Surah Al-Anbiya
بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
اِقْتَرَبَ لِلنَّاسِ حِسَابُهُمْ وَهُمْ فِيْ غَفْلَةٍ مُّعْرِضُوْنَ ۚ١
Iqtaraba lin-nāsi ḥisābuhum wa hum fī gaflatim mu‘riḍūn(a).
[1]
Wes parek ring manungso dino hisab sekabehe amalane iyane kabeh, ning iyane kabeh onok nyang kelengahan ugo nyingkur (teko iyane).
مَا يَأْتِيْهِمْ مِّنْ ذِكْرٍ مِّنْ رَّبِّهِمْ مُّحْدَثٍ اِلَّا اسْتَمَعُوْهُ وَهُمْ يَلْعَبُوْنَ ۙ٢
Mā ya'tīhim min żikrim mir rabbihim muḥdaṡin illastama‘ūhu wa hum yal‘abūn(a).
[2]
Sing teko nang iyane kabeh Al-Qur’an kang anyar (didunno) teko pengeran iyane kabeh, kejobo iyane kabeh ngerungokno, sedeng iyane kabeh pada memenganan.
لَاهِيَةً قُلُوْبُهُمْۗ وَاَسَرُّوا النَّجْوَىۖ الَّذِيْنَ ظَلَمُوْاۖ هَلْ هٰذَآ اِلَّا بَشَرٌ مِّثْلُكُمْۚ اَفَتَأْتُوْنَ السِّحْرَ وَاَنْتُمْ تُبْصِرُوْنَ٣
Lāhiyatan qulūbuhum, wa asarrun-najwal-lażīna ẓalamū, hal hāżā illā basyarum miṡlukum, afa ta'tūnas-siḥra wa antum tubṣirūn(a).
[3]
(Maning) ati iyane kabeh pada lengah. Lan iyane kabeh kang dzolim iku ngerahasiano kang dadi omongan kabeh: “Wong iki duduk liyan kejobo mung manungso koyok riko, mangka apa riko nerimo sihir 552 . Padahal riko nyaksikno.
552) Hang iyane kabeh maksud kaleh sihir teng mriki yoiku ayat-ayat Al-Qur’an
قٰلَ رَبِّيْ يَعْلَمُ الْقَوْلَ فِى السَّمَاۤءِ وَالْاَرْضِۖ وَهُوَ السَّمِيْعُ الْعَلِيْمُ٤
Qāla rabbī ya‘lamul-qaula fis-samā'i wal-arḍ(i), wa huwas-samī‘ul-‘alīm(u).
[4]
Wes Ngomong Muhammad (neng ngarepe iyane kabeh): pengeranisun ngeweruhi kabeh omongan ono ring langit lan bumi lan Iyane (Gusti Alloh) kang moho ngerungokno lan moho ngeweruhi.
بَلْ قَالُوْٓا اَضْغَاثُ اَحْلَامٍۢ بَلِ افْتَرٰىهُ بَلْ هُوَ شَاعِرٌۚ فَلْيَأْتِنَا بِاٰيَةٍ كَمَآ اُرْسِلَ الْاَوَّلُوْنَ٥
Bal qālū aḍgāṡu aḥlāmim baliftarāhu bal huwa syā‘ir(un), falya'tinā bi'āyatin kamā ursilal-awwalūn(a).
[5]
Maning iyane kabeh ngomong (pisan): “(Al-Qur’an iku yoiku) impenan kang seng karuan, malah dianak-anakno, maning iyane dewek wong penyair, mongko sakjane iyane nekakno nong kito hang aran mu’jizat, koyok to rasul-rasul kang diutus kepungkur”.
مَآ اٰمَنَتْ قَبْلَهُمْ مِّنْ قَرْيَةٍ اَهْلَكْنٰهَاۚ اَفَهُمْ يُؤْمِنُوْنَ٦
Mā āmanat qablahum min qaryatin ahlaknāhā, afahum yu'minūn(a).
[6]
Sing ono (menungso) nang negoro kang iman hang wes isun binasakno sakdurunge iyane kabeh; mongko opo iyane kabeh arep iman 553 ?
553) Maksude: umat kang bengen wes jaluk marang rasul-rasule mu’jizatlan Tuhan wes nekakno mu’jizat iku, tapi iyane kabeh tetap sing duwe iman, sekteruse Tuhan ngancurno iyane kabeh. Wong musyrikin ikupun kadung diwani mu’jizat hang iyane kabeh jaluk iku, iyane kabeh heng arep duwe iman, mergo iyane kabeh lebih angkuh maning teko umat-umat sak durunge.
وَمَآ اَرْسَلْنَا قَبْلَكَ اِلَّا رِجَالًا نُّوْحِيْٓ اِلَيْهِمْ فَسْـَٔلُوْٓا اَهْلَ الذِّكْرِ اِنْ كُنْتُمْ لَا تَعْلَمُوْنَ٧
Wa mā arsalnā qablaka illā rijālan nūḥī ilaihim fas'alū ahlaż-żikri in kuntum lā ta‘lamūn(a).
[7]
Isun heng ngutus poro rasul sakdurunge riko (Muhammad), kejobo sak akehe wong lanang hang Isun wani wahyu nong iyane kabeh, mongko takono siro nong kang duwe ilmu, kadung siro sing weruh.
وَمَا جَعَلْنٰهُمْ جَسَدًا لَّا يَأْكُلُوْنَ الطَّعَامَ وَمَا كَانُوْا خٰلِدِيْنَ٨
Wa mā ja‘alnāhum jasadal lā ya'kulūnaṭ-ṭa‘āma wa mā kānū khālidīn(a).
[8]
Lan heng Isun dadikaken iyane kabeh awak-awak kang heng mangan panganan, lan osing (pisan) iyane kabeh iku wong kang awet.
ثُمَّ صَدَقْنٰهُمُ الْوَعْدَ فَاَنْجَيْنٰهُمْ وَمَنْ نَّشَاۤءُ وَاَهْلَكْنَا الْمُسْرِفِيْنَ٩
Ṡumma ṣadaqnāhumul-wa‘da fa anjaināhum wa man nasyā'u wa ahlaknal-musrifīn(a).
[9]
Sakteruse Isun tepati janji (hang wes isun janjikaken) nong iyane kabeh. Mongko isun selametaken iyane kabeh lan wong-wong hang isun karepi lan isun binasakno wong kang ngelebihi wates.
لَقَدْ اَنْزَلْنَآ اِلَيْكُمْ كِتٰبًا فِيْهِ ذِكْرُكُمْۗ اَفَلَا تَعْقِلُوْنَ ࣖ١٠
Laqad anzalnā ilaikum kitāban fīhi żikrukum, afalā ta‘qilūn(a).
[10]
Saktemene wes Isun dunno nong siro siji kitab kang neng jerone ana kang dadi sebab keapikan siro. Jalaran iku opo siro sing ngeweruhi.
وَكَمْ قَصَمْنَا مِنْ قَرْيَةٍ كَانَتْ ظَالِمَةً وَّاَنْشَأْنَا بَعْدَهَا قَوْمًا اٰخَرِيْنَ١١
Wa kam qaṣamnā min qaryatin kānat ẓālimataw wa ansya'nā ba‘dahā qauman ākharīn(a).
[11]
Lan piro akehe (warga) negoro hang zalim kang wes isun ajuraken, lan Isun anakno sakwise iyane kabeh iku warga hang lain (kanggo gantine).
فَلَمَّآ اَحَسُّوْا بَأْسَنَآ اِذَا هُمْ مِّنْهَا يَرْكُضُوْنَ ۗ١٢
Falammā aḥassū ba'sanā iżā hum minhā yarkuḍūn(a).
[12]
Moko waktu iyane kabeh ngerasakno azab Isun, jemedul iyane kabeh mlayu teko negerine dewek.
لَا تَرْكُضُوْا وَارْجِعُوْٓا اِلٰى مَآ اُتْرِفْتُمْ فِيْهِ وَمَسٰكِنِكُمْ لَعَلَّكُمْ تُسْـَٔلُوْنَ١٣
Lā tarkuḍū warji‘ū ilā mā utriftum fīhi wa masākinikum la‘allakum tus'alūn(a).
[13]
Ojo siro mlayu kesusu; baliko siro nong nikmat hang wes siro rasakno lan nong panggonan omah (hang apik), supoyo siro ditakoni 554 .
554) Maksude: wong kang dolim iku ring wektu ngerasakaken azab Allah melayu dewek, terus wong-wong kang iman ngomong nong iyane kabeh ambi coro ngelokno, supoyo iyane kabeh tetep ring tempat awale ambi ngerasakno kenikmatan lan kelezatan urip, koyok to nyaur pitakon-pitakon kang arep didepno ring iyane kabeh.
قَالُوْا يٰوَيْلَنَآ اِنَّا كُنَّا ظٰلِمِيْنَ١٤
Qālū yā wailanā innā kunnā ẓālimīn(a).
[14]
Iyane kabeh ngomong : “aduh, ciloko isun kabeh, saktemene isun kabeh yaiku wong-wong kang dzolim”.
فَمَا زَالَتْ تِّلْكَ دَعْوٰىهُمْ حَتّٰى جَعَلْنٰهُمْ حَصِيْدًا خٰمِدِيْنَ١٥
Famā zālat tilka da‘wāhum ḥattā ja‘alnāhum ḥaṣīdan khāmidīn(a).
