Surah Maryam
بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
كۤهٰيٰعۤصۤ ۚ١
Kāf hā yā ‘aīn ṣād.
[1]
Kaaf Haa Yaa ‘Ain Ṣād
ذِكْرُ رَحْمَتِ رَبِّكَ عَبْدَهٗ زَكَرِيَّا ۚ٢
Żikru raḥmati rabbika ‘abdahū zakariyyā.
[2]
(Kang diwocokaken iki yoiku) penjelasane ngenengi rohmate pengeran siro nong kawulone Zakariya.
اِذْ نَادٰى رَبَّهٗ نِدَاۤءً خَفِيًّا٣
Iż nādā rabbahū nidā'an khafiyyā(n).
[3]
Yoiku wektu iyane ndungo nong pengerane ambi suoro kang alus.
قَالَ رَبِّ اِنِّيْ وَهَنَ الْعَظْمُ مِنِّيْ وَاشْتَعَلَ الرَّأْسُ شَيْبًا وَّلَمْ اَكُنْۢ بِدُعَاۤىِٕكَ رَبِّ شَقِيًّا٤
Qāla rabbi innī wahanal-‘aẓmu minnī wasyta‘alar-ra'su syaibaw wa lam akum bidu‘ā'ika rabbi syaqiyyā(n).
[4]
Iyane ngomong: “He Pengeranisun, saktemene belungisun wes lemes lan endasisun wes diperujuki uwan, lan isun durung tau sengsoro kadung dungo nong ndiko he pengeranisun.
وَاِنِّيْ خِفْتُ الْمَوَالِيَ مِنْ وَّرَاۤءِيْ وَكَانَتِ امْرَاَتِيْ عَاقِرًا فَهَبْ لِيْ مِنْ لَّدُنْكَ وَلِيًّا ۙ٥
Wa innī khiftul-mawāliya miw warā'ī wa kānatimra'atī ‘āqiran fahab lī mil ladunka waliyyā(n).
[5]
Lan saktemene isun kuwatir nong mawali isun 503 sakwise matinisun, sedeng wong wadonisun iku wong kang majer, mongko wenono isun teko sandinge riko anak lanang.
503) Kang dikarepaken Zakariyah ambi mawali yoiku wong-wong kang arep ngayomi lan ngelanjutaken urusane iyane sakwise ninggal dunyo. Kang dikuwatiraken zakariyah iku kadung iyan-iyane heng biso ngelakokaken urusan iku kelawan apik, kerono osing sakwong baen reng antarane iyan-iyane kang biso dipercoyoi, kerono sebab iku iyane njaluk supoyo diweni anak.
يَّرِثُنِيْ وَيَرِثُ مِنْ اٰلِ يَعْقُوْبَ وَاجْعَلْهُ رَبِّ رَضِيًّا٦
Yariṡunī wa yariṡu min āli ya‘qūba waj‘alhu rabbi raḍiyyā(n).
[6]
Kang arep marisi isun lan marisi sebagiane keluargone Ya’qub lan dadikno iyane, he pengeranisun, wong kang diridhoi”.
يٰزَكَرِيَّآ اِنَّا نُبَشِّرُكَ بِغُلٰمِ ِۨاسْمُهٗ يَحْيٰىۙ لَمْ نَجْعَلْ لَّهٗ مِنْ قَبْلُ سَمِيًّا٧
Yā zakariyyā innā nubasysyiruka bigulāminismuhū yaḥyā, lam naj‘al lahū min qablu samiyyā(n).
[7]
Hei Zakariyah, saktemene Isun nguweni kabar kang nyenengaken nong siro arep (oleh) anak lanang kang arane Yahya, kang sakdurunge Isun durung tau nggawe wong kang madani ambi iyane.
قَالَ رَبِّ اَنّٰى يَكُوْنُ لِيْ غُلٰمٌ وَّكَانَتِ امْرَاَتِيْ عَاقِرًا وَّقَدْ بَلَغْتُ مِنَ الْكِبَرِ عِتِيًّا٨
Qāla rabbi annā yakūnu lī gulāmuw wa kānatimra'atī ‘āqiraw wa qad balagtu minal-kibari ‘itiyyā(n).
[8]
Zakariyah ngomong: He , pengeranisun kelendi arep ono anak kanggonisun, padahal wong wadonisun iku wong kang majer lan isun dewek saktemene wes nyampek umur kang tuwek seru”.
قَالَ كَذٰلِكَۗ قَالَ رَبُّكَ هُوَ عَلَيَّ هَيِّنٌ وَّقَدْ خَلَقْتُكَ مِنْ قَبْلُ وَلَمْ تَكُ شَيْـًٔا٩
Qāla każālik(a), qāla rabbuka huwa ‘alayya hayyinuw wa qad khalaqtuka min qablu wa lam taku syai'ā(n).
[9]
Pengeran dawuh: “Gedigulah” pengeran dawuh: “Perihal iku gampang kanggo Isun; lan saktemene wes Isun nggawe siro nong wektu sedurunge iku, masio siro (reng waktu iku) durung ono blas”.
قَالَ رَبِّ اجْعَلْ لِّيْٓ اٰيَةً ۗقَالَ اٰيَتُكَ اَلَّا تُكَلِّمَ النَّاسَ ثَلٰثَ لَيَالٍ سَوِيًّا١٠
Qāla rabbij‘al lī āyah(tan), qāla āyatuka allā tukalliman-nāsa ṡalāṡa layālin sawiyyā(n).
[10]
Zakariyah ngomong: “he pengeranisun, wenono isun siji tenger”. Pengeran dawuh ”Tanda kanggo siro yoiku kadung siro osing biso omong-omongan nong menungso saksuwine telung bengi, masio waktu iku siro sehat”.
فَخَرَجَ عَلٰى قَوْمِهٖ مِنَ الْمِحْرَابِ فَاَوْحٰٓى اِلَيْهِمْ اَنْ سَبِّحُوْا بُكْرَةً وَّعَشِيًّا١١
Fa kharaja ‘alā qaumihī minal-miḥrābi fa auḥā ilaihim an sabbiḥū bukrataw wa ‘asyiyyā(n).
[11]
Mongko iyane metu teko mihrob nuju nong kaume, terus iyane nguweni isyarat nong iyan-iyane; apike siro moco tasbih nong waktu isuk lan waktu peteng.
يٰيَحْيٰى خُذِ الْكِتٰبَ بِقُوَّةٍ ۗوَاٰتَيْنٰهُ الْحُكْمَ صَبِيًّاۙ١٢
Yā yaḥyā khużil-kitāba biquwwah(tin), wa ātaināhul-ḥukma ṣabiyyā(n).
[12]
He Yahya, njumputo 504 Al-Kitab (Taurot) iku ambi temenanan. Lan Isun nguweni nong kono hikmah 505 bangete iyane mage cilik-cilik.
504) Maksude: pelajarono Taurot iku, lakonono isine, lan sampekno nong umat siro.
505) Maksude: mahami Taurot lan njerokaken agomo.
وَّحَنَانًا مِّنْ لَّدُنَّا وَزَكٰوةً ۗوَكَانَ تَقِيًّا ۙ١٣
Wa ḥanānam mil ladunnā wa zakāh(tan), wa kāna taqiyyā(n).
