

اِذَا رَاَتْهُمْ مِّنْ مَّكَانٍۢ بَعِيْدٍ سَمِعُوْا لَهَا تَغَيُّظًا وَّزَفِيْرًا١٢
Iżā ra'athum mim makānim ba‘īdin sami‘ū lahā tagayyuẓaw wa zafīrā(n).
[12] Kadung neroko iku weruh 650 iyan-iyane teko panggonan kang adoh, iyan-iyane rungu nggereme lan suworo jenggonge.
650) Zahir ayat iki nunjukaken kadung neroko iku biso ndileng, lan iki mungkin kedadian ambi kuwosone Gusti Alloh. Utowo ayat iki nggambaraken kelendi gedine lan sereme neroko iku makne saben wong iku biso nggambaraken.

وَاِذَآ اُلْقُوْا مِنْهَا مَكَانًا ضَيِّقًا مُّقَرَّنِيْنَ دَعَوْا هُنَالِكَ ثُبُوْرًا ۗ١٣
Wa iżā ulqū minhā makānan ḍayyiqam muqarranīna da‘au hunālika ṡubūrā(n).
[13] Lan kadung iyane diuncalaken nong panggonan kang ciut reng neroko iku ambi ditingkes, iyane reng kono ngarepaken matine. 651
651) Maksude: iyan-iyane ngarepaken matine, makne ucul teko sekso kang seru gedine, yoiku sekso reng neroko kang seru panase ambi (awake) ditingkes, reng panggonan kang ciut maning, kang koyo digambaraken iku.

لَا تَدْعُوا الْيَوْمَ ثُبُوْرًا وَّاحِدًا وَّادْعُوْا ثُبُوْرًا كَثِيْرًا١٤
Lā tad‘ul-yauma ṡubūraw wāḥidaw wad‘ū ṡubūran kaṡīrā(n).
[14] (Arep diomongaken nong iyan-iyane): “ojo siro kabeh ngarepaken siji kepaten taping ngarepeno kepaten kang akeh. 652
652) Kekarepane iyane makne dipateni sepisan baen osing dikabulaken Gusti Alloh; taping iyane arep ngerasakaken sekso kang lebih gedi selawas-lawase.

قُلْ اَذٰلِكَ خَيْرٌ اَمْ جَنَّةُ الْخُلْدِ الَّتِيْ وُعِدَ الْمُتَّقُوْنَۗ كَانَتْ لَهُمْ جَزَاۤءً وَّمَصِيْرًا١٥
Qul ażālika khairun am jannatul-khuldil-latī wu‘idal-muttaqūn(a), kānat lahum jazā'aw wa maṣīrā(n).
[15] Ngomongo: “opo (sekso) gedigu iku kang apik, utowo surgo kang kekal kang wes dijanjekaken nong wong-wong kang takwa?” iku dadi balesan lan panggonan balik kanggo iyan-iyane?”

لَهُمْ فِيْهَا مَا يَشَاۤءُوْنَ خٰلِدِيْنَۗ كَانَ عَلٰى رَبِّكَ وَعْدًا مَّسْـُٔوْلًا١٦
Lahum fīhā mā yasyā'ūna khālidīn(a), kāna ‘alā rabbika wa‘dam mas'ūlā(n).
[16] kanggo iyan-iyane reng jero surgo iku paran kang iyan-iyane karepi, sedeng iyan-iyane kekal (reng jerone). (perihal iku) janji teko pengeraniro kang pantes dijalukaken (nong Iyane).

وَيَوْمَ يَحْشُرُهُمْ وَمَا يَعْبُدُوْنَ مِنْ دُوْنِ اللّٰهِ فَيَقُوْلُ ءَاَنْتُمْ اَضْلَلْتُمْ عِبَادِيْ هٰٓؤُلَاۤءِ اَمْ هُمْ ضَلُّوا السَّبِيْلَ ۗ١٧
Wa yauma yaḥsyuruhum wa mā ya‘budūna min dūnillāhi fa yaqūlu a'antum aḍlaltum ‘ibādī hā'ulā'i am hum ḍallus-sabīl(a).
[17] Lan (engeto’) nong sewijine dino (waktu) Gusti Alloh ngumpulaken iyane ambi paran baen kang iyane sembah sakliyane Gusti Alloh, terus Gusti Alloh ngomong (nong kang disembah): “Opo siro kang nyesataken kawulo-kawulo isun iku, utowo iyane dewek kang kesasar teko dalan (kang bener)?”

قَالُوْا سُبْحٰنَكَ مَا كَانَ يَنْۢبَغِيْ لَنَآ اَنْ نَّتَّخِذَ مِنْ دُوْنِكَ مِنْ اَوْلِيَاۤءَ وَلٰكِنْ مَّتَّعْتَهُمْ وَاٰبَاۤءَهُمْ حَتّٰى نَسُوا الذِّكْرَۚ وَكَانُوْا قَوْمًاۢ بُوْرًا١٨
Qālū subḥānaka mā kāna yambagī lanā an nattakhiża min dūnika min auliyā'a wa lākim matta‘tahum wa ābā'ahum ḥattā nasuż-żikr(a), wa kānū qaumam būrā(n).
[18] Iyane (kang disembah iku semaur): “Maha suci riko, osing pantes kanggo isun kabeh njumput sakliyane riko (enggo dadi pelindung, 653 taping riko wes nguweni iyan-iyane lan bapak-bapake iyane kenikmatan urip, sampek iyane lali ngengeti (riko); lan iyane kabeh kaum kang rusak/ancur.”
653) Maksude: sakmarine iyan-iyane dikumpulaken bareng-bareng ambi paran baen kang disembah, yoiku: malaikat, Uzair, nabi Isa a.s lan berholo-berholo lan sakmarine pengeran nakokaken nong kang disembah iku, opo iyane kang nyesataken wong-wong iku utowo wong-wong iku kang sesat dewek, mongko kang disembah iku semaur, temenan osing pantes kanggo iyane nyembah sakliyane Gusti Alloh.