[15]
Moko tetepo gedigu sambate iyane kabeh, sampek Isun dadikaken iyane kabeh dadi tanduran kang wes di petik, kang sing biso urip maning.
وَمَا خَلَقْنَا السَّمَاۤءَ وَالْاَرْضَ وَمَا بَيْنَهُمَا لٰعِبِيْنَ١٦
Wa mā khalaqnas-samā'a wal-arḍa wa mā bainahumā lā‘ibīn(a).
[16]
Lan osingtah Isun ciptakno langit lan bumi lan sak onone kambi karone ambi memenganan 555 .
555) Maksude: Allah nyiptakno langit lan bumi apa anane ring antarane karo-karone ambi dijuwut makno lan tujuane kang nguwehi hikmah.
لَوْ اَرَدْنَآ اَنْ نَّتَّخِذَ لَهْوًا لَّاتَّخَذْنٰهُ مِنْ لَّدُنَّآ ۖاِنْ كُنَّا فٰعِلِيْنَ١٧
Lau aradnā an nattakhiża lahwal lattakhażnāhum mil ladunnā, in kunnā fā‘ilīn(a).
[17]
Sekirone Isun arep nggawe memenganan (rabi lan anak), sak mestine Isun nggawe teko sisine Isun 556 . Kadung Isun karep gawe gedigu, (sakmestine Isun wes ngelakoni).
556) Maksude teko sisi Isun yaiku kang sesuai ambi sipat-sipat Isun.
بَلْ نَقْذِفُ بِالْحَقِّ عَلَى الْبَاطِلِ فَيَدْمَغُهٗ فَاِذَا هُوَ زَاهِقٌۗ وَلَكُمُ الْوَيْلُ مِمَّا تَصِفُوْنَ١٨
Bal naqżifu bil-ḥaqqi ‘alal-bāṭili fa yadmaguhū fa iżā huwa zāhiq(un), wa lakumul-wailu mimmā taṣifūn(a).
[18]
Sakjane Isun ndeleh perkara hak ring perkoro batil nanging hang hak iku ngancurno, mongko jemedul hang batil iku ilang. Lan ciloko kanggo riko kerono riko nyipati (Gusti Alloh ambi sipat-sipat kang heng pantes kanggo Iyane).
وَلَهٗ مَنْ فِى السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِۗ وَمَنْ عِنْدَهٗ لَا يَسْتَكْبِرُوْنَ عَنْ عِبَادَتِهٖ وَلَا يَسْتَحْسِرُوْنَ ۚ١٩
Wa lahū man fis-samāwāti wal-arḍ(i), wa man ‘indahū lā yastakbirūna ‘an ‘ibādatihī wa lā yastaḥsirūn(a).
[19]
Lan keduwe Iyane (Gusti Alloh) kabeh hang ono ring langit lan ring bumi. Lan malaikat-malaikat kang ono ning sandinge Gusti Alloh, iyane kabeh sing ono duweni roso angkuh kanggo nyembah Gusti Alloh lan sing ono (pisan) keroso lemes.
يُسَبِّحُوْنَ الَّيْلَ وَالنَّهَارَ لَا يَفْتُرُوْنَ٢٠
Yusabbiḥūnal-laila wan-nahāra wa lā yafturūn(a).
[20]
Iyane kabeh ngajekaken moco tasbih ring dalu lan padang sing ono mandek-mandeke.
اَمِ اتَّخَذُوْٓا اٰلِهَةً مِّنَ الْاَرْضِ هُمْ يُنْشِرُوْنَ٢١
Amittakhażū ālihatam minal-arḍi hum yunsyirūn(a).
[21]
Opo iyane kabeh njuwut pengeran-pengeran teko bumi, kang biso nguripaken (wong-wong mati)?
لَوْ كَانَ فِيْهِمَآ اٰلِهَةٌ اِلَّا اللّٰهُ لَفَسَدَتَاۚ فَسُبْحٰنَ اللّٰهِ رَبِّ الْعَرْشِ عَمَّا يَصِفُوْنَ٢٢
Lau kāna fīhimā ālihatun illallāhu lafasadatā, fa subḥānallāhi rabbil-‘arsyi ‘ammā yaṣifūn(a).
[22]
Sekirone ono ring langit lan ring bumi pengeran-pengeran sak liyane Gusti Alloh, mestine karo-karone wis rusak binoso. Mongko Moho suci Gusti Alloh kang duweni ‘Arsy timbangane paran kang iyane kabeh sipati.
لَا يُسْـَٔلُ عَمَّا يَفْعَلُ وَهُمْ يُسْـَٔلُوْنَ٢٣
Lā yus'alu ‘ammā yaf‘alu wa hum yus'alūn(a).
[23]
Iyane sing ditakoni opo kang dilakoni Iyane. Lan justru iyane kabeh kang arep ditakoni.
اَمِ اتَّخَذُوْا مِنْ دُوْنِهٖٓ اٰلِهَةً ۗقُلْ هَاتُوْا بُرْهَانَكُمْۚ هٰذَا ذِكْرُ مَنْ مَّعِيَ وَذِكْرُ مَنْ قَبْلِيْۗ بَلْ اَكْثَرُهُمْ لَا يَعْلَمُوْنَۙ الْحَقَّ فَهُمْ مُّعْرِضُوْنَ٢٤
Amittakhażū min dūnihī ālihah(tan), qul hātū burhānakum, hāżā żikru mam ma‘iya wa żikru man qablī, bal akṡaruhum lā ya‘lamūnal-ḥaqqa fahum mu‘riḍūn(a).
[24]
Opo iyane kabeh juwut pengeran-pengeran selain Iyane? Ngucapo : Duduhno hujjah siro! (Al-Qur’an) iki yaiku woro-woro kanggo wong kang ambi Isun, lan woro-woro kanggo wong kang sakdurunge isun 557 ”. Saktemene akeh teko iyane kabeh heng ono ngerteni kang hak, mergo iku iyane kabeh nyingkur.
557) Keyakinan tauhid iku yoiku salah siji teko inti-inti agama kang kesebut nong jero Al-Qur’an lan kitab-kitab kang digowo oleh rasul-rasul sak durunge Nabi Muhammad SAW.
وَمَآ اَرْسَلْنَا مِنْ قَبْلِكَ مِنْ رَّسُوْلٍ اِلَّا نُوْحِيْٓ اِلَيْهِ اَنَّهٗ لَآ اِلٰهَ اِلَّآ اَنَا۠ فَاعْبُدُوْنِ٢٥
Wa mā arsalnā min qablika mir rasūlin illā nūḥī ilaihi annahū lā ilāha illā ana fa‘budūn(i).
[25]
Lan Isun osing ngutus wong siji rasul sak durunge siro, kejobo Isun wahyukno nong iyane: Yoiku osing onok pengeran (kang hak) kejobo Isun, mongko sembahen siro kabeh nang Isun”.
وَقَالُوا اتَّخَذَ الرَّحْمٰنُ وَلَدًا سُبْحٰنَهٗ ۗبَلْ عِبَادٌ مُّكْرَمُوْنَ ۙ٢٦
Wa qāluttakhażar-raḥmānu waladan subḥānah(ū), bal ‘ibādum mukramūn(a).
[26]
Lang iyane kabeh ngomong: “Pengeran Kang Moho Murah wes juwut (duwe) anak”, Moho Suci Gusti Alloh. Sak temene (malaikat-malaikat iku), yoiku kawulo-kawulo kang dimulyokaken 558 ,
558) Ayat iki didunno kanggo nyanggah sangkaan-sangkaan wong-wong musyrik kang ngomongno bahwa malaikat iku anake Allah.
لَا يَسْبِقُوْنَهٗ بِالْقَوْلِ وَهُمْ بِاَمْرِهٖ يَعْمَلُوْنَ٢٧
Lā yasbiqūnahū bil-qauli wa hum bi'amrihī ya‘malūn(a).
[27]
Iyane kabeh iku osing nyulungi Iyane kelawan omongan lan iyane kabeh ngelakoni perintah-perintah Iyane.
يَعْلَمُ مَا بَيْنَ اَيْدِيْهِمْ وَمَا خَلْفَهُمْ وَلَا يَشْفَعُوْنَۙ اِلَّا لِمَنِ ارْتَضٰى وَهُمْ مِّنْ خَشْيَتِهٖ مُشْفِقُوْنَ٢٨
Ya‘lamū mā baina aidīhim wa mā khalfahum wa lā yasyfa‘ūna illā limanirtaḍā wa hum min khasy-yatihī musyfiqūn(a).
[28]
Gusti Alloh ngeweruhi sembarang kang neng ngarepe iyane kabeh (malaikat) lan kang ono ring burine iyane kabeh, lan iyane kabeh osing ono nguwani syafaat kejobo ring wong kang di ridhoi Gusti Alloh, lan iyane kabeh Iku mesti ati-ati mergo wedi nong Iyane
۞ وَمَنْ يَّقُلْ مِنْهُمْ اِنِّيْٓ اِلٰهٌ مِّنْ دُوْنِهٖ فَذٰلِكَ نَجْزِيْهِ جَهَنَّمَۗ كَذٰلِكَ نَجْزِى الظّٰلِمِيْنَ ࣖ٢٩
Wa may yaqul minhum innī ilāhun min dūnihī fa żālika najzīhi jahannam(a), każālika najziẓ-ẓālimīn(a).
