Surah Al-Kahf
بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ الَّذِيْٓ اَنْزَلَ عَلٰى عَبْدِهِ الْكِتٰبَ وَلَمْ يَجْعَلْ لَّهٗ عِوَجًا ۜ١
Al-ḥamdu lillāhil-lażī anzala ‘alā ‘abdihil-kitāba wa lam yaj‘al lahū ‘iwajā(n).
[1]
Sekehi pujo duwene Gusti Alloh kang wes ngedunaken nong kawulone Al-Kitab (AlQur’an) lan heng nggawe bengkung 478 nong jerone;
478) Maksude: osing ono nong jero Al-Qur’an iku arti-arti kang sewang-sewangan lan nyempang teko kebenaran.
قَيِّمًا لِّيُنْذِرَ بَأْسًا شَدِيْدًا مِّنْ لَّدُنْهُ وَيُبَشِّرَ الْمُؤْمِنِيْنَ الَّذِيْنَ يَعْمَلُوْنَ الصّٰلِحٰتِ اَنَّ لَهُمْ اَجْرًا حَسَنًاۙ٢
Qayyimal liyunżira ba'san syadīdam mil ladunhu wa yubasysyiral-mu'minīnal-lażīna ya‘malūnaṣ-ṣāliḥāti anna lahum ajran ḥasanā(n).
[2]
Kang dadi bimbingan kang kenceng, enggo medeni nong sekso kang seru perihe teko sandinge Alloh lan nguweni kabar kang nyenengaken nong wong-wong kang podo iman, kang ngelakoni amal sholeh, bener kadung iyane kabeh arep oleh balesan kang apik.
مّٰكِثِيْنَ فِيْهِ اَبَدًاۙ٣
Mākiṡīna fīhi abadā(n).
[3]
Iyane kabeh manggon kekal nong jerone kono enggo selawas-lawase.
وَّيُنْذِرَ الَّذِيْنَ قَالُوا اتَّخَذَ اللّٰهُ وَلَدًاۖ٤
Wa yunżiral-lażīna qāluttakhażallāhu waladā(n).
[4]
Lan enggo ngengetaken nong wong-wong kang ngucap: “(kadung) Gusti Alloh njuput sakwong anak”.
مَّا لَهُمْ بِهٖ مِنْ عِلْمٍ وَّلَا لِاٰبَاۤىِٕهِمْۗ كَبُرَتْ كَلِمَةً تَخْرُجُ مِنْ اَفْوَاهِهِمْۗ اِنْ يَّقُوْلُوْنَ اِلَّا كَذِبًا٥
Mā lahum bihī min ‘ilmiw wa lā li'ābā'ihim, kaburat kalimatan takhruju min afwāhihim, iy yaqūlūna illā każibā(n).
[5]
Iyane kabeh sepisan-pisano heng duwe kaweruhan ngenengi ihwal iku, gedigu ugo mbah buyute iyane. Aduh kelendi elek’e omong-omonge kang metu teko cangkeme iyane; iyane kabeh heng ngomongaken (swiji) kejobo mung ngapus.
فَلَعَلَّكَ بَاخِعٌ نَّفْسَكَ عَلٰٓى اٰثَارِهِمْ اِنْ لَّمْ يُؤْمِنُوْا بِهٰذَا الْحَدِيْثِ اَسَفًا٦
Fa la‘allaka bākhi‘un nafsaka ‘alā āṡārihim illam yu'minū bihāżal-ḥadīṡi asafā(n).
[6]
Mongko (apuo) nawi kadung siro arep mateni awak siro dewek jalaran ati keduhung sakwise iyane kabeh melengos, misale baen iyane kabeh heng percoyo nong keterangan iki (Al-Qur’an).
اِنَّا جَعَلْنَا مَا عَلَى الْاَرْضِ زِيْنَةً لَّهَا لِنَبْلُوَهُمْ اَيُّهُمْ اَحْسَنُ عَمَلًا٧
Innā ja‘alnā mā ‘alal-arḍi zīnatal lahā linabluwahum ayyuhum aḥsanu ‘amalā(n).
[7]
Saktemene isun wes ndadekan paran baen kang ono reng bumi iki dadi paesan kanggo Iyane (Kito), supoyo isun nguji iyane kabeh sopo reng antarane iyane iku kang paling apik kelakuane.
وَاِنَّا لَجٰعِلُوْنَ مَا عَلَيْهَا صَعِيْدًا جُرُزًاۗ٨
Wa innā lajā‘ilūna mā ‘alaihā ṣa‘īdan juruzā(n).
[8]
Lan saktemene isun bener-bener wes arep ndadekaken (ugo) paran kang ono nduwure dadi tanah roto tur gundul (heng ono witwitane).
اَمْ حَسِبْتَ اَنَّ اَصْحٰبَ الْكَهْفِ وَالرَّقِيْمِ كَانُوْا مِنْ اٰيٰتِنَا عَجَبًا٩
Am ḥasibta anna aṣḥābal-kahfi war-raqīmi kānū min āyātinā ‘ajabā(n).
[9]
Apuo siro ngiro temenan kadung wongwong kang manggon nong guwo lan (kang duweni roqim 479 iku, iyane kelebu tondo-tondo kuwasane Isun (Kito) kang ngeheranaken?
479) Roqim: sebagiane ahli tafsir ngartekaken arane asu lan sebagiane kang liyo ngartekaken watu bersurat (nong kono ketulis aran-arane wang kang manggon nong guwo).
اِذْ اَوَى الْفِتْيَةُ اِلَى الْكَهْفِ فَقَالُوْا رَبَّنَآ اٰتِنَا مِنْ لَّدُنْكَ رَحْمَةً وَّهَيِّئْ لَنَا مِنْ اَمْرِنَا رَشَدًا١٠
Iż awal-fityatu ilal-kahfi fa qālū rabbanā ātinā mil ladunka raḥmataw wa hayyi' lanā min amrinā rasyadā(n).
[10]
(Ilingo) waktu wong-wong enom iku golek panggonan ngiyub nong jero guwo terus iyane dungo: “Hei Pengeran isun kabeh wehnono isun rohmat teko sanding Riko lan sempurnokno kanggo isun kabeh pituduh kang kenceng nong jero urusan isun kabeh (iki)”
فَضَرَبْنَا عَلٰٓى اٰذَانِهِمْ فِى الْكَهْفِ سِنِيْنَ عَدَدًاۙ١١
Faḍarabnā ‘alā āżānihim fil-kahfi sinīna ‘adadā(n).
[11]
Mongko Isun (Kito) tutup kupinge iyane pirang-pirangane tahun nong jero guwo iku. 480
480) Maksude: Alloh nurokaken iyane suweni 309 tahun qomariyah nong jero guwo iku (dilengen ayat 25 surat iki) sehinggo iyane heng biso ditangekaken kambi suworo paran baen.
ثُمَّ بَعَثْنٰهُمْ لِنَعْلَمَ اَيُّ الْحِزْبَيْنِ اَحْصٰى لِمَا لَبِثُوْٓا اَمَدًا ࣖ١٢
Ṡumma ba‘aṡnāhum lina‘lama ayyul-ḥizbaini aḥṣā limā labiṡū amadā(n).
[12]
Teruse Isun (Kito) nangekaken iyane kabeh, supoyo isun ngeweruhi endi nong antarane golongan loro iku 481 kang lebih pas ngitunge piro lawase iyane kabeh manggon (nong jero guwo iku).
481) Rong golongan iku yoiku wong-wong enom iku dewek kang bedo-bedoan pendapate ngenengi piro lawase manggon nong jero guwo iku.
نَحْنُ نَقُصُّ عَلَيْكَ نَبَاَهُمْ بِالْحَقِّۗ اِنَّهُمْ فِتْيَةٌ اٰمَنُوْا بِرَبِّهِمْ وَزِدْنٰهُمْ هُدًىۖ١٣
Naḥnu naquṣṣu ‘alaika naba'ahum bil-ḥaqq(i), innahum fityatun āmanū birabbihim wa zidnāhum hudā(n).
[13]
Isun (Kito) ceritokaken kisahe iyane nong siro (Muhammad) kelawan sakbenere. Saktemene iyane iku wong-wong enom kang podo iman nong Pengerane lan isun nambahi nong iyane pituduh.
وَّرَبَطْنَا عَلٰى قُلُوْبِهِمْ اِذْ قَامُوْا فَقَالُوْا رَبُّنَا رَبُّ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِ لَنْ نَّدْعُوَا۟ مِنْ دُوْنِهٖٓ اِلٰهًا لَّقَدْ قُلْنَآ اِذًا شَطَطًا١٤
Wa rabaṭnā ‘alā qulūbihim iż qāmū fa qālū rabbunā rabbus-samāwāti wal-arḍi lan nad‘uwa min dūnihī ilāhal laqad qulnā iżan syaṭaṭā(n).
[14]
Lan Isun (Kito) wes nguwataken atine iyane nong waktu iyane ngadek 482 terus iyane kabeh ngomong: Pengeran isun iku Pengerane langit lan bumi; isun sepisanpisano heng nyeluk pengeran sakliyane iyane. Saktemene isun kadung gedigu wes ngucapaken omongan kang adoh seru teko kebenaran”.
482) Maksude: ngadek nong arepe rojo Dikyanus (Decius) kang dzolim lan nyongkakaken awake dewek.
هٰٓؤُلَاۤءِ قَوْمُنَا اتَّخَذُوْا مِنْ دُوْنِهٖٓ اٰلِهَةًۗ لَوْلَا يَأْتُوْنَ عَلَيْهِمْ بِسُلْطٰنٍۢ بَيِّنٍۗ فَمَنْ اَظْلَمُ مِمَّنِ افْتَرٰى عَلَى اللّٰهِ كَذِبًاۗ١٥
Hā'ulā'i qaumunattakhażū min dūnihī ālihah(tan), lau lā ya'tūna ‘alaihim bisulṭānim bayyin(in), faman aẓlamu mimmaniftarā ‘alallāhi każibā(n).
[15]
Kaume kito iki wes dadekaken sakliyane Iyane (Alloh) dadi Pengeran-pengeran (enggo disembah). Apuo iyane kabeh (mereka) oseng ngetokaken alasan kang jelas (ngenengi keyakinane iyane)? Sopo tah kang lebih dzolim timbangane wong-wong kang gawe-gawe apos nong Gusti Alloh?
وَاِذِ اعْتَزَلْتُمُوْهُمْ وَمَا يَعْبُدُوْنَ اِلَّا اللّٰهَ فَأْوٗٓا اِلَى الْكَهْفِ يَنْشُرْ لَكُمْ رَبُّكُمْ مِّنْ رَّحْمَتِهٖ وَيُهَيِّئْ لَكُمْ مِّنْ اَمْرِكُمْ مِّرْفَقًا١٦
Wa iżi‘tazaltumūhum wa mā ya‘budūna illallāha fa'wū ilal-kahfi yansyur lakum rabbukum mir raḥmatihī wa yuhayyi' lakum min amrikum mirfaqā(n).
[16]
Lan kadung siro ninggalaken iyane kabeh lan paran kang iyane sembah sakliyane Gusti Alloh, mongko goleko siro panggonan ngiyub nong jero guwo iku, pasti Pengeraniro arep nyemburaken sebagiane rohmate-Yane nong siro lan nyiapaken swiji kang manfaati siro nong urusane siro. 483
483) Omongan iki kedaden nong antarane iyane kang metune kerono ono ilham teko Alloh.
