Surah Ta Ha

Daftar Surah

بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
طٰهٰ ۚ١
Ṭāhā.
[1] Ṭāhā. 517
517) “Ṭāhā” kelebu huruf-huruf abjad kang manggon noreng kawitane sebagiane teko surat-surat Al-Qur’an.

مَآ اَنْزَلْنَا عَلَيْكَ الْقُرْاٰنَ لِتَشْقٰٓى ۙ٢
Mā anzalnā ‘alaikal-qur'āna litasyqā.
[2] Isun osing arep mudunaken Al-Qur’an iki nong siro supoyo siro susah.

اِلَّا تَذْكِرَةً لِّمَنْ يَّخْشٰى ۙ٣
Illā tażkiratal limay yakhsyā.
[3] Taping dadi weden-wedenan kanggo wong-wong kang wedi (nong Gusti Alloh)

تَنْزِيْلًا مِّمَّنْ خَلَقَ الْاَرْضَ وَالسَّمٰوٰتِ الْعُلٰى ۗ٤
Tanzīlam mimman khalaqal-arḍa was-samāwātil-‘ulā.
[4] Yoiku diedunaken songko Gusti Alloh kang nggawe bumi lan langit kang duwur.

اَلرَّحْمٰنُ عَلَى الْعَرْشِ اسْتَوٰى٥
Ar- raḥmānu ‘alal-‘arsyistawā.
[5] (Yoiku) Pengeran kang moho Murah, kang manggon nong duwure ‘Arsy).

لَهٗ مَا فِى السَّمٰوٰتِ وَمَا فِى الْاَرْضِ وَمَا بَيْنَهُمَا وَمَا تَحْتَ الثَّرٰى٦
Lahū mā fis-samāwāti wa mā fil-arḍi wa mā bainahumā wa mā taḥtaṡ-ṡarā.
[6] Duwene Iyane kabeh kang ono reng langit, kabeh kang reng bumi, kabeh kang ono reng antarane karone lan kabeh kang ono reng ngisor lemah.

وَاِنْ تَجْهَرْ بِالْقَوْلِ فَاِنَّهٗ يَعْلَمُ السِّرَّ وَاَخْفٰى٧
Wa in tajhar bil-qauli fa innahū ya‘lamus-sirra wa akhfā.
[7] Lan kadung siro nganteraken ucapane siro, mongko saktemene Iyane ngeweruhi rahasia lan kang lebih osing katon (barang kang disengidakaken. 518
518) Maksud ayat iki yoiku: osing perlu nganteraken suoro nong jerone ndungo, kerono Alloh ngerongokaken kabeh dungo iku masio diucapaken kambi suoro kang edeng.

اَللّٰهُ لَآ اِلٰهَ اِلَّا هُوَۗ لَهُ الْاَسْمَاۤءُ الْحُسْنٰى٨
Allāhu lā ilāha illā huw(a), lahul-asmā'ul-ḥusnā.
[8] Iyane Gusti Alloh, osing ono pengeran (kang berhak disembah) kejobo Iyane. Iyane duwe al-asmaaul husna (aran-aran kang apik).

وَهَلْ اَتٰىكَ حَدِيْثُ مُوْسٰى ۘ٩
Wa hal atāka ḥadīṡu mūsā.
[9] Opo uwes gadud nong siro ceritone Musa?

اِذْ رَاٰ نَارًا فَقَالَ لِاَهْلِهِ امْكُثُوْٓا اِنِّيْٓ اٰنَسْتُ نَارًا لَّعَلِّيْٓ اٰتِيْكُمْ مِّنْهَا بِقَبَسٍ اَوْ اَجِدُ عَلَى النَّارِ هُدًى١٠
Iż ra'ā nāran fa qāla li'ahlihimkuṡū innī ānastu nāral la‘allī ātīkum minhā biqabasin au ajidu ‘alan-nāri hudā(n).
[10] Waktu iyane weruh geni, terus ngomonglah iyane nong keluargane: “Manggono siro (nong kene), saktemene isun weruh geni, mugo-mugo baen isun biso nggowo sithik teko iku nong siro utowo isun arep oleh petunjuk reng panggonan geni iku.

فَلَمَّآ اَتٰىهَا نُوْدِيَ يٰمُوْسٰٓى ۙ١١
Falammā atāhā nūdiya yā mūsā.
[11] Mongko wektu iyane teko nong panggonan geni iku iyane diceluk: “ He Musa.

اِنِّيْٓ اَنَا۠ رَبُّكَ فَاخْلَعْ نَعْلَيْكَۚ اِنَّكَ بِالْوَادِ الْمُقَدَّسِ طُوًى ۗ١٢
Innī ana rabbuka fakhla‘ na‘laika innaka bil-wādil-muqaddasi ṭuwā(n).
[12] Saktemene Isun iki Pengerane siro, mongko selekeno sandal lorone siro, saktemene siro ono reng jurang kang suci (rijig), Thuwa.

وَاَنَا اخْتَرْتُكَ فَاسْتَمِعْ لِمَا يُوْحٰى١٣
Wa anakhtartuka fastami‘ limā yūḥā.
[13] Lan Isun milih siro, mongko rungokeno paran kang arep diwahyukaken (nong siro).

اِنَّنِيْٓ اَنَا اللّٰهُ لَآ اِلٰهَ اِلَّآ اَنَا۠ فَاعْبُدْنِيْۙ وَاَقِمِ الصَّلٰوةَ لِذِكْرِيْ١٤
Innanī anallāhu lā ilāha illā ana fa‘budnī, wa aqimiṣ-ṣalāta liżikrī.
[14] Saktemene Isun iki Gusti Alloh, osing ono pengeran (kang hak) sakliyane Isun, mongko sembahen Isun lan jejegeno sembayang enggo nginget-nginget Isun.

اِنَّ السَّاعَةَ اٰتِيَةٌ اَكَادُ اُخْفِيْهَا لِتُجْزٰى كُلُّ نَفْسٍۢ بِمَا تَسْعٰى١٥
Innas-sā‘ata ātiyatun akādu ukhfīhā litujzā kullu nafsim bimā tas‘ā.
[15] Saktemene dino kiamat iku arep teko. Isun ngerahasiakaken (waktune) supoyo saben-saben awake wong dibales kambi paran baen kang iyane megawekaken.

فَلَا يَصُدَّنَّكَ عَنْهَا مَنْ لَّا يُؤْمِنُ بِهَا وَاتَّبَعَ هَوٰىهُ فَتَرْدٰى١٦
Falā yaṣuddannaka ‘anhā mal lā yu'minu bihā wattaba‘a hawāhu fa tardā.
[16] Mongko sepisan-pisano ojo’ sampek siro dibilukaken teko Iyane kambi wong kang osing iman nong Iyane lan kambi wong kang nuruti howo nafsune, kang nyebabaken siro iku rosak (ancur).

وَمَا تِلْكَ بِيَمِيْنِكَ يٰمُوْسٰى١٧
Wa mā tilka biyamīnika yā mūsā.
[17] Paran iku kang reng tangan tengene siro , He Musa?

قَالَ هِيَ عَصَايَۚ اَتَوَكَّؤُا عَلَيْهَا وَاَهُشُّ بِهَا عَلٰى غَنَمِيْ وَلِيَ فِيْهَا مَاٰرِبُ اُخْرٰى١٨
Qāla hiya ‘aṣāy(a), atwakka'u ‘alaihā wa ahusysyu bihā ‘alā ganamī wa liya fīhā ma'āribu ukhrā.
[18] Jawabe Musa: “Iki iku tekene isun, isun cekelan nong (teken iki). Lan isun menthong (godhong) kambi iki enggo wedus isun, lan kanggo isun ono maning keperluan kang liyo nong iki (teken iki)”.

قَالَ اَلْقِهَا يٰمُوْسٰى١٩
Qāla alqihā yā mūsā.
[19] Gusti Alloh dawuh: “ Oncalno (teken iku), he Musa!”

فَاَلْقٰىهَا فَاِذَا هِيَ حَيَّةٌ تَسْعٰى٢٠
Fa alqāhā fa iżā hiya ḥayyatun tas‘ā.
[20] Terus teken iku diuncaleno, mongko moro-moro iyane dadi ulo kang nyelolor-nyelolor gedigu cepete.

قَالَ خُذْهَا وَلَا تَخَفْۗ سَنُعِيْدُهَا سِيْرَتَهَا الْاُوْلٰى٢١
Qāla khużhā wa lā takhaf, sanu‘īduhā sīratahal-ūlā.
[21] Gusti Alloh dawuh: “Cekelen iyane lan ojo wedi, Isun arep mbalekaken nong keadaane kawitan.

وَاضْمُمْ يَدَكَ اِلٰى جَنَاحِكَ تَخْرُجْ بَيْضَاۤءَ مِنْ غَيْرِ سُوْۤءٍ اٰيَةً اُخْرٰىۙ٢٢
Waḍmum yadaka ilā janāḥika takhruj baiḍā'a min gairi sū'in āyatan ukhrā.
[22] Lan kempiteno tangan siro nong cengklakaniro, pasti iyane metu dadi putih kang kinclong osing ono tatune, dadi mu’jizate maning kang liyo (ugo).

لِنُرِيَكَ مِنْ اٰيٰتِنَا الْكُبْرٰى ۚ٢٣
Linuriyaka min āyātinal-kubrā.
[23] Supoyo Isun katokaken nong siro sebagiane tenger-tengere kekuwosoane Isun kang seru gedine.

اِذْهَبْ اِلٰى فِرْعَوْنَ اِنَّهٗ طَغٰى ࣖ٢٤
Iżhab ilā fir‘auna innahū ṭagā.
[24] Melakuo nong Fir’aun; saktemene iyane uwes keliwat wates.

قَالَ رَبِّ اشْرَحْ لِيْ صَدْرِيْ ۙ٢٥
Qāla rabbisyraḥ lī ṣadrī.
[25] Ngujar Musa: “He Pengeranisun, jembarno kanggonisun dodonisun. 519
519) Nabi Musa a.s njaluk nong Gusti Alloh supoyo dodone dijembaraken enggo ngadepi Fir’aun kang terkenal dadi rojo kang bengis.

وَيَسِّرْ لِيْٓ اَمْرِيْ ۙ٢٦
Wa yassir lī amrī.
[26] Lan gampangno kanggonisun urusanisun.

