Surah Al-Isra`

Daftar Surah

بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
سُبْحٰنَ الَّذِيْٓ اَسْرٰى بِعَبْدِهٖ لَيْلًا مِّنَ الْمَسْجِدِ الْحَرَامِ اِلَى الْمَسْجِدِ الْاَقْصَا الَّذِيْ بٰرَكْنَا حَوْلَهٗ لِنُرِيَهٗ مِنْ اٰيٰتِنَاۗ اِنَّهٗ هُوَ السَّمِيْعُ الْبَصِيْرُ١
Subḥānal-lażī asrā bi‘abdihī lailam minal-masjidil ḥarāmi ilal-masjidil-aqṣal-lażī bāraknā ḥaulahū linuriyahū min āyātinā, innahū huwas-samī‘ul-baṣīr(u).
[1] Moho suci Gusti Alloh, kang wes ngelakokaken hambane nong swiji bengi teko al-masjidil haram hinggo masjidil aqsho kang wes Kito berkahi sekelilinge 455 supoyo Kito ngatokaken sebagiane tondo-tondo (keagungane) Kito. Saktemene Iyane (pengeran) iku moho ngerungokaken ugo moho deleng.
455) Maksude: al-Masjidil Aqsho lan daerah-daerah sekitare oleh berkat teko Gusti Alloh kelawan didunaken nabi-nabi reng negeri iku lan subur tanahe.

وَاٰتَيْنَا مُوْسَى الْكِتٰبَ وَجَعَلْنٰهُ هُدًى لِّبَنِيْٓ اِسْرَاۤءِيْلَ اَلَّا تَتَّخِذُوْا مِنْ دُوْنِيْ وَكِيْلًاۗ٢
Wa ātainā mūsal-kitāba wa ja‘alnāhu hudal libanī isrā'īla allā tattakhiżū min dūnī wakīlā(n).
[2] Lan Kito nguweni nang Nabi Musa as kitab (Taurot) lan Kito dadekaken kitab Taurot iku pituduh kanggo Bani Isroil (kelawan firman) ojo sampek siro dadekan hang nolong sak liyane isun.

ذُرِّيَّةَ مَنْ حَمَلْنَا مَعَ نُوْحٍۗ اِنَّهٗ كَانَ عَبْدًا شَكُوْرًا٣
Żurriyyata man ḥamalnā ma‘a nūḥ(in), innahū kāna ‘abdan syakūrā(n).
[3] (Yoiku) anak putau teko wong-wong kang Kito gowo bareng-bareng Nuh. Sak temene Iyane (Nuh) iku kawulone (Gusti Alloh) kang akeh syukure. Lan pasti siro nyombongaken awak kambi kesombongan kang gedi.

وَقَضَيْنَآ اِلٰى بَنِيْٓ اِسْرَاۤءِيْلَ فِى الْكِتٰبِ لَتُفْسِدُنَّ فِى الْاَرْضِ مَرَّتَيْنِ وَلَتَعْلُنَّ عُلُوًّا كَبِيْرًا٤
Wa qaḍainā ilā banī isrā'īla fil-kitābi latufsidunna fil-arḍi marrataini wa lata‘lunna ‘uluwwan kabīrā(n).
[4] Lan wes Kito tetepaken nang Bani Isroil nong jerok kitab iku: “ saktemene siro arep nggawe kerusakan nong duwur bumai iki ping pindo 456 . Lan pasti siro nyombongaken awak kambi kesombongan kang gedi.
456) Kang dikarepaken kambi nggawe kerusakan ping pindo yoiku kawitan nentang hukum Taurot, mateni Nabi Syu’ya lan ngerangkeng Armia lan kang keloro mateni Nabi Zakaria, lan arep mateni Nabi Isa as. Akibat kelakuane iku Yerusalem diajuraken (Al-Maraghi)

فَاِذَا جَاۤءَ وَعْدُ اُوْلٰىهُمَا بَعَثْنَا عَلَيْكُمْ عِبَادًا لَّنَآ اُولِيْ بَأْسٍ شَدِيْدٍ فَجَاسُوْا خِلٰلَ الدِّيَارِۗ وَكَانَ وَعْدًا مَّفْعُوْلًا٥
Fa iżā jā'a wa‘du ūlāhumā ba‘aṡnā ‘alaikum ‘ibādal lanā ulī ba'sin syadīdin fa jāsū khilālad-diyār(i), wa kāna wa‘dam maf‘ūlā(n).
[5] Mongko kadung teko wayah ukuman kanggo (kejahatan) kawitan teko keloro (kejahatan) iku. Kito nekakaken nong siro kawulo-kawulo Kito kang duwe kekuatan kang gedi, terus wong wong iku mau gawe ontran-ontran nong kampung-kampung. Gedigu iku ketetepan kang pasti kelaksan.

ثُمَّ رَدَدْنَا لَكُمُ الْكَرَّةَ عَلَيْهِمْ وَاَمْدَدْنٰكُمْ بِاَمْوَالٍ وَّبَنِيْنَ وَجَعَلْنٰكُمْ اَكْثَرَ نَفِيْرًا٦
Ṡumma radadnā lakumul-karrata ‘alaihim wa amdadnākum bi'amwāliw wa banīna wa ja‘alnākum akṡara nafīrā(n).
[6] Terus Kito nguweni nang siro giliran kanggo ngalahaken wong-wong iku maning lan Kito mbantu siro kelawan bondo kasugihan lan anak-anak lan Kito dadekan sirok kumpulan wong kang lebih akeh.