۞ وَتَرَى الشَّمْسَ اِذَا طَلَعَتْ تَّزٰوَرُ عَنْ كَهْفِهِمْ ذَاتَ الْيَمِيْنِ وَاِذَا غَرَبَتْ تَّقْرِضُهُمْ ذَاتَ الشِّمَالِ وَهُمْ فِيْ فَجْوَةٍ مِّنْهُۗ ذٰلِكَ مِنْ اٰيٰتِ اللّٰهِ ۗمَنْ يَّهْدِ اللّٰهُ فَهُوَ الْمُهْتَدِ وَمَنْ يُّضْلِلْ فَلَنْ تَجِدَ لَهٗ وَلِيًّا مُّرْشِدًا ࣖ١٧
Wa tarasy-syamsa iżā ṭala‘at tazāwaru ‘an kahfihim żātal-yamīni wa iżā garabat taqriḍuhum żātasy-syimāli wa hum fī fajwatim minh(u), żālika min āyātillāh(i), may yahdillāhu fa huwal-muhtadi wa may yuḍlil falan tajida lahū waliyyam mursyidā(n).
[17]
Lan siro arep weruh serengenge pas waktu nguntup, mereng teko guwo iyane nong arah sebelah tengen, lan kadung serengenge iku mendelep ngedohi iyane nong sebelahe kiwo. Sedeng iyane ono reng jero panggonan kang wero (jembar) nong jero guwo iku. Iku sebagiane tengeran-tengeran (keagungane) Alloh. Sopo baen iyane kang oleh petunjuk, lan sopo baen kang disasaraken, mongko siro heng arep oleh sakwong pemimpin siji baen kang biso nguweni petunjuk nong iyane.
وَتَحْسَبُهُمْ اَيْقَاظًا وَّهُمْ رُقُوْدٌ ۖوَّنُقَلِّبُهُمْ ذَاتَ الْيَمِيْنِ وَذَاتَ الشِّمَالِ ۖوَكَلْبُهُمْ بَاسِطٌ ذِرَاعَيْهِ بِالْوَصِيْدِۗ لَوِ اطَّلَعْتَ عَلَيْهِمْ لَوَلَّيْتَ مِنْهُمْ فِرَارًا وَّلَمُلِئْتَ مِنْهُمْ رُعْبًا١٨
Wa taḥsabuhum aiqāẓaw wa hum ruqūd(un), wa nuqallibuhum żātal-yamīni wa żātasy-syimāl(i), wa kalbuhum bāsiṭun żirā‘aihi bil-waṣīd(i), lawiṭṭala‘ta ‘alaihim lawallaita minhum firāraw wa lamuli'ta minhum ru‘bā(n).
[18]
Lan siro ngiro iyane kabeh iku tangi, saliho iyane iku turu, lan Isun (Kito) wolak-walik iyane nong arah tengen lan nong arah kiwo, sedeng asune nyeloloraken lengene karo (sikil bagian ngarep) nong ngarepe lawang guwo. Lan kadung siro weruh (nakseni) iyan-iyane, tentune siro belok teko iyane kambi melayu ngincling lan tentune (atine) siro diebeki kambi roso wedi nong iyaniyane.
وَكَذٰلِكَ بَعَثْنٰهُمْ لِيَتَسَاۤءَلُوْا بَيْنَهُمْۗ قَالَ قَاۤىِٕلٌ مِّنْهُمْ كَمْ لَبِثْتُمْۗ قَالُوْا لَبِثْنَا يَوْمًا اَوْ بَعْضَ يَوْمٍۗ قَالُوْا رَبُّكُمْ اَعْلَمُ بِمَا لَبِثْتُمْۗ فَابْعَثُوْٓا اَحَدَكُمْ بِوَرِقِكُمْ هٰذِهٖٓ اِلَى الْمَدِيْنَةِ فَلْيَنْظُرْ اَيُّهَآ اَزْكٰى طَعَامًا فَلْيَأْتِكُمْ بِرِزْقٍ مِّنْهُ وَلْيَتَلَطَّفْ وَلَا يُشْعِرَنَّ بِكُمْ اَحَدًا١٩
Wa każālika ba‘aṡnāhum liyatasā'alū bainahum, qāla qā'ilum minhum kam labiṡtum, qālū labiṡnā yauman au ba‘ḍa yaum(in), qālū rabbukum a‘lamu bimā labiṡtum, fab‘aṡū aḥadakum biwariqikum hāżihī ilal-madīnati falyanẓur ayyuhā azkā ṭa‘āman falya'tikum birizqim minhu walyatalaṭṭaf wa lā yusy‘iranna bikum aḥadā(n).
[19]
Lan gedigu iku isun tangekaken iyan-iyane supoyo iyane pado takon-takonan nong antarane iyane dewek. Salah sijine wong nong antarane iyan-iyane: “wes pirangpirang lawase siro ono (ning kene)”. Iyaiyane njawab: kito ono (reng kene) sedino utowo setengah dino”. Ngomong (kang liyo maning): “Pengeran siro lebih weruh sepiro lawase siro ono (reng kene). Mongko ngongkono salah sijine nong antarane siro menyang nang kuto kambi nggowo pices perak iro iki, lan apike iyane ndeleng endi panganan kang lebih apik, mongko apike iyane nggowo panganan iku kanggo siro lan apike iyane lemah lembut lan ojo pisanpisan nyeritakaken ihwal siro nong wong siji beloko.
اِنَّهُمْ اِنْ يَّظْهَرُوْا عَلَيْكُمْ يَرْجُمُوْكُمْ اَوْ يُعِيْدُوْكُمْ فِيْ مِلَّتِهِمْ وَلَنْ تُفْلِحُوْٓا اِذًا اَبَدًا٢٠
Innahum iy yaẓharū ‘alaikum yarjumūkum au yu‘īdūkum fī millatihim wa lan tufliḥū iżan abadā(n).
[20]
Saktemene kadung wong-wong biso ngeweruhi panggonaniro, pasti iya-iyane arep mbentuki siro kambi watu, utowo mekso siro balik nong agamane iyane, lan kadung gedigu pasti siro heng arep bathi (oleh untung ) selawas-lawase.
وَكَذٰلِكَ اَعْثَرْنَا عَلَيْهِمْ لِيَعْلَمُوْٓا اَنَّ وَعْدَ اللّٰهِ حَقٌّ وَّاَنَّ السَّاعَةَ لَا رَيْبَ فِيْهَاۚ اِذْ يَتَنَازَعُوْنَ بَيْنَهُمْ اَمْرَهُمْ فَقَالُوا ابْنُوْا عَلَيْهِمْ بُنْيَانًاۗ رَبُّهُمْ اَعْلَمُ بِهِمْۗ قَالَ الَّذِيْنَ غَلَبُوْا عَلٰٓى اَمْرِهِمْ لَنَتَّخِذَنَّ عَلَيْهِمْ مَّسْجِدًا٢١
Wa każālika a‘ṡarnā ‘alaihim liya‘lamū anna wa‘dallāhi ḥaqquw wa annas-sā‘ata lā raiba fīhā, iż yatanāza‘ūna bainahum amrahum fa qālubnū ‘alaihim bun-yānā(n), rabbuhum a‘lamu bihim, qālal-lażīna galabū ‘alā amrihim lanattakhiżanna ‘alaihim masjidā(n).
[21]
Lan gedigu (ugo) Isun (Kito) ngenemukaken (menungso) kambi iyane, supoyo menungso iku weruh, bener kadung janjine Gusti Alloh iku bener (nyoto), lan bener tekone dino kiamat heng ono kemamangan nong kono, pas waktu wong-wong iku padu-paduan nong urusane iya-iyane. 484 wong-wong iku ngomong: “edegno swiji bangunan reng duwure (guwo) iyan-iyane, Pengerane iyane lebih weruh nong iyane”.wong-wong kang kuwoso nong urusane wong-wong guwo ngomong: “saktemene isun arep ngadegaken umah ibadah reng duwure”.
484) Kang iya-iyane padokaken iku masalah dino kiamat: opo iku arep kedaden utowo osing lan opo tangine (wong) reng dino kiamat iku awak kambi rohe utowo tangine kambi rohe baen. Mongko Alloh ngetemokaken iyane kambi wong-wong enom nong jerone cerito iki enggo njelaseken kadung dino kiamat iku pasti teko lan tangine (wong) iku sak awake kambi roh.
سَيَقُوْلُوْنَ ثَلٰثَةٌ رَّابِعُهُمْ كَلْبُهُمْۚ وَيَقُوْلُوْنَ خَمْسَةٌ سَادِسُهُمْ كَلْبُهُمْ رَجْمًاۢ بِالْغَيْبِۚ وَيَقُوْلُوْنَ سَبْعَةٌ وَّثَامِنُهُمْ كَلْبُهُمْ ۗقُلْ رَّبِّيْٓ اَعْلَمُ بِعِدَّتِهِمْ مَّا يَعْلَمُهُمْ اِلَّا قَلِيْلٌ ەۗ فَلَا تُمَارِ فِيْهِمْ اِلَّا مِرَاۤءً ظَاهِرًا ۖوَّلَا تَسْتَفْتِ فِيْهِمْ مِّنْهُمْ اَحَدًا ࣖ٢٢
Sayaqūlūna ṡalāṡatur rābi‘uhum kalbuhum, wa yaqūlūna khamsatun sādisuhum kalbuhum rajmam bil-gaib(i), wa yaqūlūna sab‘atuw wa ṡāminuhum kalbuhum, qur rabbī a‘lamu bi‘iddatihim mā ya‘lamuhum illā qalīl(un), falā tumāri fīhim illā mirā'an ẓāhirā(n), wa lā tastafti fīhim minhum aḥadā(n).
[22]
Engko (ono wong kang arep) ngomong 485 (jumlahe wong kang ning guwo) iku telung wong kang kepapate iku asune, lan (kang liyo) ngomong: (jumlah iyane) iku limang wong kang keeneme iku asune”, iku hang dadi kiro-kirone barang kang goib; lan (kang liyo maning) ngomong: “(jumlah iyane) pitung wong, kang kewolune iku asune”. Ngomongo (Muhammad): “Pengerane isun lebi meruhi jumlah iyane; heng ono wong kang weruh (itungane) iya-iyane kejobo sithik”, kerono iku ojo’o siro (Muhammad) tukaran masalah iya-iyane, kejobo tukaran lahire baen lan ojo siro nakokaken ngenengi iya-iyane (wong-wong enom guwo iku) nong wong siji baen reng antarane iya-iyane (wong kang podo ngomong).
485) Kang dimaksud kambi “ wong kang arep ngomong
وَلَا تَقُوْلَنَّ لِشَا۟يْءٍ اِنِّيْ فَاعِلٌ ذٰلِكَ غَدًاۙ٢٣
Wa lā taqūlanna lisyai'in innī fā‘ilun żālika gadā(n).
[23]
Lan ojo sepesan-pisano siro ngomongaken suwiji-wiji: “Saktemene isun arep ngelokoni iku pasti engko esok isuk,
اِلَّآ اَنْ يَّشَاۤءَ اللّٰهُ ۖوَاذْكُرْ رَّبَّكَ اِذَا نَسِيْتَ وَقُلْ عَسٰٓى اَنْ يَّهْدِيَنِ رَبِّيْ لِاَقْرَبَ مِنْ هٰذَا رَشَدًا٢٤
Illā ay yasyā'allāh(u), ważkur rabbaka iżā nasīta wa qul ‘asā ay yahdiyani rabbī li'aqraba min hāżā rasyadā(n).