[13]
Lan roso welas asih kang jeru teko sandingisun lan rijige (teko duso). Lan iyane iku wong kang takwa.
وَّبَرًّاۢ بِوَالِدَيْهِ وَلَمْ يَكُنْ جَبَّارًا عَصِيًّا١٤
Wa barram biwālidaihi wa lam yakun jabbāran ‘aṣiyyā(n).
[14]
Lan akeh baktine nong wong tuwek lorone, lan iyane dudu wong kang congkak tur duroko.
وَسَلٰمٌ عَلَيْهِ يَوْمَ وُلِدَ وَيَوْمَ يَمُوْتُ وَيَوْمَ يُبْعَثُ حَيًّا ࣖ١٥
Wa salāmun ‘alaihi yauma wulida wa yauma yamūtu wa yauma yub‘aṡu ḥayyā(n).
[15]
Mugo’o sejahtera nong awake iyane reng dino dilahiraken, nong dino iyane mati lan nong dino iyane ditangekaken urip maning.
وَاذْكُرْ فِى الْكِتٰبِ مَرْيَمَۘ اِذِ انْتَبَذَتْ مِنْ اَهْلِهَا مَكَانًا شَرْقِيًّا ۙ١٦
Ważkur fil-kitābi maryam(a), iżintabażat min ahlihā makānan syarqiyyā(n).
[16]
Lan nyeritakno (kisahe) Maryam nong jero Al-Qur’an, yoiku waktu iyane ngedohaken awake teko keluargane nong siji panggonan reng sebelah wetan.
فَاتَّخَذَتْ مِنْ دُوْنِهِمْ حِجَابًاۗ فَاَرْسَلْنَآ اِلَيْهَا رُوْحَنَا فَتَمَثَّلَ لَهَا بَشَرًا سَوِيًّا١٧
Fattakhażat min dūnihim ḥijābā(n), fa arsalnā ilaihā rūḥanā fa tamaṡṡala lahā basyaran sawiyyā(n).
[17]
Mongko iyane nggawe selambu (kang nutupi) teko wong-wong; terus Isun ngutus roh Isun 506 nong iyane, mongko iyane (Jibril a.s) ngerupo nong ngarepe iyane (ambi wujud) kang sempurno.
506) Maksude: Jibril a.s.
قَالَتْ اِنِّيْٓ اَعُوْذُ بِالرَّحْمٰنِ مِنْكَ اِنْ كُنْتَ تَقِيًّا١٨
Qālat innī a‘ūżu bir-raḥmāni minka in kunta taqiyyā(n).
[18]
Maryam ngomong: “Saktemene isun njaluk aman (berlindung) teko (elek’e awak) siro nong pengeran kang Moho Murah kadung siro iku wong kang takwa.
قَالَ اِنَّمَآ اَنَا۠ رَسُوْلُ رَبِّكِۖ لِاَهَبَ لَكِ غُلٰمًا زَكِيًّا١٩
Qāla innamā ana rasūlu rabbik(a), li'ahaba laki gulāman zakiyyā(n).
[19]
Iyane (Jibril) ngomong: “ Saktemene isun iki mung wong kang dadi utusane pengeran siro, kanggo nguweni anak lanang kang rijig (suci)”.
قَالَتْ اَنّٰى يَكُوْنُ لِيْ غُلٰمٌ وَّلَمْ يَمْسَسْنِيْ بَشَرٌ وَّلَمْ اَكُ بَغِيًّا٢٠
Qālat annā yakūnu lī gulāmuw wa lam yamsasnī basyaruw wa lam aku bagiyyā(n).
[20]
Maryam ngomong: “Kelendi arep ono kanggo isun anak lanang, sedeng osing ono wong siji baen kang tau nguthik isun lan isun dudu’ (ugo) wong kang zino!”
قَالَ كَذٰلِكِۚ قَالَ رَبُّكِ هُوَ عَلَيَّ هَيِّنٌۚ وَلِنَجْعَلَهٗٓ اٰيَةً لِّلنَّاسِ وَرَحْمَةً مِّنَّاۚ وَكَانَ اَمْرًا مَّقْضِيًّا٢١
Qāla każālik(a), qāla rabbuka huwa ‘alayya hayyin(un), wa linaj‘alahū āyatal lin-nāsi wa raḥmatam minnā, wa kāna amram maqḍiyyā(n).
[21]
Jibril ngomong: gedigu wes, pengeran siro ngomong: “perihal iku gampang kanggonisun; lan supoyo biso isun dadekaken siji tenger kanggo menungso lan biso’o dadi rohmat teko isun; lan perihal iku perkoro kang wes diputusi”.
۞ فَحَمَلَتْهُ فَانْتَبَذَتْ بِهٖ مَكَانًا قَصِيًّا٢٢
Fa ḥamalathu fantabażat bihī makānan qaṣiyyā(n).
[22]
Mongko Maryam meteng lare, terus iyane ngadohaken awake kambi lare kang nong kandungane iku nong panggonan kang adoh.
فَاَجَاۤءَهَا الْمَخَاضُ اِلٰى جِذْعِ النَّخْلَةِۚ قَالَتْ يٰلَيْتَنِيْ مِتُّ قَبْلَ هٰذَا وَكُنْتُ نَسْيًا مَّنْسِيًّا٢٣
Fa ajā'ahal-makhāḍu ilā jiz‘in nakhlah(ti), qālat yā laitanī mittu qabla hāżā wa kuntu nas-yam mansiyyā(n).
[23]
Mongko roso loro arep ngelahiraken anake mokso iyane (semende) nong bongkote uwet kurmo, iyane ngomong: “Manggo’o apike isun mati sakdurunge iki, lan isun dadi (wong) kang heng ono artine ugo (wong) kang dilalekaken”.
فَنَادٰىهَا مِنْ تَحْتِهَآ اَلَّا تَحْزَنِيْ قَدْ جَعَلَ رَبُّكِ تَحْتَكِ سَرِيًّا٢٤
Fa nādāhā min taḥtihā allā taḥzanī qad ja‘ala rabbuki taḥtaki sariyyā(n).
[24]
Mongko Jibril nyeluk teko panggonan kang lebih ngisor: “Ojo siro susah ati, saktemene pengeran siro uwes dadekaken banyu mili nong ngisore siro.
وَهُزِّيْٓ اِلَيْكِ بِجِذْعِ النَّخْلَةِ تُسٰقِطْ عَلَيْكِ رُطَبًا جَنِيًّا ۖ٢٥
Wa huzzī ilaiki bijiz‘in-nakhlati tusāqiṭ ‘alaiki ruṭaban janiyyā(n).
[25]
Lan oragen kayune uwit kurmo iku nong arah siro, pasti uwite iku arep nyiciraken uwoh kurmo kang mateng nong siro.