وَاحْلُلْ عُقْدَةً مِّنْ لِّسَانِيْ ۙ٢٧
Waḥlul ‘uqdatam mil lisānī.
[27] Lan eculno kekakuan teko ilatisun.

يَفْقَهُوْا قَوْلِيْ ۖ٢٨
Yafqahū qaulī.
[28] Supoyo iyan-iyane pating ngerti kambi omongane isun.

وَاجْعَلْ لِّيْ وَزِيْرًا مِّنْ اَهْلِيْ ۙ٢٩
Waj‘al lī wazīram min ahlī.
[29] lan dadekno kanggo isun pembantu teko keluarganisun dewek,

هٰرُوْنَ اَخِى ۙ٣٠
Hārūna akhī.
[30] (Yoiku) Harun, sedulurisun.

اشْدُدْ بِهٖٓ اَزْرِيْ ۙ٣١
Usydud bihī azrī.
[31] Teguhno kambi iyane kekuatanisun.

وَاَشْرِكْهُ فِيْٓ اَمْرِيْ ۙ٣٢
Wa asyrik-hu fī amrī.
[32] Lan dadekno iyane konco nong jero urusanisun,

كَيْ نُسَبِّحَكَ كَثِيْرًا ۙ٣٣
Kai nusabbiḥaka kaṡīrā(n).
[33] Supoyo isun kabeh akeh moco tasbih nong ndiko.

وَّنَذْكُرَكَ كَثِيْرًا ۗ٣٤
Wa nażkuraka kaṡīrā(n).
[34] Lan akeh ingete nong ndiko.

اِنَّكَ كُنْتَ بِنَا بَصِيْرًا٣٥
Innaka kunta binā baṣīrā(n).
[35] Saktemene ndiko iku dzat kang Moho weruh (nong keadaane) isun kabeh.

قَالَ قَدْ اُوْتِيْتَ سُؤْلَكَ يٰمُوْسٰى٣٦
Qāla qad ūtīta su'laka yā mūsā.
[36] Alloh dawuh: “Saktemene uwes dikabulaken penjaluke siro, he Musa.”

وَلَقَدْ مَنَنَّا عَلَيْكَ مَرَّةً اُخْرٰىٓ ۙ٣٧
Wa laqad manannā ‘alaika marratan ukhrā.
[37] Lan saktemene Isun uwes nguweni nikmat nong siro nong kaping kang liyo.

اِذْ اَوْحَيْنَآ اِلٰٓى اُمِّكَ مَا يُوْحٰىٓ ۙ٣٨
Iż auḥainā ilā ummika mā yūḥā.
[38] Yoiku waktu Isun ngilhami nong emak siro paran kang diilhamaken.

اَنِ اقْذِفِيْهِ فِى التَّابُوْتِ فَاقْذِفِيْهِ فِى الْيَمِّ فَلْيُلْقِهِ الْيَمُّ بِالسَّاحِلِ يَأْخُذْهُ عَدُوٌّ لِّيْ وَعَدُوٌّ لَّهٗ ۗوَاَلْقَيْتُ عَلَيْكَ مَحَبَّةً مِّنِّيْ ەۚ وَلِتُصْنَعَ عَلٰى عَيْنِيْ ۘ٣٩
Aniqżifīhi fit-tābūti faqżifīhi fil-yammi falyulqihil-yammu bis-sāḥili ya'khużhu ‘aduwwul lī wa ‘aduwwul lah(ū), wa alqaitu ‘alaika maḥabbatam minnī, wa lituṣna‘a ‘alā ‘ainī.
[39] Yoiku: “ Shalehno iyane (Musa) nong jero kotak kayu, terus uncalno iyane nong banyu mili (Nil), mongko pasti banyu mili iku nggowo (kotak iku) nong pinggir, supoyo dijumput kambi (Fir’aun) musuhe Isun lan musuhe iyane”. Lan Isun wes nyemburaken nong siro welas asih teko nong Isun 520 ; lan supoyo siro di rawati nong ngisore pengawasanisun.
520) Maksude: saben wong kang deleng Nabi Musa a.s arep ngerasa demen lan welas asih nong iyane.

اِذْ تَمْشِيْٓ اُخْتُكَ فَتَقُوْلُ هَلْ اَدُلُّكُمْ عَلٰى مَنْ يَّكْفُلُهٗ ۗفَرَجَعْنٰكَ اِلٰٓى اُمِّكَ كَيْ تَقَرَّ عَيْنُهَا وَلَا تَحْزَنَ ەۗ وَقَتَلْتَ نَفْسًا فَنَجَّيْنٰكَ مِنَ الْغَمِّ وَفَتَنّٰكَ فُتُوْنًا ەۗ فَلَبِثْتَ سِنِيْنَ فِيْٓ اَهْلِ مَدْيَنَ ەۙ ثُمَّ جِئْتَ عَلٰى قَدَرٍ يّٰمُوْسٰى٤٠
Iż tamsyī ukhtuka fa taqūlu hal adullukum ‘alā may yakfuluh(ū), fa raja‘nāka ilā ummika kai taqarra ‘ainuhā wa lā taḥzan(a), wa qatalta nafsan fa najjaināka minal-gammi wa fatannāka futūnā(n), fa labiṡta sinīna fī ahli madyan(a), ṡumma ji'ta ‘alā qadariy yā mūsā.
[40] (Yoiku) wektu seduluriro kang wadon melaku, terus iyane ngomong nong (keluargane Fir’aun): “Oleh tah isun nuduhaken nong siro wong kang arep ngerawati?”Mongko Isun mbalekaken siro nong emake siro, supoyo seneng atine lan osing bengung pikire. Lan siro tau mateni menungso, 521 terus Isun nyelametaken siro teko (roso bengong susahe ati), lan Isun uwis nguji siro kambi pirang-pirang ujian; mongko siro manggon pirang-pirang tahun nong antarane penduduk Mad-yan, 522 terus siro teko meturut wektu kang ditetepaken 523 he Musa.
521) Kang dipateni Musa iki iku wang bongso Qibthi kang tukaran kambi bongso Isroil, koyo kang diceritokaken nong surat (28) al-Qoshosh ayat 15. 522) Nabi Musa a.s teko nong negeri Mad-yan enggo melayu ngilang, reng kono iyane dikawinaken kambi Nabi Syu’aib a.s nong anak wadone lan manggon pirang-pirang tahun lawase. 523) Maksude: Nabi Musa a.s teko nong jurang Thuwa enggo nerimo wahyu lan kerosulane.

وَاصْطَنَعْتُكَ لِنَفْسِيْۚ٤١
Wasṭana‘tuka linafsī.
[41] Lan Isun milih siro kanggo awakisun. 524
524) Maksude: mileh enggo dadi Rosule Ingsun.

اِذْهَبْ اَنْتَ وَاَخُوْكَ بِاٰيٰتِيْ وَلَا تَنِيَا فِيْ ذِكْرِيْۚ٤٢
Iżhab anta wa akhūka bi'āyātī wa lā taniyā fī żikrī.
[42] Melakuo siro serto sedulur siro kambi nggowo ayat-ayatisun, lan ojo’o siro jak loron ngelalekaken nong jerone ngengeti Isun;

اِذْهَبَآ اِلٰى فِرْعَوْنَ اِنَّهٗ طَغٰىۚ٤٣
Iżhabā ilā fir‘auna innahū ṭagā.
[43] Melakuo siro jak loron nong Fir’aun, saktemene iyane uwes ngeliwati wates;

فَقُوْلَا لَهٗ قَوْلًا لَّيِّنًا لَّعَلَّهٗ يَتَذَكَّرُ اَوْ يَخْشٰى٤٤
Fa qūlā lahū qaulal layyinal la‘allahū yatażakkaru au yakhsyā.
[44] mongko ngomongo siro jak loron nong iyane kambi omongan-omongan kang alus, mugo-mugo baen iyane enget lan wedi”.

قَالَا رَبَّنَآ اِنَّنَا نَخَافُ اَنْ يَّفْرُطَ عَلَيْنَآ اَوْ اَنْ يَّطْغٰى٤٥
Qālā rabbanā innanā nakhāfu ay yafruṭa ‘alainā au ay yaṭgā.
[45] Ngomongo iyane jak loron: “ he pengeran isun, saktemene isun kuwatir kadung iyane nyepetaken nyekso isun utowo arep tambah ngeliwati wates”.

قَالَ لَا تَخَافَآ اِنَّنِيْ مَعَكُمَآ اَسْمَعُ وَاَرٰى٤٦
Qāla lā takhāfā innanī ma‘akumā asma‘u wa arā.
[46] Gusti Alloh dawuh: “siro jak loron ojo’ kuwatir, saktemene Isun mbarengi siro jak loron, Isun ngerungokaken lan meruhi”.

فَأْتِيٰهُ فَقُوْلَآ اِنَّا رَسُوْلَا رَبِّكَ فَاَرْسِلْ مَعَنَا بَنِيْٓ اِسْرَاۤءِيْلَ ەۙ وَلَا تُعَذِّبْهُمْۗ قَدْ جِئْنٰكَ بِاٰيَةٍ مِّنْ رَّبِّكَ ۗوَالسَّلٰمُ عَلٰى مَنِ اتَّبَعَ الْهُدٰى٤٧
Fa'tiyāhu fa qūlā innā rasūlā rabbika fa arsil ma‘anā banī isrā'īl(a), wa lā tu‘ażżibhum, qad ji'nāka bi'āyatim mir rabbik(a), was-salāmu ‘alā manittaba‘al-hudā.
[47] Mongko teko’o siro jak loron nong iyane (Fir’aun) lan ngomongo: “ Saktemene isun jak loron iku utusane pengeran siro, mongko eculno Bani Isroil makne bareng isun lan ojo’o siro nyekso iyan-iyane 525 . Saktemene Isun teko nong siro kambi nggowo bukti (nong kerosulan isun) teko pengeraniro. Lan keselametan iku diuwakaken nong wong kang milu kambi petunjuk.
525) Bani Isroil nong wektu iyan-iyane manggon nong Mesir iku (iyan-iyane) nong ngisore perbudakane Fir’aun. Iyan-iyane dimegawekaken enggo ngadegaken bangunan-bangunan kang gedi lan kuto-kuto kelawan megawe pokso. Mongko Nabi Musa a.s njaluk nong Fir’aun supoyo iyan-iyan dibibasaken.