[24]
Kejobo (kambi nyebut): “Insya-Alloh 486 ” lan ilingo nong pengeran siro kadung siro lali lan ngucapo mugo-mugo pengeranisun bakal nguweni isun petunjuk nong kang lebih mareki kebenerane tinimbang iki”
486) Meturut cerito, ono pirang-pirang wong Quraisy takon nong nabi Muhammad SAW masalah roh, kisahe Ashabul Kahfi (kang manggon nong guwo) lan ceritone Dzulqornain, terus Beliau njawab, teko’o siro engkesok isuk nong isun, supoyo isun nyeritakno. Lan Beliau heng ngucapaken “Insya-Alloh” (artine kadung Gusti Alloh ngarepaken utowo ngiyani). Taping misale sampek gadug engkesok wahyu kasep tekone enggo nyeritakaken ihwal iku lan nabi heng biso njawabi, mongko muduno ayat 23-24 reng duwur, hang dadi pelajaran kanggo Nabi; Alloh ngingetaken maning kadung nabi lali ngucap “Insya-Alloh” kudune cepet ngucap iku nong waktu ngarepe.
وَلَبِثُوْا فِيْ كَهْفِهِمْ ثَلٰثَ مِائَةٍ سِنِيْنَ وَازْدَادُوْا تِسْعًا٢٥
Wa labiṡū fī kahfihim ṡalāṡa mi'atin sinīna wazdādū tis‘ā(n).
[25]
Lan iyane manggon nong jero guwo telung atus tahun lan ditambah sangang tahun (maning).
قُلِ اللّٰهُ اَعْلَمُ بِمَا لَبِثُوْا ۚ لَهٗ غَيْبُ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِۗ اَبْصِرْ بِهٖ وَاَسْمِعْۗ مَا لَهُمْ مِّنْ دُوْنِهٖ مِنْ وَّلِيٍّۗ وَلَا يُشْرِكُ فِيْ حُكْمِهٖٓ اَحَدًا٢٦
Qulillāhu a‘lamu bimā labiṡū, lahū gaibus-samāwāti wal-arḍ(i), abṣir bihī wa asmi‘, mā lahum min dūnihī miw waliyy(in), wa lā yusyriku fī ḥukmihī aḥadā(n).
[26]
Ngomongo: “Alloh lebih meruhi piro lawase iyan-iyane manggon (neng guwo); Duwene Alloh lah kabeh kang sing katon ning langit lan ning bumi. Kari padang peningale lan kari landep pengerungune; heng ono wong kang ngerokso nong iya-iyane sakliyane teko Gusti Alloh; lan Iyane hing njumput wong siji baen dadi konco (sekutu-Ne) kadung netepaken keputusan.
وَاتْلُ مَآ اُوْحِيَ اِلَيْكَ مِنْ كِتَابِ رَبِّكَۗ لَا مُبَدِّلَ لِكَلِمٰتِهٖۗ وَلَنْ تَجِدَ مِنْ دُوْنِهٖ مُلْتَحَدًا٢٧
Watlu mā ūḥiya ilaika min kitābi rabbik(a), lā mubaddila likalimātih(ī), wa lan tajida min dūnihī multaḥadā(n).
[27]
Lan wocokno paran kang diwahyuaken nong siro, yoiku kitabe Pengeran siro (AlQur’an). Heng ono wong (siji baen) kang biso nguwah kalimat-kalimate (Iyane). Lan siro heng bakal nemokaken panggonan yupyupan (kang aman) sakliyane Iyane (Alloh).
وَاصْبِرْ نَفْسَكَ مَعَ الَّذِيْنَ يَدْعُوْنَ رَبَّهُمْ بِالْغَدٰوةِ وَالْعَشِيِّ يُرِيْدُوْنَ وَجْهَهٗ وَلَا تَعْدُ عَيْنٰكَ عَنْهُمْۚ تُرِيْدُ زِيْنَةَ الْحَيٰوةِ الدُّنْيَاۚ وَلَا تُطِعْ مَنْ اَغْفَلْنَا قَلْبَهٗ عَنْ ذِكْرِنَا وَاتَّبَعَ هَوٰىهُ وَكَانَ اَمْرُهٗ فُرُطًا٢٨
Waṣbir nafsaka ma‘al-lażīna yad‘ūna rabbahum bil-gadāti wal-‘asyiyyi yurīdūna wajhahū wa lā ta‘du ‘aināka ‘anhum, turīdu zīnatal-ḥayātid-dun-yā, wa lā tuṭi‘ man agfalnā qalbahū ‘an żikrinā wattaba‘a hawāhu wa kāna amruhū furuṭā(n).
[28]
Lan sabaro siro (Muhammad) barengbareng kambi wong-wong kang nyeluk Pengerane nong waktu isuk lan waktu soren kelawan ngarep ridhone Iyane (Alloh); lan ojo’o motoniro karo melengos teko wong-wong (kerono) ngarepaken paesane keuripan dunyo iki; lan ojo’o siro milu wong kang atine wes Hun (Kito) gawe lali teko ngengeti Isun (Kito), tur iyane milu
وَقُلِ الْحَقُّ مِنْ رَّبِّكُمْۗ فَمَنْ شَاۤءَ فَلْيُؤْمِنْ وَّمَنْ شَاۤءَ فَلْيَكْفُرْۚ اِنَّآ اَعْتَدْنَا لِلظّٰلِمِيْنَ نَارًاۙ اَحَاطَ بِهِمْ سُرَادِقُهَاۗ وَاِنْ يَّسْتَغِيْثُوْا يُغَاثُوْا بِمَاۤءٍ كَالْمُهْلِ يَشْوِى الْوُجُوْهَۗ بِئْسَ الشَّرَابُۗ وَسَاۤءَتْ مُرْتَفَقًا٢٩
Wa qulil-ḥaqqu mir rabbikum, faman syā'a falyu'miw wa man syā'a falyakfur, innā a‘tadnā liẓ-ẓālimīna nārā(n), aḥāṭa bihim surādiquhā, wa iy yastagīṡū yugāṡū bimā'in kal-muhli yasywil-wujūh(a), bi'sasy-syarāb(u), wa sā'at murtafaqā(n).
[29]
Lan ngomongo (Muhammad): “ Kebeneran itu tekone teko Pengeran iro; mongko sopo baen kang kepingin (iman) apik’e iyane iman, lan sopo bain kepingin (kafir) makne iyane kafir”. Saktemene isun wes nyiapaken kanggo wong-wong kang dzolim iku geni neroko, kang mumbal-mumbale iku nguteri iyane kabeh, lan kadung iyane njaluk ngombe, pasti iyane diweni ngombe kambi banyu koyo wesi kang gemulak kang gempungaken rai. Gedigu ombenen kang paling olo lan panggonan leyeh-leyeh kang paling elek.
اِنَّ الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَعَمِلُوا الصّٰلِحٰتِ اِنَّا لَا نُضِيْعُ اَجْرَ مَنْ اَحْسَنَ عَمَلًاۚ٣٠
Innal-lażīna āmanū wa ‘amiluṣ-ṣāliḥāti innā lā nuḍī‘u ajra man aḥsana ‘amalā(n).
[30]
Saktemene wong kang podo iman lan ngelakoni amal kesaenan, temtu baen Isun (Kito) osing bakal nyio-nyiokaken ganjarane wong-wong kang ngelakoni ama(le) kelawan apik.
اُولٰۤىِٕكَ لَهُمْ جَنّٰتُ عَدْنٍ تَجْرِيْ مِنْ تَحْتِهِمُ الْاَنْهٰرُ يُحَلَّوْنَ فِيْهَا مِنْ اَسَاوِرَ مِنْ ذَهَبٍ وَّيَلْبَسُوْنَ ثِيَابًا خُضْرًا مِّنْ سُنْدُسٍ وَّاِسْتَبْرَقٍ مُّتَّكِـِٕيْنَ فِيْهَا عَلَى الْاَرَاۤىِٕكِۗ نِعْمَ الثَّوَابُۗ وَحَسُنَتْ مُرْتَفَقًا ࣖ٣١
Ulā'ika lahum jannātu ‘adnin tajrī min taḥtihimul-anhāru yuḥallauna fīhā min asāwira min żahabiw wa yalbasūna ṡiyāban khuḍram min sundusiw wa istabraqim muttaki'īna fīhā ‘alal-arā'ik(i), ni‘maṡ-ṡawāb(u), wa ḥasunat murtafaqā(n).
[31]
Iyane kabeh iku (wong-wong kang) kanggo iyane surgo ‘adn, mili banyu-banyu kang nong ngisore; nong jero surgo iku iyane dipaca’i kambi gelang emas lan iyane dienggoni kelkambi ijo sutero kang alus kambi sutero kang kandel, sedeng iyane lungguh kambi senden nong duwure pelonco-pelonco kang apik kok. Gedigu iku ganjaran kang seapik-apike, lan panggonan leyeh-leyeh kang apik.
۞ وَاضْرِبْ لَهُمْ مَّثَلًا رَّجُلَيْنِ جَعَلْنَا لِاَحَدِهِمَا جَنَّتَيْنِ مِنْ اَعْنَابٍ وَّحَفَفْنٰهُمَا بِنَخْلٍ وَّجَعَلْنَا بَيْنَهُمَا زَرْعًاۗ٣٢
Waḍrib lahum maṡalar rajulaini ja‘alnā li'aḥadihimā jannataini min a‘nābiw wa ḥafafnāhumā binakhliw wa ja‘alnā bainahumā zar‘ā(n).
[32]
Lan nguwenono (Muhammad) nong iyaniyane 487 sakwiji paribasan wong lanang loro, 488 Isun (Kito) dadekaken kanggo sakwong ning antarane wong loro (kang kafir) rong kebun anggur lan Isun (Kito) libengi rong kebun iku kambi wit-wit kurmo lan nong antarane kebun iku Hun (Kito) gawekaken kedokan (panggonan kang siap ditanduri).
487) Yoiku: nongwong-wong kang iman lanwong-wong kang kafir
488) Yoiku:wong lanang loro ahli kitab kang siji iman lan kang liyo kafir
كِلْتَا الْجَنَّتَيْنِ اٰتَتْ اُكُلَهَا وَلَمْ تَظْلِمْ مِّنْهُ شَيْـًٔاۙ وَّفَجَّرْنَا خِلٰلَهُمَا نَهَرًاۙ٣٣
Kiltal-jannataini ātat ukulahā wa lam taẓlim minhu syai'ā(n), wa fajjarnā khilālahumā naharā(n).
[33]
Rong kebonan iku ngasilaken uwohe, lan kebonan iku heng ono sudo sithik baen uwohe, lan Isun (Kito) ilekaken banyu mili nong sela-selane kebonan iku.
وَّكَانَ لَهٗ ثَمَرٌۚ فَقَالَ لِصَاحِبِهٖ وَهُوَ يُحَاوِرُهٗٓ اَنَا۠ اَكْثَرُ مِنْكَ مَالًا وَّاَعَزُّ نَفَرًا٣٤
Wa kāna lahū ṡamar(un), fa qāla liṣāḥibihī wa huwa yuḥāwiruhū ana akṡaru minka mālaw wa a‘azzu nafarā(n).
[34]
Lan iyane nduwe kesugihan kang gedi, mongko iyane ngomong nong koncone (kang iman), pas iyane omong-omongan kambi koncone: “picese isun lebih akeh timbangane picise siro lan kuli-kulinisun (pengikut) yo lebih kuat”.
