Surah An-Nur

Daftar Surah

بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
سُوْرَةٌ اَنْزَلْنٰهَا وَفَرَضْنٰهَا وَاَنْزَلْنَا فِيْهَآ اٰيٰتٍۢ بَيِّنٰتٍ لَّعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ١
Sūratun anzalnāhā wa faraḍnāhā wa anzalnā fīhā āyātim bayyinātil la‘allakum tażakkarūn(a).
[1] (Iki iku) surat kang Isun mudunaken lan Isun majibaken (ngelakoni ukum-ukum kang ono reng jero)ne, lan isun mudunaken nong jerone ayat-ayat kang jelas, wekne siro eling terus.

اَلزَّانِيَةُ وَالزَّانِيْ فَاجْلِدُوْا كُلَّ وَاحِدٍ مِّنْهُمَا مِائَةَ جَلْدَةٍ ۖوَّلَا تَأْخُذْكُمْ بِهِمَا رَأْفَةٌ فِيْ دِيْنِ اللّٰهِ اِنْ كُنْتُمْ تُؤْمِنُوْنَ بِاللّٰهِ وَالْيَوْمِ الْاٰخِرِۚ وَلْيَشْهَدْ عَذَابَهُمَا طَاۤىِٕفَةٌ مِّنَ الْمُؤْمِنِيْنَ٢
Az-zāniyatu waz-zānī fajlidū kulla wāḥidim minhumā mi'ata jaldah(tan), wa lā ta'khużkum bihimā ra'fatun fī dīnillāhi in kuntum tu'minūna billāhi wal-yaumil-ākhir(i), walyasyhad ‘ażābahumā ṭā'ifatum minal-mu'minīn(a).
[2] Wong wadon kang zina lan wong lanang kang zina, mongko pecutono saben-saben wong teko karone ping satus pecutan. Lan ojo welas asihe nong wong loro iku ngalangi enggo (ngelakoni) agomone Gusti Alloh, kadung siro iman nong Gusti Alloh, lan dino akherat, lan apike ukumane iyane keloron disaksikaken kambi sakumpulane wong-wong kang podo iman.

اَلزَّانِيْ لَا يَنْكِحُ اِلَّا زَانِيَةً اَوْ مُشْرِكَةً ۖوَّالزَّانِيَةُ لَا يَنْكِحُهَآ اِلَّا زَانٍ اَوْ مُشْرِكٌ ۚوَحُرِّمَ ذٰلِكَ عَلَى الْمُؤْمِنِيْنَ٣
Az-zānī lā yankiḥu illā zāniyatan au musyrikah(tan), waz-zāniyatu lā yankiḥuhā illā zānin au musyrik(un), wa ḥurrima żālika ‘alal-mu'minīn(a).
[3] Wong lanang kang zina osing kawin kejobo nong wong wadon kang zina, utowo wong wadon kang musyrik; lan wong wadon kang zina osing dikawinaken kejobo nong wong lanang kang zina utowo wong lanang kang musyrik, lan kang gedigu iku diharamaken nong wong-wong kang podo iman. 622
622) Maksude ayat iki yoiku: osing pantes wong kang iman kawin kambi wong kang zina, gedigu ugo sewalike.

وَالَّذِيْنَ يَرْمُوْنَ الْمُحْصَنٰتِ ثُمَّ لَمْ يَأْتُوْا بِاَرْبَعَةِ شُهَدَاۤءَ فَاجْلِدُوْهُمْ ثَمٰنِيْنَ جَلْدَةً وَّلَا تَقْبَلُوْا لَهُمْ شَهَادَةً اَبَدًاۚ وَاُولٰۤىِٕكَ هُمُ الْفٰسِقُوْنَ ۙ٤
Wal-lażīna yarmūnal-muḥṣanāti ṡumma lam ya'tū bi'arba‘ati syuhadā'a fajlidūhum ṡamānīna jaldataw wa lā taqbalū lahum syahādatan abadā(n), wa ulā'ika humul-fāsiqūn(a).
[4] Lan wong-wong kang ngarani wong-wong wadon kang apik-apik 623 (ngelakoni zina) lan iyan-iyane osing biso nekokaken wong papat (enggo dadi) saksi, mongko pecutono iyane (kang nuduh iku) ping wolung puluh pecutan, lan ojo nerimo saksenane iyane saklawas-lawase. Lan iyane iku wong-wong kang fasiq.
623) Kang dikarepaken “wong-wong wadon kang apik-apik” reng kene iku wong-wong wadon kang suci/rijig, akil, baligh lan muslimah

اِلَّا الَّذِيْنَ تَابُوْا مِنْۢ بَعْدِ ذٰلِكَ وَاَصْلَحُوْاۚ فَاِنَّ اللّٰهَ غَفُوْرٌ رَّحِيْمٌ٥
Illal-lażīna tābū mim ba‘di żālika wa aṣlaḥū, fa innallāha gafūrur raḥīm(un).
[5] kejobo wong-wong kang tobat sakmarine iku lan (gelem) ngapikaken (awake iyane), mongko saktemene Gusti Alloh Maha Nyepuro lan Maha Asih.

وَالَّذِيْنَ يَرْمُوْنَ اَزْوَاجَهُمْ وَلَمْ يَكُنْ لَّهُمْ شُهَدَاۤءُ اِلَّآ اَنْفُسُهُمْ فَشَهَادَةُ اَحَدِهِمْ اَرْبَعُ شَهٰدٰتٍۢ بِاللّٰهِ ۙاِنَّهٗ لَمِنَ الصّٰدِقِيْنَ٦
Wal-lażīna yarmūna azwājahum wa lam yakul lahum syuhadā'u illā anfusuhum fa syahādatu aḥadihim arba‘u syahādātim billāh(i), innahū laminaṣ-ṣādiqīn(a).
[6] Lan wong-wong kang ngarani rabine (zina), kang temenakno osing ono duweni saksen-saksen sakliyane awake iyane dewek, mongko kesaksenane wong iku yoiku ping papat ngesumpah kambi arane Gusti Alloh, saktemene iyane melebu wong-wong kang bener.

وَالْخَامِسَةُ اَنَّ لَعْنَتَ اللّٰهِ عَلَيْهِ اِنْ كَانَ مِنَ الْكٰذِبِيْنَ٧
Wal-khāmisatu anna la‘natallāhi ‘alaihi in kāna minal-kāżibīn(a).
[7] Lan (sumpah) kang ping kelimone: Saktemene laknate Gusti Alloh ngenengi awake, kadung iyane melebu (dadi) wong-wong kang ngapusi. 624
624) Maksud ayat 6 lan 7: wong kang ngarani rabine ngelakoni zina taping osing biso nekokaken petang wong saksi, apike sumpah nganggo arane Gusti Alloh ping papat, bener kadung iyane iku bener nong tuduhane iku, terus iyane sumpah sepisan maning bener kadung iyane arep keneng laknate Gusti Alloh kadung iyane ngapusi. Masalah gedigi iki nong jero masalah fiqh terkenal kambi “Li’an”

وَيَدْرَؤُا عَنْهَا الْعَذَابَ اَنْ تَشْهَدَ اَرْبَعَ شَهٰدٰتٍۢ بِاللّٰهِ اِنَّهٗ لَمِنَ الْكٰذِبِيْنَ ۙ٨
Wa yadra'u ‘anhal-‘ażāba an tasyhada arba‘a syahādātim billāhi innahū laminal-kāżibīn(a).
[8] Rabine iku diadohaken teko ukuman kambi sumpahe lakine kang ping papat nganggo arane Gusti Alloh. Saktemene lakine iku melebu dadi wong-wong kang ngapusi.

وَالْخَامِسَةَ اَنَّ غَضَبَ اللّٰهِ عَلَيْهَآ اِنْ كَانَ مِنَ الصّٰدِقِيْنَ٩
Wal-khāmisata anna gaḍaballāhi ‘alaihā in kāna minaṣ-ṣādiqīn(a).
[9] an (sumpah) kang ping limo: saktemene amuke Gusti Alloh ngenengi awake, kadung lakine iku melebu (dadi) wong-wong kang bener.

وَلَوْلَا فَضْلُ اللّٰهِ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَتُهٗ وَاَنَّ اللّٰهَ تَوَّابٌ حَكِيْمٌ ࣖ١٠
Wa lau lā faḍlullāhi ‘alaikum wa raḥmatuhū wa annallāha tawwābun ḥakīm(un).
[10] Lan seumpomo osing ono keutaman (rizki) lan rohmate (Gusti Alloh) nong siro lan (seumpomo) Gusti Alloh osing nerimo tobat tur Maha bijaksana (pasti siro arep ngerasakaken urip kang sorok).