فَكُلِيْ وَاشْرَبِيْ وَقَرِّيْ عَيْنًا ۚفَاِمَّا تَرَيِنَّ مِنَ الْبَشَرِ اَحَدًاۙ فَقُوْلِيْٓ اِنِّيْ نَذَرْتُ لِلرَّحْمٰنِ صَوْمًا فَلَنْ اُكَلِّمَ الْيَوْمَ اِنْسِيًّا ۚ٢٦
Fa kulī wasyrabī wa qarrī ‘ainā(n), fa immā tarayinna minal-basyari aḥadā(n), fa qūlī innī nażartu lir-raḥmāni ṣauman falan ukallimal-yauma insiyyā(n).
[26]
Mongko mangan, ngombe lan seneng-senengno atine siro, kadung siro weruh wong, mongko ngomongo: “Saktemene isun wes nazar puoso enggo pengeran kang Moho Pemurah, mongko isun osing arep ngomong ambi wong sopo baen nong dino iki”.
فَاَتَتْ بِهٖ قَوْمَهَا تَحْمِلُهٗ ۗقَالُوْا يٰمَرْيَمُ لَقَدْ جِئْتِ شَيْـًٔا فَرِيًّا٢٧
Fa atat bihī qaumahā taḥmiluh(ū), qālū yā maryamu laqad ji'ti syai'an fariyyā(n).
[27]
Mongko Maryam nggowo lare bayi iku nong kaume ambi gendongi (bayine). Kaume podo ngomong: “He Maryam, saktemene siro wes ngelakoni barang kang seru mungkare.
يٰٓاُخْتَ هٰرُوْنَ مَا كَانَ اَبُوْكِ امْرَاَ سَوْءٍ وَّمَا كَانَتْ اُمُّكِ بَغِيًّا ۖ٢٨
Yā ukhta hārūna kāna abūkimra'a sau'iw wa mā kānat ummuki bagiyyā(n).
[28]
He dulur wadone Harun 507 ), bapak siro sepisan-pisano dudu’ wong kang kurang ajar lan emak siro sepisan-pisano dudu penzino”.
507) Maryam diceluk “dulur wadone Harun”, kerono iyane wong wadon kang sholeh koyo sholehe Nabi Harun a.s.
فَاَشَارَتْ اِلَيْهِۗ قَالُوْا كَيْفَ نُكَلِّمُ مَنْ كَانَ فِى الْمَهْدِ صَبِيًّا٢٩
Fa asyārat ilaīh(i), qālū kaifa nukallimu man kāna fil-mahdi ṣabiyyā(n).
[29]
Mongko Maryam nuding nong anake. Iyan-iyane podo ngomong: “Kelendi isun kabeh arep ngomong nong lare cilik kang mage ono reng gendongan?”
قَالَ اِنِّيْ عَبْدُ اللّٰهِ ۗاٰتٰىنِيَ الْكِتٰبَ وَجَعَلَنِيْ نَبِيًّا ۙ٣٠
Qāla innī ‘abdullāh(i), ātāniyal-kitāba wa ja‘alanī nabiyyā(n).
[30]
Ngomonglah Isa: “Saktemene isun iki kawulone Gusti Alloh. Iyane nguweni isun Al-Kitab (Injil) lan Iyane ndadekaken isun dadi nabi.
وَّجَعَلَنِيْ مُبٰرَكًا اَيْنَ مَا كُنْتُۖ وَاَوْصٰنِيْ بِالصَّلٰوةِ وَالزَّكٰوةِ مَا دُمْتُ حَيًّا ۖ٣١
Wa ja‘alanī mubārakan aina mā kunt(u), wa auṣānī biṣ-ṣalāti waz-zakāti mā dumtu ḥayyā(n).
[31]
Lan Iyane ndadekaken isun wong kang diberkati reng endi baen isun ono, lan Iyane merintah nong isun (ngadekaken) sholat lan (aweh) zakat selawas isun urip;
وَّبَرًّاۢ بِوَالِدَتِيْ وَلَمْ يَجْعَلْنِيْ جَبَّارًا شَقِيًّا٣٢
Wa barram biwālidatī wa lam yaj‘alnī jabbāran syaqiyyā(n).
[32]
Lan baktiyo nong emak siro, lan Iyane osing ndadekaken isun wong kang congkak tur belai.
وَالسَّلٰمُ عَلَيَّ يَوْمَ وُلِدْتُّ وَيَوْمَ اَمُوْتُ وَيَوْمَ اُبْعَثُ حَيًّا٣٣
Was-salāmu ‘alayya yauma wulittu wa yauma amūtu wa yauma ub‘aṡu ḥayyā(n).
[33]
Lan kesejahteraan mugo-mugo disebaraken nong isun, nong dino isun dilahiraken, nong dino isun mati lan nong dino isun ditangekaken urip maning”.
ذٰلِكَ عِيْسَى ابْنُ مَرْيَمَ ۚقَوْلَ الْحَقِّ الَّذِيْ فِيْهِ يَمْتَرُوْنَ٣٤
Żālika ‘īsabnu maryam(a), qaulal-ḥaqqil-lażī fīhi yamtarūn(a).
[34]
Gedigu Isa anak lanange Maryam, kang ngomongi ambi omongan kang bener, kang wong-wong podo bantah-bantahan ngenengi kebenerane.
مَا كَانَ لِلّٰهِ اَنْ يَّتَّخِذَ مِنْ وَّلَدٍ سُبْحٰنَهٗ ۗاِذَا قَضٰٓى اَمْرًا فَاِنَّمَا يَقُوْلُ لَهٗ كُنْ فَيَكُوْنُ ۗ٣٥
Mā kāna lillāhi ay yattakhiża miw waladin subḥānah(ū), iżā qaḍā amran fa innamā yaqūlu lahū kun fa yakūn(u).
[35]
Osing pantes Gusti Alloh duwe anak, Moho suci (rijig) Iyane, kadung Iyane mutusaken perkoro mongko Iyane ngomong nong iku “dadio”, mongko dadi (perkoro iku).
وَاِنَّ اللّٰهَ رَبِّيْ وَرَبُّكُمْ فَاعْبُدُوْهُ ۗهٰذَا صِرَاطٌ مُّسْتَقِيْمٌ٣٦
Wa innallāha rabbī wa rabbukum fa‘budūh(u), hāżā ṣirāṭum mustaqīm(un).
[36]
Saktemene Gusti Alloh iku pengeran isun lan pengeran siro, mongko nyembaho nong Iyane siro kabeh, iki dalan kang kenceng.
فَاخْتَلَفَ الْاَحْزَابُ مِنْۢ بَيْنِهِمْۚ فَوَيْلٌ لِّلَّذِيْنَ كَفَرُوْا مِنْ مَّشْهَدِ يَوْمٍ عَظِيْمٍ٣٧
Fakhtalafal-aḥzābu mim bainihim, fa wailul lil-lażīna kafarū mim masyhadi yaumin ‘aẓīm(in).
[37]
Mongko bedo-bedoan golongan-golongan (kang ono) ning antarane iyan-iyane. 508 Mongko belahi (gedi) kanggo wong-wong kafir nong wektu nakseni (weruh) dino kang gedi.
508) Yoiku: wong-wong Yahudi lan Nasroni utowo antarane podo-podo Yahudi utowo podo-podo Nasroni.
