Surah Al-Baqarah

Daftar Surah

بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
الۤمّۤ ۚ١
Alif lām mīm.
[1] Alif laam miim

ذٰلِكَ الْكِتٰبُ لَا رَيْبَ ۛ فِيْهِ ۛ هُدًى لِّلْمُتَّقِيْنَۙ٢
Żālikal-kitābu lā raiba fīh(i), hudal lil-muttaqīn(a).
[2] Kitab (Al-Qur’an) iki heng ono mamang blas, piduduh kanggo wong kang taqwa.

الَّذِيْنَ يُؤْمِنُوْنَ بِالْغَيْبِ وَيُقِيْمُوْنَ الصَّلٰوةَ وَمِمَّا رَزَقْنٰهُمْ يُنْفِقُوْنَ ۙ٣
Al-lażīna yu'minūna bil-gaibi wa yuqīmūnaṣ-ṣalāta wa mimmā razaqnāhum yunfiqūn(a).
[3] Yaiku wong kang iman nyang kang ghoib (samar/heng katon), kang ngedekaken sembayang, lan nyedekahaken separo rizkine kang Isun uwekaken nang wong iku.

وَالَّذِيْنَ يُؤْمِنُوْنَ بِمَآ اُنْزِلَ اِلَيْكَ وَمَآ اُنْزِلَ مِنْ قَبْلِكَ ۚ وَبِالْاٰخِرَةِ هُمْ يُوْقِنُوْنَۗ٤
Wal-lażīna yu'minūna bimā unzila ilaika wa mā unzila min qablik(a), wabil-ākhirati hum yūqinūn(a).
[4] Lan wong kang percoyo nang Kitab (Al-Qur’an) kang wes didunaken nang ndiko lan kitab – kitab kang wes didunaken sak durunge ndiko, serto percoyo nang keuripan akhirat.

اُولٰۤىِٕكَ عَلٰى هُدًى مِّنْ رَّبِّهِمْ ۙ وَاُولٰۤىِٕكَ هُمُ الْمُفْلِحُوْنَ٥
Ulā'ika ‘alā hudam mir rabbihim wa ulā'ika humul-mufliḥūn(a).
[5] Wong-wong iku kang oleh piduduh teko Pengerane, lan wong wong iku kang untung.

اِنَّ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا سَوَاۤءٌ عَلَيْهِمْ ءَاَنْذَرْتَهُمْ اَمْ لَمْ تُنْذِرْهُمْ لَا يُؤْمِنُوْنَ٦
Innal-lażīna kafarū sawā'un ‘alaihim a'anżartahum am lam tunżirhum lā yu'minūn(a).
[6] Saktemene wong-wong kafir, podo baen kanggo wong iku, ndiko uweni wejangan utowo seng diweni wejangan, wong iku yo tetep oseng percoyo.

خَتَمَ اللّٰهُ عَلٰى قُلُوْبِهِمْ وَعَلٰى سَمْعِهِمْ ۗ وَعَلٰٓى اَبْصَارِهِمْ غِشَاوَةٌ وَّلَهُمْ عَذَابٌ عَظِيْمٌ ࣖ٧
Khatamallāhu ‘alā qulūbihim wa ‘alā sam‘ihim wa ‘alā abṣārihim gisyāwatuw wa lahum ‘ażābun ‘aẓīm(un).
[7] Gusti Alloh wes ngunci mati ati lan pengerungune wong iku, lan peningale wong iku ditutup, lan kanggo wong iki sikso kang seru abote.

وَمِنَ النَّاسِ مَنْ يَّقُوْلُ اٰمَنَّا بِاللّٰهِ وَبِالْيَوْمِ الْاٰخِرِ وَمَا هُمْ بِمُؤْمِنِيْنَۘ٨
Wa minan-nāsi may yaqūlu āmannā billāhi wa bil-yaumil-ākhiri wa mā hum bimu'minīn(a).
[8] Nong antarane menuso ono kang ngomong: “Awak iki percoyo nang Gusti Alloh lan dino akhir, padahal wong iku saktemene dudu wongkang percoyo.

يُخٰدِعُوْنَ اللّٰهَ وَالَّذِيْنَ اٰمَنُوْا ۚ وَمَا يَخْدَعُوْنَ اِلَّآ اَنْفُسَهُمْ وَمَا يَشْعُرُوْنَۗ٩
Yukhādi‘ūnallāha wal-lażīna āmanū wa mā yakhda‘ūna illā anfusahum wa mā yasy‘urūn(a).
[9] Wong-wong iku arep ngapusi (nipu) Alloh lan wong kang iman, sakjene wong iku mung nipu awake dewek cumo wongiku heng sadar.

فِيْ قُلُوْبِهِمْ مَّرَضٌۙ فَزَادَهُمُ اللّٰهُ مَرَضًاۚ وَلَهُمْ عَذَابٌ اَلِيْمٌ ۢ ەۙ بِمَا كَانُوْا يَكْذِبُوْنَ١٠
Fī qulūbihim maraḍun fa zādahumullāhu maraḍā(n), wa lahum ‘ażābun alīmum bimā kānū yakżibūn(a).
[10] Nang jeru atine wong iku ono penyakit, terus ditambai Gusti Alloh penyakite, lan kanggo wong iku sikso kang loro, disebabaken wong iku ngapusi.

وَاِذَا قِيْلَ لَهُمْ لَا تُفْسِدُوْا فِى الْاَرْضِۙ قَالُوْٓا اِنَّمَا نَحْنُ مُصْلِحُوْنَ١١
Wa iżā qīla lahum lā tufsidū fil-arḍ(i), qālū innamā naḥnu muṣliḥūn(a).
[11] Lan kadung diomongaken nang wong iku: siro ojo ngerusak nang bumi iki, wong-wong iku jawab: saktemene awak iki wong-wong kang gawe keapikan.

اَلَآ اِنَّهُمْ هُمُ الْمُفْسِدُوْنَ وَلٰكِنْ لَّا يَشْعُرُوْنَ١٢
Alā innahum humul-mufsidūna wa lākil lā yasy‘urūn(a).
[12] Ilingo, sakbenere wong iku kang gawe kerusakan, mung wong iku heng sadar.

وَاِذَا قِيْلَ لَهُمْ اٰمِنُوْا كَمَآ اٰمَنَ النَّاسُ قَالُوْٓا اَنُؤْمِنُ كَمَآ اٰمَنَ السُّفَهَاۤءُ ۗ اَلَآ اِنَّهُمْ هُمُ السُّفَهَاۤءُ وَلٰكِنْ لَّا يَعْلَمُوْنَ١٣
Wa iżā qīla lahum āminū kamā āmanan nāsu qālū anu'minu kamā āmanas-sufahā'(u), alā innahum humus-sufahā'u wa lākil lā ya‘lamūn(a).
[13] Kadung iyane diomongi: “imano siro kabeh koyo wong-wong liyo kang wes iman”, iyane njawab: “opo isun iman koyo wong-wong bongol kang wes iman?”engeto, saktemene wong wong iku dewek kang bongol, taping iyane osing weruh.

وَاِذَا لَقُوا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا قَالُوْٓا اٰمَنَّا ۚ وَاِذَا خَلَوْا اِلٰى شَيٰطِيْنِهِمْ ۙ قَالُوْٓا اِنَّا مَعَكُمْ ۙاِنَّمَا نَحْنُ مُسْتَهْزِءُوْنَ١٤
Wa iżā laqul-lażīna āmanū qālū āmannā, wa iżā khalau ilā syayāṭīnihim qālū innā ma‘akum, innamā naḥnu mustahzi'ūn(a).
[14] Lan kadung uwong uwong iku ketemu wong-wong kang podo iman, iyane ngomong: “isun wes iman”, lan kadung wong wong iku balik nong syetan-syetane 1 .wong wong iku ngomong: saktemene isun kabeh podo kambi siro, isun mung madani (ngolok-olok).
1) Karepe: pimpinan-pimpinan iyane

اَللّٰهُ يَسْتَهْزِئُ بِهِمْ وَيَمُدُّهُمْ فِيْ طُغْيَانِهِمْ يَعْمَهُوْنَ١٥
Allāhu yastahzi'u bihim wa yamudduhum fī ṭugyānihim ya‘mahūn(a).
[15] Gusti Alloh arep (mbales) nyang alok-aloke wong wong iku lan ginengaken wong wong iku kemambang nong kesasare iyane dewek..

اُولٰۤىِٕكَ الَّذِيْنَ اشْتَرَوُا الضَّلٰلَةَ بِالْهُدٰىۖ فَمَا رَبِحَتْ تِّجَارَتُهُمْ وَمَا كَانُوْا مُهْتَدِيْنَ١٦
Ulā'ikal-lażīnasytarawuḍ-ḍalālata bil-hudā, famā rabiḥat tijāratuhum wa mā kānū muhtadīn(a).
[16] Gusti Alloh iku kang nuku kesasare nganggo piduduh, mongko osinglah untung dagangane iyane lan iyane osing oleh pituduh.

مَثَلُهُمْ كَمَثَلِ الَّذِى اسْتَوْقَدَ نَارًا ۚ فَلَمَّآ اَضَاۤءَتْ مَا حَوْلَهٗ ذَهَبَ اللّٰهُ بِنُوْرِهِمْ وَتَرَكَهُمْ فِيْ ظُلُمٰتٍ لَّا يُبْصِرُوْنَ١٧
Maṡaluhum kamaṡalil-lażistauqada nārā(n), falammā aḍā'at mā ḥaulahūū żahaballāhu binūrihim wa tarakahum fī ẓulumātil lā yubṣirūn(a).
[17] Gambarane wong-wong iku yaiku koyo wongkang ngurubi geni, mongko sakmarine geni iku madangi sak kelilinge, Alloh ngilangi urube (kang nyentrongi) wong iku, genengaken wong iku nang jerune peteng, heng biso deleng.

صُمٌّ ۢ بُكْمٌ عُمْيٌ فَهُمْ لَا يَرْجِعُوْنَۙ١٨
Ṣummum bukmun ‘umyun fahum lā yarji‘ūn(a).
[18] Wong-wong iku gendeng, kolok, picek, mongko wong iku heng biso balek nang dalan kang bener.

اَوْ كَصَيِّبٍ مِّنَ السَّمَاۤءِ فِيْهِ ظُلُمٰتٌ وَّرَعْدٌ وَّبَرْقٌۚ يَجْعَلُوْنَ اَصَابِعَهُمْ فِيْٓ اٰذَانِهِمْ مِّنَ الصَّوَاعِقِ حَذَرَ الْمَوْتِۗ وَاللّٰهُ مُحِيْطٌۢ بِالْكٰفِرِيْنَ١٩
Au kaṣayyibim minas-samā'i fīhi ẓulumātuw wa ra‘duw wa barq(un), yaj‘alūna aṣābi‘ahum fī āżānihim minaṣ-ṣawā‘iqi ḥażaral-maut(i), wallāhu muḥīṭum bil- kāfirīn(a).
[19] Utowo koyo (wong kang keneng) udan deres teko langit dibrengi peteng dedet, geludug lan gilap, wong iku nyumpeli kupinge nganggo jerijine, kerono (kerungu suworo) geludug, sebab wedi nang mati, lan Gusti Alloh ngusai wong-wong kafir.

يَكَادُ الْبَرْقُ يَخْطَفُ اَبْصَارَهُمْ ۗ كُلَّمَآ اَضَاۤءَ لَهُمْ مَّشَوْا فِيْهِ ۙ وَاِذَآ اَظْلَمَ عَلَيْهِمْ قَامُوْا ۗوَلَوْ شَاۤءَ اللّٰهُ لَذَهَبَ بِسَمْعِهِمْ وَاَبْصَارِهِمْ ۗ اِنَّ اللّٰهَ عَلٰى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيْرٌ ࣖ٢٠
Yakādul-barqu yakhṭafu abṣārahum, kullamā aḍā'a lahum masyau fīh(i), wa iżā aẓlama ‘alaihim qāmū, wa lau syā'allāhu lażahaba bisam‘ihim wa abṣārihim, innallāha ‘alā kulli syai'in qadīr(un).
[20] Emeh baen gilap iku nyamber peningal wong-wong iku. Saben gilap iku nyentor nang wong iku, wong iku melaku nang nginsore sinar iku, lan umpomo peteng ngantem wong iku, wong iku mandeg. kadung Alloh ngarepaken, mongko Gusti Alloh ngilangi pengerungune lan penulihe wong iku. Saktemene Gusti Alloh Moho kuwoso nyang paren baen.

يٰٓاَيُّهَا النَّاسُ اعْبُدُوْا رَبَّكُمُ الَّذِيْ خَلَقَكُمْ وَالَّذِيْنَ مِنْ قَبْلِكُمْ لَعَلَّكُمْ تَتَّقُوْنَۙ٢١
Yā ayyuhan-nāsu‘budū rabbakumul-lażī khalaqakum wal-lażīna min qablikum la‘allakum tattaqūn(a).
[21] He menuso, sembahen Pengeraniro kang wes dadeaken siro lan wong-wong sakdurunge siro, supoyo siro bertaqwa.

الَّذِيْ جَعَلَ لَكُمُ الْاَرْضَ فِرَاشًا وَّالسَّمَاۤءَ بِنَاۤءً ۖوَّاَنْزَلَ مِنَ السَّمَاۤءِ مَاۤءً فَاَخْرَجَ بِهٖ مِنَ الثَّمَرٰتِ رِزْقًا لَّكُمْ ۚ فَلَا تَجْعَلُوْا لِلّٰهِ اَنْدَادًا وَّاَنْتُمْ تَعْلَمُوْنَ٢٢
Allażī ja‘ala lakumul-arḍa firāsyaw was-samā'a binā'ā(n), wa anzala minas-samā'i mā'an fa akhraja bihī minaṡ-ṡamarāti rizqal lakum, falā taj‘alū lillāhi andādaw wa antum ta‘lamūn(a).
[22] Gusti Alloh kang dadekaken bumi, dadi hamparan kanggo siro kabeh lan langit dadi atap, lan Alloh ngedunaken udan teko langit, terus Alloh ngasilaken nganggo banyu udan iku uwoh-uwohan miongko rizki kanggo siro, kerono iku ojo gawe tandingan (sekutu-sekutu) nyang Gusti Alloh padahal siro weruh.

وَاِنْ كُنْتُمْ فِيْ رَيْبٍ مِّمَّا نَزَّلْنَا عَلٰى عَبْدِنَا فَأْتُوْا بِسُوْرَةٍ مِّنْ مِّثْلِهٖ ۖ وَادْعُوْا شُهَدَاۤءَكُمْ مِّنْ دُوْنِ اللّٰهِ اِنْ كُنْتُمْ صٰدِقِيْنَ٢٣
Wa in kuntum fī raibim mimmā nazzalnā ‘alā ‘abdinā fa'tū bisūratim mim miṡlih(ī), wad‘ū syuhadā'akum min dūnillāhi in kuntum ṣādiqīn(a).
[23] Lan kadung siro (tetep) ragu (mamang) Kambi Al-Qur’an kang hon wahyuaken nang hambanIsun (Muhammad), gawiyo siji surat baen kang podo Kambi Al-Qur’an iku lan ajaken kang nolong- nolong siro sak liyane Alloh, dong siro uwong kang bener.

فَاِنْ لَّمْ تَفْعَلُوْا وَلَنْ تَفْعَلُوْا فَاتَّقُوا النَّارَ الَّتِيْ وَقُوْدُهَا النَّاسُ وَالْحِجَارَةُ ۖ اُعِدَّتْ لِلْكٰفِرِيْنَ٢٤
Fa'illam taf‘alū wa lan taf‘alū fattaqun-nāral-latī waqūduhan-nāsu wal-ḥijārah(tu), u‘iddat lil-kāfirīn(a).
[24] Mongko kadong siro heng biso gawe, lan pasti siro heng bakal biso gawe. Jogonen awakiro teko geni neroko kang bahan bakare manuso lan watu, kang dicawisaken kanggo wong-wong kafir.

وَبَشِّرِ الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَعَمِلُوا الصّٰلِحٰتِ اَنَّ لَهُمْ جَنّٰتٍ تَجْرِيْ مِنْ تَحْتِهَا الْاَنْهٰرُ ۗ كُلَّمَا رُزِقُوْا مِنْهَا مِنْ ثَمَرَةٍ رِّزْقًا ۙ قَالُوْا هٰذَا الَّذِيْ رُزِقْنَا مِنْ قَبْلُ وَاُتُوْا بِهٖ مُتَشَابِهًا ۗوَلَهُمْ فِيْهَآ اَزْوَاجٌ مُّطَهَّرَةٌ وَّهُمْ فِيْهَا خٰلِدُوْنَ٢٥
Wa basysyiril-lażīna āmanū wa ‘amiluṣ-ṣāliḥāti anna lahum jannātin tajrī min taḥtihal- anhār(u), kullamā ruziqū minhā min ṡamaratir rizqā(n), qālū hāżal-lażī ruziqnā min qablu wa utū bihī mutasyābihā(n), wa lahum fīhā azwājum muṭahharatuw wa hum fīhā khālidūn(a).
[25] Lan sampekno kabar kang nyenengaken nyang wong-wong kang percoyo lan kang ngelakoni apik, kadong wong-wong iku dicawisi surgo-surgo kang ono banyu-banyu mili nang jerune. Saben wong-wong iku di uweni rizki who-wohan nang surgo-surgo iku, Wong-wong iku ngomong: iki kang wes tau diwekaken nyang Isun waktu bengen”. Wong-wong iku diweni who-wohan kang podo lan kanggo wong-wong iku ono wong wadon (istri-istri) kang rijig (suci) lan wong-wong iku langgeng nang jerune.

۞ اِنَّ اللّٰهَ لَا يَسْتَحْيٖٓ اَنْ يَّضْرِبَ مَثَلًا مَّا بَعُوْضَةً فَمَا فَوْقَهَا ۗ فَاَمَّا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا فَيَعْلَمُوْنَ اَنَّهُ الْحَقُّ مِنْ رَّبِّهِمْ ۚ وَاَمَّا الَّذِيْنَ كَفَرُوْا فَيَقُوْلُوْنَ مَاذَآ اَرَادَ اللّٰهُ بِهٰذَا مَثَلًا ۘ يُضِلُّ بِهٖ كَثِيْرًا وَّيَهْدِيْ بِهٖ كَثِيْرًا ۗ وَمَا يُضِلُّ بِهٖٓ اِلَّا الْفٰسِقِيْنَۙ٢٦
Innallāha lā yastaḥyī ay yaḍriba maṡalam mā ba‘ūḍatan famā fauqahā, fa'ammal- lażīna āmanū faya‘lamūna annahul-ḥaqqu mir rabbihim, wa ammal-lażīna kafarū fayaqūlūna māżā arādallāhu bihāżā maṡalā(n), yuḍillu bihī kaṡīraw wa yahdī bihī kaṡīrā(n), wa mā yuḍillu bihī illal-fāsiqīn(a).
[26] Saktemene Gusti Alloh heng sungkan – sungkan gawe peribasan rupo rengit utowo kang lebih endep teko iku. Kadong wong -wong kang percoyo, mogko wong-wong iku yakin bahwa perumpamaan iku bener teko Pengerane wong iku, tapi wong kang kafir ngomong: Paren maksude Alloh dadeaken iki kanggo perumpamaan?” Kambi perumpamaan iku akeh wong kang disesataken Alloh, lan kelawan contoh iku (pisan) akeh uwong kang diweni pituduh, lan heng ono kang disesataken kecobo wong-wong kang fasik.

الَّذِيْنَ يَنْقُضُوْنَ عَهْدَ اللّٰهِ مِنْۢ بَعْدِ مِيْثَاقِهٖۖ وَيَقْطَعُوْنَ مَآ اَمَرَ اللّٰهُ بِهٖٓ اَنْ يُّوْصَلَ وَيُفْسِدُوْنَ فِى الْاَرْضِۗ اُولٰۤىِٕكَ هُمُ الْخٰسِرُوْنَ٢٧
Allażīna yanquḍūna ‘ahdallāhi mim ba‘di mīṡāqih(ī), wa yaqṭa‘ūna mā amarallāhu bihī ay yūṣala wa yufsidūna fil-arḍ(i), ulā'ika humul-khāsirūn(a).
[27] Yaiku wong-wong kang ngelanggar perjanjian Alloh sakmarine perjanjian iku teguh, lan medot paren kang diperintah Alloh (yang wong-wong iku) kanggo nyambungno lan gawe kerusakan nang bumi. Wong-wong iku wong-wong kang rugi.

كَيْفَ تَكْفُرُوْنَ بِاللّٰهِ وَكُنْتُمْ اَمْوَاتًا فَاَحْيَاكُمْۚ ثُمَّ يُمِيْتُكُمْ ثُمَّ يُحْيِيْكُمْ ثُمَّ اِلَيْهِ تُرْجَعُوْنَ٢٨
Kaifa takfurūna billāhi wa kuntum amwātan fa'aḥyākum, ṡumma yumītukum ṡumma yuḥyīkum ṡumma ilaihi turja‘ūn(a).
[28] Apuo siro kafir nang Alloh, padahal siro mau mati, terus Gusti Alloh nguripaken siro, terus siro dipateni lan diuripaken maning, terus nyang Gusti Alloh siro dibalekaken.

هُوَ الَّذِيْ خَلَقَ لَكُمْ مَّا فِى الْاَرْضِ جَمِيْعًا ثُمَّ اسْتَوٰٓى اِلَى السَّمَاۤءِ فَسَوّٰىهُنَّ سَبْعَ سَمٰوٰتٍ ۗ وَهُوَ بِكُلِّ شَيْءٍ عَلِيْمٌ ࣖ٢٩
Huwal-lażī khalaqa lakum mā fil-arḍi jamī‘ā(n), ṡummastawā ilas-samā'i fasawwāhunna sab‘a samāwāt(in), wa huwa bikulli syai'in ‘alīm(un).
[29] Gusti Alloh kang dadeaken paren baen kang ono nang bumi kanggo siro, lan Alloh keppingin nang langit, terus didadeaken pitung langit, Lan Gusti Alloh Moho weruh nang paren baen.

وَاِذْ قَالَ رَبُّكَ لِلْمَلٰۤىِٕكَةِ اِنِّيْ جَاعِلٌ فِى الْاَرْضِ خَلِيْفَةً ۗ قَالُوْٓا اَتَجْعَلُ فِيْهَا مَنْ يُّفْسِدُ فِيْهَا وَيَسْفِكُ الدِّمَاۤءَۚ وَنَحْنُ نُسَبِّحُ بِحَمْدِكَ وَنُقَدِّسُ لَكَ ۗ قَالَ اِنِّيْٓ اَعْلَمُ مَا لَا تَعْلَمُوْنَ٣٠
Wa iż qāla rabbuka lil-malā'ikati innī jā‘ilun fil-arḍi khalīfah(tan), qālū ataj‘alu fīhā may yufsidu fīhā wa yasfikud-dimā'(a), wa naḥnu nusabbiḥu biḥamdika wa nuqaddisu lak(a), qāla innī a‘lamu mā lā ta‘lamūn(a).
[30] Engeto waktu Pengerane siro dawuh nang Malaikat: “Saktemene Isun (Alloh) arep dadekaken kholifah nang bumi” Wong-wong iku (Malaikat) ngomong: “Napuo Ndiko bade dadosaken (kholifah) teng bumin iku tiyang ingkang bade damel kerusakan lan numpahaken getih, padahal kulo terus bertasbih muji ndiko lan nyuceaken ndiko?” Gusti Alloh dawuh: Saktemene Isun (Gusti Alloh) weruh paren kang siro heng weruh”.

وَعَلَّمَ اٰدَمَ الْاَسْمَاۤءَ كُلَّهَا ثُمَّ عَرَضَهُمْ عَلَى الْمَلٰۤىِٕكَةِ فَقَالَ اَنْۢبِـُٔوْنِيْ بِاَسْمَاۤءِ هٰٓؤُلَاۤءِ اِنْ كُنْتُمْ صٰدِقِيْنَ٣١
Wa ‘allama ādamal-asmā'a kullahā ṡumma ‘araḍahum ‘alal-malā'ikati faqāla ambi'ūnī bi'asmā'i hā'ulā'i in kuntum ṣādiqīn(a).
[31] Lan Gusti Alloh ngajari Adam aran-aran (bendo-bendo) kabeh, terus nuduhaken nang poro Malaikat terus dawuh: Sebutno nang Isun arane barang-barang iku nek pancen siro wong-wong kang bener.

قَالُوْا سُبْحٰنَكَ لَا عِلْمَ لَنَآ اِلَّا مَا عَلَّمْتَنَا ۗاِنَّكَ اَنْتَ الْعَلِيْمُ الْحَكِيْمُ٣٢
Qālū subḥānaka lā ‘ilma lanā illā mā ‘allamtanā, innaka antal-‘alīmul-ḥakīm(u).
[32] Poro Malaikat jawab: Moho suci Ndiko, boten wonten ingkang kulo sumerapi kejawi opo ingkang Ndiko ajaraken dating kulo, Saktemene Ndiko Moho weruh tur Moho wicaksono.

قَالَ يٰٓاٰدَمُ اَنْۢبِئْهُمْ بِاَسْمَاۤىِٕهِمْ ۚ فَلَمَّآ اَنْۢبَاَهُمْ بِاَسْمَاۤىِٕهِمْۙ قَالَ اَلَمْ اَقُلْ لَّكُمْ اِنِّيْٓ اَعْلَمُ غَيْبَ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِۙ وَاَعْلَمُ مَا تُبْدُوْنَ وَمَا كُنْتُمْ تَكْتُمُوْنَ٣٣
Qāla yā ādamu ambi'hum bi'asmā'ihim, falammā amba'ahum bi'asmā'ihim, qāla alam aqul lakum innī a‘lamu gaibas-samāwāti wal-arḍ(i), wa a‘lamu mā tubdūna wa mā kuntum taktumūn(a).
[33] Alloh dawuh: “He Adam, wenono weroh wong-wong iku aran -arane barang iki” mongko sak marini diweni weruh nang wong-wong iku aran-arane barang iku, Alloh dawuh: Opo tah dorog hon omongaken nang siro, nek saktemene Isun weruh nang rahasia langit lan bumi lan weruh paren kang siro katokaen lan weruh paren kang siro sengidakaen.

وَاِذْ قُلْنَا لِلْمَلٰۤىِٕكَةِ اسْجُدُوْا لِاٰدَمَ فَسَجَدُوْٓا اِلَّآ اِبْلِيْسَۗ اَبٰى وَاسْتَكْبَرَۖ وَكَانَ مِنَ الْكٰفِرِيْنَ٣٤
Wa iż qulnā lil-malā'ikatisjudū li ādama fasajadū illā iblīs(a), abā wastakbara wa kāna minal-kāfirīn(a).
[34] Lan (ingeto) waktu Isun dawuh nang poro Malaikat: “Sujudo nang Adam,” mongko podo sujud poro Malaikat kejobo Iblis, Iblis nolak lan sombong, lan Iblis kelebu golongane wong-wong kang kafir.

وَقُلْنَا يٰٓاٰدَمُ اسْكُنْ اَنْتَ وَزَوْجُكَ الْجَنَّةَ وَكُلَا مِنْهَا رَغَدًا حَيْثُ شِئْتُمَاۖ وَلَا تَقْرَبَا هٰذِهِ الشَّجَرَةَ فَتَكُوْنَا مِنَ الظّٰلِمِيْنَ٣٥
Wa qulnā yā ādamuskun anta wa zaujukal-jannata wa kulā minhā ragadan ḥaiṡu syi'tumā, wa lā taqrabā hāżihisy-syajarata fa takūnā minaẓ-ẓālimīn(a).
[35] Lan Isun (Gusti Alloh) dawuh: “He Adam, manggono siro lan rabiniro surgo iki, lan panganen panganan – panganan kang akeh tur apik nangdi baen siro seneng lan ojo mareki (ojo parek-parek) nang uwit iki, kang nyebabaken ndiko kelebu wong-wong dzolim.

فَاَزَلَّهُمَا الشَّيْطٰنُ عَنْهَا فَاَخْرَجَهُمَا مِمَّا كَانَا فِيْهِ ۖ وَقُلْنَا اهْبِطُوْا بَعْضُكُمْ لِبَعْضٍ عَدُوٌّ ۚ وَلَكُمْ فِى الْاَرْضِ مُسْتَقَرٌّ وَّمَتَاعٌ اِلٰى حِيْنٍ٣٦
Fa'azallahumasy-syaiṭānu ‘anhā fa akhrajahumā mimmā kānā fīh(i), wa qulnahbiṭū ba‘ḍukum liba‘ḍin ‘aduww(un), wa lakum fil-arḍi mustaqarruw wa matā‘un ilā ḥīn(in).
[36] Terus karo-karone dipelesetaken Kambi syetan teko surgo lan dietokaken teko keadaane kang mulo, 2 lang Isun (Alloh) ngomong: “ muduno siro! Sebahagiane siro dadi musuh Kambi liyane, lan kanggo siro ono panggonan netep nong bumi lan ugo ono kesenengane urip sampek wektu kang ditemtokaken.
2) Maksude keadaane kang mulo yoiku nikmate, mewahe lan mulyone urip nong surgo.

فَتَلَقّٰٓى اٰدَمُ مِنْ رَّبِّهٖ كَلِمٰتٍ فَتَابَ عَلَيْهِ ۗ اِنَّهٗ هُوَ التَّوَّابُ الرَّحِيْمُ٣٧
Fatalaqqā ādamu mir rabbihī kalimātin fatāba ‘alaih(i), innahū huwat-tawwābur- raḥīm(u).
[37] Sakteruse Adam nerimo pirang – pirang kalimat teko Pengerane, mongko Alloh nerimo tobate, Saktemene Alloh Moho nerimo tobat tur Moho WelasAsih.

قُلْنَا اهْبِطُوْا مِنْهَا جَمِيْعًا ۚ فَاِمَّا يَأْتِيَنَّكُمْ مِّنِّيْ هُدًى فَمَنْ تَبِعَ هُدَايَ فَلَا خَوْفٌ عَلَيْهِمْ وَلَا هُمْ يَحْزَنُوْنَ٣٨
Qulnahbiṭū minhā jamī‘ā(n), fa'immā ya'tiyannakum minnī hudan faman tabi‘a hudāya falā khaufun ‘alaihim wa lā hum yaḥzanūn(a).
[38] Isun (Gusti Alloh) dawuh: “Muduno siro kabeh teko surgo iku!. Terus kadung teko pituduhn Isun nong siro, mongko sopo baen kang milu Kambi pituduh Isun, pasti osing duwe roso was-was (kuwatir) nong iyane, lan iyane (ugo) osing susah ati”.

وَالَّذِيْنَ كَفَرُوْا وَكَذَّبُوْا بِاٰيٰتِنَآ اُولٰۤىِٕكَ اَصْحٰبُ النَّارِ ۚ هُمْ فِيْهَا خٰلِدُوْنَ ࣖ٣٩
Wal-lażīna kafarū wa każżabū bi'āyātinā ulā'ika aṣḥābun-nār(i), hum fīhā khālidūn(a).
[39] Onone wong-wong hang kafir lan ndustakaken ayat-ayate Isun (Gusti Alloh), wong-wong iku kabeh hang mapani neroko lan langgeng sak lawase.

يٰبَنِيْٓ اِسْرَاۤءِيْلَ اذْكُرُوْا نِعْمَتِيَ الَّتِيْٓ اَنْعَمْتُ عَلَيْكُمْ وَاَوْفُوْا بِعَهْدِيْٓ اُوْفِ بِعَهْدِكُمْۚ وَاِيَّايَ فَارْهَبُوْنِ٤٠
Yā banī isrā'īlażkurū ni‘matiyal-latī an‘amtu ‘alaikum wa aufū bi‘ahdī ūfi bi‘ahdikum, wa iyyāya farhabūn(i).
[40] He Bani Isroil, ingeto ning nikmat isun (Gusti Alloh) hang wes isun anugrahaken kanggo siro kabeh, lan akehono janjine siro ning isun, mongko isun akehi janjine isun neng siro; lan mung ning Isun siro kudu wedi(tunduk)

وَاٰمِنُوْا بِمَآ اَنْزَلْتُ مُصَدِّقًا لِّمَا مَعَكُمْ وَلَا تَكُوْنُوْٓا اَوَّلَ كَافِرٍۢ بِهٖ ۖ وَلَا تَشْتَرُوْا بِاٰيٰتِيْ ثَمَنًا قَلِيْلًا ۖوَّاِيَّايَ فَاتَّقُوْنِ٤١
Wa āminū bimā anzaltu muṣaddiqal limā ma‘akum wa lā takūnū awwala kāfirim bih(ī), wa lā tasytarū bi'āyātī ṡamanan qalīlā(n), wa iyyāya fattaqūn(i).
[41] Lan nduweo iman siro ning paran hang wes Isun mudunaken (Al-Qur’an) hang mbeneraken paran hang ono neng siro (Taurot), lan ojon siro dadi wong hang swiji kafir ing Alloh, lan ojo siro ngoperaken ayat-ayat Isun nganggo rego hang murah lan mung ning Isun siro kudu taqwa.

وَلَا تَلْبِسُوا الْحَقَّ بِالْبَاطِلِ وَتَكْتُمُوا الْحَقَّ وَاَنْتُمْ تَعْلَمُوْنَ٤٢
Wa lā talbisul-ḥaqqa bil-bāṭili wa taktumul-ḥaqqa wa antum ta‘lamūn(a).
[42] Kambi ojo siro campur uletaken barang kang bener Kambi kang salah Kambi ojo siro nyengidakaken kang bener iku padahal riko weruh.

وَاَقِيْمُوا الصَّلٰوةَ وَاٰتُوا الزَّكٰوةَ وَارْكَعُوْا مَعَ الرّٰكِعِيْنَ٤٣
Wa aqīmuṣ-ṣalāta wa ātuz-zakāta warka‘ū ma‘ar-rāki‘īn(a).
[43] Kambi ngedekno sembahyang, mbayaro zakat lan ruku’o bareng kambi wong-wong hang ruiku’.

۞ اَتَأْمُرُوْنَ النَّاسَ بِالْبِرِّ وَتَنْسَوْنَ اَنْفُسَكُمْ وَاَنْتُمْ تَتْلُوْنَ الْكِتٰبَ ۗ اَفَلَا تَعْقِلُوْنَ٤٤
Ata'murūnan-nāsa bil-birri wa tansauna anfusakum wa antum tatlūnal-kitāb(a), afalā ta‘qilūn(a).
[44] Abuo siro ngonkon wong liyo (nglakoni) keapikan, padahal siro lali awak (kwajiban) siro dewek, padahal siro moco Al-Kitab(Taurot) opo oseng ta siro mikir.

وَاسْتَعِيْنُوْا بِالصَّبْرِ وَالصَّلٰوةِ ۗ وَاِنَّهَا لَكَبِيْرَةٌ اِلَّا عَلَى الْخٰشِعِيْنَۙ٤٥
Wasta‘īnū biṣ-ṣabri waṣ-ṣalāh(ti), wa innahā lakabīratun illā ‘alal-khāsyi‘īn(a).
[45] Kambi njaluko tulong (nang Gusti Alloh) Kambi sabar Kambi sembahyang. Saktemene sembayang iku abot, kecobo kanggo wong-wong hang khusyu’.

الَّذِيْنَ يَظُنُّوْنَ اَنَّهُمْ مُّلٰقُوْا رَبِّهِمْ وَاَنَّهُمْ اِلَيْهِ رٰجِعُوْنَ ࣖ٤٦
Allażīna yaẓunnūna annahum mulāqū rabbihim wa annahum ilaihi rāji‘ūn(a).
[46] Yoiku wong-wong kang ngeloroni, saktemene riko kabeh arep nemoni pengerane, kambi saktemene riko kabeh arep balek maning nang Alloh.

يٰبَنِيْٓ اِسْرَاۤءِيْلَ اذْكُرُوْا نِعْمَتِيَ الَّتِيْٓ اَنْعَمْتُ عَلَيْكُمْ وَاَنِّيْ فَضَّلْتُكُمْ عَلَى الْعٰلَمِيْنَ٤٧
Yā banī isrā'īlażkurū ni‘matiyal-latī an‘amtu ‘alaikum wa annī faḍḍaltukum ‘alal- ‘ālamīn(a).
[47] He Bani Isroil ingeto nong nikmat Isun kang wes isun uwakaken nong siro, lan (ingeto maning) kadung Isun wes nguweni kelebihan nong siro timbangane umat endi baen. 3
3) Bani Isroil kang wes diweni rahmat kamibi Alloh lan dilebihaken teko umat liyane yoiku mbah buyute iyane kang ono ning zamane Nabi Musa as.

وَاتَّقُوْا يَوْمًا لَّا تَجْزِيْ نَفْسٌ عَنْ نَّفْسٍ شَيْـًٔا وَّلَا يُقْبَلُ مِنْهَا شَفَاعَةٌ وَّلَا يُؤْخَذُ مِنْهَا عَدْلٌ وَّلَا هُمْ يُنْصَرُوْنَ٤٨
Wattaqū yaumal lā tajzī nafsun ‘an nafsin syai'aw wa lā yuqbalu minhā syafā‘atuw wa lā yu'khażu minhā ‘adluw wa lā hum yunṣarūn(a).
[48] Kambi jogonen awak riko teko (adzab) dino (kiamat kang ning dino iku) wong seng biso mbelo wong liyo, masio sitik, Kambi (gediku pisan) seng diterimo syafaate, kambi tebusan teko podone Kambi ojok riko kabeh arep ditolong.

وَاِذْ نَجَّيْنٰكُمْ مِّنْ اٰلِ فِرْعَوْنَ يَسُوْمُوْنَكُمْ سُوْۤءَ الْعَذَابِ يُذَبِّحُوْنَ اَبْنَاۤءَكُمْ وَيَسْتَحْيُوْنَ نِسَاۤءَكُمْ ۗ وَفِيْ ذٰلِكُمْ بَلَاۤءٌ مِّنْ رَّبِّكُمْ عَظِيْمٌ٤٩
Wa iż najjainākum min āli fir‘auna yasūmūnakum sū'al-‘ażābi yużabbiḥūna abnā'akum wa yastaḥyūna nisā'akum, wa fī żālikum balā'um mir rabbikum ‘aẓīm(un).
[49] lan ingeto wektu Isun (Alloh) nyelametaken siro kabeh teko (Fir’aun) lan bolo-bolone, iyane nibakaken nang siro kabeh sikso kang sak abot-abote, iyane mbeleh anak-anake siro kabeh kang lanang-lanang, lan ngginengaken anak-anake siro kabeh kang wadon-wadon, lan nong kang gedigu iku ono coban-coban kang gedi teko pengerane siro.

وَاِذْ فَرَقْنَا بِكُمُ الْبَحْرَ فَاَنْجَيْنٰكُمْ وَاَغْرَقْنَآ اٰلَ فِرْعَوْنَ وَاَنْتُمْ تَنْظُرُوْنَ٥٠
Wa iż faraqnā bikumul-baḥra fa'anjainākum wa agraqnā āla fir‘auna wa antum tanẓurūn(a).
[50] Lan ingeto pas Isun (Gusti Alloh) nyigar segoro kanggo riko, terus kene nyelemetno riko lan Isun nyilepaken (firaun) lan bolo-bolone sakjane riko dewek hang ndelengi.

وَاِذْ وٰعَدْنَا مُوْسٰىٓ اَرْبَعِيْنَ لَيْلَةً ثُمَّ اتَّخَذْتُمُ الْعِجْلَ مِنْۢ بَعْدِهٖ وَاَنْتُمْ ظٰلِمُوْنَ٥١
Wa iż wā‘adnā mūsā arba‘īna lailatan ṡummattakhażtumul-‘ijla mim ba‘dihī wa antum ẓālimūn(a).
[51] Lan ingeto pas Isun janji neng riko Musa (nguweni Taurot sak wise) perang puluh wengi, terus riko dadikno lare sapine (hang riko sembah) serto seng onone iku lan riko yoiku wong-wong kang dzolim.

ثُمَّ عَفَوْنَا عَنْكُمْ مِّنْۢ بَعْدِ ذٰلِكَ لَعَلَّكُمْ تَشْكُرُوْنَ٥٢
Ṡumma ‘afaunā ‘ankum mim ba‘di żālika la‘allakum tasykurūn(a).
[52] Sekteruse marine iku Isun (Gusti Alloh) nyepuro kesalahane riko, mane riko muji syukur.

وَاِذْ اٰتَيْنَا مُوْسَى الْكِتٰبَ وَالْفُرْقَانَ لَعَلَّكُمْ تَهْتَدُوْنَ٥٣
Wa iż ātainā mūsal-kitāba wal-furqāna la‘allakum tahtadūn(a).
[53] Lan ingeto pas Isun (Gusti Alloh) nguweni nyang Musa Al-Kitab (Taurot) lan keterangan hang mbedakaken antarane hang bener lan hang salah, supoyo oleh petunjuk.

وَاِذْ قَالَ مُوْسٰى لِقَوْمِهٖ يٰقَوْمِ اِنَّكُمْ ظَلَمْتُمْ اَنْفُسَكُمْ بِاتِّخَاذِكُمُ الْعِجْلَ فَتُوْبُوْٓا اِلٰى بَارِىِٕكُمْ فَاقْتُلُوْٓا اَنْفُسَكُمْۗ ذٰلِكُمْ خَيْرٌ لَّكُمْ عِنْدَ بَارِىِٕكُمْۗ فَتَابَ عَلَيْكُمْ ۗ اِنَّهٗ هُوَ التَّوَّابُ الرَّحِيْمُ٥٤
Wa iż qāla mūsā liqaumihī yā qaumi innakum ẓalamtum anfusakum bittikhāżikumul- ‘ijla fatūbū ilā bāri'ikum faqtulū anfusakum, żālikum khairul lakum ‘inda bāri'ikum, fatāba ‘alaikum, innahū huwat-tawwābur-raḥīm(u).
[54] Lan ingeto waktu Musa ngomong nang kaume: hei kaume ingsun saktemene siro iku nganioyo awake siro dewek, kerono siro wes dadikaken anake sapi (dadi sembahane siro), mongko tubato siro nong Pengeran kang nggawe siro lan matenono nong awake siro dewek. 4 Kang gedigu iku lebih apik kanggo siro mungguh pengeran kang nggawe siro; mongko Alloh nerimo tubate siro. Saktemene iyane dzat kang Moho nerimo tobat tur moho welas..
4) “Mateni awake dewek” ono kang maknani: wong-wong kang osing nyembah anake sapi iku mateni wong-wong kang nyembahi. Ono maning kang ngartekaken: wong kang nyembah anake sapi iku podo paten-patenan. Lan ono ugo kang ngartekaken: iyane dikongkon mateni awake dewek kanggo tobate.