فَقَدْ كَذَّبُوْكُمْ بِمَا تَقُوْلُوْنَۙ فَمَا تَسْتَطِيْعُوْنَ صَرْفًا وَّلَا نَصْرًاۚ وَمَنْ يَّظْلِمْ مِّنْكُمْ نُذِقْهُ عَذَابًا كَبِيْرًا١٩
Faqad każżabūkum bimā taqūlūn(a), famā tastaṭī‘ūna ṣarfaw wa lā naṣrā(n), wa may yaẓlim minkum nużiqhu ‘ażāban kabīrā(n).
[19] Mongko saktemene iyane (kang disembah iku) wes nggubabi siro ngenengi paran baen kang siro omongaken, mongko siro osing arep biso nulak (sekso) lan osing (ugo) nolong (awakiro), lan sopo baen reng antarane siro kang gawe dzolim, pasti Isun ngerasakno nong iyane sekso kang gedi.

وَمَآ اَرْسَلْنَا قَبْلَكَ مِنَ الْمُرْسَلِيْنَ اِلَّآ اِنَّهُمْ لَيَأْكُلُوْنَ الطَّعَامَ وَيَمْشُوْنَ فِى الْاَسْوَاقِۗ وَجَعَلْنَا بَعْضَكُمْ لِبَعْضٍ فِتْنَةً ۗ اَتَصْبِرُوْنَۚ وَكَانَ رَبُّكَ بَصِيْرًا ࣖ ۔٢٠
Wa mā arsalnā qablaka minal-mursalīna illā innahum laya'kulūnaṭ-ṭa‘āma wa yamsyūna fil aswāq(i), wa ja‘alnā ba‘ḍakum liba‘ḍin fitnah(tan), ataṣbirūn(a), wa kāna rabbuka baṣīrā(n).
[20] Lan Isun osing ngutus eosul-rosul sedurunge siro, kejobo iyane temenan mangan panganan lan melaku reng pasar-pasar. Lan Isun dadekaken sebagiane siro cubankanggo sebagiane kang liyo. Gelem tah siro sabar?; lan pengeraniro Maha weruh.

۞ وَقَالَ الَّذِيْنَ لَا يَرْجُوْنَ لِقَاۤءَنَا لَوْلَآ اُنْزِلَ عَلَيْنَا الْمَلٰۤىِٕكَةُ اَوْ نَرٰى رَبَّنَا ۗ لَقَدِ اسْتَكْبَرُوْا فِيْٓ اَنْفُسِهِمْ وَعَتَوْ عُتُوًّا كَبِيْرًا٢١
Wa qālal-lażīna lā yarjūna liqā'anā lau lā unzila ‘alainal-malā'ikata au narā rabbanā, laqadistakbarū fī anfusihim wa ‘atau ‘utuwwan kabīrā(n).
[21] Ngomongo tah wong-wong hang sing nganten-nganteni ketemu (ne) ambi Isun (Alloh): “Apuwo tah using didhunnaken nang Isun iki Malaikat utowo (apuwo) Isun iki (using) ndheleng Pengerane Isun?” Setuhune iyane kabeh mandeng gedhi awake dhewek lan iyane kabeh mulo wes keliwat wates (ing ngelakoni) dzolime.

يَوْمَ يَرَوْنَ الْمَلٰۤىِٕكَةَ لَا بُشْرٰى يَوْمَىِٕذٍ لِّلْمُجْرِمِيْنَ وَيَقُوْلُوْنَ حِجْرًا مَّحْجُوْرًا٢٢
Yauma yaraunal-malā'ikata lā busyrā yauma'iżil lil-mujrimīna wa yaqūlūna ḥijram maḥjūrā(n).
[22] Nang dino iyane kabeh dheleng Malaikat, ring dino iku sing ono woro seneng kanggone wong-wong hang duso lan iyane kabeh ngomong: “Hijraan mahjuuraa”.

وَقَدِمْنَآ اِلٰى مَا عَمِلُوْا مِنْ عَمَلٍ فَجَعَلْنٰهُ هَبَاۤءً مَّنْثُوْرًا٢٣
Wa qadimnā ilā mā ‘amilū min ‘amalin fa ja‘alnāhu habā'am manṡūrā(n).
[23] Lan Isun (Alloh) ngadepaken apa baen hang iyane kabeh lakoni, ugo Isun dadhekno amal iku (koyo tah) lebu hang miber.

اَصْحٰبُ الْجَنَّةِ يَوْمَىِٕذٍ خَيْرٌ مُّسْتَقَرًّا وَّاَحْسَنُ مَقِيْلًا٢٤
Aṣḥābul-jannati yauma'iżin khairum mustaqarraw wa aḥsanu maqīlā(n).
[24] Lan hang duweni panggon surgo nang dino iku seru apike panggonan lan seru endahe panggonan ngepose.

وَيَوْمَ تَشَقَّقُ السَّمَاۤءُ بِالْغَمَامِ وَنُزِّلَ الْمَلٰۤىِٕكَةُ تَنْزِيْلًا٢٥
Wa yauma tasyaqqaqus-samā'u bil-gamāmi wa nuzzilal-malā'ikatu tanzīlā(n).
[25] Lan (engeto tah) dino (wektu) langit pecah dadi loro ngetokaken kabut putih lan didhunnaken poro Malaikat kelawan gegantenan.