اِنَّ الَّذِيْنَ جَاۤءُوْ بِالْاِفْكِ عُصْبَةٌ مِّنْكُمْۗ لَا تَحْسَبُوْهُ شَرًّا لَّكُمْۗ بَلْ هُوَ خَيْرٌ لَّكُمْۗ لِكُلِّ امْرِئٍ مِّنْهُمْ مَّا اكْتَسَبَ مِنَ الْاِثْمِۚ وَالَّذِيْ تَوَلّٰى كِبْرَهٗ مِنْهُمْ لَهٗ عَذَابٌ عَظِيْمٌ١١
Innal-lażīna jā'ū bil-ifki ‘uṣbatum minkum, lā taḥsabūhu syarral lakum, bal huwa khairul lakum, likullimri'im minhum maktasaba minal-iṡm(i), wal-lażī tawallā kibrahū minhum lahū ‘ażābun ‘aẓīm(un).
[11] Saktemene wong-wong kang nggowo kabar gubab iku teko golongane siro ugo. Ojo siro ngiro kabar gubab iku elek kanggo siro, taping iku apik kanggo siro. Saben-saben wong teko iyan-iyane oleh balesan teko duso kang iyane lakoni. Lan sopo baen kang nong antarane iyan-iyane njumput bagiane kang gedi kadung ngeler kabar gubab iku, kanggo iyane sekso kang gedi. 625
625) Kabar gubab iki ngenengi rabine Rosululloh SAW ‘Aisyah ra Ummul Mukminin sakmarine perang kambi Bani Mustholiq ulan Sya’ban 5 H. Perange iku dipiloni kambi wong munafik, lan milu ugo ‘Aisyah nong Nabi kang didasaraken kocokan kang dianakaken kambi rabi-rabine nabi. Nong waktu moleh teko perang. Iyane kabeh mandeg nong siji panggonan. ‘Aisyah metu teko pengawale enggo siji keperluan, terus balik , ujug-ujug iyane keroso kalunge ilang, terus iyane melaku maning goleki, wektu iku rombongan berangkat melaku kambi ngarani kadung ‘Aisyah mage ono reng pengawale. Sakmarine ‘Aisyah weruh, pengawale wes melaku berangkat, iyane (‘Aisyah) lungguh reng panggonane kambi ngarep-arep pengawale iku balek maning jemput. Kebeneran, liwat reng kono iku shahabate Nabi, Shofwan ibnu Mu’aththol nemokaken wong mage turu dewekan lan iyane kaget kambi ngucap “Inna lillahi wa inna ilaihi raji’un, rabine Rosul!” ‘Aisyah tangi. Terus kambi Shofwan ‘Aisyah dikonkon nunggang untone, Shofwan nontun unto sampek gadug reng Madinah. Wong(...)

لَوْلَآ اِذْ سَمِعْتُمُوْهُ ظَنَّ الْمُؤْمِنُوْنَ وَالْمُؤْمِنٰتُ بِاَنْفُسِهِمْ خَيْرًاۙ وَّقَالُوْا هٰذَآ اِفْكٌ مُّبِيْنٌ١٢
Lau lā iż sami‘tumūhu ẓannal-mu'minūna wal-mu'minātu bi'anfusihim khairā(n), wa qālū hāżā ifkum mubīn(un).
[12] Apuo nong waktu siro kabeh kerungu kabar gubab iku wong-wong lanang lan wong-wong wadon kang iman osing nyongko apik awake iyan-iyane dewek, lan (apuo osing) ngomong: “iki iku kabar gubab kang nyoto.”

لَوْلَا جَاۤءُوْ عَلَيْهِ بِاَرْبَعَةِ شُهَدَاۤءَۚ فَاِذْ لَمْ يَأْتُوْا بِالشُّهَدَاۤءِ فَاُولٰۤىِٕكَ عِنْدَ اللّٰهِ هُمُ الْكٰذِبُوْنَ١٣
Lau lā jā'ū ‘alaihi bi'arba‘ati syuhadā'(a), fa iż lam ya'tū bisy-syuhadā'i fa ulā'ika ‘indallāhi humul-kāżibūn(a).
[13] Apuo iyan-iyane (kang nuduh iku) osing nggowo petang wong saksi nong kabar gubabe iku? Kerono iyan-iyane osing biso nggowo saksi-saksi mongko iyan-iyane iku nong arepe Gusti Alloh dadi wong-wong kang gubaban.

وَلَوْلَا فَضْلُ اللّٰهِ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَتُهٗ فِى الدُّنْيَا وَالْاٰخِرَةِ لَمَسَّكُمْ فِيْ مَآ اَفَضْتُمْ فِيْهِ عَذَابٌ عَظِيْمٌ١٤
Wa lau lā faḍlullāhi ‘alaikum wa raḥmatuhū fid-dun-yā wal-ākhirati lamassakum fīmā afaḍtum fīhi ‘ażābun ‘aẓīm(un).
[14] Umpomone osing ono karuniae Gusti Alloh lan rohmate nong siro kabeh reng dunyo lan akherat, pasti siro kabeh dikenengaken sekso kang gedi, kerono omongan-omongane siro ngenengi kabar gubab iku.

اِذْ تَلَقَّوْنَهٗ بِاَلْسِنَتِكُمْ وَتَقُوْلُوْنَ بِاَفْوَاهِكُمْ مَّا لَيْسَ لَكُمْ بِهٖ عِلْمٌ وَّتَحْسَبُوْنَهٗ هَيِّنًاۙ وَّهُوَ عِنْدَ اللّٰهِ عَظِيْمٌ ۚ١٥
Iż talaqqaunahū bi'alsinatikum wa taqūlūna bi'afwāhikum mā laisa lakum bihī ‘ilmuw wa taḥsabūnahū hayyinā(n), wa huwa ‘indallāhi ‘aẓīm(un).
[15] (Engeto) nong waktu siro kabeh nerimo kabar gubab iku teko cangkem nong cangkem lan siro ngomong kambi cangkeme siro iku paran baen kang siro osing weruhi sithik baen, lan siro nganggepe perkoro kang enteng baen, kang temenakno (perkoro) iku nong ngarepe Gusti Alloh (dadi perkoro kang) gedi.

وَلَوْلَآ اِذْ سَمِعْتُمُوْهُ قُلْتُمْ مَّا يَكُوْنُ لَنَآ اَنْ نَّتَكَلَّمَ بِهٰذَاۖ سُبْحٰنَكَ هٰذَا بُهْتَانٌ عَظِيْمٌ١٦
Wa lau lā iż sami‘tumūhu qultum mā yakūnu lanā an natakallama bihāżā, subḥānaka hāżā buhtānun ‘aẓīm(un).
[16] Lan apuo siro osing ngomong, nong waktu kerungu kabar gubab iku: “sepisan-pisano osing pantes kanggo kito ngomongaken iki, Maha suci Riko (duh pengeranisun), iki iku gubab kang gedi.”

يَعِظُكُمُ اللّٰهُ اَنْ تَعُوْدُوْا لِمِثْلِهٖٓ اَبَدًا اِنْ كُنْتُمْ مُّؤْمِنِيْنَ ۚ١٧
Ya‘iẓukumullāhu an ta‘ūdū limiṡlihī abadan in kuntum mu'minīn(a).
[17] Gusti Alloh ngingetaken siro kabeh wakne (osing) balik maning gawe kang gedigu iku selawas-lawase, kadung siro kabeh iku podo iman.

وَيُبَيِّنُ اللّٰهُ لَكُمُ الْاٰيٰتِۗ وَاللّٰهُ عَلِيْمٌ حَكِيْمٌ١٨
Wa yubayyinullāhu lakumul-āyāt(i), wallāhu ‘alīmun ḥakīm(un).
[18] lan Gusti Alloh njelasaken ayat-ayate nong siro. Lan Gusti Alloh Maha weruh lan Maha Wicaksono.

اِنَّ الَّذِيْنَ يُحِبُّوْنَ اَنْ تَشِيْعَ الْفَاحِشَةُ فِى الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا لَهُمْ عَذَابٌ اَلِيْمٌۙ فِى الدُّنْيَا وَالْاٰخِرَةِۗ وَاللّٰهُ يَعْلَمُ وَاَنْتُمْ لَا تَعْلَمُوْنَ١٩
Innal-lażīna yuḥibbūna an tasyī‘al-fāḥisyatu fil-lażīna āmanū lahum ‘ażābun alīm(un), fid-dun-yā wal-ākhirah(ti), wallāhu ya‘lamu wa antum lā ta‘lamūn(a).
[19] Saktemene wong-wong kang kepingin wakne (kabar) kelakuan kotor iku nyebar nong kalangane wong-wong kang podo iman, kanggo iyane sekso kang perih reng dunyo lan akherat. Lan Gusti Alloh meruhi sedeng siro osing weruh.

وَلَوْلَا فَضْلُ اللّٰهِ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَتُهٗ وَاَنَّ اللّٰهَ رَءُوْفٌ رَّحِيْمٌ ࣖ٢٠
Wa lau lā faḍlullāhi ‘alaikum wa raḥmatuhū wa annallāha ra'ūfur raḥīm(un).
[20] Lan sekirone osing kerono kuniane Gusti Alloh lan rohmate Iyane nong siro kabeh, lan Gusti Alloh Maha melasi lan Maha Nyayangi, (pasti siro arep keneng sekso kang gedi).

۞ يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا لَا تَتَّبِعُوْا خُطُوٰتِ الشَّيْطٰنِۗ وَمَنْ يَّتَّبِعْ خُطُوٰتِ الشَّيْطٰنِ فَاِنَّهٗ يَأْمُرُ بِالْفَحْشَاۤءِ وَالْمُنْكَرِۗ وَلَوْلَا فَضْلُ اللّٰهِ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَتُهٗ مَا زَكٰى مِنْكُمْ مِّنْ اَحَدٍ اَبَدًاۙ وَّلٰكِنَّ اللّٰهَ يُزَكِّيْ مَنْ يَّشَاۤءُۗ وَاللّٰهُ سَمِيْعٌ عَلِيْمٌ٢١
Yā ayyuhal-lażīna āmanū lā tattabi‘ū khuṭuwātisy-syaiṭān(i), wa may yattabi‘ khuṭuwātisy-syaiṭāni fa innahū ya'muru bil-faḥsyā'i wal-munkar(i), wa lau lā faḍlullāhi ‘alaikum wa raḥmatuhū mā zakā minkum min aḥadin abadā(n), wa lākinnallāha yuzakkī may yasyā'(u), wallāhu samī‘un ‘alīm(un).
[21] Hei wong-wong kang podo iman, ojo siro milu jangkah-jangkahe syetan. Sopo baen kang milu kambi jangkah-jangkahe syetan, mongko saktemene syetan iku ngongkon ngelakoni kelakuan kang kotor lan kang mungkar. Sekirone osing kerono kurniane Gusti Alloh lan rohmate Iyane nong siro kabeh, pasti osing ono wong siji baen teko siro rijig (teko kelakuan-kelakuan kang kotor lan mungkar iku) selawas-lawase, taping Gusti Alloh ngerijigi sopo baen kang dikarepaken Iyane. Lan Gusti Alloh Maha Ngerungu lan Maha Meruhi.