اِنَّا قَدْ اُوْحِيَ اِلَيْنَآ اَنَّ الْعَذَابَ عَلٰى مَنْ كَذَّبَ وَتَوَلّٰى٤٨
Innā qad ūḥiya ilainā annal-‘ażāba ‘alā man każżaba wa tawallā.
[48] Saktemene uwes diwahyukaken nong isun kadung sekso iku (dikenengaken) nong wong-wong kang nggubabi 526 lan melengos 527 ”.
526) Maksude: nggubabi ajaran-ajaran lan petunjuk-petunjuk kang digowo kambi rosul. 527) Maksude: osing ngerasakaken ajaran lan petunjuk-petunjuk rosul.

قَالَ فَمَنْ رَّبُّكُمَا يٰمُوْسٰى٤٩
Qāla famar rabbukumā yā mūsā.
[49] Fir’aun takon: “Mongko sopo tah pengeran siro jak loron, he Musa? 528
528) Sakmarine Nabi Musa a.s lan Nabi Harun a.s oleh perintahe Alloh swt, melaku lah iyane jak loron nong Fir’aun lan kedadean lah soal njawab koyo kang disebutaken nong ayat 49 lan ayat mburine.

قَالَ رَبُّنَا الَّذِيْٓ اَعْطٰى كُلَّ شَيْءٍ خَلْقَهٗ ثُمَّ هَدٰى٥٠
Qāla rabbunal-lażī a‘ṭā kulla syai'in khalqahū ṡumma hadā.
[50] Musa njawab: “Pengeran isun iku (pengeran) kang uwes nguweni nong saben-saben barang wujud kedadeane, terus nguweni petunjuk. 529
529) Maksude: nguweni akal, naluri lan kodrat alamiyane enggo nerusaken uripe dewek-dewek.

قَالَ فَمَا بَالُ الْقُرُوْنِ الْاُوْلٰى٥١
Qāla famā bālul-qurūnil-ūlā.
[51] Ngomong Fir’aun: “ mongko kelendi keadaane umat-umat kang bengen?”

قَالَ عِلْمُهَا عِنْدَ رَبِّيْ فِيْ كِتٰبٍۚ لَا يَضِلُّ رَبِّيْ وَلَا يَنْسَىۖ٥٢
Qāla ‘ilmuhā ‘inda rabbī fī kitāb(in), lā yaḍillu rabbī wa lā yansā.
[52] Musa njawab: “Keweruhan masalah iku ono ning sandinge pengeran isun, nong jerone siji kitab 530 ). Pengeran isun osing kiro salah lan osing (ugo) lali;
530) Maksude: Lauh Mahfudz

الَّذِيْ جَعَلَ لَكُمُ الْاَرْضَ مَهْدًا وَّسَلَكَ لَكُمْ فِيْهَا سُبُلًا وَّاَنْزَلَ مِنَ السَّمَاۤءِ مَاۤءًۗ فَاَخْرَجْنَا بِهٖٓ اَزْوَاجًا مِّنْ نَّبَاتٍ شَتّٰى٥٣
Al-lażī ja‘ala lakumul-arḍa mahdaw wa salaka lakum fīhā subulaw wa anzala minas-samā'i mā'ā(n), fa akhrajnā bihī azwājam min nabātin syattā.
[53] Dzat kang uwes nggawekaken kanggo siro bumi kang dadi pelataran lan Kang nggawekaken kanggo siro nong bumi iku dalan-dalan, lan mudunaken teko langit banyu udan, mongko Isun perujukaken kambi banyu udan iku perujukan-perujukan kang macem-macem.

كُلُوْا وَارْعَوْا اَنْعَامَكُمْ ۗاِنَّ فِيْ ذٰلِكَ لَاٰيٰتٍ لِّاُولِى النُّهٰى ࣖ٥٤
Kulū war‘au an‘āmakum, inna fī żālika la'āyātil li'ulin-nuhā.
[54] Mangano lan angonen kewan-kewan rawatan siro. Saktemene nong kang gedigu iku ono tenger-tengere kekuwosoane Alloh kanggo wong-wong kang duwe akal.

۞ مِنْهَا خَلَقْنٰكُمْ وَفِيْهَا نُعِيْدُكُمْ وَمِنْهَا نُخْرِجُكُمْ تَارَةً اُخْرٰى٥٥
Minhā khalaqnākum wa fīhā nu‘īdukum wa minhā nukhrijukum tāratan ukhrā.
[55] Teko bumi (lemah) iku Isun nggawe siro lan nong kono Isun arep mbalekaken siro lan teko engkono Isun arep ngetokaken siro nong waktu kang liyo.

وَلَقَدْ اَرَيْنٰهُ اٰيٰتِنَا كُلَّهَا فَكَذَّبَ وَاَبٰى٥٦
Wa laqad araināhu āyātinā kullahā fa każżaba wa abā.
[56] Lan saktemene Isun uwes ngatokaken nong iyane (Fir’aun) tenger-tengere kekuwosoanisun sekabehane, 531 mongko iyane nggubabaken lan emong (nerimo kebeneran).
531) Kang dikarepaken kambi “tenger-tenger” reng kene iku tenger-tengere kenabiane Musa surat (17) al-Israa, Nong ketemune antarane Nabi Musa a.s kambi Fir’aun iki, kang dikatokaken buru loro yoiku tekene Nabi Musa a.s dadi ulo lan tangane dadi putih kinclong.

قَالَ اَجِئْتَنَا لِتُخْرِجَنَا مِنْ اَرْضِنَا بِسِحْرِكَ يٰمُوْسٰى٥٧
Qāla aji'tanā litukhrijanā min arḍinā bisiḥrika yā mūsā.
[57] Fir’aun takon: “Opo siro teko nong isun kabeh kanggo metokaken isun teko negerinisun (iki) kambi sihir siro, he Musa?

فَلَنَأْتِيَنَّكَ بِسِحْرٍ مِّثْلِهٖ فَاجْعَلْ بَيْنَنَا وَبَيْنَكَ مَوْعِدًا لَّا نُخْلِفُهٗ نَحْنُ وَلَآ اَنْتَ مَكَانًا سُوًى٥٨
Fa lana'tiyannaka bisiḥrim miṡlihī faj‘al bainanā wa bainaka mau‘idal lā nukhlifuhū naḥnu wa lā anta makānan suwā(n).
[58] Lan isun pasti arep nekokaken (ugo) nong siro sihir kang podo iku, mongko nggaweo siro siji waktu enggo ketemuan antarane isun lan siro, kang isun osing arep nyalahi lan osing (ugo) siro reng siji panggonan kang nong (bagian) tengahe”

قَالَ مَوْعِدُكُمْ يَوْمُ الزِّيْنَةِ وَاَنْ يُّحْشَرَ النَّاسُ ضُحًى٥٩
Qāla mau‘idukum yaumuz-zīnati wa ay yuḥsyaran-nāsu ḍuḥā(n).
[59] Musa njawab: “Waktu enggo ketemuan (isun kambi) siro iku nong dino perayaan lan apike poro menungso dikumpulaken nong waktu serengenge sepenggalahan munggah”.

فَتَوَلّٰى فِرْعَوْنُ فَجَمَعَ كَيْدَهٗ ثُمَّ اَتٰى٦٠
Fa tawallā fir‘aunu fa jama‘a kaidahū ṡumma atā.
[60] Mongko Fir’aun ninggalaken (panggonaan iku) terus ngatur tipu muslihate terus iyane teko. 532
532) Maksude: sakmarine Fir’aun ngatur tipuane lan waktu enggo ketemuane uwes teko yoiku nong dino perayaan, mongko Fir’aun kambi bolo-bolone teko nong panggonan kang ditentokaken.

قَالَ لَهُمْ مُّوْسٰى وَيْلَكُمْ لَا تَفْتَرُوْا عَلَى اللّٰهِ كَذِبًا فَيُسْحِتَكُمْ بِعَذَابٍۚ وَقَدْ خَابَ مَنِ افْتَرٰى٦١
Qāla lahum mūsā wailakum lā taftarū ‘alallāhi każiban fa yusḥitakum bi‘ażab(in), wa qad khāba maniftarā.
[61] Musa ngomong nong iyan-iyane: “ Belahi siro, ojo’o siro nggawe gubaban nong Gusti Alloh, mongko Iyane mateni siro kambi sekso”. Lan saktemene uwes rugi wong-wong kang nggawe-nggawe gubaban.

فَتَنَازَعُوْٓا اَمْرَهُمْ بَيْنَهُمْ وَاَسَرُّوا النَّجْوٰى٦٢
Fa tanāza‘ū amrahum bainahum wa asarrun-najwā.
[62] Mongko iyan-iyane podo padu-paduan nong urusane iyan-iyane nong antarane iyan-iyane lan iyan-iyane ngerahasiakaken omongane (iyane kabeh).

قَالُوْٓا اِنْ هٰذٰنِ لَسَاحِرٰنِ يُرِيْدَانِ اَنْ يُّخْرِجٰكُمْ مِّنْ اَرْضِكُمْ بِسِحْرِهِمَا وَيَذْهَبَا بِطَرِيْقَتِكُمُ الْمُثْلٰى٦٣
Qālū in hāżāni lasāḥirāni yurīdāni ay yukhrijākum min arḍikum bisiḥrihimā wa yażhabā biṭarīqatikumul-muṡlā.
[63] iyan-iyane podo ngomong: “Saktemene wong loro iku bener-bener ahli sihir kang arep ngusir (ngetokaken) siro teko negerine siro dewek nganggo sihire lan arep ngilangaken kedudukane (jabatane) siro kang duwur. 533
533) Maksude: tekone Musa a.s lan Harun a.s nong Mesir iku arep nggantekaken siro dadi rojo Mesir. Sebagian ahli tafsir ngartekaken “thariqoh” reng kene kambi “keyakinan (agomo)”.

