Surah Al-Mu’minun

Daftar Surah

بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
قَدْ اَفْلَحَ الْمُؤْمِنُوْنَ ۙ١
Qad aflaḥal-mu'minūn(a).
[1] Saktemene untung wong-wong kang podo iman.

الَّذِيْنَ هُمْ فِيْ صَلَاتِهِمْ خٰشِعُوْنَ٢
Allażīna hum fī ṣalātihim khāsyi‘ūn(a).
[2] (Yoiku) wong-wong kang kadung sholat (iyane) khusu’

وَالَّذِيْنَ هُمْ عَنِ اللَّغْوِ مُعْرِضُوْنَ ۙ٣
Wal-lażīna hum ‘anil-lagwi mu‘riḍūn(a).
[3] Lan wong-wong kang ngadohaken awake teko (kelakuane lan omongane) kang heng ono gunane,

وَالَّذِيْنَ هُمْ لِلزَّكٰوةِ فٰعِلُوْنَ ۙ٤
Wal-lażīna hum liz-zakāti fā‘ilūn(a).
[4] Lan wong-wong kang mbayari zakat,

وَالَّذِيْنَ هُمْ لِفُرُوْجِهِمْ حٰفِظُوْنَ ۙ٥
Wal-lażīna hum lifurūjihim ḥāfiẓūn(a).
[5] Lan wong-wong kang njogo perjine

اِلَّا عَلٰٓى اَزْوَاجِهِمْ اَوْ مَا مَلَكَتْ اَيْمَانُهُمْ فَاِنَّهُمْ غَيْرُ مَلُوْمِيْنَۚ٦
Illā ‘alā azwājihim au mā malakat aimānuhum fa innahum gairu malūmīn(a).
[6] Kejobo nong rabi-rabine utowo budake kang iyane duwe 589 ; mongko saktemene iyan-iyane nong urusan iki osing diino (dicacad).
589) Maksude: budak-budak tukon kang oleh mari perang kambi wong kafir, duduk budak tukon kang oleh teko njobone perang. Nong jerone perang kambi wong-wong kafir iku wadon-wadon kang kecekel biasane dibagek-bagekakennong kaum muslim kang milu perang. Lan kebiasaane iki osing perkoro kang diwajibaken. Imam oleh ngelarang keniasaan iki, dilengen sak teruse nong not.

فَمَنِ ابْتَغٰى وَرَاۤءَ ذٰلِكَ فَاُولٰۤىِٕكَ هُمُ الْعَادُوْنَ ۚ٧
Famanibtagā warā'a żālika fa ulā'ika humul-‘ādūn(a).
[7] Sopo baen nggolek kang nong walike iku 590 mongko iyane kabeh iku wong-wong kang ngeliwati wates.
590) Maksude: zino, homoseks lan liyo-liyane.

وَالَّذِيْنَ هُمْ لِاَمٰنٰتِهِمْ وَعَهْدِهِمْ رَاعُوْنَ ۙ٨
Wal-lażīna hum li'amānātihim wa ‘ahdihim rā‘ūn(a).
[8] Lan wong-wong kang ngerumat amanat-amanat (kang dicekel) lan janji-janjine.

وَالَّذِيْنَ هُمْ عَلٰى صَلَوٰتِهِمْ يُحَافِظُوْنَ ۘ٩
Wal-lażīna hum ‘alā ṣalawātihim yuḥāfiẓūn(a).
[9] Lan wong-wong kang ngerokso sembahyange.

اُولٰۤىِٕكَ هُمُ الْوٰرِثُوْنَ ۙ١٠
Ulā'ika humul-wāriṡūn(a).
[10] Iyane kabeh iku kang arep oleh warisan

الَّذِيْنَ يَرِثُوْنَ الْفِرْدَوْسَۗ هُمْ فِيْهَا خٰلِدُوْنَ١١
Allażīna yariṡūnal-firdaus(a), hum fīhā khālidūn(a).
[11] (Yakni) kang arep oleh warisan surgo firdaus lan iyane langgeng nong jerone.

وَلَقَدْ خَلَقْنَا الْاِنْسَانَ مِنْ سُلٰلَةٍ مِّنْ طِيْنٍ ۚ١٢
Wa laqad khalaqnal-insāna min sulālatim min ṭīn(in).
[12] Lan saktemene Isun uwes nggawe menuso teko siji saripati (asale) teko lemah.

ثُمَّ جَعَلْنٰهُ نُطْفَةً فِيْ قَرَارٍ مَّكِيْنٍ ۖ١٣
Ṡumma ja‘alnāhu nuṭfatan fī qarārim makīn(in).
[13] Terus Isun gawe saripati iku (dadi) banyu mani (kang diparoti) nong panggonan kang kuat (rahim).

ثُمَّ خَلَقْنَا النُّطْفَةَ عَلَقَةً فَخَلَقْنَا الْعَلَقَةَ مُضْغَةً فَخَلَقْنَا الْمُضْغَةَ عِظٰمًا فَكَسَوْنَا الْعِظٰمَ لَحْمًا ثُمَّ اَنْشَأْنٰهُ خَلْقًا اٰخَرَۗ فَتَبَارَكَ اللّٰهُ اَحْسَنُ الْخٰلِقِيْنَۗ١٤
Ṡumma khalaqnan-nuṭfata ‘alaqatan fa khalaqnal-‘alaqata muḍgatan fa khalaqnal-muḍgata ‘iẓāman fa kasaunal-‘iẓāma laḥmā(n), ṡumma ansya'nāhu khalqan ākhar(a), fa tabārakallāhu aḥsanul-khāliqīn(a).
[14] Terus banyu mani iku isun gawe dadi getih kempel, lan getih kempel Isun gawe dadi sekepel daging. Lan sekepel daging iku Isun gawe dadi belung-belunge., terus belung-belungane iku Isun pelas kambi daging, terus isun gawe iyane iku dadi mahluk kang (ono wujude) liyane. Mongko Maha rijig Gusti Alloh dzat kang gawe kang keseron apike.

ثُمَّ اِنَّكُمْ بَعْدَ ذٰلِكَ لَمَيِّتُوْنَ ۗ١٥
Ṡumma innakum ba‘da żālika lamayyitūn(a).
[15] Terus sakmarine iku, saktemene siro kabeh bener-bener arep mati.

ثُمَّ اِنَّكُمْ يَوْمَ الْقِيٰمَةِ تُبْعَثُوْنَ١٦
Ṡumma innakum yaumal-qiyāmati tub‘aṡūn(a).
[16] Terus, saktemene siro kabeh arep ditangekaken (teko kuburaniro) nong dino kiamat.

وَلَقَدْ خَلَقْنَا فَوْقَكُمْ سَبْعَ طَرَاۤىِٕقَۖ وَمَا كُنَّا عَنِ الْخَلْقِ غٰفِلِيْنَ١٧
Wa laqad khalaqnā fauqakum sab‘a ṭarā'iq(a), wa mā kunnā ‘anil-khalqi gāfilīn(a).
[17] Lan saktemene Isun gawe nong reng duwure siro pitung dalan (pitu langit), lan isun osing lali-laliyan nong gawenane Isun.

وَاَنْزَلْنَا مِنَ السَّمَاۤءِ مَاۤءًۢ بِقَدَرٍ فَاَسْكَنّٰهُ فِى الْاَرْضِۖ وَاِنَّا عَلٰى ذَهَابٍۢ بِهٖ لَقٰدِرُوْنَ ۚ١٨
Wa anzalnā minas-samā'i mā'am biqadarin fa askannāhu fil-arḍ(i), wa innā ‘alā żahābim bihī laqādirūn(a).
[18] Lan Isun mudunaken banyu teko langit modoni kambi ukurane; terus Isun gawe banyu iku manggon nong bumi, lan saktemene Isun bener-bener kuwoso ngilangakene.

فَاَنْشَأْنَا لَكُمْ بِهٖ جَنّٰتٍ مِّنْ نَّخِيْلٍ وَّاَعْنَابٍۘ لَكُمْ فِيْهَا فَوَاكِهُ كَثِيْرَةٌ وَّمِنْهَا تَأْكُلُوْنَ ۙ١٩
Fa ansya'nā lakum bihī jannātim min nakhīliw wa a‘nāb(in), lakum fīhā fawākihu kaṡīratuw wa minhā ta'kulūn(a).
[19] Terus jalaran banyu udan iku Isun perujukaken kanggo siro kebonan-kebonan kurmo lan anggur; nong kebonan-kebonan iku siro oleh uwoh-uwohan kang akeh lan sebagiane uwoh-uwohan iku (keneng) siro pangan.