وَدَخَلَ جَنَّتَهٗ وَهُوَ ظَالِمٌ لِّنَفْسِهٖۚ قَالَ مَآ اَظُنُّ اَنْ تَبِيْدَ هٰذِهٖٓ اَبَدًاۙ٣٥
Wa dakhala jannatahū wa huwa ẓālimul linafsih(ī), qāla mā aẓunnu an tabīda hāżihī abadā(n).
[35]
Lan iyane melebu nong kebonane pas iku iyane dzolim nong awake dewek: 489 iyane ngomong: “Isun pikir heng biso rusak selawas-lawase.
489) Yoiku: kambi congkak lan kafire.
وَّمَآ اَظُنُّ السَّاعَةَ قَاۤىِٕمَةً وَّلَىِٕنْ رُّدِدْتُّ اِلٰى رَبِّيْ لَاَجِدَنَّ خَيْرًا مِّنْهَا مُنْقَلَبًا٣٦
Wa mā aẓunnus-sā‘ata qā'imataw wa la'ir rudittu ilā rabbī la'ajidanna khairam minhā munqalabā(n).
[36]
Lan isun osing nyongko dino kiamat iku bakal teko, lan kadung sekirone isun dibalekaken nong Pengeranisun, pasti isun arep oleh panggonan balik kang lebih apik teko kebonan-kebonan iku”.
قَالَ لَهٗ صَاحِبُهٗ وَهُوَ يُحَاوِرُهٗٓ اَكَفَرْتَ بِالَّذِيْ خَلَقَكَ مِنْ تُرَابٍ ثُمَّ مِنْ نُّطْفَةٍ ثُمَّ سَوّٰىكَ رَجُلًاۗ٣٧
Qāla lahū ṣāḥibuhū wa huwa yuḥāwiruhū akafarta bil-lażī khalaqaka min turābin ṡumma min nuṭfatin ṡumma sawwāka rajulā(n).
[37]
Koncone (kang iman) ngomong nong iyane pas waktu omong-omongan nong iyane: “Apuo siro kafir nang (Pengeran) kang gawe siro asale teko lemah, terus teko setetes banyu mani, terus Iyane (Pengeran) nggawe siro dadi wong lanang kang sempurno?
لٰكِنَّا۠ هُوَ اللّٰهُ رَبِّيْ وَلَآ اُشْرِكُ بِرَبِّيْٓ اَحَدًا٣٨
Lākinna huwallāhu rabbī wa lā usyriku birabbī aḥadā(n).
[38]
Tapinge isun (percoyo kadung): Iyane Gusti Alloh, Pengeran ingsun lan isun heng nggawekaken sekutu (konco) nong Pengeran isun.
وَلَوْلَآ اِذْ دَخَلْتَ جَنَّتَكَ قُلْتَ مَا شَاۤءَ اللّٰهُ ۙ لَا قُوَّةَ اِلَّا بِاللّٰهِ ۚاِنْ تَرَنِ اَنَا۠ اَقَلَّ مِنْكَ مَالًا وَّوَلَدًاۚ٣٩
Wa lau lā iż dakhalta jannataka qulta mā syā'allāh(u), lā quwwata illā billāh(i), in tarani ana aqalla minka mālaw wa waladā(n).
[39]
Lan apuo siro heng ngucapaken waktu siro melebu nong kebonan siro “Maa Syaa Allah, Laa Quwwata Illaa Billah” (temenan kerono karepe pengeran kabeh iki dadi, osing ono kekuwatan kejobo kelawan pitulunge Gusti Alloh), kadung siro nganggep isun lebih sithik timbangane teko siro nong urusan picis lan anak turun.
فَعَسٰى رَبِّيْٓ اَنْ يُّؤْتِيَنِ خَيْرًا مِّنْ جَنَّتِكَ وَيُرْسِلَ عَلَيْهَا حُسْبَانًا مِّنَ السَّمَاۤءِ فَتُصْبِحَ صَعِيْدًا زَلَقًاۙ٤٠
Fa ‘asā rabbī ay yu'tiyani khairam min jannatika wa yursila ‘alaihā ḥusbānam minas-samā'i fa tuṣbiḥa ṣa‘īdan zalaqā(n).
[40]
Mongko mugo-mugo baen Pengeran isun, arep nguweni nong isun (kebonan) kang lebih apik timbangane kebonane siro (iki); lan mugo-mugo Iyane ngirimaken ketentuan (geluduk) teko langit nong kebonan-kebonan siro, sehinggo (kebonan iku) dadi lemah kang lunyu.
اَوْ يُصْبِحَ مَاۤؤُهَا غَوْرًا فَلَنْ تَسْتَطِيْعَ لَهٗ طَلَبًا٤١
Au yuṣbiḥa mā'uhā gauran falan tastaṭī‘a lahū ṭalabā(n).
[41]
Utowo banyune dadi surut ngerembes nong jero lemah, mongko sepisan-pisano siro heng biso nemokaken maning”
وَاُحِيْطَ بِثَمَرِهٖ فَاَصْبَحَ يُقَلِّبُ كَفَّيْهِ عَلٰى مَآ اَنْفَقَ فِيْهَا وَهِيَ خَاوِيَةٌ عَلٰى عُرُوْشِهَا وَيَقُوْلُ يٰلَيْتَنِيْ لَمْ اُشْرِكْ بِرَبِّيْٓ اَحَدًا٤٢
Wa uḥīṭa biṡamarihī fa aṣbaḥa yuqallibu kaffaihi ‘alā mā anfaqa fīhā wa hiya khāwiyatun ‘alā ‘urūsyihā wa yaqūlu yā laitanī lam usyrik birabbī aḥadā(n).
[42]
Lan bondo sugihe dientekaken, akhire iyane molak-malikaken tangan lorone (pertondo getun) nong paran baen kang iyane wes belonjokaken enggo iku, sedeng wit anggure iku roboh entek-entekan lan iyane ngucap: “monggoh’o bengen isun heng nyekutokaken (nggawe konco) sakwong baen nong Pengeranisun”.
وَلَمْ تَكُنْ لَّهٗ فِئَةٌ يَّنْصُرُوْنَهٗ مِنْ دُوْنِ اللّٰهِ وَمَا كَانَ مُنْتَصِرًاۗ٤٣
Wa lam takul lahū fi'atuy yanṣurūnahū min dūnillāhi wa mā kāna muntaṣirā(n).
[43]
Lan heng ono golongan siji baen hang biso nolong sakliyane Gusti Alloh; lan sepisanpisano iyane heng biso mbelani awake dewek.
هُنَالِكَ الْوَلَايَةُ لِلّٰهِ الْحَقِّۗ هُوَ خَيْرٌ ثَوَابًا وَّخَيْرٌ عُقْبًا ࣖ٤٤
Hunālikal-walāyatu lillāhil-ḥaqq(i), huwa khairun ṡawābaw wa khairun ‘uqbā(n).
[44]
Reng kono pitulung iku mung teko Gusti Alloh kang Hak (moho bener), Iyane iku seapik-apike kang nguweni ganjaran lan seapik-apike kang nguweni walesan.
وَاضْرِبْ لَهُمْ مَّثَلَ الْحَيٰوةِ الدُّنْيَا كَمَاۤءٍ اَنْزَلْنٰهُ مِنَ السَّمَاۤءِ فَاخْتَلَطَ بِهٖ نَبَاتُ الْاَرْضِ فَاَصْبَحَ هَشِيْمًا تَذْرُوْهُ الرِّيٰحُ ۗوَكَانَ اللّٰهُ عَلٰى كُلِّ شَيْءٍ مُّقْتَدِرًا٤٥
Waḍrib lahum maṡalal-ḥayātid-dun-yā kamā'in anzalnāhu minas-samā'i fakhtalaṭa bihī nabātul-arḍi fa aṣbaḥa hasyīman tażrūhur-riyāḥ(u), wa kānallāhu ‘alā kulli syai'im muqtadirā(n).
[45]
Lan wenono paribasan (conto’)nong iyaniyane (menungso), keuripan dunyo iku koyo banyu udan kang Isun (Kito) dunaken teko langit, mongko dadi subur.kerono (udan) perujukan-perujukan nong duwure bumi, terus perujukan-perujukan iku dadi garing kang dipelamukaken kambi angin lan Gusti Alloh iku Moho kuwoso nong sekabehane barang
اَلْمَالُ وَالْبَنُوْنَ زِيْنَةُ الْحَيٰوةِ الدُّنْيَاۚ وَالْبٰقِيٰتُ الصّٰلِحٰتُ خَيْرٌ عِنْدَ رَبِّكَ ثَوَابًا وَّخَيْرٌ اَمَلًا٤٦
Al-mālu wal-banūna zīnatul-ḥayātid-dun-yā, wal-bāqiyātuṣ-ṣāliḥātu khairun ‘inda rabbika ṡawābaw wa khairun amalā(n).
[46]
Bondo lan anak-anak iku paesane keuripan dunyo taping amalan-amalan kang langgeng tur soleh iku lebih apik ganjarane nong sandinge Pengeraniro serto lebih apik enggo diarep-arepaken.
وَيَوْمَ نُسَيِّرُ الْجِبَالَ وَتَرَى الْاَرْضَ بَارِزَةًۙ وَّحَشَرْنٰهُمْ فَلَمْ نُغَادِرْ مِنْهُمْ اَحَدًاۚ٤٧
Wa yauma nusayyirul-jibāla wa taral-arḍa bārizah(tan), wa ḥasyarnāhum falam nugādir minhum aḥadā(n).
[47]
Lan (engeto) nong dino (kang waktu iku) Isun (Kito) lakokaken gunung-gunung lan siro arep weruh kadung bumi iku roto lan Isun (Kito) kumpulaken kabeh menungso lan Isun (Kito) seng ninggalaken siji baen teko wong-wong iku.
وَعُرِضُوْا عَلٰى رَبِّكَ صَفًّاۗ لَقَدْ جِئْتُمُوْنَا كَمَا خَلَقْنٰكُمْ اَوَّلَ مَرَّةٍۢ ۖبَلْ زَعَمْتُمْ اَلَّنْ نَّجْعَلَ لَكُمْ مَّوْعِدًا٤٨
Wa ‘uriḍū ‘alā rabbika ṣaffā(n), laqad ji'tumūnā kamā khalaqnākum awwala marratim bal za‘amtum allan naj‘ala lakum mau‘idā(n).
[48]
Lan iyane kabeh bakal digowo nong arepe Pengeran siro kambi dibarisaken. Saktemene siro teko nong isun koyo isun nggawe siro nong waktu kawitane; temenan siro ngomong kadung isun sepisan-pisano heng arep bakal netepaken kanggo siro waktu 490 (ngelaksanakno) perjanjian.
490) Kang dikarepakan kambi waktu nong kene yoiku dino ditangekaken kang wes dijanjeni Gusti Alloh enggo nerimo walesan.
وَوُضِعَ الْكِتٰبُ فَتَرَى الْمُجْرِمِيْنَ مُشْفِقِيْنَ مِمَّا فِيْهِ وَيَقُوْلُوْنَ يٰوَيْلَتَنَا مَالِ هٰذَا الْكِتٰبِ لَا يُغَادِرُ صَغِيْرَةً وَّلَا كَبِيْرَةً اِلَّآ اَحْصٰىهَاۚ وَوَجَدُوْا مَا عَمِلُوْا حَاضِرًاۗ وَلَا يَظْلِمُ رَبُّكَ اَحَدًا ࣖ٤٩
Wa wuḍi‘al-kitābu fa taral-mujrimīna musyfiqīna mimmā fīhi wa yaqūlūna yā wailatanā mā lihāżal-kitābi lā yugādiru ṣagīrataw wa lā kabīratan illā aḥṣāhā, wa wajadū mā ‘amilū ḥaḍirā(n), wa lā yaẓlimu rabbuka aḥadā(n).