اِنْ اَحْسَنْتُمْ اَحْسَنْتُمْ لِاَنْفُسِكُمْ ۗوَاِنْ اَسَأْتُمْ فَلَهَاۗ فَاِذَا جَاۤءَ وَعْدُ الْاٰخِرَةِ لِيَسٗۤـُٔوْا وُجُوْهَكُمْ وَلِيَدْخُلُوا الْمَسْجِدَ كَمَا دَخَلُوْهُ اَوَّلَ مَرَّةٍ وَّلِيُتَبِّرُوْا مَا عَلَوْا تَتْبِيْرًا٧
In aḥsantum aḥsantum li'anfusikum, wa in asa'tum fa lahā, fa iżā jā'a wa‘dul-ākhirati liyasū'ū wujūhakum wa liyadkhulal-masjida kamā dakhalūhu awwala marratiw wa liyutabbirū mā ‘alau tatbīrā(n).
[7] Kadung siro gawe apik (berarti) siro nggawe apik nang awak siro dewek lan kadung siro tambeng (jahat), mongko (tambenge) iku kanggo awak siro dewek. Lan kadung teko wayah ukuman kanggo (kejahatan) kang keloro, (Kito tekokaken wong-wong liyo) enggo metengaken rai-raine siro lan wong-wong iku melebu nong jero masjid, koyo melebune musuh-musuh siro nong masjid ning ambal kawitane lan enggo ngancuraken sak entek-enteke paran baen kang iyane kuwasani.

عَسٰى رَبُّكُمْ اَنْ يَّرْحَمَكُمْۚ وَاِنْ عُدْتُّمْ عُدْنَاۘ وَجَعَلْنَا جَهَنَّمَ لِلْكٰفِرِيْنَ حَصِيْرًا٨
‘Asā rabbukum ay yarḥamakum, wa in ‘uttum ‘udnā, wa ja‘alnā jahannama lil-kāfirīna ḥaṣīrā(n).
[8] Mugo-mugo baen Pengeran iro arep ngelimpahaken rahmate nang siro; lan sekirane siro balik nang (duroko) temenan Kito balik maning (nyekso siro) lan Kito dadekaken neroko jahanam kerangkeng kanggo wong-wong kang heng iman.

اِنَّ هٰذَا الْقُرْاٰنَ يَهْدِيْ لِلَّتِيْ هِيَ اَقْوَمُ وَيُبَشِّرُ الْمُؤْمِنِيْنَ الَّذِيْنَ يَعْمَلُوْنَ الصّٰلِحٰتِ اَنَّ لَهُمْ اَجْرًا كَبِيْرًاۙ٩
Inna hāżal-qur'āna yahdī lil-latī hiya aqwamu wa yubasysyirul-mu'minīnal-lażīna ya‘malūnaṣ-ṣāliḥāti anna lahum ajran kabīrā(n).
[9] Saktemene Al-Qur’an iki nguweni pituduh nong (dalan) kang seru kenceng lan nguweni khabar kang nyenengaken nong wong-wong mu’min kang ngelakoni amal soleh (pegawean kang apik) sakbenere kanggo wong-womg iku ono ganjaran kang gedi.

وَّاَنَّ الَّذِيْنَ لَا يُؤْمِنُوْنَ بِالْاٰخِرَةِ اَعْتَدْنَا لَهُمْ عَذَابًا اَلِيْمًا ࣖ١٠
Wa annal-lażīna lā yu'minūna bil-ākhirati a‘tadnā lahum ‘ażāban alīmā(n).
[10] Lan saktemene wong-wong kang heng iman nong keuripan akhirat, Kito caweskan kanggo wong iku mau sekso kang loro utowo perih.

وَيَدْعُ الْاِنْسَانُ بِالشَّرِّ دُعَاۤءَهٗ بِالْخَيْرِۗ وَكَانَ الْاِنْسَانُ عَجُوْلًا١١
Wa yad‘ul-insānu bisy-syarri du‘ā'ahū bil-khair(i), wa kānal-insānu ‘ajūlā(n).
[11] Lan menungso dungo keelekan koyo iyane dungo nang keapikan. Lan menungso iku sifate kesusuan.

وَجَعَلْنَا الَّيْلَ وَالنَّهَارَ اٰيَتَيْنِ فَمَحَوْنَآ اٰيَةَ الَّيْلِ وَجَعَلْنَآ اٰيَةَ النَّهَارِ مُبْصِرَةً لِّتَبْتَغُوْا فَضْلًا مِّنْ رَّبِّكُمْ وَلِتَعْلَمُوْا عَدَدَ السِّنِيْنَ وَالْحِسَابَۗ وَكُلَّ شَيْءٍ فَصَّلْنٰهُ تَفْصِيْلًا١٢
Wa ja‘alnal-laila wan-nahāra āyataini fa maḥaunā āyatal-laili wa ja‘alnā āyatan-nahāri mubṣiratal litabtagū faḍlam mir rabbikum wa lita‘lamū ‘adadas-sinīna wal-ḥisāb(a), wa kulla syai'in faṣṣalnāhu tafṣīlā(n).
[12] Lan Kito dadekaken wengi lan raino iku rong tondo, terus Kito busek tondone wengi lan Kito dadekaken tondone raino iku padang, supoyo siro golek karunia (rizki) teko Pengeran iro, lan supoyo siro weruh itungane tahun-tahun lan perhitungan. Lan kabeh mau wes Kito terangno kelawan jelas.

وَكُلَّ اِنْسَانٍ اَلْزَمْنٰهُ طٰۤىِٕرَهٗ فِيْ عُنُقِهٖۗ وَنُخْرِجُ لَهٗ يَوْمَ الْقِيٰمَةِ كِتٰبًا يَّلْقٰىهُ مَنْشُوْرًا١٣
Wa kulla insānin alzamnāhu ṭā'irahū fī ‘unuqih(ī), wa nukhriju lahū yaumal-qiyāmati kitābay yalqāhu mansyūrā(n).
[13] Lan saben-seben wong iku wesKKito tetepaken amal penggaweane (koyo tetepe kalung) nong gulune. Lan Kito ethokaken kanggo iyane reng dino kiamat siji kitab kang ditemoni kebuka.

اِقْرَأْ كِتٰبَكَۗ كَفٰى بِنَفْسِكَ الْيَوْمَ عَلَيْكَ حَسِيْبًاۗ١٤
Iqra' kitābak(a), kafā binafsikal-yauma ‘alaika ḥasībā(n).
[14] “Woconen kitab iro, cukup awak iro dhewek kang dadi penghisab (pengetung) nong awak iro”.