وَشَجَرَةً تَخْرُجُ مِنْ طُوْرِ سَيْنَاۤءَ تَنْۢبُتُ بِالدُّهْنِ وَصِبْغٍ لِّلْاٰكِلِيْنَ٢٠
Wa syajaratan takhruju min ṭūri sainā'a tambutu bid-duhni wa ṣibgil lil-ākilīn(a).
[20] Lan uwite kayu metu teko Thursina (uwit zaitun) kang ngasilaken lengok’ lan enggo kokohe wong-wong kang madang.

وَاِنَّ لَكُمْ فِى الْاَنْعَامِ لَعِبْرَةًۗ نُسْقِيْكُمْ مِّمَّا فِيْ بُطُوْنِهَا وَلَكُمْ فِيْهَا مَنَافِعُ كَثِيْرَةٌ وَّمِنْهَا تَأْكُلُوْنَ ۙ٢١
Wa inna lakum fil-an‘āmi la‘ibrah(tan), nusqīkum mimmā fī buṭūnihā wa lakum fīhā manāfi‘u kaṡīratuw wa minhā ta'kulūn(a).
[21] Lan saktemene ono reng kewan-kewan rawatan, bener-bener ono pelajaran kang penting kanggo siro, Isun nguweni ngombe siro teko banyu susu kang ono jero wetenge, lan (ugo) nong kewan-kewan iku ono faedah kang akeh kanggoniro, lan sebagiane teko awake siro pangan.

وَعَلَيْهَا وَعَلَى الْفُلْكِ تُحْمَلُوْنَ ࣖ٢٢
Wa ‘alaihā wa ‘alal-fulki tuḥmalūn(a).
[22] Lan nong duwure boyoke kewan-kewan rawatan iku lan (ugo) nong duwure perahu siro ditunggangaken.

وَلَقَدْ اَرْسَلْنَا نُوْحًا اِلٰى قَوْمِهٖ فَقَالَ يٰقَوْمِ اعْبُدُوا اللّٰهَ مَا لَكُمْ مِّنْ اِلٰهٍ غَيْرُهٗۗ اَفَلَا تَتَّقُوْنَ٢٣
Wa laqad arsalnā nūḥan ilā qaumihī fa qāla yā qaumi‘budullāha mā lakum min ilāhin gairuh(ū), afalā tattaqūn(a).
[23] Lan saktemene Isun ngutus Nuh nong kaume, terus iyane ngomong: “Hei kaume isun, nyembaho siro kabeh nong Gusti Alloh, (kerono) sepisanpisano osing ono pengeran kanggo siro sakliyane Iyane, mongko apuo siro osing takwa (nong Iyane)?”

فَقَالَ الْمَلَؤُا الَّذِيْنَ كَفَرُوْا مِنْ قَوْمِهٖ مَا هٰذَآ اِلَّا بَشَرٌ مِّثْلُكُمْۙ يُرِيْدُ اَنْ يَّتَفَضَّلَ عَلَيْكُمْۗ وَلَوْ شَاۤءَ اللّٰهُ لَاَنْزَلَ مَلٰۤىِٕكَةً ۖمَّا سَمِعْنَا بِهٰذَا فِيْٓ اٰبَاۤىِٕنَا الْاَوَّلِيْنَ ۚ٢٤
Fa qālal-mala'ul-lażīna kafarū min qaumihī mā hāżā illā basyarum miṡlukum, yurīdu ay yatafaḍḍala ‘alaikum, wa lau syā'allāhu la'anzala malā'ikah(tan), mā sami‘nā bihāżā fī ābā'inal-awwalīn(a).
[24] Mongko pengarep-pengarepe wong kafir teko antarane kaume njawab: “wong iki osing liyo mung menuso koyo siro, kang arep kepingen dadi wong kang lebih duwur teko siro. Lan kadung Gusti Alloh ngarepaken, tentu Iyane ngutus piro-piro malaikat. Durung tau isun rungu (celukan koyo gedigu) iki nong mbah-buyut isun kang bengen.

اِنْ هُوَ اِلَّا رَجُلٌۢ بِهٖ جِنَّةٌ فَتَرَبَّصُوْا بِهٖ حَتّٰى حِيْنٍ٢٥
In huwa illā rajulum bihī jinnatun fa tarabbaṣū bihī ḥattā ḥīn(in).
[25] Iyane osing liyo mung wong lanang kang loro edan, mongko ngantenono (sabaro) sampek siji waktu.

قَالَ رَبِّ انْصُرْنِيْ بِمَا كَذَّبُوْنِ٢٦
Qāla rabbinṣurnī bimā każżabūn(i).
[26] Nuh ndungo: “hei pengeranisun, tulungono isun 591 , kerono iyane kabeh nggubabi nong isun.
591) Pitulunge kang dijaluk kambi Nuh nong gusti Gusti Alloh iku mateni kaume sakentek-enteke. Dilengen mari iki surat (71) Nuh ayat 26.

فَاَوْحَيْنَآ اِلَيْهِ اَنِ اصْنَعِ الْفُلْكَ بِاَعْيُنِنَا وَوَحْيِنَا فَاِذَا جَاۤءَ اَمْرُنَا وَفَارَ التَّنُّوْرُۙ فَاسْلُكْ فِيْهَا مِنْ كُلٍّ زَوْجَيْنِ اثْنَيْنِ وَاَهْلَكَ اِلَّا مَنْ سَبَقَ عَلَيْهِ الْقَوْلُ مِنْهُمْۚ وَلَا تُخَاطِبْنِيْ فِى الَّذِيْنَ ظَلَمُوْاۚ اِنَّهُمْ مُّغْرَقُوْنَ٢٧
Fa auḥainā ilaihi aniṣna‘il-fulka bi'a‘yuninā wa waḥyinā fa iżā jā'a amrunā wafārat-tannūr(u), fasluk fīhā min kullin zaujainiṡnaini wa ahlaka illā man sabaqa ‘alaihil-qaulu minhum, wa lā tukhāṭibnī fil-lażīna ẓalamū, innahum mugraqūn(a).
[27] Terus Isun wahyukaken nong iyane: “nggaweo kapal nong ngisore tulihane lan petunjuk Isun, mongko kadung perintahisun wes teko lan tannur 592 uwes muncrataken banyu, mongko lebokeno nong jero kapal saben-saben pasangan teko jenis paran baen lan (ugo) keluwarganiro, kejobo wong kang bengene wes ditetepaken (arep dikenengaken sekso) teko antarane iyane kabeh. Lan siro ojo mbahas kambi Isun wong-wong kang dzolim, kerono saktemene iyane kabeh iku arep disilepaken.
592) Kang dikarepaken kambi “tannur” yoiku alat enggo ngolah roti kang diendoh reng jero lemah kang digawe teko bahan lemah, biyasane osing ono banyu nong jerone. Muncrate banyu teko jero tannur iku dadi tenger kadung banjir gedi arep ngusap negeri iku.

فَاِذَا اسْتَوَيْتَ اَنْتَ وَمَنْ مَّعَكَ عَلَى الْفُلْكِ فَقُلِ الْحَمْدُ لِلّٰهِ الَّذِيْ نَجّٰىنَا مِنَ الْقَوْمِ الظّٰلِمِيْنَ٢٨
Fa iżastawaita anta wa mam ma‘aka ‘alal-fulki fa qulil-ḥamdu lillāhil-lażī najjānā minal-qaumiẓ-ẓālimīn(a).
[28] Kadung siro lan wong-wong kang barengiro wes ono reng duwure kapal, mongko ngucapeno: “sekabehane puji duwine Gusti Alloh kang wes nyelametaken isun kabeh teko wong-wong kang dzolim.”

وَقُلْ رَّبِّ اَنْزِلْنِيْ مُنْزَلًا مُّبٰرَكًا وَّاَنْتَ خَيْرُ الْمُنْزِلِيْنَ٢٩
Wa qur rabbi anzilnī munzalam mubārakaw wa anta khairul-munzilīn(a).
[29] Lan dungo’o: “Hei Pengeranisun panggokno isun nong panggonan kan diberkati, lan saktemene Riko iku dzat kang seapik-apike nguweni panggonan.”

اِنَّ فِيْ ذٰلِكَ لَاٰيٰتٍ وَّاِنْ كُنَّا لَمُبْتَلِيْنَ٣٠
Inna fī żālika la'āyātiw wa in kunnā lamubtalīn(a).
[30] Saktemene nong (kedadean) iku bener-bener ono piro-piro tenger (gedine Gusti Alloh) lan saktemene Isun nyiciraken sekso (nong kaume Nuh iku).