اَلْمُلْكُ يَوْمَىِٕذِ ِۨالْحَقُّ لِلرَّحْمٰنِۗ وَكَانَ يَوْمًا عَلَى الْكٰفِرِيْنَ عَسِيْرًا٢٦
Al-mulku yauma'iżinil-ḥaqqu lir-raḥmān(i), wa kāna yauman ‘alal-kāfirīna ‘asīrā(n).
[26] Keraton (Rojone) nang dino iku hang paling hak duwene Pengeran Hang Moho Murah. Lan iku dadi dino hang kebek angele kanggone wong-wong kafir.

وَيَوْمَ يَعَضُّ الظَّالِمُ عَلٰى يَدَيْهِ يَقُوْلُ يٰلَيْتَنِى اتَّخَذْتُ مَعَ الرَّسُوْلِ سَبِيْلًا٢٧
Wa yauma ya‘aḍḍuẓ-ẓālimu ‘alā yadaihi yaqūlu yā laitanittakhażtu ma‘ar-rasūli sabīlā(n).
[27] Lan (engeto) dino (wektu iku) wong hang zalim nyokot tangan lorone, ambi ngomong: Daneo kirane (bengen) hun juwut dalan bareng-bareng Rasul.”

يٰوَيْلَتٰى لَيْتَنِيْ لَمْ اَتَّخِذْ فُلَانًا خَلِيْلًا٢٨
Yā wailatā laitanī lam attakhiż fulānan khalīlā(n).
[28] Mandeneo ciloko, ciloko gedhitah isun ; kirone isun (bengen) using dadhekaken sifulan iku konco kerep (hun).

لَقَدْ اَضَلَّنِيْ عَنِ الذِّكْرِ بَعْدَ اِذْ جَاۤءَنِيْۗ وَكَانَ الشَّيْطٰنُ لِلْاِنْسَانِ خَذُوْلًا٢٩
Laqad aḍallanī ‘aniż-żikri ba‘da iż jā'anī, wa kānasy-syaiṭānu lil-insāni khażūlā(n).
[29] Setuhune iyane wes nyasarno isun teko Al-Qur’an wektu Al-Qur’an iku wes teko nang isun. Lan onotah setan iku ngino nang menungso.

وَقَالَ الرَّسُوْلُ يٰرَبِّ اِنَّ قَوْمِى اتَّخَذُوْا هٰذَا الْقُرْاٰنَ مَهْجُوْرًا٣٠
Wa qālar-rasūlu yā rabbi inna qaumittakhażū hāżal-qur'āna mahjūrā(n).
[30] Lan ngomong Rasul: Duh Pengeran hun, setuhune kaum hun dadhekno Al-Qur’an iki suwiji hang hing direken (ditinggalno)”.

وَكَذٰلِكَ جَعَلْنَا لِكُلِّ نَبِيٍّ عَدُوًّا مِّنَ الْمُجْرِمِيْنَۗ وَكَفٰى بِرَبِّكَ هَادِيًا وَّنَصِيْرًا٣١
Wa każālika ja‘alnā likulli nabiyyin ‘aduwwam minal-mujrimīn(a), wa kafā birabbika hādiyaw wa naṣīrā(n).
[31] Lan koyo dene ikulah, wes Isun (Alloh) anakno ing saben-saben nabi, musuh teko wong-wong hang duso. Lan cukup Pengeran iyane kang nguweni Pituduh lan Pitulung.

وَقَالَ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا لَوْلَا نُزِّلَ عَلَيْهِ الْقُرْاٰنُ جُمْلَةً وَّاحِدَةً ۛ كَذٰلِكَ ۛ لِنُثَبِّتَ بِهٖ فُؤَادَكَ وَرَتَّلْنٰهُ تَرْتِيْلًا٣٢
Wa qālal-lażīna kafarū lau lā nuzzila ‘alaihil-qur'ānu jumlataw wāḥidatan - każālika - linuṡabbita bihī fu'ādaka wa rattalnāhu tartīlā(n).
[32] Lan ngomong wong-wong hang kafir: Apuwo Al-Qur’an iku using didhunnaken nang iyane (Muhammad) sepisanan baen ?”; gedigi iku makne Isun nguatno ati iyane (Muhammad) kelawan yane ( Al-Qur’an) lan Isun mocokaken kelawan tartil (runtut lan bener).

وَلَا يَأْتُوْنَكَ بِمَثَلٍ اِلَّا جِئْنٰكَ بِالْحَقِّ وَاَحْسَنَ تَفْسِيْرًا ۗ٣٣
Wa lā ya'tūnaka bimaṡalin illā ji'nāka bil-ḥaqqi wa aḥsana tafsīrā(n).
[33] Lan using teko (wong-wong kafir) nang iyane ambi(nggowo) suwiji hang ganjil, ngelainaken Isun tekakno nang iyane suwiji hang bener lan hang seru apik keterangane.

اَلَّذِيْنَ يُحْشَرُوْنَ عَلٰى وُجُوْهِهِمْ اِلٰى جَهَنَّمَۙ اُولٰۤىِٕكَ شَرٌّ مَّكَانًا وَّاَضَلُّ سَبِيْلًا ࣖ٣٤
Allażīna yuḥsyarūna ‘alā wujūhihim ilā jahannam(a), ulā'ika syarrum makānaw wa aḍallu sabīlā(n).
[34] Wong-wong hang diklumpukno nang neroko Jahannam ambi ngered rai-rai iyane kabeh, iyane kabeh ikulah wong hang seru elek panggone lan seru sasar dalane.