فَاَجْمِعُوْا كَيْدَكُمْ ثُمَّ ائْتُوْا صَفًّاۚ وَقَدْ اَفْلَحَ الْيَوْمَ مَنِ اسْتَعْلٰى٦٤
Fa ajmi‘ū kaidakum ṡumma'tū ṣaffā(n), wa qad aflaḥal-yauma manista‘lā.
[64] Mongko kumpulno sekabehane doyone (sihir) siro kabeh, terus teko’o kambi, lan saktemene untung lah wong kang menang nong dino iki. 534
534) Maksude “dino iki” yoiku dino kang dienggo tanding.

قَالُوْا يٰمُوْسٰٓى اِمَّآ اَنْ تُلْقِيَ وَاِمَّآ اَنْ نَّكُوْنَ اَوَّلَ مَنْ اَلْقٰى٦٥
Qālū yā mūsā immā an tulqiya wa immā an nakūna awwala man alqā.
[65] (Sakmarine iyan-iyane kumpul) iyan-iyane ngujar: “Hei Musa (pilihen) , opo siro kang nguncalaken (sulung) utowo isun iki (kabeh) wong kang nguncalaken sulung?”

قَالَ بَلْ اَلْقُوْاۚ فَاِذَا حِبَالُهُمْ وَعِصِيُّهُمْ يُخَيَّلُ اِلَيْهِ مِنْ سِحْرِهِمْ اَنَّهَا تَسْعٰى٦٦
Qāla bal alqū, fa iżā ḥibāluhum wa ‘iṣiyyuhum yukhayyalu ilaihi min siḥrihim annahā tas‘ā.
[66] Musa njawab: “Monggo siro kabeh sulung kang nguncalaken”. Mongko moro-moro tali temaline lan teken-tekene iyan-iyane, kebayang nong (arepe) Musa koyo-koyo iyane nyelolor cepet jalaran sihire iyan-iyane.

فَاَوْجَسَ فِيْ نَفْسِهٖ خِيْفَةً مُّوْسٰى٦٧
Fa aujasa fī nafsihī khīfatam mūsā.
[67] Mongko Musa ngeroso wedi nong jero atine.

قُلْنَا لَا تَخَفْ اِنَّكَ اَنْتَ الْاَعْلٰى٦٨
Qulnā lā takhaf innaka antal-a‘lā.
[68] Isun (Gusti Alloh) dawuh: “ siro ojo’ wedi, saktemene sirolah kang paling unggul (menang).

وَاَلْقِ مَا فِيْ يَمِيْنِكَ تَلْقَفْ مَا صَنَعُوْاۗ اِنَّمَا صَنَعُوْا كَيْدُ سٰحِرٍۗ وَلَا يُفْلِحُ السَّاحِرُ حَيْثُ اَتٰى٦٩
Wa alqi mā fī yamīnika talqaf mā ṣana‘ū, innamā ṣana‘ū kaidu sāḥir(in), wa lā yufliḥus-sāḥiru ḥaiṡu atā.
[69] Lan uncalno paran kang ono reng tangan tengen siro, pasti iyane arep nguntal paran baen kang iyan-iyane gawe. Saktemene paran kang iyan-iyane gawe iku mung tipu muslihate tukang sihir (thok). Lan osing kiro menang tukang sihir iku, teko endi baen iyane teko”.

فَاُلْقِيَ السَّحَرَةُ سُجَّدًا قَالُوْٓا اٰمَنَّا بِرَبِّ هٰرُوْنَ وَمُوْسٰى٧٠
Fa ulqiyas-saḥaratu sujjadan qālū āmannā birabbi hārūna wa mūsā.
[70] Terus tukang-tukang sihir iku nyereb kkambi sujud, kambi ngomong: “isun kabeh percoyo nong pengerane Harun lan Musa”.

قَالَ اٰمَنْتُمْ لَهٗ قَبْلَ اَنْ اٰذَنَ لَكُمْۗ اِنَّهٗ لَكَبِيْرُكُمُ الَّذِيْ عَلَّمَكُمُ السِّحْرَۚ فَلَاُقَطِّعَنَّ اَيْدِيَكُمْ وَاَرْجُلَكُمْ مِّنْ خِلَافٍ وَّلَاُصَلِّبَنَّكُمْ فِيْ جُذُوْعِ النَّخْلِۖ وَلَتَعْلَمُنَّ اَيُّنَآ اَشَدُّ عَذَابًا وَّاَبْقٰى٧١
Qāla āmantum lahū qabla an āżana lakum, innahū lakabīrukumul-lażī ‘allamakumus-siḥr(a), fa la'uqaṭṭi‘anna aidiyakum wa arjulakum min khilāfiw wa la'uṣallibannakum fī jużū‘in-nakhl(i), wa lata‘lamunna ayyunā asyaddu ‘ażābaw wa abqā.
[71] Fir’aun takon: “Opo siro uwes iman nong (Musa) sakdurunge isun nguweni izin nong siro kabeh?. Saktemene iyane iku kang ngajaraken sihir nong siro kabeh. Mongko saktemene isun arep nugel tangan lan sikile siro kabeh kambi nyilang wolak-walik. Lan saktemene isun arep nyalib siro kabeh nong uwite wit kurmo lan saktemene siro arep ngeweruhi sopo nong antarane isun kang lebih loro lan lebih suwe seksone”.

قَالُوْا لَنْ نُّؤْثِرَكَ عَلٰى مَا جَاۤءَنَا مِنَ الْبَيِّنٰتِ وَالَّذِيْ فَطَرَنَا فَاقْضِ مَآ اَنْتَ قَاضٍۗ اِنَّمَا تَقْضِيْ هٰذِهِ الْحَيٰوةَ الدُّنْيَا ۗ٧٢
Qālū lan nu'ṡiraka ‘alā mā jā'anā minal-bayyināti wal-lażī faṭaranā faqḍi mā anta qāḍ(in), innamā taqḍī hāżihil-ḥayātad-dun-yā.
[72] Iyan-iyane njawab: “isun kabeh sepisan-pisano osing arep ngutamakaken siro ketimbang bukti-bukti kang nyoto (mu’jizat), kang uwes teko nong isun kabeh lan ketimbang Pengeran kang uwes gawe insun kabeh; mongko mutusono siro paran kang arep siro putusaken. Saktemene siro mung arep biso mutusi ono reng keuripan dunyo iki thok.

اِنَّآ اٰمَنَّا بِرَبِّنَا لِيَغْفِرَ لَنَا خَطٰيٰنَا وَمَآ اَكْرَهْتَنَا عَلَيْهِ مِنَ السِّحْرِۗ وَاللّٰهُ خَيْرٌ وَّاَبْقٰى٧٣
Innā āmannā birabbinā liyagfira lanā khaṭāyānā wa mā akrahtanā ‘alaihi minas-siḥr(i), wallāhu khairuw wa abqā.
[73] saktemene isun kabeh uwes iman nong pengerane isun kabeh, makne Iyane nyepuro kesalahan-kesalahan isun kabeh lan sihir kang siro poksokaken nong isun kabeh (makne isun iki) ngelakoni. Lan Gusti Alloh lebih apik ganjarane lan lebih langgeng (seksone)”

اِنَّهٗ مَنْ يَّأْتِ رَبَّهٗ مُجْرِمًا فَاِنَّ لَهٗ جَهَنَّمَ ۗ لَا يَمُوْتُ فِيْهَا وَلَا يَحْيٰى٧٤
Innahū may ya'ti rabbahū mujriman fa inna lahū jahannam(a), lā yamūtu fīhā wa lā yaḥyā.
[74] Saktemene sopo baen kang teko nong pengerane kambi dosane, mongko saktemene kanggo iyane neroko jahanam. Iyane osing mati nong jero kono lan osing (ugo) urip. 535
535) Maksud “osing mati” yoiku iyane terus ngerasakaken sekso lan maksude “osing urip” iku urip kang biso digunakaken enggo tobat.

وَمَنْ يَّأْتِهٖ مُؤْمِنًا قَدْ عَمِلَ الصّٰلِحٰتِ فَاُولٰۤىِٕكَ لَهُمُ الدَّرَجٰتُ الْعُلٰى ۙ٧٥
Wa may ya'tihī mu'minan qad ‘amilaṣ-ṣāliḥāti fa ulā'ika lahumud-darajātul-‘ulā.
[75] Lan sopo baen kang teko nong pengerane nang keadaan iman, tur bener-bener ngelakoni amal sholeh, mongko iyan-iyane iku wong-wong kang oleh panggonan-panggonan kang duwur (mulyo).

جَنّٰتُ عَدْنٍ تَجْرِيْ مِنْ تَحْتِهَا الْاَنْهٰرُ خٰلِدِيْنَ فِيْهَا ۗوَذٰلِكَ جَزَاۤءُ مَنْ تَزَكّٰى ࣖ٧٦
Jannātu ‘adnin tajrī min taḥtihal-anhāru khālidīna fīhā, wa żālika jazā'u man tazakkā.
[76] (yoiku) surgo ‘adn kang mili banyu-banyu nong ngisore, iyan-iyane langgeng nong jerone. Lan iku balesan kanggo wong kang rijig (teko kafire lan maksiate).

وَلَقَدْ اَوْحَيْنَآ اِلٰى مُوْسٰٓى اَنْ اَسْرِ بِعِبَادِيْ فَاضْرِبْ لَهُمْ طَرِيْقًا فِى الْبَحْرِ يَبَسًاۙ لَّا تَخٰفُ دَرَكًا وَّلَا تَخْشٰى٧٧
Wa laqad auḥainā ilā mūsā an asri bi‘ibādī faḍrib lahum ṭarīqan fil-baḥri yabasā(n), lā takhāfu darakaw wa lā takhsyā.
[77] Lan saktemene uwes Isun wahyukaken nong Musa: “Melakuo siro kambi kawulo-kawulonisun (Bani Isroil) reng dino bengi, mongko gaweo enggo iyan-iyane dalan kang garing no ring segoro iku, 536 siro osing usah kuwatir kadung kesusul lan osing usah wedi (kesilep).
536) “Nggawe dalan kang garing nong jero segoro iku” yoiku menthong segoro kambi tekene. Dilengen ayat 63 surat (26) Asy-Syuaro

فَاَتْبَعَهُمْ فِرْعَوْنُ بِجُنُوْدِهٖ فَغَشِيَهُمْ مِّنَ الْيَمِّ مَا غَشِيَهُمْ ۗ٧٨
Fa atba‘ahum fir‘aunu bijunūdihī fa gasyiyahum minal-yammi mā gasyiyahum.
[78] Mongko Fir’aun kambi bolo tentarane nguber iyan-iyane (rombongan Musa), terus iyan-iyane ditutupi kambi segoro kang nyilepaken iyan-iyane (bolo tentarane)

وَاَضَلَّ فِرْعَوْنُ قَوْمَهٗ وَمَا هَدٰى٧٩
Wa aḍalla fir‘aunu qaumahū wa mā hadā.
[79] Lan Fir’aun uwes nyesataken (nyasaraken) kaume lan osing nguweni petunjuk.