اَسْمِعْ بِهِمْ وَاَبْصِرْۙ يَوْمَ يَأْتُوْنَنَا لٰكِنِ الظّٰلِمُوْنَ الْيَوْمَ فِيْ ضَلٰلٍ مُّبِيْنٍ٣٨
Asmi‘ bihim wa abṣir, yauma ya'tūnanā lākiniẓ-ẓālimūnal-yauma fī ḍalālim mubīn(in).
[38]
Kari padang pengrungune iyan-iyane lan kari landep pendelenge iyan-iyane nong dino iyan-iyane teko nong Isun. Taping wong-wong kang anioyo reng dino iki (ning dunyo) ono reng keadaan kesasar kang jelas.
وَاَنْذِرْهُمْ يَوْمَ الْحَسْرَةِ اِذْ قُضِيَ الْاَمْرُۘ وَهُمْ فِيْ غَفْلَةٍ وَّهُمْ لَا يُؤْمِنُوْنَ٣٩
Wa anżirhum yaumal-ḥasrati iż quḍiyal-amr(u), wa hum fī gaflatiw wa hum lā yu'minūn(a).
[39]
Lan wenono iyan-iyane wedenan nong dino kari getune, (yoiku) wektu kabeh perkoro wes diputusaken. Lan iyan-iyane (ono reng keadaan) lali-laliyan lan iyan-iyane osing (ugo) iman.
اِنَّا نَحْنُ نَرِثُ الْاَرْضَ وَمَنْ عَلَيْهَا وَاِلَيْنَا يُرْجَعُوْنَ ࣖ٤٠
Innā naḥnu nariṡul-arḍa wa man ‘alaihā wa ilainā yurja‘ūn(a).
[40]
Saktemene ingsun marisi bumi 509 lan kabeh wong-wong kang ono nong duwure lan mung nong isun iki iyan-iyane dibalekaken.
509) “Marisi bumi” maksude: sakmarine alam dunyo iki ancur kabeh. Mongko mung Gusti Alloh kang langgeng.
وَاذْكُرْ فِى الْكِتٰبِ اِبْرٰهِيْمَ ەۗ اِنَّهٗ كَانَ صِدِّيْقًا نَّبِيًّا٤١
Ważkur fil-kitābi ibrāhīm(a), innahū kāna ṣiddīqan nabiyyā(n).
[41]
Ceritakno (he Muhammad) kisahe Ibrohim nong jero Al-Kitab (Al-Qur’an) iki. Saktemene iyane iku wong kang pol beneraken 510 (lan ugo dadi) nabi.
510) Maksude: yoiku Ibrohim a.s iku Nabi kang cepet seru beneraken kabeh perkoro kang ghoib kang teko Alloh.
اِذْ قَالَ لِاَبِيْهِ يٰٓاَبَتِ لِمَ تَعْبُدُ مَا لَا يَسْمَعُ وَلَا يُبْصِرُ وَلَا يُغْنِيْ عَنْكَ شَيْـًٔا٤٢
Iż qāla li'abīhi yā abati lima ta‘budu mā lā yasma‘u wa lā yubṣiru wa lā yugnī ‘anka syai'ā(n).
[42]
Engeto wektu iyane ngomong nong bapak’e: “He bapak isun, apuo riko nyembah barang kang osing rungu, osing ndeleng lan osing biso nolong riko babar pisan?
يٰٓاَبَتِ اِنِّيْ قَدْ جَاۤءَنِيْ مِنَ الْعِلْمِ مَا لَمْ يَأْتِكَ فَاتَّبِعْنِيْٓ اَهْدِكَ صِرَاطًا سَوِيًّا٤٣
Yā abati innī qad jā'anī minal-‘ilmi mā lam ya'tika fattabi‘nī ahdika ṣirāṭan sawiyyā(n).
[43]
He bapak’ isun, saktemene wes teko nong isun sebagiane ilmu kaweruhan kang osing teko nong riko, mongko miluo nong isun, pasti arep isun duduhaken nong riko dalan kang kenceng.
يٰٓاَبَتِ لَا تَعْبُدِ الشَّيْطٰنَۗ اِنَّ الشَّيْطٰنَ كَانَ لِلرَّحْمٰنِ عَصِيًّا٤٤
Yā abati lā ta‘budisy-syaiṭān(a), innasy-syaiṭāna kāna lir-raḥmāni ‘aṣiyyā(n).
[44]
He bapak’ isun, ojo’o riko nyembah syetan. Saktemene syetan iku duroko nong pengeran kang Moho Murah.
يٰٓاَبَتِ اِنِّيْٓ اَخَافُ اَنْ يَّمَسَّكَ عَذَابٌ مِّنَ الرَّحْمٰنِ فَتَكُوْنَ لِلشَّيْطٰنِ وَلِيًّا٤٥
Yā abati innī akhāfu ay yamassaka ‘ażābum minar-raḥmāni fa takūna lisy-syaiṭāni waliyyā(n).
[45]
He bapak isun, saktemene isun kuwatir kadung riko arep ketiban sekso teko pengeran kang Moho Murah, mongko riko dadi konco kanggo syetan.
قَالَ اَرَاغِبٌ اَنْتَ عَنْ اٰلِهَتِيْ يٰٓاِبْرٰهِيْمُ ۚ لَىِٕنْ لَّمْ تَنْتَهِ لَاَرْجُمَنَّكَ وَاهْجُرْنِيْ مَلِيًّا٤٦
Qāla arāgibun anta ‘an ālihatī yā ibrāhīm(u), la'illam tantahi la'arjumannaka wahjurnī maliyyā(n).
[46]
Ngomong bapake: “Bangkel tah siro nong pengeran-pengeran isun, he Ibrohim? Kadung siro osing mandeg, mongko siro arep isun rajam (mbentuki watu) lan ngaliyo teko isun nong waktu kang suwi”.
قَالَ سَلٰمٌ عَلَيْكَۚ سَاَسْتَغْفِرُ لَكَ رَبِّيْۗ اِنَّهٗ كَانَ بِيْ حَفِيًّا٤٧
Qāla salāmun ‘alaik(a), sa'astagfiru laka rabbī, innahū kāna bī ḥafiyyā(n).
[47]
Ibrohim ngomong: “Mugo’o keselametan diuwakaken nong riko, isun arep njalukaken sepuro kanggo riko nong pengeran isun. Saktemene Iyane apik seru nong isun.
وَاَعْتَزِلُكُمْ وَمَا تَدْعُوْنَ مِنْ دُوْنِ اللّٰهِ وَاَدْعُوْا رَبِّيْۖ عَسٰٓى اَلَّآ اَكُوْنَ بِدُعَاۤءِ رَبِّيْ شَقِيًّا٤٨
Wa a‘tazilukum wa mā tad‘ūna min dūnillāhi wa ad‘ū rabbī, ‘asā allā akūna bidu‘ā'i rabbī syaqiyyā(n).
[48]
Lan isun arep ngadohaken awake (isun) teko riko lan teko paran baen kang riko celuki sakliyane Gusti Alloh lan isun arep ndungo nong pengeran isun, mugo-mugo isun osing arep getun kambi ndungo nong pengeran isun.