مَنِ اهْتَدٰى فَاِنَّمَا يَهْتَدِيْ لِنَفْسِهٖۚ وَمَنْ ضَلَّ فَاِنَّمَا يَضِلُّ عَلَيْهَاۗ وَلَا تَزِرُ وَازِرَةٌ وِّزْرَ اُخْرٰىۗ وَمَا كُنَّا مُعَذِّبِيْنَ حَتّٰى نَبْعَثَ رَسُوْلًا١٥
Manihtadā fa innamā yahtadī linafsih(ī), wa man ḍalla fa innamā yaḍillu ‘alaihā, wa lā taziru wāziratuw wizra ukhrā, wa mā kunnā mu‘ażżibīna ḥattā nab‘aṡa rasūlā(n).
[15] Sopobaen kang ngelakoni podo kambi pituduh hidayahe (Gusti Alloh), mongko saktemene iyane ngelakoni gedigu enggo (keselametane) awake dhewek, lan sopobaen kang sesat (kesasar) mongko saktemene iyane nyasaraken kanggo (rugine) awake dhewek. Lan wong kang kedosan sing biso nggowo dosane wong liyan, lan Kito oseng arep nyekso sedurunge Kito ngutus Rosul (wong kang diutus).

وَاِذَآ اَرَدْنَآ اَنْ نُّهْلِكَ قَرْيَةً اَمَرْنَا مُتْرَفِيْهَا فَفَسَقُوْا فِيْهَا فَحَقَّ عَلَيْهَا الْقَوْلُ فَدَمَّرْنٰهَا تَدْمِيْرًا١٦
Wa iżā aradnā an nuhlika qaryatan amarnā mutrafīhā fa fasaqū fīhā fa ḥaqqa ‘alaihal-qaulu fa dammarnāhā tadmīrā(n).
[16] Lan kadung Kito arep ngancuraken siji negeri, mongko Kito merentah nang wong kang urip mewah reng negeri kono(supoyo naati Gusti Alloh) taping wong-wong iku ngelakoni kedurokoan nong negeri iku, mongko uwes sepantese kelakon nong iyane unen-unen (ketentuane Kito), terus Kito ancuraken negeri iku sa’ancur-ancure (ancur lebur).

وَكَمْ اَهْلَكْنَا مِنَ الْقُرُوْنِ مِنْۢ بَعْدِ نُوْحٍۗ وَكَفٰى بِرَبِّكَ بِذُنُوْبِ عِبَادِهٖ خَبِيْرًاۢ بَصِيْرًا١٧
Wa kam ahlaknā minal-qurūni mim ba‘di nūḥ(in), wa kafā birabbika biżunūbi ‘ibādihī khabīram baṣīrā(n).
[17] Lan pirang-pirang akehe kaum sakwise Nabi Nuh as wes Kito ancuraken. Lan cukupo Pengeran iro moho weruh tur moho nakseni duso kawulo-kawulone.

مَنْ كَانَ يُرِيْدُ الْعَاجِلَةَ عَجَّلْنَا لَهٗ فِيْهَا مَا نَشَاۤءُ لِمَنْ نُّرِيْدُ ثُمَّ جَعَلْنَا لَهٗ جَهَنَّمَۚ يَصْلٰىهَا مَذْمُوْمًا مَّدْحُوْرًا١٨
Man kāna yurīdul-‘ājilata ‘ajjalnā lahū fīhā mā nasyā'u liman nurīdu ṡumma ja‘alnā lahū jahannam(a), yaṣlāhā mażmūmam madḥūrā(n).
[18] Sopo baen ngepingini keuripan saiki (bongso dunyo), mongko Kito cepetaken kanggo iyane ning dunyo iku paran kang Kito kehendaki kanggo wong kang Kito kehendaki, lan Kito gawekaken kanggo iyane neroko jahanam, iyane melebu merono keadane celo lan keusir.

وَمَنْ اَرَادَ الْاٰخِرَةَ وَسَعٰى لَهَا سَعْيَهَا وَهُوَ مُؤْمِنٌ فَاُولٰۤىِٕكَ كَانَ سَعْيُهُمْ مَّشْكُوْرًا١٩
Wa man arādal-ākhirata wa sa‘ā lahā sa‘yahā wa huwa mu'minun fa ulā'ika kāna sa‘yuhum masykūrā(n).
[19] Lan sopo baen kang kepingin keuripan akherat lan ngoyo nuju arah iku kelawan saktemen-temene sedeng iyane iku mu’min, mongko wong-wong iku wong-wong kang ushane diwalesi kelawan keapikan.

كُلًّا نُّمِدُّ هٰٓؤُلَاۤءِ وَهٰٓؤُلَاۤءِ مِنْ عَطَاۤءِ رَبِّكَ ۗوَمَا كَانَ عَطَاۤءُ رَبِّكَ مَحْظُوْرًا٢٠
Kullan numiddu hā'ulā'i wa hā'ulā'i min ‘aṭā'i rabbik(a), wa mā kāna ‘aṭā'u rabbika maḥẓūrā(n).
[20] Nong saben-saben golongan mboh iku golongan iki utowo golongan iku 457 Kito nguweni bantuan teko kemurahane Gusti Pengeran iro. Lan kemurahane Pengeran iro heng biso dialangi.
457) Kang dikarepaken “mboh golongan iki utowo golongan iku” yoiku wong-wong kang disebut nong ayat 18 lan 19 ring duwur.

اُنْظُرْ كَيْفَ فَضَّلْنَا بَعْضَهُمْ عَلٰى بَعْضٍۗ وَلَلْاٰخِرَةُ اَكْبَرُ دَرَجٰتٍ وَّاَكْبَرُ تَفْضِيْلًا٢١
Unẓur kaifa faḍḍalnā ba‘ḍahum ‘alā ba‘ḍ(in), wa lal-ākhiratu akbaru darajātiw wa akbaru tafḍīlā(n).
[21] Delengen kelendai Kito lebihaken sebagian teko wong-wong nong sebagian (wong liyane). Lan pasti keuripan akhirat lebih duwur tingkatane lan lebih gedi utamane (kelebihane).

لَا تَجْعَلْ مَعَ اللّٰهِ اِلٰهًا اٰخَرَ فَتَقْعُدَ مَذْمُوْمًا مَّخْذُوْلًا ࣖ٢٢
Lā taj‘al ma‘allāhi ilāhan ākhara fa taq‘uda mażmūmam makhżūlā(n).
[22] Ojo siro nganakaken Pengeran kang liyan disamping Gusti Alloh, supyo siro sing dadi celo (elek) lan heng ditinggalaken (Gusti Alloh).