وَلَا يَأْتَلِ اُولُو الْفَضْلِ مِنْكُمْ وَالسَّعَةِ اَنْ يُّؤْتُوْٓا اُولِى الْقُرْبٰى وَالْمَسٰكِيْنَ وَالْمُهٰجِرِيْنَ فِيْ سَبِيْلِ اللّٰهِ ۖوَلْيَعْفُوْا وَلْيَصْفَحُوْاۗ اَلَا تُحِبُّوْنَ اَنْ يَّغْفِرَ اللّٰهُ لَكُمْ ۗوَاللّٰهُ غَفُوْرٌ رَّحِيْمٌ٢٢
Wa lā ya'tali ulul-faḍli minkum was-sa‘ati ay yu'tū ulil-qurbā wal-masākīna wal-muhājirīna fī sabīlillāh(i), wal ya‘fū wal yaṣfaḥū, alā tuḥibbūna ay yagfirallāhu lakum, wallāhu gafūrur raḥīm(un).
[22] Lan ojo’o wong-wong kang duwe kelebihan lan kejembaran reng antarane siro kabeh sumpah kadung saktemene iyan-iyane (osing) nguweni (sedekah) nong kaum kerabate, wong-wong kang miskin, wong-wong kang hijrah reng dalane pengeran, lan apike iyan-iyane nyepuro lan ngelegokaken dodo. Opo siro osing kepengen kadung Gusti Alloh nyepuro siro? Lan Gusti Alloh iku Maha Nyepuro tur Maha Nyayangi. 626
626) Ayat iki ono hubungane kambi sumpahe Abu Bakar r.a. bener kadung iyane arep osing nguweni paran-paran nong kerabate utowo wong liyo kang milu-milu nyebaraken kabar gubab kang ngenengi ‘Aisyah. Mongko mudun ayat iki ngelarang beliau ngelakoni sumpah iku lan ngongkon nyepuro lan ngelegokaken dodone nong iyan-iyane sakmarine iyan-iyane oleh ukuman nong kelakuane iyan-iyane iku.

اِنَّ الَّذِيْنَ يَرْمُوْنَ الْمُحْصَنٰتِ الْغٰفِلٰتِ الْمُؤْمِنٰتِ لُعِنُوْا فِى الدُّنْيَا وَالْاٰخِرَةِۖ وَلَهُمْ عَذَابٌ عَظِيْمٌ ۙ٢٣
Innal-lażīna yarmūnal-muḥṣanātil-gāfilātil-mu'mināti lu‘inū fid-dun-yā wal-ākhirah(ti), wa lahum ‘ażābun ‘aẓīm(un).
[23] Saktemene wong-wong kang ngarani wong-wong wadon kang apik-apik, kang lengah 627 tur kang iman (ngelakoni zina), iyan-iyane keneng laknat reng dunyo lan reng akherate, lan kanggo iyan-iyane sekso kang gedi.
627) Kang dikarepaken kambi wong-wong wadon kang lengah yoiku wong-wong wadon kang osing tau sithik baen ugo eleng nong iyan-iyane arep ngelakoni kelakuan kang kotor iku.

يَّوْمَ تَشْهَدُ عَلَيْهِمْ اَلْسِنَتُهُمْ وَاَيْدِيْهِمْ وَاَرْجُلُهُمْ بِمَا كَانُوْا يَعْمَلُوْنَ٢٤
Yauma tasyhadu ‘alaihim alsinatuhum wa aidīhim wa arjuluhum bimā kānū ya‘malūn(a).
[24] Reng dino (waktu), ilat, tangan lan sikile iyan-iyane dadi saksi nong iyan-iyane nong paran baen kang bengen iyan-iyane lakoni.

يَوْمَىِٕذٍ يُّوَفِّيْهِمُ اللّٰهُ دِيْنَهُمُ الْحَقَّ وَيَعْلَمُوْنَ اَنَّ اللّٰهَ هُوَ الْحَقُّ الْمُبِيْنُ٢٥
Yauma'iżiy yuwaffīhimullāhu dīnahumul-ḥaqqa wa ya‘lamūna annallāha huwal-ḥaqqul-mubīn(u).
[25] Reng dino iku, Gusti Alloh nguweni balesan kang sepadan meturut sakmestine, lan iyan-iyane weruh kadung Gusti Alloh iku dzat kang bener, ugo kang njelasaken (paran baen meturut hakekat kang sakbenere).

اَلْخَبِيْثٰتُ لِلْخَبِيْثِيْنَ وَالْخَبِيْثُوْنَ لِلْخَبِيْثٰتِۚ وَالطَّيِّبٰتُ لِلطَّيِّبِيْنَ وَالطَّيِّبُوْنَ لِلطَّيِّبٰتِۚ اُولٰۤىِٕكَ مُبَرَّءُوْنَ مِمَّا يَقُوْلُوْنَۗ لَهُمْ مَّغْفِرَةٌ وَّرِزْقٌ كَرِيْمٌ ࣖ٢٦
Al-khabīṡātu lil-khabīṡīna wal-khabīṡūna lil-khabīṡāt(i), waṭ-ṭayyibātu liṭ-ṭayyibīna waṭ-ṭayyibūna liṭ-ṭayyibāt(i), ulā'ika mubarra'ūna mimmā yaqūlūn(a), lahum magfiratuw wa rizqun karīm(un).
[26] Wong-wong wadon kang kotor iku kanggo wong-wong lanang kang kotor, lan wong-wong lanang kang kotor iku kanggo wong-wong wadon kang kotor (ugo), lan wong-wong wadon kang apik iku kanggo wong-wong lanang kang apik, lan wong-wong lanang kang apik iku kanggo wong-wong wadon kang apik (ugo), iyane (kang diarani zina) iku rijig teko paran kang diaranaken kambi wong-wong (kang ngarani zina iku). Kanggo iyane disepuro, oleh rizki lan kemulyaan (surgo). 628
628) Ayat iki nuduhaken kesuciane ‘Aisyah ra lan Shofwan teko tuduhan paran baen kang ditujukaken nong iyan-iyane. Rosululloh iku wong kang paling apik, mongko pastilah apik pisan wong wadon kang dadi rabine beliau.

يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا لَا تَدْخُلُوْا بُيُوْتًا غَيْرَ بُيُوْتِكُمْ حَتّٰى تَسْتَأْنِسُوْا وَتُسَلِّمُوْا عَلٰٓى اَهْلِهَاۗ ذٰلِكُمْ خَيْرٌ لَّكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ٢٧
Yā ayyuhal-lażīna āmanū lā tadkhulū buyūtan gaira buyūtikum ḥattā tasta'nisū wa tusallimū ‘alā ahlihā, żālikum khairul lakum la‘allakum tażakkarūn(a).
[27] Hei wong kang podo iman, ojo siro melebu umah kang dudu umahe siro sedurunge njaluk idzin lan uruk salam nong keluargo umah. Keng gedigu iku lebih apik kanggo siro, wakne siro (terus) enget.

فَاِنْ لَّمْ تَجِدُوْا فِيْهَآ اَحَدًا فَلَا تَدْخُلُوْهَا حَتّٰى يُؤْذَنَ لَكُمْ وَاِنْ قِيْلَ لَكُمُ ارْجِعُوْا فَارْجِعُوْا هُوَ اَزْكٰى لَكُمْ ۗوَاللّٰهُ بِمَا تَعْمَلُوْنَ عَلِيْمٌ٢٨
Fa illam tajidū fīhā aḥadan falā tadkhulūhā ḥattā yu'żana lakum wa in qīla lakumurji‘ū farji‘ū huwa azkā lakum, wallāhu bimā ta‘malūna ‘alīm(un).
[28] Kadung siro osing nemoni wong siji baen nong jero (umahe), mongko siro ojo melebu sedurunge siro oleh izin. Lan kadung diomongi nong siro: “moleyo (baen)”, mongko apike siro moleh. Iku lebih rijig kanggo siro lan Gusti Alloh Maha Meruhi paran baen kang siro lakoni.

لَيْسَ عَلَيْكُمْ جُنَاحٌ اَنْ تَدْخُلُوْا بُيُوْتًا غَيْرَ مَسْكُوْنَةٍ فِيْهَا مَتَاعٌ لَّكُمْۗ وَاللّٰهُ يَعْلَمُ مَا تُبْدُوْنَ وَمَا تَكْتُمُوْنَ٢٩
Laisa ‘alaikum junāḥun an tadkhulū buyūtan gaira maskūnatin fīhā matā‘ul lakum, wallāhu ya‘lamu mā tubdūna wa mā taktumūn(a).
[29] Osing ono duso nong siro melebu umah kang disiapaken enggo dipanggoni, kang nong jerone ono perlune siro, lan Gusti Alloh Maha weruh paran kang siro katokaken lan paran kang siro singedaken.

قُلْ لِّلْمُؤْمِنِيْنَ يَغُضُّوْا مِنْ اَبْصَارِهِمْ وَيَحْفَظُوْا فُرُوْجَهُمْۗ ذٰلِكَ اَزْكٰى لَهُمْۗ اِنَّ اللّٰهَ خَبِيْرٌۢ بِمَا يَصْنَعُوْنَ٣٠
Qul lil-mu'minīna yaguḍḍū min abṡārihim wa yaḥfaẓū furūjahum, żālika azkā lahum, innallāha khabīrum bimā yaṣna‘ūn(a).
[30] Ngomongo nong wong-wong lanang kang podo iman: “apike iyan-iyane iku ngeremaken meripate lan njogo pelanangane; kang gedigu iku lebih suci kanggo iayn-iyane, saktemene Gusti Alloh Maha Weruh paran kang iyane lakoni”.