[29]
Lan sopo wong neng antarane iyane kabeh ngucapaken: “Saktemene isun iku yoiku pengeran sak liyane Gusti Alloh”, mongko wong iku Isun weni walesan ambi neroko jahannam, sakmono ugo Isun weni walesan nong wong kang dolim.
اَوَلَمْ يَرَ الَّذِيْنَ كَفَرُوْٓا اَنَّ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضَ كَانَتَا رَتْقًا فَفَتَقْنٰهُمَاۗ وَجَعَلْنَا مِنَ الْمَاۤءِ كُلَّ شَيْءٍ حَيٍّۗ اَفَلَا يُؤْمِنُوْنَ٣٠
Awalam yaral-lażīna kafarū annas-samāwāti wal-arḍa kānatā ratqan fa fataqnāhumā, wa ja‘alnā minal-mā'i kulla syai'in ḥayy(in), afalā yu'minūn(a).
[30]
Lan opo wong-wong kang kafir osing ngeweruhi hang aran langit lan bumi iku bengen dadi siji, sakteruse Isun pisahno antarane loro iku. Lan teko banyu Isun dadikaken paran bahen kang urip. Mongko abuo iyane kabeh osing ono kang iman?
وَجَعَلْنَا فِى الْاَرْضِ رَوَاسِيَ اَنْ تَمِيْدَ بِهِمْۖ وَجَعَلْنَا فِيْهَا فِجَاجًا سُبُلًا لَّعَلَّهُمْ يَهْتَدُوْنَ٣١
Wa ja‘alnā fil-arḍi rawāsiya an tamīda bihim, wa ja‘anā fīhā fijājan subulal la‘allahum yahtadūn(a).
[31]
Lan isun wes dadikaken ring bumi iki gunung-gunung kang kuat supoyo bumi iku (osing) oyak ambi iyane kabeh, lan wes isun dadikaken (pisan) ring bumi iku dalan-dalan kang ombo, supoyo iyane kabeh oleh pituduh.
وَجَعَلْنَا السَّمَاۤءَ سَقْفًا مَّحْفُوْظًاۚ وَهُمْ عَنْ اٰيٰتِهَا مُعْرِضُوْنَ٣٢
Wa ja‘alnas-samā'a saqfam maḥfūẓā(n), wa hum ‘an āyātihā mu‘riḍūn(a).
[32]
Lan Isun dadikaken langit iku dadi atap kang kerumat, 559 sedeng iyane kabeh podo melengos teko ring tondo-tondone (Kuasane Gusti Alloh) kang onok ring iyane.
559) Maksude: hang ono ring langit iku dadi atap lan kang dimaksud ambi kerumat iku yoiku segolo hang onok ring langit iku diraksa ambi Allah kelawan aturan lan hukum-hukum kang nyebabno biso mlakune teratur dan tertib.
وَهُوَ الَّذِيْ خَلَقَ الَّيْلَ وَالنَّهَارَ وَالشَّمْسَ وَالْقَمَرَۗ كُلٌّ فِيْ فَلَكٍ يَّسْبَحُوْنَ٣٣
Wa huwal-lażī khalaqal-laila wan-nahāra wasy-syamsa wal-qamar(a), kullun fī falakiy yasbaḥūn(a).
[33]
Lan Iyane (Allah) hang wes dadikno bengi lan padang, srengenge lan ulan. Saben-saben iku mau muter ono ring garis puterane.
وَمَا جَعَلْنَا لِبَشَرٍ مِّنْ قَبْلِكَ الْخُلْدَۗ اَفَا۟ىِٕنْ مِّتَّ فَهُمُ الْخٰلِدُوْنَ٣٤
Wa mā ja‘alnā libasyarim min qablikal-khuld(a), afa'im mitta fahumul-khālidūn(a).
[34]
Isun osing dadikno urip saklawase kanggo siji menungso pun sedurunge siro (Muhammad), mongko umpomo riko mati, opo iyane kabeh arep saklawase urip?
كُلُّ نَفْسٍ ذَاۤىِٕقَةُ الْمَوْتِۗ وَنَبْلُوْكُمْ بِالشَّرِّ وَالْخَيْرِ فِتْنَةً ۗوَاِلَيْنَا تُرْجَعُوْنَ٣٥
Kullu nafsin żā'iqatul-maut(i), wa nablūkum bisy-syarri wal-khairi fitnah(tan), wa ilainā turja‘ūn(a).
[35]
Saben-saben awak arep ngerasakno mati. Isun arep nggudo siro ambi keelekan lan keapikan dadi gudoan (kang sak berner-benere). Lan cuma ring Isun siro dibalekno.
وَاِذَا رَاٰكَ الَّذِيْنَ كَفَرُوْٓا اِنْ يَّتَّخِذُوْنَكَ اِلَّا هُزُوًاۗ اَهٰذَا الَّذِيْ يَذْكُرُ اٰلِهَتَكُمْۚ وَهُمْ بِذِكْرِ الرَّحْمٰنِ هُمْ كٰفِرُوْنَ٣٦
Wa iżā ra'ākal-lażīna kafarū iy yattakhiżūnaka illā huzuwā(n), ahāżal-lażī yażkuru ālihatakum, wa hum biżikrir-raḥmāni hum kāfirūn(a).
[36]
Lan kadung wong-wong kapir iku deleng siro, iyane kabeh cuma nggawe siro dadi lok-lokan. (iyane kabeh ngomong): Opo iki wong kang nyelo pengeran-pengeran siro?”, padahal iyane kabeh yoiku wong-wong kang ingkar iling Gusti Alloh kang Moho Murah.
خُلِقَ الْاِنْسَانُ مِنْ عَجَلٍۗ سَاُورِيْكُمْ اٰيٰتِيْ فَلَا تَسْتَعْجِلُوْنِ٣٧
Khuliqal-insānu min ‘ajal(in), sa'urīkum āyātī falā tasta‘jilūn(i).
[37]
Manungso wes didadikaken (kelakuan) kesusu-susu. Besuk arep Isun duduhakenring siro tondo-tondo (azab)-Isun. Mongko Ojok siro jaluk ring Isun nekakaken karep ambi cepet.
وَيَقُوْلُوْنَ مَتٰى هٰذَا الْوَعْدُ اِنْ كُنْتُمْ صٰدِقِيْنَ٣٨
Wa yaqūlūna matā hāżal-wa‘du in kuntum ṣādiqīn(a).
[38]
Iyane kabeh ngomong: “kapan janjine arep teko, kadung siro kabeh wong-wong kang bener?”.
لَوْ يَعْلَمُ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا حِيْنَ لَا يَكُفُّوْنَ عَنْ وُّجُوْهِهِمُ النَّارَ وَلَا عَنْ ظُهُوْرِهِمْ وَلَا هُمْ يُنْصَرُوْنَ٣٩
Lau ya‘lamul-lażīna kafarū ḥīna lā yakuffūna ‘aw wujūhihimun nāra wa lā ‘an ẓuhūrihim wa lā hum yunṣarūn(a).
[39]
Kadung wong-wong kapir iku ngeweruhi, wektu (nang di) iyane kabeh iku osing mampu nyingkrih teko geni neroko ring raine iyane kabeh lan (osing pisan) teko boyok iyane kabeh, sedeng iyane kabeh (osing pisan) oleh pitolong, (tentune iyane kabeh osing onok jaluk dicepetaken).
بَلْ تَأْتِيْهِمْ بَغْتَةً فَتَبْهَتُهُمْ فَلَا يَسْتَطِيْعُوْنَ رَدَّهَا وَلَا هُمْ يُنْظَرُوْنَ٤٠
Bal ta'tīhim bagtatan fa tabhatuhum falā yastaṭī‘ūna raddahā wa lā hum yunẓarūn(a).
[40]
Sakjane (azab) iku arep teko nong iyane kabeh kanti jemedul terus gawe iyane kabeh podo kaget, moko iyane kabeh osing biso nyingkurno lan osing (pisan) iyane kabeh diwani keroksoan.
وَلَقَدِ اسْتُهْزِئَ بِرُسُلٍ مِّنْ قَبْلِكَ فَحَاقَ بِالَّذِيْنَ سَخِرُوْا مِنْهُمْ مَّا كَانُوْا بِهٖ يَسْتَهْزِءُوْنَ ࣖ٤١
Wa laqadistuhzi'a birusulim min qablika fa ḥāqa bil-lażīna sakhirū minhum mā kānū bihī yastahzi'ūn(a).
[41]
Lan sakjane wes dilok-lokaken piro-piro wong rasul sak durunge siro mongko muduno ring wong kang ngelokaken rasul-rasul iku azab hang pancen iyane kabeh lok-lokaken.
قُلْ مَنْ يَّكْلَؤُكُمْ بِالَّيْلِ وَالنَّهَارِ مِنَ الرَّحْمٰنِۗ بَلْ هُمْ عَنْ ذِكْرِ رَبِّهِمْ مُّعْرِضُوْنَ٤٢
Qul may yakla'ukum bil-laili wan-nahāri minar-raḥmān(i), bal hum ‘an żikrihim mu‘riḍūn(a).