۞ وَقَضٰى رَبُّكَ اَلَّا تَعْبُدُوْٓا اِلَّآ اِيَّاهُ وَبِالْوَالِدَيْنِ اِحْسٰنًاۗ اِمَّا يَبْلُغَنَّ عِنْدَكَ الْكِبَرَ اَحَدُهُمَآ اَوْ كِلٰهُمَا فَلَا تَقُلْ لَّهُمَآ اُفٍّ وَّلَا تَنْهَرْهُمَا وَقُلْ لَّهُمَا قَوْلًا كَرِيْمًا٢٣
Wa qaḍā rabbuka allā ta‘budū illā iyyāhu wa bil-wālidaini iḥsānā(n), immā yabluganna ‘indakal-kibara aḥaduhumā au kilāhumā falā taqul lahumā uffiw wa lā tanhar humā wa qul lahumā qaulan karīmā(n).
[23] Lan Pengeran iro wes merentahaken supoyo siro heng nyembah sak liyane Iyane lan kudune siro nggawe apik nong emak bapake kelawan sak apik-apike. Kadung salah sijine nong antarane karone utowo karo-karone sampek gadug umur dowo mage iro rawati, mongko ojo sepisan-pisan ngomong nong wong tuwek lorone iro ngomong “ah” lan ojo siro mbentak karone lan ngomongo siro nang karone omongan kang mulyo. 458
458) Ngucapaken omongan “ah” nong wong tuwek heng diulihaken kambi agomo, paran maning ngucap omongan-omongan utowo memperlakukan wong tuweke kelawan lebih kasar ketimbang gedigu mau.

وَاخْفِضْ لَهُمَا جَنَاحَ الذُّلِّ مِنَ الرَّحْمَةِ وَقُلْ رَّبِّ ارْحَمْهُمَا كَمَا رَبَّيٰنِيْ صَغِيْرًاۗ٢٤
Wakhfiḍ lahumā janāḥaż-żulli minar-raḥmati wa qur rabbirḥamhumā kamā rabbayānī ṣagīrā(n).
[24] Lan pengisorno awak iro nong wong tuwek iro karo kambi wegno roso welas lan ngucapo (ndungo’ o) siro “hei Pengeran isun! welasono wong tuwek loro koyo iyane wes ndidik isun nong waktu mage cilik”.

رَبُّكُمْ اَعْلَمُ بِمَا فِيْ نُفُوْسِكُمْ ۗاِنْ تَكُوْنُوْا صٰلِحِيْنَ فَاِنَّهٗ كَانَ لِلْاَوَّابِيْنَ غَفُوْرًا٢٥
Rabbukum a‘lamu bimā fī nufūsikum, in takūnū ṣāliḥīna fa innahū kāna lil-awwābīna gafūrā(n).
[25] Pengeran iro lebih weruh paran kang ono ring atine siro, kadung siro iku wong-wong kang apik, mongko saktemene Iyane iku maha nyepuro nang wong-wong kang taubat.

وَاٰتِ ذَا الْقُرْبٰى حَقَّهٗ وَالْمِسْكِيْنَ وَابْنَ السَّبِيْلِ وَلَا تُبَذِّرْ تَبْذِيْرًا٢٦
Wa āti żal-qurbā ḥaqqahū wal-miskīna wabnas-sabīli wa lā tubażżir tabżīrā(n).
[26] Lan nguwenono siro ha’e nang keluargo-keluargo kang parek, nang wong miskin lan wong kang mage ono reng dalanan; lan ojo siro nyembur-nyemburaken peces siro nganggo coro boros.

اِنَّ الْمُبَذِّرِيْنَ كَانُوْٓا اِخْوَانَ الشَّيٰطِيْنِ ۗوَكَانَ الشَّيْطٰنُ لِرَبِّهٖ كَفُوْرًا٢٧
Innal-mubażżirīna kānū ikhwānasy-syayāṭīn(i), wa kānasy-syaiṭānu lirabbihī kafūrā(n).
[27] Saktemene wong kang podo boros iku sedulure syetan lan syetan iku pol ingkare nong Pengeran

وَاِمَّا تُعْرِضَنَّ عَنْهُمُ ابْتِغَاۤءَ رَحْمَةٍ مِّنْ رَّبِّكَ تَرْجُوْهَا فَقُلْ لَّهُمْ قَوْلًا مَّيْسُوْرًا٢٨
Wa immā tu‘riḍanna ‘anhumubtigā'a raḥmatim mir rabbika tarjūhā faqul lahum qaulam maisūrā(n).
[28] Lan kadung siro melengos teko wong-wong enggo oleh rohmate Pengeran kang siro arepaken, mongko ngomongo siro nong wong mau kelawan omongan kang pantes. 459
459) Maksude kadung siro sing biso ngelakoni perintahe Gusti Alloh koyo kang wes disebutaken ring ayat 26, mongko ngomongo nang wong-wong iku omongan kang apik supoyo wong-wong mau heng kecewa lantaran wong-wong mau heng oleh bantuan teko siro. Kadung gedigu usahao siro kanggo ulihe rizki (rahmat) teko pengeran siro. Sehinggo siro biso nguweni wong-wong mau piro-piro hake.

وَلَا تَجْعَلْ يَدَكَ مَغْلُوْلَةً اِلٰى عُنُقِكَ وَلَا تَبْسُطْهَا كُلَّ الْبَسْطِ فَتَقْعُدَ مَلُوْمًا مَّحْسُوْرًا٢٩
Wa lā taj‘al yadaka maglūlatan ilā ‘unuqika wa lā tabsuṭhā kullal-basṭi fa taq‘uda malūmam maḥsūrā(n).
[29] Lan ojo sampek siro ndadekan tangan iro keserimped nang guluniro lan ojo ugo siro keseron njeberaken 460 kerono iku siro dadi kecelo lan dadi getun.
460) Maksude, ojo siro keseron kumed, lan ojo ugo keseron awean

اِنَّ رَبَّكَ يَبْسُطُ الرِّزْقَ لِمَنْ يَّشَاۤءُ وَيَقْدِرُ ۗاِنَّهٗ كَانَ بِعِبَادِهٖ خَبِيْرًاۢ بَصِيْرًا ࣖ٣٠
Inna rabbaka yabsuṭur-rizqa limay yasyā'u wa yaqdir(u), innahū kāna bi‘ibādihī khabīram baṣīrā(n).
[30] Saktemenane Pengeran iro njebaraken rizkine nang sopo baen kang Iyane karepaken lan ugo nyiutaken; saktemenane Iyane maha weruh lan moho nakseni nong kawulo-kawulone.