وَقُلْ لِّلْمُؤْمِنٰتِ يَغْضُضْنَ مِنْ اَبْصَارِهِنَّ وَيَحْفَظْنَ فُرُوْجَهُنَّ وَلَا يُبْدِيْنَ زِيْنَتَهُنَّ اِلَّا مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَلْيَضْرِبْنَ بِخُمُرِهِنَّ عَلٰى جُيُوْبِهِنَّۖ وَلَا يُبْدِيْنَ زِيْنَتَهُنَّ اِلَّا لِبُعُوْلَتِهِنَّ اَوْ اٰبَاۤىِٕهِنَّ اَوْ اٰبَاۤءِ بُعُوْلَتِهِنَّ اَوْ اَبْنَاۤىِٕهِنَّ اَوْ اَبْنَاۤءِ بُعُوْلَتِهِنَّ اَوْ اِخْوَانِهِنَّ اَوْ بَنِيْٓ اِخْوَانِهِنَّ اَوْ بَنِيْٓ اَخَوٰتِهِنَّ اَوْ نِسَاۤىِٕهِنَّ اَوْ مَا مَلَكَتْ اَيْمَانُهُنَّ اَوِ التّٰبِعِيْنَ غَيْرِ اُولِى الْاِرْبَةِ مِنَ الرِّجَالِ اَوِ الطِّفْلِ الَّذِيْنَ لَمْ يَظْهَرُوْا عَلٰى عَوْرٰتِ النِّسَاۤءِ ۖوَلَا يَضْرِبْنَ بِاَرْجُلِهِنَّ لِيُعْلَمَ مَا يُخْفِيْنَ مِنْ زِيْنَتِهِنَّۗ وَتُوْبُوْٓا اِلَى اللّٰهِ جَمِيْعًا اَيُّهَ الْمُؤْمِنُوْنَ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ٣١
Wa qul lil-mu'mināti yagḍuḍna min abṡārihinna wa yaḥfaẓna furūjahunna wa lā yubdīna zīnatahunna illā mā ẓahara minhā walyaḍribna bikhumurihinna ‘alā juyūbihinn(a), wa lā yubdīna zīnatahunna illā libu‘ūlatihinna au ābā'ihinna au abnā'ihinna au abnā'i bu‘ūlatihinna au ikhwānihinna au banī ikhwānihinna au nisā'ihinna au mā malakat aimānuhunna awit-tābi‘īna gairi ulil-irbati minar-rijāli awiṭ-ṭiflil-lażīna lam yaẓharū ‘alā ‘aurātin-nisā'(i), wa lā yaḍribna bi'arjulihinna liyu‘lama mā yukhfīna min zīnatihinn(a), wa tūbū ilallāhi jamī‘an ayyuhal-mu'minūna la‘allakum tufliḥūn(a).
[31] Ngomongo nong wong wadon kang podo iman: “Apike iyane ngeremaken meripate lang njogo perjine, lan ojo’o iyane ngatokaken hiasane, kejobo kang (biasane) katon teko iyane. Lan apike iyane nutup kain kudung sampek nong dodone. Lan ojo ngatokaken hiasane, kejobo nong lakine iyane, utowo bapake iyane, utowo mertuane, utowo anak-anak lanange iyane, utowo anak-anak lanange lakine, utowo dulur-dulure lanang iyane, utowo anak-anak lanang dulure iyane, utowo anak-anak lanang dulure wadon iyane, utowo wong-wong wadon Islam, utowo budak-budak kang iyane duwe utowo pelayan-pelayan lanang kang osing duwe kepinginan (nong wong wadon) utowo anak-anak kang durung ngerti aurote wong wadon. Lan ojo jejek-jejekaken sikile wakne diwerhi hiasane kang iyane sengidakaken. Lan tobato siro kabeh nong Gusti Alloh hei wong-wong kang podo iman make siro untung.

وَاَنْكِحُوا الْاَيَامٰى مِنْكُمْ وَالصّٰلِحِيْنَ مِنْ عِبَادِكُمْ وَاِمَاۤىِٕكُمْۗ اِنْ يَّكُوْنُوْا فُقَرَاۤءَ يُغْنِهِمُ اللّٰهُ مِنْ فَضْلِهٖۗ وَاللّٰهُ وَاسِعٌ عَلِيْمٌ٣٢
Wa ankiḥul-ayāmā minkum waṣ-ṣāliḥīna min ‘ibādikum wa imā'ikum, iy yakūnū fuqarā'a yugnihimullāhu min faḍlih(ī), wallāhu wāsi‘un ‘alīm(un).
[32] Lan kawin-no wong-wong kang (mage) dewekan 629 reng antarane siro, lan wong-wong kang pantes (sholeh) kawin teko badak-budakiro kang lanang utowo budak-budakiro kang wadon. Kadung iyane melarat Gusti Alloh arep nyukupi iyane kambi karuniane. Lan Gusti Alloh Maha jembar (rizkine) ugo Maha Ngeweruhi.
629) Maksude: apike wong-wong lanang kang durung kawin utowo wong-wong wadon kang osing (duwe) laki, dibantu makne iyane biso kawin.

وَلْيَسْتَعْفِفِ الَّذِيْنَ لَا يَجِدُوْنَ نِكَاحًا حَتّٰى يُغْنِيَهُمُ اللّٰهُ مِنْ فَضْلِهٖ ۗوَالَّذِيْنَ يَبْتَغُوْنَ الْكِتٰبَ مِمَّا مَلَكَتْ اَيْمَانُكُمْ فَكَاتِبُوْهُمْ اِنْ عَلِمْتُمْ فِيْهِمْ خَيْرًا وَّاٰتُوْهُمْ مِّنْ مَّالِ اللّٰهِ الَّذِيْٓ اٰتٰىكُمْ ۗوَلَا تُكْرِهُوْا فَتَيٰتِكُمْ عَلَى الْبِغَاۤءِ اِنْ اَرَدْنَ تَحَصُّنًا لِّتَبْتَغُوْا عَرَضَ الْحَيٰوةِ الدُّنْيَا ۗوَمَنْ يُّكْرِهْهُّنَّ فَاِنَّ اللّٰهَ مِنْۢ بَعْدِ اِكْرَاهِهِنَّ غَفُوْرٌ رَّحِيْمٌ٣٣
Walyasta‘fifil-lażīna lā yajidūna nikāḥan ḥattā yugniyahumullāhu min faḍlih(ī), wal-lażīna yabtagūnal-kitāba mimmā malakat aimānukum fa kātibūhum in ‘alimtum fīhim khairaw wa ātūhum mim mālillāhil-lażī ātākum, wa lā tukrihū fatayātikum ‘alal-bigā'i in aradna taḥaṣṣunal litabtagū ‘araḍal-ḥayātid-dun-yā, wa may yukrihhunna fa innallāha mim ba‘di ikrāhihinna gafūrur raḥīm(un).
[33] Lan wong-wong kang osing mampu kawin, apike iyane njogo kesuciane (awake), sehinggo Gusti Alloh nyukupi iyan-iyane kambi karuniane. Lan budak-budak kang iyan-iyane duwe kang kepingin nggawe janji, apike siro gawe janji kambi iyan-iyane, 630 kadung siro weruh ono keapikan nong iyane (budak), lan uwenono iyan-iyane sebagiane teko rizki Gusti Alloh kang dikaruniakaken nong siro. 631 Lan ojo siro mokso budak wadoniro enggo ngelakoni nyenok, sedeng iyane dewek kepingin kesuciane, kerono siro golek untunge bongso dunyo. Lan sopo baen kang mokso iyane, mongko saktemene Gusti Alloh iku Maha Nyepuro tur Maha Nyayangi (nong iyane) sakmarine iyane dipokso (iku). 632
630) Salah sijine coro nong jero agomo Islam enggo ngilangi perbudakan, yoiku budak oleh njaluk nong majikane kanggo dimerdkakeno, kelawan perjanjen kadung budak iku arep mbayar piro-piro peces kang ditentokaken. Majikan budak iku apike nerimo perjanjen iku kadung budak iku coro pikire majikan biso sanggup ngelunasi bayarane kambi peces kang halal. 631) Enggo age-age ngelunasi perjanjen iku apike budak-budak iku dibantu kambi bondo-bondo kang dijumputaken teko zakat utowo bondo liyane. 632) Maksude: pengeran arep nyepuro budak-budak wadon kang dipokso ngelakoni nyenok kambi majikane iku, selawas iyane osing mbaleni maning kelakuane iku.

وَلَقَدْ اَنْزَلْنَآ اِلَيْكُمْ اٰيٰتٍ مُّبَيِّنٰتٍ وَّمَثَلًا مِّنَ الَّذِيْنَ خَلَوْا مِنْ قَبْلِكُمْ وَمَوْعِظَةً لِّلْمُتَّقِيْنَ ࣖ٣٤
Wa laqad anzalnā ilaikum āyātim mubayyinātiw wa maṡalam minal-lażīna khalau min qablikum wa mau‘iẓatal lil-muttaqīn(a).
[34] Lan saktemene Isun uwes ngedunaken nong siro ayat-ayat kang nguweni padang, lan conto’-conto’ teko wong-wong kang bengene sedurunge siro lan pelajaran kanggo wong-wong kang podo takwa.