وَاِذْ قُلْتُمْ يٰمُوْسٰى لَنْ نُّؤْمِنَ لَكَ حَتّٰى نَرَى اللّٰهَ جَهْرَةً فَاَخَذَتْكُمُ الصّٰعِقَةُ وَاَنْتُمْ تَنْظُرُوْنَ٥٥
Wa iż qultum yā mūsā lan nu'mina laka ḥattā narallāha jahratan fa'akhażatkumuṣ-ṣā‘iqatu wa antum tanẓurūn(a).
[55] Lan (ilingo). Pas riko ngomong “He Musa kene kabeh seng ngarep ngimanaken neng siro sedurunge kene kabeh ndileng Alloh kelawan padang” kerono iku riko disamber gleduk, kambi riko mung ndileng.

ثُمَّ بَعَثْنٰكُمْ مِّنْۢ بَعْدِ مَوْتِكُمْ لَعَلَّكُمْ تَشْكُرُوْنَ٥٦
Ṡumma ba‘aṡnākum mim ba‘di mautikum la‘allakum tasykurūn(a).
[56] Marine iku Isun (Gusti Alloh) kabeh kang bangkitaken riko marine riko mati supoyo riko bersyukur.

وَظَلَّلْنَا عَلَيْكُمُ الْغَمَامَ وَاَنْزَلْنَا عَلَيْكُمُ الْمَنَّ وَالسَّلْوٰى ۗ كُلُوْا مِنْ طَيِّبٰتِ مَا رَزَقْنٰكُمْ ۗ وَمَا ظَلَمُوْنَا وَلٰكِنْ كَانُوْٓا اَنْفُسَهُمْ يَظْلِمُوْنَ٥٧
Wa ẓallalnā ‘alaikumul-gamāma wa anzalnā ‘alaikumul-manna was-salwā, kulū min ṭayyibāti mā razaqnākum, wa mā ẓalamūnā wa lākin kānū anfusahum yaẓlimūn(a).
[57] Lan Isun (Gusti Alloh naungi riko nganggo awan lan kene kabeh mudunaken ning riko “manna” lan “salwa” mongko teko panggonan kang apik-api. Kang wis kene kabeh wekaken ning siro lan oseng wong iku kabeh nganioyo kene kabeh, taping wong iku sekabehe nganioyo awak wong iku kabeh dewek.

وَاِذْ قُلْنَا ادْخُلُوْا هٰذِهِ الْقَرْيَةَ فَكُلُوْا مِنْهَا حَيْثُ شِئْتُمْ رَغَدًا وَّادْخُلُوا الْبَابَ سُجَّدًا وَّقُوْلُوْا حِطَّةٌ نَّغْفِرْ لَكُمْ خَطٰيٰكُمْ ۗ وَسَنَزِيْدُ الْمُحْسِنِيْنَ٥٨
Wa iż qulnadkhulū hāżihil-qaryata fakulū minhā ḥaiṡu syi'tum ragadaw wadkhulul- bāba sujjadaw wa qūlū ḥiṭṭatun nagfir lakum khaṭāyākum, wa sanazīdul-muḥsinīn(a).
[58] Lan (ingeto) wektu Isun (Alloh) ngomong: “melebuo siro kabeh ning negoro iki (Baitul Maqdis) lan mangano teko hasile bumine kang akeh lan enak nong endi kang siro kabeh demeni lan melebuo (ngeliwati) lawang gapuro Kambi sujud 5 lan ngucapo (dungo’o) “bibasno kulo kabeh dugi duso”, pasti isun ( Alloh ) nyepuro kesalahan-kesalahane siro kabeh lan isun ( Alloh ) arep nambahi ( uwenane isun) nong uwong kang nggawe apik.
5) Karepe coro ahli tafsir yoiku dungklukaken awak

فَبَدَّلَ الَّذِيْنَ ظَلَمُوْا قَوْلًا غَيْرَ الَّذِيْ قِيْلَ لَهُمْ فَاَنْزَلْنَا عَلَى الَّذِيْنَ ظَلَمُوْا رِجْزًا مِّنَ السَّمَاۤءِ بِمَا كَانُوْا يَفْسُقُوْنَ ࣖ٥٩
Fabaddalal-lażīna ẓalamū qaulan gairal-lażī qīla lahum fa anzalnā ‘alal-lażīna ẓalamū rijzam minas-samā'i bimā kānū yafsuqūn(a).
[59] Marine wong-wong kang dzalim ganti ngongkon dienggo ngerjakaken kang seng dikongkon neng wong iku kabeh. Sebab iku isun kabeh ngirim ning wong-wong kang zalim iki sekso teko langit. Kerono wong iku ngelakokaken fasik.

۞ وَاِذِ اسْتَسْقٰى مُوْسٰى لِقَوْمِهٖ فَقُلْنَا اضْرِبْ بِّعَصَاكَ الْحَجَرَۗ فَانْفَجَرَتْ مِنْهُ اثْنَتَا عَشْرَةَ عَيْنًا ۗ قَدْ عَلِمَ كُلُّ اُنَاسٍ مَّشْرَبَهُمْ ۗ كُلُوْا وَاشْرَبُوْا مِنْ رِّزْقِ اللّٰهِ وَلَا تَعْثَوْا فِى الْاَرْضِ مُفْسِدِيْنَ٦٠
Wa iżistasqā mūsā liqaumihī faqulnaḍrib bi‘aṣākal-ḥajar(a), fanfajarat minhuṡnatā ‘asyrata ‘ainā(n), qad ‘alima kullu unāsim masyrabahum, kulū wasyrabū mir rizqillāhi wa lā ta‘ṡau fil-arḍi mufsidīn(a).
[60] Lan (ilingo) pas Musa juwut banyu dienggo kaume, mariku isun kabeh dawuh” pentungen watu iku nganggo tongkat riko” sakmarine mancarno teko podone rong welas moto banyu. Saktemene tiap-tiap suku wes ngeweruhi panggonane ngombe (masing-masing) mangan lan ngombeo rezeki (hang diweni) Alloh, lan ojo riko kliweran ning raine bumi nganggo gawe kerusakan.

وَاِذْ قُلْتُمْ يٰمُوْسٰى لَنْ نَّصْبِرَ عَلٰى طَعَامٍ وَّاحِدٍ فَادْعُ لَنَا رَبَّكَ يُخْرِجْ لَنَا مِمَّا تُنْۢبِتُ الْاَرْضُ مِنْۢ بَقْلِهَا وَقِثَّاۤىِٕهَا وَفُوْمِهَا وَعَدَسِهَا وَبَصَلِهَا ۗ قَالَ اَتَسْتَبْدِلُوْنَ الَّذِيْ هُوَ اَدْنٰى بِالَّذِيْ هُوَ خَيْرٌ ۗ اِهْبِطُوْا مِصْرًا فَاِنَّ لَكُمْ مَّا سَاَلْتُمْ ۗ وَضُرِبَتْ عَلَيْهِمُ الذِّلَّةُ وَالْمَسْكَنَةُ وَبَاۤءُوْ بِغَضَبٍ مِّنَ اللّٰهِ ۗ ذٰلِكَ بِاَنَّهُمْ كَانُوْا يَكْفُرُوْنَ بِاٰيٰتِ اللّٰهِ وَيَقْتُلُوْنَ النَّبِيّٖنَ بِغَيْرِ الْحَقِّ ۗ ذٰلِكَ بِمَا عَصَوْا وَّكَانُوْا يَعْتَدُوْنَ ࣖ٦١
Wa iż qultum yā mūsā lan naṣbira ‘alā ṭa‘āmiw wāḥidin fad‘u lanā rabbaka yukhrij lanā mimmā tumbitul-arḍu mim baqlihā wa qiṡṡā'ihā wa fūmihā wa ‘adasihā wa baṣalihā, qāla atastabdilūnal-lażī huwa adnā bil-lażī huwa khair(un), ihbiṭū miṣran fa inna lakum mā sa'altum, wa ḍuribat ‘alaihimuż-żillatu wal-maskanatu wa bā'ū bigaḍabim minallāh(i), żālika bi'annahum kānū yakfurūna bi'āyātillāhi wa yaqtulūnan- nabiyyīna bi gairil-ḥaqq(i), żālika bimā ‘aṣaw wa kānū ya‘tadūn(a).
[61] Lan (ingeto) wektu siro kabeh ngomong: “Hei Musa, Isun kabeh osing biso sabar (nahan) kambi mung sak macem panganan thok, sebab iku njaluko enggo isun kabeh nang pengeran riko, makne Alloh ngetokaken dienggo isun kabeh teko paran baen kang diperujukaken bumi; jangan-janganan, timun, bawang potih, kacang adas lan bawang abang”. Musa ngomong: “gelem tah siro kabeh njumput barang elek kang dadi gantine barang kang lebeh apik? Menyango siro kabeh nang sijine kuto, pastine siro kabeh oleh paran baen kang siro jaluk”. Marine gedigu iyane keantem keelekan lan keinoan, tur maning iyane oleh bendune Alloh, perkoro iku (kedaden) kerono iyane keseringen ngingkari (nulak) kambi ayat-ayate Alloh lan mateni poro nabi kang mulo osing dibeneraken, gedigu iku (kedaden) kerono iyane sering nggawe duroko kambi ngeliwati wates.

اِنَّ الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَالَّذِيْنَ هَادُوْا وَالنَّصٰرٰى وَالصَّابِــِٕيْنَ مَنْ اٰمَنَ بِاللّٰهِ وَالْيَوْمِ الْاٰخِرِ وَعَمِلَ صَالِحًا فَلَهُمْ اَجْرُهُمْ عِنْدَ رَبِّهِمْۚ وَلَا خَوْفٌ عَلَيْهِمْ وَلَا هُمْ يَحْزَنُوْنَ٦٢
Innal-lażīna āmanū wal-lażīna hādū wan-naṣārā waṣ-ṣābi'īna man āmana billāhi wal- yaumil-ākhiri wa ‘amila ṣāliḥan fa lahum ajruhum ‘inda rabbihim, wa lā khaufun ‘alaihim wa lā hum yaḥzanūn(a).
[62] Sakjane wong-wong mukmin, wong-wong Yahudi, wong-wong Nasrani, wong-wong shabiin. Sopo baen neng antarane wongwong hang bener nduwe iman ning Gusti Alloh. Dino sakmarine Kambi nduwe amal sholeh. Wong-wong iku arepn nerimo ganjaran teko pengerane wong iku. Seng ono khawatiran kanggo wong-wong iku Kambi seng ono (pisan) wong iku nduwe roso susah atine.

وَاِذْ اَخَذْنَا مِيْثَاقَكُمْ وَرَفَعْنَا فَوْقَكُمُ الطُّوْرَۗ خُذُوْا مَآ اٰتَيْنٰكُمْ بِقُوَّةٍ وَّاذْكُرُوْا مَا فِيْهِ لَعَلَّكُمْ تَتَّقُوْنَ٦٣
Wa iż akhażnā mīṡāqakum wa rafa‘nā fauqakumuṭ-ṭūr(a), khużū mā ātainākum biquwwatiw ważkurū mā fīhi la‘allakum tattaqūn(a).
[63] Lan (ingeto) wektu Isun nagih janji teko siro, lan Isun unggahaken gunung (Thursina) nong duwurane siro, Isun kambi ngomong (dawuh): “cekelen kuwat-kuwat paran kang Isun uwakaken nong siro, lan seringo iling paran baen kang ono ring jerone, makne siro taqwa”

ثُمَّ تَوَلَّيْتُمْ مِّنْۢ بَعْدِ ذٰلِكَ فَلَوْلَا فَضْلُ اللّٰهِ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَتُهٗ لَكُنْتُمْ مِّنَ الْخٰسِرِيْنَ٦٤
Ṡumma tawallaitum mim ba‘di żālika falau lā faḍlullāhi ‘alaikum wa raḥmatuhū lakuntum minal-khāsirīn(a).
[64] Terus siro melengos sak marine (onone janji) iku, mongko kadung osing ono kerunia lan rohmate Alloh nong siro, pastine siro melebu golongane wong-wong kang rugi.

وَلَقَدْ عَلِمْتُمُ الَّذِيْنَ اعْتَدَوْا مِنْكُمْ فِى السَّبْتِ فَقُلْنَا لَهُمْ كُوْنُوْا قِرَدَةً خٰسِـِٕيْنَ٦٥
Wa laqad ‘alimtumul-lażīna‘tadau minkum fis-sabti faqulnā lahum kūnū qiradatan khāsi'īn(a).
[65] Lan saktemene siro wes meruhi wong-wong kang ngelanggar ring antaraniro nang dino sabtu. 6 Mari gedigu Alloh ngomong (dawuh): “dadiyo siro bojog 7 kang ino
6) Dino Sabtu yoiku dino kang khusus enggo ibadah kanggo wong-wong Yahudi. 7) Sebagiane ahli tafsir ngeyakini kadung iki mung dadi kiasan kang artine atine iyane dipodokaken kamibi atine bojog, kerono podo-podo osing biso nompo nasehat lan pengengetan. Pendapate akeh-ekehe ahli tafsir yoiku iyane bener-bener uwah dadi bojog, osing anak-anak, osing mangan lan ngombe lan uripe osing lebih teko telung dino.

فَجَعَلْنٰهَا نَكَالًا لِّمَا بَيْنَ يَدَيْهَا وَمَا خَلْفَهَا وَمَوْعِظَةً لِّلْمُتَّقِيْنَ٦٦
Faja‘alnāhā nakālal limā baina yadaihā wa mā khalfahā wa mau‘iẓatal lil-muttaqīn(a).
[66] Mongko Gusti Alloh dadiaken hang koyo iku peringatan kanggo wong ning zaman iku. Lan kanggo siro kabeh hang arep teko lan dadi unen-unen kanggo wong taqwa.

وَاِذْ قَالَ مُوْسٰى لِقَوْمِهٖٓ اِنَّ اللّٰهَ يَأْمُرُكُمْ اَنْ تَذْبَحُوْا بَقَرَةً ۗ قَالُوْٓا اَتَتَّخِذُنَا هُزُوًا ۗ قَالَ اَعُوْذُ بِاللّٰهِ اَنْ اَكُوْنَ مِنَ الْجٰهِلِيْنَ٦٧
Wa iż qāla mūsā liqaumihī innallāha ya'murukum an tażbaḥū baqarah(tan), qālū atattakhiżunā huzuwā(n), qāla a‘ūżu billāhi an akūna minal-jāhilīn(a).
[67] Lan ingeto wektu Musa ngomong nangkaume. Saktemene Gusti Alloh ngongkon riko mbeleh sapi wadon, siro kabeh ngomong “opo riko arep ndadiaken fitnah? Musa njawab” isun milu paren jare Gusti Alloh mugo-mugo isun sing kelebu wong-wong hang jahil.

قَالُوا ادْعُ لَنَا رَبَّكَ يُبَيِّنْ لَّنَا مَا هِيَ ۗ قَالَ اِنَّهٗ يَقُوْلُ اِنَّهَا بَقَرَةٌ لَّا فَارِضٌ وَّلَا بِكْرٌۗ عَوَانٌۢ بَيْنَ ذٰلِكَ ۗ فَافْعَلُوْا مَا تُؤْمَرُوْنَ٦٨
Qālud‘u lanā rabbaka yubayyil lanā mā hiy(a), qāla innahū yaqūlu innahā baqaratul lā fāriḍuw wa lā bikr(un), ‘awānum baina żālik(a), faf‘alū mā tu'marūn(a).
[68] Siro kabeh jawab: jalukno sepuro nang pengeran riko, kanggo kene, maykne riko nerangaken podo kene, sapi wadon apuwo iku Musa jawab: saktemene Alloh dawuh bahwa sapi wadon yoiku sapi wadon kang osing tuwek lan sing enom tengah-tengahe antarane iku mongko ngelakoni opo hang dikongkon nang siro.

قَالُوا ادْعُ لَنَا رَبَّكَ يُبَيِّنْ لَّنَا مَا لَوْنُهَا ۗ قَالَ اِنَّهٗ يَقُوْلُ اِنَّهَا بَقَرَةٌ صَفْرَاۤءُ فَاقِعٌ لَّوْنُهَا تَسُرُّ النّٰظِرِيْنَ٦٩
Qālud‘u lanā rabbaka yubayyil lanā mā launuhā, qāla innahū yaqūlu innahā baqaratun ṣafrā'u fāqi‘ul launuhā tasurrun-nāẓirīn(a).
[69] Wong-wong iku podo takon (maning): “njalukeno nong Pengeran riko makne Alloh njelasaken nang isun, paran wernane?” Musa nyauri: saktemene Alloh ngendiko kadung sapi wadon iku sapi wadon kang kuning, kang kuning tuwek wernane kambi nyenengaken wong-wong kang ndileng.

قَالُوا ادْعُ لَنَا رَبَّكَ يُبَيِّنْ لَّنَا مَا هِيَۙ اِنَّ الْبَقَرَ تَشٰبَهَ عَلَيْنَاۗ وَاِنَّآ اِنْ شَاۤءَ اللّٰهُ لَمُهْتَدُوْنَ٧٠
Qālud‘u lanā rabbaka yubayyil lanā mā hiy(a), innal-baqara tasyābaha ‘alainā, wa innā in syā'allāhu lamuhtadūn(a).
[70] Wong-wong iku podo ngomong (maning): “njalukeno nong Pengeran riko makne Alloh njelasaken nang Isun, kelendi hakekate sapi wadon iku, kerono saktemene sapi iku (mage) samar nong Isun. Lan saktemene Isun (kadung) Alloh ngersakaken, Isun bakale oleh pituduh (enggo oleh sapi iku).”

قَالَ اِنَّهٗ يَقُوْلُ اِنَّهَا بَقَرَةٌ لَّا ذَلُوْلٌ تُثِيْرُ الْاَرْضَ وَلَا تَسْقِى الْحَرْثَۚ مُسَلَّمَةٌ لَّاشِيَةَ فِيْهَا ۗ قَالُوا الْـٰٔنَ جِئْتَ بِالْحَقِّ فَذَبَحُوْهَا وَمَا كَادُوْا يَفْعَلُوْنَ ࣖ٧١
Qāla innahū yaqūlu innahā baqaratul lā żalūlun tuṡīrul-arḍa wa lā tasqil-ḥarṡ(a), musallamatul lā syiyata fīhā, qālul-'āna ji'ta bil-ḥaqqi fażabaḥūhā wa mā kādū yaf‘alūn(a).
[71] Musa ngendiko: “saktemene Alloh dawuh bahwa sapi wadon iku yoiku sapi wadon kadung durung tau dienggo nganggo nyengkal lemah lan osing pisan nganggo ngilene tanduran, sing cacat “sing ono belunge.” Riko ngomong: “saiki buru baen riko nerangno hakekate sapi wadon hang benere”. Marine riko beleh lan meh ae riko sing ngelaksanakan perintah iku.

وَاِذْ قَتَلْتُمْ نَفْسًا فَادّٰرَءْتُمْ فِيْهَا ۗ وَاللّٰهُ مُخْرِجٌ مَّا كُنْتُمْ تَكْتُمُوْنَ ۚ٧٢
Wa iż qultum nafsan faddāra'tum fīhā, wallāhu mukhrijum mā kuntum taktumūn(a).
[72] Lan (ilingo) pas siro mateni menungso terus siro aran aranan perkoro iki, lan Gusti Alloh arep mbukak paran baen hang semono lawase siro sengidakaken.

فَقُلْنَا اضْرِبُوْهُ بِبَعْضِهَاۗ كَذٰلِكَ يُحْيِ اللّٰهُ الْمَوْتٰى وَيُرِيْكُمْ اٰيٰتِهٖ لَعَلَّكُمْ تَعْقِلُوْنَ٧٣
Faqulnaḍribūhu biba‘ḍihā, każālika yuḥyillāhul-mautā wa yurīkum āyātihī la‘allakum ta‘qilūn(a).
[73] Terus Isun (Gusti Alloh) Dawuh: taboken mayat iku nganggo separone anggota sapi wadon iku!” demikianlah Alloh nguripaken maning wong-wong hang wes mati, Kambi ndudohaken ning uwong kabeh tondotondone kekuasaane myane riko weruh.

ثُمَّ قَسَتْ قُلُوْبُكُمْ مِّنْۢ بَعْدِ ذٰلِكَ فَهِيَ كَالْحِجَارَةِ اَوْ اَشَدُّ قَسْوَةً ۗ وَاِنَّ مِنَ الْحِجَارَةِ لَمَا يَتَفَجَّرُ مِنْهُ الْاَنْهٰرُ ۗ وَاِنَّ مِنْهَا لَمَا يَشَّقَّقُ فَيَخْرُجُ مِنْهُ الْمَاۤءُ ۗوَاِنَّ مِنْهَا لَمَا يَهْبِطُ مِنْ خَشْيَةِ اللّٰهِ ۗوَمَا اللّٰهُ بِغَافِلٍ عَمَّا تَعْمَلُوْنَ٧٤
Ṡumma qasat qulūbukum mim ba‘di żālika fahiya kal-ḥijārati au asyaddu qaswah(tan), wa inna minal-ḥijārati lamā yatafajjaru minhul-anhār(u), wa inna minhā lamā yasysyaqqaqu fayakhruju minhul-mā'(u), wa inna minhā lamā yahbiṭu min khasy-yatillāh(i), wa mallāhu bigāfilin ‘ammā ta‘malūn(a).
[74] Sakteruse mariku atine siro dadi atos koyo watu, malah lebeh atos maning padahal neng antarane watu-watu iku ono hang ngaliri banyu-banyu teko konone kambi ning antarane saktemene ono hang kebeleh mariku metu moto banyu teko konone Kambi ning antarane saktemene ono hang meluncur tibok, kerono wedi ning Alloh lan Alloh sepisan-pisan. Sing lengah teko hang hang riko lakoni.

۞ اَفَتَطْمَعُوْنَ اَنْ يُّؤْمِنُوْا لَكُمْ وَقَدْ كَانَ فَرِيْقٌ مِّنْهُمْ يَسْمَعُوْنَ كَلَامَ اللّٰهِ ثُمَّ يُحَرِّفُوْنَهٗ مِنْۢ بَعْدِ مَا عَقَلُوْهُ وَهُمْ يَعْلَمُوْنَ٧٥
Afa taṭma‘ūna ay yu'minū lakum wa qad kāna farīqum minhum yasma‘ūna kalāmallāhi ṡumma yuḥarrifūnahū mim ba‘di mā ‘aqalūhu wa hum ya‘lamūn(a).
[75] Opo riko mageh ngarepaken uwong arep percoyo ning riko, padahal segolongane teko wong iku ngerungokno dawuhe Gusti Alloh, sak marine siro rubah sakmarine siro mahami, sedeng siro weruh.

وَاِذَا لَقُوا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا قَالُوْٓا اٰمَنَّاۚ وَاِذَا خَلَا بَعْضُهُمْ اِلٰى بَعْضٍ قَالُوْٓا اَتُحَدِّثُوْنَهُمْ بِمَا فَتَحَ اللّٰهُ عَلَيْكُمْ لِيُحَاۤجُّوْكُمْ بِهٖ عِنْدَ رَبِّكُمْ ۗ اَفَلَا تَعْقِلُوْنَ٧٦
Wa iżā laqul-lażīna āmanū qālū āmannā, wa iżā khalā ba‘ḍuhum ilā ba‘ḍin qālū atuḥaddiṡūnahum bimā fataḥallāhu ‘alaikum liyuḥājjūkum bihī ‘inda rabbikum, afalā ta‘qilūn(a).
[76] Lan pas siro ketemu kambi wong-wong hang iman, riko ngomong: “kenepun mari beriman,” taping kadung iyane balik kambi kang podo kambi iyane baen, banjur iyane ngomong: “opo tah siro nyeritakaken nang iyane (wong-wong mukmin) paran-paran kang uwes dijelasaken Alloh nyang siro, supoyo kang gedigu iku iyane (wong mukmin) biso ngalahaken hujahe siro nong ngarepe pengerane siro; osing tah siro ngerteni.” 8
8) Sebagiane Bani Isroil kang ngaku iman nong nabi Muhammad SAW tau cerito nang wong-wong Islam, kadung nong jerone Taurot memang disebutaken arep tekone nabi Muhammad, mongko golongan liyane negur iyane kamibi ngomong: apuo nyeritakaken perkoro iku nang wong-wong Islam, sehinggo hujahe iyane tambah kuat

اَوَلَا يَعْلَمُوْنَ اَنَّ اللّٰهَ يَعْلَمُ مَا يُسِرُّوْنَ وَمَا يُعْلِنُوْنَ٧٧
Awalā ya‘lamūna annallāha ya‘lamu mā yusirrūna wa mā yu‘linūn(a).
[77] Osing tah iyane weruh kadung Alloh weruh kabeh paran baen kang iyane sengidakaken lan kabeh paran baen kang iyane katokaken.

وَمِنْهُمْ اُمِّيُّوْنَ لَا يَعْلَمُوْنَ الْكِتٰبَ اِلَّآ اَمَانِيَّ وَاِنْ هُمْ اِلَّا يَظُنُّوْنَ٧٨
Wa minhum umiyyūna lā ya‘lamūnal-kitāba illā amāniyya wa in hum illā yaẓunnūn(a).
[78] Lan ning antarane iyane ono kang buta huruf, osing kenal Al-Kitab (Taurot), kejobo dongeng ngapus thok lan iyane mung ngiro-ngiro. 9
9) Akeh-akehe wong Yahudi iku buta huruf lan osing weruh isine Taurot kejobo mung teko dongeng-dongeng kang diceritokaken kamibi pendeto-pendetone iyane.

فَوَيْلٌ لِّلَّذِيْنَ يَكْتُبُوْنَ الْكِتٰبَ بِاَيْدِيْهِمْ ثُمَّ يَقُوْلُوْنَ هٰذَا مِنْ عِنْدِ اللّٰهِ لِيَشْتَرُوْا بِهٖ ثَمَنًا قَلِيْلًا ۗفَوَيْلٌ لَّهُمْ مِّمَّا كَتَبَتْ اَيْدِيْهِمْ وَوَيْلٌ لَّهُمْ مِّمَّا يَكْسِبُوْنَ٧٩
Fawailul lil-lażīna yaktubūnal-kitāba bi'aidīhim ṡumma yaqūlūna hāżā min ‘indillāhi liyasytarū bihī ṡamanan qalīlā(n), fawailul lahum mimmā katabat aidīhim wa wailul lahum mimmā yaksibūn(a).
[79] Mongko kecelakaane hang gedi kanggo wong-wong hang nulis Al-Kitab katik tangan siro dewek, terus diomongaen “iki teko Alloh” (Kambi maksude) kanggo ngolehi untunge hang sitik Kambi perbuatan iku. Mongko kecelakaan hang gedi kanggo riko, akibate teko paran hang siro ngawe.

وَقَالُوْا لَنْ تَمَسَّنَا النَّارُ اِلَّآ اَيَّامًا مَّعْدُوْدَةً ۗ قُلْ اَتَّخَذْتُمْ عِنْدَ اللّٰهِ عَهْدًا فَلَنْ يُّخْلِفَ اللّٰهُ عَهْدَهٗٓ اَمْ تَقُوْلُوْنَ عَلَى اللّٰهِ مَا لَا تَعْلَمُوْنَ٨٠
Wa qālū lan tamassanan-nāru illā ayyāmam ma‘dūdah (tan), qul attakhażtum ‘indallāhi ‘ahdan falay yukhlifallāhu ‘ahdahū am taqūlūna ‘alallāhi mā lā ta‘lamūn(a).
[80] Lan uwong uwong iku podo ngomong: “Isun sepisan-pisano osing bakal diselomod geni neroko, kejobo suwine mung pirang-pirang dino baen, Ngomongo: “uwes tah siro nerimo janji teko Alloh sehinggo Alloh osing bakal mungkiri janjine utowo tah siro mung ngomong nong Alloh paran kang osing siro weruhi.

بَلٰى مَنْ كَسَبَ سَيِّئَةً وَّاَحَاطَتْ بِهٖ خَطِيْۤـَٔتُهٗ فَاُولٰۤىِٕكَ اَصْحٰبُ النَّارِ ۚ هُمْ فِيْهَا خٰلِدُوْنَ٨١
Balā man kasaba sayyi'ataw wa aḥāṭat bihī khaṭī'atuhū fa ulā'ika aṣḥābun-nār(i), hum fīhā khālidūn(a).
[81] (Heng pisan) hang bener, sopo-sopo ngelakoni duso lan riko wes digerumbungi dusone, riko kabeh iku penghuni neroko, riko awet ning njerone.

وَالَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَعَمِلُوا الصّٰلِحٰتِ اُولٰۤىِٕكَ اَصْحٰبُ الْجَنَّةِ ۚ هُمْ فِيْهَا خٰلِدُوْنَ ࣖ٨٢
Wal-lażīna āmanū wa ‘amiluṣ-ṣāliḥāti ulā'ika aṣḥābul-jannah(ti), hum fīhā khālidūn(a).
[82] Lan wong-wong hang percoyo kambi amal sholeh riko iku penghuni surgo, riko saklawase ning jerone.

وَاِذْ اَخَذْنَا مِيْثَاقَ بَنِيْٓ اِسْرَاۤءِيْلَ لَا تَعْبُدُوْنَ اِلَّا اللّٰهَ وَبِالْوَالِدَيْنِ اِحْسَانًا وَّذِى الْقُرْبٰى وَالْيَتٰمٰى وَالْمَسٰكِيْنِ وَقُوْلُوْا لِلنَّاسِ حُسْنًا وَّاَقِيْمُوا الصَّلٰوةَ وَاٰتُوا الزَّكٰوةَۗ ثُمَّ تَوَلَّيْتُمْ اِلَّا قَلِيْلًا مِّنْكُمْ وَاَنْتُمْ مُّعْرِضُوْنَ٨٣
Wa iż akhażnā mīṡāqa banī isrā'īla lā ta‘budūna illallāha wa bil-wālidaini iḥsānaw wa żil-qurbā wal-yatāmā wal-masākīni wa qūlū lin-nāsi ḥusnaw wa aqīmuṣ-ṣalāta wa ātuz-zakāh(ta), ṡumma tawallaitum illā qalīlam minkum wa antum mu‘riḍūn(a).
[83] Lan (ingeto) wektu Isun (Alloh) nagih janji nong Bani Isroil (yoiku): “ojo lah siro nyembah sak liyane Alloh, lan gaweo apik nong emak bapak, poro kerabat, lare-lare atim, lan wong-wong melarat serto ngucapno kambi omongan-omongan kang apik nang menungso, adegno sembahnyang lan bayaren zakate. Terus siro kabeh osing biso ngebegi janjine kejobo mung sebagian sithik baen teko siro, lan siro sering melengos.

وَاِذْ اَخَذْنَا مِيْثَاقَكُمْ لَا تَسْفِكُوْنَ دِمَاۤءَكُمْ وَلَا تُخْرِجُوْنَ اَنْفُسَكُمْ مِّنْ دِيَارِكُمْ ۖ ثُمَّ اَقْرَرْتُمْ وَاَنْتُمْ تَشْهَدُوْنَ٨٤
Wa iż akhażnā mīṡāqakum lā tasfikūna dimā'akum wa lā tukhrijūna anfusakum min diyārikum ṡumma aqrartum wa antum tasyhadūn(a).
[84] lan (ingeto) pas Isun (Gusti Alloh) nagih janji nong riko (yoiku): siro osing bakal nguntek getihe siro (mateni uwong), lan siro osing arep ngusir awak siro dewek (dulur siro kang sakbongso) teko kampung asline siro, terus siro nyatakaken (arep ngebegine), sedeng siro nakseni.

ثُمَّ اَنْتُمْ هٰٓؤُلَاۤءِ تَقْتُلُوْنَ اَنْفُسَكُمْ وَتُخْرِجُوْنَ فَرِيْقًا مِّنْكُمْ مِّنْ دِيَارِهِمْۖ تَظٰهَرُوْنَ عَلَيْهِمْ بِالْاِثْمِ وَالْعُدْوَانِۗ وَاِنْ يَّأْتُوْكُمْ اُسٰرٰى تُفٰدُوْهُمْ وَهُوَ مُحَرَّمٌ عَلَيْكُمْ اِخْرَاجُهُمْ ۗ اَفَتُؤْمِنُوْنَ بِبَعْضِ الْكِتٰبِ وَتَكْفُرُوْنَ بِبَعْضٍۚ فَمَا جَزَاۤءُ مَنْ يَّفْعَلُ ذٰلِكَ مِنْكُمْ اِلَّا خِزْيٌ فِى الْحَيٰوةِ الدُّنْيَا ۚوَيَوْمَ الْقِيٰمَةِ يُرَدُّوْنَ اِلٰٓى اَشَدِّ الْعَذَابِۗ وَمَا اللّٰهُ بِغَافِلٍ عَمَّا تَعْمَلُوْنَ٨٥
Ṡumma antum hā'ulā'i taqtulūna anfusakum wa tukhrijūna farīqam minkum min diyārihim taẓāharūna ‘alaihim bil-iṡmi wal-‘udwān(i), wa iy ya'tūkum usārā tufādūhum wa huwa muḥarramun ‘alaikum ikhrājuhum, afa tu'minūna biba‘ḍil-kitābi wa takfurūna bi ba‘ḍ(in), famā jazā'u may yaf‘alu żālika minkum illā khizyun fil-ḥayātid-dun-yā, wa yaumal-qiyāmati yuraddūna ilā asyaddil-‘ażāb(i), wa mallāhu bigāfilin ‘ammā ta‘malūn(a).
[85] Terus siro (Bani Isroil) mateni awak siro (dulur sebongso) lan ngusir sakgolongan ketimbang siro teko kampong asal riko, riko mbantu-mbantu kanggo riko Kambi nggawe dusone lan permusuan: taping kadung riko teko kanggo riko dadi tawanan, siro nebus lare iku Padahal ngusir iyane iku (ugo)larangan nong siro. Opo tah siro iman nong sebagiane Al-Kitab (Taurot) lan ingkar (emong) nong sebagiane maning? Mongko osing ono balesane wong kang ngelakoni gedigu teko siro kejobo ino uripe nong dunyo, lan ning dino kiyamat iyane dibalekaken nong sikso kang seru abote. Alloh osing kiro lali teko paran baen kang siro lakoni. 10
10) Ayat iki ngenengi ceritone wong Yahudi nong madinah nong kawitane hijrah, Yahudi Bani Quraizhah koncoan kamibi suku Aus, lan Yahudi bani Nadhir konco’an kamibi suku Khazraj. Antarane suku Aus lan suku Khazraj sakdurunge Islam sering tukaran kamibi perang kang dadi sebabe Bani Qraizhah nulungi suku Aus lan Bani nadhir nulungi wong-wong Khazraj. Sampek antarane rong suku Yahudi iku perang lan tawan menawan, kerono nulungi koncone, taping kadung neng waktu burian ono wong-wong Yahudi kecekel dadi tawanan, mongko rong Yahudi iku sepakat nebus, masiyo iyane sakdurunge perang.

اُولٰۤىِٕكَ الَّذِيْنَ اشْتَرَوُا الْحَيٰوةَ الدُّنْيَا بِالْاٰخِرَةِ ۖ فَلَا يُخَفَّفُ عَنْهُمُ الْعَذَابُ وَلَا هُمْ يُنْصَرُوْنَ ࣖ٨٦
Ulā'ikal-lażīnasytarawul-ḥayātad-dun-yā bil-ākhirah(ti), falā yukhaffafu ‘anhumul-‘ażābu wa lā hum yunṣarūn(a).
[86] Yoiku wong-wong hang tuku uripe dunyo kambi (urip) akhirat, mongko sing kiro dientengno seksone siro lan siro heng kiro ditulung.

وَلَقَدْ اٰتَيْنَا مُوْسَى الْكِتٰبَ وَقَفَّيْنَا مِنْۢ بَعْدِهٖ بِالرُّسُلِ ۖ وَاٰتَيْنَا عِيْسَى ابْنَ مَرْيَمَ الْبَيِّنٰتِ وَاَيَّدْنٰهُ بِرُوْحِ الْقُدُسِۗ اَفَكُلَّمَا جَاۤءَكُمْ رَسُوْلٌۢ بِمَا لَا تَهْوٰىٓ اَنْفُسُكُمُ اسْتَكْبَرْتُمْ ۚ فَفَرِيْقًا كَذَّبْتُمْ وَفَرِيْقًا تَقْتُلُوْنَ٨٧
Wa laqad ātainā mūsal-kitāba wa qaffainā mim ba‘dihī bir-rusul(i), wa ātainā ‘īsabna maryamal-bayyināti wa ayyadnāhu birūḥil-qudus(i), afakullamā jā'akum rasūlum bimā lā tahwā anfusukumustakbartum, fafarīqan każżabtum wa farīqan taqtulūn(a).
[87] Lan saktemene isun wes nekokaken Al-Kitab (Taurot) nong Musa, lan isun uwes nyusulaken (terus-terusan) sak marine iku nong Rosul-rosul, lan uwes isun uwakaken buktai-buktai kebeneran (mukjizat) nang Isa anak lanange Siti Maryam lan Isun nguwataken iyane kambi Ruhul Qudus, Opo tah saben-saben teko nong siro sijine Rosul (utusan) nggowo sijine (pelajaran) kang osing cocog kambi karepe siro, terus siro congkak, mongko pirang-pirangane uwong (ring antarane iyane) kang siro gubabaken lan pirang-pirangane uwong (kang liyane) siro pateni?

وَقَالُوْا قُلُوْبُنَا غُلْفٌ ۗ بَلْ لَّعَنَهُمُ اللّٰهُ بِكُفْرِهِمْ فَقَلِيْلًا مَّا يُؤْمِنُوْنَ٨٨
Wa qālū qulūbunā gulf(un), bal la‘anahumullāhu bikufrihim faqalīlam mā yu'minūn(a).
[88] Lan iyan-iyane podo ngomong: “ati-atinisun wes ketutup”, taping sakbenere Alloh uwes ngutuk iyane, kerono ingkare, mongko sithik seru wong-wong iku kang iman.

وَلَمَّا جَاۤءَهُمْ كِتٰبٌ مِّنْ عِنْدِ اللّٰهِ مُصَدِّقٌ لِّمَا مَعَهُمْۙ وَكَانُوْا مِنْ قَبْلُ يَسْتَفْتِحُوْنَ عَلَى الَّذِيْنَ كَفَرُوْاۚ فَلَمَّا جَاۤءَهُمْ مَّا عَرَفُوْا كَفَرُوْا بِهٖ ۖ فَلَعْنَةُ اللّٰهِ عَلَى الْكٰفِرِيْنَ٨٩
Wa lammā jā'akum kitābum min ‘indillāhi muṣaddiqul limā ma‘ahum, wa kānū min qablu yastaftiḥūna ‘alal-lażīna kafarū, falammā jā'ahum mā ‘arafū kafarū bih(ī), fala‘natullāhi ‘alal-kāfirīn(a).
[89] Lan sakwise teko nang iyane Al-Qur’an teko Alloh kang beneraken paran kang ono nong iyane, 11 padahal sakdurunge iyane biyasa njaluk (nong tekane nabi), makne oleh kemenangan nang wong-wong kafir, mongko sakmarine teko nong iyane paran-paran kang iyane weruhi, iyane terus ingkar nong (tekone nabi), mongko laknate Alloh lah nang wong-wong kang ingkar iku
11) Maksude: tekane nabi Muhammad SAW kang disebutaken nong kitab Taurot nong endi dijelasaken sifat-sifate nabi.

بِئْسَمَا اشْتَرَوْا بِهٖٓ اَنْفُسَهُمْ اَنْ يَّكْفُرُوْا بِمَآ اَنْزَلَ اللّٰهُ بَغْيًا اَنْ يُّنَزِّلَ اللّٰهُ مِنْ فَضْلِهٖ عَلٰى مَنْ يَّشَاۤءُ مِنْ عِبَادِهٖ ۚ فَبَاۤءُوْ بِغَضَبٍ عَلٰى غَضَبٍۗ وَلِلْكٰفِرِيْنَ عَذَابٌ مُّهِيْنٌ٩٠
Bi'samasytarau bihī anfusahum ay yakfurū bimā anzalallāhu bagyan ay yunazzilallāhu min faḍlihī ‘alā may yasyā'u min ‘ibādih(ī), fabā'ū bigaḍabin ‘alā gaḍab(in), wa lil-kāfirīna ‘ażābum muhīn(un).
[90] Sak elek-elek e(lakon) riko ngedol awake dewek Kambi kekafirane kanggo paran kang wes dimuduno Alloh, kerono iri nang Alloh muduno karuniae, kanggo sopo kang dikarepi kang ono reng tengah-tengah umate, kerono iku riko oleh murko sakwise (oleh) murko, lan kanggo wong-wong kang kafir siksoane kang ngerehmeno.