ثُمَّ اَنْشَأْنَا مِنْۢ بَعْدِهِمْ قَرْنًا اٰخَرِيْنَ ۚ٣١
Ṡumma ansya'nā mim ba‘dihim qarnan ākharīn(a).
[31] Terus Isun gawe sakmarine iku umat kang liyan. 593
593) Maksude: Kaum ‘Ad koyo kang diriwayataken kambi Ibnu Abbas, lan gedigu iku kang dicekeli kambi akehe ahli tafsir, lan rosul kang diutus nong kalangane iyan-iyane kang diunekaken nong jero ayat 32 ngerep iki yoiku Nabi Hud a.s.

فَاَرْسَلْنَا فِيْهِمْ رَسُوْلًا مِّنْهُمْ اَنِ اعْبُدُوا اللّٰهَ مَا لَكُمْ مِّنْ اِلٰهٍ غَيْرُهٗۗ اَفَلَا تَتَّقُوْنَ ࣖ٣٢
Fa arsalnā fīhim rasūlam minhum ani‘budullāha mā lakum min ilāhin gairuh(ū), afalā tattaqūn(a).
[32] Terus isun utus nong iyan-iyane, rosul teko kalangane iyane dewek (kang ngomong): “Podo nyembaho siro kabeh nong Gusti Alloh, sepisan-pisano osing ono pengeran sakliyane Iyane, mongko apuo siro osing takwa (nong Iyane).

وَقَالَ الْمَلَاُ مِنْ قَوْمِهِ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا وَكَذَّبُوْا بِلِقَاۤءِ الْاٰخِرَةِ وَاَتْرَفْنٰهُمْ فِى الْحَيٰوةِ الدُّنْيَاۙ مَا هٰذَآ اِلَّا بَشَرٌ مِّثْلُكُمْۙ يَأْكُلُ مِمَّا تَأْكُلُوْنَ مِنْهُ وَيَشْرَبُ مِمَّا تَشْرَبُوْنَ٣٣
Wa qālal-mala'u min qaumihil-lażīna kafarū wa każżabū biliqā'il-ākhirati wa atrafnāhum fil-ḥayātid-dun-yā, mā hāżā illā basyarum miṡlukum, ya'kulu mimmā ta'kulūna minhu wa yasyrabu mimmā tasyrabūn(a).
[33] Lan podo ngomong pengarep-pengarepe wong kafir reng antarane kaume lan kang nggubabi nong dino akherat (mbesok) lan Isun uwes mewah-mewahaken iyan-iyane nong keuripane reng dunyo: “(Wong) iki osing liyo mung menuso kang koyo siro kabeh, iyane madang teko paran baen kang siro padang, lan ngombe teko paran baen kang siro ombe.

وَلَىِٕنْ اَطَعْتُمْ بَشَرًا مِّثْلَكُمْ اِنَّكُمْ اِذًا لَّخٰسِرُوْنَ ۙ٣٤
Wa la'in aṭa‘tum basyaram miṡlakum innakum iżal lakhāsirūn(a).
[34] Lan saktemene kadung siro kabeh naati menuso kang koyo siro, pesti kadung gedigu siro bener-bener (dadi) wong-wong kang rugi.

اَيَعِدُكُمْ اَنَّكُمْ اِذَا مِتُّمْ وَكُنْتُمْ تُرَابًا وَّعِظَامًا اَنَّكُمْ مُّخْرَجُوْنَ ۖ٣٥
Aya‘idukum annakum iżā mittum wa kuntum turābaw wa ‘iẓāman annakum mukhrajūn(a).
[35] Opo iyane njanjekaken nong siro kabeh, temenan kadung siro mati lan wes dadi lemah lan kare belungane thok, saktemene siro arep dimetukaken (teko kuburaniro) 594 ?,
594) Maksude: dimetukaken nong keadaan urip koyo waktu reng dunyo.

۞ هَيْهَاتَ هَيْهَاتَ لِمَا تُوْعَدُوْنَ ۖ٣٦
Haihāta haihāta limā tū‘adūn(a).
[36] Adoh, adoh temenan (teko kebeneran) paran kang diawasaken nong siro iku,

اِنْ هِيَ اِلَّا حَيَاتُنَا الدُّنْيَا نَمُوْتُ وَنَحْيَا وَمَا نَحْنُ بِمَبْعُوْثِيْنَ ۖ٣٧
In hiya illā ḥayātunad-dun-yā namūtu wa naḥyā wa mā naḥnu bimab‘ūṡīn(a).
[37] Keuripan iku osing liyo mung keuripane kito reng dunyo iki, kito mati lan kito urip 595 lan sepisan-pisano osing arep ditangekaken maning.
595) Maksude: nong sebelahe sebagiane teko menuso ninggal dunyo, mongko ono menuso kang liyo dilahiraken.

اِنْ هُوَ اِلَّا رَجُلُ ِۨافْتَرٰى عَلَى اللّٰهِ كَذِبًا وَّمَا نَحْنُ لَهٗ بِمُؤْمِنِيْنَ٣٨
In huwa illā rajuluniftarā ‘alallāhi każibaw wa mā naḥnu lahū bimu'minīn(a).
[38] Iyane osing liyo mung wong kang gawe-gawe gubab nong Gusti Alloh, lan isun kabeh sithik-sithiko osing iman nong iyane”.

قَالَ رَبِّ انْصُرْنِيْ بِمَا كَذَّبُوْنِ٣٩
Qāla rabbinṣurnī bimā każżabūn(i).
[39] Rosul iku ndungo: “Hei pengeranisun, tulungen isun kerono iyane kabeh uwes ngubabaken isun.”

قَالَ عَمَّا قَلِيْلٍ لَّيُصْبِحُنَّ نٰدِمِيْنَ ۚ٤٠
Qāla ‘ammā qalīlil layuṣbiḥunna nādimīn(a).
[40] Gusti Alloh ngomong: “nong waktu sedilut maning pasti iyane arep dadi wong-wong kang getun.”

فَاَخَذَتْهُمُ الصَّيْحَةُ بِالْحَقِّ فَجَعَلْنٰهُمْ غُثَاۤءًۚ فَبُعْدًا لِّلْقَوْمِ الظّٰلِمِيْنَ٤١
Fa akhażathumuṣ-ṣaiḥatu bil-ḥaqqi fa ja'alahum guṡā'ā(n), fa bu‘dal lil-qaumiẓ-ẓālimīn(a).
[41] Mongko dipateni kabeh iyane kelawan hak kambi suworo kang gemeludug lan Isun dadekan iyane (dadi) deketane banjir 596 mongko mati iku kanggo wong-wong kang dzolim iku.
596) Maksude: gedigu elek’e akibat teko iyan-iyane, sampek iyan-iyane heng biso kubet sithik baen, osing ubah koyo deketan kang dilelepaken banjir, padahal bengene awake iyan-iyane gedi-gedi lan kuwat-kuwat.

ثُمَّ اَنْشَأْنَا مِنْۢ بَعْدِهِمْ قُرُوْنًا اٰخَرِيْنَ ۗ٤٢
Ṡumma ansya'nā mim ba‘dihim qurūnan ākharīn(a).
[42] Terus Isun nggawe sakmarine iyan-iyane umat-umat kang liyan 597
597) Maksude: kaume Nabi Sholeh, kaume nabi Luth lan kaume Nabi Syu’aib.

مَا تَسْبِقُ مِنْ اُمَّةٍ اَجَلَهَا وَمَا يَسْتَأْخِرُوْنَ ۗ٤٣
Mā tasbiqu min ummatin ajalahā wa mā yasta'khirūn(a).
[43] Osing (biso) siji umat nyulungi ajale lan osing (biso ugo) iyan-iyan ngasepaken (teko ajale iku).

ثُمَّ اَرْسَلْنَا رُسُلَنَا تَتْرَاۗ كُلَّمَا جَاۤءَ اُمَّةً رَّسُوْلُهَا كَذَّبُوْهُ فَاَتْبَعْنَا بَعْضَهُمْ بَعْضًا وَّجَعَلْنٰهُمْ اَحَادِيْثَۚ فَبُعْدًا لِّقَوْمٍ لَّا يُؤْمِنُوْنَ٤٤
Ṡumma arsalnā rusulanā tatrā, kullamā jā'a ummatar rasūluhā każżabūhu fa atba‘nā ba‘ḍahum ba‘ḍaw wa ja‘alnāhum aḥādīṡ(a), fa bu‘dal liqaumil lā yu'minūn(a).
[44] Terus Isun utus (nong umat-umat iku) rosul-rosulisun terus-terusan, saben-saben rosul iku teko nong umate, umate iku nggubabi, mongko Isun pilokaken sebagiane iyan-iyane nong sebagiane kang liyan 598 . Lan Isun gawe iyan-iyane dadi bahan omongan menuso. Mongko mati iku kanggo wong-wong kang osing iman.
598) Maksude: kerono saben-saben umat iku nggubabi rosule, mongko Gusti Alloh mateni iyan-iyane terus terusan.