وَلَقَدْ اٰتَيْنَا مُوْسَى الْكِتٰبَ وَجَعَلْنَا مَعَهٗٓ اَخَاهُ هٰرُوْنَ وَزِيْرًا ۚ٣٥
Wa laqad ātainā mūsal-kitāba wa ja‘alnā ma‘ahū akhāhu hārūna wazīrā(n).
[35] Lan temenan Isun wes nguweni Al-Kitab (Taurot) nang Musa lan Isun wes dadhekno Harun dulure, miloni iyane koyo dene wazir (dayun).

فَقُلْنَا اذْهَبَآ اِلَى الْقَوْمِ الَّذِيْنَ كَذَّبُوْا بِاٰيٰتِنَاۗ فَدَمَّرْنٰهُمْ تَدْمِيْرًا ۗ٣٦
Fa qulnażhabā ilal-qaumil-lażīna każżabū bi'āyātinā, fa dammarnāhum tadmīrā(n).
[36] Sak piturute Isun (Alloh) ngomong: “Menyango iyane keloron nang kaum hang nantang nang ayat-ayat Isun (Alloh)”. Moko Isun ( Alloh ) ancurno iyane kabeh sak ancur-ancure.

وَقَوْمَ نُوْحٍ لَّمَّا كَذَّبُوا الرُّسُلَ اَغْرَقْنٰهُمْ وَجَعَلْنٰهُمْ لِلنَّاسِ اٰيَةًۗ وَاَعْتَدْنَا لِلظّٰلِمِيْنَ عَذَابًا اَلِيْمًا ۚ٣٧
Wa qauma nūḥil lammā każżabur-rusula agraqnāhum wa ja‘alnāhum lin-nāsi āyah(tan), wa a‘tadnā liẓ-ẓālimīna ‘ażāban alīmā(n).
[37] Lan (wes Isun musnahno) kaum Nuh rikolo iyane kabeh ndurukoni rasul-rasul, Isun(Alloh) delepaken iyane kabeh lan Isun dadhekno (cerito) iyane kabeh iku pelajaran anggone menungso. Lan Isun wes nyajekno anggone wong-wong zalim azab hang keliwat perih.

وَعَادًا وَّثَمُوْدَا۟ وَاَصْحٰبَ الرَّسِّ وَقُرُوْنًاۢ بَيْنَ ذٰلِكَ كَثِيْرًا٣٨
Wa ‘ādaw wa ṡamūda wa aṣḥābar-rassi wa qurūnam baina żālika kaṡīrā(n).
[38] Lan (wes Isun musnahno) kaum ‘Aad lan Tsamud lan wong-wong Ross lan akeh (maning) kaum ing antorone kaum-kaum kesebut.

وَكُلًّا ضَرَبْنَا لَهُ الْاَمْثَالَۖ وَكُلًّا تَبَّرْنَا تَتْبِيْرًا٣٩
Wa kullan ḍarabnā lahul-amṡāl(a), wa kullan tabbarnā tatbīrā(n).
[39] Lan saben-saben kaum hang wes dadhekno Isun (Alloh) tulodho, lan saben-saben kaum hang wus Isun ancurno sak ancur-ancure.

وَلَقَدْ اَتَوْا عَلَى الْقَرْيَةِ الَّتِيْٓ اُمْطِرَتْ مَطَرَ السَّوْءِۗ اَفَلَمْ يَكُوْنُوْا يَرَوْنَهَاۚ بَلْ كَانُوْا لَا يَرْجُوْنَ نُشُوْرًا٤٠
Wa laqad atau ‘alal-qaryatil-latī umṭirat maṭaras-sau'(i), afalam yakūnū yaraunahā, bal kānū lā yarjūna nusyūrā(n).
[40] Lan temenan iyane kabeh (kaum musyrik Mekkah) wes ngidek negeri (Sadum) hang (bengen) diudani ambi udan hang sak elek-elek e (udan watu). Moko apuwo iyane kabeh using nyakseni gerontolan iku; malahan iyane kabeh iku using ngarepaken onone dino dikumpulno (iyane kabeh nang Alloh).

وَاِذَا رَاَوْكَ اِنْ يَّتَّخِذُوْنَكَ اِلَّا هُزُوًاۗ اَهٰذَا الَّذِيْ بَعَثَ اللّٰهُ رَسُوْلًا٤١
Wa iżā ra'auka iy yattakhiżūnaka illā huzuwā(n), ahāżal-lażī ba‘aṡallāhu rasūlā(n).
[41] Lan iyanelo iyane kabeh (wong kafir Mekkah) dheleng iyane (Muhammad), iyane kabeh mung arep dadhekno iyane wadanan elek (ngenyek): “Ikitah uwonge hang dikonkon Alloh dadi Rasul?

اِنْ كَادَ لَيُضِلُّنَا عَنْ اٰلِهَتِنَا لَوْلَآ اَنْ صَبَرْنَا عَلَيْهَاۗ وَسَوْفَ يَعْلَمُوْنَ حِيْنَ يَرَوْنَ الْعَذَابَ مَنْ اَضَلُّ سَبِيْلًا٤٢
In kāda layuḍillunā ‘an ālihatinā lau lā an ṣabarnā ‘alaihā, wa saufa ya‘lamūna ḥīna yaraunal-‘ażāba man aḍallu sabīlā(n).
[42] Setuhune iyane ( Muhammad ) meh nyasarno kito teko sesembahane kito, munggone kito using sabar tetep nang sesembahan kito” Lan iyane kabeh engko arep weruh rikolo iyane kabeh podho dheleng azab, mongko sopo hang seru sasar dalane.