وَلَا تَقْتُلُوْٓا اَوْلَادَكُمْ خَشْيَةَ اِمْلَاقٍۗ نَحْنُ نَرْزُقُهُمْ وَاِيَّاكُمْۗ اِنَّ قَتْلَهُمْ كَانَ خِطْـًٔا كَبِيْرًا٣١
Wa lā taqtulū aulādakum khasy-yata imlāq(in), naḥnu narzuquhum wa iyyākum, inna qatlahum kāna khiṭ'an kabīrā(n).
[31] Lan ojo sampe siro mateni anak-anak iro kerono wedi melarat. Isun iki kang nguweni rizki nong anak-anak iro lan ugo nong siro. Saktemene mateni anak iku kelebu duso kang gedi.

وَلَا تَقْرَبُوا الزِّنٰىٓ اِنَّهٗ كَانَ فَاحِشَةً ۗوَسَاۤءَ سَبِيْلًا٣٢
Wa lā taqrabuz-zinā innahū kāna fāḥisyah(tan), wa sā'a sabīlā(n).
[32] Lan ojo siro mareki zina; saktemene zina iku siji laku kang kotor lan siji dalan kang elek.

وَلَا تَقْتُلُوا النَّفْسَ الَّتِيْ حَرَّمَ اللّٰهُ اِلَّا بِالْحَقِّۗ وَمَنْ قُتِلَ مَظْلُوْمًا فَقَدْ جَعَلْنَا لِوَلِيِّهٖ سُلْطٰنًا فَلَا يُسْرِفْ فِّى الْقَتْلِۗ اِنَّهٗ كَانَ مَنْصُوْرًا٣٣
Wa lā taqtulun-nafsal-latī ḥarramallāhu illā bil-ḥaqq(i), wa man qutila maẓlūman faqad ja‘alnā liwaliyyihī sulṭānan falā yusrif fil-qatl(i), innahū kāna manṣūrā(n).
[33] Lan ojo siro mateni awak kang diharamaken Gusti Alloh, kejobo kelawan (alasan) kang bener. Lan sopo baen dipateni nggo coro dzalim, mongko Kito wes nguweni kuoso 461 )nong ahli warise, tapeng ojo o ahli waris iku ngeliwati wates nong matenine. Saktemene iyane iku wong kang oleh pitulung.
461) Maksude: kuoso neng kene yoiku perihal ahli waris kang dipateni utowo wong kang diwekasi kuoso nuntut ukuman qishosh utowo nompo diat (dendo). Delengen surat al-Baqarah (2) ayat 178 not. 111, surat an-Nisa’ (4)ayat 92 not 335.

وَلَا تَقْرَبُوْا مَالَ الْيَتِيْمِ اِلَّا بِالَّتِيْ هِيَ اَحْسَنُ حَتّٰى يَبْلُغَ اَشُدَّهٗۖ وَاَوْفُوْا بِالْعَهْدِۖ اِنَّ الْعَهْدَ كَانَ مَسْـُٔوْلًا٣٤
Wa lā taqrabū mālal-yatīmi illā bil-latī hiya aḥsanu ḥattā yabluga asyuddah(ū), wa aufū bil-‘ahd(i), innal-‘ahda kāna mas'ūlā(n).
[34] Lan siro ojo mareki bondone lare atim kejobo nganggo coro kang lebih apik (ono manfaate) sampek iyane wes gedi lan bayaren janji iro, saktemene janji iku pasti dijaluk tanggung jawabe.

وَاَوْفُوا الْكَيْلَ اِذَا كِلْتُمْ وَزِنُوْا بِالْقِسْطَاسِ الْمُسْتَقِيْمِۗ ذٰلِكَ خَيْرٌ وَّاَحْسَنُ تَأْوِيْلًا٣٥
Wa auful-kaila iżā kiltum wa zinū bil-qisṭāsil-mustaqīm(i), żālika khairuw wa aḥsanu ta'wīlā(n).
[35] Lan sempurnakno takeran kadung siro naker, lan nimbango nggo timbangan kang bener. Gediku iku lebih utomo (kanggoniro)lan lebih apik akibate.

وَلَا تَقْفُ مَا لَيْسَ لَكَ بِهٖ عِلْمٌ ۗاِنَّ السَّمْعَ وَالْبَصَرَ وَالْفُؤَادَ كُلُّ اُولٰۤىِٕكَ كَانَ عَنْهُ مَسْـُٔوْلًا٣٦
Wa lā taqfu mā laisa laka bihī ‘ilm(un), innas-sam‘a wal-baṣara wal-fu'āda kullu ulā'ika kāna ‘anhu mas'ūlā(n).
[36] Lan siro ojo milu paran kang siro heng duwe ilmune nang dikonan. Saktemene pengrungu, keweruhan lan ati, kabeh iku arep dijaluk pertanggung jawabane.

وَلَا تَمْشِ فِى الْاَرْضِ مَرَحًاۚ اِنَّكَ لَنْ تَخْرِقَ الْاَرْضَ وَلَنْ تَبْلُغَ الْجِبَالَ طُوْلًا٣٧
Wa lā tamsyi fil-arḍi marahā(n), innaka lan takhriqal-arḍa wa lan tablugal-jibāla ṭūlā(n).
[37] Lan siro ojo melaku nong duwure bumi iki kambi anggak (ladak), kerono saktemene siro blas heng biso nembus bumi, lan siro blas heng gadug nong duwure gunung.