ثُمَّ اَرْسَلْنَا مُوْسٰى وَاَخَاهُ هٰرُوْنَ ەۙ بِاٰيٰتِنَا وَسُلْطٰنٍ مُّبِيْنٍۙ٤٥
Ṡumma arsalnā mūsā wa akhāhu hārūn(a), bi'āyātinā wa sulṭānim mubīn(in).
[45] Terus isun ngutus Musa kambi dulure Harun gowo tenger-tenger (gedine) Isun, lan bukti kang nyoto 599
599) Kang dikarepaken kambi tenger-tengere gedine Gusti Alloh lan bukti kang nyoto nong jerone ayat iki yoiku: mu’jizate nabi Musa kang songo, dilengen not 869.

اِلٰى فِرْعَوْنَ وَمَلَا۟ىِٕهٖ فَاسْتَكْبَرُوْا وَكَانُوْا قَوْمًا عَالِيْنَ ۚ٤٦
Ilā fir‘auna wa mala'ihī fastakbarū wa kānū qauman ‘ālīn(a).
[46] Nong Fir’aun lan penggeden-penggedene kaume, mongko iyan-iyane iki takabur lan iyan-iyane iku wong-wong kang ladak.

فَقَالُوْٓا اَنُؤْمِنُ لِبَشَرَيْنِ مِثْلِنَا وَقَوْمُهُمَا لَنَا عٰبِدُوْنَ ۚ٤٧
Fa qālū anu'minu libasyaraini miṡlinā wa qaumuhumā lanā ‘ābidūn(a).
[47] Lan iyan-iyane ngomong: “Opo (patut) kito percoyo nang wong loro menuso koyo kito dewek, padahal kaume iyane (Bani Isroil) iku wong-wong kan ngabdekaken awake nong awake kito?”

فَكَذَّبُوْهُمَا فَكَانُوْا مِنَ الْمُهْلَكِيْنَ٤٨
Fa każżabūhumā fa kānū minal-muhlakīn(a).
[48] Mongko iyan-iyane (tetep) nggubabi nong utusan loro, sebab iku iyan-iyane iku melebu wong-wong kang dipateni (dirusak).

وَلَقَدْ اٰتَيْنَا مُوْسَى الْكِتٰبَ لَعَلَّهُمْ يَهْتَدُوْنَ٤٩
Wa laqad ātainā mūsal-kitāba la‘allahum yahtadūn(a).
[49] Lan saktemene uwes Isun uwakaken Al-Kitab (Taurot) nong Musa, supoyo iyane (Bani Isroil) oleh petunjuk

وَجَعَلْنَا ابْنَ مَرْيَمَ وَاُمَّهٗٓ اٰيَةً وَّاٰوَيْنٰهُمَآ اِلٰى رَبْوَةٍ ذَاتِ قَرَارٍ وَّمَعِيْنٍ ࣖ٥٠
Wa ja‘alnabna maryama wa ummahū āyataw wa āwaināhumā ilā rabwatin żāti qarāriw wa ma‘īn(in).
[50] Lan Isun uwes dadekaken Isa anak lanange Maryam kambi emak’e dadi bukti kang nyoto kanggo (Kuwoso’e Isun) lan Isun manggokaken iyan-iyane nong panggonan kang duwur tur roto kang akeh lapangan suket lan sumber-sumber banyu kang mili. 600
600) Yoiku: panggonan nong Palestina.

يٰٓاَيُّهَا الرُّسُلُ كُلُوْا مِنَ الطَّيِّبٰتِ وَاعْمَلُوْا صَالِحًاۗ اِنِّيْ بِمَا تَعْمَلُوْنَ عَلِيْمٌ ۗ٥١
Yā ayyuhar-rusulu kulū minaṭ-ṭayyibāti wa‘malū ṣāliḥā(n), innī bimā ta‘malūna ‘alīm(un).
[51] He rosul-rosul, madango teko panganan kang apik-apik, lan lakonono amal kang sholeh. Saktemene Isun Maha Meruhi paran kang siro lakoni.

وَاِنَّ هٰذِهٖٓ اُمَّتُكُمْ اُمَّةً وَّاحِدَةً وَّاَنَا۠ رَبُّكُمْ فَاتَّقُوْنِ٥٢
Wa inna hāżihī ummatukum ummataw wāḥidataw wa ana rabbukum fattaqūn(i).
[52] Saktemene (agomo tauhid) iki, iku agamone siro kabeh, agomo kang siji 601 lan Isun iku pengeraniro, mongko takwaho siro nong Isun.
601) Dilengen not surat al-Anbiyaa’ (21) ayat 92.

فَتَقَطَّعُوْٓا اَمْرَهُمْ بَيْنَهُمْ زُبُرًاۗ كُلُّ حِزْبٍۢ بِمَا لَدَيْهِمْ فَرِحُوْنَ٥٣
Fa taqaṭṭa‘ū amrahum bainahum zuburā(n), kullu ḥizbim bimā ladaihim fariḥūn(a).
[53] Terus iyane (wong-wong kang milu rosul iku) gawe agomone iyan-iyane sigar dadi pirang-pirang golongan, saben-saben golongan ngeroso seneng/bangga nong paran baen kang ono reng awake (dewek-dewek).

فَذَرْهُمْ فِيْ غَمْرَتِهِمْ حَتّٰى حِيْنٍ٥٤
Fa żarhum fī gamratihim ḥattā ḥīn(in).
[54] Mongko ginengeno iyan-iyane nong kesesatane sampek waktune.

اَيَحْسَبُوْنَ اَنَّمَا نُمِدُّهُمْ بِهٖ مِنْ مَّالٍ وَّبَنِيْنَ ۙ٥٥
Ayaḥsabūna annamā numidduhum bihī mim māliw wabanīn(a).
[55] Opo iyane-iyane ngiro kadung saktemene bondo lan anak-anake kang Isun weni nong iyan-iayne iku (artine)

نُسَارِعُ لَهُمْ فِى الْخَيْرٰتِۗ بَلْ لَّا يَشْعُرُوْنَ٥٦
Nusāri‘u lahum fil-khairāt(i), bal lā yasy‘urūn(a).
[56] Isun age-age nguweni keapikan nong iyane kabeh? Osing, sakbenere iyan-iyane osing sadar (keroso). 602
602) Dilengen surat (9) at-Taubah ayat 55, lan dilengen surat (3) Ali ‘Imron

اِنَّ الَّذِيْنَ هُمْ مِّنْ خَشْيَةِ رَبِّهِمْ مُّشْفِقُوْنَ ۙ٥٧
Innal-lażīna hum min khasy-yati rabbihim musyfiqūn(a).
[57] Saktemene wong-wong kan ati-ati kerono wedi nong (sekso) pengerane iyane.

وَالَّذِيْنَ هُمْ بِاٰيٰتِ رَبِّهِمْ يُؤْمِنُوْنَ ۙ٥٨
Wal-lażīna hum bi'āyāti rabbihim yu'minūn(a).
[58] Lan wong-wong kang podo iman nong ayat-ayat pengerane iyane

وَالَّذِيْنَ هُمْ بِرَبِّهِمْ لَا يُشْرِكُوْنَ ۙ٥٩
Wal-lażīna hum birabbihim lā yusyrikūn(a).
[59] Lan wong-wong kang osing nyekutokaken nong pengerane iyane (kambi paran baen).

وَالَّذِيْنَ يُؤْتُوْنَ مَآ اٰتَوْا وَّقُلُوْبُهُمْ وَجِلَةٌ اَنَّهُمْ اِلٰى رَبِّهِمْ رٰجِعُوْنَ ۙ٦٠
Wal-lażīna yu'tūna mā ātaw wa qulūbuhum wajilatun annahum ilā rabbihim rāji‘ūn(a).
[60] Lan wong-wong kang nguwakaken paran baen kang iyane uwakaken, kambi ati kang wedi, (kerono iyane weruh kadung) saktemene iyane arep balek maning nong pengerane iyan-iyane 603 ,
603) Maksude: kerono weruh kadung iyan-iyane arep balek nong pengerane enggo dihisab (dietung-etung), mongko iyan-iyane kuwatir kadung-kadung paran baen kang iyane uwak-uwakaken (sedekah-sedekah) lan amal ibadahe kang iyane lakoni iku osing ditompo kambi Pengeran.