اَرَءَيْتَ مَنِ اتَّخَذَ اِلٰهَهٗ هَوٰىهُۗ اَفَاَنْتَ تَكُوْنُ عَلَيْهِ وَكِيْلًا ۙ٤٣
Ara'aita manittakhaża ilāhahū hawāh(u), afa anta takūnu ‘alaihi wakīlā(n).
[43] Sing weruhtah riko (Muhammad) nang wong hang dadhekaken howo nafsune dadi pengerane. Moko opotah riko arep dadi wong kang ngerumati iyane?

اَمْ تَحْسَبُ اَنَّ اَكْثَرَهُمْ يَسْمَعُوْنَ اَوْ يَعْقِلُوْنَۗ اِنْ هُمْ اِلَّا كَالْاَنْعَامِ بَلْ هُمْ اَضَلُّ سَبِيْلًا ࣖ٤٤
Am taḥsabu anna akṡarahum yasma‘ūna au ya‘qilūn(a), in hum illā kal-an‘āmi bal hum aḍallu sabīlā(n).
[44] Utowo opotah riko (Muhammad) ngiro gok akeh-akehe iyane (wong kafir Mekkah) iku ngerungokno utowo ngerteni. Iyane kabeh iku sing liyo,mung koyo dhene kewan rawatan, malah iyane kabeh iku seru sasar-dalane (teko kewan rawatan )

اَلَمْ تَرَ اِلٰى رَبِّكَ كَيْفَ مَدَّ الظِّلَّۚ وَلَوْ شَاۤءَ لَجَعَلَهٗ سَاكِنًاۚ ثُمَّ جَعَلْنَا الشَّمْسَ عَلَيْهِ دَلِيْلًا ۙ٤٥
Alam tara ilā rabbika kaifa maddaẓ-ẓill(a), wa lau syā'a laja‘alahū sākinā(n), ṡumma ja‘alnasy-syamsa ‘alaihi dalīlā(n).
[45] Opotah siro using gyatekaken (gawenane) Pengeran riro, kelendi dhowokno (lan nyendekno) ayang-ayang; lan lamuno (Pengeran riko) ngarepno mestine dadhekaken nang ayang-ayang iku tetep (meneng), sak piturute Isun (Alloh) dadhekno serngenge dadi pituduh ing ayang-ayang iku.

ثُمَّ قَبَضْنٰهُ اِلَيْنَا قَبْضًا يَّسِيْرًا٤٦
Ṡumma qabaḍnā ilainā qabḍay yasīrā(n).
[46] Sak piturute Isun (Alloh) nganyeng ayang-ayang iku nang Isun ambi anyengan hang edeng-edeng.

وَهُوَ الَّذِيْ جَعَلَ لَكُمُ الَّيْلَ لِبَاسًا وَّالنَّوْمَ سُبَاتًا وَّجَعَلَ النَّهَارَ نُشُوْرًا٤٧
Wa huwal-lażī ja‘ala lakumul-laila libāsaw wan-nauma subātaw wa ja‘alan-nahāra nusyūrā(n).
[47] Lan Iyane (Alloh) hang dadhekaken kanggo siro kabeh bengi (dadi) klambi, lan turu kanggo ngepos, lan Iyane ugo dadhekaken raino kanggo tangi tandang gawe.

وَهُوَ الَّذِيْٓ اَرْسَلَ الرِّيَاحَ بُشْرًاۢ بَيْنَ يَدَيْ رَحْمَتِهٖۚ وَاَنْزَلْنَا مِنَ السَّمَاۤءِ مَاۤءً طَهُوْرًا ۙ٤٨
Wa huwal-lażī arsalar-riyāḥa busyram baina yadai raḥmatih(ī), wa anzalnā minas-samā'i mā'an ṭahūrā(n).
[48] Lan Iyane (Alloh) hang nyemprongaken angin ambi nggowo kabar seneng parek sedurunge tekane (udan) rahmate Alloh; lan Isun dhunnaken teko langit banyu hang rijig/suci.

لِّنُحْيِ َۧ بِهٖ بَلْدَةً مَّيْتًا وَّنُسْقِيَهٗ مِمَّا خَلَقْنَآ اَنْعَامًا وَّاَنَاسِيَّ كَثِيْرًا٤٩
Linuḥyiya bihī baldatam maitaw wa nusqiyahū mimmā khalaqnā an‘āmaw wa anāsiyya kaṡīrā(n).
[49] Makne Isun (Alloh) nguripaken ambi banyu iku negeri (lemah) hang mati, lan makne Isun nguweni ngombe ambi banyu iku paran baen hang wes Isun gawe, teko kewan-kewan rawatan lan menungso hang akeh.

وَلَقَدْ صَرَّفْنٰهُ بَيْنَهُمْ لِيَذَّكَّرُوْاۖ فَاَبٰىٓ اَكْثَرُ النَّاسِ اِلَّا كُفُوْرًا٥٠
Wa laqad ṣarrafnāhu bainahum liyażżakkarū, fa abā akṡarun-nāsi illā kufūrā(n).
[50] Lan setuhune Isun wes giliraken udan iku nang antarane menungso makne yane kabeh juwut pelajaran; moko hing gelem nerimo akeh-akehe menungso, kejobo mung nyulayani.