كُلُّ ذٰلِكَ كَانَ سَيِّئُهٗ عِنْدَ رَبِّكَ مَكْرُوْهًا٣٨
Kullu żālika kāna sayyi'uhū ‘inda rabbika makrūhā(n).
[38] Kabeh iku 462 jahate seru dibangkeli reng ngarepe Pengeraniro.
462) Maksude: kabeh larangan kang disebutaken ono reng ayat-ayat 22, 23,26, 29, 31, 32, 33, 34, 36 lan 37 surat iki.

ذٰلِكَ مِمَّآ اَوْحٰٓى اِلَيْكَ رَبُّكَ مِنَ الْحِكْمَةِۗ وَلَا تَجْعَلْ مَعَ اللّٰهِ اِلٰهًا اٰخَرَ فَتُلْقٰى فِيْ جَهَنَّمَ مَلُوْمًا مَّدْحُوْرًا٣٩
Żālika mimmā auḥā ilaika rabbuka minal-ḥikmah(ti), wa lā taj‘al ma‘allāhi ilāhan ākhara fa tulqā fī jahannama malūmam madḥūrā(n).
[39] Gedigu sebagian hikmah kang diwahyuaken Pengeran nong siro (Muhammad), lan siro ojo ngonokaken Pengeran kang liyan di samping Allah, kang nyebabaken siro diuncalaken nang jero neroko nong keadaan kang dicelo ugo diadohaken (teko rahmate Allah).

اَفَاَصْفٰىكُمْ رَبُّكُمْ بِالْبَنِيْنَ وَاتَّخَذَ مِنَ الْمَلٰۤىِٕكَةِ اِنَاثًاۗ اِنَّكُمْ لَتَقُوْلُوْنَ قَوْلًا عَظِيْمًا ࣖ٤٠
Afa aṣfākum rabbukum bil-banīna wattakhaża minal-malā'ikati ināṡā(n), innakum lataqūlūna qaulan ‘aẓīmā(n).
[40] Mongko opo pantes Pengeran milihaken kanggo siro anak-anak lanang-lanang, sedeng Iyane dewek njumput anak-anak wadon reng antarane malaikat?. Saktemene siro bener-bener ngomong omongan-omongan kan gedi (dosane).

وَلَقَدْ صَرَّفْنَا فِيْ هٰذَا الْقُرْاٰنِ لِيَذَّكَّرُوْاۗ وَمَا يَزِيْدُهُمْ اِلَّا نُفُوْرًا٤١
Wa laqad ṣarrafnā fī hāżal-qur'āni liyażżakkarū, wa mā yazīduhum illā nufūrā(n).
[41] Lan saktemene nong jerone Al-Qur’an iki Kito wes mbolan-mbaleni (weden-weden), supoyo wong-wong terus eling. Lan weweden kang dibolan-baleni iku heng ono liyo mung nggawe tambah melayu (teko kebeneran).

قُلْ لَّوْ كَانَ مَعَهٗ ٓ اٰلِهَةٌ كَمَا يَقُوْلُوْنَ اِذًا لَّابْتَغَوْا اِلٰى ذِى الْعَرْشِ سَبِيْلًا٤٢
Qul lau kāna ma‘ahū ālihatun kamā yaqūlūna iżal labtagau ilā żil-‘arsyi sabīlā(n).
[42] Ngomongo (Muhammad): “ kadung ono kambi Gusti Alloh iku ono pengeran-pengeran koyo kang uwong-uwong omongaken, masti Pengeran-pengeran iku golet dalan nong Pengeran kang duwe Arsy.

سُبْحٰنَهٗ وَتَعٰلٰى عَمَّا يَقُوْلُوْنَ عُلُوًّا كَبِيْرًا٤٣
Subḥānahū wa ta‘ālā ‘ammā yaqūlūna ‘uluwwan kabīrā(n).
[43] Moho suci lan moho duwur Iyane teko paran kang uwong-uwong omongaken kelawan keduwuran kang segedi-gedine.

تُسَبِّحُ لَهُ السَّمٰوٰتُ السَّبْعُ وَالْاَرْضُ وَمَنْ فِيْهِنَّۗ وَاِنْ مِّنْ شَيْءٍ اِلَّا يُسَبِّحُ بِحَمْدِهٖ وَلٰكِنْ لَّا تَفْقَهُوْنَ تَسْبِيْحَهُمْۗ اِنَّهٗ كَانَ حَلِيْمًا غَفُوْرًا٤٤
Tusabbiḥu lahus-samāwātus-sab‘u wal-arḍu wa man fīhinn(a), wa im min syai'in illā yusabbiḥu biḥamdihī wa lākil lā tafqahūna tasbīḥahum, innahū kāna ḥalīman gafūrā(n).
[44] Langit kang pitu, bumi lan kabeh kang ono reng jerone tasbih nong Allah, lan heng ono siji baen kejobo tasbih kelawan muji Iyane, taping siro kabeh heng ngerti tasbihe iyan-iyane. Saktemene Iyane (Allah) moho nyantuni ugo moho ngampuni.

وَاِذَا قَرَأْتَ الْقُرْاٰنَ جَعَلْنَا بَيْنَكَ وَبَيْنَ الَّذِيْنَ لَا يُؤْمِنُوْنَ بِالْاٰخِرَةِ حِجَابًا مَّسْتُوْرًاۙ٤٥
Wa iżā qara'tal-qur'āna ja‘alnā bainaka wa bainal-lażīna lā yu'minūna bil-ākhirati ḥijābam mastūrā(n).
[45] Lan kadung siro moco Al-Qur’an pesti Kito nganakaken antarane siro lan wong-wong kang heng iman nang keuripan akhirat, siji tembok kang nutup.

وَّجَعَلْنَا عَلٰى قُلُوْبِهِمْ اَكِنَّةً اَنْ يَّفْقَهُوْهُ وَفِيْٓ اٰذَانِهِمْ وَقْرًاۗ وَاِذَا ذَكَرْتَ رَبَّكَ فِى الْقُرْاٰنِ وَحْدَهٗ وَلَّوْا عَلٰٓى اَدْبَارِهِمْ نُفُوْرًا٤٦
Wa ja‘alnā ‘alā qulūbihim akinnatan ay yafqahūhu wa fī āżānihim waqrā(n), wa iżā żakarta rabbaka fil-qur'āni waḥdahū wallau ‘alā adbārihim nufūrā(n).
[46] Lan Kito nganakaken tutup nong ati iyane-iyane, lan sumpel nong kuping iyane-iyane, supoyo wong iku mau hing biso mahami. Lan kadung siro nyebut Pengeran iro thok no ring Al-Qur’an pesti iyane-iyane melengos nong mburi kerono bangkele.