[42]
Ngucapo: “Sopo kang biso ngerokso siro ring dino dalu lan padang sakliyane (Alloh) Kang Moho Murah.?” Sakbenere iyane kabeh yoiku wong-wong kang mlengos teko ngengeti pengeran iyane kabeh.
اَمْ لَهُمْ اٰلِهَةٌ تَمْنَعُهُمْ مِّنْ دُوْنِنَاۗ لَا يَسْتَطِيْعُوْنَ نَصْرَ اَنْفُسِهِمْ وَلَا هُمْ مِّنَّا يُصْحَبُوْنَ٤٣
Am lahum ālihatun tamna‘uhum min dūninā, lā yastaṭī‘ūna naṣra anfusihim wa lā hum minnā yuṣḥabūn(a).
[43]
Utowo opo onok iyane kabeh duweni pengeran- pengeran kang biso ngerokso iyane kabeh teko (azab) Isun. Pengeran-pengeran iku osing sanggup nolong awake dewek lan osing (pisan) iyane kabeh dijogo teko (azab) Isun iku?.
بَلْ مَتَّعْنَا هٰٓؤُلَاۤءِ وَاٰبَاۤءَهُمْ حَتّٰى طَالَ عَلَيْهِمُ الْعُمُرُۗ اَفَلَا يَرَوْنَ اَنَّا نَأْتِى الْاَرْضَ نَنْقُصُهَا مِنْ اَطْرَافِهَاۗ اَفَهُمُ الْغٰلِبُوْنَ٤٤
Bal matta‘nā hā'ulā'i wa ābā'ahum ḥattā ṭāla ‘alaihimul-‘umur(u), afalā yarauna annā na'til-arḍa nanquṣuhā min aṭrāfihā, afahumul-gālibūn(a).
[44]
Sakbenere Isun wes nguweni iyane kabeh lan bapak-bapak iyane kabeh kenikmatan (urip ring dunyo) sampek dowok umur iyane kabeh. Mongko opo iyane kabeh osing deleng saktemene iyane kabeh nekani negoro (wong Kafir), terus Isun kurangi werane teko kabeh penjuru. Mongko opo iyane kabeh hang menang?
قُلْ اِنَّمَآ اُنْذِرُكُمْ بِالْوَحْيِۖ وَلَا يَسْمَعُ الصُّمُّ الدُّعَاۤءَ اِذَا مَا يُنْذَرُوْنَ٤٥
Qul innamā unżirukum bil-waḥy(i), wa lā yasma‘uṣ-ṣummud-du‘ā'a iżā mā yunżarūn(a).
[45]
Ngucapo (hai Muhammad): Sakbenere cuma nguweni woro-woro ring siro kabeh ambi wahyu lan sing ono wong kang gendeng ngrungokeno woro-woro, kadung iyane kabeh diweni woro-woro.
وَلَىِٕنْ مَّسَّتْهُمْ نَفْحَةٌ مِّنْ عَذَابِ رَبِّكَ لَيَقُوْلُنَّ يٰوَيْلَنَآ اِنَّا كُنَّا ظٰلِمِيْنَ٤٦
Wa la'im massathum nafḥatum min ‘ażābi rabbika layaqūlunna yā wailanā innā kunnā ẓālimīn(a).
[46]
Lan Saktemene, kadung iyane kabeh ditebluki sitik teko azab pengeran siro, dipastikno iyane kabeh ngomong: “Waduh, ciloko isun kabeh, sebab isun kabeh kelebu wong kang nyikso awake dewek”.
وَنَضَعُ الْمَوَازِيْنَ الْقِسْطَ لِيَوْمِ الْقِيٰمَةِ فَلَا تُظْلَمُ نَفْسٌ شَيْـًٔاۗ وَاِنْ كَانَ مِثْقَالَ حَبَّةٍ مِّنْ خَرْدَلٍ اَتَيْنَا بِهَاۗ وَكَفٰى بِنَا حٰسِبِيْنَ٤٧
Wa naḍa‘ul-mawāzīnal-qisṭa liyaumil-qiyāmati falā tuẓlamu nafsun syai'ā(n), wa in kāna miṡqāla ḥabbatim min khardalin atainā bihā, wa kafā binā ḥāsibīn(a).
[47]
Isun arep masang timbangan kang tepak ring dino kiamat, mongko sing ono rugine sitik-sitiko. Lan kadung (amalan iku) cuma abote koyo dene wijine sawi, pastine isun nekakno (pahala) iyane. Lan cukup Isun bawen dadi hang nggawe pitungan.
وَلَقَدْ اٰتَيْنَا مُوْسٰى وَهٰرُوْنَ الْفُرْقَانَ وَضِيَاۤءً وَّذِكْرًا لِّلْمُتَّقِيْنَ ۙ٤٨
Wa laqad ātainā mūsā wa hārūnal-furqāna wa ḍiyā'aw wa żikral lil-muttaqīn(a).
[48]
Lan saktemene wes Isun weni ring Musa lan Harun Kitab Taurot lan penerangan lan pengajaran kanggo wong-wong kang takwa.
الَّذِيْنَ يَخْشَوْنَ رَبَّهُمْ بِالْغَيْبِ وَهُمْ مِّنَ السَّاعَةِ مُشْفِقُوْنَ٤٩
Allażīna yakhsyauna rabbahum bil-gaibi wa hum minas-sā‘ati musyfiqūn(a).
[49]
(yaiku) wong-wong kang wedi ambi (azab) pengeran Iyane kabeh, sedeng iyane kabeh sing deleng Iyane, lan iyane kabeh keroso wedi ambi (tekone) dino kiamat
وَهٰذَا ذِكْرٌ مُّبٰرَكٌ اَنْزَلْنٰهُۗ اَفَاَنْتُمْ لَهٗ مُنْكِرُوْنَ ࣖ٥٠
Wa hāżā żikrum mubārakun anzalnāh(u), afa antum lahū munkirūn(a).
[50]
Lan Al-Qur’an iki yoiku siji kitab (peringatan) kang duweni berkah kang wes Isun dunno. Mongko apuo Siro podo nyingkuri?
۞ وَلَقَدْ اٰتَيْنَآ اِبْرٰهِيْمَ رُشْدَهٗ مِنْ قَبْلُ وَكُنَّا بِهٖ عٰلِمِيْنَ٥١
Wa laqad ātainā ibrāhīma rusydahū min qablu wa kunnā bihī ‘ālimīn(a).
[51]
Lan saktemene wes Isun anugerahno ring Ibrohim hidayah keleresan sak durungi (Musa lan Harun) 560 , lan yoiku Isun kang Weruhi (keadaanne).
560) Maksude sakdurunge didunno Taurot nong Nabi Musa a.s. lan Nabi Harus a.s.
اِذْ قَالَ لِاَبِيْهِ وَقَوْمِهٖ مَا هٰذِهِ التَّمَاثِيْلُ الَّتِيْٓ اَنْتُمْ لَهَا عٰكِفُوْنَ٥٢
Iż qāla li'abīhi wa qaumihī mā hāżihit-tamāṡīlul-latī antum lahā ‘ākifūn(a).
[52]
(Ilingo), wektu Ibrohim ngomong nong bapakke lan kaumme: “Patung-patung opo iki kang siro pateng ibadah nyang riko?”
قَالُوْا وَجَدْنَآ اٰبَاۤءَنَا لَهَا عٰبِدِيْنَ٥٣
Qālū wajadnā ābā'anā lahā ‘ābidīn(a).
[53]
Iyane kabeh jawab: “Isun kabeh ngeweruhi bapak-bapak isun nyembah iyane”.
قَالَ لَقَدْ كُنْتُمْ اَنْتُمْ وَاٰبَاۤؤُكُمْ فِيْ ضَلٰلٍ مُّبِيْنٍ٥٤
Qāla laqad kuntum antum wa ābā'ukum fī ḍalālim mubīn(in).
[54]
Ibrohim ngomong: “Saktemene siro lan bapak-bapak iro ono ring dalan kesesatan kang nyoto”.
قَالُوْٓا اَجِئْتَنَا بِالْحَقِّ اَمْ اَنْتَ مِنَ اللّٰعِبِيْنَ٥٥
Qālū aji'tanā bil-ḥaqqi am anta minal-lā‘ibīn(a).
[55]
Iyane kabeh jawab: Opo siro teko ring isun kelawan temenanan utowo siro termasuk wong kang memenganan 561 ? ”.
561) Maksude: opo siro ngongkon isun kabeh nang agamane siro kanti sakbener-benere utowo siro Cuma memenganan?
قَالَ بَلْ رَّبُّكُمْ رَبُّ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِ الَّذِيْ فَطَرَهُنَّۖ وَاَنَا۠ عَلٰى ذٰلِكُمْ مِّنَ الشّٰهِدِيْنَ٥٦
Qāla bar rabbukum rabbus-samāwāti wal-arḍil-lażī faṭarahunn(a), wa ana ‘alā żālikum minasy-syāhidīn(a).
[56]
Ibrohim ngomong: “Sakbenere pengeran siro yoiku pengeran langit lan bumi wes nyiptakno; lan isun termasuk wong-wong kang oleh nguweni bukti atase hang koyo iku”.