يٰبَنِيْٓ اِسْرَاۤءِيْلَ قَدْ اَنْجَيْنٰكُمْ مِّنْ عَدُوِّكُمْ وَوٰعَدْنٰكُمْ جَانِبَ الطُّوْرِ الْاَيْمَنَ وَنَزَّلْنَا عَلَيْكُمُ الْمَنَّ وَالسَّلْوٰى٨٠
Yā banī isrā'īla qad anjainākum min ‘aduwwikum wa wā‘adnākum jānibaṭ-ṭūril-aimana wa nazzalnā ‘alaikumul-mannā was-salwā.
[80] He Bani Isroil, saktemene Isun uwes nyelametaken siro kabeh teko musuh siro lan Isun wes nggawe perjanjian kambi siro kabeh (enggo munajat) nong sebelah tengene 537 gunung iku 538 lan Isun wes ngudunaken nong siro kabeh manna lan salwa. 539
537) Sebagiane ahli tafsir nasfsiraken” al-ajman” kelawan “kang diberkati”. 538) Kang dimaksud “gunung iku” reng kene yoiku gunung Sinai. 539) Kang munajat nong Gusti Alloh iku Nabi Musa a.s taping reng kene kesebut “siro kabeh” kerono manfaate munajat iku balik nong Nabi Musa a.s lan Bani Isroil sekabehane, janji kang dijanjekaken iku enggo munajat lan nompo Taurot. Arti “manna lan Salwa”.

كُلُوْا مِنْ طَيِّبٰتِ مَا رَزَقْنٰكُمْۙ وَلَا تَطْغَوْا فِيْهِ فَيَحِلَّ عَلَيْكُمْ غَضَبِيْۚ وَمَنْ يَّحْلِلْ عَلَيْهِ غَضَبِيْ فَقَدْ هَوٰى٨١
Kulū min ṭayyibāti mā razaqnākum, wa lā taṭgau fīhi fa yaḥilla ‘alaikum gaḍabī, wa may yaḥlil ‘alaihi gaḍabī faqad hawā.
[81] Mangano teko antarane rizki kang apik kang uwes Isun uwakaken nong siro lan ojo’ ngeliwati wates teko (rizki iku), kang nyebabaken ngamuk Isun nibani siro. Lan sopo baen ditibani kambi ngamuk Isun mongko saktemene rusak (mati) iyane.

وَاِنِّيْ لَغَفَّارٌ لِّمَنْ تَابَ وَاٰمَنَ وَعَمِلَ صَالِحًا ثُمَّ اهْتَدٰى٨٢
Wa innī lagaffārul liman tāba wa āmana wa ‘amila ṣāliḥan ṡummahtadā.
[82] Lan saktemene Isun Moho Nyepuro kanggo wong kang tobat, iman ngelakoni amal sholeh terus tetep ono reng dalan kang bener.

۞ وَمَآ اَعْجَلَكَ عَنْ قَوْمِكَ يٰمُوْسٰى٨٣
Wa mā a‘jalaka ‘an qaumika yā mūsā.
[83] Apuo siro teko lebih cepet timbangane kaume siro, He Musa.

قَالَ هُمْ اُولَاۤءِ عَلٰٓى اَثَرِيْ وَعَجِلْتُ اِلَيْكَ رَبِّ لِتَرْضٰى٨٤
Qāla hum ulā'i ‘alā aṡarī wa ‘ajiltu ilaika rabbi litarḍā.
[84] Musa njawab: “Gedigu lah iyan-iyane nusul isun lan isun cepet-cepet nong ndiko, he pengeranisun, makne ndiko ridho (nong isun)”.

قَالَ فَاِنَّا قَدْ فَتَنَّا قَوْمَكَ مِنْۢ بَعْدِكَ وَاَضَلَّهُمُ السَّامِرِيُّ٨٥
Qāla fa innā qad fatannā qaumaka mim ba‘dika wa aḍallahumus-sāmiriyy(u).
[85] Gusti Alloh dawuh: “Mongko saktemene Isun uwes nguji kaume siro sakmarine siro tinggal, lan iyan-iyane uwes disasaraken kambi Samiri. 540
540) Samiri iku wong kang asale teko Bani Isroil teko suku Assamirah.

فَرَجَعَ مُوْسٰٓى اِلٰى قَوْمِهٖ غَضْبَانَ اَسِفًا ەۚ قَالَ يٰقَوْمِ اَلَمْ يَعِدْكُمْ رَبُّكُمْ وَعْدًا حَسَنًا ەۗ اَفَطَالَ عَلَيْكُمُ الْعَهْدُ اَمْ اَرَدْتُّمْ اَنْ يَّحِلَّ عَلَيْكُمْ غَضَبٌ مِّنْ رَّبِّكُمْ فَاَخْلَفْتُمْ مَّوْعِدِيْ٨٦
Fa raja‘a mūsā ilā qaumihī gaḍbāna asifā(n), qāla yā qaumi alam ya‘idkum rabbukum wa‘dan ḥasanā(n), afaṭāla ‘alaikumul-‘ahdu am arattum ay yaḥilla ‘alaikum gaḍabum mir rabbikum fa akhlaftum mau‘idī.
[86] Terus Musa balek nong kaume kambi nguwel lan susah ati. Musa takon: “He kaumingsun osing tah pengeran siro uwes njanjekaken nong siro siji janji kang apik? Mongko opo tah keroso suwi waktu kang uwes keliwat iku kanggo siro utowo siro ngarepaken supoyo amuke teko pengeraniro nibani siro, terus siro ngelanggar perjanjiane siro kambi isun?”

قَالُوْا مَآ اَخْلَفْنَا مَوْعِدَكَ بِمَلْكِنَا وَلٰكِنَّا حُمِّلْنَآ اَوْزَارًا مِّنْ زِيْنَةِ الْقَوْمِ فَقَذَفْنٰهَا فَكَذٰلِكَ اَلْقَى السَّامِرِيُّ ۙ٨٧
Qālū mā akhlafnā mau‘idaka bimalkinā wa lākinnā ḥummilnā auzāram min zīnatil-qaumi fa qażafnāhā fa każālika alqas-sāmiriyy(u).
[87] Iyan-iyane njawab: “Isun kabeh sepisan-pisano osing ngelanggar perjanjiane siro kambi kekarepane isun dewek, tapi isun dikongkon nggowo abot-abotan teko perhiasane kaum iku, mongko isun nguncalaken iku (perhiasan) lan gidigu ugo Samiri nguncalaken” 541
541) Maksude: iyan-iyane dikongkon nggowo perhiasan teko emas duwene wong-wong Mesir, terus kambi samiri dikongkon nguncalaken nong jero geni kang uwes diurubaken nong jerone siji bolongan enggo digawe dadi patung kang ujd anke sapi, terus iyan-iyane nguncalaken iku lan dipiloni kambi samiri.

فَاَخْرَجَ لَهُمْ عِجْلًا جَسَدًا لَّهٗ خُوَارٌ فَقَالُوْا هٰذَآ اِلٰهُكُمْ وَاِلٰهُ مُوْسٰى ەۙ فَنَسِيَ ۗ٨٨
Fa akhraja lahum ‘ijlan jasadal lahū khuwārun fa qālū hāżā ilāhukum wa ilāhu mūsā, fa nasiy(a).
[88] Terus Samiri ngetokaken enggo iyan-iyane (teko bolongan iku) anake sapi kang (ono) awake lan suwarane, mongko iyan-iyane ngomong: “ikilah pengeraniro lan pengerane Musa, tapi Musa wes lali”.

اَفَلَا يَرَوْنَ اَلَّا يَرْجِعُ اِلَيْهِمْ قَوْلًا ەۙ وَّلَا يَمْلِكُ لَهُمْ ضَرًّا وَّلَا نَفْعًا ࣖ٨٩
Afalā yarauna allā yarji‘u ilaihim qaulā(n), wa lā yamliku lahum ḍarraw wa lā naf‘ā(n).
[89] Mongko opo iyan-iyane nggatekaken kadung saktemene patung anak sapi iku osing biso nguweni jawaban nong iyan-iyane, lan osing biso nguweni kemudharatan (bahaya) nong iyan-iyane lan osing (ugo) manfaati?

وَلَقَدْ قَالَ لَهُمْ هٰرُوْنُ مِنْ قَبْلُ يٰقَوْمِ اِنَّمَا فُتِنْتُمْ بِهٖۚ وَاِنَّ رَبَّكُمُ الرَّحْمٰنُ فَاتَّبِعُوْنِيْ وَاَطِيْعُوْٓا اَمْرِيْ٩٠
Wa laqad qāla lahum hārūnu min qablu yā qaumi innamā futintum bih(ī), wa inna rabbakumur-raḥmānu fattabi‘ūnī wa aṭī‘ū amrī.
[90] Lan saktemene Harun uwes ngomong nong iyan-iyane nong sakdurunge: “He kaumisun, saktemene siro mung diweni coban kambi anak sapi iku lan saktemene pengeran siro iku pengeran kang moho murah, mongko miluo isun lan manuto perintahe isun”.

قَالُوْا لَنْ نَّبْرَحَ عَلَيْهِ عٰكِفِيْنَ حَتّٰى يَرْجِعَ اِلَيْنَا مُوْسٰى٩١
Qālū lan nabraḥa ‘alaihi ‘ākifīna ḥattā yarji‘a ilainā mūsā.
[91] Iyan-iyane podo njawab: “isun kabeh arep tetep nyembah patung anake sapi iki, sampek Musa balik nong (ngarepe) isun akbeh”.