نَحْنُ اَعْلَمُ بِمَا يَسْتَمِعُوْنَ بِهٖٓ اِذْ يَسْتَمِعُوْنَ اِلَيْكَ وَاِذْ هُمْ نَجْوٰٓى اِذْ يَقُوْلُ الظّٰلِمُوْنَ اِنْ تَتَّبِعُوْنَ اِلَّا رَجُلًا مَّسْحُوْرًا٤٧
Naḥnu a‘lamu bimā yastami‘ūna bihī iż yastami‘ūna ilaika wa iż hum najwā iż yaqūluẓ-ẓālimūna in tattabi‘ūna illā rajulam masḥūrā(n).
[47] Kito lebih weruh tujuane ngerungokaken (Al-Qur’an) waktu iyane ngerungokaken (woconan siro), lan waktu iyan-iyane bisik-bisik (yoiku) naliko wong dzolim iku ngomong: “siro kabeh heng ono liyo kejobo mong milu kambi wong lanang kang keneng sihir”

اُنْظُرْ كَيْفَ ضَرَبُوْا لَكَ الْاَمْثَالَ فَضَلُّوْا فَلَا يَسْتَطِيْعُوْنَ سَبِيْلًا٤٨
Unẓur kaifa ḍarabū lakal-amṡāla fa ḍallū falā yastaṭī‘ūna sabīlā(n).
[48] Delengen kelendi iyan-iyane nggawe pirang-pirang umpomo nong siro (Muhammad); kerono iku iyan-iyane dadi kesasar lan heng biso maning nemokaken dalan (kang bener).

وَقَالُوْٓا ءَاِذَا كُنَّا عِظَامًا وَّرُفَاتًا ءَاِنَّا لَمَبْعُوْثُوْنَ خَلْقًا جَدِيْدًا٤٩
Wa qālū a'iżā kunnā ‘iẓāmaw wa rufātan a'innā lamab‘ūṡūna khalqan jadīdā(n).
[49] Lan iyan-iyane podo ngomong (takon): “Apuo kadung Kito wes dadi belung lan barang-barang kang ajur. Opo bener-bener isun kabeh ditangekaken maning koyo mahluk kang anyar?”

۞ قُلْ كُوْنُوْا حِجَارَةً اَوْ حَدِيْدًاۙ٥٠
Qul kūnū ḥijāratan au ḥadīdā(n).
[50] Ngomongo (Muhammad): “dadio siro kabeh watu utowo wesi.

اَوْ خَلْقًا مِّمَّا يَكْبُرُ فِيْ صُدُوْرِكُمْ ۚفَسَيَقُوْلُوْنَ مَنْ يُّعِيْدُنَاۗ قُلِ الَّذِيْ فَطَرَكُمْ اَوَّلَ مَرَّةٍۗ فَسَيُنْغِضُوْنَ اِلَيْكَ رُءُوْسَهُمْ وَيَقُوْلُوْنَ مَتٰى هُوَۗ قُلْ عَسٰٓى اَنْ يَّكُوْنَ قَرِيْبًا٥١
Au khalqam mimmā yakburu fī ṣudūrikum, fa sayaqūlūna may yu‘īdunā, qulil-lażī faṭarakum awwala marrah(tin), fa sayun-giḍūna ilaika ru'ūsahum wa yaqūlūna matā huw(a), qul ‘asā ay yakūna qarībā(n).
[51] Utowo siji mahluk teko mahluk kang heng mungkin (urip) coro pikiran iro”. Mongko iyan-iyane arep takon “sopo kang arep nguripaken isun kabeh maning?” jawabo (nganggo omongan): “kang wes nggawe siro ning awal kawitan”. Terus iyan-iyane arep ningel-ningelaken ndase nong siro lan ngomong: “kapan iku kiamat (arep kedadean)?” Ngomongo: “Mugo-mugo baen waktu ditangekaken iku parek”.

يَوْمَ يَدْعُوْكُمْ فَتَسْتَجِيْبُوْنَ بِحَمْدِهٖ وَتَظُنُّوْنَ اِنْ لَّبِثْتُمْ اِلَّا قَلِيْلًا ࣖ٥٢
Yauma yad‘ūkum fa tastajībūna biḥamdihī wa taẓunnūna il labiṡtum illā qalīlā(n).
[52] Yoiku nong dino Iyane nyeluk siro terus siro gelem kambi muji Iyane lan siro ngiro, saktemene heng manggon (nong jero kuburan) kejobo mung sedilut.

وَقُلْ لِّعِبَادِيْ يَقُوْلُوا الَّتِيْ هِيَ اَحْسَنُۗ اِنَّ الشَّيْطٰنَ يَنْزَغُ بَيْنَهُمْۗ اِنَّ الشَّيْطٰنَ كَانَ لِلْاِنْسَانِ عَدُوًّا مُّبِيْنًا٥٣
Wa qul li‘ibādī yaqūlul-latī hiya aḥsan(u), innasy-syaiṭāna yanzagu bainahum, innasy-syaiṭāna kāna lil-insāni ‘aduwwam mubīnā(n).
[53] Lan ngomongo siro ning kawulo-kawulon isun: “kudune iyan-iyane ngucap omongan kang lebih apik (bener). Saktemene syetan iku munculaken padu-paduan nong antarane iyan-iyane. Saktemene syetan iku musuh kang nyoto kanggo menungso.

رَبُّكُمْ اَعْلَمُ بِكُمْ اِنْ يَّشَأْ يَرْحَمْكُمْ اَوْ اِنْ يَّشَأْ يُعَذِّبْكُمْۗ وَمَآ اَرْسَلْنٰكَ عَلَيْهِمْ وَكِيْلًا٥٤
Rabbukum a‘lamu bikum, iy yasya' yarḥamkum au iy yasya' yu‘ażżibkum, wa mā arsalnāka ‘alaihim wakīlā(n).
[54] Pengeran iro (Muhammad) lebih weru nong masalahiro. Iyane arep nguweni rahmat nang siro kadung Iyane karep lan Iyane arep nyikso siro kadung iyane karep. Lan Kito heng ngutus iro kanggo dadi penjogo iya-iyane.