[49]
Lan diselehno kitab, terus iro arep weruh nong wong kang duwe salah keweden nong paran kang (kecatet) reng jerone, lan iyane podo ngomong: “Aju kelendai iki, belai isun lan Riko (Kito), kitab paran iki kok sing ngeliwataken hang cilik lan osing (ugo) hang gedi, sakliyane iyane kecatet sekabehane; lan iyan-iyane nemukaken paran baen kang iyaiyane lakoni ono (kecatet). Lan Pengeraniro sing nganioyo wong siji baen”.
وَاِذْ قُلْنَا لِلْمَلٰۤىِٕكَةِ اسْجُدُوْا لِاٰدَمَ فَسَجَدُوْٓا اِلَّآ اِبْلِيْسَۗ كَانَ مِنَ الْجِنِّ فَفَسَقَ عَنْ اَمْرِ رَبِّهٖۗ اَفَتَتَّخِذُوْنَهٗ وَذُرِّيَّتَهٗٓ اَوْلِيَاۤءَ مِنْ دُوْنِيْ وَهُمْ لَكُمْ عَدُوٌّۗ بِئْسَ لِلظّٰلِمِيْنَ بَدَلًا٥٠
Wa iż qulnā lil-malā'ikatisjudū li'ādama fa sajadū illā iblīs(a), kāna minal-jinni fa fasaqa ‘an amri rabbih(ī), afa tattakhiżūnahū wa żurriyyatahū auliyā'a min dūnī wa hum lakum ‘aduww(un), bi'sa liẓ-ẓālimīna badalā(n).
[50]
Lan (ilingo) waktu Isun (Kito) ngomong nong poro molaikat: “Sujudo siro nong Adam”, mongko sujud iyane kabeh kejobo iblis, iyane iku teko golongan jin, mongko iyane nulayani perintah Pengerane, pantes tah siro njumput iyane lan turun-turunane dadi pimpinan sakliyane teko isun, sedeng iyan-iyane iku musuh-musuh siro? Pol elek’e kadung iblis iku dadi gantine (Alloh) kanggo wong-wong kang dzolim.
۞ مَآ اَشْهَدْتُّهُمْ خَلْقَ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِ وَلَا خَلْقَ اَنْفُسِهِمْۖ وَمَا كُنْتُ مُتَّخِذَ الْمُضِلِّيْنَ عَضُدًا٥١
Mā asyhattuhum khalqas-samāwāti wal-arḍi wa lā khalqa anfusihim, wa mā kuntu muttakhiżal-muḍillīna ‘aḍudā(n).
[51]
Isun sing nekokaken iyan-iyane (iblis lan anak putune) enggo nakseni kelendi nggawe langit lan bumi, lan osing (ugo) kelendi nggaweni awake iyan-iyane dewek; lan sing pisan isun njumput wong-wong kang nyasaraken iku dadi wong kang nolong (penolong).
وَيَوْمَ يَقُوْلُ نَادُوْا شُرَكَاۤءِيَ الَّذِيْنَ زَعَمْتُمْ فَدَعَوْهُمْ فَلَمْ يَسْتَجِيْبُوْا لَهُمْ وَجَعَلْنَا بَيْنَهُمْ مَّوْبِقًا٥٢
Wa yauma yaqūlu nādū syurakā'iyal-lażīna za‘amtum fa da‘auhum falam yastajībū lahum wa ja‘alnā bainahum maubiqā(n).
[52]
Lan (engeto) nong dino (kang wektu iku) Iyane Ngucap (berfirman): “Nyeluko siro sekutu-sekutunisun (konco-konconisun) kang siro ucapaken iku”, iyane kabeh terus podo nyeloki taping sekutu-sekutune osing mbales celukan iyan-iyane lan Isun (Kito) onokaken kanggo iyan-iyane panggonan kang mateni (neroko).
وَرَاَ الْمُجْرِمُوْنَ النَّارَ فَظَنُّوْٓا اَنَّهُمْ مُّوَاقِعُوْهَا وَلَمْ يَجِدُوْا عَنْهَا مَصْرِفًا ࣖ٥٣
Wa ra'al-mujrimūnan nāra fa ẓannū annahum muwāqi‘ūhā wa lam yajidū ‘anhā maṣrifā(n).
[53]
Lan wong-wong kang duwe duso weruh neroko, mongko iyane mestekaken kadung iyane arep tibo nong jerone lan iyane heng nemu panggonan ngaleh teko kono.
وَلَقَدْ صَرَّفْنَا فِيْ هٰذَا الْقُرْاٰنِ لِلنَّاسِ مِنْ كُلِّ مَثَلٍۗ وَكَانَ الْاِنْسَانُ اَكْثَرَ شَيْءٍ جَدَلًا٥٤
Wa laqad ṣarrafnā fī hāżal-qur'āni lin-nāsi min kulli maṡal(in), wa kānal-insānu akṡara syai'in jadalā(n).
[54]
Lan saktemene Isun (Kito) wes njelasaken bolak-balik kanggo menungso nong jero Al-Qur’an iki macem-maceme umpomo (paribasan). Lan yo menungso iku mahluk paling akeh mbantahe.
وَمَا مَنَعَ النَّاسَ اَنْ يُّؤْمِنُوْٓا اِذْ جَاۤءَهُمُ الْهُدٰى وَيَسْتَغْفِرُوْا رَبَّهُمْ اِلَّآ اَنْ تَأْتِيَهُمْ سُنَّةُ الْاَوَّلِيْنَ اَوْ يَأْتِيَهُمُ الْعَذَابُ قُبُلًا٥٥
Wa mā mana‘an-nāsa ay yu'minū iż jā'ahumul-hudā wa yastagfirū rabbahum illā an ta'tiyahum sunnatul-awwalīna au ya'tiyahumul-‘ażābu qubulā(n).
[55]
Lan heng ono siji baen kang ngalangi menungso teko iman, kadung pituduh wes teko nong iyane, lan njaluk sepuro nong Gusti Pengerane, kejobo (kepinginane nganteni) tekone ukum (Alloh kang kelakon nong) umat-umat kang bengen utowo tekone adzab nong iyane kelawan nyoto.
وَمَا نُرْسِلُ الْمُرْسَلِيْنَ اِلَّا مُبَشِّرِيْنَ وَمُنْذِرِيْنَۚ وَيُجَادِلُ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا بِالْبَاطِلِ لِيُدْحِضُوْا بِهِ الْحَقَّ وَاتَّخَذُوْٓا اٰيٰتِيْ وَمَآ اُنْذِرُوْا هُزُوًا٥٦
Wa mā nursilul-mursalīna illā mubasysyirīna wa munżirīn(a), wa yujādilul-lażīna kafarū bil-bāṭili liyudḥiḍū bihil-ḥaqqa wattakhażū āyātī wa mā unżirū huzuwā(n).
[56]
Lan osingo Isun (Kito) ngutus Rosulrosul kejobo mung kon nggowo kabar nyenengaken lan weden-wedenan; taping wong-wong kafir mbantah kambi (coro) kang salah supoyo kambi gedigu iyane biso ngilangi (perkoro) kang bener (hak), lan iyane nganggep ayat-ayat Isun lan wedenwedenan nong iyane dadi (bahan enggo) ngelok-ngelokaken.
وَمَنْ اَظْلَمُ مِمَّنْ ذُكِّرَ بِاٰيٰتِ رَبِّهٖ فَاَعْرَضَ عَنْهَا وَنَسِيَ مَا قَدَّمَتْ يَدَاهُۗ اِنَّا جَعَلْنَا عَلٰى قُلُوْبِهِمْ اَكِنَّةً اَنْ يَّفْقَهُوْهُ وَفِيْٓ اٰذَانِهِمْ وَقْرًاۗ وَاِنْ تَدْعُهُمْ اِلَى الْهُدٰى فَلَنْ يَّهْتَدُوْٓا اِذًا اَبَدًا٥٧
Wa man aẓlamu mimman żukkira bi'āyāti rabbihī fa a‘raḍa ‘anhā wa nasiya mā qaddamat yadāh(u), innā ja‘alnā ‘alā qulūbihim akinnatan ay yafqahūhu wa fī āżānihim waqrā(n), wa in tad‘uhum ilal-hudā falay yahtadū iżan abadā(n).
[57]
Lan sopo kang lebih dzolim ketimbang wong kang wes diwedeni kambi ayat-ayat teko Pengerane terus iyane melengos teko (ayat iku) lan ngelalekaken paran kang dilakone kambi tangan lorone?. Saktemene Isun (Kito) wes ngandoh tutup nong ati iyane kabeh, (sehinggo iyane osing) mahami lan (Isun (Kito) ngandoh ugo) sumpel nong kupeng iyane, lan masio siro (Muhammad) nyeluk iyane nong pituduh, pasti iyane heng oleh pituduh selawas-lawase.
وَرَبُّكَ الْغَفُوْرُ ذُو الرَّحْمَةِۗ لَوْ يُؤَاخِذُهُمْ بِمَا كَسَبُوْا لَعَجَّلَ لَهُمُ الْعَذَابَۗ بَلْ لَّهُمْ مَّوْعِدٌ لَّنْ يَّجِدُوْا مِنْ دُوْنِهٖ مَوْىِٕلًا٥٨
Wa rabbukal-gafūru żur-raḥmah(ti), lau yu'ākhiżuhum bimā kasabū la‘ajjala lahumul-‘ażāb(a), bal lahum mau‘idul lay yajidū min dūnihī mau'ilā(n).
[58]
Lan Pengeraniro kang Moho Nyepuro duweni Rohmat. Kadung Iyane karep nyekso (wong-wong kafir) kerono kelakuane, mesti Iyane nyepetaken sekso kanggo iyan-iyane, taping kanggo iyan-iyane ono wektu kang tertentu (enggo oleh sekso) kang iyane sepisan-pisano heng arep nemokaken panggonan nyelametaken teko ngkono.
وَتِلْكَ الْقُرٰٓى اَهْلَكْنٰهُمْ لَمَّا ظَلَمُوْا وَجَعَلْنَا لِمَهْلِكِهِمْ مَّوْعِدًا ࣖ٥٩
Wa tilkal-qurā ahlaknāhum lammā ẓalamū wa ja‘alnā limahlikihim mau‘idā(n).
[59]
Lan (penduduk) negeri iku wes Hun (Kito) pateni waktu Iyane nggawe kedzoliman, lan wes sun tetepaken wektu tertentu kanggo matine iyan-iyane.
وَاِذْ قَالَ مُوْسٰى لِفَتٰىهُ لَآ اَبْرَحُ حَتّٰٓى اَبْلُغَ مَجْمَعَ الْبَحْرَيْنِ اَوْ اَمْضِيَ حُقُبًا٦٠
Wa iż qāla mūsā lifatāhu lā abraḥu ḥattā abluga majma‘al-baḥraini au amḍiya ḥuqubā(n).
[60]
Lan (engeto) wektu Musa ngomong nong muride; 491 “Isun osing arep mandeg (melaku) sak durunge gadung nong ketemune segoro loro; utowo isun arep melaku terus sampek taun-taunan.
491) Meturut ahli tafsir, maurid Nabi Musa a.s. iku Yusya bin Nun.