وَتَاللّٰهِ لَاَكِيْدَنَّ اَصْنَامَكُمْ بَعْدَ اَنْ تُوَلُّوْا مُدْبِرِيْنَ٥٧
Wa tallāhi la'akīdanna aṣnāmakum ba‘da an tuwallū mudbirīn(a).
[57]
Demi Gusti Alloh, saktemeni isun arep ngelakoni akal bulus ring berholo-berholo siro sakwise siro menyang ninggalno 562 .
562) Omongan-omongan itu diomongno Ibrohim a.s teko ring njero hatine bawen. Maksude: Nabi Ibrohim a.s arep ngelakokno akal buluse kanggo ngancurno berholo-berholo iyane kabeh, sak wise iyane kabeh podo ninggalno tempat-tempat berholo iku.
فَجَعَلَهُمْ جُذٰذًا اِلَّا كَبِيْرًا لَّهُمْ لَعَلَّهُمْ اِلَيْهِ يَرْجِعُوْنَ٥٨
Fa ja‘alahum jużāżan illā kabīral lahum la‘allahum ilaihi yarji‘ūn(a).
[58]
Mongko Ibrohim gawe berholo-berholo iku mau ancur lebur, kejobo hang paling gede (Babon) songko patung-patung kang liyane; supoyo iyane kabeh balik (kanggo takon) nang iyane.
قَالُوْا مَنْ فَعَلَ هٰذَا بِاٰلِهَتِنَآ اِنَّهٗ لَمِنَ الظّٰلِمِيْنَ٥٩
Qālū man fa‘ala hāżā bi'ālihatinā innahū laminaẓ-ẓālimīn(a).
[59]
Iyane kabeh ngomong: “Sopo kang ngelakoni kelakuan iki nang pengeran-pengeran isun kabeh, saktemene iyane iki masuk golongane wong kang dolim”.
قَالُوْا سَمِعْنَا فَتًى يَّذْكُرُهُمْ يُقَالُ لَهٗٓ اِبْرٰهِيْمُ ۗ٦٠
Qālū sami‘nā fatay yażkuruhum yuqālu lahū ibrāhīm(u).
[60]
Iyane kabeh ngomong: “Isun kabeh kerungu onok siji wong nom kang ngelokno berhala-berhala iki kang aran Ibrohim”.
قَالُوْا فَأْتُوْا بِهٖ عَلٰٓى اَعْيُنِ النَّاسِ لَعَلَّهُمْ يَشْهَدُوْنَ٦١
Qālū fa'tū bihī ‘alā a‘yunin-nāsi la‘allahum yasyhadūn(a).
[61]
Iyane kabeh ngomong : “(Kadung gedigu) gowonen iyane ambi coro kang biso dideleng wong akeh, supoyo iyane kabeh nyaksikno”.
قَالُوْٓا ءَاَنْتَ فَعَلْتَ هٰذَا بِاٰلِهَتِنَا يٰٓاِبْرٰهِيْمُ ۗ٦٢
Qālū a'anta fa‘alta hāżā bi'ālihatinā yā ibrāhīm(u).
[62]
Iyane kabeh takon: “Opo siro kang ngelakoni kelakuan iki nong pengeran-pebgeran isun, hai Ibrohim?”
قَالَ بَلْ فَعَلَهٗ كَبِيْرُهُمْ هٰذَا فَسْـَٔلُوْهُمْ اِنْ كَانُوْا يَنْطِقُوْنَ٦٣
Qāla bal fa‘alahū kabīruhum hāżā fas'alūhum in kānū yanṭiqūn(a).
[63]
Ibrohim jawab: “Saktemene patung kang gede iku kang ngelakoni, moko takono nang berhala iku, kadung iyane kabeh biso ngomong”.
فَرَجَعُوْٓا اِلٰٓى اَنْفُسِهِمْ فَقَالُوْٓا اِنَّكُمْ اَنْتُمُ الظّٰلِمُوْنَ ۙ٦٤
Fa raja‘ū ilā anfusihim fa qālū innakum antumuẓ-ẓālimūn(a).
[64]
Moko iyane kabeh wes balik teko kesadaran iyane kabeh lan sakteruse ngomong: “Saktemene siro kabeh yoiku wong-wong kang anioyo (awake dewek)”.
ثُمَّ نُكِسُوْا عَلٰى رُءُوْسِهِمْۚ لَقَدْ عَلِمْتَ مَا هٰٓؤُلَاۤءِ يَنْطِقُوْنَ٦٥
Ṡumma nukisū ‘alā ru'ūsihim, laqad ‘alimta mā hā'ulā'i yanṭiqūn(a).
[65]
Sakteruse endas iyane kabeh podo nunduk 563 (terus ngomong): “Saktemene siro (hai Ibrohim) wes ngeweruhi saktemene berholo-berholo iku heng biso ngomong”.
563) Maksude: Iyane kabeh balik berontak sakwise sadar
قَالَ اَفَتَعْبُدُوْنَ مِنْ دُوْنِ اللّٰهِ مَا لَا يَنْفَعُكُمْ شَيْـًٔا وَّلَا يَضُرُّكُمْ ۗ٦٦
Qāla afata‘budūna min dūnillāhi mā lā yanfa‘ukum syai'aw wa lā yaḍurrukum.
[66]
Ibrohim ngomong: “Mongko apuo riko nyembah selain Gusti Alloh, hang heng biso nguweni manfa’at sak sitik wes lan osing (pisan)nguweni mudharat nang siro?”.
اُفٍّ لَّكُمْ وَلِمَا تَعْبُدُوْنَ مِنْ دُوْنِ اللّٰهِ ۗاَفَلَا تَعْقِلُوْنَ٦٧
Uffil lakum wa limā ta‘budūna min dūnillāh(i), afalā ta‘qilūn(a).
[67]
Ah (cilaka) siro lan opo kang siro sembah selain Gusti Alloh. Mongko opo siro sing ngerteni blas?
قَالُوْا حَرِّقُوْهُ وَانْصُرُوْٓا اٰلِهَتَكُمْ اِنْ كُنْتُمْ فٰعِلِيْنَ٦٨
Qālū ḥarriqūhu wanṣurū ālihatakum in kuntum fā‘ilīn(a).
[68]
Iyane kabeh ngomong: “Bakaren iyane lan tolongen pengeran-pengeran siro, kadung siro bener-bener arep ngelakoni”.
قُلْنَا يٰنَارُ كُوْنِيْ بَرْدًا وَّسَلٰمًا عَلٰٓى اِبْرٰهِيْمَ ۙ٦٩
Qulnā yā nāru kūnī bardaw wa salāman ‘alā ibrāhīm(a).
[69]
Isun berfirman: “Hai Geni dadio adem, lan dadio nyelametno nang Ibrohim”.
وَاَرَادُوْا بِهٖ كَيْدًا فَجَعَلْنٰهُمُ الْاَخْسَرِيْنَ ۚ٧٠
Wa arādū bihī kaidan fa ja‘alnāhumul-akhsarīn(a).
[70]
Iyane kabeh arep ngelakoni ngelawan nang Ibrohim, mongko Isun dadikno iyane kabeh iku wong-wong kang paling rugi.
وَنَجَّيْنٰهُ وَلُوْطًا اِلَى الْاَرْضِ الَّتِيْ بٰرَكْنَا فِيْهَا لِلْعٰلَمِيْنَ٧١
Wa najjaināhu wa lūṭan ilal-arḍil-latī bāraknā fīhā lil-‘ālamīn(a).
[71]
Lan Isun selametno Ibrohim lan Luth ring siji negoro kang Isun wes berkahi kanggo manungso kabeh 564 .
564) Kang dimaksud ambi “negoro” nang kini yoiku negoro Syam, termasuk nang jerone Palestina. Tuhan berkahi negoro iku artine: Sak akehe nabi iku asale teko bongso iki lan tanahepun subur.
وَوَهَبْنَا لَهٗٓ اِسْحٰقَ وَيَعْقُوْبَ نَافِلَةً ۗوَكُلًّا جَعَلْنَا صٰلِحِيْنَ٧٢
Wa wahabnā lahū isḥāqa wa ya‘qūba nāfilah(tan), wa kullan ja‘alnā ṣāliḥīn(a).
[72]
Lan isun wis nguweni nang Iyane (Ibrohim) Ishak lan Ya’qub, dadi anugerah (tekan Isun). Lan saben-saben iyane kabeh Isun dadikaken wong-wong kang Sholeh.
وَجَعَلْنٰهُمْ اَىِٕمَّةً يَّهْدُوْنَ بِاَمْرِنَا وَاَوْحَيْنَآ اِلَيْهِمْ فِعْلَ الْخَيْرٰتِ وَاِقَامَ الصَّلٰوةِ وَاِيْتَاۤءَ الزَّكٰوةِۚ وَكَانُوْا لَنَا عٰبِدِيْنَ ۙ٧٣
Wa ja‘alnāhum a'immatay yahdūna bi'amrinā wa auḥainā ilaihim fi‘lal-khairāti wa iqāmaṣ-ṣalāti wa ītā'az-zakāh(ti), wa kānū lanā ‘ābidīn(a).