قَالَ يٰهٰرُوْنُ مَا مَنَعَكَ اِذْ رَاَيْتَهُمْ ضَلُّوْٓا ۙ٩٢
Qāla yā hārūnu mā mana‘aka iż ra'aitahum ḍallū.
[92] Musa takon: he Harun, paran kang ngalang-ngalangi siro naliko siro ndeleng iyane kabeh wes kesasar.

اَلَّا تَتَّبِعَنِۗ اَفَعَصَيْتَ اَمْرِيْ٩٣
Allā tattabi‘an(i), afa ‘aṣaita amrī.
[93] Terus siro seng ngancani isun? Opo siro (nyejo) duroko nong perintah isun ?

قَالَ يَبْنَؤُمَّ لَا تَأْخُذْ بِلِحْيَتِيْ وَلَا بِرَأْسِيْۚ اِنِّيْ خَشِيْتُ اَنْ تَقُوْلَ فَرَّقْتَ بَيْنَ بَنِيْٓ اِسْرَاۤءِيْلَ وَلَمْ تَرْقُبْ قَوْلِيْ٩٤
Qāla yabna'umma lā ta'khuż biliḥyatī wa lā bira'sī, innī khasyītu an taqūla farraqta baina banī isrā'īla wa lam tarqub qaulī.
[94] Harun njawab: he anak lanang emak isun, ojo siro nyekel jenggot isun lan ojo (pisan) endas isun, setemene isun kawatir setemene siro arep ngomong (nong isun): “siro wes mecah belah antarane Bani Israel lan siro seng njogo amanat isun”.

قَالَ فَمَا خَطْبُكَ يٰسَامِرِيُّ٩٥
Qāla famā khaṭbuka yā sāmiriyy(u).
[95] Ngomong Musa: “Paran kang nyorong siro (gawe ulah gedigu) he Samiri?”

قَالَ بَصُرْتُ بِمَا لَمْ يَبْصُرُوْا بِهٖ فَقَبَضْتُ قَبْضَةً مِّنْ اَثَرِ الرَّسُوْلِ فَنَبَذْتُهَا وَكَذٰلِكَ سَوَّلَتْ لِيْ نَفْسِيْ٩٦
Qāla baṣurtu bimā lam yabṣurū bihī fa qabaḍtu qabḍatam min aṡarir-rasūli fa nabażtuhā wa każālika sawwalat lī nafsī.
[96] Samiri njawab: “Isun ngeweruhi siji perihal kang iyan-iyane osing meruhi, mongko isun njumput saketem teko bekase rosul 542 ) terus isun uncalaken lan gedigu nafsunisun ngapusi isun”.
542) Kang dikarepaken kambi “bekase rosul” reng kene iku ajaran-ajarane. Meturut faham iki Samiri njumput sebagiane teko ajaran-ajarane Musa terus diuncalaken ajaran-ajaran iku sehinggo iyane dadi kesasar. Meturut ahli tafsir kang liyo, kang dikarepaken kambi “bekase rosul” iku bekas capahe jarane Jibril a.s. artine Samiri njumput sekepel lemah teko bekas iku terus diuncalaken nong jerone wesi kang dilebur sehinggo wesi iku bergele koyo anake sapi kang biso ngetokaken suworo.

قَالَ فَاذْهَبْ فَاِنَّ لَكَ فِى الْحَيٰوةِ اَنْ تَقُوْلَ لَا مِسَاسَۖ وَاِنَّ لَكَ مَوْعِدًا لَّنْ تُخْلَفَهٗۚ وَانْظُرْ اِلٰٓى اِلٰهِكَ الَّذِيْ ظَلْتَ عَلَيْهِ عَاكِفًا ۗ لَنُحَرِّقَنَّهٗ ثُمَّ لَنَنْسِفَنَّهٗ فِى الْيَمِّ نَسْفًا٩٧
Qāla fażhab fa inna laka fil-ḥayāti an taqūla lā misās(a), wa inna laka mau‘idal lan tukhlafah(ū), wanẓur ilā ilāhikal-lażī ẓalta ‘alaihi ‘ākifā(n), lanuḥarriqannahū ṡumma lanansifannahū fil-yammi nasfā(n).
[97] Ngomong Musa: melakuo siro, mongko saktemene kanggo siro reng keuripan dunyo iki (mung biso) ngomong: “ojo nguthik (isun)”. 543 Lan saktemene kanggo siro (ono) ukuman (nong akhirat) kang siro sepisan-pisano osing biso ngalesi. Lan dilengen pengeraniro iku kang tetep siro sembahi. Saktemene isun jak kakean arep ngobong iku, terus isun bener-bener arep nyemburaken nong jero segoro (awune kang ceceran)
543) Maksude: makne Samiri uripe ngadoh heng duwe konco lan dewekan kerono dadi ukuman nong dunyo, lan ukuman nong akhirate iyane arep dipanggokaken nong jero Neroko.

اِنَّمَآ اِلٰهُكُمُ اللّٰهُ الَّذِيْ لَآ اِلٰهَ اِلَّا هُوَۗ وَسِعَ كُلَّ شَيْءٍ عِلْمًا٩٨
Innamā ilāhukumullāhul-lażī lā ilāha illā huw(a), wasi‘a kulla syai'in ‘ilmā(n).
[98] Saktemene pengeraniro iku mung Gusti Alloh kang osing ono pengeran (kang hak disembah) sakliyane Iyane, Keweruhane Iyane ngeliputi sekabehane barang”.

كَذٰلِكَ نَقُصُّ عَلَيْكَ مِنْ اَنْۢبَاۤءِ مَا قَدْ سَبَقَۚ وَقَدْ اٰتَيْنٰكَ مِنْ لَّدُنَّا ذِكْرًا ۚ٩٩
Każālika naquṣṣu ‘alaika min ambā'i mā sabaq(a), wa qad ātaināka mil ladunnā żikrā(n).
[99] Gedigu iku Isun nyeritokaken nong siro (Muhammad) sebagiane ceritone umat kang wes bengene, lan saktemene uwes isun uwakaken nong siro teko sandinge Isun siji pengengetan (Al-Qur’an).

مَنْ اَعْرَضَ عَنْهُ فَاِنَّهٗ يَحْمِلُ يَوْمَ الْقِيٰمَةِ وِزْرًا١٠٠
Man a‘raḍa ‘anhu fa innahū yaḥmilu yaumal-qiyāmati wizrā(n).
[100] Sopo baen melengos teko Al-Qur’an mongko saktemene iyane arep mikul (nggowo) dosa kang gedi nong dino kiamat.

خٰلِدِيْنَ فِيْهِ ۗوَسَاۤءَ لَهُمْ يَوْمَ الْقِيٰمَةِ حِمْلًاۙ١٠١
Khālidīna fīh(i), wa sā'a lahum yaumal-qiyāmati ḥimlā(n).
[101] Iyan-iyane langgeng nong jero keadaane iku, lan seru eleke duso iku kang dadi ngeboti kanggo iyan-iyane nong dino kiamat.

يَّوْمَ يُنْفَخُ فِى الصُّوْرِ وَنَحْشُرُ الْمُجْرِمِيْنَ يَوْمَىِٕذٍ زُرْقًا ۖ١٠٢
Yauma yunfakhu fiṣ-ṣūri wa naḥsyurul-mujrimīna yauma'iżin zurqā(n).
[102] (Yoiku) nong dino (kang reng waktu iku) disemprong serompete 544 ) lan Isun arep ngumpulaken nong dino iku wong-wong kang (duwe) duso kambi raine kang biru jureng;
544) Maksude: semprongan serompet kang keloro, yoiku semprongan enggo nangekaken menungso teko kubure utowo nguripaken maning.

يَّتَخَافَتُوْنَ بَيْنَهُمْ اِنْ لَّبِثْتُمْ اِلَّا عَشْرًا١٠٣
Yatakhāfatūna bainahum il labiṡtum illā ‘asyrā(n).
[103] Iyan-iyane podo bisik-bisikan nong antarane iyane: “siro osing manggon (reng dunyo kejobo mong sepoloh dino)”.

نَحْنُ اَعْلَمُ بِمَا يَقُوْلُوْنَ اِذْ يَقُوْلُ اَمْثَلُهُمْ طَرِيْقَةً اِنْ لَّبِثْتُمْ اِلَّا يَوْمًا ࣖ١٠٤
Naḥnu a‘lamu bimā yaqūlūna iż yaqūlu amṡaluhum ṭarīqatan il labiṡtum illā yaumā(n).
[104] Isun lebih meruhi paran kang iyan-iyane omongaken, wektu ngomong wong kang kenceng dalane 545 ) teko antarane iyane: “Siro osing manggon (nong dunyo) kejobo mung sedino baen”.
545) Yang dikarepaken kambi “kenceng dalane” yoiku wong kang rodo kenceng pikirane utowo amalane teko antarane wong-wong kang duso iku.

وَيَسْـَٔلُوْنَكَ عَنِ الْجِبَالِ فَقُلْ يَنْسِفُهَا رَبِّيْ نَسْفًا ۙ١٠٥
Wa yas'alūnaka ‘anil-jibāli fa qul yansifuhā rabbī nasfā(n).
[105] Lan iyane podo takon nong siro ngenengi gunung-gunung, mongko ngomongo: “Pengeranisun arep ngancuraken (nong dino kiamat) seancur-ancure.

فَيَذَرُهَا قَاعًا صَفْصَفًا ۙ١٠٦
Fa yażaruhā qā‘an ṣafṣafā(n).
[106] Mongko Iyane arep dadekaken (bekase) gunung-gunung iku roto babar pisan,

لَّا تَرٰى فِيْهَا عِوَجًا وَّلَآ اَمْتًا ۗ١٠٧
Lā tarā fīhā ‘iwajaw wa lā amtā(n).
[107] Osing ono sithik baen siro weruh nong kono panggonan kang endep lan kang duwur-duwur.

يَوْمَىِٕذٍ يَّتَّبِعُوْنَ الدَّاعِيَ لَا عِوَجَ لَهٗ ۚوَخَشَعَتِ الْاَصْوَاتُ لِلرَّحْمٰنِ فَلَا تَسْمَعُ اِلَّا هَمْسًا١٠٨
Yauma'iżiy yattabi‘ūnad-dā‘iya lā ‘iwaja lah(ū), wa khasya‘atil-aṣwātu lir-raḥmāni falā tasma‘u illā hamsā(n).
[108] Nong dino iku menungso milu (nong arahe suworone) wong kang nyeluk 546 ) kang osing belak-beluk; lan suworo-suworo (dadi ino lan meneng anteng) kerono (gedine) dzat kang Moho Welas, mongko siro osing biso rungu kejobo bisikan thok.
546) Kang dikarepaken kambi wong kang nyeluk reng kene yoiku molaikat kang nyeluk menungso enggo ngadep nong ngarepe Alloh.