فَلَمَّا اعْتَزَلَهُمْ وَمَا يَعْبُدُوْنَ مِنْ دُوْنِ اللّٰهِ ۙوَهَبْنَا لَهٗٓ اِسْحٰقَ وَيَعْقُوْبَۗ وَكُلًّا جَعَلْنَا نَبِيًّا٤٩
Falamma‘tazalahum wa mā ya‘budūna min dūnillāh(i), wahabnā lahū isḥāqa wa ya‘qūb(a), wa kullan ja‘alnā nabiyyā(n).
[49]
Mongko waktu Ibrohim uwes ngedohaken awake teko iyan-iyane lan teko paran baen kang iyan-iyane sembah sakliyane Gusti Alloh, Isun nguweni nong iyane Ishak lan Ya’kub lan saben-saben karone isun angkat dadi nabi.
وَوَهَبْنَا لَهُمْ مِّنْ رَّحْمَتِنَا وَجَعَلْنَا لَهُمْ لِسَانَ صِدْقٍ عَلِيًّا ࣖ٥٠
Wa wahabnā lahum mir raḥmatinā wa ja‘alnā lahum lisāna ṣidqin ‘aliyyā(n).
[50]
Lan Isun nguweni kanggo iyan-iyane sebagiane teko rohmat isun lan Isun dadekaken iyan-iyane ujaran (tutur kata) kang apik ugo duwur.
وَاذْكُرْ فِى الْكِتٰبِ مُوْسٰٓىۖ اِنَّهٗ كَانَ مُخْلَصًا وَّكَانَ رَسُوْلًا نَّبِيًّا٥١
Ważkur fil-kitābi mūsā, innahū kāna mukhlaṣaw wa kāna rasūlan nabiyyā(n).
[51]
Lan ceritakno (he Muhammad nong iyan-iyane), kisahe Musa nong jero Al-Kitab (Al-Qur’an) iki. Saktemene iyane wong kang dipilih lan wong kang dadi rosul lan nabi.
وَنَادَيْنٰهُ مِنْ جَانِبِ الطُّوْرِ الْاَيْمَنِ وَقَرَّبْنٰهُ نَجِيًّا٥٢
Wa nādaināhu min jānibiṭ-ṭūril-aimani wa qarrabnāhu najiyyā(n).
[52]
Lan Isun wes nyeluki teko sebelahe tengen gunung Thur lan Ingsun wes marekaken iyane nong Isun nong waktu iyane munajat (nong Isun).
وَوَهَبْنَا لَهٗ مِنْ رَّحْمَتِنَآ اَخَاهُ هٰرُوْنَ نَبِيًّا٥٣
Wa wahabnā lahū mir raḥmatinā akhāhu hārūna nabiyyā(n).
[53]
Lan Isun wes nganugrahi (nguweni) nong iyane sebagiane rohmat Isun yoiku dulure, Harun dadi nabi.
وَاذْكُرْ فِى الْكِتٰبِ اِسْمٰعِيْلَ ۖاِنَّهٗ كَانَ صَادِقَ الْوَعْدِ وَكَانَ رَسُوْلًا نَّبِيًّا ۚ٥٤
Ważkur fil-kitābi ismā‘īl(a), innahū kāna ṣādiqal-wa‘di wa kāna rasūlan nabiyyā(n).
[54]
Lan ceritokno (he Muhammad nong iyan-iyane) kisahe Ismail (kang kesebut) nong jero Al-Qur’an. Saktemene iyane iku wong kang bener janjine, lan iyane iku wong kang dadi rosul lan nabi.
وَكَانَ يَأْمُرُ اَهْلَهٗ بِالصَّلٰوةِ وَالزَّكٰوةِۖ وَكَانَ عِنْدَ رَبِّهٖ مَرْضِيًّا٥٥
Wa kāna ya'muru ahlahū biṣ-ṣalāti waz-zakāh(ti), wa kāna ‘inda rabbihī marḍiyyā(n).
[55]
Lan iyane ngongkon ahline 511 kanggo sembahyang lan nguwakaken zakat, lan iyane iku wong kang diridloi reng sandinge pengerane.
511) Sebagiane ahli tafsir ngomong kadung kang dikarepaken ambi “ahline” iku umate.
وَاذْكُرْ فِى الْكِتٰبِ اِدْرِيْسَۖ اِنَّهٗ كَانَ صِدِّيْقًا نَّبِيًّا ۙ٥٦
Ważkur fil-kitābi idrīs(a), innahū kāna ṣādiqan nabiyyā(n).
[56]
Lan ceritakno (he Muhammad nong iyan-iyane, kisahe) Idris (kang kesebut) nong jero Al-Qur’an. Saktemene iyane iku wong kang seru mbeneraken lan wong kang dadi nabi.
وَّرَفَعْنٰهُ مَكَانًا عَلِيًّا٥٧
Wa rafa‘nāhu makānan ‘aliyyā(n).
[57]
Lan Isun wes ngunggahaken nong martabat (kedudukan) kang duwur.
اُولٰۤىِٕكَ الَّذِيْنَ اَنْعَمَ اللّٰهُ عَلَيْهِمْ مِّنَ النَّبِيّٖنَ مِنْ ذُرِّيَّةِ اٰدَمَ وَمِمَّنْ حَمَلْنَا مَعَ نُوْحٍۖ وَّمِنْ ذُرِّيَّةِ اِبْرٰهِيْمَ وَاِسْرَاۤءِيْلَ ۖوَمِمَّنْ هَدَيْنَا وَاجْتَبَيْنَاۗ اِذَا تُتْلٰى عَلَيْهِمْ اٰيٰتُ الرَّحْمٰنِ خَرُّوْا سُجَّدًا وَّبُكِيًّا ۩٥٨
Ulā'ikal-lażīna an‘amallāhu ‘alaihim minan-nabiyyīna min żurriyyati ādama wa mimman ḥamalnā ma‘a nūḥ(in), wa min żurriyyati ibrāhīma wa isrā'īl(a), wa mimman hadainā wajtabainā, iżā tutlā ‘alaihim āyātur-raḥmāni kharrū sujjadaw wa bukiyyā(n).
[58]
Iyane kabeh iku wong-wong kang wes diweni nikmat ambi Gusti Alloh, yoiku poro nabi teko keturunane Adam, lan teko wong-wong kang Isun unggahaken bareng ambi Nuh, lan teko keturunane Ibrohim lan Isroil, lan teko wong-wong kang uwes Isun weni petunjuk lan uwes Isun pilih. Kadung diwocokaken ayat-ayate Gusti Alloh kang Moho Murah, mongko iyane nungseb kelawan sujud lan nangis.
۞ فَخَلَفَ مِنْۢ بَعْدِهِمْ خَلْفٌ اَضَاعُوا الصَّلٰوةَ وَاتَّبَعُوا الشَّهَوٰتِ فَسَوْفَ يَلْقَوْنَ غَيًّا ۙ٥٩
Fa khalafa mim ba‘dihim khalfun aḍā‘uṣ-ṣalāta wattaba‘usy-syahawāti fa saufa yalqauna gayyā(n).
[59]
Mongko teko sakmarine iyane kabeh, pengganti (kang elek) kang nyiak-nyiakaken sembayang lan milu howo nafsune, mongko iyan-iyane mbesok arep nemoni kesesatan (sifat kesasar).