اُولٰۤىِٕكَ يُسَارِعُوْنَ فِى الْخَيْرٰتِ وَهُمْ لَهَا سٰبِقُوْنَ٦١
Ulā'ika yusāri‘ūna fil-khairāti wa hum lahā sābiqūn(a).
[61] Iyan-iyane age-age supoyo oleh keapikan-keapikan lan iyan-iyane iku wong kang age-age oleh 604
604) Maksude: wong-wong kang duwe sifat-sifat kang disebutaken ono reng ayat 57, 58, 59 lan 60 iku wong kang age-age oleh keapikan-keapikan lan keapikan-keapikan iku arep diuwakaken nong iyan-iyane kang age-age sakat iyane ono reng dunyo iki.

وَلَا نُكَلِّفُ نَفْسًا اِلَّا وُسْعَهَاۖ وَلَدَيْنَا كِتٰبٌ يَّنْطِقُ بِالْحَقِّ وَهُمْ لَا يُظْلَمُوْنَ٦٢
Wa lā nukallifu nafsan illā wus‘ahā, wa ladainā kitābuy yanṭiqu bil-ḥaqqi wa hum lā yuẓlamūn(a).
[62] Isun osing ngeboti wong kejobo ngepasi kambi kemampuane, lan nong ngarep Isun ono kitab kang ngomongaken kebeneran 605 , lan iyan-iyane osing dianioyo
605) Maksude: kitab panggonan malaikat-malikat nulisi kelakuane-kelakuane wong, emboh iku apik utowo elek, kang arep diwocokaken reng dino kiamat (dilengen surat (45) al-Jatsiyah ayat 29.

بَلْ قُلُوْبُهُمْ فِيْ غَمْرَةٍ مِّنْ هٰذَا وَلَهُمْ اَعْمَالٌ مِّنْ دُوْنِ ذٰلِكَ هُمْ لَهَا عٰمِلُوْنَ٦٣
Bal qulūbuhum fī gamratim min hāżā wa lahum a‘mālum min dūni żālika hum lahā ‘āmilūn(a).
[63] taping atine wong-wong kafir iku ono reng kesesatan/kesasar teko (mahami kang nyoto) iki, lan iyan-iyane akeh ngelakoni kelakuan-kelakuan (elek) sakliyane teko iku, iyan-iyane mage tetep ngelakoni iku baen.

حَتّٰىٓ اِذَآ اَخَذْنَا مُتْرَفِيْهِمْ بِالْعَذَابِ اِذَا هُمْ يَجْـَٔرُوْنَ ۗ٦٤
Ḥattā iżā akhażnā mutrafīhim bil-‘ażābi iżā hum yaj'arūn(a).
[64] Hinggo kadung Isun tibakaken sekso 606 , nong wong-wong kang urip mewah reng antarane iyan-iyane, ujug-ujug iyane podo mberak njaluk tolong.
606) Maksude: sekso nong akherat.

لَا تَجْـَٔرُوا الْيَوْمَۖ اِنَّكُمْ مِّنَّا لَا تُنْصَرُوْنَ٦٥
Lā taj'arul-yaum(a), innakum minnā lā tunṣarūn(a).
[65] Ojo’o siro mberak njaluk tolong reng dino iki. Saktemene siro osing ono wong kang arep nolongi teko Isun (Gusti Alloh).

قَدْ كَانَتْ اٰيٰتِيْ تُتْلٰى عَلَيْكُمْ فَكُنْتُمْ عَلٰٓى اَعْقَابِكُمْ تَنْكِصُوْنَ ۙ٦٦
Qad kānat āyātī tutlā ‘alaikum fa kuntum ‘alā a‘qābikum tankiṣūn(a).
[66] Saktemene ayat-ayate Isun (al-Qur’an) sering diwocokaken nong siro kabeh, mongko siro sering melengos memburi,

مُسْتَكْبِرِيْنَۙ بِهٖ سٰمِرًا تَهْجُرُوْنَ٦٧
Mustakbirīn(a), bihī sāmiran tahjurūn(a).
[67] kelawan ngeladakaken awake nong al-Qur’an iku lan ngucapaken omongan-omongan kotor nong (qur’an) kono reng waktu siro omong-omongan reng dino bengi.

اَفَلَمْ يَدَّبَّرُوا الْقَوْلَ اَمْ جَاۤءَهُمْ مَّا لَمْ يَأْتِ اٰبَاۤءَهُمُ الْاَوَّلِيْنَ ۖ٦٨
Afalam yaddabbarul-qaula am jā'ahum mā lam ya'ti ābā'ahumul-awwalīn(a).
[68] Mongko, opo iyan-iyane osing ngangen-angen omongan (Isun), utowo opo wes teko nong iyan-iyane paran kang osing tau teko nong mbah buyute bengen?

اَمْ لَمْ يَعْرِفُوْا رَسُوْلَهُمْ فَهُمْ لَهٗ مُنْكِرُوْنَ ۖ٦٩
Am lam ya‘rifū rasūlahum fahum lahū munkirūn(a).
[69] Utowo opo iyan-iyane osing weruh rosule iyan-iyane, kerono iku iyane podo mungkiri (nulak).

اَمْ يَقُوْلُوْنَ بِهٖ جِنَّةٌ ۗ بَلْ جَاۤءَهُمْ بِالْحَقِّ وَاَكْثَرُهُمْ لِلْحَقِّ كٰرِهُوْنَ٧٠
Am yaqūlūna bihī jinnah(tun), bal jā'ahum bil-ḥaqqi wa akṡaruhum lil-ḥaqqi kārihūn(a).
[70] Utowo (opo patut) iyan-iyane ngomong: “nong awake (Muhammad) ono penyakit edan” kang temenakno iyane wes nggowo kebeneran nong iyan-iyane kabeh lan akeh-akehe iyane kabeh melengos teko kebeneran.

وَلَوِ اتَّبَعَ الْحَقُّ اَهْوَاۤءَهُمْ لَفَسَدَتِ السَّمٰوٰتُ وَالْاَرْضُ وَمَنْ فِيْهِنَّۗ بَلْ اَتَيْنٰهُمْ بِذِكْرِهِمْ فَهُمْ عَنْ ذِكْرِهِمْ مُّعْرِضُوْنَ ۗ٧١
Wa lawittaba‘al-ḥaqqu ahwā'ahum lafasadatis-samāwātu wal-arḍu wa man fīhinn(a), bal ataināhum biżikrihim fahum ‘an żikrihim mu‘riḍūn(a).
[71] Misale baen kebeneran iku milu howo nafsune iyan-iyane, pesti rusak langit lan bumi iki lan kabeh wong kang ono reng jerone. Saktemene Isun wes nekokaken nong iyane kabeh kesenengane/kamulyane iyan-iyane taping iyane kabeh melengos teko kesenengane iku.

اَمْ تَسْـَٔلُهُمْ خَرْجًا فَخَرَاجُ رَبِّكَ خَيْرٌ ۖوَّهُوَ خَيْرُ الرّٰزِقِيْنَ٧٢
Am tas'aluhum kharjan fa kharāju rabbika khair(un), wa huwa khairur-rāziqīn(a).
[72] Utowo siro njaluk upah nong iyan-iyane, kang temenakno upah teko pengeraniro 607 iku lebih apik lan Iyane dzat kang nguweni rizki kang paling apik.
607) Kang dikarepaken upah teko pengerane yoiku rezki kang diuwakaken pengeran nong dunyo lan ganjaran nong akherat.

وَاِنَّكَ لَتَدْعُوْهُمْ اِلٰى صِرَاطٍ مُّسْتَقِيْمٍ٧٣
Wa innaka latad‘ūhum ilā ṣirāṭim mustaqīm(in).
[73] Lan saktemene siro bener-bener nyelok iyane kabeh nong dalan kang kenceng.

وَاِنَّ الَّذِيْنَ لَا يُؤْمِنُوْنَ بِالْاٰخِرَةِ عَنِ الصِّرَاطِ لَنٰكِبُوْنَ٧٤
Wa innal-lażīna lā yu'minūna bil-ākhirati ‘aniṣ-ṣirāṭi lanākibūn(a).
[74] Lan saktemene wong-wong kang osing iman nong umah akhirat bener-bener nyempang teko dalan (kang kenceng).