۞ اَللّٰهُ نُوْرُ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِۗ مَثَلُ نُوْرِهٖ كَمِشْكٰوةٍ فِيْهَا مِصْبَاحٌۗ اَلْمِصْبَاحُ فِيْ زُجَاجَةٍۗ اَلزُّجَاجَةُ كَاَنَّهَا كَوْكَبٌ دُرِّيٌّ يُّوْقَدُ مِنْ شَجَرَةٍ مُّبٰرَكَةٍ زَيْتُوْنَةٍ لَّا شَرْقِيَّةٍ وَّلَا غَرْبِيَّةٍۙ يَّكَادُ زَيْتُهَا يُضِيْۤءُ وَلَوْ لَمْ تَمْسَسْهُ نَارٌۗ نُوْرٌ عَلٰى نُوْرٍۗ يَهْدِى اللّٰهُ لِنُوْرِهٖ مَنْ يَّشَاۤءُۗ وَيَضْرِبُ اللّٰهُ الْاَمْثَالَ لِلنَّاسِۗ وَاللّٰهُ بِكُلِّ شَيْءٍ عَلِيْمٌ ۙ٣٥
Allāhu nūrus-samāwāti wal-arḍ(i), maṡalu nūrihī kamisykātin fīhā miṣbāḥ(un), al-miṣbāḥu fī zujājah(tin), az-zujājatu ka'annahā kaukabun durriyyuy yūqadu min syajaratim mubārakatin zaitūnatil lā syarqiyyatiw wa lā garbiyyah(tin), yakādu zaituhā yuḍī'u wa lau lam tamsashu nār(un), nūrun ‘alā nūr(in), yahdillāhu linūrihī may yasyā'(u), wa yaḍribullāhul-amṡāla lin-nās(i), wallāhu bikulli syai'in ‘alīm(un).
[35] Gusti Alloh (nguweni) sunar (nong) langit lan bumi. Perumpamaane sunare Gusti Alloh, iku koyo bolongan kang osing tembus, 633 kang reng jerone ono damar kang gedi, lan damar iku nong jerone koco (lan) koco iku koyo-koyo lintang (kang murub) koyo mutioro, kang diurubaken kambi lengo teko uwet kang akeh berkahe, (yoiku) uwet zaitun kang merujuk osing nong sebelah wetane (siji barang) lan osing ugo reng sebelah kulone (siji barang), 634 kang lengone (baen) meh-emeh madangi, masio osing keneng geni. Padang nduwure padang (ping-ping), Gusti Alloh nguweni petunjuk nong sunare iku nong sopo baen kang iyane karepaken. Lan Gusti Alloh nggawe umpomo-umpomo kanggo menuso lan Gusti Alloh ngeweruhi kabeh barang.
633) Kang dikarepaken “bolongan kang osing tembus” (misykat) yoilku siji bolongan reng tembok umah kang osing tembus sampek nong sebelahe, biosone digunakaken enggo wadah damar, utowo barang-barang liyone. 634) Maksude: uwet zaitun iku urip nong pucuke gumuk, iyane oleh sunare serengenge emboh nong waktu nguntupe serengenge utowo nong waktu serengenge mendelep, sehinggo uwite subur lan uwohe ngasilaken lengok kang apik.

فِيْ بُيُوْتٍ اَذِنَ اللّٰهُ اَنْ تُرْفَعَ وَيُذْكَرَ فِيْهَا اسْمُهٗۙ يُسَبِّحُ لَهٗ فِيْهَا بِالْغُدُوِّ وَالْاٰصَالِ ۙ٣٦
Fī buyūtin ażinallāhu an turfa‘a wa yużkara fīhasmuh(ū), yusabbiḥu lahū fīhā bil-guduwwi wal-āṣāl(i).
[36] Moco tasbih 635 nong Gusti Alloh reng masjid-masjid kang uwes diperintah kanggo dimulyokaken lan disebutno arane (Gusti Alloh) reng jero (masjid) noring waktu isuk lan noring waktu peteng.
635) Kang moco tsbih iku wong-wong lanang kang kesebut ono reng ayat 37 ngarepiki.

رِجَالٌ لَّا تُلْهِيْهِمْ تِجَارَةٌ وَّلَا بَيْعٌ عَنْ ذِكْرِ اللّٰهِ وَاِقَامِ الصَّلٰوةِ وَاِيْتَاۤءِ الزَّكٰوةِ ۙيَخَافُوْنَ يَوْمًا تَتَقَلَّبُ فِيْهِ الْقُلُوْبُ وَالْاَبْصَارُ ۙ٣٧
Rijālul lā tulhīhim tijāratuw wa lā bai‘un ‘an żikrillāhi wa iqāmiṣ-ṣalāti wa ītā'iz-zakāh(ti), yakhāfūna yauman tataqallabu fīhil-qulūbu wal-abṣār(u).
[37] Wong lanang kang osing dilalikaken kambi dagangane lan osing ugo kambi dodol tukune teko ngingeti Gusti Alloh, njejegaken sembahyang lan (teko) mbayar zakat, iyane podo wedi nong sijine dino kang (reng dino iku) ati lan peningale molak malik.

لِيَجْزِيَهُمُ اللّٰهُ اَحْسَنَ مَا عَمِلُوْا وَيَزِيْدَهُمْ مِّنْ فَضْلِهٖۗ وَاللّٰهُ يَرْزُقُ مَنْ يَّشَاۤءُ بِغَيْرِ حِسَابٍ٣٨
Liyajziyahumullāhu aḥsana mā ‘amilū wa yazīduhum min faḍlih(ī), wallāhu yarzuqu may yasyā'u bigairi ḥisāb(in).
[38] (Iyan-iyane ngelakoni kang gedigu iku) makne Gusti Alloh nguweni balesan nong iyane (kambi balesan) kang lebih apik teko paran baen kang iyan-iyane lakoni, lan makne Gusti Alloh nambahi uwen-uwenane nong iyane kabeh. Lan Gusti Alloh nguweni rizki nong sopo baen kang dikarepaken tampo kiro-kiro.

وَالَّذِيْنَ كَفَرُوْٓا اَعْمَالُهُمْ كَسَرَابٍۢ بِقِيْعَةٍ يَّحْسَبُهُ الظَّمْاٰنُ مَاۤءًۗ حَتّٰىٓ اِذَا جَاۤءَهٗ لَمْ يَجِدْهُ شَيْـًٔا وَّوَجَدَ اللّٰهَ عِنْدَهٗ فَوَفّٰىهُ حِسَابَهٗ ۗ وَاللّٰهُ سَرِيْعُ الْحِسَابِ ۙ٣٩
Wal-lażīna kafarū a‘māluhum kasarābim biqī‘atiy yaḥsabuhuẓ-ẓam'ānu mā'ā(n), ḥattā iżā jā'ahū lam yajidhu syai'aw wa wajadallāha ‘indahū fa waffāhu ḥisābah(ū), wallāhu sarī‘ul-ḥisāb(i).
[39] Lan wong-wong kang kafir amal-amale koyo ayang-ayang kang samar nong lemah kang roto, kang dikiro banyu kambi wong kang ngelak, taping kadung ditekoni banyu iku, iyane osing nemu siji-sijio baen, lan ditemoni (ketetepane) Gusti Alloh teko sandinge Iyane (Gusti Alloh), terus Gusti Alloh nguweni (catetan) itungane amale kang cukup lan Gusti Alloh iku dzat kang seru cepet pengitungane. 636
636) Wong-wong kafir, kerono amal-amal iyane kabeh osing diladasi kambi iman, mongko osing oleh balesan teko pengeran nong akherat masio reng dunyo iyan-iyane ngiro arep oleh balesan teko amale iyane iku.

اَوْ كَظُلُمٰتٍ فِيْ بَحْرٍ لُّجِّيٍّ يَّغْشٰىهُ مَوْجٌ مِّنْ فَوْقِهٖ مَوْجٌ مِّنْ فَوْقِهٖ سَحَابٌۗ ظُلُمٰتٌۢ بَعْضُهَا فَوْقَ بَعْضٍۗ اِذَآ اَخْرَجَ يَدَهٗ لَمْ يَكَدْ يَرٰىهَاۗ وَمَنْ لَّمْ يَجْعَلِ اللّٰهُ لَهٗ نُوْرًا فَمَا لَهٗ مِنْ نُّوْرٍ ࣖ٤٠
Au kaẓulumātin fī baḥril lujjiyyiy yagsyāhu maujum min fauqihī maujum min fauqihī saḥāb(un), ẓulumātum ba‘ḍuhā fauqa ba‘ḍ(in), iżā akhraja yadahū lam yakad yarāhā, wa mal lam yaj‘alillāhu lahū nūran famā lahū min nūr(in).
[40] utowo koyo peteng dedet nong segoro kang jeru, kang dikerekebi kambi umbak, kang reng duwure umbak (ugo), reng duwure (maning) ono mendung; peteng dedet kang tumpuk-tumpukan, kadung iyane ngetokaken tangane, iyane osing biso dileng, (lan) sopo baen kang osing diweni padang (petunjuk) kambi Gusti Alloh, mongko iyane osing duwe padang sithik baen.

اَلَمْ تَرَ اَنَّ اللّٰهَ يُسَبِّحُ لَهٗ مَنْ فِى السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِ وَالطَّيْرُ صٰۤفّٰتٍۗ كُلٌّ قَدْ عَلِمَ صَلَاتَهٗ وَتَسْبِيْحَهٗۗ وَاللّٰهُ عَلِيْمٌۢ بِمَا يَفْعَلُوْنَ٤١
Alam tara annallāha yusabbiḥu lahū man fis-samāwāti wal-arḍi waṭ-ṭairu ṣāffāt(in), kullun qad ‘alima ṣalātahū wa tasbīḥah(ū), wallāhu ‘alīmum bimā yaf‘alūn(a).
[41] Opo siro osing weruh saktemene Gusti Alloh: Nong Iyane podo tasbih paran baen kang ono reng langit lan reng bumi lan (ugo) manuk kang njeberaken seliwine, saben-saben kabeh wes weruh (corone) sembahyang lan moco tasbih nong iyane, 637 lan Gusti Alloh ngeweruhi paran baen kang dilakoni.
637) Saben-saben mahluk weruh corone sembahyang lan moco tasbih nong Gusti Alloh teko ilhame Gusti Alloh.

وَلِلّٰهِ مُلْكُ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِۚ وَاِلَى اللّٰهِ الْمَصِيْرُ٤٢
Wa lillāhi mulkus-samāwāti wal-arḍ(i), wa ilallāhil-maṣīr(u).
[42] Lan Duwine Gusti Alloh kerojoan langit lan bumi lan nong Gusti Alloh balike (kabeh mahluke).