اِلَّا مَنْ تَابَ وَاٰمَنَ وَعَمِلَ صَالِحًا فَاُولٰۤىِٕكَ يَدْخُلُوْنَ الْجَنَّةَ وَلَا يُظْلَمُوْنَ شَيْـًٔا ۙ٦٠
Illā man tāba wa āmana wa ‘amila ṣāliḥan fa ulā'ika yadkhulūnal-jannata wa lā yuẓlamūna syai'ā(n).
[60]
Kejobo wong kang tobat, iman lan ngelakoni amal soleh, mongko iyan-iyane iku arep melebu surgo lan osing dianioyo (dirugekaken) sithik baen.
جَنّٰتِ عَدْنِ ِۨالَّتِيْ وَعَدَ الرَّحْمٰنُ عِبَادَهٗ بِالْغَيْبِۗ اِنَّهٗ كَانَ وَعْدُهٗ مَأْتِيًّا٦١
Jannāti ‘adninil-latī wa‘adar-raḥmānu ‘ibādahū bil-gaib(i), innahū kāna wa‘duhū ma'tiyyā(n).
[61]
Yoiku surgo ‘Adn kang wes dijanjekaken ambi Gusti Alloh kanggo kawulo-kawulone, masio (surgo iku) osing katon. Saktemene janjine Gusti Alloh iku pasti ditepati.
لَا يَسْمَعُوْنَ فِيْهَا لَغْوًا اِلَّا سَلٰمًاۗ وَلَهُمْ رِزْقُهُمْ فِيْهَا بُكْرَةً وَّعَشِيًّا٦٢
Lā yasma‘ūna fīhā lagwan illā salāmā(n), wa lahum rizquhum fīhā bukrataw wa ‘asyiyyā(n).
[62]
Iyan-iyane osing ngerungu omongan kang heng ono gunane reng jero surgo, kejobo uluk salam. Duwine iyane kabeh rizki nong surgo iku saben-saben isuk lan peteng.
تِلْكَ الْجَنَّةُ الَّتِيْ نُوْرِثُ مِنْ عِبَادِنَا مَنْ كَانَ تَقِيًّا٦٣
Tilkal-jannatul-latī nūriṡu min ‘ibādinā man kāna taqiyyā(n).
[63]
Gedigu iku surgo kang arep Isun warisaken nong kawulo-kawulonisun kang sering (ngelakoni) takwa.
وَمَا نَتَنَزَّلُ اِلَّا بِاَمْرِ رَبِّكَۚ لَهٗ مَا بَيْنَ اَيْدِيْنَا وَمَا خَلْفَنَا وَمَا بَيْنَ ذٰلِكَ وَمَا كَانَ رَبُّكَ نَسِيًّا ۚ٦٤
Wa mā natanazzalu illā bi'amri rabbik(a), lahū mā baina aidīnā wa mā khalfanā wa mā baina żālika wa mā kāna rabbuka nasiyyā(n).
[64]
Lan osingo Isun (Jibril) mudun, kejobo kambi perintahe pengeran siro. Duwine Iyane paran-paran kang ono reng ngarepe kito, paran-paran kang ono reng burine kito lan paran-paran kang ono reng antarane loro-lorone, lan osingo pengeran siro lali.
رَبُّ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِ وَمَا بَيْنَهُمَا فَاعْبُدْهُ وَاصْطَبِرْ لِعِبَادَتِهٖۗ هَلْ تَعْلَمُ لَهٗ سَمِيًّا ࣖ٦٥
Rabbus-samāwāti wal-arḍi wa mā bainahumā fa‘budhu waṣṭabir li‘ibādatih(ī), hal ta‘lamu lahū samiyyā(n).
[65]
Pengeran (kang nguwasani) langit lan bumi lan paran-paran kang ono reng antarane karone, mongko sembahen Iyane lan neguhno ati (sabaro) kadung ibadah nong Iyane. Opo siro ngerti ono wong kang modoni ambi Iyane (kang pantes disembah).
وَيَقُوْلُ الْاِنْسَانُ ءَاِذَا مَا مِتُّ لَسَوْفَ اُخْرَجُ حَيًّا٦٦
Wa yaqūlul-insānu a'iżā mā mittu lasaufa ukhraju ḥayyā(n).
[66]
Lan ngomong menungso: “Benertah kadung isun wes mati, isun arep bener-bener ditangekaken dadi urip maning.
اَوَلَا يَذْكُرُ الْاِنْسَانُ اَنَّا خَلَقْنٰهُ مِنْ قَبْلُ وَلَمْ يَكُ شَيْـًٔا٦٧
Awalā yażkurul-insānu annā khalaqnāhu min qablu wa lam yaku syai'ā(n).
[67]
Lan osingo menungso iku mikiri kadung saktemene Isun wes nggawe iyane nong bengene, sedeng iyane osing ono babar pisan?
فَوَرَبِّكَ لَنَحْشُرَنَّهُمْ وَالشَّيٰطِيْنَ ثُمَّ لَنُحْضِرَنَّهُمْ حَوْلَ جَهَنَّمَ جِثِيًّا٦٨
Fa wa rabbika lanaḥsyurannahum wasy-syayāṭīna ṡumma lanuḥḍirannahum ḥaula jahannama jiṡiyyā(n).
[68]
Demi pengeran siro, saktemene arep Isun tangekaken iyan-iyane ambi syetan, terus iyane Isun nekokaken iyane nong uterane jahanam ambi ngogrok.
ثُمَّ لَنَنْزِعَنَّ مِنْ كُلِّ شِيْعَةٍ اَيُّهُمْ اَشَدُّ عَلَى الرَّحْمٰنِ عِتِيًّا ۚ٦٩
Ṡumma lananzi‘anna min kulli syī‘atin ayyuhum asyaddu ‘alar-raḥmāni ‘itiyyā(n).
[69]
Terus pasti arep Isun petot teko saben-saben golongan sopo nong antarane iyan-iyane kang seru durokone nong Pengeran Kang Moho murah.
ثُمَّ لَنَحْنُ اَعْلَمُ بِالَّذِيْنَ هُمْ اَوْلٰى بِهَا صِلِيًّا٧٠
Ṡumma lanaḥnu a‘lamu bil-lażīna hum aulā bihā ṣiliyyā(n).
[70]
Lan terus Isun bener-bener lebih ngeweruhi wong-wong kang kudune dilebokaken nong jero neroko.
وَاِنْ مِّنْكُمْ اِلَّا وَارِدُهَا ۚ كَانَ عَلٰى رَبِّكَ حَتْمًا مَّقْضِيًّا ۚ٧١
Wa im minkum illā wāriduhā, kāna ‘alā rabbika ḥatmam maqḍiyyā(n).
[71]
Lan osing ono wong siji baen teko sebagiane siro kabeh kejobo nekoni neroko iku. Perihal gedigu kanggo pengeran siro iku siji kang mesti kang wes ditetepaken.
ثُمَّ نُنَجِّى الَّذِيْنَ اتَّقَوْا وَّنَذَرُ الظّٰلِمِيْنَ فِيْهَا جِثِيًّا٧٢
Ṡumma nunajjil-lażīnattaqau wa nażaruẓ-ẓālimīna fīhā jiṡiyyā(n).