فَلَمَّا بَلَغَا مَجْمَعَ بَيْنِهِمَا نَسِيَا حُوْتَهُمَا فَاتَّخَذَ سَبِيْلَهٗ فِى الْبَحْرِ سَرَبًا٦١
Falammā balagā majma‘a bainihimā nasiyā ḥūtahumā fattakhaża sabīlahū fil-baḥri sarabā(n).
[61]
Mongko wektu iyane sampek gadug nong ketemune segoro loro iku, iyane lali kambi iwake, terus iwake melencat jumput dalane nong segoro iku.
فَلَمَّا جَاوَزَا قَالَ لِفَتٰىهُ اٰتِنَا غَدَاۤءَنَاۖ لَقَدْ لَقِيْنَا مِنْ سَفَرِنَا هٰذَا نَصَبًا٦٢
Falammā jāwazā qāla lifatāhu ātinā gadā'anā laqad laqīnā min safarinā hāżā naṣabā(n).
[62]
Mongko wektu iyan-iyane melaku tambah adoh, ngomongi Musa nong muridmuride: “Gowonen merene panganan kito; saktemene kito wes kesel kerono melakune kito iki”.
قَالَ اَرَاَيْتَ اِذْ اَوَيْنَآ اِلَى الصَّخْرَةِ فَاِنِّيْ نَسِيْتُ الْحُوْتَۖ وَمَآ اَنْسٰىنِيْهُ اِلَّا الشَّيْطٰنُ اَنْ اَذْكُرَهٗۚ وَاتَّخَذَ سَبِيْلَهٗ فِى الْبَحْرِ عَجَبًا٦٣
Qāla ara'aita iż awainā ilaṣ-ṣakhrati fa innī nasītul-ḥūt(a), wa mā ansānīhu illasy-syaiṭanu an ażkurah(ū), wattakhaża sabīlahū fil-baḥri ‘ajabā(n).
[63]
Muride njawab: “Weruho riko wektu kito nggolek panggonan ngiyub reng (ngisore) watu mau, mongko saktemene isun lali (nyeritakaken ngenengi) iwak iku lan osing ono hang nggawe lali-laliyane isun enggo nyeritokaken iku kejobo mung syetan lan iwak iku njumput dalane nong segoro nganggo coro kang aneh seru.”
قَالَ ذٰلِكَ مَا كُنَّا نَبْغِۖ فَارْتَدَّا عَلٰٓى اٰثَارِهِمَا قَصَصًاۙ٦٤
Qāla żālika mā kunnā nabg(i), fartaddā ‘alā āṡārihimā qaṣaṣā(n).
[64]
Musa ngomong: “iku (panggonan) kang kito goleki”. Terus wong loro (muride lan Musa) iku balik, milu bekase iyan-iyane waktu kawitan.
فَوَجَدَا عَبْدًا مِّنْ عِبَادِنَآ اٰتَيْنٰهُ رَحْمَةً مِّنْ عِنْدِنَا وَعَلَّمْنٰهُ مِنْ لَّدُنَّا عِلْمًا٦٥
Fa wajadā ‘abdam min ‘ibādinā ātaināhu raḥmatam min ‘indinā wa ‘allamnāhu mil ladunnā ‘ilmā(n).
[65]
Terus iyane (keloron) ketemu nong swiji kawulo teko antarane kawulo-kawulo Isun (Kito), kang wes hun weni nong iyane rohmat teko sanding Isun, lan kang wes Hun (Kito) ajaraken nong iyane kaweruhan (ilmu) teko sandinge Isun (Kito). 492
492) Meturut ahli tafsir kawulo ning kene iku Khidir, lan kang dikarepaken kambi rohmat ning kene yoiku wahyu lan kenabiane. Sedeng kang dikarepaken kambi kaweruhan (ilmu)yoiku ilmu ngenengi perkoro kang goib koyo kang diterangaken nong jero ayat-ayat ngarep iki.
قَالَ لَهٗ مُوْسٰى هَلْ اَتَّبِعُكَ عَلٰٓى اَنْ تُعَلِّمَنِ مِمَّا عُلِّمْتَ رُشْدًا٦٦
Qāla lahū mūsā hal attabi‘uka ‘alā an tu‘allimani mimmā ‘ullimta rusydā(n).
[66]
Musa ngomong nong Khidir: “Oleh tah Isun milu riko supoyo riko ngajari isun ilmu kang bener reng antarane ilmu-ilmu kang wes diajaraken nong riko?”
قَالَ اِنَّكَ لَنْ تَسْتَطِيْعَ مَعِيَ صَبْرًا٦٧
Qāla innaka lan tastaṭī‘a ma‘iya ṣabrā(n).
[67]
Iyane njawab: “Saktemene siro sepisanpisano heng bakal sanggup sabar bareng isun.
وَكَيْفَ تَصْبِرُ عَلٰى مَا لَمْ تُحِطْ بِهٖ خُبْرًا٦٨
Wa kaifa taṣbiru ‘alā mā lam tuḥiṭ bihī khubrā(n).
[68]
Lan kelendi siro biso sabar kambi barang, kang siro durung duwe kaweruhan kang cukup ngenengi perkoro iku?”
قَالَ سَتَجِدُنِيْٓ اِنْ شَاۤءَ اللّٰهُ صَابِرًا وَّلَآ اَعْصِيْ لَكَ اَمْرًا٦٩
Qāla satajidunī in syā'allāhu ṣābiraw wa lā a‘ṣī laka amrā(n).
[69]
Musa ngomong: “Insya Alloh riko arep nemukaken nong isun wong kang sabar, lan isun heng arep nentang riko nong swiji urusan paran baen”.
قَالَ فَاِنِ اتَّبَعْتَنِيْ فَلَا تَسْـَٔلْنِيْ عَنْ شَيْءٍ حَتّٰٓى اُحْدِثَ لَكَ مِنْهُ ذِكْرًا ࣖ٧٠
Qāla fa inittaba‘tanī falā tas'alnī ‘an syai'in ḥattā uḥdiṡa laka minhu żikrā(n).
[70]
Iyane ngomong: “Kadung siro milu isun, mongko ojo siro nakokaken nong isun ngenengi paran baen. Makne isun dewek kang njelasakennong siro”.
فَانْطَلَقَاۗ حَتّٰٓى اِذَا رَكِبَا فِى السَّفِيْنَةِ خَرَقَهَاۗ قَالَ اَخَرَقْتَهَا لِتُغْرِقَ اَهْلَهَاۚ لَقَدْ جِئْتَ شَيْـًٔا اِمْرًا٧١
Fanṭalaqā, ḥattā iżā rakibā fis-safīnati khara ahā, qāla akharaqtahā litugriqa ahlahā, laqad ji'ta syai'an imrā(n).
[71]
Mongko jaklorone melaku, hinggo wektu karone numpak perahu terus Khidir mbolongine, Musa ngomong: Apuo riko mbolongi perahu iku, kang akibate riko nyilepaken penumpange?” Saktemene riko uwes gawe kesalahan kang gedi.
قَالَ اَلَمْ اَقُلْ اِنَّكَ لَنْ تَسْتَطِيْعَ مَعِيَ صَبْرًا٧٢
Qāla alam aqul innaka lan tastaṭī‘a ma‘iya ṣabrā(n).
[72]
Iyane (Khidir) ngomong: “Osing tah isun wes ngomong: “Saktemene siro sepisanpisano osing bakal sabar bareng kambi isun”
قَالَ لَا تُؤَاخِذْنِيْ بِمَا نَسِيْتُ وَلَا تُرْهِقْنِيْ مِنْ اَمْرِيْ عُسْرًا٧٣
Qāla lā tu'ākhiżnī bimā nasītu wa lā turhiqnī min amrī ‘usrā(n).
[73]
Musa ngomong: “Ojo’o riko ngukum isun kerono laline isun lan ojo’o riko ngabotngaboti isun kambi perkoro kang angel nong urusane isun”.
فَانْطَلَقَا ۗحَتّٰٓى اِذَا لَقِيَا غُلٰمًا فَقَتَلَهٗ ۙقَالَ اَقَتَلْتَ نَفْسًا زَكِيَّةً ۢبِغَيْرِ نَفْسٍۗ لَقَدْ جِئْتَ شَيْـًٔا نُّكْرًا ۔٧٤
Fanṭalaqā, ḥattā iżā laqiyā gulāman fa qatalah(ū), qāla aqatalta nafsan zakiyyatam bigairi nafs(in), laqad ji'ta syai'an nukrā(n).
[74]
Mongko jak lorone melaku; sampek wektu karone ketemu kambi lare cilik, mongko Khidir matenine. Musa ngomong: ”Apuo riko mateni awak kang mage rijig (suci), dudu kerono iyane mateni wong liyo? Saktemene riko uwes ngelakoni perkoro kang mungkar”.
۞ قَالَ اَلَمْ اَقُلْ لَّكَ اِنَّكَ لَنْ تَسْتَطِيْعَ مَعِيَ صَبْرًا٧٥
Qāla alam aqul laka innaka lan tastaṭī‘a ma‘iya ṣabrā(n).
[75]
Khidir ngomong: “Osing tah wes isun ngomongi nong siro, kadung saktemene siro osing bakal biso sabar bareng isun?”.
قَالَ اِنْ سَاَلْتُكَ عَنْ شَيْءٍۢ بَعْدَهَا فَلَا تُصٰحِبْنِيْۚ قَدْ بَلَغْتَ مِنْ لَّدُنِّيْ عُذْرًا٧٦
Qāla in sa'altuka ‘an syai'im ba‘dahā falā tuṣāḥibnī, qad balagta mil ladunnī ‘użrā(n).
[76]
Musa ngomong: “Kadung isun takon nong riko masalah sakwise (mari) iki, mongko ojo’o riko ngulihi isun ngancani riko, saktemene riko wes cukup nguweni uzur nong isun”.
فَانْطَلَقَا ۗحَتّٰىٓ اِذَآ اَتَيَآ اَهْلَ قَرْيَةِ ِۨاسْتَطْعَمَآ اَهْلَهَا فَاَبَوْا اَنْ يُّضَيِّفُوْهُمَا فَوَجَدَا فِيْهَا جِدَارًا يُّرِيْدُ اَنْ يَّنْقَضَّ فَاَقَامَهٗ ۗقَالَ لَوْ شِئْتَ لَتَّخَذْتَ عَلَيْهِ اَجْرًا٧٧
Fanṭalaqā, ḥattā iżā atayā ahla qaryatinistaṭ‘amā ahlahā fa abau ay yuḍayyifūhumā fa wajadā fīhā jidāray yurīdu ay yaqaḍḍa fa aqāmah(ū), qāla lau syi'ta lattakhażta ‘alaihi ajrā(n).
[77]
Mongko jaklorone melaku: sampek wektu jaklorone sampek nong penduduk sijine negeri, iyane karo njaluk disuguhi kambi warga negeri iku, taping penduduk negeri iku heng gelem nyuguhi iyane jakloron, terus jaklorone nemu nong negeri iku tembok umah kang emeh rubuh. Musa ngomong: “kadung riko gelem, pasti riko njumput upah enggo iku”.
قَالَ هٰذَا فِرَاقُ بَيْنِيْ وَبَيْنِكَۚ سَاُنَبِّئُكَ بِتَأْوِيْلِ مَا لَمْ تَسْتَطِعْ عَّلَيْهِ صَبْرًا٧٨
Qāla hāżā firāqu bainī wa bainik(a), sa'unabbi'uka bita'wīli mā lam tastaṭī‘ ‘alaihi ṣabrā(n).