۞ وَلَوْ رَحِمْنٰهُمْ وَكَشَفْنَا مَا بِهِمْ مِّنْ ضُرٍّ لَّلَجُّوْا فِيْ طُغْيَانِهِمْ يَعْمَهُوْنَ٧٥
Wa lau raḥimnāhum wa kasyafnā mā bihim min ḍurril lalajjū fī ṭugyānihim ya‘mahūn(a).
[75] Kadung iyan-iyane Isun welas asihi, lan Isun usap belai kang iyan-iyane rasakaken 608 , temenan iyan-iyane arep terus-terusan kelayung-layung nong seru keserone 609 iyane.
608) Maksude: belai keloman. Uwes tau kaum musyrikin iku ngerasakaken keloman, kerono osing tekone bahan panganan teko Yaman nong Makkah, sedeng Makkah kambi sekelilinge nong keadaan paceklik, sampek iyane kabeh seru melarate nong waktu iku. 609) Kang dikarepaken kambi “thugyaan” (keseron) nong jero ayat iki yoiku seru kafire, ladak lan nyatruni Nabi Muhammad SAW lan kaum muslimin, kang sekabehane iku mau wes keliwat wates kemenusoan.

وَلَقَدْ اَخَذْنٰهُمْ بِالْعَذَابِ فَمَا اسْتَكَانُوْا لِرَبِّهِمْ وَمَا يَتَضَرَّعُوْنَ٧٦
Wa laqad akhażnāhum bil-‘ażābi famastakānū lirabbihim wa mā yataḍarra‘ūn(a).
[76] Lan saktemene Isun wes tau nibakaken sekso nong iyan-iyane 610 , mongko iyan-iyane osing patuh nong pengerane iyan-iyane, lan (ugo) osing dungo (nong Iyane) kambi ngendepaken awake.
610) Kang dikarepaken kambi sekso iku salah sijine yoiku kalahe iyan-iyane nong perang badar kang ono reng perang badar iku poro pengarepe akeh kang mati lan kecekel (dilebokaken penjoro), lan musim panas jemethot kang iyane rasakaken hinggo iyane kabeh loro keloman

حَتّٰىٓ اِذَا فَتَحْنَا عَلَيْهِمْ بَابًا ذَا عَذَابٍ شَدِيْدٍ اِذَا هُمْ فِيْهِ مُبْلِسُوْنَ ࣖ٧٧
Ḥattā iżā fataḥnā ‘alaihim bāban żā ‘ażābin syadīdin iżā hum fīhi mublisūn(a).
[77] Sehinggo kadung Isun bukakaken kanggo iyan-iyane lawang kang ono seksone kang seru perihe (nong waktu iku) moro-moro iyane kabeh dadi muthung.

وَهُوَ الَّذِيْٓ اَنْشَاَ لَكُمُ السَّمْعَ وَالْاَبْصَارَ وَالْاَفْـِٕدَةَۗ قَلِيْلًا مَّا تَشْكُرُوْنَ٧٨
Wa huwal-lażī yuḥyī wa yumītu wa lahukhtilāful-laili wan-nahār(i), afalā ta‘qilūn(a).
[78] Lan Iyane dzat kang gawe enggo siro kabeh, pengerungu, pendilengan lan ati. Kari sithik seru kang syukur. 611
611) kang dikarepaken syukur reng ayat iki yoiku nggunakaken kuping, moto lan ati enggo ngangen-ngangen bukti-bukti gedine lan mung sijine pengeran, kang biso nggowo iyane kabeh iman nong gusti Gusti Alloh swt serto taat lan patuh nong Iyane. Kaum musyrikin memang osing ngelakoni gedigu.

وَهُوَ الَّذِيْ ذَرَاَكُمْ فِى الْاَرْضِ وَاِلَيْهِ تُحْشَرُوْنَ٧٩
Bal qālū miṡla mā qālal-awwalūn(a).
[79] Lan Iyane dzat kang nggawe serto meranakaken siro kabeh reng bumi iki lan nong Iyane siro kabeh arep dikumpulaken.

وَهُوَ الَّذِيْ يُحْيٖ وَيُمِيْتُ وَلَهُ اخْتِلَافُ الَّيْلِ وَالنَّهَارِۗ اَفَلَا تَعْقِلُوْنَ٨٠
Qālū a'iżā mitnā wa kunnā turābaw wa ‘iẓāman a'innā lamab‘ūṡūn(a).
[80] Lan Iyane dzat kang nguripaken lan mateni, lan Iyane kang (ngatur) gentinane bengi lan raino. Mongko opo siro osing mahami?

بَلْ قَالُوْا مِثْلَ مَا قَالَ الْاَوَّلُوْنَ٨١
Laqad wu‘idnā naḥnu wa ābā'unā hāżā min qablu in hāżā illā asāṭīrul-awwalīn(a).
[81] Sakbenere iyan-iyane ngucapaken omongan kang modoni kambi omongan-omongan kang diucapaken kambi wong-wong bengene.

قَالُوْٓا ءَاِذَا مِتْنَا وَكُنَّا تُرَابًا وَّعِظَامًا ءَاِنَّا لَمَبْعُوْثُوْنَ٨٢
Qālū a'iżā mitnā wa kunnā turābaw wa ‘iẓāman a'innā lamab‘ūṡūn(a).
[82] Iyane kabeh ngomong: “opo bener, kadung isun kabeh mati lan isun akbeh wes dadi lemah lan belung, opo saktemene isun kabeh arep ditangekaken?

لَقَدْ وُعِدْنَا نَحْنُ وَاٰبَاۤؤُنَا هٰذَا مِنْ قَبْلُ اِنْ هٰذَآ اِلَّآ اَسَاطِيْرُ الْاَوَّلِيْنَ٨٣
Laqad wu‘idnā naḥnu wa ābā'unā hāżā min qablu in hāżā illā asāṭīrul-awwalīn(a).
[83] Saktemene isun kabeh lan bapak-bapak isun uwes diawasaken kambi dikenan 612 nong bengene, iki osing liyo mung dongengane wong-wong bengen!”.
612) Maksude diawasaken kambi dino ditangekaken

قُلْ لِّمَنِ الْاَرْضُ وَمَنْ فِيْهَآ اِنْ كُنْتُمْ تَعْلَمُوْنَ٨٤
Qul limanil-arḍu wa man fīhā in kuntum ta‘lamūn(a).
[84] Ngomongo: “Duwene sopo bumi lan paran baen kang ono reng duwure kadung siro kabeh weruh?”

سَيَقُوْلُوْنَ لِلّٰهِ ۗقُلْ اَفَلَا تَذَكَّرُوْنَ٨٥
Sayaqūlūna lillāh(i), qul afalā tażakkarūn(a).
[85] Iyan-iyane arep njawab: “duwene Gusti Alloh,” Ngomongo: “mongko apuo siro kabeh osing eleng?”

قُلْ مَنْ رَّبُّ السَّمٰوٰتِ السَّبْعِ وَرَبُّ الْعَرْشِ الْعَظِيْمِ٨٦
Qul mar rabbus-samāwātis-sab‘i wa rabbul-‘arsyil-‘aẓīm(i).
[86] Ngomongo: “Sopo kang duwe langit kang pitu lan kang duwe ‘Arsy kang gedi?

سَيَقُوْلُوْنَ لِلّٰهِ ۗقُلْ اَفَلَا تَتَّقُوْنَ٨٧
Sayaqūlūna lillāh(i), qul afalā tattaqūn(a).
[87] Iyan-iyane arep njawab: “Duwene Gusti Alloh,” Ngomongo: “Mongko apuo siro osing podo takwa?”

قُلْ مَنْۢ بِيَدِهٖ مَلَكُوْتُ كُلِّ شَيْءٍ وَّهُوَ يُجِيْرُ وَلَا يُجَارُ عَلَيْهِ اِنْ كُنْتُمْ تَعْلَمُوْنَ٨٨
Qul mam biyadihī malakūtu kulli syai'iw wa huwa yujīru wa lā yujāru ‘alaihi in kuntum ta‘lamūn(a).
[88] Ngomongo: “Sopo kang reng tangane ono kekuosoan/kerojoan sekabehane barang sedeng Iyane ngelindungi/mbentengi, taping osing ono kang biso dilindungi teko seksone (Gusti Alloh), kadung siro podo weruh?”