يَوْمَىِٕذٍ لَّا تَنْفَعُ الشَّفَاعَةُ اِلَّا مَنْ اَذِنَ لَهُ الرَّحْمٰنُ وَرَضِيَ لَهٗ قَوْلًا١٠٩
Yauma'iżil lā tanfa‘usy-syafā‘atu illā man ażina lahur-raḥmānu wa raḍiya lahū qaulā(n).
[109] Nong dino iku heng ono gunane syafaat, kejobo (syafaate) wong kang Alloh Moho Welas uwes nguweni idzin nong iyane lan Iyane wes ngeridohi omongane.

يَعْلَمُ مَا بَيْنَ اَيْدِيْهِمْ وَمَا خَلْفَهُمْ وَلَا يُحِيْطُوْنَ بِهٖ عِلْمًا١١٠
Ya‘lamu mā baina aidīhim wa mā khalfahum wa lā yuḥīṭūna bihī ‘ilmā(n).
[110] Iyane (Gusti Alloh) meruhi paran baen kang ono nong ngarepe iyan-iyane lan paran kang ono nong burine iyan-iyane, sedeng ilmune iyan-iyane heng biso nyakup ilmune Iyane (Gusti Alloh).

۞ وَعَنَتِ الْوُجُوْهُ لِلْحَيِّ الْقَيُّوْمِۗ وَقَدْ خَابَ مَنْ حَمَلَ ظُلْمًا١١١
Wa ‘anatil-wujūhu lil-ḥayyil-qayyūm(i), wa qad khāba man ḥamala ẓulmā(n).
[111] Lan podo temungkol kabeh raine (kambi ngendepaken awake) nong Pengeran kang Moho Urip lan Moho Kekal ugo heng leren-leren ngerumati (mahluke). Lan saktemene uwes paodo rugi wong kang ngelakoni anioyo (kezaliman).

وَمَنْ يَّعْمَلْ مِنَ الصّٰلِحٰتِ وَهُوَ مُؤْمِنٌ فَلَا يَخٰفُ ظُلْمًا وَّلَا هَضْمًا١١٢
Wa may ya‘mal minaṣ-ṣāliḥāti wa huwa mu'minun falā yakhāfu ẓulmaw wa lā haḍmā(n).
[112] Lan sopo baen kang ngelakoni amal-amal kang soleh lan iyane nong keadaan iman, mongko iyane osing kuwatir nong balesan kang osing adil lan osing kuwatir (ugo) nong arep dikurangi hak-hake.

وَكَذٰلِكَ اَنْزَلْنٰهُ قُرْاٰنًا عَرَبِيًّا وَّصَرَّفْنَا فِيْهِ مِنَ الْوَعِيْدِ لَعَلَّهُمْ يَتَّقُوْنَ اَوْ يُحْدِثُ لَهُمْ ذِكْرًا١١٣
Wa każālika anzalnāhu qur'ānan ‘arabiyyaw wa ṣarrafnā fīhi minal-wa‘īdi la‘allahum yattaqūna au yuḥdiṡu lahum żikrā(n).
[113] Lan gedigu iku Isun mudunaken Al-Qur’an nganggo boso arab, lan Isun uwes nerangaken bolak-balik nong jerone (Al-Qur’an) sebagiane ancaman supoyo iyan-iyane takwa utowo (supoyo) Al-Qur’an iku munculaken pengenget kanggo iyan-iyane.

فَتَعٰلَى اللّٰهُ الْمَلِكُ الْحَقُّۚ وَلَا تَعْجَلْ بِالْقُرْاٰنِ مِنْ قَبْلِ اَنْ يُّقْضٰٓى اِلَيْكَ وَحْيُهٗ ۖوَقُلْ رَّبِّ زِدْنِيْ عِلْمًا١١٤
Fa ta‘ālallāhul-malikul-ḥaqq(u), wa lā ta‘jal bil-qur'āni min qabli ay yuqḍā ilaika waḥyuh(ū), wa qur rabbi zidnī ‘ilmā(n).
[114] Mongko Moho Duwur Gusti Alloh rojo kang sakbener-benere, lan ojo siro kesusu moco Al-Qur’an sakdurunge disempurnokaken pewahyuane nong siro, 547 lan ngomongo: “He Pengeranisun, tambahno nong isun ilmu keweruhan”.
547) Maksude: Nabi Muhammad SAW dilarang kambi Gusti Alloh nirokaken woconane Jibril a.s kalimat sak kalimat, sakdurunge Jibril a.s marekaken woconane, supoyo biso Nabi Muhammad SAW ngafalaken lan mahami bener-bener ayat kang diedunaken iku.

وَلَقَدْ عَهِدْنَآ اِلٰٓى اٰدَمَ مِنْ قَبْلُ فَنَسِيَ وَلَمْ نَجِدْ لَهٗ عَزْمًا ࣖ١١٥
Wa laqad ‘ahidnā ilā ādama min qablu fa nasiya wa lam najid lahū ‘azmā(n).
[115] Lan saktemene uwes Isun perintahaken 548 nong Adam bengene, mongko iyane lali (nong perintah iku) lan Isun osing nemu nong iyane niat (karep) kang kuat.
548) Perintahe Gusti Alloh iki disebuteno nong jero ayat 35 surat (2) al-Baqarah.

وَاِذْ قُلْنَا لِلْمَلٰۤىِٕكَةِ اسْجُدُوْا لِاٰدَمَ فَسَجَدُوْٓا اِلَّآ اِبْلِيْسَ اَبٰى ۗ١١٦
Wa iż qulnā lil-malā'ikatisjudū li'ādama fa sajadū illā iblīsa abā.
[116] Lan (engeto) wektu Isun ngomong nong molaikat: “sujudo siro kabeh nong Adam”, mongko iyane podo sujud kejobo Iblis. Iyane nulak (emong).

فَقُلْنَا يٰٓاٰدَمُ اِنَّ هٰذَا عَدُوٌّ لَّكَ وَلِزَوْجِكَ فَلَا يُخْرِجَنَّكُمَا مِنَ الْجَنَّةِ فَتَشْقٰى١١٧
Fa qulnā yā ādamu inna hāżā ‘aduwwul laka wa lizaujika falā yukhrijannakumā minal-jannati fa tasyqā.
[117] Mongko Isun ngomong: “He Adam, saktemene iki (Iblis) iku musuhe siro lan rabiniro, mongko sepisan-pisano ojo sampek iyane ngetokaken siro keloron teko surgo, kang dadi sebabe siro sengsoro.

اِنَّ لَكَ اَلَّا تَجُوْعَ فِيْهَا وَلَا تَعْرٰى ۙ١١٨
Inna laka allā tajū‘a fīhā wa lā ta‘rā.
[118] Saktemene siro osing (kiro) keloman nong jero kono lan osing arep mbankang (heng ono kelkambi).

وَاَنَّكَ لَا تَظْمَؤُا فِيْهَا وَلَا تَضْحٰى١١٩
Wa annaka lā taẓma'u fīhā wa lā taḍḥā.
[119] Lan saktemene siro osing bakal ngelak lan osing (ugo) bakal keneng panase serengenge nong jero kono (surgo).

فَوَسْوَسَ اِلَيْهِ الشَّيْطٰنُ قَالَ يٰٓاٰدَمُ هَلْ اَدُلُّكَ عَلٰى شَجَرَةِ الْخُلْدِ وَمُلْكٍ لَّا يَبْلٰى١٢٠
Fa waswasa ilaihisy-syaiṭānu qāla yā ādamu hal adulluka ‘alā syajaratil-khuldi wa mulkil lā yablā.
[120] Terus syetan mbisikaken pikiran elek nong iyane kambi ngomong: “He Adam gelem tah isun duduhaken riko uwit khuld 549 lan kerojoan kang osing biso ancur?”
549) Uwit iku diarani “Syajaratul khuldi” (uwit abadi), kerono jare bisikane syetan, wong kang mangan uwohe arep abadi , osing arep mati.

فَاَكَلَا مِنْهَا فَبَدَتْ لَهُمَا سَوْءٰتُهُمَا وَطَفِقَا يَخْصِفٰنِ عَلَيْهِمَا مِنْ وَّرَقِ الْجَنَّةِۚ وَعَصٰىٓ اٰدَمُ رَبَّهٗ فَغَوٰى ۖ١٢١
Fa akalā minhā fa badat lahumā sau'ātuhumā wa ṭafiqā yakhṣifāni ‘alaihimā miw waraqil-jannah(ti), wa ‘aṣā ādamu rabbahū fa gawā.
[121] Mongko kelorone mangan uwoh teko uwit iku, terus katon teko wong loro iku aurat-aurate lan jakloron mulai nutupi (aurote) nganggo godong-godongan (kang ono reng) suwargo, lan Adam dadi duroko nong pengerane lan iyane dadi wong kang kesasar. 550
550) Kang dikarepaken kambi “duroko” reng kene yoiku ngelanggar larangane Alloh kerono lali kambi osing sengojo, koyo disebutaken nong ayat 115 surat iki. Lan kang dikarepaken kambi “kesasar” yoiku milu paran kang dibisikaken syetan. Kesalahane Adam a.s masio osing gedigu gedi nganggo coro ukuran menuso biasa iku wes diarani duroko lan kesasar, kerono duwure kedudukane Adam a.s lan enggo dadi contoh kanggo wong gedi lan pemimpin-pemimpin supoyo ngadohi laku-laku kang dilarang masio kelendi baen cilike.

ثُمَّ اجْتَبٰىهُ رَبُّهٗ فَتَابَ عَلَيْهِ وَهَدٰى١٢٢
Ṡummajtabāhu rabbuhū fa tāba ‘alaihi wa hadā.
[122] Terus Pengerane mileh iyane 551 mongko Iyane (Gusti Alloh) nerimo taobate lan nguweni iyane petunjuk.
551) Maksude: Alloh mileh Nabi Adam a.s enggo dadi wong kang parek kambi Iyane.