[73]
Isun wes dadikaken iyane kabeh iku dadi pemimpin-pemimpin kang nguweni pituduh ambi perintah Isun lan wes Isun wahyukno nang iyane kabeh ngelakoni keapikan, ngedekno sembahyang, bayar zakat, lan cuma nang Isun iyane kabeh nyembah.
وَلُوْطًا اٰتَيْنٰهُ حُكْمًا وَّعِلْمًا وَّنَجَّيْنٰهُ مِنَ الْقَرْيَةِ الَّتِيْ كَانَتْ تَّعْمَلُ الْخَبٰۤىِٕثَ ۗاِنَّهُمْ كَانُوْا قَوْمَ سَوْءٍ فٰسِقِيْنَۙ٧٤
Wa lūṭan ātaināhu ḥumkaw wa ‘ilmaw wa najjaināhu minal-qaryatil-latī kānat ta‘malul-khabā'iṡ(a), innahum kānū qauma sau'in fāsiqīn(a).
[74]
Lan nong Luth, isun wis nguweni hikmah lan ilmu, lan wes isun selametno iyane teko (azab hang wes nimpo nang warga) kota hang ngelakoni kelakuan keji). Saktemene iyane kabeh yoiku kaum kang jahat lan fasik. 565
565) Maksude: homosexual, nyamun lan ngelakoni kelakuan tersebut ambi terang-terangan
وَاَدْخَلْنٰهُ فِيْ رَحْمَتِنَاۗ اِنَّهٗ مِنَ الصّٰلِحِيْنَ ࣖ٧٥
Wa adkhalnāhu fī raḥmatinā, innahū minaṣ-ṣāliḥīn(a).
[75]
Lan isun lebokno iyane nang jero rahmate Isun; mergo saktemene iyane termasuk wong-wong kang soleh.
وَنُوْحًا اِذْ نَادٰى مِنْ قَبْلُ فَاسْتَجَبْنَا لَهٗ فَنَجَّيْنٰهُ وَاَهْلَهٗ مِنَ الْكَرْبِ الْعَظِيْمِ ۚ٧٦
Wa nūḥan iż nādā min qablu fastajabnā lahū fa najjaināhu wa ahlahū minal-karbil-‘aẓīm(i).
[76]
Lan (Ilingo ceritone) Nuh, sakdurunge iku wektu iyane moco do’a lan Isun ngabulno do’ane, terus Isun selametno iyane ambi pengikute teko bencono kang gedi.
وَنَصَرْنٰهُ مِنَ الْقَوْمِ الَّذِيْنَ كَذَّبُوْا بِاٰيٰتِنَاۗ اِنَّهُمْ كَانُوْا قَوْمَ سَوْءٍ فَاَغْرَقْنٰهُمْ اَجْمَعِيْنَ٧٧
Wa naṣarnāhu minal-qaumil-lażīna każżabū bi'āyātinā, innahum kānū qauma sau'in fa agraqnāhum ajma‘īn(a).
[77]
Lan isun wes nulungi teko kaum kang wes dustakno ayat-ayat Isun. Saktemene iyane kabeh yoiku kaum kang jahat, mongko Isun jeburno iyane kabeh.
وَدَاوٗدَ وَسُلَيْمٰنَ اِذْ يَحْكُمٰنِ فِى الْحَرْثِ اِذْ نَفَشَتْ فِيْهِ غَنَمُ الْقَوْمِۚ وَكُنَّا لِحُكْمِهِمْ شٰهِدِيْنَ ۖ٧٨
Wa dāwūda wa sulaimāna iż yaḥkumāni fil-ḥarṡi iż nafasyat fīhi ganamul-qaum(i), wa kunnā liḥukmihim syāhidīn(a).
[78]
Lan (Ilingo cerito) Daud lan Sulaiman, sewaktu keloronan nguweni keputusan soal tanduran, mergo tanduran iku dirusak ambi wedus-weduse wargane. Lan yoiku Isun saksikno keputusan hang diwakno ambi iyane kabeh iku.
فَفَهَّمْنٰهَا سُلَيْمٰنَۚ وَكُلًّا اٰتَيْنَا حُكْمًا وَّعِلْمًاۖ وَّسَخَّرْنَا مَعَ دَاوٗدَ الْجِبَالَ يُسَبِّحْنَ وَالطَّيْرَۗ وَكُنَّا فٰعِلِيْنَ٧٩
Fa fahhamnāhā sulaimān(a), wa kullan ātainā ḥukmaw wa ‘ilmā(n), wa sakhkharnā ma‘a dāwūdal-jibāla yusabbiḥna waṭ-ṭair(a), wa kunnā fā‘ilīn(a).
[79]
Moko Isun wes nguweni pengerten nang Sulaiman tentang hukum (hang lebih tepat) 566 ; lan nang siji-sijine iyane kabeh wes Isun nguwani hikmah lan ilmu lan wes Isun tundukno gunung-gunung lan manuk-manuk, kabeh moco tasbih bareng Daud, lan Isun hang ngelakokno kabeh.
566) Miturut riwayat Ibnu Abbas bahwa siji kelompok wedus wes ngerusak tanduran sewaktu malam. Moko kang duweni tanduran wadul soal iki nang Nabi Daud a.s. Nabi Daud mutusno bahwa wedus-wedus iku kudu diserahno kang duwe tanduran kanggo gantine tanduran kang rusak. Nanging Nabi Sulaiman a.s. mutusno supooyo wedus-wedus iku dipasrahno sementara nang hang duwe tanduran kanggo dijuwut manfaate. Lan wong kang duweni wedus diwajibaken ganteni tanduran iku kelawan tanduran kang anyar. Kadung tanduran hang anyar iku wes biso dijuwut hasile, iyane kabeh hang duweni wedus iku oleh njuwut weduse maning. Putusan Nabi Sulaman a.s. iki yoiku keputusan hang tepat.
وَعَلَّمْنٰهُ صَنْعَةَ لَبُوْسٍ لَّكُمْ لِتُحْصِنَكُمْ مِّنْۢ بَأْسِكُمْۚ فَهَلْ اَنْتُمْ شٰكِرُوْنَ٨٠
Wa ‘allamnāhu ṣan‘ata labūsil lakum lituḥṣinakum mim ba'sikum, fahal antum syākirūn(a).
[80]
Lan wes Isun ajarno ring Daud nggawe klambi wesi kanggo riko, kanggo ngerumat siro nang peperangan siro; mongko kudune riko bersyukur (nang Allah).
وَلِسُلَيْمٰنَ الرِّيْحَ عَاصِفَةً تَجْرِيْ بِاَمْرِهٖٓ اِلَى الْاَرْضِ الَّتِيْ بٰرَكْنَا فِيْهَاۗ وَكُنَّا بِكُلِّ شَيْءٍ عٰلِمِيْنَ٨١
Wa lisulaimānar-rīḥa ‘āṣifatan tajrī bi'amrihī ilal-arḍil-latī bāraknā fīhā, wa kunnā bikulli syai'in ‘ālimīn(a).
[81]
Lan (wes Isun taklukno) kanggo Sulaiman angin kang kenceng alirane kang ngembus maring perintah iyane nang negoro hang Isun wes berkati. Lan yoiku Isun Maha Weruh sekabehane.
وَمِنَ الشَّيٰطِيْنِ مَنْ يَّغُوْصُوْنَ لَهٗ وَيَعْمَلُوْنَ عَمَلًا دُوْنَ ذٰلِكَۚ وَكُنَّا لَهُمْ حٰفِظِيْنَ ۙ٨٢
Wa minasy-syayāṭīna may yagūṣūna lahū wa ya‘malūna ‘amalan dūna żālik(a), wa kunnā lahum ḥāfiẓīn(a).
[82]
Lan isun wes taklukno (pisan nang Sulaiman) siji golongan syetan-syetan kang mendelep (nang jero laut) kanggo iyane lan ngelakoni penggawean sak liyane iku; lan yoiku Isun ngerokso iyane kabeh iku.
۞ وَاَيُّوْبَ اِذْ نَادٰى رَبَّهٗٓ اَنِّيْ مَسَّنِيَ الضُّرُّ وَاَنْتَ اَرْحَمُ الرّٰحِمِيْنَ ۚ٨٣
Wa ayyūba iż nādā rabbahū annī massaniyaḍ-ḍurru wa anta arḥamur-rāḥimīn(a).
[83]
Lan (ilingo cerito) Ayub, wektu iyane nyebut pengerane:”(he pengeran isun), saktemene isun wes ketiban penyakit lan Ndiko yoiku pengeran Kang Moho penyayang nong antarane kabeh penyayang”.
فَاسْتَجَبْنَا لَهٗ فَكَشَفْنَا مَا بِهٖ مِنْ ضُرٍّ وَّاٰتَيْنٰهُ اَهْلَهٗ وَمِثْلَهُمْ مَّعَهُمْ رَحْمَةً مِّنْ عِنْدِنَا وَذِكْرٰى لِلْعٰبِدِيْنَ ۚ٨٤
Fastajabnā lahū fa kasyafnā mā bihī min ḍurriw wa ātaināhu ahlahū wa miṡlahum ma‘ahum raḥmatam min ‘indinā wa żikrā lil-‘ābidīn(a).