[78]
Khidir ngomong: “Ikine pisahan antarane isun kambi riko; isun arep nguweni weruh nong siro tujuan kelakuan-kelakuan kang siro heng biso sabar nong iku.
اَمَّا السَّفِيْنَةُ فَكَانَتْ لِمَسٰكِيْنَ يَعْمَلُوْنَ فِى الْبَحْرِ فَاَرَدْتُّ اَنْ اَعِيْبَهَاۗ وَكَانَ وَرَاۤءَهُمْ مَّلِكٌ يَّأْخُذُ كُلَّ سَفِيْنَةٍ غَصْبًا٧٩
Ammas-safīnatu fa kānat limasākīna ya‘malūna fil-baḥri fa arattu an a‘ībahā, wa kāna warā'ahum malikuy ya'khużu kulla safīnatin gaṣbā(n).
[79]
Onopun kapal segoro itu yoiku duweni wong-wong melarat kang megawe nong segoro, lan tujuane isun ngelelepaken kapal iku, kerono reng arepe iyan-iyane ono rojo kang arepe ngerampas saben-saben kapal.
وَاَمَّا الْغُلٰمُ فَكَانَ اَبَوَاهُ مُؤْمِنَيْنِ فَخَشِيْنَآ اَنْ يُّرْهِقَهُمَا طُغْيَانًا وَّكُفْرًا ۚ٨٠
Wa ammal-gulāmu fa kāna abawāhu mu'minaini fa khasyīnā ay yurhiqahumā ṭugyānaw wa kufrā(n).
[80]
lan onopun lare cilik iku, mongko wong tuwek lorone iku wong-wong kang iman, lan isun kuwatir kadung lare cilik iku arep nyurung wong tuwek karone iku nong kesasar lan kekafiran.
فَاَرَدْنَآ اَنْ يُّبْدِلَهُمَا رَبُّهُمَا خَيْرًا مِّنْهُ زَكٰوةً وَّاَقْرَبَ رُحْمًا٨١
Fa aradnā ay yubdilahumā rabbuhumā khairam minhu zakātaw wa aqraba ruḥmā(n).
[81]
Lan isun kepingin, supoyo pengerane Iyan-iyane ngganti kanggo iyan-iyane kambi lare cilik liyo kang lebih apik kesuciane timbangane lare iku lan lebih jeru kaseh sayange (nong emak bapak’e).
وَاَمَّا الْجِدَارُ فَكَانَ لِغُلٰمَيْنِ يَتِيْمَيْنِ فِى الْمَدِيْنَةِ وَكَانَ تَحْتَهٗ كَنْزٌ لَّهُمَا وَكَانَ اَبُوْهُمَا صَالِحًا ۚفَاَرَادَ رَبُّكَ اَنْ يَّبْلُغَآ اَشُدَّهُمَا وَيَسْتَخْرِجَا كَنْزَهُمَا رَحْمَةً مِّنْ رَّبِّكَۚ وَمَا فَعَلْتُهٗ عَنْ اَمْرِيْۗ ذٰلِكَ تَأْوِيْلُ مَا لَمْ تَسْطِعْ عَّلَيْهِ صَبْرًاۗ ࣖ٨٢
Wa ammal-jidāru fa kāna ligulāmaini yatīmaini fil-madīnati wa kāna taḥtahū kanzul lahumā wa kāna abūhumā ṣāliḥā(n), fa arāda rabbuka ay yablugā asyuddahumā wa yastakhrijā kanzahumā raḥmatam mir rabbik(a), wa mā fa‘altuhū ‘an amrī, żālika ta'wīlu mā lam tasṭī‘ ‘alaihi ṣabrā(n).
[82]
Onopun tembok umah iku duwene lare atim loro ring kuto iku, lan nong ngisore (umah) ono pices bondo simpenan kanggo iyane jak loron, sedeng bapak’e iku wong kang soleh, mongko pengerane siro ngarepaken supoyo lare loro iku sampek gadug gedi lan ngetokaken simpenen iku, kang dadi rohmat teko pengeran siro; lan osingo isun ngelakoni iku milu karepe isun dewek. Gedigu iku tujuan kelakuan-kelakuan kang siro sing biso sabar nong kono”.
وَيَسْـَٔلُوْنَكَ عَنْ ذِى الْقَرْنَيْنِۗ قُلْ سَاَتْلُوْا عَلَيْكُمْ مِّنْهُ ذِكْرًا ۗ٨٣
Wa yas'alūnaka ‘an żil qarnain(i), qul sa'atlū ‘alaikum minhu żikrā(n).
[83]
Wong-wong arep takon nong siro (Muhammad) ngenengi Dzulqornain. Ngomongo: “Isun arep mocokaken nong siro ceritone ngenengi iyane”.
اِنَّا مَكَّنَّا لَهٗ فِى الْاَرْضِ وَاٰتَيْنٰهُ مِنْ كُلِّ شَيْءٍ سَبَبًا ۙ٨٤
Innā makkannā lahū fil-arḍi wa ātaināhu min kulli syai'in sababā(n).
[84]
Saktemene Isun (Gusti Alloh) wes nguweni kekuwosoan nong iyane reng (duwure) bumi, lan Isun wes nguweni nong iyane dalan (enggo nggadukaken) sekabehane sewiji.
فَاَتْبَعَ سَبَبًا٨٥
Fa atba‘a sababā(n).
[85]
Mongko iyane melaku (turut dalan).
حَتّٰىٓ اِذَا بَلَغَ مَغْرِبَ الشَّمْسِ وَجَدَهَا تَغْرُبُ فِيْ عَيْنٍ حَمِئَةٍ وَّوَجَدَ عِنْدَهَا قَوْمًا ەۗ قُلْنَا يٰذَا الْقَرْنَيْنِ اِمَّآ اَنْ تُعَذِّبَ وَاِمَّآ اَنْ تَتَّخِذَ فِيْهِمْ حُسْنًا٨٦
Ḥattā iżā balaga magribasy-syamsi wajadahā tagrubu fī ‘ainin ḥami'atiw wa wajada ‘indahā qaumā(n), qulnā yā żal-qarnaini immā an tu‘ażżiba wa immā an tattakhiża fīhim ḥusnā(n).
[86]
Hinggo kadung iyane wes gadug nong panggonan mendelepe serengenge, 493 iyane ndeleng serengenge mendelep nong jeru segoro kang ngendut cemeng, lan iyane nemoni ning kono sakgolongan umat. 494 Isun ngomong: “He Dzulqornain siro oleh nyekso utowo oleh gawe keapikan 495 nong iyan-iyane.
493) Maksude: sampek nong pesisir sebelah kulon reng endi Dzulqornain ndeleng serngenge mage mendelep.
494) Yoiku umat kang heng duwe agomo.
495) Yoiku kambi nyeluk wong-wong iku non iman.
قَالَ اَمَّا مَنْ ظَلَمَ فَسَوْفَ نُعَذِّبُهٗ ثُمَّ يُرَدُّ اِلٰى رَبِّهٖ فَيُعَذِّبُهٗ عَذَابًا نُّكْرًا٨٧
Qāla ammā man ẓalama fa saufa nu‘ażżibuhū ṡumma yuraddu ilā rabbihī fa yu‘ażżibuhū ‘ażāban nukrā(n).
[87]
Ngomong Dzulqornain: “Onopun wong kang anioyo, mongko isun mbesok arep nekso iyane, terus iyane hun balekaken nong pengerane, terus pengerane nyekso kelawan sekso kang heng kiro-kiro.
وَاَمَّا مَنْ اٰمَنَ وَعَمِلَ صَالِحًا فَلَهٗ جَزَاۤءً ۨالْحُسْنٰىۚ وَسَنَقُوْلُ لَهٗ مِنْ اَمْرِنَا يُسْرًا ۗ٨٨
Wa ammā man āmana wa ‘amila ṣāliḥan fa lahū jazā'anil-ḥusnā, wa sanaqūlu lahū min amrinā yusrā(n).
[88]
Onopun wong kang podo iman lan ngelakoni amal sholeh, mongko kanggo iyane ganjaran apik seru kang dadi balesane, lan arep isun omongi iyan-iyane kambi (perentah) kang gampang (entheng) teko perentah-perentah isun.
ثُمَّ اَتْبَعَ سَبَبًا٨٩
Ṡumma atba‘a sababā(n).
[89]
Terus iyane turut dalan (kang liyo)
حَتّٰىٓ اِذَا بَلَغَ مَطْلِعَ الشَّمْسِ وَجَدَهَا تَطْلُعُ عَلٰى قَوْمٍ لَّمْ نَجْعَلْ لَّهُمْ مِّنْ دُوْنِهَا سِتْرًا ۙ٩٠
Ḥattā iżā balaga maṭli‘asy-syamsi wajadahā taṭlu‘u ‘alā qaumil lam naj‘al lahum min dūnihā sitrā(n).
[90]
Hinggo kadung iyane gadug nong panggonan metune serengenge (sebelah wetan) iyane nemoni serengenge iku nyentori sagolongan umat kang isun osing dadekaken kanggo iyan-iyane swiji kang ngiyubi teko (sunare) serengenge 496 iku.
496) Meturut sebagiane ahli tafsir temenan golongan kang ditemoni Dzulqornain iku umat kang miskin.
كَذٰلِكَۗ وَقَدْ اَحَطْنَا بِمَا لَدَيْهِ خُبْرًا٩١
Każālik(a), wa qad aḥaṭnā bimā ladaihi khubrā(n).
[91]
Gedigu, lan saktemene ilmune isun (Gusti Alloh) ngubengi paran baen kang ono nong iyane.
ثُمَّ اَتْبَعَ سَبَبًا٩٢
Ṡumma atba‘a sababā(n).
[92]
Terus iyane turut dalan (kang liyo maning).
حَتّٰىٓ اِذَا بَلَغَ بَيْنَ السَّدَّيْنِ وَجَدَ مِنْ دُوْنِهِمَا قَوْمًاۙ لَّا يَكَادُوْنَ يَفْقَهُوْنَ قَوْلًا٩٣
Ḥattā iżā balaga bainas-saddaini wajada min dūnihimā qaumal lā yakādūna yafqahūna qaulā(n).
[93]
Sampek kadung iyane wes gadug nong antarane gunung loro, iyane nemoni reng ngarepe puthuk loro itu kaum kang meh heng keneng dipahami omongane. 497
497) Maksude: iyan-iyane heng biso mahami bosone wong liyo, kerono bosone iyan-iyane adoh seru bedone kambi boso kang liyane, lan iyan-iyane ugo heng biso nerangaken maksud iyan-iyane kelawan jelas kerono kurange pikirane iyan-iyane iku.
قَالُوْا يٰذَا الْقَرْنَيْنِ اِنَّ يَأْجُوْجَ وَمَأْجُوْجَ مُفْسِدُوْنَ فِى الْاَرْضِ فَهَلْ نَجْعَلُ لَكَ خَرْجًا عَلٰٓى اَنْ تَجْعَلَ بَيْنَنَا وَبَيْنَهُمْ سَدًّا٩٤
Qālū yā żal-qarnaini inna ya'jūja wa ma'jūja mufsidūna fil-arḍi fahal naj‘alu laka kharjan ‘alā an taj‘alā bainanā wa bainahum saddā(n).
[94]
Iyan-iyane ngomong: “He Dzulqornain, saktemene Ya’juj lan Ma’juj iku 498 wong-wong kang nggawe keonaran reng duwure bumi, mongko opo biso isun nguweni bayaran nong siro supoyo siro nggawe tembok nong antarane siro lan iyan-iyane.