وَاِذَا قِيْلَ لَهُمْ اٰمِنُوْا بِمَآ اَنْزَلَ اللّٰهُ قَالُوْا نُؤْمِنُ بِمَآ اُنْزِلَ عَلَيْنَا وَيَكْفُرُوْنَ بِمَا وَرَاۤءَهٗ وَهُوَ الْحَقُّ مُصَدِّقًا لِّمَا مَعَهُمْ ۗ قُلْ فَلِمَ تَقْتُلُوْنَ اَنْۢبِيَاۤءَ اللّٰهِ مِنْ قَبْلُ اِنْ كُنْتُمْ مُّؤْمِنِيْنَ٩١
Wa iżā qīla lahum āminū bimā anzalallāhu qālū nu'minu bimā unzila ‘alainā wa yakfurūna bimā warā'ah(ū), wa huwal-ḥaqqu muṣaddiqal limā ma‘ahum, qul falima taqtulūna ambiyā'allāhi min qablu in kuntum mu'minīn(a).
[91] Lan kadung iyane diomongi: “Imano nang Al-Qur’an kang diedunaken Alloh”, iyane semaur: “isun mung iman nong paran baen kan diedunaken nang isun”. Lan iyane kafir nang Al-Qur’an kang diedunaken sakmarine, sedeng Al-Qur’an iku (kitab) kang hak (bener); kang mbeneraken nang paran kang ono nang iyane. Ngomongo!: “apuwo siro bengen mateni nabi-nabine Alloh kadung bener siro iku wong-wong kang iman.?”

۞ وَلَقَدْ جَاۤءَكُمْ مُّوْسٰى بِالْبَيِّنٰتِ ثُمَّ اتَّخَذْتُمُ الْعِجْلَ مِنْۢ بَعْدِهٖ وَاَنْتُمْ ظٰلِمُوْنَ٩٢
Wa laqad jā'akum mūsā bil-bayyināti ṡummattakhażtumul-‘ijla mim ba‘dihī wa antum ẓālimūn(a).
[92] Saktemene Musa uwes teko nang siro nggowo bukti-bukti kabeneran (mu’jizat), terus siro gawe anake sapi (dadi sesembahane) sakmarine (menyange) lan sakbenere siro iku wong-wong kang dzolim.

وَاِذْ اَخَذْنَا مِيْثَاقَكُمْ وَرَفَعْنَا فَوْقَكُمُ الطُّوْرَۗ خُذُوْا مَآ اٰتَيْنٰكُمْ بِقُوَّةٍ وَّاسْمَعُوْا ۗ قَالُوْا سَمِعْنَا وَعَصَيْنَا وَاُشْرِبُوْا فِيْ قُلُوْبِهِمُ الْعِجْلَ بِكُفْرِهِمْ ۗ قُلْ بِئْسَمَا يَأْمُرُكُمْ بِهٖٓ اِيْمَانُكُمْ اِنْ كُنْتُمْ مُّؤْمِنِيْنَ٩٣
Wa iż akhażnā mīṡāqakum wa rafa‘nā fauqakumuṭ-ṭūr(a), khużū mā ātainākum biquwwatiw wasma‘ū, qālū sami‘nā wa ‘aṣainā, wa usyribū fī qulūbihimul-‘ijla bikufrihim, qul bi'samā ya'murukum bihī īmānukum in kuntum mu'minīn(a).
[93] Lan (ingeto) wektu isun nagih janji nang siro lan isun junjung gunung (Thursina) nong duwurane riko, (selagi isun ngomong): “cekelen kuwat-kuwat paran baen kan isun uwakaken nong siro lan Kambi rungokeno!” iyane podo semaur: “isun ngerungokaken tapi isun osing manut”. Lan uwes diresepaken non jero atine iyane iku (roso demen nyembah) anake sapi, kerono kekafirane. Ngomongo: “kari seru eleke kelakuan kang dikongkon iman siro nong nong awake siro, kadung pancen bener siro ngimani (nong Taurot).

قُلْ اِنْ كَانَتْ لَكُمُ الدَّارُ الْاٰخِرَةُ عِنْدَ اللّٰهِ خَالِصَةً مِّنْ دُوْنِ النَّاسِ فَتَمَنَّوُا الْمَوْتَ اِنْ كُنْتُمْ صٰدِقِيْنَ٩٤
Qul in kānat lakumud-dārul-ākhiratu ‘indallāhi khāliṣatam min dūnin-nāsi fatamannawul-mauta in kuntum ṣādiqīn(a).
[94] Ngomongo: “kadung riko (nganggep) kampong akhirat(surga) iku khusus nggo riko ning sisine Alloh, duduk kanggo wong liyo, mongko pinginono mati(riko) kadung riko memang bener.

وَلَنْ يَّتَمَنَّوْهُ اَبَدًاۢ بِمَا قَدَّمَتْ اَيْدِيْهِمْ ۗ وَاللّٰهُ عَلِيْمٌ ۢ بِالظّٰلِمِيْنَ٩٥
Wa lay yatamannauhu abadam bima qaddamat aidīhim, wallāhu ‘alīmum biẓ-ẓālimīn(a).
[95] Lan sepisan-pisan siro sing kiro pingini mati iku selawase, kerono kesalahan-kesalahan kang wes dilakoni karo tangani riko(dewek). Lan Gusti Alloh Moho ngeweruhi sopo wong-wong kang anioyo.

وَلَتَجِدَنَّهُمْ اَحْرَصَ النَّاسِ عَلٰى حَيٰوةٍ ۛوَمِنَ الَّذِيْنَ اَشْرَكُوْا ۛيَوَدُّ اَحَدُهُمْ لَوْ يُعَمَّرُ اَلْفَ سَنَةٍۚ وَمَا هُوَ بِمُزَحْزِحِهٖ مِنَ الْعَذَابِ اَنْ يُّعَمَّرَۗ وَاللّٰهُ بَصِيْرٌۢ بِمَا يَعْمَلُوْنَ ࣖ٩٦
Wa latajidannahum aḥraṣan-nāsi ‘alā ḥayāh(tin), wa minal-lażīna asyrakū, yawaddu aḥaduhum lau yu‘ammaru alfa sanah(tin), wa mā huwa bi muzaḥziḥihī minal-‘ażābi ay yu‘ammar(a), wallāhu baṣīrum bimā ya‘malūn(a).
[96] Temenan riko arep nemokaken iyane, menungso kang paling doyan nang keuripan (ring dunyo), malah (lebih doyan maning) timbangane teko wong-wong musyrik. Saben-saben iyane kepingin kadung diweni umur sewu tahun, padahal umur dowo iku sithik-sithiko osing bakal ngedohaken teko sikso. Alloh moho ngeweruhi paran baen kang iyane lakoni.

قُلْ مَنْ كَانَ عَدُوًّا لِّجِبْرِيْلَ فَاِنَّهٗ نَزَّلَهٗ عَلٰى قَلْبِكَ بِاِذْنِ اللّٰهِ مُصَدِّقًا لِّمَا بَيْنَ يَدَيْهِ وَهُدًى وَّبُشْرٰى لِلْمُؤْمِنِيْنَ٩٧
Qul man kāna ‘aduwwal lijibrīla fa'innahū nazzalahū ‘alā qalbika bi iżnillāhi muṣaddiqal limā baina yadaihi wa hudaw wa busyrā lil-mu'minīn(a).
[97] Ngomongo: sopo wonge hang dadi musuhe Jibril, mongko Jibril iku wes mudunaken (Al-Qur’an) nang jero atine riko Kambi seidine Alloh. Beneraken paran(kitab-kitab) kang sedurunge lan dadi petunjuk Kambi berita kang nyenengaken kanggo wong-wong hang iman

مَنْ كَانَ عَدُوًّا لِّلّٰهِ وَمَلٰۤىِٕكَتِهٖ وَرُسُلِهٖ وَجِبْرِيْلَ وَمِيْكٰىلَ فَاِنَّ اللّٰهَ عَدُوٌّ لِّلْكٰفِرِيْنَ٩٨
Man kāna ‘aduwwal lillāhi wa malā'ikatihī wa rusulihī wa jibrīla wa mīkāla fa innallāha ‘aduwwul lil-kāfirīn(a).
[98] Sopo wonge hang dadi musuhe Gusti Alloh, malaikat malaikate, Rosul-rosule, Jibril lan mikail, mongko saktemene Gusti Alloh musuhe wong-wong kafir.

وَلَقَدْ اَنْزَلْنَآ اِلَيْكَ اٰيٰتٍۢ بَيِّنٰتٍۚ وَمَا يَكْفُرُ بِهَآ اِلَّا الْفٰسِقُوْنَ٩٩
Wa laqad anzalnā ilaika āyātim bayyināt(in), wa mā yakfuru bihā illal-fāsiqūn(a).
[99] Lan saktemene kene wes mudunaken kanggo riko ayat-ayat hang jelas. Lan sing ono hang ingkar kanggone, sakliyani wong-wong kang fasik.

اَوَكُلَّمَا عٰهَدُوْا عَهْدًا نَّبَذَهٗ فَرِيْقٌ مِّنْهُمْ ۗ بَلْ اَكْثَرُهُمْ لَا يُؤْمِنُوْنَ١٠٠
Awa kullamā ‘āhadū ‘ahdan nabażahū farīqum minhum, bal akṡaruhum lā yu'minūn(a).
[100] Pantes tah (iyane ngingkari nong ayat-ayate Alloh, lan saben-saben iyane matri janji, golongane iyane nguncalaken, malah akeh-akehe iyane osing iman.

وَلَمَّا جَاۤءَهُمْ رَسُوْلٌ مِّنْ عِنْدِ اللّٰهِ مُصَدِّقٌ لِّمَا مَعَهُمْ نَبَذَ فَرِيْقٌ مِّنَ الَّذِيْنَ اُوْتُوا الْكِتٰبَۙ كِتٰبَ اللّٰهِ وَرَاۤءَ ظُهُوْرِهِمْ كَاَنَّهُمْ لَا يَعْلَمُوْنَۖ١٠١
Wa lammā jā'ahum rasūlum min ‘indillāhi muṣaddiqul limā ma‘ahum nabaża farīqum minal-lażīna ūtul-kitāb(a), kitāballāhi warā'a ẓuhūrihim ka'annahum lā ya‘lamūn(a).
[101] Lan sakwise teko nong iyane sijine Rosul teko ngersane Alloh kang beneraken (kitab) kang ono nang iyane, sebagiane teko wong-wong kang diuweni kitab (Taurot) nguncalaken kitabe Alloh nang burine (boyoke) koyo-koyo iyane osing weruh (kadung iku kitabe Alloh).

وَاتَّبَعُوْا مَا تَتْلُوا الشَّيٰطِيْنُ عَلٰى مُلْكِ سُلَيْمٰنَ ۚ وَمَا كَفَرَ سُلَيْمٰنُ وَلٰكِنَّ الشَّيٰطِيْنَ كَفَرُوْا يُعَلِّمُوْنَ النَّاسَ السِّحْرَ وَمَآ اُنْزِلَ عَلَى الْمَلَكَيْنِ بِبَابِلَ هَارُوْتَ وَمَارُوْتَ ۗ وَمَا يُعَلِّمٰنِ مِنْ اَحَدٍ حَتّٰى يَقُوْلَآ اِنَّمَا نَحْنُ فِتْنَةٌ فَلَا تَكْفُرْ ۗ فَيَتَعَلَّمُوْنَ مِنْهُمَا مَا يُفَرِّقُوْنَ بِهٖ بَيْنَ الْمَرْءِ وَزَوْجِهٖ ۗ وَمَا هُمْ بِضَاۤرِّيْنَ بِهٖ مِنْ اَحَدٍ اِلَّا بِاِذْنِ اللّٰهِ ۗ وَيَتَعَلَّمُوْنَ مَا يَضُرُّهُمْ وَلَا يَنْفَعُهُمْ ۗ وَلَقَدْ عَلِمُوْا لَمَنِ اشْتَرٰىهُ مَا لَهٗ فِى الْاٰخِرَةِ مِنْ خَلَاقٍ ۗ وَلَبِئْسَ مَاشَرَوْا بِهٖٓ اَنْفُسَهُمْ ۗ لَوْ كَانُوْا يَعْلَمُوْنَ١٠٢
Wattaba‘ū mā tatlusy-syayāṭīnu ‘alā mulki sulaimān(a), wa mā kafara sulaimānu wa lākinnnasy-syayāṭīna kafarū yu‘allimūnan-nāsas siḥr(a), wa mā unzila ‘alal-malakaini bibābila hārūta wa mārūt(a), wa mā yu‘allimāni min aḥadin ḥattā yaqūlā innamā naḥnu fitnatun falā takfur, fayata‘allamūna minhumā mā yufarriqūna bihī bainal-mar'i wa zaujih(ī), wa mā hum biḍarrīna bihī min aḥadin illā bi'iżnillāh(i), wa yata‘allamūna mā yaḍurruhum wa lā yanfa‘uhum, wa laqad ‘alimū lamanisytarāhu mā lahū fil-ākhirati min khalāq(in), wa labi'sa mā syarau bihī anfusahum, lau kānū ya‘lamūn(a).
[102] Lan iyane milu paran baen kang diwoco kambi syetan-syetan nang zamane kerajaane Sulaiman (lan iyane ngomong kadung Sulaiman iku ngelakoni ilmu sihir), padahal Sulaiman iku osingo kafir (osing ngelakoni ilmu sihir), mung syetan-syetan iku lah kang kafir (ngelakoni ilmu sihir), iyane ngajaraken ilmu sihir nang menungso lan paran baen kang diedunaken nong keloro malaikat ring negeri Babil, yoiku Harut lan Marut, sedeng loro-lorone osing ngajaraken (siji ilmu) nong sak wong baen sakdurunge ngomong: “saktemene isun mung dadi gudoan (nong riko), sebab iku ojo kafir”. Mongko iyane melajari teko keloro malaikat iku paran kang kambi sihir iku, iyane biso megataken antarane wong kang laki rabi. Lan iyane iku (dadi tukang sihir) osing biso nguweni mudhorot kambi sihire iku nang sak wong baen kejobo (kadung oleh) idzine Alloh lan iyane melajari paran baen kang osing nguweni mudhorot nang iyane lan ugo osing nguweni manfaat. Lan saktemene iyane uwes ngeyakini kadung sopo baen kang nggenti (kitabe Alloh) Kambi sihir iku, o(...)

وَلَوْ اَنَّهُمْ اٰمَنُوْا وَاتَّقَوْا لَمَثُوْبَةٌ مِّنْ عِنْدِ اللّٰهِ خَيْرٌ ۗ لَوْ كَانُوْا يَعْلَمُوْنَ ࣖ١٠٣
Wa lau annahum āmanū wattaqau lamaṡūbatum min ‘indillāhi khair(un), lau kānū ya‘lamūn(a).
[103] Saktemene kadung wong-wong iku beriman lan taqwa (niscaya riko arep oleh ganjaran), lan saktemeneganjaran teko sisi Alloh yoiku lebeh apik, kadung riko ngeweruhi.

يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا لَا تَقُوْلُوْا رَاعِنَا وَقُوْلُوا انْظُرْنَا وَاسْمَعُوْا وَلِلْكٰفِرِيْنَ عَذَابٌ اَلِيْمٌ١٠٤
Yā ayyuhal-lażīna āmanū lā taqūlū rā‘inā wa qūlunẓurnā wasma‘ū wa lil-kāfirīna ‘ażābun alīm(un).
[104] He wong-wong hang duwe iman, ojo riko ngomong (ning Muhammad): “Raa’ina”, taping ngomongo:”Unzhurna”, lan ”rungokno”. lan kanggo wong-wong kafir sekso hang perih.

مَا يَوَدُّ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا مِنْ اَهْلِ الْكِتٰبِ وَلَا الْمُشْرِكِيْنَ اَنْ يُّنَزَّلَ عَلَيْكُمْ مِّنْ خَيْرٍ مِّنْ رَّبِّكُمْ ۗ وَاللّٰهُ يَخْتَصُّ بِرَحْمَتِهٖ مَنْ يَّشَاۤءُ ۗ وَاللّٰهُ ذُو الْفَضْلِ الْعَظِيْمِ١٠٥
Mā yawaddul-lażīna kafarū min ahlil-kitābi wa lal-musyrikīna ay yunazzila ‘alaikum min khairim mir rabbikum, wallāhu yakhtaṣṣu biraḥmatihī may yasyā'(u), wallāhu żul faḍlil-‘aẓīm(i).
[105] Wong-wong kafir teko Ahli Kitab lan wong-wong musyrik sing kepingin dimuduno keapikan kanggo riko teko pengeran riko. Lan Alloh nentokeno sopo hang dikarepaken (kanggo diweni) rahmate (kenabiane); lan Alloh nduweni karunia hang gedi.

۞ مَا نَنْسَخْ مِنْ اٰيَةٍ اَوْ نُنْسِهَا نَأْتِ بِخَيْرٍ مِّنْهَآ اَوْ مِثْلِهَا ۗ اَلَمْ تَعْلَمْ اَنَّ اللّٰهَ عَلٰى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيْرٌ١٠٦
Mā nansakh min āyatin au nunsihā na'ti bi khairim minhā au miṡlihā, alam ta‘lam annallāha ‘alā kulli syai'in qadīr(un).
[106] Ayat endi baen hang kene mbosek, utowo kene dadekno (menungso) lali kanggo yane utowo hang sebanding mabi yane. Sing ono hang weruhi, saktemene Alloh moso kuwoso kanggo kabeh iku?

اَلَمْ تَعْلَمْ اَنَّ اللّٰهَ لَهٗ مُلْكُ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِ ۗ وَمَا لَكُمْ مِّنْ دُوْنِ اللّٰهِ مِنْ وَّلِيٍّ وَّلَا نَصِيْرٍ١٠٧
Alam ta‘lam annallāha lahū mulkus-samāwāti wal arḍ(i), wa mā lakum min dūnillāhi miw waliyyiw wa lā naṣīr(in).
[107] Osing tah siro weruh kadung saktemene kerojoan langit lan bumi iku duwine Alloh? Lan osing ono kanggo siro sakliyane Alloh wong kang ngelindungi lan wong kang nulungi.

اَمْ تُرِيْدُوْنَ اَنْ تَسْـَٔلُوْا رَسُوْلَكُمْ كَمَا سُىِٕلَ مُوْسٰى مِنْ قَبْلُ ۗوَمَنْ يَّتَبَدَّلِ الْكُفْرَ بِالْاِيْمَانِ فَقَدْ ضَلَّ سَوَاۤءَ السَّبِيْلِ١٠٨
Am turīdūna an tas'alū rasūlakum kamā su'ila mūsā min qabl(u), wa may yatabaddalil-kufra bil-īmāni faqad ḍalla sawā'as-sabīl(i).
[108] Opo tah siro ngarepaken arep njaluk nong Rosul siro koyo njaluke Bani Isro’il nong Musa ring zaman bengen? Lan sopo baen kang ngoperi imane kambi kekafirane, mongko wong iku uwes kesasar teko dalan kang kenceng.

وَدَّ كَثِيْرٌ مِّنْ اَهْلِ الْكِتٰبِ لَوْ يَرُدُّوْنَكُمْ مِّنْۢ بَعْدِ اِيْمَانِكُمْ كُفَّارًاۚ حَسَدًا مِّنْ عِنْدِ اَنْفُسِهِمْ مِّنْۢ بَعْدِ مَا تَبَيَّنَ لَهُمُ الْحَقُّ ۚ فَاعْفُوْا وَاصْفَحُوْا حَتّٰى يَأْتِيَ اللّٰهُ بِاَمْرِهٖ ۗ اِنَّ اللّٰهَ عَلٰى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيْرٌ١٠٩
Wadda kaṡīrum min ahlil-kitābi lau yaruddūnakum mim ba‘di īmānikum kuffārā(n), ḥasadam min ‘indi anfusihim mim ba‘di mā tabayyana lahumul-ḥaqq(u), fa‘fū waṣfaḥū ḥattā ya'tiyallāhu bi amrih(ī), innallāha ‘alā kulli syai'in qadīr(un).
[109] Sebagian akeh Ahli Kitab ngepinginaken kadung iyane biso mbalekaken riko nong kekafiran sakwise riko iman, kerono irian kang (metu) teko awake iyane dewek, sakmarine jelas nong iyane kebeneran, mongko nyepuro’o riko kambi geningno iyane sampek Alloh nekakaken perintahe. Saktemene Alloh moho kuwoso nong sekabehane paran baen.

وَاَقِيْمُوا الصَّلٰوةَ وَاٰتُوا الزَّكٰوةَ ۗ وَمَا تُقَدِّمُوْا لِاَنْفُسِكُمْ مِّنْ خَيْرٍ تَجِدُوْهُ عِنْدَ اللّٰهِ ۗ اِنَّ اللّٰهَ بِمَا تَعْمَلُوْنَ بَصِيْرٌ١١٠
Wa aqīmuṣ-ṣalāta wa ātuz-zakāh(ta), wa mā tuqaddimū li'anfusikum min khairin tajidūhu ‘indallāh(i), innallāha bimā ta‘malūna baṣīr(un).
[110] Lan ngadegno sembahyang kambi mbayaro zakat. Lan keapikan paran baen kang siro uwakaken nong awake siro dewek, pasti siro bakal oleh ganjarane teko ning Alloh. Saktemene Alloh weruh nong paran baen kang siro lakoni.

وَقَالُوْا لَنْ يَّدْخُلَ الْجَنَّةَ اِلَّا مَنْ كَانَ هُوْدًا اَوْ نَصٰرٰى ۗ تِلْكَ اَمَانِيُّهُمْ ۗ قُلْ هَاتُوْا بُرْهَانَكُمْ اِنْ كُنْتُمْ صٰدِقِيْنَ١١١
Wa qālū lay yadkhulal-jannata illā man kāna hūdan au naṣārā, tilka amāniyyuhum, qul hātū burhānakum in kuntum ṣādiqīn(a).
[111] Lan iyane (wong Yahudi lan Nasroni) ngomong: “sepisan-pisano osing bakal melebu nong surgo kejobo wong-wong (kang agamane) Yahudi utawane Nasrani”, gedigu iku (mung) angen-angene iyane kang kosong melompong. Ngomongo (hei Muhammad): duduhno kebenerane siro kadung siro iku wong kang bener.

بَلٰى مَنْ اَسْلَمَ وَجْهَهٗ لِلّٰهِ وَهُوَ مُحْسِنٌ فَلَهٗٓ اَجْرُهٗ عِنْدَ رَبِّهٖۖ وَلَا خَوْفٌ عَلَيْهِمْ وَلَا هُمْ يَحْزَنُوْنَ ࣖ١١٢
Balā man aslama wajhahū lillāhi wa huwa muḥsinun falahū ajruhū ‘inda rabbih(i), wa lā khaufun ‘alaihim wa lā hum yaḥzanūn(a).
[112] (Osing gedigu) malah sopo baen kang masrahaken awake nong Alloh, sedeng iyane ngelakoni keapikan, mongko kanggo iyane ganjaran teko ning pengerane, lan osing ono roso kuwatir nong iyane lan osing (ugo) iyane susah atine.

وَقَالَتِ الْيَهُوْدُ لَيْسَتِ النَّصٰرٰى عَلٰى شَيْءٍۖ وَّقَالَتِ النَّصٰرٰى لَيْسَتِ الْيَهُوْدُ عَلٰى شَيْءٍۙ وَّهُمْ يَتْلُوْنَ الْكِتٰبَۗ كَذٰلِكَ قَالَ الَّذِيْنَ لَا يَعْلَمُوْنَ مِثْلَ قَوْلِهِمْ ۚ فَاللّٰهُ يَحْكُمُ بَيْنَهُمْ يَوْمَ الْقِيٰمَةِ فِيْمَا كَانُوْا فِيْهِ يَخْتَلِفُوْنَ١١٣
Wa qālatil-yahūdu laisatin-naṣārā ‘alā syai'(in), wa qālatin-naṣārā laisatil-yahūdu ‘alā syai'(in), wa hum yatlūnal-kitāb(a), każālika qālal-lażīna lā ya‘lamūna miṡla qaulihim, fallāhu yaḥkumu bainahum yaumal-qiyāmati fīmā kānū fīhi yakhtalifūn(a).
[113] Lan wong-wong Yahudi ngomong: “wong-wong Nasrani iku osing duwe siji cekelan”, lan wong-wong Nasrani iku ngomong: “wong-wong Yahudi iku osing duwe siji cekelan” padahal iyane (podo-podo) moco Al-Kitab, gedigu ugo wong-wong kang osing weruh ngomong koyo omongane iyane (Yahudi Nasrani) iku. Mongko Alloh bakal ngadili ning antarane iyane ring dino kiamat, ngenengi paran baen kang iyane padokaken.

وَمَنْ اَظْلَمُ مِمَّنْ مَّنَعَ مَسٰجِدَ اللّٰهِ اَنْ يُّذْكَرَ فِيْهَا اسْمُهٗ وَسَعٰى فِيْ خَرَابِهَاۗ اُولٰۤىِٕكَ مَا كَانَ لَهُمْ اَنْ يَّدْخُلُوْهَآ اِلَّا خَاۤىِٕفِيْنَ ەۗ لَهُمْ فِى الدُّنْيَا خِزْيٌ وَّلَهُمْ فِى الْاٰخِرَةِ عَذَابٌ عَظِيْمٌ١١٤
Wa man aẓlamu mim mam mana‘a masājidallāhi ay yużkara fīhasmuhū wa sa‘ā fī kharābihā, ulā'ika mā kāna lahum ay yadkhulūhā illā khā'ifīn(a), lahum fid-dun-yā khizyuw wa lahum fil-ākhirati ‘ażābun ‘aẓīm(un).
[114] Lan sopo tah kang lebih anioyo timbangane wong kang ngalang-ngalangi nyebut arane Alloh nong jero masjid-masjide kambi berusaha ngerubuhaken? Iyane iku osing pantes melebu nong jerone masjid (masjide Alloh), kejobo kambi roso wedi (nang Alloh). Iyane nong dunyo oleh keinoan lan nong akherat oleh sikso kang abot.

وَلِلّٰهِ الْمَشْرِقُ وَالْمَغْرِبُ فَاَيْنَمَا تُوَلُّوْا فَثَمَّ وَجْهُ اللّٰهِ ۗ اِنَّ اللّٰهَ وَاسِعٌ عَلِيْمٌ١١٥
Wa lillāhil-masyriqu wal-magrib(u), fa'ainamā tuwallū faṡamma wajhullāh(i), innallāha wāsi‘un ‘alīm(un).
[115] Lan nduweni Alloh iku wetan lan kulon, mongko nang ndi baen riko ngadep ning kono iku rupane Alloh. Saktemene Alloh moho weroh (rahmate) kambi moho ngeweruhi.

وَقَالُوا اتَّخَذَ اللّٰهُ وَلَدًا ۙسُبْحٰنَهٗ ۗ بَلْ لَّهٗ مَا فِى السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِۗ كُلٌّ لَّهٗ قٰنِتُوْنَ١١٦
Wa qāluttakhażallāhu waladan subḥānah(ū), bal lahū mā fis-samāwāti wal-arḍ(i), kullul lahū qānitūn(a).
[116] Siro (wong-wong kafir) ngomongo: “Alloh nduweni lare”. Moho suci Alloh, dadi paren hang ono ning langit lan bumine yoiku nduwene Alloh; kabeh patuh nang Alloh.

بَدِيْعُ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِۗ وَاِذَا قَضٰٓى اَمْرًا فَاِنَّمَا يَقُوْلُ لَهٗ كُنْ فَيَكُوْنُ١١٧
Badī‘us-samāwāti wal-arḍ(i), wa iżā qaḍā amran fa'innamā yaqūlu lahū kun fayakūn(u).
[117] Gusti Alloh kang gawe langit Kambi bumi, kadung Iyane karep (nggawe) sijine barang, mongko (cukup) Iyane ngucap “dadiyo” mongko dadi lah iku.

وَقَالَ الَّذِيْنَ لَا يَعْلَمُوْنَ لَوْلَا يُكَلِّمُنَا اللّٰهُ اَوْ تَأْتِيْنَآ اٰيَةٌ ۗ كَذٰلِكَ قَالَ الَّذِيْنَ مِنْ قَبْلِهِمْ مِّثْلَ قَوْلِهِمْ ۗ تَشَابَهَتْ قُلُوْبُهُمْ ۗ قَدْ بَيَّنَّا الْاٰيٰتِ لِقَوْمٍ يُّوْقِنُوْنَ١١٨
Wa qālal-lażīna lā ya‘lamūna lau lā yukallimunallāhu au ta'tīnā āyah(tun), każālika qālal-lażīna min qablihim miṡla qaulihim, tasyābahat qulūbuhum, qad bayyannal-āyāti liqaumiy yūqinūn(a).
[118] Lan wong-wong kang osing weruh ngomong: “Apuwo Alloh osing (langsung) ngomong nang isun utowo teko tondo-tondone kekuwasaane nang isun?” gedigu ugo wong-wong kang sakdurunge iyane uwes ngomong koyo omongane iyane iku; atine iyane mirip. Saktemene isun wes njelasaken tondo-tondo kuwasane Isun nang kaum kang yakin.

اِنَّآ اَرْسَلْنٰكَ بِالْحَقِّ بَشِيْرًا وَّنَذِيْرًاۙ وَّلَا تُسْـَٔلُ عَنْ اَصْحٰبِ الْجَحِيْمِ١١٩
Innā arsalnāka bil-ḥaqqi basyīraw wa nażīrā(n), wa lā tus'alu ‘an aṣḥābil-jaḥīm(i).
[119] Saktemene Isun ngutus siro (Muhammad nggowo) kabeneran; kang nggowo kabar nyenengaken lan kabar kang ngengetaken, lan riko osing bakal dijaluki (tanggungjawabe) nong ahli-ahli neroko.

وَلَنْ تَرْضٰى عَنْكَ الْيَهُوْدُ وَلَا النَّصٰرٰى حَتّٰى تَتَّبِعَ مِلَّتَهُمْ ۗ قُلْ اِنَّ هُدَى اللّٰهِ هُوَ الْهُدٰى ۗ وَلَىِٕنِ اتَّبَعْتَ اَهْوَاۤءَهُمْ بَعْدَ الَّذِيْ جَاۤءَكَ مِنَ الْعِلْمِ ۙ مَا لَكَ مِنَ اللّٰهِ مِنْ وَّلِيٍّ وَّلَا نَصِيْرٍ١٢٠
Wa lan tarḍā ‘ankal-yahūdu wa lan-naṣārā ḥattā tattabi‘a millatahum, qul inna hudallāhi huwal-hudā, wa la'inittaba‘ta ahwā'ahum ba‘dal-lażī jā'aka minal-‘ilm(i), mā laka minallāhi miw waliyyiw wa lā naṣīr(in).
[120] Lan wong-wong Yahudi kambi Nasrani osing bakal seneng nang riko sampek riko milu nang agomone iyane. Ngomongo: “saktemene petunjuke Alloh iku petunjuk kang bener”. Lan saktemene kadung riko milu nang karepe iyane sakwise pengetahuan teko nang riko, mongko Alloh osing maning dadi kang ngelindungi lan kang nolong nong riko.

اَلَّذِيْنَ اٰتَيْنٰهُمُ الْكِتٰبَ يَتْلُوْنَهٗ حَقَّ تِلَاوَتِهٖۗ اُولٰۤىِٕكَ يُؤْمِنُوْنَ بِهٖ ۗ وَمَنْ يَّكْفُرْ بِهٖ فَاُولٰۤىِٕكَ هُمُ الْخٰسِرُوْنَ ࣖ١٢١
Allażīna ātaināhumul-kitāba yatlūnahū ḥaqqa tilāwatih(ī), ulā'ika yu'minūna bih(ī), wa may yakfur bihī fa ulā'ika humul-khāsirūn(a).
[121] Wong-wong kang uwes Isun (Alloh) nguweni kitab, wong-wong iku moco kelawan woconan sak benere, wong-wong iku iman ning kitab ikau, lan sopo wong baen kang ingkar nong kitab ikau, mongko wong-wong iku kang rugi.

يٰبَنِيْٓ اِسْرَاۤءِيْلَ اذْكُرُوْا نِعْمَتِيَ الَّتِيْٓ اَنْعَمْتُ عَلَيْكُمْ وَاَنِّيْ فَضَّلْتُكُمْ عَلَى الْعٰلَمِيْنَ١٢٢
Yā banī isrā'īlażkurū ni‘matiyal-latī an‘amtu ‘alaikum wa annī faḍḍaltukum ‘alal-‘ālamīn(a).
[122] He Bani Isroil, ilingo ning nikmat Isun kang wes Isun wakakaken nang siro, lan Isun wes ngelebihaken siro kabeh timbangane sekabehane ummat ning alam iki.

وَاتَّقُوْا يَوْمًا لَّا تَجْزِيْ نَفْسٌ عَنْ نَّفْسٍ شَيْـًٔا وَّلَا يُقْبَلُ مِنْهَا عَدْلٌ وَّلَا تَنْفَعُهَا شَفَاعَةٌ وَّلَا هُمْ يُنْصَرُوْنَ١٢٣
Wattaqū yaumal lā tajzī nafsun ‘an nafsin syai'aw wa lā yuqbalu minhā ‘adluw wa lā tanfa‘uhā syafā‘atuw wa lā hum yunṣarūn(a).
[123] Lan wedio siro, nang sijine dino kang osing ono menungso kang biso nggantekaken wong liyo sitik baen, tebusan heng biso diterimo, lan osing bakal nguweni manfaat syafaat paran baen nang yanek, lan oosing ugo yanek bakal di tulung.

۞ وَاِذِ ابْتَلٰٓى اِبْرٰهٖمَ رَبُّهٗ بِكَلِمٰتٍ فَاَتَمَّهُنَّ ۗ قَالَ اِنِّيْ جَاعِلُكَ لِلنَّاسِ اِمَامًا ۗ قَالَ وَمِنْ ذُرِّيَّتِيْ ۗ قَالَ لَا يَنَالُ عَهْدِى الظّٰلِمِيْنَ١٢٤
Wa iżibtalā ibrāhīma rabbuhū bikalimātin fa atammahunn(a), qāla innī jā‘iluka lin-nāsi imāmā(n), qāla wa min żurriyyatī, qāla lā yanālu ‘ahdiẓ-ẓālimīn(a).
[124] Lan (Ilingo) waktu Ibrohim dicubo Pengerane nganggo pirang pirang kalimat (perintah lan larangan) terus Ibrohim ngelaksanakaken secoro sempurno. Alloh dawuh “saktemene Isun arep dadekaken riko pemimpinanek sekabehanek menungso, Ibrohim ndungo“lan (isun njaluk psan) sak keturunane isun ?, Alloh dawuh “janjine Isun ( iki )osing ngenengi wong-wong kang dzolim.

وَاِذْ جَعَلْنَا الْبَيْتَ مَثَابَةً لِّلنَّاسِ وَاَمْنًاۗ وَاتَّخِذُوْا مِنْ مَّقَامِ اِبْرٰهٖمَ مُصَلًّىۗ وَعَهِدْنَآ اِلٰٓى اِبْرٰهٖمَ وَاِسْمٰعِيْلَ اَنْ طَهِّرَا بَيْتِيَ لِلطَّاۤىِٕفِيْنَ وَالْعٰكِفِيْنَ وَالرُّكَّعِ السُّجُوْدِ١٢٥
Wa iż ja‘alnal-baita maṡābatal lin-nāsi wa amnā(n), wattakhiżū mim maqāmi ibrāhīma muṣallā(n), wa ‘ahidnā ilā ibrāhīma wa ismā‘īla an ṭahhirā baitiya liṭ-ṭā'ifīna wal-‘ākifīna war-rukka‘is-sujūd(i).
[125] Lan (ilingo) pas Kene ndadekaken umah iku (baitulloh) panggonan kumpule menungso lan panggonan kang aman, lan dadekno separoh panggonan Ibrohim iku panggonan sembahyang. Lan Kene wes perintah nyang Ibrohim lan Ismail, rijikono umah Isun kanggo wong kang thowaf, I’tikaf lan wong kang sujud. wes perintah nyang Ibrohim lan Ismail, rijikono umah Isun kanggo wong kang thowaf, I’tikaf lan wong kang sujud.

وَاِذْ قَالَ اِبْرٰهٖمُ رَبِّ اجْعَلْ هٰذَا بَلَدًا اٰمِنًا وَّارْزُقْ اَهْلَهٗ مِنَ الثَّمَرٰتِ مَنْ اٰمَنَ مِنْهُمْ بِاللّٰهِ وَالْيَوْمِ الْاٰخِرِۗ قَالَ وَمَنْ كَفَرَ فَاُمَتِّعُهٗ قَلِيْلًا ثُمَّ اَضْطَرُّهٗٓ اِلٰى عَذَابِ النَّارِ ۗ وَبِئْسَ الْمَصِيْرُ١٢٦
Wa iż qāla ibrāhīmu rabbij‘al hāżā baladan āminaw warzuq ahlahū minaṡ-ṡamarāti man āmana minhum billāhi wal-yaumil-ākhir(i), qāla wa man kafara fa umatti‘uhū qalīlan ṡumma aḍṭarruhū ilā ‘ażābin-nār(i), wa bi'sal-maṣīr(u).
[126] Lan (ilingo) pas Ibrohim ndungo, Duh Pengeran dadikno negoro niki negoro kang aman, lan wenenono penduduke rizqi teko uwoh-uwohan, wong kang antarane wong-wong iku iman nyang Alloh lan dino akhir, Alloh dawuh “ lan kanggo wong kafir, hon weni kesenengan sitik, mariiku hon pokso ngerasakaken sikso neroko, lan iku sak elek eleke panggonan ballik manig.

وَاِذْ يَرْفَعُ اِبْرٰهٖمُ الْقَوَاعِدَ مِنَ الْبَيْتِ وَاِسْمٰعِيْلُۗ رَبَّنَا تَقَبَّلْ مِنَّا ۗ اِنَّكَ اَنْتَ السَّمِيْعُ الْعَلِيْمُ١٢٧
Wa iż yarfa‘u ibrāhīmul-qawā‘ida minal-baiti wa ismā‘īl(u), rabbanā taqabbal minnā, innaka antas-samī‘ul-‘alīm(u).
[127] lan (ilingo) pas Ibrohim nduwuraken pondasi baitulloh bareng Ismail (kambi ndungo) he Pengeran Isun, nerimoho sangking isun (amalan-amalan isun) sak temene Alloh Moho kerungu lan Moho Ngeweruhi.

رَبَّنَا وَاجْعَلْنَا مُسْلِمَيْنِ لَكَ وَمِنْ ذُرِّيَّتِنَآ اُمَّةً مُّسْلِمَةً لَّكَۖ وَاَرِنَا مَنَاسِكَنَا وَتُبْ عَلَيْنَا ۚ اِنَّكَ اَنْتَ التَّوَّابُ الرَّحِيْمُ١٢٨
Rabbanā waj‘alnā muslimaini laka wa min żurriyyatinā ummatam muslimatal lak(a), wa arinā manāsikanā wa tub ‘alainā, innaka antat-tawwābur-raḥīm(u).
[128] Ya Pengeran kulo, dadikno isun keloron uwonge hang gelem nuruti nang Alloh lan (dadikno) neng antarane lare putu kene umate hang gelem patuh nang Alloh, lan weruhkeno kanggone kene coro-corone lan pangonan-panggonan ibadah kaji kene, lan nerimo tobat kenen. Saktemene Alloh hang moho nerimo tobat ambi welas asih.

رَبَّنَا وَابْعَثْ فِيْهِمْ رَسُوْلًا مِّنْهُمْ يَتْلُوْا عَلَيْهِمْ اٰيٰتِكَ وَيُعَلِّمُهُمُ الْكِتٰبَ وَالْحِكْمَةَ وَيُزَكِّيْهِمْ ۗ اِنَّكَ اَنْتَ الْعَزِيْزُ الْحَكِيْمُ ࣖ١٢٩
Rabbanā wab‘aṡ fīhim rasūlam minhum yatlū ‘alaihim āyātika wa yu‘allimuhumul-kitāba wal-ḥikmata wa yuzakkīhim, innaka antal-‘azīzul-ḥakīm(u).
[129] Duh Pengeran isun, dadekno isun keloron wong kang nurut lan tunduk nyang Ndiko lan (dadekno) antarane keturunan keturunan isun, ummat kang gelem nurut nang Ndiko, lan werohkeno nyang kene coro coro lan panggonan panggonan haji kene, lan neromoho tobat kene, saktemene Alloh Moho nerimo tobat lan welas asih.

وَمَنْ يَّرْغَبُ عَنْ مِّلَّةِ اِبْرٰهٖمَ اِلَّا مَنْ سَفِهَ نَفْسَهٗ ۗوَلَقَدِ اصْطَفَيْنٰهُ فِى الدُّنْيَا ۚوَاِنَّهٗ فِى الْاٰخِرَةِ لَمِنَ الصّٰلِحِيْنَ١٣٠
Wa may yargabu ‘an millati ibrāhīma illā man safiha nafsah(ū), wa laqad-iṣṭafaināhu fid-dun-yā, wa innahū fil-ākhirati laminaṣ-ṣāliḥīn(a).
[130] Lan osing ono wong kang osing seneng ning agomo Ibrohim, kecobo wong kang nggoblokaken awake dewek, lan temen temen kene wes milih ono ning dunyo, lan saktemene yanek ning akhirat melebu golongane wong kang sholeh.

اِذْ قَالَ لَهٗ رَبُّهٗٓ اَسْلِمْۙ قَالَ اَسْلَمْتُ لِرَبِّ الْعٰلَمِيْنَ١٣١
Iż qāla lahū rabbuhū aslim, qāla aslamtu lirabbil-‘ālamīn(a).
[131] Pas Pengerane Dawuh Kambi Ibrohim: Gelem lan nuruto ndiko! Ibrohim njawab: Isun gelem nuruti perintahe pengeran Isun kang nguwasani alam dunyo iki.

وَوَصّٰى بِهَآ اِبْرٰهٖمُ بَنِيْهِ وَيَعْقُوْبُۗ يٰبَنِيَّ اِنَّ اللّٰهَ اصْطَفٰى لَكُمُ الدِّيْنَ فَلَا تَمُوْتُنَّ اِلَّا وَاَنْتُمْ مُّسْلِمُوْنَ ۗ١٣٢
Wa waṣṣā bihā ibrāhīmu banīhi wa ya‘qūb(u), yā baniyya innallāhaṣṭafā lakumud-dīna falā tamūtunna illā wa antum muslimūn(a).
[132] Lan Ibrohim wes wasiat ucapan iku nyang anak anake, sekalian kambi Ya’qub (Ibrohim ngomong): he anak anak isun, temen Alloh wes milih agomo iki kanggo riko kabeh, mongko ojok mati temen riko, kecobo riko kabeh milu agomo Islam.