[84]
Mongko Isun ngizinno seruan iyane iku, terus Isun ajuraken penyakit kang ono ring iyane lan Isun balikno keluargane nang iyane, lan Isun tambahno wakeh jumlahe iyane kabeh, didadikaken sijine Rahmat teko sisine isun lan kanggo dadi pengiling-iling kanggo kabeh kang nyembah Gusti Alloh.
وَاِسْمٰعِيْلَ وَاِدْرِيْسَ وَذَا الْكِفْلِۗ كُلٌّ مِّنَ الصّٰبِرِيْنَ ۙ٨٥
Wa ismā‘īla wa idrīsa wa żal-kifl(i), kullum minaṣ-ṣābirīn(a).
[85]
Lan (ilingo cerito) Ismail, Idris lan Dzulkifli. Kabeh iyane termasuk wong-wong kang sabar.
وَاَدْخَلْنٰهُمْ فِيْ رَحْمَتِنَاۗ اِنَّهُمْ مِّنَ الصّٰلِحِيْنَ٨٦
Wa adkhalnāhum fī raḥmatinā, innahum minaṣ-ṣāliḥīn(a).
[86]
Isun wes masukno iyane kabeh nang jero Rahmat Isun. Saktemene iyane kabeh termasuk wong-wong kang soleh.
وَذَا النُّوْنِ اِذْ ذَّهَبَ مُغَاضِبًا فَظَنَّ اَنْ لَّنْ نَّقْدِرَ عَلَيْهِ فَنَادٰى فِى الظُّلُمٰتِ اَنْ لَّآ اِلٰهَ اِلَّآ اَنْتَ سُبْحٰنَكَ اِنِّيْ كُنْتُ مِنَ الظّٰلِمِيْنَ ۚ٨٧
Wa żan-nūni iż żahaba mugāḍiban fa ẓanna allan naqdira ‘alaihi fa nādā fiẓ-ẓulumāti allā ilāha illā anta subḥānaka innī kuntu minaẓ-ẓālimīn(a).
[87]
Lan (ilingo cerito) Dzun Nun (Yunus), wektu iyane menyang ambi muring, terus iyane nyongko saktemene Isun osing arep nyiutaken (nyengsorokno), mongko iyane nyebut nong kondisi pueteng 567 : “saktemene Sing Onok pengeran (kang hak disembah) sakliyane Ndiko. Moho Suci Ndiko, saktemene kulo yoiku kelebu wong-wong kang dzolim.”
567) Kang dimaksud ambi “kahanan kondisi pueteng” yoiku nang jero weteng iwak, neng jero laut lan wektu bengi.
فَاسْتَجَبْنَا لَهٗۙ وَنَجَّيْنٰهُ مِنَ الْغَمِّۗ وَكَذٰلِكَ نُـْۨجِى الْمُؤْمِنِيْنَ٨٨
Fastajabnā lahū wa najjaināhu minal-gamm(i), wa każālika nunjil-mu'minīn(a).
[88]
Mongko Isun wes ngabulno do’ane lan nyelametno teko ngenese ati. Lan hang koyok iku Isun nyelametno wong-wong kang iman.
وَزَكَرِيَّآ اِذْ نَادٰى رَبَّهٗ رَبِّ لَا تَذَرْنِيْ فَرْدًا وَّاَنْتَ خَيْرُ الْوٰرِثِيْنَ ۚ٨٩
Wa zakariyyā iż nādā rabbahū rabbi lā tażarnī fardaw wa anta khairul-wāriṡīn(a).
[89]
Lan (Ilingo cerito) Zakaria, wektu iane nyebutpengerane: “he pengeran isun Ojo ndiko geningno isun urip dewekan 568 Lan Ndiko Waris Kang Paling Wapik. 569
568) Maksude: Osing duwe turunan kang mewarisi
569) Maksude: umpomo Tuhan heng ngabulaken dungone, yakni nguweni keturunan, Zakariya masrahno awake nang Tuhan, sebab Tuhan yoiku waris kang luwih apik.
فَاسْتَجَبْنَا لَهٗ ۖوَوَهَبْنَا لَهٗ يَحْيٰى وَاَصْلَحْنَا لَهٗ زَوْجَهٗۗ اِنَّهُمْ كَانُوْا يُسٰرِعُوْنَ فِى الْخَيْرٰتِ وَيَدْعُوْنَنَا رَغَبًا وَّرَهَبًاۗ وَكَانُوْا لَنَا خٰشِعِيْنَ٩٠
Fastajabnā lah(ū), wa wahabnā lahū yaḥyā wa aṣlaḥnā lahū zaujah(ū), innahum kānū yusāri‘ūna fil-khairāti wa yad‘ūnanā ragabaw wa rahabā(n), wa kānū lanā khāsyi‘īn(a).
[90]
Mongko Isun ngabulno do’ane, lan Isun nganugerahi nang iyane Yahya lan Isun dadikno rabine iyane biso meteng. Saktemene iyane kabeh yoiku wong-wong kang sregep (ngerjakno) penggawenan-penggawenan hang apik lan iyane kabeh dungo nang Isun ambi ngarep-ngarep lan cemas 570 . Lan iyane kabeh yoiku wong-wong kang khusu’ nang Isun.
570) Maksude: ngarepaken supoyo dikabulno Allah doane lan kuatir seko azabe Iyane
وَالَّتِيْٓ اَحْصَنَتْ فَرْجَهَا فَنَفَخْنَا فِيْهَا مِنْ رُّوْحِنَا وَجَعَلْنٰهَا وَابْنَهَآ اٰيَةً لِّلْعٰلَمِيْنَ٩١
Wal-latī aḥṣanat farjahā fa nafakhnā fīhā mir rūḥinā wa ja‘alnāhā wabnahā āyatal lil-‘ālamīn(a).
[91]
Lan (ilingo cerito) Maryam hang wes ngerokso kemuliaane, terus Isun sebul nang jero (awak)e ruh teko Isun lan Isun dadikno iyane lan anakke tondo (kuosone Gusti Alloh) kang gedi kanggo sekabehe alam.
اِنَّ هٰذِهٖٓ اُمَّتُكُمْ اُمَّةً وَّاحِدَةًۖ وَّاَنَا۠ رَبُّكُمْ فَاعْبُدُوْنِ٩٢
Inna hāżihī ummatukum ummataw wāḥidah(tan), wa ana rabbukum fa‘budūn(i).
[92]
Saktemene (agomo tauhid) iki yoiku agomo riko kabeh; agomo kang siji 571 lan Isun yoiku pengeran siro, mongko sembahen Isun.
571) Maksude: podo karo inti-inti keyakinan lan inti-inti syari’at
وَتَقَطَّعُوْٓا اَمْرَهُمْ بَيْنَهُمْۗ كُلٌّ اِلَيْنَا رٰجِعُوْنَ ࣖ٩٣
Wa taqaṭṭa‘ū amrahum bainahum, kullun ilainā rāji‘ūn(a).
[93]
Lan iyane kabeh wes ngetok-ngetok urusan (agomo) Iyane kabeh antarane iyane kabeh. Marang Isun lah saben-saben golongan arep balik. 572
572) Maksud ayat iki: agomo hang didunno Allah iku yoiku siji yoiku agomo Tauhid (Agomo Islam), mergo iku seharuse manungso milu siji agama, tapi iyane kabeh podo terpecah belah, iyane kabeh arep balik nang Gusti Alloh lan Allah arep ngitung iyane kabeh.
فَمَنْ يَّعْمَلْ مِنَ الصّٰلِحٰتِ وَهُوَ مُؤْمِنٌ فَلَا كُفْرَانَ لِسَعْيِهٖۚ وَاِنَّا لَهٗ كٰتِبُوْنَ٩٤
Famay ya‘mal minaṣ-ṣāliḥāti wa huwa mu'minun falā kufrāna lisa‘yih(ī), wa innā lahū kātibūn(a).
[94]
Mongko sopo wonge ngelakoni amal soleh, sedeng iyane duweni iman, mongko osing onok ingkar nong amalane iku lan saktemene isun nulisno amalane iku kanggo iyane.
وَحَرٰمٌ عَلٰى قَرْيَةٍ اَهْلَكْنٰهَآ اَنَّهُمْ لَا يَرْجِعُوْنَ٩٥
Wa ḥarāmun ‘alā qaryatin ahlaknāhā, innahum lā yarji‘ūn(a).
[95]
setuhune sing mungkin kanggo (wargo) sijine negoro kang wes Isun ajuraken, saktemene iyane kabeh sing arep balik (nang Isun)
حَتّٰىٓ اِذَا فُتِحَتْ يَأْجُوْجُ وَمَأْجُوْجُ وَهُمْ مِّنْ كُلِّ حَدَبٍ يَّنْسِلُوْنَ٩٦
Ḥattā iżā futiḥat ya'jūju wa ma'jūju wa hum min kulli ḥadabiy yansilūn(a).
[96]
Sampek kadung dibukakno (tembok) Ya’juj lan Ma’juj, lan iyane kabeh mudun kambi cepet teko tempat kang duwur.
وَاقْتَرَبَ الْوَعْدُ الْحَقُّ فَاِذَا هِيَ شَاخِصَةٌ اَبْصَارُ الَّذِيْنَ كَفَرُوْاۗ يٰوَيْلَنَا قَدْ كُنَّا فِيْ غَفْلَةٍ مِّنْ هٰذَا بَلْ كُنَّا ظٰلِمِيْنَ٩٧
Waqtarabal-wa‘dul-ḥaqqu fa iżā hiya syākhiṣatun abṣārul-lażīna kafarū, yā wailanā qad kunnā fī gaflatim min hāżā bal kunnā ẓālimīn(a).