وَلَوْ شِئْنَا لَبَعَثْنَا فِيْ كُلِّ قَرْيَةٍ نَّذِيْرًا ۖ٥١
Wa lau syi'nā laba‘aṡnā fī kulli qaryatin nażīrā(n).
[51] Lan lamuno Isun ngarepaken moko temenan Isun ngongkon nang saben-saben negeri wong hang ngengetno (rasul)

فَلَا تُطِعِ الْكٰفِرِيْنَ وَجَاهِدْهُمْ بِهٖ جِهَادًا كَبِيْرًا٥٢
Falā tuṭi‘il-kāfirīna wa jāhidhum bihī jihādan kabīrā(n).
[52] Moko ojotah riko miloni wong-wong kafir, lan jihato tah siro kabeh nang iyane kabeh (wong kafir ) nganggo Al-Qur’an ambi jihat hang gedhi.

۞ وَهُوَ الَّذِيْ مَرَجَ الْبَحْرَيْنِ هٰذَا عَذْبٌ فُرَاتٌ وَّهٰذَا مِلْحٌ اُجَاجٌۚ وَجَعَلَ بَيْنَهُمَا بَرْزَخًا وَّحِجْرًا مَّحْجُوْرًا٥٣
Wa huwal-lażī marajal-baḥraini hāżā ‘ażbun furātuw wa hāżā milḥun ujāj(un), wa ja‘ala bainahumā barzakhaw wa ḥijram maḥjūrā(n).
[53] Lan Iyane (Alloh) hang geningaken ring laut mili (gegandengan); hang iki towo maning seger lan hang liyane asin maning pait; lan Iyane (Alloh) hang dadhekaken nang antoro keloronan tembok lan wates hang ngalangi.

وَهُوَ الَّذِيْ خَلَقَ مِنَ الْمَاۤءِ بَشَرًا فَجَعَلَهٗ نَسَبًا وَّصِهْرًاۗ وَكَانَ رَبُّكَ قَدِيْرًا٥٤
Wa huwal-lażī khalaqa minal-mā'i basyaran fa ja‘alahū nasabaw wa ṣihrā(n), wa kāna rabbuka qadīrā(n).
[54] Lan Iyane (Alloh ) hang gawe menungso teko banyu, ugo Iyane dadhekno menungso iku (duwe) turunan lan mertuwo. Lan onone Pengeran siro iku Moho Kuoso..

وَيَعْبُدُوْنَ مِنْ دُوْنِ اللّٰهِ مَا لَا يَنْفَعُهُمْ وَلَا يَضُرُّهُمْۗ وَكَانَ الْكَافِرُ عَلٰى رَبِّهٖ ظَهِيْرًا٥٥
Wa ya‘budūna min dūnillāhi mā lā yanfa‘uhum wa lā yaḍurruhum, wa kānal-kāfiru ‘alā rabbihī ẓahīrā(n).
[55] Lan iyane kabeh nyembah nang liyane Alloh, yaiku paran hang using nguweni manfa’at nang iyane kabeh lan using biso nguweni mudharat nang iyane kabeh. Lan onone wong-wong kafir iku podo nulungi (syaitan kanggo ngalakoni duroko) nang Pengerane.

وَمَآ اَرْسَلْنٰكَ اِلَّا مُبَشِّرًا وَّنَذِيْرًا٥٦
Wa mā arsalnāka illā mubasysyiraw wa nażīrā(n).
[56] Lan using ngongkon Isun (Alloh) nang riko (Muhammad) kejobo mung gowokno kabar seneng lan nguweni pengenget.

قُلْ مَآ اَسْـَٔلُكُمْ عَلَيْهِ مِنْ اَجْرٍ اِلَّا مَنْ شَاۤءَ اَنْ يَّتَّخِذَ اِلٰى رَبِّهٖ سَبِيْلًا٥٧
Qul mā as'alukum ‘alaihi min ajrin illā man syā'a ay yattakhiża ilā rabbihī sabīlā(n).
[57] Ngomongotah (siro Muhammad): “Isun using jaluk opah masio sithik nang siro kabeh ing nyampekno risalah iku, kejobone (mung ngarepno supoyo) wong-wong podo gelem juwut dalan nang Pengerane.

وَتَوَكَّلْ عَلَى الْحَيِّ الَّذِيْ لَا يَمُوْتُ وَسَبِّحْ بِحَمْدِهٖۗ وَكَفٰى بِهٖ بِذُنُوْبِ عِبَادِهٖ خَبِيْرًا ۚ٥٨
Wa tawakkal ‘alal-ḥayyil-lażī lā yamūtu wa sabbiḥ biḥamdih(ī), wa kafā bihī biżunūbi ‘ibādihī khabīrā(n).
[58] Lan tawakkalo (siro Muhammad) nang Alloh Hang Urip (Pancen) Hang using mati, lan moco tasbiho riko ambi mujio nang Iyane (Alloh), lan cukup Iyane Moho Ngweruhi duso-duso kawulone.

اَلَّذِيْ خَلَقَ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضَ وَمَا بَيْنَهُمَا فِيْ سِتَّةِ اَيَّامٍ ثُمَّ اسْتَوٰى عَلَى الْعَرْشِۚ اَلرَّحْمٰنُ فَسْـَٔلْ بِهٖ خَبِيْرًا٥٩
Allażī khalaqas-samāwāti wal-arḍa wa mā bainahumā fī sittati ayyāmin ṡummastawā ‘alal-‘arsy(i), ar-raḥmānu fas'al bihī khabīrā(n).
[59] Iyane (Alloh) hang gawe langit lan bumi lan paran baen hang ono antarane kelorone ing jerone enem dino, sak piturute Iyane manggoni ring duwur Arsy, Iyane Hang Moho Murah, moko takoknotah (juntrunge Alloh) nang wong hang akeh ngweruhi (Muhammad).