اَلَمْ تَرَ اَنَّ اللّٰهَ يُزْجِيْ سَحَابًا ثُمَّ يُؤَلِّفُ بَيْنَهٗ ثُمَّ يَجْعَلُهٗ رُكَامًا فَتَرَى الْوَدْقَ يَخْرُجُ مِنْ خِلٰلِهٖۚ وَيُنَزِّلُ مِنَ السَّمَاۤءِ مِنْ جِبَالٍ فِيْهَا مِنْۢ بَرَدٍ فَيُصِيْبُ بِهٖ مَنْ يَّشَاۤءُ وَيَصْرِفُهٗ عَنْ مَّنْ يَّشَاۤءُۗ يَكَادُ سَنَا بَرْقِهٖ يَذْهَبُ بِالْاَبْصَارِ ۗ٤٣
Alam tara annallāha yuzjī saḥāban ṡumma yu'allifu bainahū ṡumma yaj‘aluhū rukāman fa taral-wadqa yakhruju min khilālih(ī), wa yunazzilu minas-samā'i min jibālin fīhā mim baradin fa yuṣību bihī may yasyā'u wa yaṣrifuhū ‘am may yasyā'(u), yakādu sanā barqihī yażhabu bil-abṣār(i).
[43] Opo siro osing weruh saktemene Gusti Alloh nggiring mendung, terus ngumpulaken antarane (bagian-bagiane), terus iyane (mendung) didadekaken tumpuk-tumpukan, monko katon nong siro udan metu teko celah-celahe, lan Gusti Alloh (ugo) mudunaken es teko langit, (yoiku) teko (mendung kang koyo) gunung-gunung, mongko diciciraken es iku nong sopo baen kang dikarepaken lan dibilukaken teko sopo baen kang dikarepaken, sorote kilate gludug mendung iku meh-meh baen ngilangaken pendilenge.

يُقَلِّبُ اللّٰهُ الَّيْلَ وَالنَّهَارَۗ اِنَّ فِيْ ذٰلِكَ لَعِبْرَةً لِّاُولِى الْاَبْصَارِ٤٤
Yuqallibullāhul-laila wan-nahār(a), inna fī żālika la‘ibratal li'ulil-abṣār(i).
[44] Gusti Alloh gonta-gantikaken bengi lan raino. Saktemene reng jero gedikon iku ono pelajaran kang gedi kanggo wong-wong kang duwe pendilengan.

وَاللّٰهُ خَلَقَ كُلَّ دَاۤبَّةٍ مِّنْ مَّاۤءٍۚ فَمِنْهُمْ مَّنْ يَّمْشِيْ عَلٰى بَطْنِهٖۚ وَمِنْهُمْ مَّنْ يَّمْشِيْ عَلٰى رِجْلَيْنِۚ وَمِنْهُمْ مَّنْ يَّمْشِيْ عَلٰٓى اَرْبَعٍۗ يَخْلُقُ اللّٰهُ مَا يَشَاۤءُۗ اِنَّ اللّٰهَ عَلٰى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيْرٌ٤٥
Wallāhu khalaqa kulla dābbatim mim mā'(in), fa minhum may yamsyī ‘alā baṭinih(ī), wa minhum may yamsyī ‘alā rijlain(i), wa minhum may yamsyī ‘alā arba‘(in), yakhluqullāhu mā yasyā'(u), innallāha ‘alā kulli syai'in qadīr(un).
[45] Lan Gusti Alloh gawe kabeh jenis kewan teko banyu, mongko sebagiane teko kewan iku ono kang melaku kambi wetenge lan sebagiane nganggo sikil loro, sedeng sebagiane (kang liyo) melaku kambi sikil papate. Gusti Alloh nggawe paran kang dikarepi. Saktemene Gusti Alloh Maha Kuwoso sekabehane paran baen.

لَقَدْ اَنْزَلْنَآ اٰيٰتٍ مُّبَيِّنٰتٍۗ وَاللّٰهُ يَهْدِيْ مَنْ يَّشَاۤءُ اِلٰى صِرَاطٍ مُّسْتَقِيْمٍ٤٦
Laqad anzalnā āyātim mubayyināt(in), wallāhu yahdī may yasyā'u ilā ṣirāṭim mustaqīm(in).
[46] Saktemene Isun uwes mudunaken ayat-ayat kang njelasaken. Lan Gusti Alloh kang mimpin sopo baen kang dikarepaken nong dalan kang kenceng.

وَيَقُوْلُوْنَ اٰمَنَّا بِاللّٰهِ وَبِالرَّسُوْلِ وَاَطَعْنَا ثُمَّ يَتَوَلّٰى فَرِيْقٌ مِّنْهُمْ مِّنْۢ بَعْدِ ذٰلِكَۗ وَمَآ اُولٰۤىِٕكَ بِالْمُؤْمِنِيْنَ٤٧
Wa yaqūlūna āmannā billāhi wa bir-rasūli wa aṭa‘nā ṡumma yatawallā farīqum minhum mim ba‘di żālik(a), wa mā ulā'ika bil-mu'minīn(a).
[47] Lan iyan-iyane ngomong: “Isun kabeh wes podo iman nong Gusti Alloh lan rosul, lan isun kabeh naati (karone).” Terus sebagiane teko iyan-iyane melengos sakmarine iku, sepisan-pisano iyane iku dudu wong-wong kang podo iman.

وَاِذَا دُعُوْٓا اِلَى اللّٰهِ وَرَسُوْلِهٖ لِيَحْكُمَ بَيْنَهُمْ اِذَا فَرِيْقٌ مِّنْهُمْ مُّعْرِضُوْنَ٤٨
Wa iżā du‘ū ilallāhi wa rasūlihī liyaḥkuma bainahum iżā farīqum minhum mu‘riḍūn(a).
[48] Lan kadung iyane diceluk nong Gusti Alloh 638 lan rosule, wakne rosul ngukumi (ngadili) nong antarane iyan-iyane, moro-moro sebagiane teko iyane nulak enggo teko.
638) Maksude: diceluk enggo bertahkim nong kitabe Gusti Alloh

وَاِنْ يَّكُنْ لَّهُمُ الْحَقُّ يَأْتُوْٓا اِلَيْهِ مُذْعِنِيْنَ٤٩
Wa iy yakul lahumul-ḥaqqu ya'tū ilaihi muż‘inīn(a).
[49] Taping kadung keputusane iku enggo (keenakane) iyane, iyane podo teko nong rosul kambi patuh.

اَفِيْ قُلُوْبِهِمْ مَّرَضٌ اَمِ ارْتَابُوْٓا اَمْ يَخَافُوْنَ اَنْ يَّحِيْفَ اللّٰهُ عَلَيْهِمْ وَرَسُوْلُهٗ ۗبَلْ اُولٰۤىِٕكَ هُمُ الظّٰلِمُوْنَ ࣖ٥٠
Afī qulūbihim maraḍun amirtābū am yakhāfūna ay yaḥīfallāhu ‘alaihim wa rasūluh(ū), bal ulā'ika humuẓ-ẓālimūn(a).
[50] Opo (osing tekone iyane iku kerono) reng jero atine ono penyakit, utowo (kerono) iyane podo mamang utowo (kerono) wedi kadung-kadung Gusti Alloh lan rosule nggawe kedzoliman nong iyane? Sakbenere, iyane dewek iku wong-wong kang podo dzolim.

اِنَّمَا كَانَ قَوْلَ الْمُؤْمِنِيْنَ اِذَا دُعُوْٓا اِلَى اللّٰهِ وَرَسُوْلِهٖ لِيَحْكُمَ بَيْنَهُمْ اَنْ يَّقُوْلُوْا سَمِعْنَا وَاَطَعْنَاۗ وَاُولٰۤىِٕكَ هُمُ الْمُفْلِحُوْنَ٥١
Innamā kāna qaulal-mu'minīna iżā du‘ū ilallāhi wa rasūlihī liyaḥkuma bainahum ay yaqūlū sami‘nā wa aṭa‘nā, wa ulā'ika humul-mufliḥūn(a).
[51] Saktemene jawabane wong-wong kang podo iman, kadung iyane kabeh diceluk (enggo) nong Gusti Alloh lan rosule, wakne rosul ngukum (ngadili) reng antarane iyane 639 yoiku “omongan. Isun kabeh rungu lan patuh.” Lan iyane iku wong-wong kang untung.
639) Maksude: reng antarane kaum muslimin kambi kaum muslimin lan antarane kaum muslimin kambi kang osing muslimin

وَمَنْ يُّطِعِ اللّٰهَ وَرَسُوْلَهٗ وَيَخْشَ اللّٰهَ وَيَتَّقْهِ فَاُولٰۤىِٕكَ هُمُ الْفَاۤىِٕزُوْنَ٥٢
Wa may yuṭi‘illāha wa rasūlahū wa yakhsyallāha wa yattaqhi fa ulā'ika humul-fā'izūn(a).
[52] Lan sopo baen kang taat nong Gusti Alloh lan rosule lan wedi nong Gusti Alloh lan takwa nong Iyane (Gusti Alloh), mongko iyane iku wong-wong kang oleh kemenangane. 640
640) Kang dimaksud kambi “wedi nong Gusti Alloh” yoiku wedi nong Gusti Alloh sebabe duso-duso kang wes dilakoni, lan kang dimaksud kambi “takwa” yoiku ngerokso awake teko sekabehane macem duso-duso kang mungkin kedaden.

۞ وَاَقْسَمُوْا بِاللّٰهِ جَهْدَ اَيْمَانِهِمْ لَىِٕنْ اَمَرْتَهُمْ لَيَخْرُجُنَّۗ قُلْ لَّا تُقْسِمُوْاۚ طَاعَةٌ مَّعْرُوْفَةٌ ۗاِنَّ اللّٰهَ خَبِيْرٌۢ بِمَا تَعْمَلُوْنَ٥٣
Wa aqsamū billāhi jahda aimānihim la'in amartahum layakhrujunn(a), qul lā tuqsimū, ṭā‘atum ma‘rūfah(tun), innallāha khabīrum bimā ta‘malūn(a).
[53] Lan iyane sumpah kambi arane Gusti Alloh sekuat-kuate sumpah, kadung siro merintah iyane perang, pasti iyane arep melaku. Ngomongo: ojo siro sumpah, (kerono taate kang dijaluk yoiku) taate kang wes terkenal. Saktemene Gusti Alloh weruh paran baen kang siro gawe.