اَمْ كُنْتُمْ شُهَدَاۤءَ اِذْ حَضَرَ يَعْقُوْبَ الْمَوْتُۙ اِذْ قَالَ لِبَنِيْهِ مَا تَعْبُدُوْنَ مِنْۢ بَعْدِيْۗ قَالُوْا نَعْبُدُ اِلٰهَكَ وَاِلٰهَ اٰبَاۤىِٕكَ اِبْرٰهٖمَ وَاِسْمٰعِيْلَ وَاِسْحٰقَ اِلٰهًا وَّاحِدًاۚ وَنَحْنُ لَهٗ مُسْلِمُوْنَ١٣٣
Am kuntum syuhadā'a iż ḥaḍara ya‘qūbal-maut(u), iż qāla libanīhi mā ta‘budūna mim ba‘dī, qālū na‘budu ilāhaka wa ilāha ābā'ika ibrāhīma wa ismā‘īla wa isḥāqa ilāhaw wāḥidā(n), wa naḥnu lahū muslimūn(a).
[133] Ono tah riko teko waktu Ya’qub ketekan (tondo tondo) kematiane, wayah yane ngomong nyang anak anake “paran kang riko sembah sak wise isun mati? anak anake njawab “isun arep nyambah Pengeran riko lan pengeran mbah buyut riko Ibrohim, Isma’il lan Ishaq (yoiku) Pengeran Kang Moho Siji, lan isun pasrah nuruti perintah Pengeran isun.

تِلْكَ اُمَّةٌ قَدْ خَلَتْ ۚ لَهَا مَا كَسَبَتْ وَلَكُمْ مَّا كَسَبْتُمْ ۚ وَلَا تُسْـَٔلُوْنَ عَمَّا كَانُوْا يَعْمَلُوْنَ١٣٤
Tilka ummatun qad khalat, lahā mā kasabat wa lakum mā kasabtum, wa lā tus'alūna ‘ammā kānū ya‘malūn(a).
[134] Yoiku ummat kang bengen, bagiane paran kang wes diusahakaken, lan bagian riko paran kang wes riko usahakaken, lan riko osing bakal di jaluki tanggung jawab paran kang wes wong-wong iku lakoni.

وَقَالُوْا كُوْنُوْا هُوْدًا اَوْ نَصٰرٰى تَهْتَدُوْا ۗ قُلْ بَلْ مِلَّةَ اِبْرٰهٖمَ حَنِيْفًا ۗوَمَا كَانَ مِنَ الْمُشْرِكِيْنَ١٣٥
Wa qālū kūnū hūdan au naṣārā tahtadū, qul bal millata ibrāhīma ḥanīfā(n), wa mā kāna minal-musyrikīn(a).
[135] Lan wong-wong iku ngomong, kudune riko milu agomo Yahudi utowo Nasroni, mesti riko oleh petunjuk, “ngomongo” justru agomo Ibrohim lah kang kenceng, lan duduk ndiko (Ibrohim) tekok golongane wong musyrik.

قُوْلُوْٓا اٰمَنَّا بِاللّٰهِ وَمَآ اُنْزِلَ اِلَيْنَا وَمَآ اُنْزِلَ اِلٰٓى اِبْرٰهٖمَ وَاِسْمٰعِيْلَ وَاِسْحٰقَ وَيَعْقُوْبَ وَالْاَسْبَاطِ وَمَآ اُوْتِيَ مُوْسٰى وَعِيْسٰى وَمَآ اُوْتِيَ النَّبِيُّوْنَ مِنْ رَّبِّهِمْۚ لَا نُفَرِّقُ بَيْنَ اَحَدٍ مِّنْهُمْۖ وَنَحْنُ لَهٗ مُسْلِمُوْنَ١٣٦
Qūlū āmannā billāhi wa mā unzila ilainā wa mā unzila ilā ibrāhīma wa ismā‘īla wa isḥāqa wa ya‘qūba wal-asbāṭi wa mā ūtiya mūsā wa ‘īsā wa mā ūtiyan-nabiyyūna mir rabbihim, lā nufarriqu baina aḥadim minhum wa naḥnu lahū muslimūn(a).
[136] Omongono (he wong-wong kang Iman) kene Iman nyang Allah lan paran kang di edunaken nyang Ibrohim, Isma’il, Ishaq, Ya’qub lan keturunane, lan paran kang wes di wakakaken nyang Musa, Isa lan Nabi Nabi teko Pengerane. Isun kabeh osing mbedak mbedakaken antarane nabi nabi iku, lan isun kabeh mung gelem nuruti perintah Pengeran isun.

فَاِنْ اٰمَنُوْا بِمِثْلِ مَآ اٰمَنْتُمْ بِهٖ فَقَدِ اهْتَدَوْا ۚوَاِنْ تَوَلَّوْا فَاِنَّمَا هُمْ فِيْ شِقَاقٍۚ فَسَيَكْفِيْكَهُمُ اللّٰهُ ۚوَهُوَ السَّمِيْعُ الْعَلِيْمُ ۗ١٣٧
Fa'in āmanū bimiṡli mā āmantum bihī faqadihtadau, wa in tawallau fa'innamā hum fī syiqāq(in), fasayakfīkahumullāh(u), wa huwas-samī‘ul-‘alīm(u).
[137] Mongko kadung wong-wong iku iman nyang paran kang riko Imani, sak temeni wong-wong iku wes oleh petunjuk, lan kadung wong-wong iku mlengos, sak temene wong-wong iku dadi mosoh riko, mongko Alloh bakal nyelametaken riko teko wong-wong iku, lan Alloh iku kang moho kerungu lan ngeweruhi.

صِبْغَةَ اللّٰهِ ۚ وَمَنْ اَحْسَنُ مِنَ اللّٰهِ صِبْغَةً ۖ وَّنَحْنُ لَهٗ عٰبِدُوْنَ١٣٨
Ṣibgatallāh(i), wa man aḥsanu minallāhi ṣibgataw wa naḥnu lahū ‘ābidūn(a).
[138] Shibghah Alloh lan sopo hang luwih apik shibghane teko Alloh lan mung nyang Allah riko kabeh nyembah.

قُلْ اَتُحَاۤجُّوْنَنَا فِى اللّٰهِ وَهُوَ رَبُّنَا وَرَبُّكُمْۚ وَلَنَآ اَعْمَالُنَا وَلَكُمْ اَعْمَالُكُمْۚ وَنَحْنُ لَهٗ مُخْلِصُوْنَ ۙ١٣٩
Qul atuḥājjūnanā fillāhi wa huwa rabbunā wa rabbukum, wa lanā a‘mālunā wa lakum a‘mālukum, wa naḥnu lahū mukhliṣūn(a).
[139] Omongno: opo riko tukar padu kambi isun soal Alloh, padahal Alloh iku Pengerane isun lan pengeran riko kabeh, kanggo isun amalan isun, kanggo siro amalan siro, cumo nyang Allah isun ngihlasaken ati.

اَمْ تَقُوْلُوْنَ اِنَّ اِبْرٰهٖمَ وَاِسْمٰعِيْلَ وَاِسْحٰقَ وَيَعْقُوْبَ وَالْاَسْبَاطَ كَانُوْا هُوْدًا اَوْ نَصٰرٰى ۗ قُلْ ءَاَنْتُمْ اَعْلَمُ اَمِ اللّٰهُ ۗ وَمَنْ اَظْلَمُ مِمَّنْ كَتَمَ شَهَادَةً عِنْدَهٗ مِنَ اللّٰهِ ۗ وَمَا اللّٰهُ بِغَافِلٍ عَمَّا تَعْمَلُوْنَ١٤٠
Am taqūlūna inna ibrāhīma wa ismā‘īla wa isḥāqa wa ya‘qūba wal-asbāṭa kānū hūdan au naṣārā, qul a'antum a‘lamu amillāh(u), wa man aẓlamu mimman katama syahādatan ‘indahū minallāh(i), wa mallāhu bigāfilin ‘ammā ta‘malūn(a).
[140] Utowo riko (Yahudi lan Nasrani) kadung Ibrohim, Ismail, Ya’kub, lan keturunane yoiku penganut agomo Yahudi utowo Nasroni, ngomongo: ono ta riko kang luweh ngeweruhi utowo Alloh, lan sopo kang luwih dzolim timbange wong kang nyengidakaken syahadah teko Alloh kang ono neng yane? lan Allah sepisan pisan osing lengah marang kang riko lakoni.

تِلْكَ اُمَّةٌ قَدْ خَلَتْ ۚ لَهَا مَا كَسَبَتْ وَلَكُمْ مَّا كَسَبْتُمْ ۚ وَلَا تُسْـَٔلُوْنَ عَمَّا كَانُوْا يَعْمَلُوْنَ ࣖ ۔١٤١
Tilka ummatun qad khalat, lahā mā kasabat wa lakum mā kasabtum, wa lā tus'alūna ‘ammā kānū ya‘malūn(a).
[141] Iku ummat kang bengen, bagiane paran kang di usahakaken, lan bagiane riko paran kang riko usahakaken, lan riko osing bakal di jaluki tanggung jawab paran kang wes wong-wong iku lakoni.

۞ سَيَقُوْلُ السُّفَهَاۤءُ مِنَ النَّاسِ مَا وَلّٰىهُمْ عَنْ قِبْلَتِهِمُ الَّتِيْ كَانُوْا عَلَيْهَا ۗ قُلْ لِّلّٰهِ الْمَشْرِقُ وَالْمَغْرِبُۗ يَهْدِيْ مَنْ يَّشَاۤءُ اِلٰى صِرَاطٍ مُّسْتَقِيْمٍ١٤٢
Sayāqūlus-sufahā'u minan-nāsi mā wallāhum ‘an qiblatihimul-latī kānū ‘alaihā, qul lillāhil-masyriqu wal-magrib(u), yahdī may yasyā'u ilā ṣirāṭim mustaqīm(in).
[142] Wong-wong hang kurang akale 12 neng antarane manungso arep ngomong: “paran kang melengosaken iyane (Umat Islam) teko kiblate (Baitul Maqdis) hang bengen iyane ngiblat neng kono? “ngomongo“; duwene Gusti Alloh wetan kambi kulon, Alloh nguweni petunjuk neng sopo baen hang diarepaken nong dalan kang kenceng. 13
12) Maksude: yoiku wong-wong hang kurang pikirane sehinggo sing biso mahami maksude ngalihe kiblat 13) Nong waktu Nabi Muhammad SAW ono neng Mekkah neng tengahe kaum musyrikin, Nabi Muhammad madep kiblat neng Baitul Maqdis, taping sakmarini 16 utowo 17 ulan Nabi ono neng Madinah neng tengahe wong Yahudi kamibi Nasrani. Nabi Muhammad dikongkon kamibi pangeran dienggo dadikaken Ka’bah dadi kiblat, terutama pisan kanggo nguweni weruh kadung nong jerone ibadah sholat iku duduk arah Baitul Maqdis lan Ka’bah hang dadi tujuane, taping ngadepaken awak dewekk neng pangeran kanggo persatuane umat Islam. Alloh dadikaken Ka’bah kanggo ngiblat.

وَكَذٰلِكَ جَعَلْنٰكُمْ اُمَّةً وَّسَطًا لِّتَكُوْنُوْا شُهَدَاۤءَ عَلَى النَّاسِ وَيَكُوْنَ الرَّسُوْلُ عَلَيْكُمْ شَهِيْدًا ۗ وَمَا جَعَلْنَا الْقِبْلَةَ الَّتِيْ كُنْتَ عَلَيْهَآ اِلَّا لِنَعْلَمَ مَنْ يَّتَّبِعُ الرَّسُوْلَ مِمَّنْ يَّنْقَلِبُ عَلٰى عَقِبَيْهِۗ وَاِنْ كَانَتْ لَكَبِيْرَةً اِلَّا عَلَى الَّذِيْنَ هَدَى اللّٰهُ ۗوَمَا كَانَ اللّٰهُ لِيُضِيْعَ اِيْمَانَكُمْ ۗ اِنَّ اللّٰهَ بِالنَّاسِ لَرَءُوْفٌ رَّحِيْمٌ١٤٣
Wa każālika ja‘alnākum ummataw wasaṭal litakūnū syuhadā'a ‘alan-nāsi wa yakūnar-rasūlu ‘alaikum syahīdā(n), wa mā ja‘alnal-qiblatal-latī kunta ‘alaihā illā lina‘lama may yattabi‘ur-rasūla mimmay yanqalibu ‘alā ‘aqibaih(i), wa in kānat lakabīratan illā ‘alal-lażīna hadallāh(u), wa mā kānallāhu liyuḍī‘a īmānakum, innallāha bin-nāsi lara'ūfur raḥīm(un).
[143] Lan gedigu (ugo) isun wes dadekaken riko (Umat Islam), umat hang adil lan pilihan 14 supoyo riko dadi saksi nong (kelakuane) manungso lan supoyo Rosul (Muhammad) dadi saksi nong (kelakuane) riko. Lan isun osing netepaken kiblate hang dadi kiblate riko (saiki). Kejobo supoyo isun ngeweruhi (supoyo nyoto) sopo hang milu kambi Rosul lan sopo hang nyeliwah lan temenan (ngalihe kiblat) iku keroso abot, kejobo kanggo wong-wong hang diweni petunjuk kambi Alloh, lan Alloh hang arep nyia-nyiakaken imane riko, saktemene Alloh maha ngasihe lan maha melasi kambi menungso.
14) Umat Islam didadikaken umat hang adil lan pilihan kerono iyane arep dadi saksi nong kelakuane wong hang nyimpang teko kebeneran apik mboh iku neng dunyo utowo neng akhirat.

قَدْ نَرٰى تَقَلُّبَ وَجْهِكَ فِى السَّمَاۤءِۚ فَلَنُوَلِّيَنَّكَ قِبْلَةً تَرْضٰىهَا ۖ فَوَلِّ وَجْهَكَ شَطْرَ الْمَسْجِدِ الْحَرَامِ ۗ وَحَيْثُ مَا كُنْتُمْ فَوَلُّوْا وُجُوْهَكُمْ شَطْرَهٗ ۗ وَاِنَّ الَّذِيْنَ اُوْتُوا الْكِتٰبَ لَيَعْلَمُوْنَ اَنَّهُ الْحَقُّ مِنْ رَّبِّهِمْ ۗ وَمَا اللّٰهُ بِغَافِلٍ عَمَّا يَعْمَلُوْنَ١٤٤
Qad narā taqallubaka wajhika fis-samā'(i), fa lanuwalliyannaka qiblatan tarḍāhā, fawalli wajhaka syaṭral-masjidil-ḥarām(i), wa ḥaiṡumā kuntum fawallū wujūhakum syaṭrah(ū), wa innal-lażīna ūtul-kitāba laya‘lamūna annahul-ḥaqqu mir rabbihim, wa mallāhu bigāfilin ‘ammā ya‘malūn(a).
[144] Isun weruh praupane riko (Muhammad) kerep ndeleng nong langit, 15 mongko arep isun ngadapaken riko nang kiblat hang riko senenge. Mongko adepeno raine riko nong arah masjidil haram. Lan reng ndi baen riko ono adepeno raine riko nang arah kono. Lan saktemene wong-wong hang diweni kitab (Taurot lan Injil) weruh, saktemene (pengalihan kiblat) iku kebeneran tako pengerane iyane kabeh. Lan Gusti Alloh sing lengah nang paran baen kang iyane lakoni.
15) Maksude yoiku Nabi Muhammad SAW. Mesti ndeleng neng langit ndungo’aken lan ngenten-ngentene mudune wahyu hang merintahaken Nabi Muhammad nang Baitulloh

وَلَىِٕنْ اَتَيْتَ الَّذِيْنَ اُوْتُوا الْكِتٰبَ بِكُلِّ اٰيَةٍ مَّا تَبِعُوْا قِبْلَتَكَ ۚ وَمَآ اَنْتَ بِتَابِعٍ قِبْلَتَهُمْ ۚ وَمَا بَعْضُهُمْ بِتَابِعٍ قِبْلَةَ بَعْضٍۗ وَلَىِٕنِ اتَّبَعْتَ اَهْوَاۤءَهُمْ مِّنْۢ بَعْدِ مَاجَاۤءَكَ مِنَ الْعِلْمِ ۙ اِنَّكَ اِذًا لَّمِنَ الظّٰلِمِيْنَ ۘ١٤٥
Wa la'in ataital-lażīna ūtul-kitāba bikulli āyatim mā tabi‘ū qiblatak(a), wa mā anta bitābi‘in qiblatahum, wa mā ba‘ḍuhum bitābi‘in qiblata ba‘ḍ(in), wa la'inittaba‘ta ahwā'ahum mim ba‘di mā jā'aka minal-‘ilm(i), innaka iżal laminaẓ-ẓālimīn(a).
[145] Lan masio riko (Muhammad) nguweni kabeh ayat (keterangan) nong wong-wong hang diweni kitab iku, iyane kabeh heng arep milu kiblate riko. Lan riko pisan sing arep milu kiblate wong-wong. Setengahe wong-wong iku sing arep milu kiblate setengah kang liyo. Lan kadung riko milu karepe wong sakwise gaduke ilmu nong riko, pasti riko mlebu wong-wong dholim.

اَلَّذِيْنَ اٰتَيْنٰهُمُ الْكِتٰبَ يَعْرِفُوْنَهٗ كَمَا يَعْرِفُوْنَ اَبْنَاۤءَهُمْ ۗ وَاِنَّ فَرِيْقًا مِّنْهُمْ لَيَكْتُمُوْنَ الْحَقَّ وَهُمْ يَعْلَمُوْنَ١٤٦
Allażīna ātaināhumul-kitāba ya‘rifūnahū kamā ya‘rifūna abnā'ahum, wa inna farīqam minhum layaktumūnal-ḥaqqa wa hum ya‘lamūn(a).
[146] Wong-wong kang wis hun weni kitab (Taurot lan Injil) ngeweruhi (Muhammad) koyo iyane weruh nang anak-anake dewek. 16 Saktemene setengahe iyane pasti nyengidakake kebeneran, temenekno iyane ngeweruhi.
16) Ngenalaken Muhammad SAW. yoiku ngenali sifasat-sifate koyo dene kang kesebut neng njero Taurot lan Injil

اَلْحَقُّ مِنْ رَّبِّكَ فَلَا تَكُوْنَنَّ مِنَ الْمُمْتَرِيْنَ ࣖ١٤٧
Al-ḥaqqu mir rabbika falā takūnanna minal-mumtarīn(a).
[147] Kebeneran iku teko pengeran riko, mongko ojo sepisan-pisano riko (Muhammad) kelebu wong-wong hang mamang.

وَلِكُلٍّ وِّجْهَةٌ هُوَ مُوَلِّيْهَا فَاسْتَبِقُوا الْخَيْرٰتِۗ اَيْنَ مَا تَكُوْنُوْا يَأْتِ بِكُمُ اللّٰهُ جَمِيْعًا ۗاِنَّ اللّٰهَ عَلٰى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيْرٌ١٤٨
Wa likulliw wijhatun huwa muwallīhā fastabiqul-khairāt(i), aina mā takūnū ya'ti bikumullāhu jamī‘ā(n), innallāha ‘alā kulli syai'in qadīr(un).
[148] Lan saben-saben umat duwe kiblate (dewek) hang iyane ngadep nong kono. Mongko saingono iro (ning jero gawe) keapikan. Ning ndi baen iro ono mesti Gusti Alloh ngumpulaken iro kabeh (ning dino kiamat). Saktemene Alloh maha kuoso neng sekabehane.

وَمِنْ حَيْثُ خَرَجْتَ فَوَلِّ وَجْهَكَ شَطْرَ الْمَسْجِدِ الْحَرَامِ ۗ وَاِنَّهٗ لَلْحَقُّ مِنْ رَّبِّكَ ۗ وَمَا اللّٰهُ بِغَافِلٍ عَمَّا تَعْمَلُوْنَ١٤٩
Wa min ḥaiṡu kharajta fawalli wajhaka syaṭral-masjidil-ḥarām(i), wa innahū lal-ḥaqqu mir rabbik(a), wa mallāhu bigāfilin ‘ammā ta‘malūn(a).
[149] Lan teko endi baen riko metu, mongko ngadepeno praupan riko ning ngarah masjidil haram: saktemene ketentuan iku bener-bener swiji hang hak teko Pengeran riko. Lan Alloh sepisan-pisano sing arep keliwatan (weruhe) paran hang riko lakoni.

وَمِنْ حَيْثُ خَرَجْتَ فَوَلِّ وَجْهَكَ شَطْرَ الْمَسْجِدِ الْحَرَامِ ۗ وَحَيْثُ مَا كُنْتُمْ فَوَلُّوْا وُجُوْهَكُمْ شَطْرَهٗ ۙ لِئَلَّا يَكُوْنَ لِلنَّاسِ عَلَيْكُمْ حُجَّةٌ اِلَّا الَّذِيْنَ ظَلَمُوْا مِنْهُمْ فَلَا تَخْشَوْهُمْ وَاخْشَوْنِيْ وَلِاُتِمَّ نِعْمَتِيْ عَلَيْكُمْ وَلَعَلَّكُمْ تَهْتَدُوْنَۙ١٥٠
Wa min ḥaiṡu kharajta fa walli wajhaka syaṭral-masjidil-ḥarām(i), wa ḥaiṡumā kuntum fawallū wujūhakum syaṭrah(ū), li'allā yakūna lin-nāsi ‘alaikum ḥujjatun illal-lażīna ẓalamū minhum, falā takhsyauhum wakhsyaunī, wa li'utimma ni‘matī ‘alaikum wa la‘allakum tahtadūn(a).
[150] Lan teko endi baen riko metu, mongko ngadepeno praina riko ngarah masjidil haram, lan neng ndi baen riko (kabeh) manggon mongko ngadepeno rain riro kabeh nong ngarah kono, supoyo sing ono alasan menungso ning riko, kejobo wong-wong kang dholim ning antarane iya-iyane kabeh. Mongko ojo wedi riko neng wong-wong lan wedio riko ning Isun (Gusti Alloh). Lan supoyo sempurnone nikmat Isun ning riko lan supoyo riko oleh petunjuk.

كَمَآ اَرْسَلْنَا فِيْكُمْ رَسُوْلًا مِّنْكُمْ يَتْلُوْا عَلَيْكُمْ اٰيٰتِنَا وَيُزَكِّيْكُمْ وَيُعَلِّمُكُمُ الْكِتٰبَ وَالْحِكْمَةَ وَيُعَلِّمُكُمْ مَّا لَمْ تَكُوْنُوْا تَعْلَمُوْنَۗ١٥١
Kamā arsalnā fīkum rasūlam minkum yatlū ‘alaikum āyātinā wa yuzakkīkum wa yu‘allimukumul-kitāba wal-ḥikmata wa yu‘allimukum mā lam takūnū ta‘lamūn(a).
[151] Koyo (Isun wes nyempurnakaken nikmat Isun ning riko kabeh) Isun wes ngutus neng riko kabeh Rosul teko antarane riko kang mocokaken ayat-ayat isun nong riko kambi nyuciaken lan ngajari nong riko kitab lan hikmah (sunnah), serto ngajari ning riko paran baen hang riko durung weruhi.

فَاذْكُرُوْنِيْٓ اَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْا لِيْ وَلَا تَكْفُرُوْنِ ࣖ١٥٢
Fażkurūnī ażkurkum wasykurū lī wa lā takfurūn(i).
[152] Kerono iku, ilingo riko ning Isun pasti Isun enget (ugo) nang riko 17 lan sukuro nang Isun kambi ojo riko ngingkari (nikmat) Isun.
17) Maksude: isun nyemburaken rohmat lan ampunan isun nang riko

يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوا اسْتَعِيْنُوْا بِالصَّبْرِ وَالصَّلٰوةِ ۗ اِنَّ اللّٰهَ مَعَ الصّٰبِرِيْنَ١٥٣
Yā ayyuhal-lażīna āmanusta‘īnū biṣ-ṣabri waṣ-ṣalāh(ti), innallāha ma‘aṣ-ṣābirīn(a).
[153] Hei wong-wong hang podo iman, njaluko pitulongan (nong Gusti Alloh) kelawan sabar lan sembahyang, saktemene Gusti Alloh Kambi bareng wong-wong hang sabar.

وَلَا تَقُوْلُوْا لِمَنْ يُّقْتَلُ فِيْ سَبِيْلِ اللّٰهِ اَمْوَاتٌ ۗ بَلْ اَحْيَاۤءٌ وَّلٰكِنْ لَّا تَشْعُرُوْنَ١٥٤
Wa lā taqūlū limay yuqtalu fī sabīlillāhi amwāt(un), bal aḥyā'uw wa lākil lā tasy‘urūn(a).
[154] Lan ojo o riko ngomong nang wong-wong kang mati reng dalane Gusti Alloh kadung wong-wong iku mati; paran maning (sakbenere) iyane iku mageh urip 18 taping riko sing nyadari.
18) Yoiku urip nong alam liyo kang duduk alam kito iki, reng ndi liyane oleh nikmat-nikmat teko sandinge Alloh. Lan mong Alloh hang ngeweruhi kelendi keadaane urip iku.

وَلَنَبْلُوَنَّكُمْ بِشَيْءٍ مِّنَ الْخَوْفِ وَالْجُوْعِ وَنَقْصٍ مِّنَ الْاَمْوَالِ وَالْاَنْفُسِ وَالثَّمَرٰتِۗ وَبَشِّرِ الصّٰبِرِيْنَ١٥٥
Wa lanabluwannakum bisyai'im minal-khaufi wal-jū‘i wa naqaṣim minal-amwāli wal-anfusi waṡ-ṡamarāt(i), wa basysyiriṣ-ṣābirīn(a).
[155] Lan temenan arep Isun weni ujian nang riko nganggo sitik keweden, keloman, kekurangan pices, awak lan uwoh-uwohan. Lan nguwenono kabar nyenengaken nang wong-wong hang sabar.

اَلَّذِيْنَ اِذَآ اَصَابَتْهُمْ مُّصِيْبَةٌ ۗ قَالُوْٓا اِنَّا لِلّٰهِ وَاِنَّآ اِلَيْهِ رٰجِعُوْنَۗ١٥٦
Allażīna iżā aṣābathum muṣībah(tun), qālū innā lillāhi wa innā ilaihi rāji‘ūn(a).
[156] (Yoiku) wong-wong kang kadung keneng belahi, iyane ngucap inna lillahi wainna illaihi rojiun. 19
19) Artine: saktemene isun kabeh iku duweni Gusti Alloh lan nong iyane isun kabeh balik. Kalimah iki diarane kalimah “istirjaa” (ucapan balik neng Gusti Alloh) di sunnahaken nyebut nong waktu keneng belahi mboh belahi gedi utowo cilik.

اُولٰۤىِٕكَ عَلَيْهِمْ صَلَوٰتٌ مِّنْ رَّبِّهِمْ وَرَحْمَةٌ ۗوَاُولٰۤىِٕكَ هُمُ الْمُهْتَدُوْنَ١٥٧
Ulā'ika ‘alaihim ṣalawātum mir rabbihim wa raḥmah(tun), wa ulā'ika humul-muhtadūn(a).
[157] Iyane kabeh iku kang oleh keberkatan (welas hang gedi) hang sempurno lan rohmat teko pengerane wong-wong, lan iyane iku wong-wong kang oleh piduduh.

۞ اِنَّ الصَّفَا وَالْمَرْوَةَ مِنْ شَعَاۤىِٕرِ اللّٰهِ ۚ فَمَنْ حَجَّ الْبَيْتَ اَوِ اعْتَمَرَ فَلَا جُنَاحَ عَلَيْهِ اَنْ يَّطَّوَّفَ بِهِمَا ۗ وَمَنْ تَطَوَّعَ خَيْرًاۙ فَاِنَّ اللّٰهَ شَاكِرٌ عَلِيْمٌ١٥٨
Innaṣ-ṣafā wal-marwata min sya‘ā'irillāh(i), faman ḥajjal-baita awi‘tamara falā junāḥa ‘alaihi ay yaṭṭawwafa bihimā, wa man taṭawwa‘a khairan fa innallāha syākirun ‘alīm(un).
[158] Saktemene soffa lan marwah iku bagiane teko siare Gusti Alloh. 20 Mongko sopo baen kang ibadah haji neng baitullah utowo umroh, mongko sing ono doso kanggo iyane 21 ngelakone sa’i, antarane kelorone soffa lan marwah. Lan sopo baen hang ngelakoni swiji keapikan lan ikhlase ati, mongko saktemene Gusti Alloh moho nyukuri 22 Keapikan tur moho ngeweruhi.
20) Syiar-syiar Alloh; panggonan-panggonan ibadah nong Gusti Alloh 21) Pengeran ngucapaken kamibi omongan “sing ono duso” sebabgian sehabat ngeroso kabotan ngelakoni sa’I ning kono, kerono panggonane iku pecake panggonane beroholo. Reng zaman jahiliyah ugo pangonan iku dienggo pangonan sa’i. dienggo ngilangaken roso kabotan iku Alloh ngedunaken ayat iki. 22) Alloh nyukuri kawulane; nguwerni ganjaran nong kawulah-kawulahne, nyepuro kesalahane nambahi nikmati lan liya-liyane.

اِنَّ الَّذِيْنَ يَكْتُمُوْنَ مَآ اَنْزَلْنَا مِنَ الْبَيِّنٰتِ وَالْهُدٰى مِنْۢ بَعْدِ مَا بَيَّنّٰهُ لِلنَّاسِ فِى الْكِتٰبِۙ اُولٰۤىِٕكَ يَلْعَنُهُمُ اللّٰهُ وَيَلْعَنُهُمُ اللّٰعِنُوْنَۙ١٥٩
Innal-lażīna yaktumūna mā anzalnā minal-bayyināti wal-hudā mim ba‘di mā bayyannāhu lin-nāsi fil-kitāb(i), ulā'ika yal‘anuhumullāhu wa yal‘anuhumul-lā‘inūn(a).
[159] Saktemene wong-wong kang nyengidakaken paran kang wes Hun dunnaken rupo keterangan-keterangan (hang jelas) lan petunjuk, sakwese Isun nerangaken nong menungso reng njero Al-Kitab, iyane iku dilaknati Gusti Alloh lan dilaknati (ugo) kambi kabeh (makhluk) hang biso ngelaknati.

اِلَّا الَّذِيْنَ تَابُوْا وَاَصْلَحُوْا وَبَيَّنُوْا فَاُولٰۤىِٕكَ اَتُوْبُ عَلَيْهِمْ ۚ وَاَنَا التَّوَّابُ الرَّحِيْمُ١٦٠
Illal-lażīna tābū wa aṣlaḥū wa bayyanū fa'ulā'ika atūbu ‘alaihim, wa anat-tawwābur-raḥīm(u).
[160] Kejobo iyane hang wes tobat lan ngonokaken dipecikno 23 lan nerangno (sakbenere) mongko ing riko iku isun nerimo tobat lan isun hang moho nerimo tobat lan welas asih.
23) Ngadakaken keapikan yoiku ngelakokno pegawean-pegawean hang apik kanggo ngilangaken masalahe hang elek teko kang wes dilakoni

اِنَّ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا وَمَاتُوْا وَهُمْ كُفَّارٌ اُولٰۤىِٕكَ عَلَيْهِمْ لَعْنَةُ اللّٰهِ وَالْمَلٰۤىِٕكَةِ وَالنَّاسِ اَجْمَعِيْنَۙ١٦١
Innal-lażīna kafarū wa mātū wa hum kuffārun ulā'ika ‘alaihim la‘natullāhi wal-malā'ikati wan-nāsi ajma‘īn(a).
[161] Saktemene wong-wong kafir lan riko mati ing kafir, riko iku diweni laknate Alloh, karo malaikat lan menungso sekabehane.

خٰلِدِيْنَ فِيْهَا ۚ لَا يُخَفَّفُ عَنْهُمُ الْعَذَابُ وَلَا هُمْ يُنْظَرُوْنَ١٦٢
Khālidīna fīhā, lā yukhaffafu ‘anhumul-‘ażābu wa lā hum yunẓarūn(a).
[162] Riko saklawase ning jero laknat iku; sing arep dientengno sikso teko riko lan sing (pisan) riko diweni kebal.

وَاِلٰهُكُمْ اِلٰهٌ وَّاحِدٌۚ لَآاِلٰهَ اِلَّا هُوَ الرَّحْمٰنُ الرَّحِيْمُ ࣖ١٦٣
Wa ilāhukum ilāhuw wāḥid(un), lā ilāha illā huwar-raḥmānur-raḥīm(u).
[163] Lan pangerane riko yaiku pangeran hang maha tunggal; sing ono pangeran (hang oleh disembah) kejobo riko, hang moho pemurah Kambi moho welas asih.

اِنَّ فِيْ خَلْقِ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِ وَاخْتِلَافِ الَّيْلِ وَالنَّهَارِ وَالْفُلْكِ الَّتِيْ تَجْرِيْ فِى الْبَحْرِ بِمَا يَنْفَعُ النَّاسَ وَمَآ اَنْزَلَ اللّٰهُ مِنَ السَّمَاۤءِ مِنْ مَّاۤءٍ فَاَحْيَا بِهِ الْاَرْضَ بَعْدَ مَوْتِهَا وَبَثَّ فِيْهَا مِنْ كُلِّ دَاۤبَّةٍ ۖ وَّتَصْرِيْفِ الرِّيٰحِ وَالسَّحَابِ الْمُسَخَّرِ بَيْنَ السَّمَاۤءِ وَالْاَرْضِ لَاٰيٰتٍ لِّقَوْمٍ يَّعْقِلُوْنَ١٦٤
Inna fī khalqis-samāwāti wal-arḍi wakhtilāfil-laili wan-nahāri wal-fulkil-latī tajrī fil-baḥri bimā yanfa‘un-nāsa wa mā anzalallāhu minas-samā'i mim mā'in fa aḥyā bihil-arḍa ba‘da mautihā wa baṡṡa fīhā min kulli dābbah(tin), wa taṣrīfir-riyāḥi was-saḥābil-musakhkhari bainas-samā'i wal-arḍi la'āyātil liqaumiy ya‘qilūn(a).
[164] Saktemene ning jero ciptaane langit lan bumi, owahe bengi lan raino, prahu hang ngelayar ning lautan gowo paren baen hang ono gunane kanggo menungso, lan paren hang Alloh dunaken teko langit koyo banyu, kambi banyu iku Gusti Alloh urepaken bumi sakmarine mati (asate) lan riko sebarno ing bumi sekabehane maceme kewan, lan mutere angin lan awan hang dicekel yoiku langit lan bumi; temen (ono) tondo-tondone (swiji lan keagungane Alloh) kanggo wong hang mikirno.

وَمِنَ النَّاسِ مَنْ يَّتَّخِذُ مِنْ دُوْنِ اللّٰهِ اَنْدَادًا يُّحِبُّوْنَهُمْ كَحُبِّ اللّٰهِ ۗ وَالَّذِيْنَ اٰمَنُوْٓا اَشَدُّ حُبًّا لِّلّٰهِ ۙوَلَوْ يَرَى الَّذِيْنَ ظَلَمُوْٓا اِذْ يَرَوْنَ الْعَذَابَۙ اَنَّ الْقُوَّةَ لِلّٰهِ جَمِيْعًا ۙوَّاَنَّ اللّٰهَ شَدِيْدُ الْعَذَابِ١٦٥
Wa minan-nāsi may yattakhiżu min dūnillāhi andāday yuḥibbūnahum kaḥubbillāh(i), wal-lażīna āmanū asyaddu ḥubbal lillāh(i), wa lau yaral-lażīna ẓalamū iż yaraunal-‘ażāb(a), annal-quwwata lillāhi jamī‘ā(n), wa annallāha syadīdul-‘ażāb(i).
[165] Lan neng antarane manungso ono wongwong hang nyembah sepadanan-sepadanan liyane Alloh. Senenge siro koyo senenge nyang Gusti Alloh. Dene wong-wong hang duwe iman, seru demene nyang Gusti Alloh. Lan kadung iyane weruh wong-wong hang gawe dholim iku 24 weruh pas deleng sekso (neng ono kiamat), saktemene kekuatan iku duwene Gusti Alloh kabeh, lan saktemene Gusti Alloh iku abot siksane (semestine riko podo nyesel)
24) Hang dimaksude wong dholim neng kene yoiku wong-wong hang nyembah liyone Alloh

اِذْ تَبَرَّاَ الَّذِيْنَ اتُّبِعُوْا مِنَ الَّذِيْنَ اتَّبَعُوْا وَرَاَوُا الْعَذَابَ وَتَقَطَّعَتْ بِهِمُ الْاَسْبَابُ١٦٦
Iż tabarra'al-lażīnattubi‘ū minal-lażīnattaba‘ū wa ra'awul-‘ażāba wa taqaṭṭa‘at bihimul-asbāb(u).
[166] (Yoiku) pas wong-wong hang nutute iku melayu dewek teko wong-wong hang ngetutaken, lan riko deleng seksone, lan (pas) dulur kabeh Kambi riko pedot pisan.

وَقَالَ الَّذِيْنَ اتَّبَعُوْا لَوْ اَنَّ لَنَا كَرَّةً فَنَتَبَرَّاَ مِنْهُمْ ۗ كَمَا تَبَرَّءُوْا مِنَّا ۗ كَذٰلِكَ يُرِيْهِمُ اللّٰهُ اَعْمَالَهُمْ حَسَرٰتٍ عَلَيْهِمْ ۗ وَمَا هُمْ بِخٰرِجِيْنَ مِنَ النَّارِ ࣖ١٦٧
Wa qālal-lażīnattaba‘ū lau anna lanā karratan fa natabarra'a minhum, kamā tabarra'ū minnā, każālika yurīhimullāhu a‘mālahum ḥasarātin ‘alaihim, wa mā hum bikhārijīna minan-nār(i).
[167] Lan wong-wong hang ngetutaken ngomong: “seumpomone kene biso balek maning (neng dunyo), pastine kene arep malayu teko riko, koyo riko arep malayu dewek teko kene, mari gedigu Alloh ndelengaken kanggo riko amal kelakuane dadi getune kanggo wong-wong iku; lan sepisan-pisane riko iku hang kiro metu teko geni neroko.

يٰٓاَيُّهَا النَّاسُ كُلُوْا مِمَّا فِى الْاَرْضِ حَلٰلًا طَيِّبًا ۖوَّلَا تَتَّبِعُوْا خُطُوٰتِ الشَّيْطٰنِۗ اِنَّهٗ لَكُمْ عَدُوٌّ مُّبِيْنٌ١٦٨
Yā ayyuhan-nāsu kulū mimmā fil-arḍi ḥalālan ṭayyibā(n), wa lā tattabi‘ū khuṭuwātisy-syaiṭān(i), innahū lakum ‘aduwwum mubīn(un).
[168] He wong-wong kabeh, panganen hang halal Kambi apik teko paren kang ono neng bumi, lan ojo riko milu dalane

اِنَّمَا يَأْمُرُكُمْ بِالسُّوْۤءِ وَالْفَحْشَاۤءِ وَاَنْ تَقُوْلُوْا عَلَى اللّٰهِ مَا لَا تَعْلَمُوْنَ١٦٩
Innamā ya'murukum bis-sū'i wal-faḥsyā'i wa an taqūlū ‘alallāhi mā lā ta‘lamūn(a).
[169] Setuhune setan iku mung ngongkon riko ngelakoni kelakuane hang elek lan keji. Lan ngucapaken nyang Gusti Alloh paran hang riko ngerteni.

وَاِذَا قِيْلَ لَهُمُ اتَّبِعُوْا مَآ اَنْزَلَ اللّٰهُ قَالُوْا بَلْ نَتَّبِعُ مَآ اَلْفَيْنَا عَلَيْهِ اٰبَاۤءَنَا ۗ اَوَلَوْ كَانَ اٰبَاۤؤُهُمْ لَا يَعْقِلُوْنَ شَيْـًٔا وَّلَا يَهْتَدُوْنَ١٧٠
Wa iżā qīla lahumuttabi‘ū mā anzalallāhu qālū bal nattabi‘u mā alfainā ‘alaihi ābā'anā, awalau kāna ābā'uhum lā ya‘qilūna syai'aw wa lā yahtadūn(a).
[170] Lan kadung diomongaken neng wong-wong kabeh: “etutno paran hang wes di edunaken Gusti Alloh “wong-wong iku njawab” (osing)”, kene netep ngetutaken paran hang wes kene ulihi teko (kelakuane) leluhure kene “(opo wong-wong iku arep miloni pisan) masio leluhure iku sing ngerti paranparan lan osing oleh petunjuk.

وَمَثَلُ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا كَمَثَلِ الَّذِيْ يَنْعِقُ بِمَا لَا يَسْمَعُ اِلَّا دُعَاۤءً وَّنِدَاۤءً ۗ صُمٌّ ۢ بُكْمٌ عُمْيٌ فَهُمْ لَا يَعْقِلُوْنَ١٧١
Wa maṡalul-lażīna kafarū kamaṡalil-lażī yan‘iqu bimā lā yasma‘u illā du‘ā'aw wa nidā'ā(n), ṣummum bukmun ‘umyun fahum lā ya‘qilūn(a).
[171] Lan paribasan (wong kang ngajak) wongwong kafir yoiku koyo dene wong angon hang nyeluk kewan kang sing rungu, liyane mung nyeluk lan ngajak baen. 25 Wong kabeh iku sing kerungu, sing biso ngomong, lan sing biso ndeleng, mongko (mergo sebab iku) wong kabeh sing paham.
25) Jero ayate wong kafir dipodokaen kamibi kewan hang sing ngerti artine celukane wong kang ngangon

يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا كُلُوْا مِنْ طَيِّبٰتِ مَا رَزَقْنٰكُمْ وَاشْكُرُوْا لِلّٰهِ اِنْ كُنْتُمْ اِيَّاهُ تَعْبُدُوْنَ١٧٢
Yā ayyuhal-lażīna āmanū kulū min ṭayyibāti mā razaqnākum wasykurū lillāhi in kuntum iyyāhu ta‘budūn(a).
[172] He wong-wong kang nduwe iman, mangano neng antarane rizki kang apik-apik hang kene wenehi nang riko lan kesuwun maring Gusti Alloh. Kadung temenan mung nong Gusti Alloh riko menyembah.