[72]
Terus Isun arep nyelametaken wong-wong kang podo takwa lan nggenengaken wong kang anioyo nong jero neroko nong keadaan lunggoh lempod.
وَاِذَا تُتْلٰى عَلَيْهِمْ اٰيٰتُنَا بَيِّنٰتٍ قَالَ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا لِلَّذِيْنَ اٰمَنُوْٓاۙ اَيُّ الْفَرِيْقَيْنِ خَيْرٌ مَّقَامًا وَّاَحْسَنُ نَدِيًّا٧٣
Wa iżā tutlā ‘alaihim āyātunā bayyinātin qālal-lażīna kafarū lil-lażīna āmanū, ayyul-farīqaini khairum maqāmaw wa aḥsanu nadiyyā(n).
[73]
Lan kadung diwocokaken nong iyan-iyane ayat-ayat Isun kang jelas (maksude), pasti wong-wong kang kafir ngujar nong wong-wong kang iman: “Endi nong antarane teko loro golongan (kafir lan mu’min) kang lebih apik panggonan umahe lan lebih endah panggonan ketemuane?”
وَكَمْ اَهْلَكْنَا قَبْلَهُمْ مِّنْ قَرْنٍ هُمْ اَحْسَنُ اَثَاثًا وَّرِءْيًا٧٤
Wa kam ahlaknā qablahum min qarnin hum aḥsanu aṡāṡaw wa ri'yā(n).
[74]
Piro akehe umat kang wes isun pateni sakdurunge iyan-iyane, 512 sedeng iyan-iyane iku lebih apik timbangane perkakas umah lan lebih sedep dideleng moto.
512) Maksude: umat-umat kang ngingkari Gusti Alloh koyo kaum ‘Aad lan Tsamud.
قُلْ مَنْ كَانَ فِى الضَّلٰلَةِ فَلْيَمْدُدْ لَهُ الرَّحْمٰنُ مَدًّا ەۚ حَتّٰىٓ اِذَا رَاَوْا مَا يُوْعَدُوْنَ اِمَّا الْعَذَابَ وَاِمَّا السَّاعَةَ ۗفَسَيَعْلَمُوْنَ مَنْ هُوَ شَرٌّ مَّكَانًا وَّاَضْعَفُ جُنْدًا٧٥
Qul man kāna fiḍ-ḍalālati falyamdud lahur-raḥmānu maddā(n), ḥattā iżā ra'au mā yū‘adūna immal-‘ażāba wa immas-sā‘ata fa saya‘lamūna man huwa syarrum makānaw wa aḍ‘afu jundā(n).
[75]
Ngomongo: “Sopo baen kang ono ning jero kesesatan, mongko wakne pengeran kang Moho Murah ndowok-dowokaken waktu nong iyan-iyane; 513 sehinggo kadung iyan-iyane uwes weruh paran kang diancemaken nong iyane, emboh sekso utowo kiamat, mongko iyane arep ngeweruhi sopo kang lebih elek kedudukane lan lebih lemah penolong-penolonge”.
513) Maksude: ndowokaken umur lan nggenengaken iyan-iyane urip nong kesenengan.
وَيَزِيْدُ اللّٰهُ الَّذِيْنَ اهْتَدَوْا هُدًىۗ وَالْبٰقِيٰتُ الصّٰلِحٰتُ خَيْرٌ عِنْدَ رَبِّكَ ثَوَابًا وَّخَيْرٌ مَّرَدًّا٧٦
Wa yazīdullāhul-lażīnahtadau hudā(n), wal-bāqiyātuṣ-ṣāliḥātu khairun ‘inda rabbika ṡawābaw wa khairum maraddā(n).
[76]
lan Gusti Alloh arep nambahi petunjuk nong iyan-iyane kang uwes oleh petunjuk, lan amal-amal keapikan kang langgeng iku lebih apik ganjarane nong sandinge pengeran siro lan lebih apik sakmarine.
اَفَرَاَيْتَ الَّذِيْ كَفَرَ بِاٰيٰتِنَا وَقَالَ لَاُوْتَيَنَّ مَالًا وَّوَلَدًا ۗ٧٧
Afa ra'aital-lażī kafara bi'āyātinā wa qāla la'ūtayanna mālaw wa waladā(n).
[77]
Mongko opo siro uwes weruh nong wong-wong kafir nong ayat-ayat Isun lan iyane ngujar: “Pasti isun arep diweni peces lan anak”.
اَطَّلَعَ الْغَيْبَ اَمِ اتَّخَذَ عِنْدَ الرَّحْمٰنِ عَهْدًا ۙ٧٨
Aṭṭala‘al-gaiba amittakhaża ‘indar-raḥmāni ‘ahdā(n).
[78]
Ono tah iyane weruh nong (perkoro) kang ghoib utowo iyane uwes gawe janji nong sandinge Pengeran kang Moho Murah?,
كَلَّا ۗسَنَكْتُبُ مَا يَقُوْلُ وَنَمُدُّ لَهٗ مِنَ الْعَذَابِ مَدًّا ۙ٧٩
Kallā, sanaktubu mā yaqūlu wa namuddu lahū minal-‘ażābi maddā(n).
[79]
Sepisan-pisano osing, Isun arep nyatet paran kang iyane ujar, lan bener-bener Isun arep ndowokaken sekso kanggo iyane,
وَّنَرِثُهٗ مَا يَقُوْلُ وَيَأْتِيْنَا فَرْدًا٨٠
Wa nariṡuhū mā yaqūlu wa ya'tīnā fardā(n).
[80]
Lan Isun arep marisi paran kang iyane ujaraken iku, 514 lan iyane arep teko nong Isun jak dewekan baen.
514) Maksude: Alloh arep njumput maning peces lan anak-anake, sehinggo iyane nemoni pengerane jak dewekan baen.
وَاتَّخَذُوْا مِنْ دُوْنِ اللّٰهِ اٰلِهَةً لِّيَكُوْنُوْا لَهُمْ عِزًّا ۙ٨١
Wattakhażū min dūnillāhi ālihatal liyakūnū lahum ‘izzā(n).
[81]
Lan iyan-iyane uwes njumput sesembahan-sesembahan sakliyane pengeran, supoyo sesembahan iku dadi pelindunge kanggo iyan-iyane.
كَلَّا ۗسَيَكْفُرُوْنَ بِعِبَادَتِهِمْ وَيَكُوْنُوْنَ عَلَيْهِمْ ضِدًّا ࣖ٨٢
Kallā, sayakfurūna bi‘ibādatihim wa yakūnūna ‘alaihim ḍiddā(n).
[82]
Sepisan-pisano osing, mbesok iyan-iyane (sembahan-sembahan) iku arep ngingkari (nolak) sesembahane (pengikut-pengikute) nong iyane lan iyan-iyane (sembahan-sembahan) iku arep dadi musuh kanggo iyan-iyane.
اَلَمْ تَرَ اَنَّآ اَرْسَلْنَا الشَّيٰطِيْنَ عَلَى الْكٰفِرِيْنَ تَؤُزُّهُمْ اَزًّا ۙ٨٣
Alam tara annā arsalnasy-syayāṭīna ‘alal-kāfirīna ta'uzzuhum azzā(n).