قُلْ اَطِيْعُوا اللّٰهَ وَاَطِيْعُوا الرَّسُوْلَۚ فَاِنْ تَوَلَّوْا فَاِنَّمَا عَلَيْهِ مَا حُمِّلَ وَعَلَيْكُمْ مَّا حُمِّلْتُمْۗ وَاِنْ تُطِيْعُوْهُ تَهْتَدُوْاۗ وَمَا عَلَى الرَّسُوْلِ اِلَّا الْبَلٰغُ الْمُبِيْنُ٥٤
Qul aṭī‘ullāha wa aṭī‘ur-rasūl(a), fa in tawallau fa innamā ‘alaihi mā ḥummila wa ‘alaikum mā ḥummiltum, wa in tuṭī‘ūhu tahtadū, wa mā ‘alar rasūli illal-balāgul-mubīn(u).
[54] Ngomongo: “Ta’ato nong Gusti Alloh lan ta’ato nong rosule: lan kadung siro kabeh melengos mongko saktemene kewajibane rosul iku paran kang diabotaken nong Iyane, lan kewajibane siro kabeh iku mung parang kang diabotaken nong siro kabeh. Lan kadung siro kabeh ta’at nong Iyane, pasti siro kabeh oleh petunjuk. Lan osing liyo kewajibane rosul iku mung nyampekaken (amanate Gusti Alloh) kambi terang.

وَعَدَ اللّٰهُ الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا مِنْكُمْ وَعَمِلُوا الصّٰلِحٰتِ لَيَسْتَخْلِفَنَّهُمْ فِى الْاَرْضِ كَمَا اسْتَخْلَفَ الَّذِيْنَ مِنْ قَبْلِهِمْۖ وَلَيُمَكِّنَنَّ لَهُمْ دِيْنَهُمُ الَّذِى ارْتَضٰى لَهُمْ وَلَيُبَدِّلَنَّهُمْ مِّنْۢ بَعْدِ خَوْفِهِمْ اَمْنًاۗ يَعْبُدُوْنَنِيْ لَا يُشْرِكُوْنَ بِيْ شَيْـًٔاۗ وَمَنْ كَفَرَ بَعْدَ ذٰلِكَ فَاُولٰۤىِٕكَ هُمُ الْفٰسِقُوْنَ٥٥
Wa‘adallāhul-lażīna āmanū minkum wa ‘amiluṣ-ṣāliḥāti layastakhlifannahum fil-arḍi kamastakhlafal-lażīna min qablihim, wa layumakkinanna lahum dīnahumul-lażirtaḍā lahum wa layubaddilannahum mim ba‘di khaufihim amnā(n), ya‘budūnanī lā yusyrikūna bī syai'ā(n), wa man kafara ba‘da żālika fa ulā'ika humul-fāsiqūn(a).
[55] Lan Gusti Alloh uwes janji nong wong-wong kang podo iman reng antarane siro lan kang ngelakoni amal-amal kang sholeh kadung saktemene Iyane bener-bener arep dadekaken iyane kabeh kuwoso reng bumi, koyo Iyane wes dadekaken wong-wong kang sedurunge iyan-iyane kuwoso, lan temenan Iyane arep nguataken kanggo iyan-iyane agomo kang wes diridloine enggo iyan-iyane, lan Iyane bener-bener arep ganti (keadaan) iyan-iyane, sakmarine iyan-iyane ono reng jero kewedian dadi aman sentoso. Iyan-iyane tetep nyembah isun kambi osing nyekutokaken siji paran baen nong Isun. Lan sopo baen kang (tetep) kafir sakmarine (janji) iku, mongko iyan-iyane ikulah wong-wong kang fasik.

وَاَقِيْمُوا الصَّلٰوةَ وَاٰتُوا الزَّكٰوةَ وَاَطِيْعُوا الرَّسُوْلَ لَعَلَّكُمْ تُرْحَمُوْنَ٥٦
Wa aqīmuṣ-ṣalāta wa ātuz-zakāta wa aṭī‘ur-rasūla la‘allakum turḥamūn(a).
[56] lan ngadekeno sembahyang, mbayaro zakat, lan ta’ato nong rosul, makne siro diweni rohmat.

لَا تَحْسَبَنَّ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا مُعْجِزِيْنَ فِى الْاَرْضِۚ وَمَأْوٰىهُمُ النَّارُۗ وَلَبِئْسَ الْمَصِيْرُ ࣖ٥٧
Lā taḥsabannal-lażīna kafarū mu‘jizīna fil-arḍ(i), wa ma'wāhumun-nār(u), wa labi'sal-maṣīr(u).
[57] Ojo siro ngiro kadung wong-wong kang kafir iku biso ngelemahaken (Gusti Alloh teko nekso iyan-iyane) reng bumi iki, sedeng panggonan umahe reng akherat iku neroko. Lan temenan seru eleke (neroko) iku (dadi) panggonan balikw.

يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا لِيَسْتَأْذِنْكُمُ الَّذِيْنَ مَلَكَتْ اَيْمَانُكُمْ وَالَّذِيْنَ لَمْ يَبْلُغُوا الْحُلُمَ مِنْكُمْ ثَلٰثَ مَرّٰتٍۗ مِنْ قَبْلِ صَلٰوةِ الْفَجْرِ وَحِيْنَ تَضَعُوْنَ ثِيَابَكُمْ مِّنَ الظَّهِيْرَةِ وَمِنْۢ بَعْدِ صَلٰوةِ الْعِشَاۤءِۗ ثَلٰثُ عَوْرٰتٍ لَّكُمْۗ لَيْسَ عَلَيْكُمْ وَلَا عَلَيْهِمْ جُنَاحٌۢ بَعْدَهُنَّۗ طَوَّافُوْنَ عَلَيْكُمْ بَعْضُكُمْ عَلٰى بَعْضٍۗ كَذٰلِكَ يُبَيِّنُ اللّٰهُ لَكُمُ الْاٰيٰتِۗ وَاللّٰهُ عَلِيْمٌ حَكِيْمٌ٥٨
Yā ayyuhal-lażīna āmanū liyasta'żinkumul-lażīna malakat aimānukum wal-lażīna lam yablugul-ḥuluma minkum ṡalāṡa marrāt(in), min qabli ṣalātil-fajri wa ḥīna taḍa‘ūna ṡiyābakum minaẓ-ẓahīrati wa mim ba‘di ṣalātil-‘isyā'(i), ṡalāṡu ‘aurātil lakum, laisa ‘alaikum wa lā ‘alaihim junāḥum ba‘dahunn(a), ṭawwāfūna ‘alaikum ba‘ḍukum ‘alā ba‘ḍ(in), każālika yubayyinullāhu lakumul-āyāt(i), wallāhu ‘alīmun ḥakīm(un).
[58] Hei wong-wong kang podo iman, apike budak-budak (lanang utowo wadon) kang duwine siro, lan wong-wong kang durung beligh reng antarane siro kabeh, njaluk izin nong siro ping telu (reng siji dino) yoiku: sedurunge sembahyang subuh, waktu siro ngotak kelkambi (njobone) siro reng tengahe raino lan sakmarine sembahyang Isya’. (gedikon iku) telong aurat kanggo siro 641. Osing ono duso nong siro lan osing (ugo) nong iyan-iyane sakliyane teko (waktu telu) iku. 642 Iyan-iyane ngelayani siro, sebagiane siro (ono perlu) nong sebagiane (kang liyo). Gedigu iku Gusti Alloh Maha weruh tur Maha wicaksono.
641) Maksude: telung macem waktu kang biasane reng waktu-waktu iku awake wong akeh kebuka’e (mbangkang), kerono iku Gusti Alloh ngelarang budak-budak lan lare-lare kang durung baligh melebu kamar turune wong kang tuwek tanpo izin reng waktu-waktu kang disebut iku. 642) Maksude: osing duso kadung iyan-iyane osing dicegah melebu tanpo izin, lan osing ugo iyan-iyane duso kadung melebu osing njaluk izin.

وَاِذَا بَلَغَ الْاَطْفَالُ مِنْكُمُ الْحُلُمَ فَلْيَسْتَأْذِنُوْا كَمَا اسْتَأْذَنَ الَّذِيْنَ مِنْ قَبْلِهِمْۗ كَذٰلِكَ يُبَيِّنُ اللّٰهُ لَكُمْ اٰيٰتِهٖۗ وَاللّٰهُ عَلِيْمٌ حَكِيْمٌ٥٩
Wa iżā balagal-aṭfālu minkumul-ḥuluma falyasta'żinū kamasta'żanal-lażīna min qablihim, każālika yubayyinullāhu lakum āyātih(ī),wallāhu ‘alīmun ḥakīm(un).
[59] Lan kadung anak-anak siro wes gadug umur baligh, monko apike iyane njaluk izin, koyo wong-wong kang sedurunge iyan-iyane njaluk izin 643. Gedigu iku Gusti Alloh njelasaken ayat-ayate. Lan Gusti Alloh Maha weruh tur Maha wicaksono.
643) Maksude: lare-lare teko wong-wong kang merdiko kang dudu mahrom, kang wes baligh, kudune njaluk izin sedurunge kadung arep melebu meturut coro wong-wong kang disebutaken nong jero ayat 27 lan 28 surat iki masalah njaluk izin.