وَاِذَا قِيْلَ لَهُمُ اسْجُدُوْا لِلرَّحْمٰنِ قَالُوْا وَمَا الرَّحْمٰنُ اَنَسْجُدُ لِمَا تَأْمُرُنَا وَزَادَهُمْ نُفُوْرًا ۩ ࣖ٦٠
Wa iżā qīla lahumusjudū lir-raḥmāni qālū wa mar-raḥmānu anasjudu limā ta'murunā wa zādahum nufūrā(n).
[60] Lan naliko diomongaken nang iyane kabeh (Kafir Mekkah) : “Sujudo riko kabeh nang Hang Moho Nyayangi”, iyane kabeh jawab: “Sopotah Hang Moho nyayangi iku? Opotah kito arep sujud nang Pengeran hang riko konkon kito (sujud nang Iyane)?”, lan (dikonkon sujud iku) nambahi iyane kabeh adoh (teko iman).

تَبٰرَكَ الَّذِيْ جَعَلَ فِى السَّمَاۤءِ بُرُوْجًا وَّجَعَلَ فِيْهَا سِرٰجًا وَّقَمَرًا مُّنِيْرًا٦١
Tabārakal-lażī ja‘ala fis-samā'i burūjaw wa ja‘ala fīhā sirājaw wa qamaram munīrā(n).
[61] Moho Suci (Alloh) hang dadhekaken ring langit gugusan-gugusan lintang lan hang dadhekaken ring langit sewiji hang mencorong (serngenge) lan ulan hang madangi.

وَهُوَ الَّذِيْ جَعَلَ الَّيْلَ وَالنَّهَارَ خِلْفَةً لِّمَنْ اَرَادَ اَنْ يَّذَّكَّرَ اَوْ اَرَادَ شُكُوْرًا٦٢
Wa huwal-lażī ja‘alal-laila wan-nahāra khilfatal liman arāda ay yażżakkara au arāda syukūrā(n).
[62] Lan Iyane (pisan) hang dadhekaken bengi lan raino gantenan (supoyo dadi pepenget) anggone wong hang karep juwut pelajaran utowo wong hang karep nyukuri.

وَعِبَادُ الرَّحْمٰنِ الَّذِيْنَ يَمْشُوْنَ عَلَى الْاَرْضِ هَوْنًا وَّاِذَا خَاطَبَهُمُ الْجٰهِلُوْنَ قَالُوْا سَلٰمًا٦٣
Wa ‘ibādur-raḥmānil-lażīna yamsyūna ‘alal-arḍi haunaw wa iżā khāṭabahumul-jāhilūna qālū salāmā(n).
[63] Lan poro kawulane Pengeran Hang Moho Nyayangi iku (yoiku) wong-wong hang mlaku ring dhuwure bumi ambi andap asor, lan rikolo ono wong-wong jahil nyoponi (niat ngenyek) nang iyane, iyane kabeh podo njawab ngganggo omongan hang apik (keselametan ).

وَالَّذِيْنَ يَبِيْتُوْنَ لِرَبِّهِمْ سُجَّدًا وَّقِيَامًا٦٤
Wal-lażīna yabītūna lirabbihim sujjadaw wa qiyāmā(n).
[64] Lan wong hang ngentekaken wengi ibadah nang Pengeran iyane ambi sujud lan ngadek.

وَالَّذِيْنَ يَقُوْلُوْنَ رَبَّنَا اصْرِفْ عَنَّا عَذَابَ جَهَنَّمَۖ اِنَّ عَذَابَهَا كَانَ غَرَامًا ۖ٦٥
Wal-lażīna yaqūlūna rabbanaṣrif ‘annā ‘ażāba jahannam(a), inna ‘ażābahā kāna garāmā(n).
[65] Lan wong-wong hang ngomong: “Duh Pengeran kito, mugo ngadohno teko kito azabe Jahannam, setuhune azabe jahannam iku onone ngrusakaken hang sak lawase”.

اِنَّهَا سَاۤءَتْ مُسْتَقَرًّا وَّمُقَامًا٦٦
Innahā sā'at mustaqarraw wa muqāmā(n).
[66] Setuhune Jahannam iku seru elek-elek-e panggonan netep lan panggonan meneng.

وَالَّذِيْنَ اِذَآ اَنْفَقُوْا لَمْ يُسْرِفُوْا وَلَمْ يَقْتُرُوْا وَكَانَ بَيْنَ ذٰلِكَ قَوَامًا٦٧
Wal-lażīna iżā anfaqū lam yusrifū wa lam yaqturū wa kāna baina żālika qawāmā(n).
[67] Lan wong-wong hang rikolo ngetokaken (pecese), iyane kabeh using kelajuk akeh-akehan, lan maning using melid, lan anane (ngetokaken pecese) iku ring antorone hang gedigu ( kelajuk lan melid ) yaoiku sedengan.

وَالَّذِيْنَ لَا يَدْعُوْنَ مَعَ اللّٰهِ اِلٰهًا اٰخَرَ وَلَا يَقْتُلُوْنَ النَّفْسَ الَّتِيْ حَرَّمَ اللّٰهُ اِلَّا بِالْحَقِّ وَلَا يَزْنُوْنَۚ وَمَنْ يَّفْعَلْ ذٰلِكَ يَلْقَ اَثَامًا ۙ٦٨
Wal-lażīna lā yad‘ūna ma‘allāhi ilāhan ākhara wa lā yaqtulūnan nafsal-latī ḥarramallāhu illā bil-ḥaqqi wa lā yaznūn(a), wa may yaf‘al żālika yalqa aṡāmā(n).
[68] Lan wong-wong hang using nyembah Alloh ambi pengeran liyone (syirik), lan using mateni jiwo hang diharamno Alloh kejobo ambi (alasan) hang bener, lan using zino, lan sopo wonge hang ngelakoni gedigu iku, mesti iyane oleh (walesan) duso (ne).