[97]
Lan wes parek tekone janji kang bener (dino berjak), mongko cepet-cepet buka motone wong-wong kang kapir. (Iyane kabeh ngomong): “Aduh, ciloko isun, saktemene isun yoiku ngeroso lali nang perkoro iki, malahan isun yoiku wong-wong kang dzolim”.
اِنَّكُمْ وَمَا تَعْبُدُوْنَ مِنْ دُوْنِ اللّٰهِ حَصَبُ جَهَنَّمَۗ اَنْتُمْ لَهَا وٰرِدُوْنَ٩٨
Innakum wa mā ta‘budūna min dūnillāhi ḥaṣabu jahannam(a), antum lahā wāridūn(a).
[98]
Saktemene riko lan opo hang riko sembah sakliyane Gusti Alloh, yoiku umpan jahanam, riko mesti masuk neng jerone.
لَوْ كَانَ هٰٓؤُلَاۤءِ اٰلِهَةً مَّا وَرَدُوْهَاۗ وَكُلٌّ فِيْهَا خٰلِدُوْنَ٩٩
Lau kāna hā'ulā'i ālihatam mā waradūhā, wa kullun fīhā khālidūn(a).
[99]
Umpomo berhala-berhala iku pengeran, mesti baen iyane kabeh osing melebu neroko. Lan kabeh arep selawase nang jerone.
لَهُمْ فِيْهَا زَفِيْرٌ وَّهُمْ فِيْهَا لَا يَسْمَعُوْنَ١٠٠
Lahum fīhā zafīruw wa hum fīhā lā yasma‘ūn(a).
[100]
Iyane kabeh ngerintih teko geni lan iyane kabeh podo sing biso kerungu.
اِنَّ الَّذِيْنَ سَبَقَتْ لَهُمْ مِّنَّا الْحُسْنٰىٓۙ اُولٰۤىِٕكَ عَنْهَا مُبْعَدُوْنَ ۙ١٠١
Innal-lażīna sabaqat lahum minnal-ḥusnā, ulā'ika ‘anhā mub‘adūn(a).
[101]
Saktemene wong-wong kang wes onok kanggo iyane kabeh ketetapan hang apik teko Isun, iyane kabeh iku didohno teko neroko.
لَا يَسْمَعُوْنَ حَسِيْسَهَاۚ وَهُمْ فِيْ مَا اشْتَهَتْ اَنْفُسُهُمْ خٰلِدُوْنَ ۚ١٠٢
Lā yasma‘ūna ḥasīsahā, wa hum fīmasytahat anfusuhum khālidūn(a).
[102]
Iyane kabeh sing krungu paran-paran suoro geni neroko, lan iyane kabeh lawas ngerasakaken paran kang diarepaken iyane kabeh.
لَا يَحْزُنُهُمُ الْفَزَعُ الْاَكْبَرُ وَتَتَلَقّٰىهُمُ الْمَلٰۤىِٕكَةُۗ هٰذَا يَوْمُكُمُ الَّذِيْ كُنْتُمْ تُوْعَدُوْنَ١٠٣
Lā yaḥzunuhumul-faza‘ul-akbaru wa tatalaqqāhumul-malā'ikah(tu), hāżā yaumukumul-lażī kuntum tū‘adūn(a).
[103]
Iyane kabeh osing disusahno ambi ketakjuban hang guidi (ing dino kiamat), lan iyane kabeh di sambut ambi malaikat-malaikat. (malaikat ngomong): Iki dinone siro kang wes dijanjikno nang siro”.
يَوْمَ نَطْوِى السَّمَاۤءَ كَطَيِّ السِّجِلِّ لِلْكُتُبِۗ كَمَا بَدَأْنَآ اَوَّلَ خَلْقٍ نُّعِيْدُهٗۗ وَعْدًا عَلَيْنَاۗ اِنَّا كُنَّا فٰعِلِيْنَ١٠٤
Yauma naṭwis-samā'a kaṭayyis-sijilli lil-kutib(i), kamā bada'nā awwala khalqin nu‘īduh(ū), wa‘dan ‘alainā, innā kunnā fā‘ilīn(a).
[104]
(Yoiku) ring dina Isun ngelempit langit koyok ngelempit lembaran-lembaran kertas. koyodene Isun wes mulai dadekaken hang awal seteruse Isun arep ngulangi maning. Ikulah siji janji hang pasti isun tepati; saktemene Isun hang arep ngelakoni.
وَلَقَدْ كَتَبْنَا فِى الزَّبُوْرِ مِنْۢ بَعْدِ الذِّكْرِ اَنَّ الْاَرْضَ يَرِثُهَا عِبَادِيَ الصّٰلِحُوْنَ١٠٥
Wa laqad katabnā fiz-zabūri mim ba‘diż-żikri annal-arḍa yariṡuhā ‘ibādiyaṣ-ṣāliḥūn(a).
[105]
Lan bener wes Isun tulis ning jero Zabur 573 sakwise (Isun tulis nang jero) Lauh Mahfudz, saktemene bumi iki dadi poro batur kang soleh.
573) Kang dimaksud ambi “Zabur” nang kini yoiku kabeh kitab kang didunno Allah nang nabi-nabiNe. Sebagian ahli tafsir memaknai ambi kitab hang didunno nang Nabi Daud a.s. moko terus “Adz Dzikr” maknane yaoiku Kitab Taurot
اِنَّ فِيْ هٰذَا لَبَلٰغًا لِّقَوْمٍ عٰبِدِيْنَ ۗ١٠٦
Inna fī hāżā labalāgal liqaumin ‘ābidīn(a).
[106]
Saktemene (opo kang wes disebutno) nang jero (surat) iki, bener-bener dadi pangilingan kanggo kaum kang nyembah Gusti Alloh.
وَمَآ اَرْسَلْنٰكَ اِلَّا رَحْمَةً لِّلْعٰلَمِيْنَ١٠٧
Wa mā arsalnāka illā raḥmatal lil-‘ālamīn(a).
[107]
Lan sing onok Isun ngongkon riko, kejobo kanggo (dadi) rahmat kanggo semesta alam.
قُلْ اِنَّمَا يُوْحٰىٓ اِلَيَّ اَنَّمَآ اِلٰهُكُمْ اِلٰهٌ وَّاحِدٌۚ فَهَلْ اَنْتُمْ مُّسْلِمُوْنَ١٠٨
Qul innamā yūḥā ilayya annamā ilāhukum ilāhuw wāḥid(un), fahal antum muslimūn(a).
[108]
Ngucapo : saktemene kang diwahyukno nang isun yoiku: “saktemene pengeran riko yoiku pengeran kang Moho siji, mongko pasraho riko (nang Gusti Alloh).”
فَاِنْ تَوَلَّوْا فَقُلْ اٰذَنْتُكُمْ عَلٰى سَوَاۤءٍۗ وَاِنْ اَدْرِيْٓ اَقَرِيْبٌ اَمْ بَعِيْدٌ مَّا تُوْعَدُوْنَ١٠٩
Fa in tawallau fa qul āżantukum ‘alā sawā'(in), wa in adrī aqarībun am ba‘īdum mā tū‘adūn(a).
[109]
Kadung iyane kabeh nyingkur, mongko ngomongo: “Isun wes nyampekno nang siro kabeh (ajaran) hang podo (antara isun kabeh). Lan Isun sing weruh paran hang diancas nang riko iku wes parek utawa mageh adoh?”
اِنَّهٗ يَعْلَمُ الْجَهْرَ مِنَ الْقَوْلِ وَيَعْلَمُ مَا تَكْتُمُوْنَ١١٠
Innahū ya‘lamul-jahra minal-qauli wa ya‘lamu mā taktumūn(a).
[110]
Saktemene Iyane ngeweruhi omongan (kang siro omongno) ambi blak-blakan lan Iyane ngeweruhi opo kang riko rahasiakno.
وَاِنْ اَدْرِيْ لَعَلَّهٗ فِتْنَةٌ لَّكُمْ وَمَتَاعٌ اِلٰى حِيْنٍ١١١
Wa in adrī la‘allahū fitnatul lakum wa matā‘un ilā ḥīn(in).
[111]
Lan isun heng ono ngeweruhi biso baen iku 574 cobaan kanggo riko lan kesenengan sampek nong sijine waktu.
574) Maksude: ngelambatno tekone azab nang iyane kabeh
قٰلَ رَبِّ احْكُمْ بِالْحَقِّۗ وَرَبُّنَا الرَّحْمٰنُ الْمُسْتَعَانُ عَلٰى مَا تَصِفُوْنَ ࣖ١١٢
Qāla rabbiḥkum bil-ḥaqq(i), wa rabbunar-raḥmānul-musta‘ānu ‘alā mā taṣifūn(a).
[112]
(Muhammad) ngomong: “he Pengeran isun wanono keputusan kelawan adil. Lan pengeran isun yoiku pengeran Kang Moho Murah kanggo kang dijaluk pitolonge nang paran hang siro ucapno”.