وَالْقَوَاعِدُ مِنَ النِّسَاۤءِ الّٰتِيْ لَا يَرْجُوْنَ نِكَاحًا فَلَيْسَ عَلَيْهِنَّ جُنَاحٌ اَنْ يَّضَعْنَ ثِيَابَهُنَّ غَيْرَ مُتَبَرِّجٰتٍۢ بِزِيْنَةٍۗ وَاَنْ يَّسْتَعْفِفْنَ خَيْرٌ لَّهُنَّۗ وَاللّٰهُ سَمِيْعٌ عَلِيْمٌ٦٠
Wal-qawā‘idu minan-nisā'il-lātī lā yarjūna nikāḥan fa laisa ‘alaihinna junāḥun ay yaḍa‘na ṡiyābahunna gaira mutabarrijātim bizīnah(tin), wa ay yasta‘fifna khairul lahunn(a), wallāhu samī‘un ‘alīm(un).
[60] Lan wong-wong wadon kang tuwek kang uwes mandeg (haid lan metenge) kang osing kepingin kawin (maning), osingo nong wong-wong iku duso (kadung nyoplok) dicantelaken kelkambine 644 iyane kambi osing (arep) ngatokaken perhiasane, lan lakon sopan iku nlebih apik kanggo iyan-iyane. Lan Gusti Alloh Maha Rungu tur Maha Weruh.
644) Maksude: kelambi njobo kang kadung diutak osing ngatokaken aurote.

لَيْسَ عَلَى الْاَعْمٰى حَرَجٌ وَّلَا عَلَى الْاَعْرَجِ حَرَجٌ وَّلَا عَلَى الْمَرِيْضِ حَرَجٌ وَّلَا عَلٰٓى اَنْفُسِكُمْ اَنْ تَأْكُلُوْا مِنْۢ بُيُوْتِكُمْ اَوْ بُيُوْتِ اٰبَاۤىِٕكُمْ اَوْ بُيُوْتِ اُمَّهٰتِكُمْ اَوْ بُيُوْتِ اِخْوَانِكُمْ اَوْ بُيُوْتِ اَخَوٰتِكُمْ اَوْ بُيُوْتِ اَعْمَامِكُمْ اَوْ بُيُوْتِ عَمّٰتِكُمْ اَوْ بُيُوْتِ اَخْوَالِكُمْ اَوْ بُيُوْتِ خٰلٰتِكُمْ اَوْ مَا مَلَكْتُمْ مَّفَاتِحَهٗٓ اَوْ صَدِيْقِكُمْۗ لَيْسَ عَلَيْكُمْ جُنَاحٌ اَنْ تَأْكُلُوْا جَمِيْعًا اَوْ اَشْتَاتًاۗ فَاِذَا دَخَلْتُمْ بُيُوْتًا فَسَلِّمُوْا عَلٰٓى اَنْفُسِكُمْ تَحِيَّةً مِّنْ عِنْدِ اللّٰهِ مُبٰرَكَةً طَيِّبَةً ۗ كَذٰلِكَ يُبَيِّنُ اللّٰهُ لَكُمُ الْاٰيٰتِ لَعَلَّكُمْ تَعْقِلُوْنَ ࣖ٦١
Laisa ‘alal-a‘mā ḥarajuw wa lā ‘alal-a‘raji ḥarajuw wa lā ‘alal-marīḍi ḥarajuw wa lā ‘alā anfusikum an ta'kulū mim buyūtikum au buyūti ābā'ikum au buyūti ummahātikum au buyūti ikhwānikum au buyūti akhawātikum au buyūti a‘māmikum au buyūti ‘ammātikum au buyūti akhwālikum au buyūti khālātikum au mā malaktum mafātiḥahū au ṣadīqikum, laisa ‘alaikum junāḥun an ta'kulū jamī‘an au asytātā(n), fa iżā dakhaltum buyūtan fa sallimū ‘alā anfusikum taḥiyyatam min ‘indillāhi mubārakatan ṭayyibah(tan), każālika yubayyinullāhu lakumul-āyāti la‘allakum ta‘qilūn(a).
[61] Osing ono alangan kanggo wong kang picek, osing (ugo) kanggo wong kang kedengklangan, osing (ugo) kanggo wong loro’, lan osing (ugo) kanggo awake siro dewek, madang (bareng-bareng iyan-iyane) reng umahe siro dewek utowo reng umahe bapak-bapak’e siro, reng umahe emak-emak’e siro, reng umahe dulur-dulure iro lanang, reng umahe dulur-dulur iro wadon, reng umahe sedulure bapak’e siro kang lanang, reng umahe sedulure bapak’e siro kang wadon, reng umahe sedulure emak’e siro kang lanang, reng umahe sedulure emak’e siro kang wadon, reng umah kang iyane duwe serege 645 utowo reng umahe konco-koncone siro, osing ono alangan kanggo siro mangan bareng-baren iyane utowo dewekan. Mongko kadung siro melebu (sijine umah teko) umah-umah (iki), apike siro uruk salam nong (wong kang manggoni kang berarti uruk salam) nong awake dewek. Salam kang ditetepaken teko sandinge Gusti Alloh, kang diberkati tur apik. Gedigu Gusti Alloh njelasaken ayat-ayate kanggo siro, makne siro mahamine.
645) Maksude: umah kang diserahaken nong siro ngerumate.

اِنَّمَا الْمُؤْمِنُوْنَ الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا بِاللّٰهِ وَرَسُوْلِهٖ وَاِذَا كَانُوْا مَعَهٗ عَلٰٓى اَمْرٍ جَامِعٍ لَّمْ يَذْهَبُوْا حَتّٰى يَسْتَأْذِنُوْهُۗ اِنَّ الَّذِيْنَ يَسْتَأْذِنُوْنَكَ اُولٰۤىِٕكَ الَّذِيْنَ يُؤْمِنُوْنَ بِاللّٰهِ وَرَسُوْلِهٖۚ فَاِذَا اسْتَأْذَنُوْكَ لِبَعْضِ شَأْنِهِمْ فَأْذَنْ لِّمَنْ شِئْتَ مِنْهُمْ وَاسْتَغْفِرْ لَهُمُ اللّٰهَ ۗاِنَّ اللّٰهَ غَفُوْرٌ رَّحِيْمٌ٦٢
Innamal-mu'minūnal-lażīna āmanū billāhi wa rasūlihī wa iżā kānū ma‘ahū ‘alā amrin jāmi‘il lam yażhabū ḥattā yasta'żinūh(u), innal-lażīna yasta'żinūnaka ulā'ikal-lażīna yu'minūna billāhi wa rasūlih(ī), fa iżasta'żanūka liba‘ḍi sya'nihim fa'żal liman syi'ta minhum wastagfir lahumullāh(a), innallāha gafūrur raḥīm(un).
[62] Saktemene kang sakbener-benere wong kang iman yoiku wong-wong kang podo iman nong Gusti Alloh lan rosule, lan kadung iyan-iyane bareng Rosululloh nong siji urusan kang merlokaken ketemuan, iyane osing ninggalaken (Rosululloh) sedurunge iyane njaluk izin nong (rosul). Saktemene wong-wong kang njaluk izin nong siro (Muhammad), iyan-iyane ikulah wong-wong kang podo iman nong Gusti Alloh lan Rosule, mongko kadung iyan-iyane njaluk izin nong siro kerono siji keperluan, uwenono izin nong sopo baen kang siro karepi reng antarane iyan-iyane, lan jalukno sepuro kanggo iyan-iyane nong Gusti Alloh. Saktemene Gusti Alloh Maha Nyepuro tur Maha Sayang.

لَا تَجْعَلُوْا دُعَاۤءَ الرَّسُوْلِ بَيْنَكُمْ كَدُعَاۤءِ بَعْضِكُمْ بَعْضًاۗ قَدْ يَعْلَمُ اللّٰهُ الَّذِيْنَ يَتَسَلَّلُوْنَ مِنْكُمْ لِوَاذًاۚ فَلْيَحْذَرِ الَّذِيْنَ يُخَالِفُوْنَ عَنْ اَمْرِهٖٓ اَنْ تُصِيْبَهُمْ فِتْنَةٌ اَوْ يُصِيْبَهُمْ عَذَابٌ اَلِيْمٌ٦٣
Lā taj‘alū du‘ā'ar-rasūli bainakum kadu‘ā'i ba‘ḍikum ba‘ḍā(n), qad ya'lamullāhul-lażīna yatasallalūna minkum liwāżā(n), falyaḥżaril-lażīna yukhālifūna ‘an amrihī an tuṣībahum fitnatun au yuṣībahum ‘ażābun alīm(un).
[63] Ojo siro dadekaken celukane Rosul ren antarane siro koyo celukane sebagiane (kang liyo). Saktemene Gusti Alloh uwes weruh nong wong-wong kang sithik-sithik melaku teko antarane siro kambi (nggolek) lindungan (nong koncone), mongko patute wong-wong kang nyalahi perintahe rosul wedi arep ditibani belai utowo ngenengi nong iyane sekso kang perih

اَلَآ اِنَّ لِلّٰهِ مَا فِى السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِۗ قَدْ يَعْلَمُ مَآ اَنْتُمْ عَلَيْهِۗ وَيَوْمَ يُرْجَعُوْنَ اِلَيْهِ فَيُنَبِّئُهُمْ بِمَا عَمِلُوْاۗ وَاللّٰهُ بِكُلِّ شَيْءٍ عَلِيْمٌ ࣖ٦٤
Alā inna lillāhi mā fis-samāwāti wal-arḍ(i), qad ya‘lamu mā antum ‘alaih(i), wa yauma yurja‘ūna ilaihi fa yunabbi'uhum bimā ‘amilū, wallāhu bikulli syai'in ‘alīm(un).
[64] Ngertiyo saktemene duwene Gusti Alloh paran kang reng langit lan reng bumi. Saktemene Iyane weruh nong keadaan kang siro ono reng jerone (saiki). Lan (weruh pisan) dino (menuso) dibalekaken nong Iyane (Gusti Alloh) terus diterangaken nong iyan-iyane paran kang wes iyan-iyane lakoni. Lan Gusti Alloh Maha weruh sekabehane barang.