اِنَّمَا حَرَّمَ عَلَيْكُمُ الْمَيْتَةَ وَالدَّمَ وَلَحْمَ الْخِنْزِيْرِ وَمَآ اُهِلَّ بِهٖ لِغَيْرِ اللّٰهِ ۚ فَمَنِ اضْطُرَّ غَيْرَ بَاغٍ وَّلَا عَادٍ فَلَآ اِثْمَ عَلَيْهِ ۗ اِنَّ اللّٰهَ غَفُوْرٌ رَّحِيْمٌ١٧٣
Innamā ḥarrama ‘alaikumul-maitata wad-dama wa laḥmal-khinzīri wa mā uhilla bihī ligairillāh(i), fa maniḍṭurra gaira bāgiw wa lā ‘ādin falā iṡma ‘alaih(i), innallāha gafūrur raḥīm(un).
[173] Saktemene Alloh mung ngaramaken kanggo riko batang getih, daginge babi lan kewan hang (pas dibeleh) nyebut (asmane) liyane Gusti Alloh 26 taping sopo-sopo’o nong jero keadaane kepokso (mangan iku kabeh) taping saktemene sing ngarapakn lan sing (ugo) ngelebihe batasane, mongko sing ono duso kanggone. Saktemene Gusti Alloh iku moho ampun Kambi moho welas asih.
26) Harom pisan piturut ayate daging hang asale teko belehane hang nyebut arane Alloh taping kesebut pisan arane liyone Alloh.

اِنَّ الَّذِيْنَ يَكْتُمُوْنَ مَآ اَنْزَلَ اللّٰهُ مِنَ الْكِتٰبِ وَيَشْتَرُوْنَ بِهٖ ثَمَنًا قَلِيْلًاۙ اُولٰۤىِٕكَ مَا يَأْكُلُوْنَ فِيْ بُطُوْنِهِمْ اِلَّا النَّارَ وَلَا يُكَلِّمُهُمُ اللّٰهُ يَوْمَ الْقِيٰمَةِ وَلَا يُزَكِّيْهِمْ ۚوَلَهُمْ عَذَابٌ اَلِيْمٌ١٧٤
Innal-lażīna yaktumūna mā anzalallāhu minal-kitābi wa yasytarūna bihī ṡamanan qalīlā(n), ulā'ika mā ya'kulūna fī buṭūnihim illan-nāra wa lā yukallimuhumullāhu yaumal-qiyāmati wa lā yuzakkīhim, wa lahum ‘ażābun alīm(un).
[174] Saktemene wong-wong kang nyengidakaken paran kang wes didunnaken Gusti Alloh, yoiku kitab lan ngedolaken Kambi rego kang luwih (murah), siro iku saktemene osing mangan (sing ngeleg) nong njero wetenge sakliyane geni 27 lan Alloh sing arep ngomong 28 kanggo riko nang dino kiamat lan osing arep nyucikaken riko lan nganggo riko sekso kang keliwat perih.
27) Maksude yoiku panganan hang dipangan teko ulihe nyengidakaken ayat-ayate hang dimudunaken Alloh, nyebabaken riko mlebu nang genbi neroko. 28) Maksude: Alloh sing ngomong kanggo riko nganggo welas asih, taping ngomong nganggo omongan-omongan kang osing nyenengaken.

اُولٰۤىِٕكَ الَّذِيْنَ اشْتَرَوُا الضَّلٰلَةَ بِالْهُدٰى وَالْعَذَابَ بِالْمَغْفِرَةِ ۚ فَمَآ اَصْبَرَهُمْ عَلَى النَّارِ١٧٥
Ulā'ikal-lażīnasytarawuḍ-ḍalālata bil-hudā wal-‘ażāba bil-magfirah(ti), famā aṣbarahum ‘alan-nār(i).
[175] Yo wong-wong iku wong-wong kang nuku barang kang sesat nganggo piduduh, lan ngganti sikso kambi pengapuro. yoiku lan sekso nganggo ampunan, mongko kari kendel wong-wong iku nantang geni neroko.

ذٰلِكَ بِاَنَّ اللّٰهَ نَزَّلَ الْكِتٰبَ بِالْحَقِّ ۗ وَاِنَّ الَّذِيْنَ اخْتَلَفُوْا فِى الْكِتٰبِ لَفِيْ شِقَاقٍۢ بَعِيْدٍ ࣖ١٧٦
Żālika bi'annallāha nazzalal-kitāba bil-ḥaqq(i), wa innal-lażīnakhtalafū fil-kitābi lafī syiqāqim ba‘īd(in).
[176] Hang gedigu iku yoiku kerono Alloh mari ngedunaken kitab (Al-Qur’an) iku (gowo) kebeneran, lan saktemene wong-wong hang tukar padu ning (kebeneran) Al-Kitab iku, bener-bener melebu ning tukar padu hang adoh.

۞ لَيْسَ الْبِرَّاَنْ تُوَلُّوْا وُجُوْهَكُمْ قِبَلَ الْمَشْرِقِ وَالْمَغْرِبِ وَلٰكِنَّ الْبِرَّ مَنْ اٰمَنَ بِاللّٰهِ وَالْيَوْمِ الْاٰخِرِ وَالْمَلٰۤىِٕكَةِ وَالْكِتٰبِ وَالنَّبِيّٖنَ ۚ وَاٰتَى الْمَالَ عَلٰى حُبِّهٖ ذَوِى الْقُرْبٰى وَالْيَتٰمٰى وَالْمَسٰكِيْنَ وَابْنَ السَّبِيْلِۙ وَالسَّاۤىِٕلِيْنَ وَفِى الرِّقَابِۚ وَاَقَامَ الصَّلٰوةَ وَاٰتَى الزَّكٰوةَ ۚ وَالْمُوْفُوْنَ بِعَهْدِهِمْ اِذَا عَاهَدُوْا ۚ وَالصّٰبِرِيْنَ فِى الْبَأْسَاۤءِ وَالضَّرَّاۤءِ وَحِيْنَ الْبَأْسِۗ اُولٰۤىِٕكَ الَّذِيْنَ صَدَقُوْا ۗوَاُولٰۤىِٕكَ هُمُ الْمُتَّقُوْنَ١٧٧
Laisal-birra an tuwallū wujūhakum qibalal-masyriqi wal-magribi wa lākinnal-birra man āmana billāhi wal-yaumil ākhiri wal-malā'ikati wal-kitābi wan-nabiyyīn(a), wa ātal-māla ‘alā ḥubbihī żawil-qurbā wal-yatāmā wal-masākīna wabnas-sabīl(i), was-sā'ilīna wa fir-riqāb(i), wa aqāmaṣ-ṣalāta wa ātaz-zakāh(ta), wal mūfūna bi‘ahdihim iżā ‘āhadū, waṣ-ṣābirīna fil-ba'sā'i waḍ-ḍarrā'i wa ḥīnal-ba's(i), ulā'ikal-lażīna ṣadaqū, wa ulā'ika humul-muttaqūn(a).
[177] Duduk hang di arani keapikan iku, ngadepaken raini riko neng arah wetan lan kulon, taping saktemene keapikan iku wong hang iman nang Alloh, nang dino kiamat, malaikat-malaikat, kitab-kitab, lan nabinabi lan nguweni pices hang didemeni ning dulure, lare atim, wong-wong melarat, wong hang menyang (hang butuhaken tetulungan) lan wong hang jalok-jalok: lan(bebasaken) budak, ngadekaken sembahyang lan marikno nguweni zakat, wong-wong hang nepati janjine kudune iyane nepati janjine, lan wong-wong hang sabar nang njerone kesumpekan, kesingsaraan lan nang jero keperangan. Riko iku wong-wong hang bener(imane); lan riko iku wong-wong hang taqwa.

يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا كُتِبَ عَلَيْكُمُ الْقِصَاصُ فِى الْقَتْلٰىۗ اَلْحُرُّ بِالْحُرِّ وَالْعَبْدُ بِالْعَبْدِ وَالْاُنْثٰى بِالْاُنْثٰىۗ فَمَنْ عُفِيَ لَهٗ مِنْ اَخِيْهِ شَيْءٌ فَاتِّبَاعٌ ۢبِالْمَعْرُوْفِ وَاَدَاۤءٌ اِلَيْهِ بِاِحْسَانٍ ۗ ذٰلِكَ تَخْفِيْفٌ مِّنْ رَّبِّكُمْ وَرَحْمَةٌ ۗفَمَنِ اعْتَدٰى بَعْدَ ذٰلِكَ فَلَهٗ عَذَابٌ اَلِيْمٌ١٧٨
Yā ayyuhal-lażīna āmanū kutiba ‘alaikumul-qiṣāṣu fil-qatlā, al-ḥurru bil-ḥurri wal-‘abdu bil-‘abdi wal-unṡā bil-unṡā, faman ‘ufiya lahū min akhīhi syai'un fattibā‘um bil-ma‘rūfi wa adā'un ilaihi bi iḥsān(in), żālika takhfīfum mir rabbikum wa raḥmah(tun), fa mani‘tadā ba‘da żālika fa lahū ‘ażābun alīm(un).
[178] He wong-wong hang iman! Wes diwajibaken kango riko (ngelakoni) qisass (nguweni hukuman hang abot) dienggo kanggo wong hang dipateni. Wong merdeka kambi wong merdeka, wong budak hang bebas kambi wong budak hang bebas, wadon kambi wadon. Taping barange sopo iku hang duwe sepuro kambi dulure, karepe riko ngetutaken hang apik, lan nebus diyat kanggone hang apik (ugo). Hang saktemene iku artine ngawe entenge lan hidayahe teko Gusti Alloh. Sopo hang ngelewati watese marine iku, mongko iyane arep diweni adzab hang perih. 29
29) Qishaash yoiku juwut balesan hang podo. Qishaash iku sing dilakoni, kadung hang mateni entuk sepuro teko ahli waris kang dipateni yoiku nganggo bayar diat (dendo) hang pantes. Bayarono dendo dijaluk dienggo apik, masio nganggo sing mokso kang mateni, lan hang mateni kudu gancang bayaro hang apik, masio sing nangguh-nangguhaken. Masio ahli waris kang dipateni sakmarine pengeran njelasaken hukum-hukume, mateni hang sing mateni, utowo mateni hang dipateni sakmarine nerimo dendo, mongko nganggone nang dunyo dijuwut qishaash lan nang akhirat iyane entuk sekso hang perih.

وَلَكُمْ فِى الْقِصَاصِ حَيٰوةٌ يّٰٓاُولِى الْاَلْبَابِ لَعَلَّكُمْ تَتَّقُوْنَ١٧٩
Wa lakum fil-qiṣāṣi ḥayātuy yā ulil-albābi la‘allakum tattaqūn(a).
[179] Lan ono ning njero qishaash iku ono (wes ditanggung kelangsungane) urip kanggo riko, he wong-wong hang duwe pikiran, supoyo riko taqwa.

كُتِبَ عَلَيْكُمْ اِذَا حَضَرَ اَحَدَكُمُ الْمَوْتُ اِنْ تَرَكَ خَيْرًا ۖ ۨالْوَصِيَّةُ لِلْوَالِدَيْنِ وَالْاَقْرَبِيْنَ بِالْمَعْرُوْفِۚ حَقًّا عَلَى الْمُتَّقِيْنَ ۗ١٨٠
Kutiba ‘alaikum iżā ḥaḍara aḥadakumul-mautu in taraka kahirā(n), al-waṣiyyatu lil-wālidaini wal-aqrabīna bil-ma‘rūf(i), ḥaqqan ‘alal-muttaqīn(a).
[180] Diwajibaken kanggo riko, nawi ono wong nang sekelilinge riko ketekan (tondo-tondo) arep mati, kadung iyane ninggalaken pices hang akeh, wasiate dienggo emak, apak lan dulur-dulure kang makruf 30 (iki onone) wajibe kanggo wong-wong hang bertaqwa.
30) Makruf yoiku adil lan apik. Wasiat iku sing ngelebihi sepertelu teko kabeh dunyo uwonge hang arep mati iku. Ayat iki dinasakhkan nganggo ayat mawaris.

فَمَنْۢ بَدَّلَهٗ بَعْدَمَا سَمِعَهٗ فَاِنَّمَآ اِثْمُهٗ عَلَى الَّذِيْنَ يُبَدِّلُوْنَهٗ ۗ اِنَّ اللّٰهَ سَمِيْعٌ عَلِيْمٌ ۗ١٨١
Famam baddalahū ba‘da mā sami‘ahū fa innamā iṡmuhū ‘alal-lażīna yubaddilūnah(ū), innallāha samī‘un ‘alīm(un).
[181] Sopo sopo bawen kang ngerubah wasiat iku, sakmarine ngerungokaken, mongko saktemene dusone iku kanggo wong-wong hang mari ngerubah. Setuhune Alloh Moho ngerungokno lan maha weruh.

فَمَنْ خَافَ مِنْ مُّوْصٍ جَنَفًا اَوْ اِثْمًا فَاَصْلَحَ بَيْنَهُمْ فَلَآ اِثْمَ عَلَيْهِ ۗ اِنَّ اللّٰهَ غَفُوْرٌ رَّحِيْمٌ ࣖ١٨٢
Faman khāfa mim mūṣin janafan au iṡman fa aṣlaḥa bainahum falā iṡma ‘alaih(i), innallāha gafūrur raḥīm(un).
[182] Taping sopo-sopo baen hang kuatir nang wong hang nguweneni wasiate iku, abot seleseh, terus ngerukunaken antarane wong-wong iku, mongko yane heng duso bengen riko ngerukunno 31 setuhune Gusti Alloh moho pengapuro lan moho welas asih.
31) Damaiaken yoiku ngongkon uwonge kang wasiate ngelakoni adil jerone nang wasiate kamibi batas-batase hang nentokno syara.

يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا كُتِبَ عَلَيْكُمُ الصِّيَامُ كَمَا كُتِبَ عَلَى الَّذِيْنَ مِنْ قَبْلِكُمْ لَعَلَّكُمْ تَتَّقُوْنَۙ١٨٣
Yā ayyuhal-lażīna āmanū kutiba ‘alaikumuṣ-ṣiyāmu kamā kutiba ‘alal-lażīna min qablikum la‘allakum tattaqūn(a).
[183] Hei wong-wong hang iman, diwajibaken kanggo riko kabeh poso, koyodene hang wes diwajibaken kanggo wong-wong sedurunge riko supoyo riko taqwa.

اَيَّامًا مَّعْدُوْدٰتٍۗ فَمَنْ كَانَ مِنْكُمْ مَّرِيْضًا اَوْ عَلٰى سَفَرٍ فَعِدَّةٌ مِّنْ اَيَّامٍ اُخَرَ ۗوَعَلَى الَّذِيْنَ يُطِيْقُوْنَهٗ فِدْيَةٌ طَعَامُ مِسْكِيْنٍۗ فَمَنْ تَطَوَّعَ خَيْرًا فَهُوَ خَيْرٌ لَّهٗ ۗوَاَنْ تَصُوْمُوْا خَيْرٌ لَّكُمْ اِنْ كُنْتُمْ تَعْلَمُوْنَ١٨٤
Ayyāmam ma‘dūdāt(in), faman kāna minkum marīḍan au ‘alā safarin fa ‘iddatum min ayyāmin ukhar(a), wa ‘alal-lażīna yuṭīqūnahū fidyatun ṭa‘āmu miskīn(in), faman taṭawwa‘a khairan fahuwa khairul lah(ū), wa an taṣūmū khairul lakum in kuntum ta‘lamūn(a).
[184] (yoiku) kanggo dino-dino hang pasti, mongko sopo baen kang ono ning sekeliling riko loro, utowo lungo adoh (dienggo buko poso), mongko (diwajibaken poso), seakehe dino hang ditinggalaken ning dino-dino liyane. Lan wajib kanggo wong kang abot ngelakoni (kadung sing biso poso) mbayar fidyah (yoiku) nguweni mangan wong melarat. Sopo baen hang lilo ngelakoni keapikan, 32 mongko iku kang luwih apik, lan poso luwih apik kanggo riko sopoyo weruh.
32) Maksude: nguweni mangan akeh teko uwonge melarat kanggo sedino.

شَهْرُ رَمَضَانَ الَّذِيْٓ اُنْزِلَ فِيْهِ الْقُرْاٰنُ هُدًى لِّلنَّاسِ وَبَيِّنٰتٍ مِّنَ الْهُدٰى وَالْفُرْقَانِۚ فَمَنْ شَهِدَ مِنْكُمُ الشَّهْرَ فَلْيَصُمْهُ ۗوَمَنْ كَانَ مَرِيْضًا اَوْ عَلٰى سَفَرٍ فَعِدَّةٌ مِّنْ اَيَّامٍ اُخَرَ ۗيُرِيْدُ اللّٰهُ بِكُمُ الْيُسْرَ وَلَا يُرِيْدُ بِكُمُ الْعُسْرَ ۖوَلِتُكْمِلُوا الْعِدَّةَ وَلِتُكَبِّرُوا اللّٰهَ عَلٰى مَا هَدٰىكُمْ وَلَعَلَّكُمْ تَشْكُرُوْنَ١٨٥
Syahru ramaḍānal-lażī unzila fīhil-qur'ānu hudal lin-nāsi wa bayyinātim minal-hudā wal-furqān(i), faman syahida minkumusy-syahra falyaṣumh(u) wa man kāna marīḍan au ‘alā safarin fa ‘iddatum min ayyāmin ukhar(a), yurīdullāhu bikumul-yusra wa lā yurīdu bikumul-‘usr(a), wa litukmilul-‘iddata wa litukabbirullāha ‘alā mā hadākum wa la‘allakum tasykurūn(a).
[185] (Pirang-pirang dino hang ditentukaken yoiku) neng ulan romadhon, ulan hang ning jeru dimudunaken (awalane) AlQur’an dienggo arahan kanggo menungso lan pengertene-pengertene kang kaitane arahane iku lan pembedo (antarane kang nang antarane riko teko (nong negoro riko tinggal) nang ulan iku, mongko poso riko nong ulan iku, lan sopo baen hang loro utowo hang menyang (iyone digawe buko poso), mongko (diwajibaken ngelakoni poso), seakehe dino hang ditinggalaken iku, ning dino-dino liyane. Alloh ngarepaken keentengane kanggo riko, lan osing ngarepaken soro kanggo riko lan keapikan riko nyempurnakaken itungane lan keapikane riko ngagungaken Gusti Alloh teko arahane kang diwenehi nang riko kabeh. Mekne riko ngucap syukur.

وَاِذَا سَاَلَكَ عِبَادِيْ عَنِّيْ فَاِنِّيْ قَرِيْبٌ ۗ اُجِيْبُ دَعْوَةَ الدَّاعِ اِذَا دَعَانِۙ فَلْيَسْتَجِيْبُوْا لِيْ وَلْيُؤْمِنُوْا بِيْ لَعَلَّهُمْ يَرْشُدُوْنَ١٨٦
Wa iżā sa'alaka ‘ibādī ‘annī fa innī qarīb(un), ujību da‘watad-dā‘i iżā da‘ān(i), falyastajībū lī walyu'minū bī la‘allahum yarsyudūn(a).
[186] Lan saumpomo hamba-hamba isun takon nang riko perkoro isun, Mongko (jawaben) kadung isun iku parek. Isun ngabulaken paran hang di jalok wong hang dungo kadung wong iku dungo ning Isun (Alloh), mongko nekanono karepe Isun Gusti Alloh (kabeh perintahe) lan imano riko ning Isun (Alloh) supoyo riko kabeh neng dalan hang bener.

اُحِلَّ لَكُمْ لَيْلَةَ الصِّيَامِ الرَّفَثُ اِلٰى نِسَاۤىِٕكُمْ ۗ هُنَّ لِبَاسٌ لَّكُمْ وَاَنْتُمْ لِبَاسٌ لَّهُنَّ ۗ عَلِمَ اللّٰهُ اَنَّكُمْ كُنْتُمْ تَخْتَانُوْنَ اَنْفُسَكُمْ فَتَابَ عَلَيْكُمْ وَعَفَا عَنْكُمْ ۚ فَالْـٰٔنَ بَاشِرُوْهُنَّ وَابْتَغُوْا مَا كَتَبَ اللّٰهُ لَكُمْ ۗ وَكُلُوْا وَاشْرَبُوْا حَتّٰى يَتَبَيَّنَ لَكُمُ الْخَيْطُ الْاَبْيَضُ مِنَ الْخَيْطِ الْاَسْوَدِ مِنَ الْفَجْرِۖ ثُمَّ اَتِمُّوا الصِّيَامَ اِلَى الَّيْلِۚ وَلَا تُبَاشِرُوْهُنَّ وَاَنْتُمْ عٰكِفُوْنَۙ فِى الْمَسٰجِدِ ۗ تِلْكَ حُدُوْدُ اللّٰهِ فَلَا تَقْرَبُوْهَاۗ كَذٰلِكَ يُبَيِّنُ اللّٰهُ اٰيٰتِهٖ لِلنَّاسِ لَعَلَّهُمْ يَتَّقُوْنَ١٨٧
Uḥilla lakum lailataṣ-ṣiyāmir-rafaṡu ilā nisā'ikum, hunna libāsul lakum wa antum libāsul lahunn(a), ‘alimallāhu annakum kuntum takhtānūna anfusakum fatāba ‘alaikum wa ‘afā ‘ankum, fal-āna bāsyirūhunna wabtagū mā kataballāhu lakum, wa kulū wasyrabū ḥattā yatabayyana lakumul-khaiṭul-abyaḍu minal-khaiṭil-aswadi minal-fajr(i), ṡumma atimmuṣ-ṣiyāma ilal-lail(i), wa lā tubāsyirūhunna wa antum ‘ākifūna fil-masājid(i) tilka ḥudūdullāhi falā taqrabūhā, każālika yubayyinullāhu āyātihī lin-nāsi la‘allahum yattaqūn(a).
[187] Dihalalaken kanggo riko ning wengine poso, kumpul dadi siji, kambi wong wadon riko; wong wadon riko iku koyo dene kelambine riko, lan riko ugo klambine wong wadon riko. Alloh ngerti kadung riko sing biso nahan nafsune, kerono iku Alloh nyepuroni riko lan nguweni sepuro nong riko. Mongko saiki kumpulono wong wadon riko lan golekono paran kang wes ditetepaken Alloh kanggo riko, lan mangan ngombeho sampek padang kanggo riko bolak putih teko bolak cemeng yoiku pajar. Sakliyane iku nyempurnokeno poso iku sampek (teko) bengi, (taping) ojo’o riko ngumpul dadi siji kambi rabine riko iku, wayehe dienggo iktikaf 33 nang jero masjid. Yoiku kang sing diulihi Alloh, mongko ojo’o riko parek-parek. Semono ugo Alloh nerangno ayat-ayate kanggo menungso, supoyo riko taqwa.
33) Iktikaf yoiku ono nang jerone masjid nganggo niat marekno dewek kanggone Alloh

وَلَا تَأْكُلُوْٓا اَمْوَالَكُمْ بَيْنَكُمْ بِالْبَاطِلِ وَتُدْلُوْا بِهَآ اِلَى الْحُكَّامِ لِتَأْكُلُوْا فَرِيْقًا مِّنْ اَمْوَالِ النَّاسِ بِالْاِثْمِ وَاَنْتُمْ تَعْلَمُوْنَ ࣖ١٨٨
Wa lā ta'kulū amwālakum bainakum bil-bāṭili wa tudlū bihā ilal-ḥukkāmi lita'kulū farīqam min amwālin-nāsi bil-iṡmi wa antum ta‘lamūn(a).
[188] Lan ojo podo mangan dunyone anatarane riko kambi coro hang elek, lan (ojo) riko nggowo (urusan) dunyo iku neng hakim (nyuap), myakne riko biso mangan saparo bondo dunyo wong liyo iku Kambi dalan duso, padahal riko weruh.

۞ يَسْـَٔلُوْنَكَ عَنِ الْاَهِلَّةِ ۗ قُلْ هِيَ مَوَاقِيْتُ لِلنَّاسِ وَالْحَجِّ ۗ وَلَيْسَ الْبِرُّ بِاَنْ تَأْتُوا الْبُيُوْتَ مِنْ ظُهُوْرِهَا وَلٰكِنَّ الْبِرَّ مَنِ اتَّقٰىۚ وَأْتُوا الْبُيُوْتَ مِنْ اَبْوَابِهَا ۖ وَاتَّقُوا اللّٰهَ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ١٨٩
Yas'alūnaka ‘anil-ahillah(ti), qul hiya mawāqītu lin-nāsi wal-ḥajj(i), wa laisal-birru bi'an ta'tul-buyūta min ẓuhūrihā wa lākinnal-birra manittaqā, wa'tul-buyūta min abwābihā, wattaqullāha la‘allakum tufliḥūn(a).
[189] Siro kabeh takon neng riko tentang ulan sabit. Ngomongo; “Ulan sabit iku tengere waktu kanggo menungso lan kanggo munggah aji. Lan duduk termasuk keapikan, mlebu umah-umah teko mburine, 34 Taping hang termasuk keapikan yoiku keapikan wong hang taqwa. Lan mlebu neng umahumah iku teko lawang-lawange. Lan taqwa o neng Alloh nyakne riko untung.
34) Nang jaman jahiliah, uwong-uwong hang ihrom nang wektu haji, riko mlebu omah teko mburi dudu teko ngarep. Perkoro iki ditakokaken pisan kamibi sahabat kanggo Rosululloh s.a.w., mongko dimudunaken ayat iki.

وَقَاتِلُوْا فِيْ سَبِيْلِ اللّٰهِ الَّذِيْنَ يُقَاتِلُوْنَكُمْ وَلَا تَعْتَدُوْا ۗ اِنَّ اللّٰهَ لَا يُحِبُّ الْمُعْتَدِيْنَ١٩٠
Wa qātilū fī sabīlillāhil-lażīna yuqātilūnakum wa lā ta‘tadū, innallāha lā yuḥibbul-mu‘tadīn(a).
[190] Lan perangono neng dalan Alloh wongwong hang merangin siro, taping ojo siro ngelebihi wates, kerono saktemene Alloh heng demen wong-wong hang ngelebihi wates.

وَاقْتُلُوْهُمْ حَيْثُ ثَقِفْتُمُوْهُمْ وَاَخْرِجُوْهُمْ مِّنْ حَيْثُ اَخْرَجُوْكُمْ وَالْفِتْنَةُ اَشَدُّ مِنَ الْقَتْلِ ۚ وَلَا تُقٰتِلُوْهُمْ عِنْدَ الْمَسْجِدِ الْحَرَامِ حَتّٰى يُقٰتِلُوْكُمْ فِيْهِۚ فَاِنْ قٰتَلُوْكُمْ فَاقْتُلُوْهُمْۗ كَذٰلِكَ جَزَاۤءُ الْكٰفِرِيْنَ١٩١
Waqtulūhum ḥaiṡu ṡaqiftumūhum wa akhrijūhum min ḥaiṡu akhrajūkum wal-fitnatu asyaddu minal-qatl(i), wa lā tuqātilūhum ‘indal-masjidil-ḥarāmi ḥattā yuqātilūkum fīh(i), fa'in qātalūkum faqtulūhum, każālika jazā'ul-kāfirīn(a).
[191] Lan patenono wong-wong kabeh neng endi baen riko nemoni wong-wong kabeh. Lan usiren wong-wong iku teko panggonane hang wes tau, wong-wong iku ngusir riko (Mekkah) lan mitnah 35 iku kang lebih gedi blahine teko mateni, lan ojo riko merangi neng masjidil haram, kejaba wong-wong iku merangi riko. Mongko kadung wong-wong iku merangi riko neng panggonane iku, mongko perangono wong-wong iku. Hang gegigu iku wes balasan kanggo wong-wong kafir.
35) Fitnah (nimbulaken keruwedan) koyo ngusir konco teko kampong panggonane, ngrampas dunyone riko lan ngelarani utowo nganggu kebebasan riko meluk agama.

فَاِنِ انْتَهَوْا فَاِنَّ اللّٰهَ غَفُوْرٌ رَّحِيْمٌ١٩٢
Fa'inintahau fa'innallāha gafūrur raḥīm(un).
[192] Mongko sakmarine wong-wong iku mandeg (teko merangi riko), saktemene Alloh moho pengapuro lan moho welas asih.

وَقٰتِلُوْهُمْ حَتّٰى لَا تَكُوْنَ فِتْنَةٌ وَّيَكُوْنَ الدِّيْنُ لِلّٰهِ ۗ فَاِنِ انْتَهَوْا فَلَا عُدْوَانَ اِلَّا عَلَى الظّٰلِمِيْنَ١٩٣
Wa qātilūhum ḥattā lā takūna fitnatuw wa yakūnad-dīnu lillāh(i), fa inintahau falā ‘udwāna illā ‘alaẓ-ẓālimīn(a).
[193] Lan perangono wong-wong iku, sampek sing ono fitnah maneng lan taat iku kanggo Alloh. Menowo wong-wong hang mandek (ngemusuhi riko), mongko sing ono duwe musuh (maneng), kejobo wong hang anioyo.

اَلشَّهْرُ الْحَرَامُ بِالشَّهْرِ الْحَرَامِ وَالْحُرُمٰتُ قِصَاصٌۗ فَمَنِ اعْتَدٰى عَلَيْكُمْ فَاعْتَدُوْا عَلَيْهِ بِمِثْلِ مَا اعْتَدٰى عَلَيْكُمْ ۖ وَاتَّقُوا اللّٰهَ وَاعْلَمُوْٓا اَنَّ اللّٰهَ مَعَ الْمُتَّقِيْنَ١٩٤
Asy-syahrul-ḥarāmu bisy-syahril-ḥarāmi wal-ḥurumātu qiṣāṣ(un), famani‘tadā ‘alaikum fa‘tadū ‘alaihi bimiṡli ma‘tadā ‘alaikum, wattaqullāha wa‘lamū annallāha ma‘al-muttaqīn(a).
[194] Ulan haram Kambi ulan harom, 36 lan podo saktemene hang pantes dihormati, 37 kanggo hukum qishaash, kerono iku, sopo baen wong kang nyerang riko, mongko serangen iyane, wes podo kambi serangane nang riko. Taqwao riko kabeh neng Alloh lan weruhno, Alloh iku demen wong-wong kang ngealoni apik.
36) Kadung umat Islam keserang ning ulan harom, hang sebenere ning ulan iku sing oleh perang mongko diulihaken mbales serangan iku ning ulan iki pisan. 37) Maksude antarane yoiku: ulan harom (ulan zulkaidah, zulhijjah, muharrom lan rajab) lemah harom(Mekkah) lan ihrom.

وَاَنْفِقُوْا فِيْ سَبِيْلِ اللّٰهِ وَلَا تُلْقُوْا بِاَيْدِيْكُمْ اِلَى التَّهْلُكَةِ ۛ وَاَحْسِنُوْا ۛ اِنَّ اللّٰهَ يُحِبُّ الْمُحْسِنِيْنَ١٩٥
Wa anfiqū fī sabīlillāhi wa lā tulqū bi'aidīkum ilat-tahlukah(ti), wa aḥsinū, innallāha yuḥibbul-muḥsinīn(a).
[195] Lan blonjokeno (donyone riko) neng dalan Alloh, lan ojo riko nyebakaken awak riko dewek ing jero keoloan, lan lakokeno apik, kerono saktemene Alloh demen wong-wong kang kelakune apik.

وَاَتِمُّوا الْحَجَّ وَالْعُمْرَةَ لِلّٰهِ ۗ فَاِنْ اُحْصِرْتُمْ فَمَا اسْتَيْسَرَ مِنَ الْهَدْيِۚ وَلَا تَحْلِقُوْا رُءُوْسَكُمْ حَتّٰى يَبْلُغَ الْهَدْيُ مَحِلَّهٗ ۗ فَمَنْ كَانَ مِنْكُمْ مَّرِيْضًا اَوْ بِهٖٓ اَذًى مِّنْ رَّأْسِهٖ فَفِدْيَةٌ مِّنْ صِيَامٍ اَوْ صَدَقَةٍ اَوْ نُسُكٍ ۚ فَاِذَآ اَمِنْتُمْ ۗ فَمَنْ تَمَتَّعَ بِالْعُمْرَةِ اِلَى الْحَجِّ فَمَا اسْتَيْسَرَ مِنَ الْهَدْيِۚ فَمَنْ لَّمْ يَجِدْ فَصِيَامُ ثَلٰثَةِ اَيَّامٍ فِى الْحَجِّ وَسَبْعَةٍ اِذَا رَجَعْتُمْ ۗ تِلْكَ عَشَرَةٌ كَامِلَةٌ ۗذٰلِكَ لِمَنْ لَّمْ يَكُنْ اَهْلُهٗ حَاضِرِى الْمَسْجِدِ الْحَرَامِ ۗ وَاتَّقُوا اللّٰهَ وَاعْلَمُوْٓا اَنَّ اللّٰهَ شَدِيْدُ الْعِقَابِ ࣖ١٩٦
Wa atimmul-ḥajja wal-‘umrata lillāh(i), fa'in uḥṣirtum famastaisara minal-hady(i), wa lā taḥliqū ru'ūsakum ḥattā yablugal-hadyu maḥillah(ū), faman kāna minkum marīḍan au bihī ażam mir ra'sihī fafidyatum min ṣiyāmin au ṣadaqatin au nusuk(in), fa'iżā amintum, faman tamatta‘a bil-‘umrati ilal-ḥajji famastaisara minal-hady(i), famal lam yajid faṣiyāmu ṡalāṡati ayyāmin fil-ḥajji wa sab‘atin iżā raja‘tum, tilka ‘asyaratun kāmilah(tun), żālika limal lam yakun ahluhū ḥāḍiril-masjidil-ḥarām(i), wattaqullāha wa‘lamū annallāha syadīdul-‘iqāb(i).
[196] Lan sempurnokeno ibadah haji lan umroh, kerono Alloh. Menowo riko kecandak (dihadang musuh utowo kerono loro/ warang), mongko (mbeleho) korban 38 hang gampang digoleki, lan ojo riko nyukur sirah riko, 39 sakdurunge korban teko neng panggonan mbelehe. Menowo ono antarane riko kang warang utowo ono lorone neng sirahi (terus iyane cukur), mongko wajib kanggo riko ngetokaken fidyah, yoiku poso utowo sedekah utowo korban. Kadung riko wes (ngeroso) aman, mongko sopo baen hang kepenging ngelakoni umroh sedurunge haji (ning ulan haji), (wajib mbeleh kanggo riko) korban hang enteng digoleki. Kadung riko osing nemukaken (kewan korban utowo sing mampu), mongko wajib poso 3 dino ning ulan haji lan pitu dino (maning) munggone siro mari moleh teko maning. Kanggo sepuloh (dino) kang sempuno. Mari iku (kwajibane mbayar fidyah) kanggo wong-wong hang kluargane heng ono (neng sekitare) masjidil haram (wong-wong hang osing wargane koto Mekkah). Lan taqwao neng Alloh lan weruo sakjane Alloh nguweni nemen siksone.
38) Hang dimaksud kamibi korban yoiku mbeleh kewan korban kanggo gantine pegawean wajib haji hang dininggalaken; utowo kanggo dendo kerono ngelanggar barang-barang kang kelarang pegawene neng jerone ibadah haji. 39) Nyukur sirahe yoiku salah sijine pegawean wajib jerone haji, dienggo tondone mari ihrom.

اَلْحَجُّ اَشْهُرٌ مَّعْلُوْمٰتٌ ۚ فَمَنْ فَرَضَ فِيْهِنَّ الْحَجَّ فَلَا رَفَثَ وَلَا فُسُوْقَ وَلَا جِدَالَ فِى الْحَجِّ ۗ وَمَا تَفْعَلُوْا مِنْ خَيْرٍ يَّعْلَمْهُ اللّٰهُ ۗ وَتَزَوَّدُوْا فَاِنَّ خَيْرَ الزَّادِ التَّقْوٰىۖ وَاتَّقُوْنِ يٰٓاُولِى الْاَلْبَابِ١٩٧
Al-ḥajju asyhurum ma‘lūmāt(un), faman faraḍa fīhinnal-ḥajja falā rafaṡa wa lā fusūqa wa lā jidāla fil-ḥajj(i), wa mā taf‘alū min khairiy ya‘lamhullāh(u), wa tazawwadū fa'inna khairaz-zādit-taqwā, wattaqūni yā ulil-albāb(i).
[197] (Wayahe musim) haji yoiku piro-piro ulan hang dimaklumi 40 sopo-sopo hang netepaken niate ning ulan iku arep ngelakoni haji, mongko sing ono rafats, 41 nglakoni fasik lan nalar-nalaran neng jero waktu ngelakoni haji. Lan paran hang riko ngelakoni koyo keapikan. Mugo-mugo Alloh weruh. Bekalo lan sakjane seapik-apike bekal yoiku taqwa lan taqwao neng Isun he wong-wong hang duwe akal.
40) Yoiku ulan syawal, zulkaidah lan zulhijjah 41) “Rafats” artine ngetoknio omongan hang dadikaken berahi hang sing senonoh utawa seawak.

لَيْسَ عَلَيْكُمْ جُنَاحٌ اَنْ تَبْتَغُوْا فَضْلًا مِّنْ رَّبِّكُمْ ۗ فَاِذَآ اَفَضْتُمْ مِّنْ عَرَفٰتٍ فَاذْكُرُوا اللّٰهَ عِنْدَ الْمَشْعَرِ الْحَرَامِ ۖ وَاذْكُرُوْهُ كَمَا هَدٰىكُمْ ۚ وَاِنْ كُنْتُمْ مِّنْ قَبْلِهٖ لَمِنَ الضَّاۤلِّيْنَ١٩٨
Laisa ‘alaikum junāḥun an tabtagū faḍlam mir rabbikum, fa'iżā afaḍtum min ‘arafātin fażkurullāha ‘indal-masy‘aril-ḥarām(i), ważkurūhu kamā hadākum, wa in kuntum min qablihī laminaḍ-ḍāllīn(a).
[198] Heng ono duso kanggo riko dienggo golek karuniane (riski teko adol) teko Gusti Alloh. Mongko munggone riko heng gelem teko arofat, dzikiro neng Alloh ring Masyariharam 42 lan dzikiro (nyebuto) Alloh koyoo hang diduduhaken teko riko. Lan sakjane riko sedurunge iku mulo-mul mlebu wong-wong hang sesat.
42) Maksud bekal taqwa neng kene yoiku bekal hang cukup nawai oleh ngerawat dewek teko kelakuane olo utowo jalok-jalok sampek jerone dalane haji.

ثُمَّ اَفِيْضُوْا مِنْ حَيْثُ اَفَاضَ النَّاسُ وَاسْتَغْفِرُوا اللّٰهَ ۗ اِنَّ اللّٰهَ غَفُوْرٌ رَّحِيْمٌ١٩٩
Ṡumma afīḍū min ḥaiṡu afāḍan-nāsu wastagfirullāh(a), innallāha gafūrur raḥīm(un).
[199] Mariku mlakuo riko teko penggonan mlakune wong-wong akeh (arafah) lan jalok o sepuro neng Alloh saktemene Alloh moho ngapuro Kambi welas asih.

فَاِذَا قَضَيْتُمْ مَّنَاسِكَكُمْ فَاذْكُرُوا اللّٰهَ كَذِكْرِكُمْ اٰبَاۤءَكُمْ اَوْ اَشَدَّ ذِكْرًا ۗ فَمِنَ النَّاسِ مَنْ يَّقُوْلُ رَبَّنَآ اٰتِنَا فِى الدُّنْيَا وَمَا لَهٗ فِى الْاٰخِرَةِ مِنْ خَلَاقٍ٢٠٠
Fa iżā qaḍaitum manāsikakum fażkurullāha każikrikum ābā'akum au asyadda żikrā(n), faminan-nāsi may yaqūlu rabbanā ātinā fid-dun-yā wa mā lahū fil-ākhirati min khalāq(in).
[200] Munggone riko wes marikeno ibadah hajine, mongko ilingo nang (nyebuto) Alloh, koyoo riko nyebut-nyebut (mengangung-agungaken) poro leluhure biyen 43 utowo berzikiro hang akeh, mongko diantarane menungso ono wong hang dungo; ya Gusti Alloh, weneo isun (keapikan) ning dunyo” lan ilangeno kesenengane (hang didemeni) neng akhirat.
43) Yoiku bukit quzah neng muzdalifah.

وَمِنْهُمْ مَّنْ يَّقُوْلُ رَبَّنَآ اٰتِنَا فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَّفِى الْاٰخِرَةِ حَسَنَةً وَّقِنَا عَذَابَ النَّارِ٢٠١
Wa minhum may yaqūlu rabbanā ātinā fid-dun-yā ḥasanataw wa fil-ākhirati ḥasanataw wa qinā ‘ażāban-nār(i).
[201] Lan ono separone manungso ngelakoni dungo duh pangeran isun, weninono keapikan ning dunyo lan keapikan ning akhirat lan rawaten baen kami teko seksone neroko. 44
44) Yoiku dadi kebiasane wong-wong arab jahilliyah marine nunaikan haji sakmarine bongo-bonggaken ngeneani kebesarane kakek buyute iku. Sakmarine ayat ini dimuduno mongko digedi-gedeaken kakek buyute iku digantai kamibi wong muslim.

اُولٰۤىِٕكَ لَهُمْ نَصِيْبٌ مِّمَّا كَسَبُوْا ۗ وَاللّٰهُ سَرِيْعُ الْحِسَابِ٢٠٢
Ulā'ika lahum naṣībum mimmā kasabū, wallāhu sarī‘ul-ḥisāb(i).
[202] Wong-wong ikulah hang oleh bagian teko paran baen kang dilakoni (diusahaken); lan Alloh nyepetaken temenan itungane.