498) Ya’juj lan Ma’juj iku bongso loro kang gawe keonaran reng duwure bumi, koyo kang wes dilakoni kambi bangsa Tartar lan Mongol.
قَالَ مَا مَكَّنِّيْ فِيْهِ رَبِّيْ خَيْرٌ فَاَعِيْنُوْنِيْ بِقُوَّةٍ اَجْعَلْ بَيْنَكُمْ وَبَيْنَهُمْ رَدْمًا ۙ٩٥
Qāla mā makkannī fīhi rabbī fa a‘īnūnī biquwwatin aj‘al bainakum wa bainahum radmā(n).
[95]
Dzulqornain ngomong: “paran hang wes dikuasakno kambi pengeran siro nong isun kambi iyane yoiku lebih apik, mongko tulungono isun kambi kekuatan (menungso lan bahan-bahan), supoyo isun gawekno tembok antarane siro lan iyan-iyane.
اٰتُوْنِيْ زُبَرَ الْحَدِيْدِۗ حَتّٰىٓ اِذَا سَاوٰى بَيْنَ الصَّدَفَيْنِ قَالَ انْفُخُوْا ۗحَتّٰىٓ اِذَا جَعَلَهٗ نَارًاۙ قَالَ اٰتُوْنِيْٓ اُفْرِغْ عَلَيْهِ قِطْرًا ۗ٩٦
Ātūnī zubaral-ḥadīd(i), ḥattā iżā sāwā bainaṣ-ṣadafaini qālanfukhū, ḥattā iżā ja‘alahū nārā(n), qāla ātūnī ufrig ‘alaihi qiṭrā(n).
[96]
Wenono isun tugelan-tugelan wesi” sampek kadung wesi iku wes madani kambi pucuke gunung loro iku, Dzulqornain ngomong: Semprongen (geni iku)”. Sampek kadung wesi iku wes dadi (abang koyo) geni, iyane ugo ngomong: “Wenono isun tembogo (kang gemulak) supoyo isun biso nyoroti nong duwure wesi panas iku”.
فَمَا اسْطَاعُوْٓا اَنْ يَّظْهَرُوْهُ وَمَا اسْتَطَاعُوْا لَهٗ نَقْبًا٩٧
Famasṭā‘ū ay yaẓharūhu wa mastaṭā‘ū lahū naqbā(n).
[97]
Mongko iyan-iyane heng biso menek lan iyan-iyane osing biso (ugo) mbolongi gunung iku.
قَالَ هٰذَا رَحْمَةٌ مِّنْ رَّبِّيْۚ فَاِذَا جَاۤءَ وَعْدُ رَبِّيْ جَعَلَهٗ دَكَّاۤءَۚ وَكَانَ وَعْدُ رَبِّيْ حَقًّا ۗ٩٨
Qāla hāżā raḥmatum mir rabbī, fa iżā jā'a wa‘du rabbī ja‘alahū dakkā'(a), wa kāna wa‘du rabbī ḥaqqā(n).
[98]
Dzulqornain ngomong: iki (tembok) iku rohmat teko pengeranisun. Mongko kadung wes teko janjine pengeranisun Iyane arep dadekaken ancur-ancuran, lan janji pengeran isun iku bener onone”.
۞ وَتَرَكْنَا بَعْضَهُمْ يَوْمَىِٕذٍ يَّمُوْجُ فِيْ بَعْضٍ وَّنُفِخَ فِى الصُّوْرِ فَجَمَعْنٰهُمْ جَمْعًا ۙ٩٩
Wa taraknā ba‘ḍahum yauma'iżiy yamūju fī ba‘ḍiw wa nufikha fiṣ-ṣūri fa jama‘nāhum jam‘ā(n).
[99]
Isun genengaken iyan-iyane reng dino iku 499 campur dadi siji antarane wong siji lan liyane, terus disemprong maning 500 serompet, terus isun kumpulaken iyaniyane iku sekabehane.
499) Maksude: reng dino ajure dunyo kang dijanjekaken kambi Gusti Alloh.
500) Maksude: semprongan kang nomer loro yoiku semprongan kang dadi tengere ditangekaken teko kubure lan dikumpulaken nong oro-oro Mahsyar, sedeng semprongan kang kawitan iku semprongan ajure alam iki.
وَّعَرَضْنَا جَهَنَّمَ يَوْمَىِٕذٍ لِّلْكٰفِرِيْنَ عَرْضًا ۙ١٠٠
Wa ‘araḍnā jahannama yauma'iżil lil-kāfirīna ‘arḍā(n).
[100]
.Lan isun katokaken jahanam nong dino iku 501 nongwong-wong kafir kelawan seru jelase.
501) Nong dino mahluk reng padang Mahsyar dikumpulaken.
ۨالَّذِيْنَ كَانَتْ اَعْيُنُهُمْ فِيْ غِطَاۤءٍ عَنْ ذِكْرِيْ وَكَانُوْا لَا يَسْتَطِيْعُوْنَ سَمْعًا ࣖ١٠١
Allażīna kānat a‘yunuhum fī giṭā'in ‘an żikrī wa kānū lā yastaṭī‘ūna sam‘ā(n).
[101]
Yoiku wong-wong kang ketutup motone teko ngerasakaken tenger-tenger keagungane isun, lan iyan-iyane hing kuat ngerungokno.
اَفَحَسِبَ الَّذِيْنَ كَفَرُوْٓا اَنْ يَّتَّخِذُوْا عِبَادِيْ مِنْ دُوْنِيْٓ اَوْلِيَاۤءَ ۗاِنَّآ اَعْتَدْنَا جَهَنَّمَ لِلْكٰفِرِيْنَ نُزُلًا١٠٢
Afaḥasibal-lażīna kafarū ay yattakhiżū ‘ibādī min dūnī auliyā'(a), innā a‘tadnā jahannama lil-kāfirīna nuzulā(n).
[102]
Mongko opo wong-wong kafir ngiro kadung iyane biso njumput kawulo-kawulo isun dadi penolong sakliyane Isun? Saktemene isun wes nyiapaken neroko jahanam panggonanumahekanggowong-wongkafir.
قُلْ هَلْ نُنَبِّئُكُمْ بِالْاَخْسَرِيْنَ اَعْمَالًا ۗ١٠٣
Qul hal nunabbi'ukum bil-akhsarīna a‘mālā(n).
[103]
Ngomongo: “Opo arep Isun weni weruh nong siro babakan wong kang podo ngerugi amale?.
اَلَّذِيْنَ ضَلَّ سَعْيُهُمْ فِى الْحَيٰوةِ الدُّنْيَا وَهُمْ يَحْسَبُوْنَ اَنَّهُمْ يُحْسِنُوْنَ صُنْعًا١٠٤
Al-lażīna ḍalla sa‘yuhum fil-ḥayātid-dun-yā wa hum yaḥsabūna annahum yuḥsinūna ṣun‘ā(n).
[104]
Yoiku wong-wong kang wes nyio-nyiokaken amale nong keuripan dunyo iki, sedeng iyane ngiro kadung iyane ngelakoni (amale) seapik-apike.
اُولٰۤىِٕكَ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا بِاٰيٰتِ رَبِّهِمْ وَلِقَاۤىِٕهٖ فَحَبِطَتْ اَعْمَالُهُمْ فَلَا نُقِيْمُ لَهُمْ يَوْمَ الْقِيٰمَةِ وَزْنًا١٠٥
Ulā'ikal-lażīna kafarū bi'āyāti rabbihim wa liqā'ihī fa ḥabiṭat a‘māluhum falā nuqīma lahum yaumal-qiyāmati waznā(n).
[105]
Iyan-iyane iku wong-wong kang kufur nong ayat-ayat pengerane lan (kufur nong) ketemuane (iyan-iyane) kambi Iyane (pengeran). 502 Mongko amal-amale iyane kebusek lan Ingsun heng ngonokaken pengijiran nong (amale) iyane nong dino kiamat.
502) Maksude: Heng percoyo kambi ditangekaken reng dino kiamat, hisab lan pewalesan.
ذٰلِكَ جَزَاۤؤُهُمْ جَهَنَّمُ بِمَا كَفَرُوْا وَاتَّخَذُوْٓا اٰيٰتِيْ وَرُسُلِيْ هُزُوًا١٠٦
Żālika jazā'uhum jahannamu bimā kafarū wattakhażū āyātī wa rusulī huzuwā(n).
[106]
Gedigu balesane iyane iku neroko jahanam, disebabaken kafire iyane, lan disebabaken iyane dadekaken ayat-ayat Isun lan rosulrosulisun dadi (barang) elok-elokan.
اِنَّ الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَعَمِلُوا الصّٰلِحٰتِ كَانَتْ لَهُمْ جَنّٰتُ الْفِرْدَوْسِ نُزُلًا ۙ١٠٧
Innal-lażīna āmanū wa ‘amiluṣ-ṣāliḥāti kānat lahum jannātul-firdausi nuzulā(n).
[107]
Saktemene wong-wong kang podo iman lan ngelakoni amal sholeh, kanggo iyane surgo firdaus kang dadi panggone.
خٰلِدِيْنَ فِيْهَا لَا يَبْغُوْنَ عَنْهَا حِوَلًا١٠٨
Khālidīna fīhā lā yabgūna ‘anhā ḥiwalā(n).
[108]
Iyane langgeng nong jerone, iyane heng kepingin ngaleh teko kono.
قُلْ لَّوْ كَانَ الْبَحْرُ مِدَادًا لِّكَلِمٰتِ رَبِّيْ لَنَفِدَ الْبَحْرُ قَبْلَ اَنْ تَنْفَدَ كَلِمٰتُ رَبِّيْ وَلَوْ جِئْنَا بِمِثْلِهٖ مَدَدًا١٠٩
Qul lau kānal-baḥru midādal likalimāti rabbī lanafidal-baḥru qabla an tanfada kalimāṭu rabbī wa lau ji'nā bimiṡlihī madadā(n).
[109]
Ngomongo: “Kadung sekirane segoro dadi mangsi enggo (nulis) kalimah-kalimahe pengeranisun, temenan entek segoro iku sakdurunge entek (tulisane) kalimah-kalimah pengeranisun. Masio Isun tekokaken tambahan semono engkas (maning).
قُلْ اِنَّمَآ اَنَا۠ بَشَرٌ مِّثْلُكُمْ يُوْحٰٓى اِلَيَّ اَنَّمَآ اِلٰهُكُمْ اِلٰهٌ وَّاحِدٌۚ فَمَنْ كَانَ يَرْجُوْا لِقَاۤءَ رَبِّهٖ فَلْيَعْمَلْ عَمَلًا صَالِحًا وَّلَا يُشْرِكْ بِعِبَادَةِ رَبِّهٖٓ اَحَدًا ࣖ١١٠
Qul innamā ana basyarum miṡlukum yūḥā ilayya annamā ilāhukum ilāhuw wāḥid(un), faman kāna yarjū liqā'a rabbihī falya‘mal ‘amalan ṣāliḥaw wa lā yusyrik bi‘ibādati rabbihī aḥadā(n).
[110]
Ngomongo: “Saktemene isun iki mung menungso koyo siro, kang diwahyukaken nong isun: “Kadung saktemene pengeran siro iku pengeran kang mung siji”. Sopo baen ngarepaken ketemu kambi pengerane, mongko apike iyane ngelakoni amal kang sholeh lan ojo’o iyane nyekutokaken sakwong baen nong jerone ibadah nong pengerane.