سَيَقُوْلُوْنَ لِلّٰهِ ۗقُلْ فَاَنّٰى تُسْحَرُوْنَ٨٩
Sayaqūlūna lillāh(i), qul fa annā tusḥarūn(a).
[89] Iyane podo arep njawab: “Duwene Gusti Alloh.” Ngomong: “(kadung gedigu), mongko teko dalan kang endi siro ditipu?”

بَلْ اَتَيْنٰهُمْ بِالْحَقِّ وَاِنَّهُمْ لَكٰذِبُوْنَ٩٠
Bal ataināhum bil-ḥaqqi wa innahum lakāżibūn(a).
[90] Sakbenere Isun uwes nggowo kebeneran 613 nong iyan-iyane lan saktemene iyan-iyane bener-bener wong kang podo nggubabi.
613) Kang dikarepaken kambi “kebeneran” reng ayat iki yoiku percoyo nong tauhid lan dino ditangekaken.

مَا اتَّخَذَ اللّٰهُ مِنْ وَّلَدٍ وَّمَا كَانَ مَعَهٗ مِنْ اِلٰهٍ اِذًا لَّذَهَبَ كُلُّ اِلٰهٍۢ بِمَا خَلَقَ وَلَعَلَا بَعْضُهُمْ عَلٰى بَعْضٍۗ سُبْحٰنَ اللّٰهِ عَمَّا يَصِفُوْنَ ۙ٩١
Mattakhażallāhu miw waladiw wa mā kāna ma‘ahū min ilāhin iżal lażahaba kullu ilāhim bimā khalaqa wa la‘alā ba‘ḍuhum ‘alā ba‘ḍ(in), subḥānallāhi ‘ammā yaṣifūn(a).
[91] Gusti Alloh sepisan-pisano osing duwe anak lan sepisan-pisano osing ono pengeran (kang liyo) kambi Iyane, kadung ono pengeran bareng kambi Iyane (Gusti Alloh), saben-saben pengeran iku arep nggowo mahluk kang digawe, ngalahaken sebagiane kang liyo. Maha Rijig/suci Gusti Alloh teko paran baen kang iyan-iyane sifataken iku.

عٰلِمِ الْغَيْبِ وَالشَّهَادَةِ فَتَعٰلٰى عَمَّا يُشْرِكُوْنَ ࣖ٩٢
‘Ālimil-gaibi wasy-syahādati fa ta‘ālā ‘ammā yusyrikūn(a).
[92] Kang mweruhi kabeh kang ghoib lan kabeh kang katon, mongko Maha duwurlah Iyane teko paran baen kang iyan-iyane sekutokaken (koncokaken).

قُلْ رَّبِّ اِمَّا تُرِيَنِّيْ مَا يُوْعَدُوْنَ ۙ٩٣
Qur rabbi immā turiyannī mā yū‘adūn(a).
[93] Ngomongo: “Duh pengeran, kadung riko bener-bener arep ngatonaken sekso kang diawasaken kanggo iyan-iyane,

رَبِّ فَلَا تَجْعَلْنِيْ فِى الْقَوْمِ الظّٰلِمِيْنَ٩٤
Rabbi falā taj‘alnī fil-qaumiẓ-ẓālimīn(a).
[94] Aduh Pengeranisun, mongko ojo riko dadikaken isun ono reng antarane wong-wong kang podo dzolim,”

وَاِنَّا عَلٰٓى اَنْ نُّرِيَكَ مَا نَعِدُهُمْ لَقٰدِرُوْنَ٩٥
Wa innā ‘alā an nuriyaka mā na‘iduhum laqādirūn(a).
[95] Lan saktemene Isun bener-bener kuwoso enggo ngatonaken paran baen kang isun awasaken kanggo iyane kabeh.

اِدْفَعْ بِالَّتِيْ هِيَ اَحْسَنُ السَّيِّئَةَۗ نَحْنُ اَعْلَمُ بِمَا يَصِفُوْنَ٩٦
Idfa‘ bil-latī hiya aḥsanus-sayyi'ah(ta), naḥnu a‘lamu bimā yaṣifūn(a).
[96] Tulaken kelakuane iyan-iyane kang elek iku kambi (kelakuan) kang lebih apik Isun lebih weruh kambi paran baen kang podo iyane sifataken 614.
614) Maksude: omongan-omongan lan kelakuan-kelakuane kaum musyrikin kang osing apik iku apike diadepi Nabi kambi kang apik, umpamane nyepuro iyane kabeh, asalno osing nggowo lemah lan mundure da’wah

وَقُلْ رَّبِّ اَعُوْذُ بِكَ مِنْ هَمَزٰتِ الشَّيٰطِيْنِ ۙ٩٧
Wa qur rabbi a‘ūżu bika min hamazātisy-syayāṭīn(i).
[97] Lan ngomongo: “Duh pengeranisun kulo nyuwon lindungan teng ndiko dugi besek-beseke syetan.

وَاَعُوْذُ بِكَ رَبِّ اَنْ يَّحْضُرُوْنِ٩٨
Wa a‘ūżu bika rabbi ay yaḥḍurūn(i).
[98] Lan kulo nyuwon lindungan (ugi) teng ndiko duh pengeran kulo dugi dugine tiyang-tiyang teng kulo.”

حَتّٰىٓ اِذَا جَاۤءَ اَحَدَهُمُ الْمَوْتُ قَالَ رَبِّ ارْجِعُوْنِ ۙ٩٩
Ḥattā iżā jā'a aḥadahumul-mautu qāla rabbirji‘ūn(i).
[99] (Koyo gedigu keadaane wong-wong kafir iku), sehinggo kadung teko kepaten nong salah sijine teko iyan-iyane, iyane podo ngomong: “duh pengeranisun balekno maning isun (reng dunyo) 615
615) Maksude: wong-wong kafir waktu ngadepi sekarat arepi mati, njaluk supoyo didowokaken umure iyane, wakne iyane podo biso iman.

لَعَلِّيْٓ اَعْمَلُ صَالِحًا فِيْمَا تَرَكْتُ كَلَّا ۗاِنَّهَا كَلِمَةٌ هُوَ قَاۤىِٕلُهَاۗ وَمِنْ وَّرَاۤىِٕهِمْ بَرْزَخٌ اِلٰى يَوْمِ يُبْعَثُوْنَ١٠٠
La‘allī a‘malu ṣāliḥan fīmā taraktu kallā, innahā kalimatun huwa qā'iluhā, wa miw warā'ihim barzakhun ilā yaumi yub‘aṡūn(a).
[100] Wakne isun ngelakoni amal kang sholeh nong (ibadah) paran baen kang isun tinggalaken. Sepisan-pisano osing. Saktemene iku omongan kang diucapaken thok. Lan reng arepe iyane kabeh ono bok (utowo tembok) sampek iyane podo ditangekaken. 616
616) Maksude: iyane kabeh saiki uwes podo ngadepi keuripan kang anyar, yoiku urip nong kuburan, kang matesi antarane dunyo lan akherat.

فَاِذَا نُفِخَ فِى الصُّوْرِ فَلَآ اَنْسَابَ بَيْنَهُمْ يَوْمَىِٕذٍ وَّلَا يَتَسَاۤءَلُوْنَ١٠١
Fa iżā nufikha fiṣ-ṣūri falā ansāba bainahum yauma'iżiw wa lā yatasā'alūn(a).
[101] Kadung serompete disemprong mongko osing ono maning tali peseduluran (nasab) reng antarane iyane kabeh nong dino iku 617, lan osing ono ugo iyane kang takon-takonan.
617) Maksude: nong dino kiamat iku, menuso osing biso tulung-tulungan masio sak keluargane

فَمَنْ ثَقُلَتْ مَوَازِيْنُهٗ فَاُولٰۤىِٕكَ هُمُ الْمُفْلِحُوْنَ١٠٢
Faman ṡaqulat mawāzīnuhū fa ulā'ika humul-mufliḥūn(a).
[102] Sopo baen kang abot timbangan (keapikane) iyane 618 , mongko iyane iku wong-wong kang oleh untung.
618) Maksude: wong-wong kang podo iman kang ngelakoni amal sholeh.

وَمَنْ خَفَّتْ مَوَازِيْنُهٗ فَاُولٰۤىِٕكَ الَّذِيْنَ خَسِرُوْٓا اَنْفُسَهُمْ فِيْ جَهَنَّمَ خٰلِدُوْنَ ۚ١٠٣
Wa man khaffat mawāzīnuhū fa ulā'ikal-lażīna khasirū anfusahum fī jahannama khālidūn(a).
[103] lan sopo baen kang enteng timbangan iyane 619, mongko iyane ikulah wong-wong kang ngerugekaken awake dewek, iyane sakteruse (kekal) nong jero neroko jahanam
619) Maksude: wong-wong kafir, kerono percoyone lan amale iyane osing ono diregani kambi Gusti Alloh reng dino kiamat iku. Dilengen ayat 105 surat (18) al-Kahfi.