۞ وَاذْكُرُوا اللّٰهَ فِيْٓ اَيَّامٍ مَّعْدُوْدٰتٍ ۗ فَمَنْ تَعَجَّلَ فِيْ يَوْمَيْنِ فَلَآ اِثْمَ عَلَيْهِ ۚوَمَنْ تَاَخَّرَ فَلَآ اِثْمَ عَلَيْهِۙ لِمَنِ اتَّقٰىۗ وَاتَّقُوا اللّٰهَ وَاعْلَمُوْٓا اَنَّكُمْ اِلَيْهِ تُحْشَرُوْنَ٢٠٣
Ważkurullāha fī ayyāmim ma‘dūdāt(in), faman ta‘ajjala fī yaumaini falā iṡma ‘alaih(i), wa man ta'akhkhara falā iṡma ‘alaihi limanittaqā, wattaqullāha wa‘lamū annakum ilaihi tuḥsyarūn(a).
[203] Lan dzikiro (kambi nyebut) Alloh ning jero dino-dino kang keitung. 45 Sopo hang kepingen cepet-cepet mlaku (teko mina) sakmarine rong dino, mongko sing ono duso kanggone wong iku. Lan sopo kang kepingen ngundur (mlakune teko rong dino iku). Mongko sing onmo duso (kanggo wong iku) kanggone wong kang podo wedi nang Alloh. Lan wediyo riko kabeh nang Alloh. Lan ngertenono riko kabeh, saktemene Alloh besuk ngumpulaken riko kabeh.
45) Sak apik apike wong haji, ninggalaken Mina ning waktu ashar dino terakhir dino tasyriq, wong-wong iku ugo oleh ninggalaken mina ning ashar dino kaping lara.

وَمِنَ النَّاسِ مَنْ يُّعْجِبُكَ قَوْلُهٗ فِى الْحَيٰوةِ الدُّنْيَا وَيُشْهِدُ اللّٰهَ عَلٰى مَا فِيْ قَلْبِهٖ ۙ وَهُوَ اَلَدُّ الْخِصَامِ٢٠٤
Wa minan-nāsi may yu‘jibuka qauluhū fil-ḥayātid-dun-yā wa yusyhidullāha ‘alā mā fī qalbih(ī), wa huwa aladdul-khiṣām(i).
[204] Separone manungso ono wong hang ngomongaken uripe dunyo hang ngepingini atine riko, lan disaksekeno nang Alloh (kanggone keapikane) jero atine, saktemene iyane iku nentang hang atos dewek.

وَاِذَا تَوَلّٰى سَعٰى فِى الْاَرْضِ لِيُفْسِدَ فِيْهَا وَيُهْلِكَ الْحَرْثَ وَالنَّسْلَ ۗ وَ اللّٰهُ لَا يُحِبُّ الْفَسَادَ٢٠٥
Wa iżā tawallā sa‘ā fil-arḍi liyufsida fīhā wa yuhlikal-ḥarṡa wan-nasl(a), wallāhu lā yuḥibbul-fasād(a).
[205] Lan kadung iyane ngeliyo (teko riko), iyane mlaku ning bumi kanggo nganakaken kerusakan nang iyane, lan ngerusak tandur-tanduran lan kewan angonan, lan Alloh sing demen keboborakan. 46
46) Ungkapan iki yoiku podone wong-wong hang rekodoyo nggoncangaken imane wong-wong kang iman lan terus terusan gawe ruwed

وَاِذَا قِيْلَ لَهُ اتَّقِ اللّٰهَ اَخَذَتْهُ الْعِزَّةُ بِالْاِثْمِ فَحَسْبُهٗ جَهَنَّمُ ۗ وَلَبِئْسَ الْمِهَادُ٢٠٦
Wa iżā qīla lahuttaqillāha akhażathul-‘izzatu bil-iṡmi faḥasbuhū jahannam(u), wa labi'sal-mihād(u).
[206] Lan kadung diomongno nang yane; taqwao ning Gusti Alloh”, tangio kesombongane hang nyebabaken ngawe duso. Dadi nyuckupi (kalesane) neroko jahanam. Lan temenan neroko jahanam iku panggonane hang seelek-eleke.

وَمِنَ النَّاسِ مَنْ يَّشْرِيْ نَفْسَهُ ابْتِغَاۤءَ مَرْضَاتِ اللّٰهِ ۗوَاللّٰهُ رَءُوْفٌۢ بِالْعِبَادِ٢٠٧
Wa minan-nāsi may yasyrī nafsahubtigā'a marḍātillāh(i), wallāhu ra'ūfum bil-‘ibād(i).
[207] Lan nang liyane menungso ono wong hang ngorbanaken awake dewek, kerono ngolek keridhoane Gusti Alloh, lan Alloh moho penyantun nang hamba-hambane.

يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوا ادْخُلُوْا فِى السِّلْمِ كَاۤفَّةً ۖوَّلَا تَتَّبِعُوْا خُطُوٰتِ الشَّيْطٰنِۗ اِنَّهٗ لَكُمْ عَدُوٌّ مُّبِيْنٌ٢٠٨
Yā ayyuhal-lażīna āmanudkhulū fis-silmi kāffah(tan), wa lā tattabi‘ū khuṭuwātisy-syaiṭān(i), innahū lakum ‘aduwwum mubīn(un).
[208] He wong-wong kang Iman, mlebuo riko neng jero Islam sak sekabehane, lan ojo riko milu mlakune setan. Saktemene setan iku musuh hang nyoto kanggo riko.

فَاِنْ زَلَلْتُمْ مِّنْۢ بَعْدِ مَا جَاۤءَتْكُمُ الْبَيِّنٰتُ فَاعْلَمُوْٓا اَنَّ اللّٰهَ عَزِيْزٌ حَكِيْمٌ٢٠٩
Fa'in zalaltum mim ba‘di mā jā'atkumul-bayyinātu fa‘lamū annallāha ‘azīzun ḥakīm(un).
[209] Taping kadung riko nyeleweng (teko dalane Alloh) marine teko nang riko bukti-buktine kebeneran, dadi weruho, saktemene Gusti Alloh moho perkoso Kambi moho bijaksono.

هَلْ يَنْظُرُوْنَ اِلَّآ اَنْ يَّأْتِيَهُمُ اللّٰهُ فِيْ ظُلَلٍ مِّنَ الْغَمَامِ وَالْمَلٰۤىِٕكَةُ وَقُضِيَ الْاَمْرُ ۗ وَاِلَى اللّٰهِ تُرْجَعُ الْاُمُوْرُ ࣖ٢١٠
Hal yanẓurūna illā ay ya'tiyahumullāhu fī ẓulalim minal-gamāmi wal-malā'ikatu wa quḍiyal-amr(u), wa ilallāhi turja‘ul-umūr(u).
[210] Sing ono hang yane enten-enteni, kejobo tekoni Gusti Alloh lan malaikate (neng dino kiamat) ning jero naungane awan, 47 lan ditentuken perkorone, lan kanggone nang Alloh dikembaliken kabeh urusane.
47) Iyupan mendung kamibi malaikat biasane nekakkaken udan hang artine rahmat.

سَلْ بَنِيْٓ اِسْرَاۤءِيْلَ كَمْ اٰتَيْنٰهُمْ مِّنْ اٰيَةٍ ۢ بَيِّنَةٍ ۗ وَمَنْ يُّبَدِّلْ نِعْمَةَ اللّٰهِ مِنْۢ بَعْدِ مَا جَاۤءَتْهُ فَاِنَّ اللّٰهَ شَدِيْدُ الْعِقَابِ٢١١
Sal banī isrā'īla kam ātaināhum min āyatim bayyinah(tin), wa may yubaddil ni‘matallāhi mim ba‘di mā jā'athu fa innallāha syadīdul-‘iqāb(i).
[211] Takonono ning Bani Isroil. Piro akehe tondo-tondone (kebeneran) 48 kang nyoto. Kang mari kene opahi nang riko. Lan sopo-sopo’o hang ngoper nikmat Alloh 49 sakmarine tekone nikmat iku ning riko, mongko saktemene Alloh abot seksone.
48) Yoiku tondo tondo kebeneran hang di gowo kamibi pro Nabine wong-wong iku, hang nuduhakan Gusti Alloh iku Esa, lan kebeneran Nabi iku terus terusan di tolak 49) Perintah lan ajaran ajarane Alloh

زُيِّنَ لِلَّذِيْنَ كَفَرُوا الْحَيٰوةُ الدُّنْيَا وَيَسْخَرُوْنَ مِنَ الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا ۘ وَالَّذِيْنَ اتَّقَوْا فَوْقَهُمْ يَوْمَ الْقِيٰمَةِ ۗ وَاللّٰهُ يَرْزُقُ مَنْ يَّشَاۤءُ بِغَيْرِ حِسَابٍ٢١٢
Zuyyina lil-lażīna kafarul-ḥayātud-dun-yā wa yaskharūna minal-lażīna āmanū, wal-lażīnattaqau fauqahum yaumal-qiyāmah(ti), wallāhu yarzuqu may yasyā'u bigairi ḥisāb(in).
[212] Penguripan dunyo didadekno apik ning pandangane wong-wong kafir. Lan riko noleh hino nyang wong-wong hang iman. Temekenakno wong-wong hang taqwa iku hang mulyo teko riko ning dino kiamat. Lan Gusti Alloh ngeweneni rezeki nyang wong hang di karepi tompo watese.

كَانَ النَّاسُ اُمَّةً وَّاحِدَةً ۗ فَبَعَثَ اللّٰهُ النَّبِيّٖنَ مُبَشِّرِيْنَ وَمُنْذِرِيْنَ ۖ وَاَنْزَلَ مَعَهُمُ الْكِتٰبَ بِالْحَقِّ لِيَحْكُمَ بَيْنَ النَّاسِ فِيْمَا اخْتَلَفُوْا فِيْهِ ۗ وَمَا اخْتَلَفَ فِيْهِ اِلَّا الَّذِيْنَ اُوْتُوْهُ مِنْۢ بَعْدِ مَا جَاۤءَتْهُمُ الْبَيِّنٰتُ بَغْيًا ۢ بَيْنَهُمْ ۚ فَهَدَى اللّٰهُ الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا لِمَا اخْتَلَفُوْا فِيْهِ مِنَ الْحَقِّ بِاِذْنِهٖ ۗ وَاللّٰهُ يَهْدِيْ مَنْ يَّشَاۤءُ اِلٰى صِرَاطٍ مُّسْتَقِيْمٍ٢١٣
Kānan-nāsu ummataw wāḥidah(tan), fa ba‘aṡallāhun-nabiyyīna mubasysyirīna wa munżirīn(a), wa anzala ma‘ahumul-kitāba bil-ḥaqqi liyaḥkuma bainan-nāsi fīmakhtalafū fīh(i), wa makhtalafa fīhi illal-lażīna ūtūhu mim ba‘di mā jā'athumul-bayyinātu bagyam bainahum, fahadallāhul-lażīna āmanū limakhtalafū fīhi minal-ḥaqqi bi'iżnih(ī), wallāhu yahdī may yasyā'u ilā ṣirāṭim mustaqīm(in).
[213] Manungso iku umat hang siji. (sakmarine metu perselisihan). Mongko Gusti Alloh ngongkon poro nabi kanggo ngeweneni kabar kang nyenengaken lan ngeweneni peringatan, lan Alloh ngedunaken bareng nyang menungso iku mau, kitab kambi bener, supoyo nguweni (kambi kitab) keputusan ning antarane menungso kanggo perkoro hang di poropaduaken. Heng ono wong-wong iku poropadu, mung wong-wong hang wes ditekokaken kitab, yoiku sakmarine tekone ning keterangan-keterangan hang nyoto, kerono dengki antoro wong-wong iku dewek. Mongko Alloh nguweneni peduduh nyang wong-wong hang iman nyang barang hang diporopadukaken kKambi kebeneran kambi idine Gusti Alloh. Lan Gusti Alloh mesti nguweni piduduh nyang wong hang dikarepaken nyang dalan hang lurus.

اَمْ حَسِبْتُمْ اَنْ تَدْخُلُوا الْجَنَّةَ وَلَمَّا يَأْتِكُمْ مَّثَلُ الَّذِيْنَ خَلَوْا مِنْ قَبْلِكُمْ ۗ مَسَّتْهُمُ الْبَأْسَاۤءُ وَالضَّرَّاۤءُ وَزُلْزِلُوْا حَتّٰى يَقُوْلَ الرَّسُوْلُ وَالَّذِيْنَ اٰمَنُوْا مَعَهٗ مَتٰى نَصْرُ اللّٰهِ ۗ اَلَآ اِنَّ نَصْرَ اللّٰهِ قَرِيْبٌ٢١٤
Am ḥasibtum an tadkhulul-jannata wa lammā ya'tikum maṡalul-lażīna khalau min qablikum, massathumul-ba'sā'u waḍ-ḍarrā'u wa zulzilū ḥattā yaqūlar-rasūlu wal-lażīna āmanū ma‘ahū matā naṣrullāh(i), alā inna naṣrallāhi qarīb(un).
[214] Opo tah riko ngiro kadung riko arep mlebu swargo, sakdurunge teko ning riko (coboan) koyo dene wong-wong hang wes dicubo sedurunge riko kabeh? Wong-wong iku ditibani morobohoyo lan kesingsaraan kambi diobrak-abrik (kambi macem-macem coboane) hinggo Rosululloh lan wong-wong hang iman bareng kambi iyane podo takon; “saktemene kapan tekane pitulungane Alloh?” ilingo, saktemene pitulungane Alloh iku parek.

يَسْـَٔلُوْنَكَ مَاذَا يُنْفِقُوْنَ ۗ قُلْ مَآ اَنْفَقْتُمْ مِّنْ خَيْرٍ فَلِلْوَالِدَيْنِ وَالْاَقْرَبِيْنَ وَالْيَتٰمٰى وَالْمَسٰكِيْنِ وَابْنِ السَّبِيْلِ ۗ وَمَا تَفْعَلُوْا مِنْ خَيْرٍ فَاِنَّ اللّٰهَ بِهٖ عَلِيْمٌ٢١٥
Yas'alūnaka māżā yunfiqūn(a), qul mā anfaqtum min khairin falil-wālidaini wal-aqrabīna wal-yatāmā wal-masākīni wabnis-sabīl(i), wa mā taf‘alū min khairin fa innallāha bihī ‘alīm(un).
[215] Wong-wong iku takon nang riko ngenani paran hang dinafkahaken. Jawaben: “paran baen teko bondo dunyo hang riko nafkahaken teko barang hang apik, kudune diwenekaken nyang emak-apake, dulure, lare-lare atim, wong-wong melarat lan wong-wong hang ono ning dalan.” Lan paren baen keapikane nang riko ngawe, mongko saktemene Alloh moho weruh.

كُتِبَ عَلَيْكُمُ الْقِتَالُ وَهُوَ كُرْهٌ لَّكُمْ ۚ وَعَسٰٓى اَنْ تَكْرَهُوْا شَيْـًٔا وَّهُوَ خَيْرٌ لَّكُمْ ۚ وَعَسٰٓى اَنْ تُحِبُّوْا شَيْـًٔا وَّهُوَ شَرٌّ لَّكُمْ ۗ وَاللّٰهُ يَعْلَمُ وَاَنْتُمْ لَا تَعْلَمُوْنَ ࣖ٢١٦
Kutiba ‘alaikumul-qitālu wa huwa kurhul lakum, wa ‘asā an takrahū syai'aw wa huwa khairul lakum, wa ‘asā an tuḥibbū syai'aw wa huwa syarrul lakum, wallāhu ya‘lamu wa antum lā ta‘lamūn(a).
[216] Diwajibaken nyang riko perang, temekenakno perang iku perkoro hang riko bengkeli. Oleh baen riko bangkel nyang swiji wiji, temekenakno iku mau apik kanggo riko, lan oleh baen (ugo) riko demen nyang swiji wiji, temekenakno iku mau elek kanggo riko; Gusti Alloh iku weruh, lan riko kabeh sing weruh.

يَسْـَٔلُوْنَكَ عَنِ الشَّهْرِ الْحَرَامِ قِتَالٍ فِيْهِۗ قُلْ قِتَالٌ فِيْهِ كَبِيْرٌ ۗ وَصَدٌّ عَنْ سَبِيْلِ اللّٰهِ وَكُفْرٌۢ بِهٖ وَالْمَسْجِدِ الْحَرَامِ وَاِخْرَاجُ اَهْلِهٖ مِنْهُ اَكْبَرُ عِنْدَ اللّٰهِ ۚ وَالْفِتْنَةُ اَكْبَرُ مِنَ الْقَتْلِ ۗ وَلَا يَزَالُوْنَ يُقَاتِلُوْنَكُمْ حَتّٰى يَرُدُّوْكُمْ عَنْ دِيْنِكُمْ اِنِ اسْتَطَاعُوْا ۗ وَمَنْ يَّرْتَدِدْ مِنْكُمْ عَنْ دِيْنِهٖ فَيَمُتْ وَهُوَ كَافِرٌ فَاُولٰۤىِٕكَ حَبِطَتْ اَعْمَالُهُمْ فِى الدُّنْيَا وَالْاٰخِرَةِ ۚ وَاُولٰۤىِٕكَ اَصْحٰبُ النَّارِۚ هُمْ فِيْهَا خٰلِدُوْنَ٢١٧
Yas'alūnaka ‘anisy-syahril-ḥarāmi qitālin fīh(i), qul qitālun fīhi kabīr(un), wa ṣaddun ‘an sabīlillāhi wa kufrum bihī wal-masjidil-ḥarām(i), wa ikhrāju ahlihī minhu akbaru ‘indallāh(i), wal-fitnatu akbaru minal-qatl(i), wa lā yazālūna yuqātilūnakum ḥattā yaruddūkum ‘an dīnikum inistaṭā‘ū, wa may yartadid minkum ‘an dīnihī fa yamut wa huwa kāfirun fa ulā'ika ḥabiṭat a‘māluhum fid-dun-yā wal-ākhirah(ti), wa ulā'ika aṣḥābun-nār(i), hum fīhā khālidūn(a).
[217] Wong-wong iku takon nyang riko, ngenaani perang nang ulan hang harom, jawaben: “perang nang ulan iku yoiku duso gedi; taping ngedangi (manungso) teko dalan Alloh, kafir nang Alloh, (ngedang mlebu) masjidil Harom lan ngusir peduduke teko kewo tengene, iku hang tambah gedi (dusone) nang sisihe Gusti Alloh. 50 Lan fitnah 51 iku tambah gedi (dusone) timbangane mateni. Lan ojok madeg-madeg riko kabeh merangi, sampek riko (ono) mbyalekaken nyang agamane riko (kanggo kekafirane), saktemene riko sanggup. Sopo baen hang murtad antarane riko nyang agamane teruse iyane mati nang jerone kekafiran, mongko wong-wong iku sio-sio amale ning dunyo lan ning akhirat, lan wong-wong iku panggonane neng neroko, kekal ning jerone.
50) Ngusir Nabi lan konco koncone teko masjidil haram iku podo karo numpes agomo Islam 51) Fitnah ning kene artine nganingoyo lan kabeh kelakoan hang di karepaken nindes Islam lan wong Islam

اِنَّ الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَالَّذِيْنَ هَاجَرُوْا وَجَاهَدُوْا فِيْ سَبِيْلِ اللّٰهِ ۙ اُولٰۤىِٕكَ يَرْجُوْنَ رَحْمَتَ اللّٰهِ ۗوَاللّٰهُ غَفُوْرٌ رَّحِيْمٌ٢١٨
Innal-lażīna āmanū wal-lażīna hājarū wa jāhadū fī sabīlillāh(i), ulā'ika yarjūna raḥmatallāh(i), wallāhu gafūrur raḥīm(un).
[218] Saktemene wong-wong hang iman, lan wong-wong hang hijrah lan kang jihad ning dalane Gusti Alloh, wong-wong iku ngenteni rahmate Gusti Alloh, Gusti Alloh moho nyepuro Kambi moho welas asih.

۞ يَسْـَٔلُوْنَكَ عَنِ الْخَمْرِ وَالْمَيْسِرِۗ قُلْ فِيْهِمَآ اِثْمٌ كَبِيْرٌ وَّمَنَافِعُ لِلنَّاسِۖ وَاِثْمُهُمَآ اَكْبَرُ مِنْ نَّفْعِهِمَاۗ وَيَسْـَٔلُوْنَكَ مَاذَا يُنْفِقُوْنَ ەۗ قُلِ الْعَفْوَۗ كَذٰلِكَ يُبَيِّنُ اللّٰهُ لَكُمُ الْاٰيٰتِ لَعَلَّكُمْ تَتَفَكَّرُوْنَۙ٢١٩
Yas'alūnaka ‘anil-khamri wal-maisir(i), qul fīhimā iṡmun kabīrw wa manāfi‘u lin nās(i), wa iṡmuhumā akbaru min naf‘ihimā, wa yas'alūnaka māżā yunfiqūn(a), qulil-‘afw(a), każālika yubayyinullāhu lakumul-āyāti la‘allakum tatafakkarūn(a).
[219] Wong-wong iku takon nang riko ngenaani ngombe arak 52 lan maen. jawaben ning jero karone iku ono duso kang gedi lan akeh gunane kanggo manungso, taping dusone karone tambah akeh timbange gunone”. Lan wong-wong takon nyang riko, parane hang di nafkahaken. jawaben: “lebihan songko keperluane.” Hang gedigu iku Gusti Alloh nerangno ayat-ayate kanggo riko supoyo riko kabeh mikir.
52) Akeh maceme ngombean hang gawe mumet

فِى الدُّنْيَا وَالْاٰخِرَةِ ۗ وَيَسْـَٔلُوْنَكَ عَنِ الْيَتٰمٰىۗ قُلْ اِصْلَاحٌ لَّهُمْ خَيْرٌ ۗ وَاِنْ تُخَالِطُوْهُمْ فَاِخْوَانُكُمْ ۗ وَاللّٰهُ يَعْلَمُ الْمُفْسِدَ مِنَ الْمُصْلِحِ ۗ وَلَوْ شَاۤءَ اللّٰهُ لَاَعْنَتَكُمْ اِنَّ اللّٰهَ عَزِيْزٌ حَكِيْمٌ٢٢٠
Fid-dun-yā wal-ākhirah(ti), wa yas'alūnaka ‘anil-yatāmā, qul iṣlāḥul lahum khair(un), wa in tukhāliṭūhum fa'ikhwānukum, wallāhu ya‘lamul-mufsida minal-muṣliḥ(i), wa lau syā'allāhu la'a‘natakum innallāha ‘azizun ḥakīm(un).
[220] Ngeneani dunyo lan akhirat. Lan wong-wong iku takon nang riko, ngeneani lare atim, jawaben; “ngurus urusane lare atim kambi patut iku apik, lan kadung riko ngancani lare atim, mongko lare-lare atim iku dulure riko kabeh, lan Alloh weruh sopo baen hang ngerusak teko wong hang gawe keapikan. Lan kadung Gusti Alloh ngarepaken, pastine Iyane nekakaken keangelan kanggo riko kabeh. Saktemene Alloh moho kuoso lan moho bijaksono.

وَلَا تَنْكِحُوا الْمُشْرِكٰتِ حَتّٰى يُؤْمِنَّ ۗ وَلَاَمَةٌ مُّؤْمِنَةٌ خَيْرٌ مِّنْ مُّشْرِكَةٍ وَّلَوْ اَعْجَبَتْكُمْ ۚ وَلَا تُنْكِحُوا الْمُشْرِكِيْنَ حَتّٰى يُؤْمِنُوْا ۗ وَلَعَبْدٌ مُّؤْمِنٌ خَيْرٌ مِّنْ مُّشْرِكٍ وَّلَوْ اَعْجَبَكُمْ ۗ اُولٰۤىِٕكَ يَدْعُوْنَ اِلَى النَّارِ ۖ وَاللّٰهُ يَدْعُوْٓا اِلَى الْجَنَّةِ وَالْمَغْفِرَةِ بِاِذْنِهٖۚ وَيُبَيِّنُ اٰيٰتِهٖ لِلنَّاسِ لَعَلَّهُمْ يَتَذَكَّرُوْنَ ࣖ٢٢١
Wa lā tankiḥul-musyrikāti ḥattā yu'minn(a), wa la'amatum mu'minatun khairum mim musyrikatiw wa lau a‘jabatkum, wa lā tunkiḥul-musyrikīna ḥattā yu'minū, wa la‘abdum mu'minun khairum mim musyrikiw wa lau a‘jabakum, ulā'ika yad‘ūna ilan-nār(i), wallāhu yad‘ū ilal-jannati wal-magfirati bi'iżnih(ī), wa yubayyinu āyātihī lin-nāsi la‘allahum yatażakkarūn(a).
[221] Lan riko ojok ngawini wong-wong wadon musryik, sedurunge wong-wong wadon iku duwe iman. Saktemene wong wadon budak kang iman, luwih apik timbangane wong wadon musyrik, masio iyane gawe atine riko kagom. Lan ojo’o riko ngawinaken wong-wong musyrik (kanggo wog-wong wadon mukmin). Sedurunge wong iku iman. Saktemene budak kang mukmin luwih apik timbangane wong musyrik masio wonge narik atine riko. Wong-wong iku ngajak nang neroko, lan Alloh ngajak nang swargo lan pengapurone kambi Idine. Lan Alloh nerangaken ayat-ayate (perintah-perintahane) kanggo manungso supoyo wong-wong iku biso njuwut pelajaran.

وَيَسْـَٔلُوْنَكَ عَنِ الْمَحِيْضِ ۗ قُلْ هُوَ اَذًىۙ فَاعْتَزِلُوا النِّسَاۤءَ فِى الْمَحِيْضِۙ وَلَا تَقْرَبُوْهُنَّ حَتّٰى يَطْهُرْنَ ۚ فَاِذَا تَطَهَّرْنَ فَأْتُوْهُنَّ مِنْ حَيْثُ اَمَرَكُمُ اللّٰهُ ۗ اِنَّ اللّٰهَ يُحِبُّ التَّوَّابِيْنَ وَيُحِبُّ الْمُتَطَهِّرِيْنَ٢٢٢
Wa yas'alūnaka ‘anil-maḥīḍ(i), qul huwa ażā(n), fa‘tazilun-nisā'a fil-maḥīḍ(i), wa lā taqrabūhunna ḥattā yaṭhurn(a), fa'iżā taṭahharna fa'tūhunna min ḥaiṡu amarakumullāh(u), innallāha yuḥibbut-tawwābīna wa yuḥibbul-mutaṭahhirīn(a).
[222] Wong-wong iku takon nyang riko ngeneani haid. Ngomongo: “Haid iku kotoran”. Mongko iku riko kudu ngedohi 53 wadon kang haid; lan ojok riko parek parek, sedurung wong wadon iku mau rijik, 54 umpamane wong wadon iku wes mari rijik, mongko kumpulono iyane iku, ning panggonane hang Gusti Alloh wes ngongkon nyang riko kabeh. Saktemene Alloh demen wong-wong kang tobat lan demen wong-wong hang rijikaken awake.
53) Maksude ojok ngumpuli wong wadon hang pas heid 54) Sakwise ados, ono maning hang ngartekaken sakwese getihe mandek

نِسَاۤؤُكُمْ حَرْثٌ لَّكُمْ ۖ فَأْتُوْا حَرْثَكُمْ اَنّٰى شِئْتُمْ ۖ وَقَدِّمُوْا لِاَنْفُسِكُمْ ۗ وَاتَّقُوا اللّٰهَ وَاعْلَمُوْٓا اَنَّكُمْ مُّلٰقُوْهُ ۗ وَبَشِّرِ الْمُؤْمِنِيْنَ٢٢٣
Nisā'ukum ḥarṡul lakum, fa'tū ḥarṡakum annā syi'tum, wa qaddimū li anfusikum, wattaqullāha wa‘lamū annakum mulāqūh(u), wa basysyiril-mu'minīn(a).
[223] Rabine-rabine riko yoiku (koyo) lemah panggonane nandur, mongko tekonono lemah panggonane nandure riko iku klendi baen hang riko karepaken. lan ngawitono (amal hang apik) kanggo awak riko, lan taqwao nyang Gusti Alloh lan ngertiyo saktemene riko mbesok arep nemoni, lan wenono kabar apik wong-wong hang iman.

وَلَا تَجْعَلُوا اللّٰهَ عُرْضَةً لِّاَيْمَانِكُمْ اَنْ تَبَرُّوْا وَتَتَّقُوْا وَتُصْلِحُوْا بَيْنَ النَّاسِۗ وَاللّٰهُ سَمِيْعٌ عَلِيْمٌ٢٢٤
Wa lā taj‘alullāha ‘urḍatal li'aimānikum an tabarrū wa tattaqū wa tuṣliḥū bainan-nās(i), wallāhu samī‘un ‘alīm(un).
[224] Lan Ojok riko dadikno (arane) Gusti Alloh neng jerone sumpah riko kanggo gawe ngalange ngelakokaken keapikan, taqwa lan ngadakaken ishlah neng antarane manungso. 55 Lan Gusti Alloh moho kerungu kambi moho weruh.
55) Maksude ngelarang sumpah nganggo asmane Gusti Alloh

لَا يُؤَاخِذُكُمُ اللّٰهُ بِاللَّغْوِ فِيْٓ اَيْمَانِكُمْ وَلٰكِنْ يُّؤَاخِذُكُمْ بِمَا كَسَبَتْ قُلُوْبُكُمْ ۗ وَاللّٰهُ غَفُوْرٌ حَلِيْمٌ٢٢٥
Lā yu'ākhiżukumullāhu bil-lagwi fī aimānikum wa lākiy yu'ākhiżukum bimā kasabat qulūbukum, wallāhu gafūrun ḥalīm(un).
[225] Gusti Alloh sing ngukum riko kerono sumpahe riko hang sing dimaksudaken kanggo nyumpah taping Gusti Alloh ngukum riko kerono sumpah riko hang disingojo kanggo nyumpah teko atin riko. Lan Alloh moho nyepuro lan moho nyantuni. 56
56) Halim artine heng cepet cepet nyikso wong hang gawe duso

لِلَّذِيْنَ يُؤْلُوْنَ مِنْ نِّسَاۤىِٕهِمْ تَرَبُّصُ اَرْبَعَةِ اَشْهُرٍۚ فَاِنْ فَاۤءُوْ فَاِنَّ اللّٰهَ غَفُوْرٌ رَّحِيْمٌ٢٢٦
Lil-lażīna yu'lūna min nisā'ihim tarabbuṣu arba‘ati asyhur(in), fa'in fā'ū fa'innalāha gafūrur raḥīm(un).
[226] Kanggo wong-wong kang mengilaa’ rabine. 57 Diweni kuat papat ulan(suwine) sakteruse kadung riko belik (ning rabine), mongko saktemene Alloh moho nyepuro lan moho ngewelasi.
57) Mengila’ rabine maksude sumpah heng bakalan ngumpuli rabine

وَاِنْ عَزَمُوا الطَّلَاقَ فَاِنَّ اللّٰهَ سَمِيْعٌ عَلِيْمٌ٢٢٧
Wa in ‘azamuṭ-ṭalāqa fa innallāha samī‘un ‘alīm(un).
[227] Lan kadung riko ber’azam (atine tetep kanggo) nalak, mongko saktemene Alloh Moho kerungu kambi moho weruh.

وَالْمُطَلَّقٰتُ يَتَرَبَّصْنَ بِاَنْفُسِهِنَّ ثَلٰثَةَ قُرُوْۤءٍۗ وَلَا يَحِلُّ لَهُنَّ اَنْ يَّكْتُمْنَ مَا خَلَقَ اللّٰهُ فِيْٓ اَرْحَامِهِنَّ اِنْ كُنَّ يُؤْمِنَّ بِاللّٰهِ وَالْيَوْمِ الْاٰخِرِۗ وَبُعُوْلَتُهُنَّ اَحَقُّ بِرَدِّهِنَّ فِيْ ذٰلِكَ اِنْ اَرَادُوْٓا اِصْلَاحًا ۗوَلَهُنَّ مِثْلُ الَّذِيْ عَلَيْهِنَّ بِالْمَعْرُوْفِۖ وَلِلرِّجَالِ عَلَيْهِنَّ دَرَجَةٌ ۗ وَاللّٰهُ عَزِيْزٌ حَكِيْمٌ ࣖ٢٢٨
Wal-muṭallaqātu yatarabbaṣna bi anfusihinna ṡalāṡata qurū'(in), wa lā yaḥillu lahunna ay yaktumna mā khalaqallāhu fī arḥāmihinna in kunna yu'minna billāhi wal-yaumil-ākhir(i), wa bu‘ūlatuhunna aḥaqqu biraddiūhinna fī żālika in arādū iṣlāḥā(n), wa lahunna miṡlul-lażī ‘alaihinna bil-ma‘rūf(i), wa lir-rijāli ‘alaihinna darajah(tun), wallāhu ‘azīzun ḥakīm(un).
[228] Wadon-wadon hang ditalak kudune nahan awak (nganteni) telung quru 58 sing oleh riko nyengidakaken paran hang gawe Alloh ning jero rahime, kadung riko iman ning Alloh lan dino kiamat. Lan wong lanange berhak balik maning ning jerone mongso ngenteni iku, kadung riko (poro wong lanang) iku kudune ishlah. Lan wong wadon duwe hak hang imbang kambi kwajibane kambi coro hang makruf. Taping poro lanang, duweni siji tingkat kelebihane ketimbang rabine. 59 Lan Gusti Alloh moho kuoso kambi moho wicaksono.
58) Quru’ biso diartekaken suci/heid 59) Hang gediki iki kerono wong lanang diwajibaken tanggung jawab kamibi keselametane lan kesejahteraane keluargane

اَلطَّلَاقُ مَرَّتٰنِ ۖ فَاِمْسَاكٌۢ بِمَعْرُوْفٍ اَوْ تَسْرِيْحٌۢ بِاِحْسَانٍ ۗ وَلَا يَحِلُّ لَكُمْ اَنْ تَأْخُذُوْا مِمَّآ اٰتَيْتُمُوْهُنَّ شَيْـًٔا اِلَّآ اَنْ يَّخَافَآ اَلَّا يُقِيْمَا حُدُوْدَ اللّٰهِ ۗ فَاِنْ خِفْتُمْ اَلَّا يُقِيْمَا حُدُوْدَ اللّٰهِ ۙ فَلَا جُنَاحَ عَلَيْهِمَا فِيْمَا افْتَدَتْ بِهٖ ۗ تِلْكَ حُدُوْدُ اللّٰهِ فَلَا تَعْتَدُوْهَا ۚوَمَنْ يَّتَعَدَّ حُدُوْدَ اللّٰهِ فَاُولٰۤىِٕكَ هُمُ الظّٰلِمُوْنَ٢٢٩
Aṭ-ṭalāqu marratān(i), fa imsākum bima‘rūfin au tasrīḥum bi'iḥsān(in), wa lā yaḥillu lakum an ta'khużū mimmā ātaitumūhunna syai'an illā ay yakhāfā allā yuqīmā ḥudūdullāh(i), fa in khiftum allā yuqīmā ḥudūdullāh(i) falā junāḥa ‘alaihimā fīmaftadat bih(ī), tilka ḥudūdullāhi falā ta‘tadūhā, wa may yata‘adda ḥudūdullāhi fa'ulā'ika humuẓ-ẓālimūn(a).
[229] Talak (hang biso rujuk) ping loro. Sakwise iku oleh rujuk maning nganggo coro hang makruf utowo pegatan nganggo coro hang apik. Sing halal kanggo riko juwut maning teko sesuatu hang wes riko nguweni kanggo riko, kejobo kadung karone kuatir sing biso oleh ngedekaken hukum-hukume Gusti Alloh. Mongko kadung riko kuatir kudu loro-lorone (rabi-lanang) sing kiro ngedekaken hukum-hukum Alloh, mongko sing ono duso kanggo karone ngeweneni bayaran kang diwekaken rabine dienggo nebus awake. 60 Iku hukum-hukum Alloh, mongko ojok riko ngelanggar. Sopo wonge hang ngelanggar hukum-hukum Alloh wong-wong iku wong hang dholim.
60) Ayat iki hang dienggo dasar khulu’ lan terimone iwad. Khulu’ yoiku penjalukan pegat nyang hang lanang, kamibi mbyar hang di arani iwad

فَاِنْ طَلَّقَهَا فَلَا تَحِلُّ لَهٗ مِنْۢ بَعْدُ حَتّٰى تَنْكِحَ زَوْجًا غَيْرَهٗ ۗ فَاِنْ طَلَّقَهَا فَلَا جُنَاحَ عَلَيْهِمَآ اَنْ يَّتَرَاجَعَآ اِنْ ظَنَّآ اَنْ يُّقِيْمَا حُدُوْدَ اللّٰهِ ۗ وَتِلْكَ حُدُوْدُ اللّٰهِ يُبَيِّنُهَا لِقَوْمٍ يَّعْلَمُوْنَ٢٣٠
Fa'in ṭallaqahā falā taḥillu lahū mim ba‘du ḥattā tankiḥa zaujan gairah(ū), fa'in ṭallaqahā falā junāḥa ‘alaihimā ay yatarāja‘ā in ẓannā ay yuqīmā ḥudūdullāh(i), tilka ḥudūdullāhi yubayyinuhā liqaumiy ya‘lamūn(a).
[230] Mongko kadung hang lanang nalak hang wadon (nalak wes hang keloro), mongko wong wadon iku sing halal maning kanggo hang lanang sampek iyane kawen maning kambi wong lanang liyo. Sakteruse kadung lanange hang liyo iku wes megat hang wadon, mongko sing ono duso kanggo kelorone (pecake lanangane hang siji lan rabine) dienggo kawin maning kadung karone duwe penyono arep ngedekaken hukum-hukume Gusti Alloh. Gedigu iku hukum-hukume Gusti Alloh, hang diterangaken nang kaum hang (kepingin) weruh.

وَاِذَا طَلَّقْتُمُ النِّسَاۤءَ فَبَلَغْنَ اَجَلَهُنَّ فَاَمْسِكُوْهُنَّ بِمَعْرُوْفٍ اَوْ سَرِّحُوْهُنَّ بِمَعْرُوْفٍۗ وَلَا تُمْسِكُوْهُنَّ ضِرَارًا لِّتَعْتَدُوْا ۚ وَمَنْ يَّفْعَلْ ذٰلِكَ فَقَدْ ظَلَمَ نَفْسَهٗ ۗ وَلَا تَتَّخِذُوْٓا اٰيٰتِ اللّٰهِ هُزُوًا وَّاذْكُرُوْا نِعْمَتَ اللّٰهِ عَلَيْكُمْ وَمَآ اَنْزَلَ عَلَيْكُمْ مِّنَ الْكِتٰبِ وَالْحِكْمَةِ يَعِظُكُمْ بِهٖ ۗوَاتَّقُوا اللّٰهَ وَاعْلَمُوْٓا اَنَّ اللّٰهَ بِكُلِّ شَيْءٍ عَلِيْمٌ ࣖ٢٣١
Wa iżā ṭallaqtumun-nisā'a fabalagna ajalahunna fa'amsikūhunna bima‘rūfin au sarriḥūhunna bima‘rūf(in), wa lā tumsikūhunna ḍirāral lita‘tadū, wa may yaf‘al żālika faqad ẓalama nafasah(ū), wa lā tattakhiżū āyātillāhi huzuwaw ważkurū ni‘matallāhi ‘alaikum wa mā anzala ‘alaikum minal-kitābi wal-ḥikmati ya‘iẓukum bih(ī), wattaqullāha wa‘lamū annallāha bikulli syai'in ‘alīm(un).
[231] Kadung riko nalak rabi-rabine riko, sakwese riko pareki akhir iddahe, mongko baliko maning riko nganggo coro hang makruf, utowo pegaten riko nganggo coro kang makruf (ugo). Ojok riko balik maning nganggo nguweni kemudhorotan, kerono kadung gedigu riko ngeloroni wong-wong iku. 61 Sopo baen hang ngelakoni gedigu, mongko saktemene iyone wes ngelakoni dholim kanggo awake dewek. Ojok riko dadikeno hukum-hukum Alloh kanggo memengan, lan ingeto nikmat Alloh kanggo riko, lan opone hang wes dimudunaken Alloh kanggo riko yoiku Al-Kitab (Al-Qur’an) kambi Al Hikmah (Sunnahe) Alloh Nguweni pengajaran kanggo riko kambi opo hang wes didunnaken iku. Lan taqwao kanggo Alloh kambi weruho kadung Alloh moho weruh sekabehane.
61) Umpamane wong-wong iku mokso njaluk pegat liwat dalan khulu; utowo ngenengaken urip lontang lantung

وَاِذَا طَلَّقْتُمُ النِّسَاۤءَ فَبَلَغْنَ اَجَلَهُنَّ فَلَا تَعْضُلُوْهُنَّ اَنْ يَّنْكِحْنَ اَزْوَاجَهُنَّ اِذَا تَرَاضَوْا بَيْنَهُمْ بِالْمَعْرُوْفِ ۗ ذٰلِكَ يُوْعَظُ بِهٖ مَنْ كَانَ مِنْكُمْ يُؤْمِنُ بِاللّٰهِ وَالْيَوْمِ الْاٰخِرِ ۗ ذٰلِكُمْ اَزْكٰى لَكُمْ وَاَطْهَرُ ۗ وَاللّٰهُ يَعْلَمُ وَاَنْتُمْ لَا تَعْلَمُوْنَ٢٣٢
Wa iżā ṭallaqtumun-nisā'a fabalagna ajalahunna falā ta‘ḍulūhunna ay yankiḥna azwājahunna iżā tarāḍau bainahum bil-ma‘rūf(i), żālika yū‘aẓu bihī man kāna minkum yu'minu billāhi wal-yaumil-ākhir(i), żālikum azkā lakum wa aṭhar(u), wallāhu ya‘lamu wa antum lā ta‘lamūn(a).
[232] Kadung riko nalak rabi-rabine riko, sakwese entek iddahe, mongko ojo riko (poro wali) ngalangi wong wadon mau kawen maning Kambi calon lanangane. 62 Kadung wes ono ikhlase antarane wong-wong iku mau, kambi cara hang makruf. Hang gedigu iku dinasehataken kanggo wong-wong hang iman nang antarane riko, kanggo Gusti Alloh lan dino kiamat. Hang gedigu iku luwih apik kanggo riko lan luwih rijik. Alloh weruh, taping riko sing weruh.
62) Kawin maning kamibi bekase lanangane utowo wong lanang liyo

۞ وَالْوٰلِدٰتُ يُرْضِعْنَ اَوْلَادَهُنَّ حَوْلَيْنِ كَامِلَيْنِ لِمَنْ اَرَادَ اَنْ يُّتِمَّ الرَّضَاعَةَ ۗ وَعَلَى الْمَوْلُوْدِ لَهٗ رِزْقُهُنَّ وَكِسْوَتُهُنَّ بِالْمَعْرُوْفِۗ لَا تُكَلَّفُ نَفْسٌ اِلَّا وُسْعَهَا ۚ لَا تُضَاۤرَّ وَالِدَةٌ ۢبِوَلَدِهَا وَلَا مَوْلُوْدٌ لَّهٗ بِوَلَدِهٖ وَعَلَى الْوَارِثِ مِثْلُ ذٰلِكَ ۚ فَاِنْ اَرَادَا فِصَالًا عَنْ تَرَاضٍ مِّنْهُمَا وَتَشَاوُرٍ فَلَا جُنَاحَ عَلَيْهِمَا ۗوَاِنْ اَرَدْتُّمْ اَنْ تَسْتَرْضِعُوْٓا اَوْلَادَكُمْ فَلَا جُنَاحَ عَلَيْكُمْ اِذَا سَلَّمْتُمْ مَّآ اٰتَيْتُمْ بِالْمَعْرُوْفِۗ وَاتَّقُوا اللّٰهَ وَاعْلَمُوْٓا اَنَّ اللّٰهَ بِمَا تَعْمَلُوْنَ بَصِيْرٌ٢٣٣
Wal-wālidātu yurḍi‘na aulādahunna ḥaulaini kāmilaini liman arāda ay yutimmar-raḍā‘ah(ta), wa ‘alal-maulūdi lahū rizquhunna wa kiswatuhunna bil-ma‘rūf(i), lā tukallafu nafsun illā wus‘ahā, lā tuḍārra wālidatum biwaladihā wa lā maulūdul lahū biwaladihī wa ‘alal-wāriṡi miṡlu żālik(a), fa'in arādā fiṣālan ‘an tarāḍim minhumā wa tasyāwurin falā junāḥa ‘alaihimā, wa in arattum an tastarḍi‘ū aulādakum falā junāḥa ‘alaikum iżā sallamtum mā ātaitum bil-ma‘rūf(i), wattaqullāha wa‘lamū annallāha bimā ta‘malūna baṣīr(un).
[233] Kanggo emak kudune nyusoni anak-anake suwine rong taun kebek, yoiku nganggo hang kepingen nyempurnakaken penyusonan. Lan kwajibane apak nguweni mangan lan klambi kanggone emak nganggo coro kang makruf. Wong oseng dibebani sakliyani sak kuasane. Ojok sampek swijine emak ngalami soro kerono anake lan ugo swijine apak kerono anake, lan warisan ugo kwajibane pisan. Kadong karone pengin nyapeh (sedurunge rong taun) kambi keikhlasane karone lan rembukan, mongko sing ono duso kanggo karone. Lan kadong riko pengin nyusokaken anake kambi wong liyo, mongko sing ono duso kanggo riko masio riko nguweni bayaran nganggo hang pantes, taqwao ning Gusti Alloh moho ndeleng opo hang riko lakoni.