[83]
Osingo siro weruh, kadung saktemene Isun uwes ngirim syetan-syetan iku nong wong-wong kafir enggo nipu iyan-iyane gawe maksiat kelawan temenanan.
فَلَا تَعْجَلْ عَلَيْهِمْۗ اِنَّمَا نَعُدُّ لَهُمْ عَدًّا ۗ٨٤
Falā ta‘jal ‘alaihim, innamā na‘uddu lahum ‘addā(n).
[84]
Mongko ojo siro kesusu njalukaken sekso nong iyan-iyane, kerono saktemene Ingsun mung ngetung nong tekane (dino seksoan) enggo iyan-iyane ambi itungan kang teliti.
يَوْمَ نَحْشُرُ الْمُتَّقِيْنَ اِلَى الرَّحْمٰنِ وَفْدًا٨٥
Yauma naḥsyurul-muttaqīna ilar-raḥmāni wafdā(n).
[85]
(Engeto) dino (waktu) Isun ngumpulaken wong-wong kang takwa nong Pengeran kang Moho Murah dadi utusan kang mulyo.
وَنَسُوْقُ الْمُجْرِمِيْنَ اِلٰى جَهَنَّمَ وِرْدًا ۘ٨٦
Wa nasūqul-mujrimīna ilā jahannama wirdā(n).
[86]
Lan Isun arep nggereng wong-wong kang duroko nong neroko jahanam ambi keadaan kang ngelak.
لَا يَمْلِكُوْنَ الشَّفَاعَةَ اِلَّا مَنِ اتَّخَذَ عِنْدَ الرَّحْمٰنِ عَهْدًا ۘ٨٧
Lā yamlikūnasy-syafā‘ata illā manittakhaża ‘indar-raḥmāni ‘ahdā(n).
[87]
Iyane osing berhak oleh syafaat kejobo wong kang uwes ngonokaken perjanjian nong sandinge Pengeran Kang Moho Murah. 515
515) Maksude: “ngonokaken perjanjian ambi Gusti Alloh” iku ngelakoni kabeh perintahe Alloh ambi iman lan takwa nong Iyane.
وَقَالُوا اتَّخَذَ الرَّحْمٰنُ وَلَدًا ۗ٨٨
Wa qāluttakhażar-raḥmānu waladā(n).
[88]
Lan iyan-iyane ngujar: “Pengeran kan Moho Murah njumput (nduwe) anak”.
لَقَدْ جِئْتُمْ شَيْـًٔا اِدًّا ۙ٨٩
Laqad ji'tum syai'an iddā(n).
[89]
Saktemene siro kabeh uwes nekokaken siji perkoro kang seru mungkare,
تَكَادُ السَّمٰوٰتُ يَتَفَطَّرْنَ مِنْهُ وَتَنْشَقُّ الْاَرْضُ وَتَخِرُّ الْجِبَالُ هَدًّا ۙ٩٠
Takādus-samāwātu yatafaṭṭarna minhu wa tansyaqqul-arḍu wa takhirrul-jibālu haddā(n).
[90]
Meh-meh langit pecah (renget) kerono omongan iku, lan bumi merekah lan gunung-gunung ambruk,
اَنْ دَعَوْا لِلرَّحْمٰنِ وَلَدًا ۚ٩١
An da‘au lir-raḥmāni waladā(n).
[91]
Kerono iyan-iyane nganggep kadung Gusti Alloh kang Moho Murah iku duwe anak.
وَمَا يَنْۢبَغِيْ لِلرَّحْمٰنِ اَنْ يَّتَّخِذَ وَلَدًا ۗ٩٢
Wa mā yambagī lir-raḥmāni ay yattakhiża waladā(n).
[92]
Lan osing pantes kanggo pengeran kang moho Murah njumput (nduweni) anak.
اِنْ كُلُّ مَنْ فِى السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِ اِلَّآ اٰتِى الرَّحْمٰنِ عَبْدًا ۗ٩٣
In kullu man fis-samāwāti wal-arḍi illā ātir-raḥmāni ‘abdā(n).
[93]
Osing ono wong siji baen nong langit lan bumi, kejobo arep teko nong pengeran kang Moho Murah dadi kawulone (abdine).
لَقَدْ اَحْصٰىهُمْ وَعَدَّهُمْ عَدًّا ۗ٩٤
Laqad aḥṣāhum wa ‘addahum ‘addā(n).
[94]
Saktemene Gusti Alloh uwes nentokaken iyan-iyane lan ngetung iyan-iyane ambi itungan kang teliti.
وَكُلُّهُمْ اٰتِيْهِ يَوْمَ الْقِيٰمَةِ فَرْدًا٩٥
Wa kulluhum ātīhi yaumal-qiyāmati fardā(n).
[95]
Lan saben-saben iyane arep teko nong pengerane nong dino kiamat dewek-dewekan.
اِنَّ الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَعَمِلُوا الصّٰلِحٰتِ سَيَجْعَلُ لَهُمُ الرَّحْمٰنُ وُدًّا٩٦
Innal-lażīna āmanū wa ‘amiluṣ-ṣāliḥāti sayaj‘alu lahumur-raḥmānu wuddā(n).
[96]
Saktemene wong-wong kang podo iman lan ngelakoni amal soleh, mbesok Gusti Alloh kang Moho Murah 516 arep nandur nong jero (atine) iyan-iyane roso welas asih.
516) Nong jero surat Maryam iki arane Gusti Alloh “AR-ROHMAN” akeh disebutaken enggo nguweni pengerten kadung kadung saktemene Gusti Alloh nguweni sepuro osing kathik perantaran.
فَاِنَّمَا يَسَّرْنٰهُ بِلِسَانِكَ لِتُبَشِّرَ بِهِ الْمُتَّقِيْنَ وَتُنْذِرَ بِهٖ قَوْمًا لُّدًّا٩٧
Fa innamā yassarnāhu bilisānika litubasysyira bihil-muttaqīna wa tunżira bihī qaumal luddā(n).
[97]
Mongko saktemene uwes Isun gampangaken Al-Qu’an iku ambi bosone siro, supoyo siro biso nguweni kabar nyenengaken lantaran Al-Qur’an iku nong wong-wong kang takwa lan supoyo siro nguweni wedenan lantaran Al-Qur’an iku nong wong kang mberontak (nolak ajaran Al-Qur’an).
وَكَمْ اَهْلَكْنَا قَبْلَهُمْ مِّنْ قَرْنٍۗ هَلْ تُحِسُّ مِنْهُمْ مِّنْ اَحَدٍ اَوْ تَسْمَعُ لَهُمْ رِكْزًا ࣖ٩٨
Wa kam ahlaknā qablahum min qarn(in), hal tuḥissu minhum min aḥadin au tasma‘u lahum rikzā(n).
[98]
Lan piro akehe kang uwes Isun pateni umat-umat kang sakdurunge iyan-iyane. Ono tah siro weruh wong siji baen teko iyan-iyane utowo siro rungu suwarane iyane kang lamat-lamat?