قَالَ اهْبِطَا مِنْهَا جَمِيْعًاۢ بَعْضُكُمْ لِبَعْضٍ عَدُوٌّ ۚفَاِمَّا يَأْتِيَنَّكُمْ مِّنِّيْ هُدًى ەۙ فَمَنِ اتَّبَعَ هُدَايَ فَلَا يَضِلُّ وَلَا يَشْقٰى١٢٣
Qālahbiṭā minhā jamī‘am ba‘ḍukum liba‘ḍin ‘aduww(un), fa immā ya'tiyannakum minnī hudā(n), fa manittaba‘a hudāya falā yaḍillu wa lā yasyqā.
[123] Alloh dawuh: “Muduno siro keloron teko suwargo bareng-bareng, sebagiane siro dadi musuh kanggo sebagiane kang liyo. Mongko kadung teko nong siro petunjuk teko Isun, terus sopo baen kang milu petunjukisun, iyane osing arep kesasar lan osing arep sengsoro.

وَمَنْ اَعْرَضَ عَنْ ذِكْرِيْ فَاِنَّ لَهٗ مَعِيْشَةً ضَنْكًا وَّنَحْشُرُهٗ يَوْمَ الْقِيٰمَةِ اَعْمٰى١٢٤
Wa man a‘raḍa ‘an żikrī fa inna lahū ma‘īsyatan ḍankaw wa naḥsyuruhū yaumal-qiyāmati a‘mā.
[124] Lan sopo baen kang melengos teko nginget isun, mongko kanggo iyane penguripan kang soro, lan Isun arep ngumpulaken iyane (kabeh) nong dino kiamat nong keadaan picek.

قَالَ رَبِّ لِمَ حَشَرْتَنِيْٓ اَعْمٰى وَقَدْ كُنْتُ بَصِيْرًا١٢٥
Qāla rabbi lima ḥasyartanī a‘mā wa qad kuntu baṣīrā(n).
[125] Iyane podo ngomong: “he pengeranisun, apuo ndiko ngumpulaken isun nong keadaan picek, padahal isun bengene iku wong kang biso dileng?”

قَالَ كَذٰلِكَ اَتَتْكَ اٰيٰتُنَا فَنَسِيْتَهَاۚ وَكَذٰلِكَ الْيَوْمَ تُنْسٰى١٢٦
Qāla każālika atatka āyātunā fa nasītahā, wa każālikal-yauma tunsā.
[126] Gusti Alloh dawuh: “Koyo gedigu iku, uwes teko nong siro ayat-ayatisun, mongko siro ngelalekaken lan gedigu (pisan) nong dino iki siro ugo dilalekaken”.

وَكَذٰلِكَ نَجْزِيْ مَنْ اَسْرَفَ وَلَمْ يُؤْمِنْۢ بِاٰيٰتِ رَبِّهٖۗ وَلَعَذَابُ الْاٰخِرَةِ اَشَدُّ وَاَبْقٰى١٢٧
Wa każālika najzī man asrafa wa lam yu'mim bi'āyāti rabbih(ī), wa la‘ażābul-ākhirati asyaddu wa abqā.
[127] Lan gedigu iku isun mbales wong kang ngeliwati wates lan osing percoyo nong ayat-ayat pengerane. Lan saktemene sekso nong akherat lebih abot lan lebih kekal.

اَفَلَمْ يَهْدِ لَهُمْ كَمْ اَهْلَكْنَا قَبْلَهُمْ مِّنَ الْقُرُوْنِ يَمْشُوْنَ فِيْ مَسٰكِنِهِمْۗ اِنَّ فِيْ ذٰلِكَ لَاٰيٰتٍ لِّاُولِى النُّهٰى ࣖ١٢٨
Afalam yahdi lahum kam ahlaknā qablahum minal-qurūni yamsyūna fī masākinihim, inna fī żālika la'āyātil li'ulin nuhā.
[128] Mongko opo osing dadi petunjuk kanggo iyan-iyane (kaum musyrikin) piro akehe kang wes Isun pateni umat-umat kang sakdurunge iyan-iyane, padahal iyan-iyane melaku (nong duwure bekas-bekas) panggonan umahe umat-umat iku? Saktemene nong kang gedigu iku ono tenger-tengere (kuwosone pengeran) kanggo wong kang duwe akal.

وَلَوْلَا كَلِمَةٌ سَبَقَتْ مِنْ رَّبِّكَ لَكَانَ لِزَامًا وَّاَجَلٌ مُّسَمًّى ۗ١٢٩
Wa lau lā kalimatun sabaqat mir rabbika lakāna lizāmaw wa ajalum musammā(n).
[129] Lan sekirone osing ono siji ketetepan teko Gusti Alloh kang ono reng bengene utowo heng ono ajal (waktu matine) kang wes ditentokaken, pasti (seksone iku) ngenengi iyane.

فَاصْبِرْ عَلٰى مَا يَقُوْلُوْنَ وَسَبِّحْ بِحَمْدِ رَبِّكَ قَبْلَ طُلُوْعِ الشَّمْسِ وَقَبْلَ غُرُوْبِهَا ۚوَمِنْ اٰنَاۤئِ الَّيْلِ فَسَبِّحْ وَاَطْرَافَ النَّهَارِ لَعَلَّكَ تَرْضٰى١٣٠
Faṣbir ‘alā mā yaqūlūna wa sabbiḥ biḥamdi rabbika qabla ṭulū‘isy-syamsi wa qabla gurūbihā, wa min ānā'il-laili fa sabbiḥ wa aṭrāfan-nahāri la‘allaka tarḍā.
[130] Mongko sabaro siro nong paran baen kang iyan-iyane (Quraisy) omongaken, lan moco’o tasbih siro kkambi muji nong pengeraniro, sakdurunge metu serengenge lan sakdurunge mendelepe lan moco’o tasbih ugo nong waktu-waktu bengi lan waktu-waktu raino, supoyo siro ngeroso seneng.

وَلَا تَمُدَّنَّ عَيْنَيْكَ اِلٰى مَا مَتَّعْنَا بِهٖٓ اَزْوَاجًا مِّنْهُمْ زَهْرَةَ الْحَيٰوةِ الدُّنْيَا ەۙ لِنَفْتِنَهُمْ فِيْهِ ۗوَرِزْقُ رَبِّكَ خَيْرٌ وَّاَبْقٰى١٣١
Wa lā tamuddanna ‘ainaika ilā mā matta‘nā bihī azwājam minhum zahratal-ḥayātid-dun-yā, linaftinahum fīh(i), wa rizqu rabbika khairuw wa abqā.
[131] Lan ojo’o siro arahaken moto lorone siro nong paran baen kang uwes Isun uwakaken nong golongan-golongan teko iyane kabeh, kang dadi kembange keuripane dunyone enggo Isun ujikaken iyane kabeh kambi (kembange keuripane dunyo) iku, lan rizki (weh-wehan) pengeraniro iku lebih apik lan lebih kekal.

وَأْمُرْ اَهْلَكَ بِالصَّلٰوةِ وَاصْطَبِرْ عَلَيْهَاۗ لَا نَسْـَٔلُكَ رِزْقًاۗ نَحْنُ نَرْزُقُكَۗ وَالْعَاقِبَةُ لِلتَّقْوٰى١٣٢
Wa'mur ahlaka biṣ-ṣalāti waṣṭabir ‘alaihā, lā nas'aluka rizqā(n), naḥnu narzuquk(a), wal-‘āqibatu lit-taqwā.
[132] Lan merintaho nong keluargoniro njejegaken sembahyang lan sabaro siro nong jerone ngelakoni iku. Isun oseng jaluk rizki nong siro, Isun kang nguweni rizki nong siro. Lan akibat (kang apik) iku kanggo wong kang takwa.

وَقَالُوْا لَوْلَا يَأْتِيْنَا بِاٰيَةٍ مِّنْ رَّبِّهٖۗ اَوَلَمْ تَأْتِهِمْ بَيِّنَةُ مَا فِى الصُّحُفِ الْاُوْلٰى١٣٣
Wa qālū lau lā ya'tīnā bi'āyatim mir rabbih(ī), awalam ta'tihim bayyinatu mā fiṣ-ṣuḥufil-ūlā.
[133] Lan iyane kabeh ngomong: “apuo iyane osing gowo bukti nong isun teko pengerane ?” lan apuo durung teko nong iyane kabeh bukti kang nyoto teko paran hang kesebut ring jero kitab-kitab kang kawitan ?

وَلَوْ اَنَّآ اَهْلَكْنٰهُمْ بِعَذَابٍ مِّنْ قَبْلِهٖ لَقَالُوْا رَبَّنَا لَوْلَآ اَرْسَلْتَ اِلَيْنَا رَسُوْلًا فَنَتَّبِعَ اٰيٰتِكَ مِنْ قَبْلِ اَنْ نَّذِلَّ وَنَخْزٰى١٣٤
Wa lau annā ahlaknāhum bi‘ażābim min qablihī laqālū rabbanā lau lā arsalta ilainā rasūlan fa nattabi‘a āyātika min qabli an nażilla wa nakhzā.
[134] Lan sekirone Isun ngancuraken iyane kabeh kambi siji sekso sakdurunge Al-Qur’an iku (diedunaken), tentu iyan-iyane ngomong: “He Pengeranisun, apuo osing ndiko utus siji utusan (rosul) nong isun kabeh, terus isun milu ayat-ayat ndiko sakdurunge isun dadi ino lan endep (heng ono artine)?”

قُلْ كُلٌّ مُّتَرَبِّصٌ فَتَرَبَّصُوْاۚ فَسَتَعْلَمُوْنَ مَنْ اَصْحٰبُ الصِّرَاطِ السَّوِيِّ وَمَنِ اهْتَدٰى ࣖ ۔١٣٥
Qul kullum mutarabbiṣun fa tarabbaṣū, fa sata‘lamūna man aṣḥābuṣ-ṣirāṭis-sawiyyi wa manihtadā.
[135] Ngomongo: “saben-saben (kito) nganteni, mongko podo ngantenono siro kabeh! Mongko siro mbesok arep weruh, sopo kang melaku nong dalan kang kenceng lan sopo kang uwes oleh petunjuk”.