وَالَّذِيْنَ يُتَوَفَّوْنَ مِنْكُمْ وَيَذَرُوْنَ اَزْوَاجًا يَّتَرَبَّصْنَ بِاَنْفُسِهِنَّ اَرْبَعَةَ اَشْهُرٍ وَّعَشْرًا ۚ فَاِذَا بَلَغْنَ اَجَلَهُنَّ فَلَا جُنَاحَ عَلَيْكُمْ فِيْمَا فَعَلْنَ فِيْٓ اَنْفُسِهِنَّ بِالْمَعْرُوْفِۗ وَاللّٰهُ بِمَا تَعْمَلُوْنَ خَبِيْرٌ٢٣٤
Wal-lażīna yutawaffauna minkum wa yażarūna azwājay yatarabbaṣna bi'anfusihinna arba‘ata asyhuriw wa ‘asyrā(n), fa'iżā balagna ajalahunna falā junāḥa ‘alaikum fīmā fa‘alna fī anfusihinna bil-ma‘rūf(i),wallāhu bimā ta‘malūna khabīr(un).
[234] Wong-wong hang mati ning antarane riko lan ninggalaken rabi-rabine, (kudune wong wadon iku) nangguhaken awake dewek (iddah) petang ulan sepuloh dino. Mongko kadong wes entek iddahe, mongko sing duso kanggo riko (poro wali) nggeningaken wong wadon iku kanggo awake sakkarepe dewek mungguhe hang patut. 63 Gusti Alloh ngeweruhi opo hang riko lakoni.
63) Wong wadon hang ditinggal mati hang lanang lan mageh ning mongso iddah

وَلَا جُنَاحَ عَلَيْكُمْ فِيْمَا عَرَّضْتُمْ بِهٖ مِنْ خِطْبَةِ النِّسَاۤءِ اَوْ اَكْنَنْتُمْ فِيْٓ اَنْفُسِكُمْ ۗ عَلِمَ اللّٰهُ اَنَّكُمْ سَتَذْكُرُوْنَهُنَّ وَلٰكِنْ لَّا تُوَاعِدُوْهُنَّ سِرًّا اِلَّآ اَنْ تَقُوْلُوْا قَوْلًا مَّعْرُوْفًا ەۗ وَلَا تَعْزِمُوْا عُقْدَةَ النِّكَاحِ حَتّٰى يَبْلُغَ الْكِتٰبُ اَجَلَهٗ ۗوَاعْلَمُوْٓا اَنَّ اللّٰهَ يَعْلَمُ مَا فِيْٓ اَنْفُسِكُمْ فَاحْذَرُوْهُ ۚوَاعْلَمُوْٓا اَنَّ اللّٰهَ غَفُوْرٌ حَلِيْمٌ ࣖ٢٣٥
Wa lā junāḥa ‘alaikum fīmā ‘arraḍtum bihī min khiṭbatin-nisā'i au aknantum fī anfusikum, ‘alimallāhu annakum satażkurūnahunna wa lākil lā tuwā‘idūhunna sirran illā an taqūlū qaulam ma‘rūfā(n), wa lā ta‘zimū ‘uqdatan-nikāḥi ḥattā yablugal-kitābu ajalah(ū), wa‘lamū annallāha ya‘lamu mā fī anfusikum faḥżarūh(u), wa‘lamū annallāha gafūrun ḥalīm(un).
[235] Lan sing ono duso kanggo riko jalok wong wadon-wadon iku 64 nganggo sindiran. Utowo riko nyengidakaken (riko pengin ngawini) neng jero atin riko. Alloh ngeweruhi riko arep nyebut-nyebut wong-wong iku, ning mongso iku ojo’o riko ojok nganakaken njanji kawin kambi riko nganggo coro rahasia, kejobo sekedar ngucapaken (kanggo riko) omongane hang makruf. Lan ojok riko ber’azam (netepaken neng ati) kanggo akad nikah, sedurunge entek iddahe lan weruho riko, Gusti Alloh ngeweruhi paran hang ono atine riko; mongko wedio nang Alloh lan weruho Gusti Alloh iku moho nyepuro lan moho penyantun.
64) Omongan sindiran hang apik

لَا جُنَاحَ عَلَيْكُمْ اِنْ طَلَّقْتُمُ النِّسَاۤءَ مَا لَمْ تَمَسُّوْهُنَّ اَوْ تَفْرِضُوْا لَهُنَّ فَرِيْضَةً ۖ وَّمَتِّعُوْهُنَّ عَلَى الْمُوْسِعِ قَدَرُهٗ وَعَلَى الْمُقْتِرِ قَدَرُهٗ ۚ مَتَاعًا ۢبِالْمَعْرُوْفِۚ حَقًّا عَلَى الْمُحْسِنِيْنَ٢٣٦
Lā junāḥa ‘alaikum in ṭallaqtumun-nisā'a mā lam tamassūhunna au tafriḍū lahunna farīḍah(tan), wa matti‘ūhunna ‘alal-mūsi‘i qadaruhū wa ‘alal-muqtiri qadaruhū matā‘am bil-ma‘rūf(i), ḥaqqan ‘alal-muḥsinīn(a).
[236] Sing ono kwajibane bayar (mahar) kanggo riko, kadung riko megat rabi-rabine riko sedurunge riko campur kambi wong liyo lan sedurunge riko nentokaken mahare. Lan kudune riko ngewekaken mut’ah (nguweni) kanggo wong-wong iku, wong hang mampu seukur teko kemampauane lan wong hang melarat teko kemampauane (ugo), yoiku opah hang pantes. Kang gedigu iku ketentuan kanggo wong-wong hang ngelakoni keapikan.

وَاِنْ طَلَّقْتُمُوْهُنَّ مِنْ قَبْلِ اَنْ تَمَسُّوْهُنَّ وَقَدْ فَرَضْتُمْ لَهُنَّ فَرِيْضَةً فَنِصْفُ مَا فَرَضْتُمْ اِلَّآ اَنْ يَّعْفُوْنَ اَوْ يَعْفُوَا الَّذِيْ بِيَدِهٖ عُقْدَةُ النِّكَاحِ ۗ وَاَنْ تَعْفُوْٓا اَقْرَبُ لِلتَّقْوٰىۗ وَلَا تَنْسَوُا الْفَضْلَ بَيْنَكُمْ ۗ اِنَّ اللّٰهَ بِمَا تَعْمَلُوْنَ بَصِيْرٌ٢٣٧
Wa in ṭallaqtumūhunna min qabli an tamassūhunna wa qad faraḍtum lahunna farīḍatan faniṣfu mā faraḍtum illā ay ya‘fūna au ya‘fuwal-lażī biyadihī ‘uqdatun-nikāḥ(i), wa an ta‘fū aqrabu lit-taqwā, wa lā tansawul-faḍla bainakum, innallāha bimā ta‘malūna baṣīr(un).
[237] Kadung riko megat rabi-rabine riko sedurunge riko campur kambi wong liyo, myakene saktemene riko wes nentokeno mahare, mongko bayaren seperloro teko mahar hang wes riko nentokeno iku, kejobo kadung rabi-rabine riko iku nyepuro utowo disepuro nang wong hang nyekel taline nikah, 65 lan penyepurone riko iku lebeh parek nyang taqwa. Lan ojok riko lali keutamaane wong hang ono neng golongane riko. Saktemene Alloh moho ndeleng kabeh paran hang riko lakoni.
65) Islah laki utowo rabine. Kadong wali hang ngapuro, mongko laki di bebasaken teko mbayar mahar setengah, kadong lakine hang ngapuro mongko yane mbyar kabeh.

حَافِظُوْا عَلَى الصَّلَوٰتِ وَالصَّلٰوةِ الْوُسْطٰى وَقُوْمُوْا لِلّٰهِ قٰنِتِيْنَ٢٣٨
Ḥāfiẓū ‘alaṣ-ṣalawāti waṣ-ṣalātil-wusṭā, wa qūmū lillāhi qānitīn(a).
[238] Jogoen kabeh sembahyange (riko) lan (jogonen) sembahyang wusthaa. 66 Ngadekko kerono Alloh (jero sembahyange) kambi khusyu’
66) Shalat wustho iku shalat hang tengah tengah lan hang utomo. Sembayang wusto “sembayang Ashar” kanggone separone akeh ahli hadist ayat iki nguataken kabeh sembahyang iku kudu di lakoni kkamibi saapik apike.

فَاِنْ خِفْتُمْ فَرِجَالًا اَوْ رُكْبَانًا ۚ فَاِذَآ اَمِنْتُمْ فَاذْكُرُوا اللّٰهَ كَمَا عَلَّمَكُمْ مَّا لَمْ تَكُوْنُوْا تَعْلَمُوْنَ٢٣٩
Fa'in khiftum farijālan au rukbānā(n), fa'iżā amintum fażkurullāha kamā ‘allamakum mā lam takūnū ta‘lamūn(a).
[239] Kadung riko jero keadaane wedi (belahi), mongko sembahyango kambi mlaku utowo numpak kendaraan. Sakmarine masio riko wes aman, mongko nyebuto Alloh (sembahyango), saktemene Alloh mari ngajarno kanggo riko opo hang durung riko weruh.

وَالَّذِيْنَ يُتَوَفَّوْنَ مِنْكُمْ وَيَذَرُوْنَ اَزْوَاجًاۖ وَّصِيَّةً لِّاَزْوَاجِهِمْ مَّتَاعًا اِلَى الْحَوْلِ غَيْرَ اِخْرَاجٍ ۚ فَاِنْ خَرَجْنَ فَلَا جُنَاحَ عَلَيْكُمْ فِيْ مَا فَعَلْنَ فِيْٓ اَنْفُسِهِنَّ مِنْ مَّعْرُوْفٍۗ وَاللّٰهُ عَزِيْزٌ حَكِيْمٌ٢٤٠
Wal-lażīna yutawaffauna minkum wa yażarūna azwājā(n), waṣiyyatal li'azwājihim matā‘an ilal-ḥauli gaira ikhrāj(in), fa'in kharajna falā junāḥa ‘alaikum fī mā fa‘alna fī anfusihinna mim ma‘rūf(in), wallāhu ‘azīzun ḥakīm(un).
[240] Lan wong-wong anatarane riko hang arep mati, lan ninggalaken rabine, kudune ngawe wasiat kanggo rabi-rabine, (yoiku) nguweni nafkah sampek setaun lawase Kambi sing dikongkon ngaleh (teko omahe), taping kudune arep ngaleh (dewek), mongko sing ono duso kanggo riko (wali utowo waris teko endi hang mati) nggeningaken riko gawe hang makruf nganggo dewekk riko. Lan Alloh moho perkoso kambi wicksono.

وَلِلْمُطَلَّقٰتِ مَتَاعٌ ۢبِالْمَعْرُوْفِۗ حَقًّا عَلَى الْمُتَّقِيْنَ٢٤١
Wa lil-muṭallaqāti matā‘um bil-ma‘rūf(i), ḥaqqan ‘alal-muttaqīn(a).
[241] Kanggo wadon-wadone hang dipegat (kudune diweni Kambi lanangane) mut’ah 67 nganggone hang makruf, gedugu iku kwajibane wong-wong hang taqwa.
67) Mut’ah maksude wenenan yoiku wenenan hang di wenakaken nyang hang wadon hang wes dipegat kanggo nyenengaken atine, sak liyani nafkah hang podo ning kemampuane

كَذٰلِكَ يُبَيِّنُ اللّٰهُ لَكُمْ اٰيٰتِهٖ لَعَلَّكُمْ تَعْقِلُوْنَ ࣖ٢٤٢
Każālika yubayyinullāhu lakum āyātihī la‘allakum ta‘qilūn(a).
[242] Hang gedigu iku Gysti Alloh nerangaken kanggo riko ayat-ayate (hukum-hukume) myane riko mahami.

۞ اَلَمْ تَرَ اِلَى الَّذِيْنَ خَرَجُوْا مِنْ دِيَارِهِمْ وَهُمْ اُلُوْفٌ حَذَرَ الْمَوْتِۖ فَقَالَ لَهُمُ اللّٰهُ مُوْتُوْا ۗ ثُمَّ اَحْيَاهُمْ ۗ اِنَّ اللّٰهَ لَذُوْ فَضْلٍ عَلَى النَّاسِ وَلٰكِنَّ اَكْثَرَ النَّاسِ لَا يَشْكُرُوْنَ٢٤٣
Alam tara ilal-lażīna kharajū min diyārihim wa hum ulūfun ḥażaral-maut(i), faqāla lahumullāhu mūtū, ṡumma aḥyāhum, inallāha lażū faḍlin ‘alan-nāsi wa lākinna akṡaran-nāsi lā yasykurūn(a).
[243] Ono to riko sing merhatekaken wong-wong kang metu teko kampong riko, masio riko ewon-ewonan(jumlahe) kerono wedi mati; mongko Alloh nguweni Dawuh kanggo wong-wong iku: “matio siro kabeh” 68 , terus Gusti Alloh nguripno riko. Saktemene Alloh nduweni anuggrah kanggo manungso taping akeh akehe menugso sing gelem syukur.
68) Separone ahli tafsir (koyo attabari lan ibnu kasir) ngartekaken mati ning kene kkamibi arti hang sakbenere, kadong ahli tafsir hang liyo, ngartekaken nyang mati semangate.

وَقَاتِلُوْا فِيْ سَبِيْلِ اللّٰهِ وَاعْلَمُوْٓا اَنَّ اللّٰهَ سَمِيْعٌ عَلِيْمٌ٢٤٤
Wa qātilū fī sabīlillāhi wa‘lamū annallāha samī‘un ‘alīm(un).
[244] Lan perango riko kabeh nang dalane Gusti Alloh, lan ngertio saktemene Alloh Moho kerungu kambi moho ngeweruhe.

مَنْ ذَا الَّذِيْ يُقْرِضُ اللّٰهَ قَرْضًا حَسَنًا فَيُضٰعِفَهٗ لَهٗٓ اَضْعَافًا كَثِيْرَةً ۗوَاللّٰهُ يَقْبِضُ وَيَبْصُۣطُۖ وَاِلَيْهِ تُرْجَعُوْنَ٢٤٥
Man żal-lażī yuqriḍullāha qarḍan ḥasanan fayuḍā‘ifahū lahū aḍ‘āfan kaṡīrah(tan), wallāhu yaqbiḍu wa yabsuṭ(u), wa ilaihi turja‘ūn(a).
[245] Sopo hang gelem nguweni siliyan kanggo Gusti Alloh, siliyan hang apik (nguweniaken hartane nang dalane Alloh), mongko Alloh arep nguweni dobel bayarane kanggo riko kambi dobelan hang akeh. Lan Alloh nyemptaken lan ngeluasaken (rezeki lan nyang Gusti Alloh riko kabeh dibalekaken.

اَلَمْ تَرَ اِلَى الْمَلَاِ مِنْۢ بَنِيْٓ اِسْرَاۤءِيْلَ مِنْۢ بَعْدِ مُوْسٰىۘ اِذْ قَالُوْا لِنَبِيٍّ لَّهُمُ ابْعَثْ لَنَا مَلِكًا نُّقَاتِلْ فِيْ سَبِيْلِ اللّٰهِ ۗ قَالَ هَلْ عَسَيْتُمْ اِنْ كُتِبَ عَلَيْكُمُ الْقِتَالُ اَلَّا تُقَاتِلُوْا ۗ قَالُوْا وَمَا لَنَآ اَلَّا نُقَاتِلَ فِيْ سَبِيْلِ اللّٰهِ وَقَدْاُخْرِجْنَا مِنْ دِيَارِنَا وَاَبْنَاۤىِٕنَا ۗ فَلَمَّا كُتِبَ عَلَيْهِمُ الْقِتَالُ تَوَلَّوْا اِلَّا قَلِيْلًا مِّنْهُمْ ۗوَاللّٰهُ عَلِيْمٌ ۢبِالظّٰلِمِيْنَ٢٤٦
Alam tara ilal-mala'i mim banī isrā'īla mim ba‘di mūsā, iż qālū linabiyyil lahumub‘aṡ lanā malikan nuqātil fī sabīlillāh(i), qāla hal ‘asaitum in kutiba ‘alaikumul-qitālu allā tuqātilū, qālū wa mā lanā allā nuqātila fī sabīlillāhi wa qad ukhrijnā min diyārinā wa abnā'inā, falammā kutiba ‘alaihimul-qitālu tawallau illā qalīlam minhum, wallāhu ‘alīmum biẓ-ẓālimīn(a).
[246] Opo riko sing merhatekaken nyang penggede penggedene Bani Isroil sak marine Nabi Musa, yoiku masio wong-wong iku ngomong nyang Nabine: “angkaten kanggo kene wong hang dadi rojo supoyo kene perang (nang ngisore pimpinan) nyang dalane Alloh”. Nabine njawab: “biso baen kadung siro kabeh di wajibaken perang, siro kabeh sing gelem perang.” Wong-wong iku njawab: “apowo kene sing gelem perang ning dalane Alloh, padahal kene wes diusir teko tanah kelahiran kene lan anak anake kene?” 69 . Mongko wayahe perang iku diwajibaken kanggo wong-wong iku, wong-wong iku ngelio, kejobo wong setik baen ning antarane wong-wong iku. Lan Gusti Alloh moho ngeweruhi wong-wong hang dzolim.
69) Maksude, wong-wong iku di usir lan anak anake di kerangkeng

وَقَالَ لَهُمْ نَبِيُّهُمْ اِنَّ اللّٰهَ قَدْ بَعَثَ لَكُمْ طَالُوْتَ مَلِكًا ۗ قَالُوْٓا اَنّٰى يَكُوْنُ لَهُ الْمُلْكُ عَلَيْنَا وَنَحْنُ اَحَقُّ بِالْمُلْكِ مِنْهُ وَلَمْ يُؤْتَ سَعَةً مِّنَ الْمَالِۗ قَالَ اِنَّ اللّٰهَ اصْطَفٰىهُ عَلَيْكُمْ وَزَادَهٗ بَسْطَةً فِى الْعِلْمِ وَالْجِسْمِ ۗ وَاللّٰهُ يُؤْتِيْ مُلْكَهٗ مَنْ يَّشَاۤءُ ۗ وَاللّٰهُ وَاسِعٌ عَلِيْمٌ٢٤٧
Wa qāla lahum nabiyyuhum innallāha qad ba‘aṡa lakum ṭālūta malikā(n), qālū annā yakūnu lahul-mulku ‘alainā wa naḥnu aḥaqqu bil-mulki minhu wa lam yu'ta sa‘atam minal-māl(i), qāla innallāhaṣṭafāhu ‘alaikum wa zādahū basṭatan fil-‘ilmi wal-jism(i), wallāhu yu'tī mulkahū may yasyā'(u), wallāhu wāsi‘un ‘alīm(un).
[247] Lan wes dawuh Nabi ne wong iku nyang wong-wong iku kabeh riko. Saktemene Gusti Alloh wes ngutus Thalut dadi rojone wong-wong iku”. Wong-wong iku jawab: “klendi thalut merintah kene, kudune kene hang lebeh berhak ngature pemerintah ketimbang nyane, masio iyane sing diuweni dunyo akeh? “ (Nabine) najwab: “saktemene Gusti Alloh wes milih nyane dadi rojo siro kabeh lan nguweni ilmu hang werok lan awake hang joyo” lan Gusti Alloh nguweni kerajaan kanggo sopo baen hang dipengine. Lan Gusti Alloh moho wero nguwenine kambi moho weruh.

وَقَالَ لَهُمْ نَبِيُّهُمْ اِنَّ اٰيَةَ مُلْكِهٖٓ اَنْ يَّأْتِيَكُمُ التَّابُوْتُ فِيْهِ سَكِيْنَةٌ مِّنْ رَّبِّكُمْ وَبَقِيَّةٌ مِّمَّا تَرَكَ اٰلُ مُوْسٰى وَاٰلُ هٰرُوْنَ تَحْمِلُهُ الْمَلٰۤىِٕكَةُ ۗ اِنَّ فِيْ ذٰلِكَ لَاٰيَةً لَّكُمْ اِنْ كُنْتُمْ مُّؤْمِنِيْنَ ࣖ٢٤٨
Wa qāla lahum nabiyyuhum inna āyata mulkihī ay ya'tiyakumut-tābūtu fīhi sakīnatum mir rabbikum wa baqiyyatum mimmā taraka ālu mūsā wa ālu hārūna taḥmiluhul-malā'ikah(tu), inna fī żālika la āyatal lakum in kuntum mu'minīn(a).
[248] Lan Nabi wong-wong iku dawuh kanggo wong iku kabeh: “Saktemene tondo iyane arep dadi rojo, yoiku balike tabut kanggo siro kabeh, nang jerone ono keterangane 70 teko Pangeran riko lan isune teko peninggalan kluargo Musa lan kluargo Harun: Tabut iku digowo kambi malaikat, saktemene hang gedigu iku ono tondo kanggo riko kabeh, kadung riko kabeh wong hang iman.
70) Tabut iku peti hang kanggo nyimpen Taurot hang nggowo ketentrenteman kanggo wong-wong iku

فَلَمَّا فَصَلَ طَالُوْتُ بِالْجُنُوْدِ قَالَ اِنَّ اللّٰهَ مُبْتَلِيْكُمْ بِنَهَرٍۚ فَمَنْ شَرِبَ مِنْهُ فَلَيْسَ مِنِّيْۚ وَمَنْ لَّمْ يَطْعَمْهُ فَاِنَّهٗ مِنِّيْٓ اِلَّا مَنِ اغْتَرَفَ غُرْفَةً ۢبِيَدِهٖ ۚ فَشَرِبُوْا مِنْهُ اِلَّا قَلِيْلًا مِّنْهُمْ ۗ فَلَمَّا جَاوَزَهٗ هُوَ وَالَّذِيْنَ اٰمَنُوْا مَعَهٗۙ قَالُوْا لَا طَاقَةَ لَنَا الْيَوْمَ بِجَالُوْتَ وَجُنُوْدِهٖ ۗ قَالَ الَّذِيْنَ يَظُنُّوْنَ اَنَّهُمْ مُّلٰقُوا اللّٰهِ ۙ كَمْ مِّنْ فِئَةٍ قَلِيْلَةٍ غَلَبَتْ فِئَةً كَثِيْرَةً ۢبِاِذْنِ اللّٰهِ ۗ وَاللّٰهُ مَعَ الصّٰبِرِيْنَ٢٤٩
Falammā faṣala ṭālūtu bil-junūd(i), qāla innallāha mubtalīkum binahar(in), faman syariba minhu falaisa minnī, wa mal lam yaṭ‘amhu fa innahū minnī illā manigtarafa gurfatam biyadih(ī), fa syaribū minhu illā qalīlam minhum, falammā jāwazahū huwa wal-lażīna āmanū ma‘ah(ū), qālū lā ṭāqata lanal-yauma bijālūta wa junūdih(ī), qālal-lażīna yaẓunnūna annahum mulāqullāh(i), kam min fi'atin qalīlatin galabat fi'atan kaṡīratam bi'iżnillāh(i), wallāhu ma‘aṣ-ṣābirīn(a).
[249] Mongko pas Thalut metu ngowo tentarane, iyane ngomong: "Saktemene Gusti Alloh arep nguji riko kambi kali. Mongko sopo baen anrarane riko hang ngumbe banyune, duduk golongane isun. Lan sopo baen kang osing ngombe, kejobo sak jumputan nganggo tangane, mongko iyane yoiku jajerane isun' Sakwise riko ngombene kejobo pirang-pirang wong nang antarane riko. Mongko masio Thalut lan wong-wong hang iman bareng iyane mari ngelewati kali iku, wong-wong hang mari ngombe ngomong: " sing ono hang gelem isun nang dino iki nganggo ngelawan Jalut lan tentarane. "Wong-wong hang percoyo nang riko arep nemone Alloh ngomong: "pirang akehe kedaden jajerane hang sitik enthuk ngajuraken jajerane kang akeh Kambi ijine Alloh. Lan Alloh Kambi wong-wong sabar!

وَلَمَّا بَرَزُوْا لِجَالُوْتَ وَجُنُوْدِهٖ قَالُوْا رَبَّنَآ اَفْرِغْ عَلَيْنَا صَبْرًا وَّثَبِّتْ اَقْدَامَنَا وَانْصُرْنَا عَلَى الْقَوْمِ الْكٰفِرِيْنَ ۗ٢٥٠
Wa lammā barazū lijālūta wa junūdihī qālū rabbanā afrig ‘alainā ṣabraw wa ṡabbit aqdāmanā wanṣurnā ‘alal-qaumil-kāfirīn(a).
[250] Pas wong-wong iku katon jalut lan tentarane, wong-wong iku (Thalut lan jejerane) dungo:"duh Pangeran kene, wenehono sabar nang awak kene, lan netepno pendiriaane kene lan bantunen kene nyang wong-wong kafir.

فَهَزَمُوْهُمْ بِاِذْنِ اللّٰهِ ۗوَقَتَلَ دَاوٗدُ جَالُوْتَ وَاٰتٰىهُ اللّٰهُ الْمُلْكَ وَالْحِكْمَةَ وَعَلَّمَهٗ مِمَّا يَشَاۤءُ ۗ وَلَوْلَا دَفْعُ اللّٰهِ النَّاسَ بَعْضَهُمْ بِبَعْضٍ لَّفَسَدَتِ الْاَرْضُ وَلٰكِنَّ اللّٰهَ ذُوْ فَضْلٍ عَلَى الْعٰلَمِيْنَ٢٥١
Fahazamūhum bi'iżnillāh(i), wa qatala dāwūdu jālūta wa ātāhullāhul-mulka wal-ḥikmata wa ‘allamahū mimmā yasyā'(u), wa lau lā daf‘ullāhin-nāsa ba‘ḍahum biba‘ḍil lafasadatil-arḍu wa lākinnallāha żū faḍlin ‘alal-‘ālamīn(a).
[251] Wong-wong (tentarane Thalut) ngalahno tentarane Jalut kambi ijine Alloh lan (jerone perang iku) Daud mateni Jalut, sakteruse Gusti Alloh nguweni kanggone (Daud) kerajaan lan hikmah 71, (sak marine matine Thalut) lan ngajaraken kanggone opo hang ditentokaken. Kadung Gusti Alloh sing nolak (kebengisan) separone menungso kambi saparone hang liyo. Mestine rosak bumi iki. Taping Gusti Alloh nduweni karunia (hang dicurahaken) kanggo alam kabeh.
71) Hang dikarepaken ning kene yoiku kenabian lan zabur

تِلْكَ اٰيٰتُ اللّٰهِ نَتْلُوْهَا عَلَيْكَ بِالْحَقِّ ۗ وَاِنَّكَ لَمِنَ الْمُرْسَلِيْنَ ۔٢٥٢
Tilka āyātullāhi natlūhā ‘alaika bil-ḥaqq(i), wa innaka laminal-mursalīn(a).
[252] Iku ayat-ayate Alloh. Isun (Gusti Alloh) macakaken kanggo riko, kambi hak (bener) lan saktemene riko (Muhamnad) benerbener salah sijine tekan pirang pirang Rosul.

۞ تِلْكَ الرُّسُلُ فَضَّلْنَا بَعْضَهُمْ عَلٰى بَعْضٍۘ مِنْهُمْ مَّنْ كَلَّمَ اللّٰهُ وَرَفَعَ بَعْضَهُمْ دَرَجٰتٍۗ وَاٰتَيْنَا عِيْسَى ابْنَ مَرْيَمَ الْبَيِّنٰتِ وَاَيَّدْنٰهُ بِرُوْحِ الْقُدُسِۗ وَلَوْ شَاۤءَ اللّٰهُ مَا اقْتَتَلَ الَّذِيْنَ مِنْۢ بَعْدِهِمْ مِّنْۢ بَعْدِ مَا جَاۤءَتْهُمُ الْبَيِّنٰتُ وَلٰكِنِ اخْتَلَفُوْا فَمِنْهُمْ مَّنْ اٰمَنَ وَمِنْهُمْ مَّنْ كَفَرَ ۗوَلَوْ شَاۤءَ اللّٰهُ مَا اقْتَتَلُوْاۗ وَلٰكِنَّ اللّٰهَ يَفْعَلُ مَا يُرِيْدُ ࣖ٢٥٣
Tilkar-rusulu faḍḍalnā ba‘ḍahum ‘alā ba‘ḍ(in), minhum man kallamallāhu wa rafa‘a ba‘ḍahum darajāt(in), wa ātainā ‘īsabna maryamal-bayyināti wa ayyadnāhu birūḥil-qudus(i), wa lau syā'allāhu maqtatalal-lażīna mim ba‘dihim mim ba‘di mā jā'athumul-bayyinātu wa lākinikhtalafū fa minhum man āmana wa minhum man kafar(a), wa lau syā'allāhu maqtatalū, wa lākinnallāha yaf‘alu mā yurīd(u).
[253] Rasul-rasul iku Isun (Alloh) lebihaken separune kabeh duwur separuh hang liyo. Ning antarane iyane kabeh ono hang Gusti Alloh ngomong-ngomong (langsung Kambi yane) lan sebagiane Gusti Alloh ngangkat 72 piro-piro derajate. Lan Isun (Alloh) nguweni marang Isa anak lanange Maryam piro-piro mukjizat sertane Isun (Alloh) kuataken yane kambi Ruhul Qudus. 73 Lan kadong Gusti Alloh ngarepaken, pastine sing patenpatenan wong-wong (hang teko) sakwise Rasul-rasul iku, sakwise ketekan marang wong-wong kabeh piro-piro macam keterangan, lan tetapine riko kabeh tokaran, moko ono ning antarane riko kabeh hang duwe iman lan ono (pisan) ning antarane riko kabeh hang kafir:. Sak umpomone Gusti Alloh Ngarepaken, sing kiro wong iku kabeh paten-patenan. Lan tetapine Gusti Alloh ngelakoni paran hang dikarepaken.
72) Yaiku Nabi Muhammad SAW. 73) Deleng maning not. 69.

يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْٓا اَنْفِقُوْا مِمَّا رَزَقْنٰكُمْ مِّنْ قَبْلِ اَنْ يَّأْتِيَ يَوْمٌ لَّا بَيْعٌ فِيْهِ وَلَا خُلَّةٌ وَّلَا شَفَاعَةٌ ۗوَالْكٰفِرُوْنَ هُمُ الظّٰلِمُوْنَ٢٥٤
Yā ayyuhal-lażīna āmanū anfiqū mimmā razaqnākum min qabli ay ya'tiya yaumul lā bai‘un fīhi wa lā khullatuw wa lā syafā‘ah(tun), wal-kāfirūna humuẓ-ẓālimūn(a).
[254] Hei wong-wong hang podo iman, belonjo’no (ning dalane Gusti Alloh) separuh teko rezeki hang wis Isun (Alloh) nguweni ning riko sak durunge teko dino hang ono dino iki sing ono maning dodolan lan sing ono maning konco’an hang parek lan sing ono maning syafa’at. 74 Lan wong-wong kafir iku tah wong-wong hang dholim.
74) Deleng not 46.

اَللّٰهُ لَآ اِلٰهَ اِلَّا هُوَۚ اَلْحَيُّ الْقَيُّوْمُ ەۚ لَا تَأْخُذُهٗ سِنَةٌ وَّلَا نَوْمٌۗ لَهٗ مَا فِى السَّمٰوٰتِ وَمَا فِى الْاَرْضِۗ مَنْ ذَا الَّذِيْ يَشْفَعُ عِنْدَهٗٓ اِلَّا بِاِذْنِهٖۗ يَعْلَمُ مَا بَيْنَ اَيْدِيْهِمْ وَمَا خَلْفَهُمْۚ وَلَا يُحِيْطُوْنَ بِشَيْءٍ مِّنْ عِلْمِهٖٓ اِلَّا بِمَا شَاۤءَۚ وَسِعَ كُرْسِيُّهُ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضَۚ وَلَا يَـُٔوْدُهٗ حِفْظُهُمَاۚ وَهُوَ الْعَلِيُّ الْعَظِيْمُ٢٥٥
Allāhu lā ilāha illā huw(a), al-ḥayyul-qayyūm(u), lā ta'khużuhū sinatuw wa lā naum(un), lahū mā fis-samāwāti wa mā fil-arḍ(i), man żal-lażī yasyfa‘u ‘indahū illā bi'iżnih(ī), ya‘lamu mā baina aidīhim wa mā khalfahum, wa lā yuḥīṭūna bisyai'im min ‘ilmihī illā bimā syā'(a), wasi‘a kursiyyuhus-samāwāti wal-arḍ(a), wa lā ya'ūduhū ḥifẓuhumā, wa huwal-‘aliyyul-‘aẓīm(u).
[255] Alloh seng ono Pengeran sak liyane Gusti Alloh kang moho urip, kang moho terus terusan ngurus (makhluke), seng ngantuk lan seng turu. Hang duwe paren baen hang ono ning langit kambi hang ono ning bumi. Seng ono hang biso nguweni syafaat ning sandinge. Gusti Alloh tanpo izine. Alloh weruh paran hang ono neng ngarepe wong kabeh lan weruh paren hang ono neng mburine wong kabeh, lan wong kabeh iku seng weruh paren-paren sangking ilmu-ne kejobo paren hang wes dikarepaken. Kursine 75 termasuk langit kambi bumi. Lan Alloh seng ngeroso abot njogo karo-karone. Alloh moho duwur, moho gedhi.
75) Kursi ning jero ayat iki kamibi sebagian mufassirin di artikno kamibi ilmu Alloh lan ono pisan hang ngartekno kamibi kekuasaane Gusti Alloh. Pendapate hang shohih kang maknane Kursi yaiku panggonan panggon telapak sikile Gusti Alloh.

لَآ اِكْرَاهَ فِى الدِّيْنِۗ قَدْ تَّبَيَّنَ الرُّشْدُ مِنَ الْغَيِّ ۚ فَمَنْ يَّكْفُرْ بِالطَّاغُوْتِ وَيُؤْمِنْۢ بِاللّٰهِ فَقَدِ اسْتَمْسَكَ بِالْعُرْوَةِ الْوُثْقٰى لَا انْفِصَامَ لَهَا ۗوَاللّٰهُ سَمِيْعٌ عَلِيْمٌ٢٥٦
Lā ikrāha fid-dīn(i), qat tabayyanar-rusydu minal-gayy(i), famay yakfur biṭ-ṭāgūti wa yu'mim billāhi fa qadistamsaka bil-‘urwatil-wuṡqā, lanfiṣāma lahā, wallāhu samī‘un ‘alīm(un).
[256] Seng ono poksoan neng njerone nganut agomo Islam, saktemene wes jelas (bedone) antara dalan hang bener kambi dalan hang elek. Sopo uwong hang ngadoh teko thagut 76 (setan kambi paren baen hang disembah sakliane Gusti Alloh) lan nduwe iman neng Alloh, dadi saktemene, wong iku nyekel (singset) neng tali hang paling kuat hang seng mungkin pedot. Alloh moho krungu, moho weruh.
76) Thaghut yaiku syaitan lan paran baen hang disembah sak liyane teko Gusti Alloh Swt.

اَللّٰهُ وَلِيُّ الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا يُخْرِجُهُمْ مِّنَ الظُّلُمٰتِ اِلَى النُّوْرِۗ وَالَّذِيْنَ كَفَرُوْٓا اَوْلِيَاۤؤُهُمُ الطَّاغُوْتُ يُخْرِجُوْنَهُمْ مِّنَ النُّوْرِ اِلَى الظُّلُمٰتِۗ اُولٰۤىِٕكَ اَصْحٰبُ النَّارِۚ هُمْ فِيْهَا خٰلِدُوْنَ ࣖ٢٥٧
Allāhu waliyyul-lażīna āmanū yukhrijuhum minaẓ-ẓulumāti ilan-nūr(i), wal-lażīna kafarū auliyā'uhumuṭ-ṭāgūtu yukhrijuhum minan-nūri ilaẓ-ẓulumāt(i), ulā'ika aṣḥābun-nār(i), hum fīhā khālidūn(a).
[257] Gusti Alloh ngelindungi wong-wong hang duwe iman : Alloh ngetokaken riko kabeh teko kepetengan (kekufuran) neng cohoyo (iman). Lan wong-wong kafir, hang ngelindungi yoiku setan, hang ngetokaken nyang wong-wong mau kabeh teko cohoyo neng kepetengan (kekafiran). Wong-wong kabeh iku hang manggon neng neroko, wong-wong iku kabeh saklawase neng jerone.

اَلَمْ تَرَ اِلَى الَّذِيْ حَاۤجَّ اِبْرٰهٖمَ فِيْ رَبِّهٖٓ اَنْ اٰتٰىهُ اللّٰهُ الْمُلْكَ ۘ اِذْ قَالَ اِبْرٰهٖمُ رَبِّيَ الَّذِيْ يُحْيٖ وَيُمِيْتُۙ قَالَ اَنَا۠ اُحْيٖ وَاُمِيْتُ ۗ قَالَ اِبْرٰهٖمُ فَاِنَّ اللّٰهَ يَأْتِيْ بِالشَّمْسِ مِنَ الْمَشْرِقِ فَأْتِ بِهَا مِنَ الْمَغْرِبِ فَبُهِتَ الَّذِيْ كَفَرَ ۗوَاللّٰهُ لَا يَهْدِى الْقَوْمَ الظّٰلِمِيْنَۚ٢٥٨
Alam tara ilal-lażī ḥājja ibrāhīma fī rabbihī an ātāhullāhul-mulk(a), iż qāla ibrāhīmu rabbiyal-lażī yuḥyī wa yumīt(u), qāla ana uḥyī wa umīt(u), qāla ibrāhīmu fa innallāha ya'tī bisy-syamsi minal-masyriqi fa'ti bihā minal-magribi fabuhital-lażī kafar(a), wallāhu lā yahdil-qaumaẓ-ẓālimīn(a).
[258] Opo riko sing merhatikno nyang wong kang nyangkal nang Ibrohim mas’alah pangerane (Alloh) kerono Alloh wis nguweni kambi wong iku keraton (kekuasaan). Nalika Ibrohim ngomong: ’Pangeran Isun yaiku hang nguripaken lan matikaken”. Wong iku ngomong: “isun biso nguripaken kambi matikaken. Ibrohim ngomong; saktemene Alloh ngetokaken serngenge teko wetan, moko tokno serngenge teko kulon, mari iku meneng baen womg kafir iku; lan Alloh heng nguweni dalan pituduh neng wong-wong hang zolim.