تَلْفَحُ وُجُوْهَهُمُ النَّارُ وَهُمْ فِيْهَا كٰلِحُوْنَ١٠٤
Talfaḥu wujūhahumun-nāru wa hum fīhā kāliḥūn(a).
[104] Raine iyane diobong kambi geni neroko, lan iyane reng jero neroko keadaane cacad.

اَلَمْ تَكُنْ اٰيٰتِيْ تُتْلٰى عَلَيْكُمْ فَكُنْتُمْ بِهَا تُكَذِّبُوْنَ١٠٥
Alam takun āyātī tutlā ‘alaikum fa kuntum bihā tukażżibūn(a).
[105] Opo ayat-ayat isun osing durung diwocokaken nong siro kabeh, taping siro selalu nggubabi?

قَالُوْا رَبَّنَا غَلَبَتْ عَلَيْنَا شِقْوَتُنَا وَكُنَّا قَوْمًا ضَاۤلِّيْنَ١٠٦
Qālū rabbanā galabat ‘alainā syiqwatunā wa kunnā qauman ḍāllīn(a).
[106] Iyane podo ngomong: “Aduh pengeran isun, isun uwes dikuwasani kambi keolonane isun, lan isun wong-wong kang kesasar (sesat).

رَبَّنَآ اَخْرِجْنَا مِنْهَا فَاِنْ عُدْنَا فَاِنَّا ظٰلِمُوْنَ١٠٧
Rabbanā akhrijnā minhā fa in ‘udnā fa innā ẓālimūn(a).
[107] aduh pengeranisun, etokeno isun teko iku (kesesatan) lan (balekno isun nong dunyo), mongko kadung isun kabeh balik (maning nong kekafirane), saktemene isun kabeh iku wong-wong kang dzolim.”

قَالَ اخْسَـُٔوْا فِيْهَا وَلَا تُكَلِّمُوْنِ١٠٨
Qālakhsa'ū fīhā wa lā tukallimūn(i).
[108] Gusti Alloh ngucap: “Manggono kambi keino’an nong jerone, lan siro ojo ngomong nong Isun.

اِنَّهٗ كَانَ فَرِيْقٌ مِّنْ عِبَادِيْ يَقُوْلُوْنَ رَبَّنَآ اٰمَنَّا فَاغْفِرْ لَنَا وَارْحَمْنَا وَاَنْتَ خَيْرُ الرّٰحِمِيْنَ ۚ١٠٩
Innahū kāna farīqum min ‘ibādī yaqūlūna rabbanā āmannā fagfir lanā warḥamnā wa anta khairur-rāḥimīn(a).
[109] Saktemene, ono sakgolongan teko kawulo-kawuloisun ndungo (reng dunyo): “Duh pengeranisun, isun wes iman, mongko sepuronen isun kabeh lan welasono isun kabeh lan riko iku sak apik-apike zat kang nguweni rohmat (kewelasan).

فَاتَّخَذْتُمُوْهُمْ سِخْرِيًّا حَتّٰىٓ اَنْسَوْكُمْ ذِكْرِيْ وَكُنْتُمْ مِّنْهُمْ تَضْحَكُوْنَ١١٠
Fattakhażtumūhum sikhriyyan ḥattā ansaukum żikrī wa kuntum minhum taḍḥakūn(a).
[110] Terus siro dadekaken iyan-iyane bahan ngolok-ngolok, sehinggo (repote) siro ngolok-ngolok iyan-iyane, dadekaken siro lali nginget Isun lan siro sering gemuyokaken iyan-iyane.

اِنِّيْ جَزَيْتُهُمُ الْيَوْمَ بِمَا صَبَرُوْٓاۙ اَنَّهُمْ هُمُ الْفَاۤىِٕزُوْنَ١١١
Innī jazaituhumul-yauma bimā ṣabarū, annahum humul-fā'izūn(a).
[111] Saktemene Isun nguweni balesan reng dino iki, kerono sabare iyan-iyane; saktemene iyan-iyane iku wong-wong kang menang 620.”
620) Maksude ayat 108, 110 lan 111 yoiku wong-wong kafir iku diperintah manggon tetep noring neroko lan osing oleh ngomong kambi gusti Gusti Alloh, kerono iyan-iyane selalu ngolok-ngolok wong-wong kang iman, dungo nong gusti Gusti Alloh supoyo disepuro lan diwelasi.

قٰلَ كَمْ لَبِثْتُمْ فِى الْاَرْضِ عَدَدَ سِنِيْنَ١١٢
Qāla kam labiṡtum fil-arḍi ‘adada sinīn(a).
[112] Gusti Alloh takon: “Pirang tahun lawase siro manggon nong bumi?”

قَالُوْا لَبِثْنَا يَوْمًا اَوْ بَعْضَ يَوْمٍ فَسْـَٔلِ الْعَاۤدِّيْنَ١١٣
Qālū labiṡnā yauman au baḍa yaumin fas'alil-‘āddīn(a).
[113] Iyane kabeh njawab: “Isun kabeh manggon (reng bumi) sedino utowo setengah dino, mongko takokno nong wong-wong kang ngitung.”

قٰلَ اِنْ لَّبِثْتُمْ اِلَّا قَلِيْلًا لَّوْ اَنَّكُمْ كُنْتُمْ تَعْلَمُوْنَ١١٤
Qāla il labiṡtum illā qalīlal lau annakum kuntum ta‘lamūn(a).
[114] Gusti Alloh ngucap: “Siro osing manggon (reng bumi) kejobo mung sedilut baen, kadung siro saktemene ngeweruhi 621
621) Maksude: iyan-iyane apike kudu ngeweruhi kadung urip nong dunyo iku mung sedilut baen, sebab iku iyan-iyane kudune ojo mungmerhatekaken nong urusan dunyo thok.

اَفَحَسِبْتُمْ اَنَّمَا خَلَقْنٰكُمْ عَبَثًا وَّاَنَّكُمْ اِلَيْنَا لَا تُرْجَعُوْنَ١١٥
Afa ḥasibtum annamā khalaqnākum ‘abaṡaw wa annakum ilainā lā turja‘ūn(a).
[115] Mongko opo siro ngiro, kadung saktemene Isun nggawe siro mung memengan (baen) lan siro osing dibalekaken nong Isun?

فَتَعٰلَى اللّٰهُ الْمَلِكُ الْحَقُّۚ لَآ اِلٰهَ اِلَّا هُوَۚ رَبُّ الْعَرْشِ الْكَرِيْمِ١١٦
Fa ta‘ālallāhul-malikul-ḥaqq(u), lā ilāha illā huw(a), rabbul-‘arsyil-karīm(i).
[116] Mongko Maha Duwur Gusti Alloh, Rojo kang sakbenere; osing ono pengeran (kang pantes disembah) sakliyane Iyane. Pengeran (kang duwe) Arsy kang mulyo.

وَمَنْ يَّدْعُ مَعَ اللّٰهِ اِلٰهًا اٰخَرَ لَا بُرْهَانَ لَهٗ بِهٖۙ فَاِنَّمَا حِسَابُهٗ عِنْدَ رَبِّهٖۗ اِنَّهٗ لَا يُفْلِحُ الْكٰفِرُوْنَ١١٧
Wa may yad‘u ma‘allāhi ilāhan ākhara lā burhāna lahū bih(ī), fa innamā ḥisābuhū ‘inda rabbih(ī), innahū lā yufliḥul-kāfirūn(a).
[117] Lan sopo baen kang nyembah pengeran liyo kang nyandingi Gusti Alloh, kang temenakno osing ono siji dalil baen duwine iyane ngenengi masalah iku, mongko saktemene itungane nong ngarepe pengerane. Saktemene wong-wong kang kafir iku osing untung.

وَقُلْ رَّبِّ اغْفِرْ وَارْحَمْ وَاَنْتَ خَيْرُ الرّٰحِمِيْنَ ࣖ١١٨
Wa qur rabbigfir warḥam wa anta khairur-rāḥimīn(a).
[118] Lan ngomongo: “Duh pengeranisun uwenono sepuro lan uwenono rohmat, lan riko iku szat kang nguweni rohmat kang paling apik.”