يُّضٰعَفْ لَهُ الْعَذَابُ يَوْمَ الْقِيٰمَةِ وَيَخْلُدْ فِيْهٖ مُهَانًا ۙ٦٩
Yuḍā‘af lahul-‘ażābu yaumal-qiyāmati wa yakhlud fīhī muhānā(n).
[69] (Yoiku) arep ditikelaken azab kanggone iyane nang dino kiamat lan iyane bakal selawase nang jero azab iku, ambi hino temenan.

اِلَّا مَنْ تَابَ وَاٰمَنَ وَعَمِلَ عَمَلًا صَالِحًا فَاُولٰۤىِٕكَ يُبَدِّلُ اللّٰهُ سَيِّاٰتِهِمْ حَسَنٰتٍۗ وَكَانَ اللّٰهُ غَفُوْرًا رَّحِيْمًا٧٠
Illā man tāba wa āmana wa ‘amila ‘amalan ṣāliḥan fa ulā'ika yubaddilullāhu sayyi'ātihim ḥasanāt(in), wa kānallāhu gafūrar raḥīmā(n).
[70] Kejobo wong-wong hang tobat, iman lan ngelakoni amal soleh; moko Alloh ngganteni jahate yane kabeh ambi keapikan. Lan onone Alloh iku Moho ngampuni ugo Moho Nyayangi.

وَمَنْ تَابَ وَعَمِلَ صَالِحًا فَاِنَّهٗ يَتُوْبُ اِلَى اللّٰهِ مَتَابًا٧١
Wa man tāba wa ‘amila ṣāliḥan fa innahū yatūbu ilallāhi matābā(n).
[71] Lan wong hang tobat lan ngelakoni amal apik, moko setuhune yane iku tobat neng Alloh ambi tobat hang temenanan.

وَالَّذِيْنَ لَا يَشْهَدُوْنَ الزُّوْرَۙ وَاِذَا مَرُّوْا بِاللَّغْوِ مَرُّوْا كِرَامًا٧٢
Wal-lażīna yasyhadūnaz-zūr(a), wa iżā marrū bil-lagwi marrū kirāmā(n).
[72] Lan wong-wong hang using nguweni kesaksian palsu, lan rikolo (iyane kabeh) ketemu ambi (wong wong) hang ngelakoni penggawehan-penggawehan hang seng ono paidahe, moko mlaku (baen) ambi njogo kehormatan awake.

وَالَّذِيْنَ اِذَا ذُكِّرُوْا بِاٰيٰتِ رَبِّهِمْ لَمْ يَخِرُّوْا عَلَيْهَا صُمًّا وَّعُمْيَانًا٧٣
Wal-lażīna iżā żukkirū bi'āyāti rabbihim lam yakhirrū ‘alaihā ṣummaw wa ‘umyānā(n).
[73] Lan wong wong hang rikolo diweni pengenget teko ayat-ayate Alloh, (iyane) using ndungkluk (nang ayat-ayat Alloh) ambi gendeng lan picek.

وَالَّذِيْنَ يَقُوْلُوْنَ رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ اَزْوَاجِنَا وَذُرِّيّٰتِنَا قُرَّةَ اَعْيُنٍ وَّاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِيْنَ اِمَامًا٧٤
Wal-lażīna yaqūlūna rabbanā hab lanā min azwājinā wa żurriyyātinā qurrata a‘yuniw waj‘alnā lil-muttaqīna imāmā(n).
[74] Lan wong wong hang ngomong; “duh pangeran kito, wenono kito ing rabi lan keturunan hang biso nyenengaken ati (kito) lan dadekeno kito imam kanggo wong wong hang taqwa.

اُولٰۤىِٕكَ يُجْزَوْنَ الْغُرْفَةَ بِمَا صَبَرُوْا وَيُلَقَّوْنَ فِيْهَا تَحِيَّةً وَّسَلٰمًا ۙ٧٥
Ulā'ika yujzaunal-gurfata bimā ṣabarū wa yulaqqauna fīhā taḥiyyataw wa salāmā(n).
[75] Wong wong iku arepe diweni balesan martabat hang gedi (neng jero surgo) kerono sebab kesabarene, lan wong wong iku neng jerone surgo arep dipethuki ambi penghurmatan (di-ajeni) lan ucapan selamet.

خٰلِدِيْنَ فِيْهَاۗ حَسُنَتْ مُسْتَقَرًّا وَّمُقَامًا٧٦
Khālidīna fīhā, ḥasunat mustaqarraw wa muqāmā(n).
[76] Wong wong iku pancet neng jerone surgo, iku seru apik-apike panggonan netep lan meneng.

قُلْ مَا يَعْبَؤُا بِكُمْ رَبِّيْ لَوْلَا دُعَاۤؤُكُمْۚ فَقَدْ كَذَّبْتُمْ فَسَوْفَ يَكُوْنُ لِزَامًا ࣖ٧٧
Qul mā ya‘ba'u bikum rabbī lau lā du‘ā'ukum, faqad każżabtum fa saufa yakūnu lizāmā(n).
[77] Ngomongo (siro Muhammad) nang wong-wong musyrik: “Pangeran isun heng ngreken ambi riko, kejobo kerono ibadah riko kabeh. (taping kelendi riko ibadah neng Gusti Alloh) padahal riko kabeh wes duruko (nang Pangeran) ? kerono iku mbesok anane (azab Ingsun) pasti (nang riko).