اَوْ كَالَّذِيْ مَرَّ عَلٰى قَرْيَةٍ وَّهِيَ خَاوِيَةٌ عَلٰى عُرُوْشِهَاۚ قَالَ اَنّٰى يُحْيٖ هٰذِهِ اللّٰهُ بَعْدَ مَوْتِهَا ۚ فَاَمَاتَهُ اللّٰهُ مِائَةَ عَامٍ ثُمَّ بَعَثَهٗ ۗ قَالَ كَمْ لَبِثْتَ ۗ قَالَ لَبِثْتُ يَوْمًا اَوْ بَعْضَ يَوْمٍۗ قَالَ بَلْ لَّبِثْتَ مِائَةَ عَامٍ فَانْظُرْ اِلٰى طَعَامِكَ وَشَرَابِكَ لَمْ يَتَسَنَّهْ ۚ وَانْظُرْ اِلٰى حِمَارِكَۗ وَلِنَجْعَلَكَ اٰيَةً لِّلنَّاسِ وَانْظُرْ اِلَى الْعِظَامِ كَيْفَ نُنْشِزُهَا ثُمَّ نَكْسُوْهَا لَحْمًا ۗ فَلَمَّا تَبَيَّنَ لَهٗ ۙ قَالَ اَعْلَمُ اَنَّ اللّٰهَ عَلٰى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيْرٌ٢٥٩
Au kal-lażī marra ‘alā qaryatiw wa hiya khāwiyatun ‘alā ‘urūsyihā, qāla annā yuḥyī hāżihillāhu ba‘da mautihā, fa'amātahullāhu mi'ata ‘āmin ṡumma ba‘aṡah(ū), qāla kam labiṡt(a), qāla labiṡtu yauman au ba‘ḍa yaum(in), qāla bal labiṡta mi'ata ‘āmin fanẓur ilā ṭa‘āmika wa syarābika lam yatasannah, wanẓur ilā ḥimārik(a), wa linaj‘alaka āyatal lin-nāsi wanẓur ilal-‘iẓāmi kaifa nunsyizuhā ṡumma naksūhā laḥmā(n), falammā tabayyana lah(ū), qāla a‘lamu annallāha ‘alā kulli syai'in qadīr(un).
[259] Utowo koyo uwong kang ngeliwati salah siji negoro kang (bangunane) wis rubuh sampek nutupi (ceceran) atap-atape, siro ngomong “klendi pengeran nguripaken maning (negoro) iku sakwise ajur?” Terus Pengeran mateni (uwong iku) satus tahun suwine, mari iku ngadekaken (dikumpul aken maning). Lan (Pengeran) takon, “Sepiro suwine siro manggon (nong kene)? Wong iku jawab: sedino utowo setengan dino” Pengeran dawuh “Oseng! siro manggon satus taun. Delengen panganan lan ombenan siro durung uwah, tapi delengen keledai siro (kang wis dadi belung-belung), lan myakne sun dadekaken siro tondo kuasane Ingsun kanggo menungso. Delengen belung-belung (keledai iku), kelendi sun nggawe maning, mari iku sun selimuti nganggo daging “Mongko naliko mongso wes nyoto kanggo siro. Siro ngomong “Isun ngeweruhi kadung pangeran moho nguasai nyang paran baen.

وَاِذْ قَالَ اِبْرٰهٖمُ رَبِّ اَرِنِيْ كَيْفَ تُحْيِ الْمَوْتٰىۗ قَالَ اَوَلَمْ تُؤْمِنْ ۗقَالَ بَلٰى وَلٰكِنْ لِّيَطْمَىِٕنَّ قَلْبِيْ ۗقَالَ فَخُذْ اَرْبَعَةً مِّنَ الطَّيْرِ فَصُرْهُنَّ اِلَيْكَ ثُمَّ اجْعَلْ عَلٰى كُلِّ جَبَلٍ مِّنْهُنَّ جُزْءًا ثُمَّ ادْعُهُنَّ يَأْتِيْنَكَ سَعْيًا ۗوَاعْلَمْ اَنَّ اللّٰهَ عَزِيْزٌ حَكِيْمٌ ࣖ٢٦٠
Wa iż qāla ibrāhīmu rabbi arinī kaifa tuḥyil-mautā, qāla awalam tu'min, qāla balā wa lākil liyaṭma'inna qalbī, qāla fakhuż arba‘atam minaṭ-ṭairi faṣurhunna ilaika ṡummaj‘al ‘alā kulli jabalim minhunna juz'an ṡummad‘uhunna ya'tīnaka sa‘yā(n), wa‘lam annallāha ‘azīzun ḥakīm(un).
[260] Lan (ilinggo siro) waktune Ibrohim ngomong,”He Pengeran ingsun, delengno neng isun kelendi riko nguripaken wong wes mati” Alloh dawuh: Dorong percoyo tah riko?” yane (Ibrohim) jawab, “isun percoyo, tapi supoyo atine isun tenang (mantep) . Gusti Alloh dawuh “mongko juwuto siro petang manuk, terus pecel-pecelen, sakteruse delehen ning duwure putuk-putuk sak bangian-bagian, sakteruse, celuken, mongko teko nang siro kelawan cepet -cepet. Lan ngertio siro saktemene Gusti Alloh moho perkoso lan moho wicaksono.

مَثَلُ الَّذِيْنَ يُنْفِقُوْنَ اَمْوَالَهُمْ فِيْ سَبِيْلِ اللّٰهِ كَمَثَلِ حَبَّةٍ اَنْۢبَتَتْ سَبْعَ سَنَابِلَ فِيْ كُلِّ سُنْۢبُلَةٍ مِّائَةُ حَبَّةٍ ۗ وَاللّٰهُ يُضٰعِفُ لِمَنْ يَّشَاۤءُ ۗوَاللّٰهُ وَاسِعٌ عَلِيْمٌ٢٦١
Maṡalul-lażīna yunfiqūna amwālahum fī sabīlillāhi kamaṡali ḥabbatin ambatat sab‘a sanābila fī kulli sumbulatim mi'atu ḥabbah(tin), wallāhu yuḍā‘ifu limay yasyā'(u), wallāhu wāsi‘un ‘alīm(un).
[261] Gambarane wong kang nginfakkaken bondone ning dalane Gusti Alloh koyo umpamane sak wiji kang nyukulaken pitung jalang, saben-saben jalang ono satus wiji, Gusti Alloh ngakehaken kanggo sopo hang Alloh karepaen. Lan Gusti Alloh moho weruh lan moho ngaweruhi.

اَلَّذِيْنَ يُنْفِقُوْنَ اَمْوَالَهُمْ فِيْ سَبِيْلِ اللّٰهِ ثُمَّ لَا يُتْبِعُوْنَ مَآ اَنْفَقُوْا مَنًّا وَّلَآ اَذًىۙ لَّهُمْ اَجْرُهُمْ عِنْدَ رَبِّهِمْۚ وَلَا خَوْفٌ عَلَيْهِمْ وَلَا هُمْ يَحْزَنُوْنَ٢٦٢
Allażīna yunfiqūna amwālahum fī sabīlillāhi ṡumma lā yutbi‘ūna mā anfaqū mannaw wa lā ażā(n), lahum ajruhum ‘inda rabbihim, wa lā khaufun ‘alaihim wa lā hum yaḥzanūn(a).
[262] Uwong-wong hang nginfakaen bondone neng dalane Gusti Alloh, sak teruse sing ngiringi paran hang diinfakkaen iku Kambi ngundat-ngundat lan ngelarani (perasaan kang nerimo), kanggo wong iku kabeh ganjaran reng sandinge pengerane wong iku kabeh. Seng ono roso wedi kambi wong iku kabeh lan wong iku kabeh seng nelongso atine.

۞ قَوْلٌ مَّعْرُوْفٌ وَّمَغْفِرَةٌ خَيْرٌ مِّنْ صَدَقَةٍ يَّتْبَعُهَآ اَذًى ۗ وَاللّٰهُ غَنِيٌّ حَلِيْمٌ٢٦٣
Qaulum ma‘rūfuw wa magfiratun khairum min ṣadaqatiy yatba‘uhā ażā(n), wallāhu ganiyyun ḥalīm(un).
[263] Omongan hang apik lan kang nguweni sepuro lebih apik ketimbang sedekah hang disandingi perkoro hang ngelorokaen. Gusti Alloh moho sugeh lan moho penyantun.

يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا لَا تُبْطِلُوْا صَدَقٰتِكُمْ بِالْمَنِّ وَالْاَذٰىۙ كَالَّذِيْ يُنْفِقُ مَالَهٗ رِئَاۤءَ النَّاسِ وَلَا يُؤْمِنُ بِاللّٰهِ وَالْيَوْمِ الْاٰخِرِۗ فَمَثَلُهٗ كَمَثَلِ صَفْوَانٍ عَلَيْهِ تُرَابٌ فَاَصَابَهٗ وَابِلٌ فَتَرَكَهٗ صَلْدًا ۗ لَا يَقْدِرُوْنَ عَلٰى شَيْءٍ مِّمَّا كَسَبُوْا ۗ وَاللّٰهُ لَا يَهْدِى الْقَوْمَ الْكٰفِرِيْنَ٢٦٤
Yā ayyuhal-lażīna āmanū lā tubṭilū ṣadaqātikum bil-manni wal-ażā, kal-lażī yunfiqu mālahū ri'ā'an-nāsi wa lā yu'minu billāhi wal-yaumil-ākhir(i), fa maṡaluhū kamaṡali ṣafwānin ‘alaihi turābun fa'aṣābahū wābilun fatarakahū ṣaldā(n), lā yaqdirūna ‘alā syai'im mimmā kasabū, wallāhu lā yahdil-qaumal-kāfirīn(a).
[264] He wong-wong hang duwe iman! Ojo riko ngerosak sedekah riko kelawan ngundat-ngundat lan ngeloroni (perasaan hang diweni), koyo wong hang nginfakaen dunyone kerono riya’ (pamer) marang menungso lan seng duwe iman nyang Alloh lan dino akhir. Umpomone (wong iku) koyo watu hang gemilap hang ring duwure ono lebu. Terus watu mau dituruni banyu udan kang deres. Kariyo watu iku lunyu maning. Wong mau kabeh seng oleh paran-paran, teko paran baen hang wong-wong kabeh lakoni. Lan Alloh seng nguweni pituduh kanggo wong-wong kafir.

وَمَثَلُ الَّذِيْنَ يُنْفِقُوْنَ اَمْوَالَهُمُ ابْتِغَاۤءَ مَرْضَاتِ اللّٰهِ وَتَثْبِيْتًا مِّنْ اَنْفُسِهِمْ كَمَثَلِ جَنَّةٍۢ بِرَبْوَةٍ اَصَابَهَا وَابِلٌ فَاٰتَتْ اُكُلَهَا ضِعْفَيْنِۚ فَاِنْ لَّمْ يُصِبْهَا وَابِلٌ فَطَلٌّ ۗوَاللّٰهُ بِمَا تَعْمَلُوْنَ بَصِيْرٌ٢٦٥
Wa maṡalul-lażīna yunfiqūna amwālahumubtigā'a marḍātillāhi wa taṡbītam min anfusihim kamaṡali jannatim birabwatin aṣābahā wābilun fa'ātat ukulahā ḍi‘fain(i), fa'illam yuṣibhā wābilun faṭall(un), wallāhu bimā ta‘malūna baṣīr(un).
[265] Lan perumpamaane wong-wong kang infakaken dunyone kanggo golet ridone Alloh lan kanggo neguhaken jiwane wong-wong iku koyo kebonan ning panggonan lemah hang duwur kang disirami udan kang deres, moko dadine kebonan iku ngasilaken woh-wohan peng pendone. Kapan udane deres heng nyirami, moko embun (iku nadongi). Lan Gusti Alloh iku hang maha Lan perumpamaane wong-wong kang infakaken dunyone kanggo golet ridone Alloh lan kanggo neguhaken jiwane wong-wong iku koyo kebonan ning panggonan lemah hang duwur kang disirami udan kang deres, moko dadine kebonan iku ngasilaken woh-wohan peng pendone. Kapan udane deres heng nyirami, moko embun (iku nadongi). Lan Gusti Alloh iku hang maha

اَيَوَدُّ اَحَدُكُمْ اَنْ تَكُوْنَ لَهٗ جَنَّةٌ مِّنْ نَّخِيْلٍ وَّاَعْنَابٍ تَجْرِيْ مِنْ تَحْتِهَا الْاَنْهٰرُۙ لَهٗ فِيْهَا مِنْ كُلِّ الثَّمَرٰتِۙ وَاَصَابَهُ الْكِبَرُ وَلَهٗ ذُرِّيَّةٌ ضُعَفَاۤءُۚ فَاَصَابَهَآ اِعْصَارٌ فِيْهِ نَارٌ فَاحْتَرَقَتْ ۗ كَذٰلِكَ يُبَيِّنُ اللّٰهُ لَكُمُ الْاٰيٰتِ لَعَلَّكُمْ تَتَفَكَّرُوْنَ ࣖ٢٦٦
Ayawaddu aḥadukum an takūna lahū jannatum min nakhīliw wa a‘nābin tajrī min taḥtihal-anhār(u), lahū fīhā min kulliṡ-ṡamarāt(i), wa aṣābahul-kibaru wa lahū żurriyyatun ḍu‘afā'(u), fa'aṣābahā i‘ṣārun fīhi nārun faḥtaraqat, każālika yubayyinullāhu lakumul-āyāti la‘allakum tatafakkarūn(a).
[266] Opo ono sewijine antarane riko kabeh hang kepengen nduweni kebon kurma lan anggur kang nang nginsore iku mili banyubanyu, ning kono riko duwe paran bain woh-wohan. Banjur teko wayahe tuwektuweke kerono riko duwe dulur hang mageh cilik-cilik banjur kebonan iku di terak angin hang anter hang ono genine, akhire kebonan iku kobongan. Gedigu iku Gusti Alloh nyampekaken ayat-ayat kanggo siro kabeh supoyo siro kabeh gelem mikir.

يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْٓا اَنْفِقُوْا مِنْ طَيِّبٰتِ مَا كَسَبْتُمْ وَمِمَّآ اَخْرَجْنَا لَكُمْ مِّنَ الْاَرْضِ ۗ وَلَا تَيَمَّمُوا الْخَبِيْثَ مِنْهُ تُنْفِقُوْنَ وَلَسْتُمْ بِاٰخِذِيْهِ اِلَّآ اَنْ تُغْمِضُوْا فِيْهِ ۗ وَاعْلَمُوْٓا اَنَّ اللّٰهَ غَنِيٌّ حَمِيْدٌ٢٦٧
Yā ayyuhal-lażīna āmanū anfiqū min ṭayyibāti mā kasabtum wa mimmā akhrajnā lakum minal-arḍ(i), wa lā tayammamul-khabīṡa minhu tunfiqūna wa lastum bi'ākhiżīhi illā an tugmiḍū fīh(i), wa‘lamū annallāha ganiyyun ḥamīd(un).
[267] Heh wong-wong hang podo iman sedekahno (ning dalane Gusti Alloh) separo teko asile penggawean siro hang apik-apik lan separo teko paran hang diuweni Gusti Alloh teko lemah kanggo siro kabeh. Siro kabeh ojo milih hang elek-elek terus riko sedekahaen ning uwong, padahal riko dewek seng gelem njuwut, kejobo kambi ngelirik moto ning uwong iku. Lan weruho saktemene Gusti Alloh iku moho sugih lan moho dipuji

اَلشَّيْطٰنُ يَعِدُكُمُ الْفَقْرَ وَيَأْمُرُكُمْ بِالْفَحْشَاۤءِ ۚ وَاللّٰهُ يَعِدُكُمْ مَّغْفِرَةً مِّنْهُ وَفَضْلًا ۗ وَاللّٰهُ وَاسِعٌ عَلِيْمٌ ۖ٢٦٨
Asy-syaiṭānu ya‘idukumul-faqra wa ya'murukum bil-faḥsyā'(i), wallāhu ya‘idukum magfiratam minhu wa faḍlā(n), wallāhu wāsi'un ‘alīm(un).
[268] Setan iku njanjekaken (meden-medeni) kemelaratan kanggo riko lan ngongkon siro ngelakoni elek (kikir), sakbalike Gusti Alloh njanjekaken pengapuro lan peparinge kanggo riko. Lan Alloh Moho jembar lan Moho ngaweruhi.

يُّؤْتِى الْحِكْمَةَ مَنْ يَّشَاۤءُ ۚ وَمَنْ يُّؤْتَ الْحِكْمَةَ فَقَدْ اُوْتِيَ خَيْرًا كَثِيْرًا ۗ وَمَا يَذَّكَّرُ اِلَّآ اُولُوا الْاَلْبَابِ٢٦٩
Yu'til-ḥikmata may yasyā'(u), wa may yu'tal-ḥikmata faqad ūtiya khairan kaṡīrā(n), wa mā yażżakkaru ilā ulul-albāb(i).
[269] Gusti Alloh nguweni hikmah nong sopo hang dikarepi. Sopo baen kang diuweni hikmah, mongko saktemene wong iku wes diweni keapikan hang akeh. Lan sing ono hang oleh njuwut pelajaran sakliyane wongwong hang nduweni akal sehat.

وَمَآ اَنْفَقْتُمْ مِّنْ نَّفَقَةٍ اَوْ نَذَرْتُمْ مِّنْ نَّذْرٍ فَاِنَّ اللّٰهَ يَعْلَمُهٗ ۗ وَمَا لِلظّٰلِمِيْنَ مِنْ اَنْصَارٍ٢٧٠
Wa mā anfaqtum min nafaqatin au nażartum min nażrin fa innallāha ya‘lamuh(ū), wa mā liẓ-ẓālimīna min anṣār(in).
[270] Lan paran baen infak hang siro uwakaen utowo nazar hang riko janjekaken mongko sakbenere Alloh ngaweruhi. Lan kanggo uwong hang dzalim sing ono uwong hang nulung.

اِنْ تُبْدُوا الصَّدَقٰتِ فَنِعِمَّا هِيَۚ وَاِنْ تُخْفُوْهَا وَتُؤْتُوْهَا الْفُقَرَاۤءَ فَهُوَ خَيْرٌ لَّكُمْ ۗ وَيُكَفِّرُ عَنْكُمْ مِّنْ سَيِّاٰتِكُمْ ۗ وَاللّٰهُ بِمَا تَعْمَلُوْنَ خَبِيْرٌ٢٧١
In tubduṣ-ṣadaqāti fani‘immā hiy(a), wa in tukhfūhā wa tu'tūhal-fuqarā'a fahuwa khairul lakum, wa yukaffiru ‘ankum min sayyi'ātikum, wallāhu bimā ta‘malūna khabīr(un).
[271] Kadung riko ngatokaken sedekah-sedekah mongko iku penggawe apik. Lan kadung riko nyengidakaken lan nguweni ning "wongwong" fakir, mongko iku lebih apik kanggo riko lan Alloh bakal busek separune dosandosan riko lan Alloh moho teliti nyang paran kang riko lakoni.

۞ لَيْسَ عَلَيْكَ هُدٰىهُمْ وَلٰكِنَّ اللّٰهَ يَهْدِيْ مَنْ يَّشَاۤءُ ۗوَمَا تُنْفِقُوْا مِنْ خَيْرٍ فَلِاَنْفُسِكُمْ ۗوَمَا تُنْفِقُوْنَ اِلَّا ابْتِغَاۤءَ وَجْهِ اللّٰهِ ۗوَمَا تُنْفِقُوْا مِنْ خَيْرٍ يُّوَفَّ اِلَيْكُمْ وَاَنْتُمْ لَا تُظْلَمُوْنَ٢٧٢
Laisa ‘alaika hudāhum wa lākinnallāha yahdī may yasyā'(u), wa mā tunfiqū min khairin fa li'anfusikum, wa mā tunfiqūna illabtigā'a wajhillāh(i), wa mā tunfiqū min khairiy yuwaffa ilaikum wa antum lā tuẓlamūn(a).
[272] Duduk kewajibane riko (Muhammad) ndadekaken wong-wong oleh pituduh, tapi Alloh hang nguweni pituduh ning sopo kang dikarepaken. Paran baen bondo kang riko infakaen, mongko (keapikane) kangggo awak riko dewek. Lan ojo riko nginfakaen kejobo kerono nggoleti ridhone Alloh. Lan paran baen bondo kang riko infakaen mesti riko bakal diweni (ganjaran) hang akeh lan riko sing bakal didzolimi (dirugikaken).

لِلْفُقَرَاۤءِ الَّذِيْنَ اُحْصِرُوْا فِيْ سَبِيْلِ اللّٰهِ لَا يَسْتَطِيْعُوْنَ ضَرْبًا فِى الْاَرْضِۖ يَحْسَبُهُمُ الْجَاهِلُ اَغْنِيَاۤءَ مِنَ التَّعَفُّفِۚ تَعْرِفُهُمْ بِسِيْمٰهُمْۚ لَا يَسْـَٔلُوْنَ النَّاسَ اِلْحَافًا ۗوَمَا تُنْفِقُوْا مِنْ خَيْرٍ فَاِنَّ اللّٰهَ بِهٖ عَلِيْمٌ ࣖ٢٧٣
Lil-fuqarā'il-lażīna uḥṣirū fī sabīlillāhi lā yastaṭī‘ūna ḍarban fil-arḍi yaḥsabuhumul-jāhilu agniyā'a minat-ta‘affuf(i), ta‘rifuhum bisīmāhum, lā yas'alūnan-nāsa ilḥāfā(n), wa mā tunfiqū min khairin fa innallāha bihī ‘alīm(un).
[273] (Paran kang riko infakaken) iku kanggo wong-wong fakir hang dialangi (usahane kerono jihad) ring dalane Gusti Alloh, dadi yane sing biso usaha kerono apes, (wong liyo) hang sing weruh ngaran- ngarani yane kabeh yoiku wong-wong sugih kerono yane kabeh njogo awak (teko ngemis-ngemis) riko (Muhammad) ngenal yane kabeh teko ciri-cirine, yane kabeh sing njaluk mokso ning wong liyo. Lan kabehe dunyo hang apik hang riko sedekahaen, mongko Alloh maha meruhi.

اَلَّذِيْنَ يُنْفِقُوْنَ اَمْوَالَهُمْ بِالَّيْلِ وَالنَّهَارِ سِرًّا وَّعَلَانِيَةً فَلَهُمْ اَجْرُهُمْ عِنْدَ رَبِّهِمْۚ وَلَا خَوْفٌ عَلَيْهِمْ وَلَا هُمْ يَحْزَنُوْنَ٢٧٤
Allażīna yunfiqūna amwālahum bil-laili wan-nahāri sirraw wa ‘alāniyatan falahum ajruhum ‘inda rabbihim, wa lā khaufun ‘alaihim wa lā hum yaḥzanūn(a).
[274] Wong-wong hang nginfakaen dunyone ring waktu bengi lan raino (corone) sengidan-sengidan utowo terang-terangan, mongko kabeh oleh ganjaran ring sandinge pengerane. Sing ono roso wedi ning yane kabeh lan sing susah ati.

اَلَّذِيْنَ يَأْكُلُوْنَ الرِّبٰوا لَا يَقُوْمُوْنَ اِلَّا كَمَا يَقُوْمُ الَّذِيْ يَتَخَبَّطُهُ الشَّيْطٰنُ مِنَ الْمَسِّۗ ذٰلِكَ بِاَنَّهُمْ قَالُوْٓا اِنَّمَا الْبَيْعُ مِثْلُ الرِّبٰواۘ وَاَحَلَّ اللّٰهُ الْبَيْعَ وَحَرَّمَ الرِّبٰواۗ فَمَنْ جَاۤءَهٗ مَوْعِظَةٌ مِّنْ رَّبِّهٖ فَانْتَهٰى فَلَهٗ مَا سَلَفَۗ وَاَمْرُهٗٓ اِلَى اللّٰهِ ۗ وَمَنْ عَادَ فَاُولٰۤىِٕكَ اَصْحٰبُ النَّارِ ۚ هُمْ فِيْهَا خٰلِدُوْنَ٢٧٥
Allażīna ya'kulūnar-ribā lā yaqūmūna illā kamā yaqūmul-lażī yatakhabbaṭuhusy-syaiṭānu minal-mass(i), żālika bi'annahum qālū innamal-bai‘u miṡlur-ribā, wa aḥallallāhul-bai‘a wa ḥarramar-ribā, faman jā'ahū mau‘iẓatum mir rabbihī fantahā falahū mā salaf(a), wa amruhū ilallāh(i), wa man ‘āda fa ulā'ika aṣḥābun-nār(i), hum fīhā khālidūn(a).
[275] Wong-wong hang mangan ribo heng biso tahan ngadek nanging kaya panyiapan saka wong hang diuweni dening setan amarga penyakit (meksa). Kabeh iku kerono padha ngomong kadung adol lan tuku padha kambi ribo. Saktemene Alloh wes ngalalhaken adol lan tuku lan ngaromaken riba. Sapa baen hang diwehi peringatan sangka pangerane, banjur dheweke mandheg (taubat), mongko paran hang wis diduweni kawitane dadi milike deweke, lan urusane (dibalekaken) marang Alloh. Sopo hang mbaleni (njuwut riba), mongko padha dadi penghuni neraka, padha manggon ing kono sak lawase.

يَمْحَقُ اللّٰهُ الرِّبٰوا وَيُرْبِى الصَّدَقٰتِ ۗ وَاللّٰهُ لَا يُحِبُّ كُلَّ كَفَّارٍ اَثِيْمٍ٢٧٦
Yamḥaqullāhur-ribā wa yurbiṣ-ṣadaqāt(i), wallāhu lā yuḥibbu kulla kaffārin aṡīm(in).
[276] Gusti Alloh numpes ribo lan nyuburaken sedekah. Gusti Alloh seng demen kambi wong-wong hang tetep sing percaya serta tukang ngelakoni duso.

اِنَّ الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَعَمِلُوا الصّٰلِحٰتِ وَاَقَامُوا الصَّلٰوةَ وَاٰتَوُا الزَّكٰوةَ لَهُمْ اَجْرُهُمْ عِنْدَ رَبِّهِمْۚ وَلَا خَوْفٌ عَلَيْهِمْ وَلَا هُمْ يَحْزَنُوْنَ٢٧٧
Innal-lażīna āmanū wa ‘amiluṣ-ṣāliḥāti wa aqāmuṣ-ṣalāta wa ātuz-zakāta lahum ajruhum ‘inda rabbihim, wa lā khaufun ‘alaihim wa lā hum yaḥzanūn(a).
[277] Saktemene wong-wong hang duwe iman, ngelakoni amal saleh, ngadegagen sembahyang Kambi mbayar zakat, iku kabeh ulih ganjaran neng sandinge pengerane (Gusti Alloh). Heng ono roso wedi kanggo wong iku kabeh Kambi heng duwe susahe ati.

يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوا اتَّقُوا اللّٰهَ وَذَرُوْا مَا بَقِيَ مِنَ الرِّبٰوٓا اِنْ كُنْتُمْ مُّؤْمِنِيْنَ٢٧٨
Yā ayyuhal-lażīna āmanuttaqullāha wa żarū mā baqiya minar-ribā in kuntum mu'minīn(a).
[278] He wong-wong hang duwe iman, wediho marang Gusti Alloh lan tinggalno sIsune riba (hang durung dijuwuti) umpomo riko wong-wong hang duwe iman.

فَاِنْ لَّمْ تَفْعَلُوْا فَأْذَنُوْا بِحَرْبٍ مِّنَ اللّٰهِ وَرَسُوْلِهٖۚ وَاِنْ تُبْتُمْ فَلَكُمْ رُءُوْسُ اَمْوَالِكُمْۚ لَا تَظْلِمُوْنَ وَلَا تُظْلَمُوْنَ٢٧٩
Fa'illam taf‘alū fa'żanū biḥarbim minallāhi wa rasūlih(ī), wa in tubtum falakum ru'ūsu amwālikum, lā taẓlimūna wa lā tuẓlamūn(a).
[279] Umpomo riko seng ngelakoni (ninggalaken sIsune riba), mongko weruho yen Gusti Alloh kambi utusane bakal merangi riko kabeh. Lan umpomo riko tobat (teko juwut riba), mongko kanggo riko buncine hartane riko. Riko kabeh heng arep nganioyo lan dianioyo.

وَاِنْ كَانَ ذُوْ عُسْرَةٍ فَنَظِرَةٌ اِلٰى مَيْسَرَةٍ ۗ وَاَنْ تَصَدَّقُوْا خَيْرٌ لَّكُمْ اِنْ كُنْتُمْ تَعْلَمُوْنَ٢٨٠
Wa in kāna żū ‘usratin fanaẓiratun ilā maisarah(tin), wa an taṣaddaqū khairul lakum in kuntum ta‘lamūn(a).
[280] Lan kadung (onok wong hang duwe utang iku) duwe kangelan, mongko wenono waktu sampek duwe kelonggaran. Lan nyedekahaken (separuh utowo kabeh utange) iku lebih apik kanggo riko, kadung riko meruhi.

وَاتَّقُوْا يَوْمًا تُرْجَعُوْنَ فِيْهِ اِلَى اللّٰهِ ۗثُمَّ تُوَفّٰى كُلُّ نَفْسٍ مَّا كَسَبَتْ وَهُمْ لَا يُظْلَمُوْنَ ࣖ٢٨١
Wattaqū yauman turja‘ūna fīhi ilallāh(i), ṡumma tuwaffā kullu nafsim mā kasabat wa hum lā yuẓlamūn(a).
[281] Lan jogoen awak riko kabeh teko (adzab hang kedaden) ing dino iku siro kabeh podo dibalekaen nang Alloh. Lan siji-sijine uwong oleh balesan hang adil mergo paran hang dilakoni, hale wong-wong kabeh iku heng onok hang dianioyo (dirugekaen).

يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْٓا اِذَا تَدَايَنْتُمْ بِدَيْنٍ اِلٰٓى اَجَلٍ مُّسَمًّى فَاكْتُبُوْهُۗ وَلْيَكْتُبْ بَّيْنَكُمْ كَاتِبٌۢ بِالْعَدْلِۖ وَلَا يَأْبَ كَاتِبٌ اَنْ يَّكْتُبَ كَمَا عَلَّمَهُ اللّٰهُ فَلْيَكْتُبْۚ وَلْيُمْلِلِ الَّذِيْ عَلَيْهِ الْحَقُّ وَلْيَتَّقِ اللّٰهَ رَبَّهٗ وَلَا يَبْخَسْ مِنْهُ شَيْـًٔاۗ فَاِنْ كَانَ الَّذِيْ عَلَيْهِ الْحَقُّ سَفِيْهًا اَوْ ضَعِيْفًا اَوْ لَا يَسْتَطِيْعُ اَنْ يُّمِلَّ هُوَ فَلْيُمْلِلْ وَلِيُّهٗ بِالْعَدْلِۗ وَاسْتَشْهِدُوْا شَهِيْدَيْنِ مِنْ رِّجَالِكُمْۚ فَاِنْ لَّمْ يَكُوْنَا رَجُلَيْنِ فَرَجُلٌ وَّامْرَاَتٰنِ مِمَّنْ تَرْضَوْنَ مِنَ الشُّهَدَۤاءِ اَنْ تَضِلَّ اِحْدٰىهُمَا فَتُذَكِّرَ اِحْدٰىهُمَا الْاُخْرٰىۗ وَلَا يَأْبَ الشُّهَدَۤاءُ اِذَا مَا دُعُوْا ۗ وَلَا تَسْـَٔمُوْٓا اَنْ تَكْتُبُوْهُ صَغِيْرًا اَوْ كَبِيْرًا اِلٰٓى اَجَلِهٖۗ ذٰلِكُمْ اَقْسَطُ عِنْدَ اللّٰهِ وَاَقْوَمُ لِلشَّهَادَةِ وَاَدْنٰىٓ اَلَّا تَرْتَابُوْٓا اِلَّآ اَنْ تَكُوْنَ تِجَارَةً حَاضِرَةً تُدِيْرُوْنَهَا بَيْنَكُمْ فَلَيْسَ عَلَيْكُمْ جُنَاحٌ اَلَّا تَكْتُبُوْهَاۗ وَاَشْهِدُوْٓا(...)٢٨٢
Yā ayyuhal-lażīna āmanū iżā tadāyantum bidainin ilā ajalim musamman faktubūh(u), walyaktub bainakum kātibum bil-‘adl(i), wa lā ya'ba kātibun ay yaktuba kamā ‘allamahullāhu falyaktub, walyumlilil-lażī ‘alaihil-ḥaqqu walyattaqillāha rabbahū wa lā yabkhas minhu syai'ā(n), fa'in kānal-lażī ‘alaihil-ḥaqqu safīhan au ḍa‘īfan au lā yastaṭī‘u ay yumilla huwa falyumlil waliyyuhū bil-‘adl(i), wastasyhidū syahīdaini mir rijāliūkum, fa'illam yakūnā rajulaini farajuluw wamra'atāni mimman tarḍauna minasy-syuhadā'i an taḍilla iḥdāhumā fatużakkira iḥdāhumal-ukhrā, wa lā ya'basy-syuhadā'u iżā mā du‘ū, wa lā tas'amū an taktubūhu ṣagīran au kabīran ilā ajalih(ī), żālikum aqsaṭu ‘indallāhi wa aqwamu lisy-syahādati wa adnā allā tartābū illā an takūna tijāratan ḥāḍiratan tudīrūnahā bainakum falaisa ‘alaikum junāḥun allā taktubūhā, wa asyhidū iżā tabāya‘tum, wa lā yuḍārra kātibuw wa lā syahīd(un), wa in taf‘alū fa'innahū fusūqum bikum, wattaqullāh(a), wa yu‘allimukumullāh(u), wallāhu bikulli syai'in ‘alīm(un).
[282] Hey wong-wong hang duwe iman, kadung riko arep utang piutang secara heng kontan kudune riko nyatet. Kudune salah siji neng antarane riko nyatet hang bener. Lan ojok tukang nulis iku seng gelem nyatet, hang di ajaraen Gusti Alloh, kudune riko tulis, lan uwong hang utang kudu merui (paran hang arep ditulis) lan kudune yane taqwa nyang Gusti Alloh, lan yane ojok ngurangi sitik baen teko utange. Kadung hang utang iku uwong apes akale utowo apes keadaane utowo yane dewek seng biso nyaksekaen, kudune waline marahi hang bener. Lan disaksekaen kambi wong lanang loro (neng antarane) kadung seng onok wong lanang loro, biso (oleh) gowo wong lanang siji lan wong wadon loro di enggo dadi saksi hang riko karepi, supoyo kadung onok hang salah siji lali onok hang liyone biso ngilingaken. Ojo sampek poro saksi iku seng gelem (nguweni keterangan) kadung diceluk, lan ojok riko bosen nulis utange iku, masio cilik utowo gedi sampek wates pembayaran. Hang gedigu iku lebih adil nang sandinge Gusti Alloh lan lebih nguwat(...)

۞ وَاِنْ كُنْتُمْ عَلٰى سَفَرٍ وَّلَمْ تَجِدُوْا كَاتِبًا فَرِهٰنٌ مَّقْبُوْضَةٌ ۗفَاِنْ اَمِنَ بَعْضُكُمْ بَعْضًا فَلْيُؤَدِّ الَّذِى اؤْتُمِنَ اَمَانَتَهٗ وَلْيَتَّقِ اللّٰهَ رَبَّهٗ ۗ وَلَا تَكْتُمُوا الشَّهَادَةَۗ وَمَنْ يَّكْتُمْهَا فَاِنَّهٗٓ اٰثِمٌ قَلْبُهٗ ۗ وَاللّٰهُ بِمَا تَعْمَلُوْنَ عَلِيْمٌ ࣖ٢٨٣
Wa in kuntum ‘alā safariw wa lam tajidū kātiban fa riḥānum maqbūḍah(tun), fa'in amina ba‘ḍukum ba‘ḍan falyu'addil-lażi'tumina amānatahū walyattaqillāha rabbah(ū), wa lā taktumusy syahādah(ta), wa may yaktumhā fa'innahū āṡimun qalbuh(ū), wallāhu bimā ta‘malūna ‘alīm(un).
[283] Kadung riko pas menyang neng dalan. (lan ngelakoni muamalah heng coro kontan) hale riko heng nemokaen wong kang nulis, mongko apike ono barang tanggungan hang dicekel (wong hang otang) mongko kadung separone riko mercoyo sakbagian hang lio, mongko apike hang dipercoyo iku ngelakokaken amanate (otange) lan kudune wong iku taqwa neng pengerane (Gusti Alloh). Lan ojo riko (poro saksi) nyengidaken kesaksiane. mongko saktemen wong iku yoro wong hang duso atine lan pengeran maha weruh paran hang riko lakoni.

لِلّٰهِ مَا فِى السَّمٰوٰتِ وَمَا فِى الْاَرْضِ ۗ وَاِنْ تُبْدُوْا مَا فِيْٓ اَنْفُسِكُمْ اَوْ تُخْفُوْهُ يُحَاسِبْكُمْ بِهِ اللّٰهُ ۗ فَيَغْفِرُ لِمَنْ يَّشَاۤءُ وَيُعَذِّبُ مَنْ يَّشَاۤءُ ۗ وَاللّٰهُ عَلٰى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيْرٌ٢٨٤
Lillāhi mā fis-samāwāti wa mā fil-arḍ(i), wa in tubdū mā fī anfusikum au tukhfūhu yuḥāsibkum bihillāh(u), fayagfiru limay yasyā'u wa yu‘ażżibu may yasyā'(u), wallāhu ‘alā kulli syai'in qadīr(un).
[284] Duwenane Gusti Alloh kabeh paran hang ono neng langit kambi paran hang ono neng bumi. Lan kadung riko ngelahiraken paran hang ono neng jero atin riko utowo riko nyengidakaken, mesti Alloh nggawe perhitungan kambi riko nyang kelakuan riko. Moko Gusti Alloh nyepuro kanggo sopo baen hang dikarepaken, Lan nyekso sopo baen hang dikarepaken lan Alloh iku Moho Kuoso marang sekabehane.

اٰمَنَ الرَّسُوْلُ بِمَآ اُنْزِلَ اِلَيْهِ مِنْ رَّبِّهٖ وَالْمُؤْمِنُوْنَۗ كُلٌّ اٰمَنَ بِاللّٰهِ وَمَلٰۤىِٕكَتِهٖ وَكُتُبِهٖ وَرُسُلِهٖۗ لَا نُفَرِّقُ بَيْنَ اَحَدٍ مِّنْ رُّسُلِهٖ ۗ وَقَالُوْا سَمِعْنَا وَاَطَعْنَا غُفْرَانَكَ رَبَّنَا وَاِلَيْكَ الْمَصِيْرُ٢٨٥
Āmanar-rasūlu bimā unzila ilaihi mir rabbihī wal-mu'minūn(a), kullun āmana billāhi wa malā'ikatihī wa kutubihī wa rusulih(ī), lā nufarriqu baina aḥadim mir rusulih(ī), wa qālū sami‘nā wa aṭa‘nā, gufrānaka rabbanā wa ilaikal-maṣīr(u).
[285] Rasul wes iman ring Al-Qur’an hang temurun reng Rasul teko Gusti Alloh. Semono ugo kanggo wong-wong kang podo iman marang Gusti Alloh, malaikat-malaikate, kitab-kitabe, lan Rosul-rosule. (kabeh podo ngomong): “awake dewek heng beda- bedaken kabeh uwong lan poro Rosule Gusti Alloh” lan kabeh podo ngomong:“ awake dewek kerungu lan taat”. Lan kabeh podo dungo “sepuronen kulo Gusti lan teng Ndiko kulo niki wangsul”.

لَا يُكَلِّفُ اللّٰهُ نَفْسًا اِلَّا وُسْعَهَا ۗ لَهَا مَا كَسَبَتْ وَعَلَيْهَا مَا اكْتَسَبَتْ ۗ رَبَّنَا لَا تُؤَاخِذْنَآ اِنْ نَّسِيْنَآ اَوْ اَخْطَأْنَا ۚ رَبَّنَا وَلَا تَحْمِلْ عَلَيْنَآ اِصْرًا كَمَا حَمَلْتَهٗ عَلَى الَّذِيْنَ مِنْ قَبْلِنَا ۚ رَبَّنَا وَلَا تُحَمِّلْنَا مَا لَا طَاقَةَ لَنَا بِهٖۚ وَاعْفُ عَنَّاۗ وَاغْفِرْ لَنَاۗ وَارْحَمْنَا ۗ اَنْتَ مَوْلٰىنَا فَانْصُرْنَا عَلَى الْقَوْمِ الْكٰفِرِيْنَ ࣖ٢٨٦
Lā yukallifullāhu nafsan illā wus‘ahā, lahā mā kasabat wa ‘alaihā maktasabat, rabbanā lā tu'ākhiżnā in nasīnā au akhṭa'nā, rabbanā wa lā taḥmil ‘alainā iṣran kamā ḥamaltahū ‘alal-lażīna min qablinā, rabbanā wa lā tuḥammilnā mā lā ṭāqata lanā bih(ī), wa‘fu ‘annā, wagfir lanā, warḥamnā, anta maulānā fanṣurnā ‘alal qaumil-kāfirīn(a).
[286] Gusti Alloh heng bebani umate kejobo kelawan sanggupe umate, iyane oleh ganjaran lan oleh keapikan kelawan hang dilakoni lan oleh sikso kelawan hang iyane lakoni. (Kabeh podo dungo): “Duh Gusti, ojo Ndiko bebani kulo kelawan beban kang abot, kados Ndiko bebani umat sak derenge kulo. Duh Gusti, ojo Ndiko pikulaken marang kulo kelawan hang boten sanggup kulo mikule. Duh Gusti, kulo nyuwun pengapuro lan ngerahmati kulo, Ndiko ingkang dados pelindunge kulo, lan nyuwun tulung lindungi kulo ngalahaken tiang-tiang kafir”.