وَرَبُّكَ اَعْلَمُ بِمَنْ فِى السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِۗ وَلَقَدْ فَضَّلْنَا بَعْضَ النَّبِيّٖنَ عَلٰى بَعْضٍ وَّاٰتَيْنَا دَاوٗدَ زَبُوْرًا٥٥
Wa rabbuka a‘lamu biman fis-samāwāti wal-arḍ(i), wa laqad faḍḍalnā ba‘ḍan nabiyyīna ‘alā ba‘ḍiw wa ātainā dāwūda zabūrā(n).
[55] Lan pengeran iro lebih weruh sopo kang (ono) nong langit dan nong bumi. Lan saktemene Kito wes ngelebihaken sebagian nabi-nabi nong sebagian (kang liyo), lan Kito nguweni kitab zabur (nong Nabi Dawud as).

قُلِ ادْعُوا الَّذِيْنَ زَعَمْتُمْ مِّنْ دُوْنِهٖ فَلَا يَمْلِكُوْنَ كَشْفَ الضُّرِّ عَنْكُمْ وَلَا تَحْوِيْلًا٥٦
Qulid‘ul-lażīna za‘amtum min dūnihī falā yamlikūna kasyfaḍ-ḍurri ‘ankum wa lā taḥwīlā(n).
[56] Ngomongo (Muhammad): “Nyeluko nong iyan-iyane kang siro anggep (pengeran) 463 sakliyane Allah, mongko iya-iyane heng arep duwe kuwoso kanggo ngilangi belahine iro lan ugo heng biso ngelih belai iku.
463) Paran kang diomongaken iyan-iyane pengeran iku beraholo, molaikat, jin lan liyan-liyane

اُولٰۤىِٕكَ الَّذِيْنَ يَدْعُوْنَ يَبْتَغُوْنَ اِلٰى رَبِّهِمُ الْوَسِيْلَةَ اَيُّهُمْ اَقْرَبُ وَيَرْجُوْنَ رَحْمَتَهٗ وَيَخَافُوْنَ عَذَابَهٗۗ اِنَّ عَذَابَ رَبِّكَ كَانَ مَحْذُوْرًا٥٧
Ulā'ikal-lażīna yad‘ūna yabtagūna ilā rabbihimul-wasīlata ayyuhum aqrabu wa yarjūna raḥmatahū wa yakhāfūna ‘ażābah(ū), inna ‘ażāba rabbika kāna maḥżūrā(n).
[57] Wong-wong (Pengeran-pengeran) kang iyan-iyane celuk iku, iyan-iyane dewek (Pengeran-pengeran) golek dalan nong pengeran 464 sopo nong antarane wong-wong iku kang lebih parek (nang Gusti Alloh) lan ngarepaken rohmate lan wedi nong siksane; saktemene sekso Pengeran iro iku siji kang (kudu) diwedeni.
464) Maksude: Nabi Isa a.s, poro molaikat lan Uzair kang iyan-iyane sembah iku ngongkon lan golek dalan kang marekaken awake nong Gusti Alloh.

وَاِنْ مِّنْ قَرْيَةٍ اِلَّا نَحْنُ مُهْلِكُوْهَا قَبْلَ يَوْمِ الْقِيٰمَةِ اَوْ مُعَذِّبُوْهَا عَذَابًا شَدِيْدًاۗ كَانَ ذٰلِكَ فىِ الْكِتٰبِ مَسْطُوْرًا٥٨
Wa im min qaryatin illā naḥnu muhlikūhā qabla yaumil-qiyāmati au mu‘ażżibūhā ‘ażāban syadīdā(n), kāna żālika fil-kitābi masṭūrā(n).
[58] Heng ono siji negoro (kang penduduke kurang ajar), kejobo Kito ancuraken (pateni) sedurunge dino kiamat, utowo Kito sikso (penduduke) kelawan sikso kang seru antere. Gediku iku wes ketulis nong jero kitab (Lauh Mahfuzh).

وَمَا مَنَعَنَآ اَنْ نُّرْسِلَ بِالْاٰيٰتِ اِلَّآ اَنْ كَذَّبَ بِهَا الْاَوَّلُوْنَۗ وَاٰتَيْنَا ثَمُوْدَ النَّاقَةَ مُبْصِرَةً فَظَلَمُوْا بِهَاۗ وَمَا نُرْسِلُ بِالْاٰيٰتِ اِلَّا تَخْوِيْفًا٥٩
Wa mā mana‘anā an nursila bil-āyāti illā an każżaba bihal-awwalūn(a), wa ātainā ṡamūdan-nāqata mubṣiratan fa ẓalamū bihā, wa mā nursilu bil-āyāti illā takhwīfā(n).
[59] Lan heng ono kang ngalangi Kito ngirimaken (nong siro) tenger-tengere (kuwasane Kito), kejobo kerono tenger-tenger iku wes diapus (heng dipercoyo) kambi wongo-wong bengene. 465 Lan Kito wes nguweni nong kaum Tsamud unto wadon ikau (hang dadi mu’jizat) hang biso dideleng, taping iyan-iyane (nganioyo) ngeloroni unto wadon iku mau. Lan Kito heng nguweni tenger-tenger ikau kejobo kanggo meden-medeni.
465) Maksude: Gusti Alloh netepaken saktemene wong-wong kang apus (heng percoyo) nong tenger-tengere kuwasane koyo kang diwakaken nang rosul-rosul kang bengen, arep diancuraken (diilangaken). Wong-wong Quraisy njaluk nong Nabi Muhammad SAW supoyo diedunaken pisan nong iyan-iyane tenger-tengere kuwasane iku, taping Gusti Alloh heng arep ngedunaken nong iyan-iyane, kerono kadung tenger-tengere Gusti Alloh iku diedunaken baen, pasti iyan-iyane pasti ngapus (heng percoyo). Lan tamtu iyan-iyane arep diilangaken pisan koyo umat-umat hang bengen. Sedeng Gusti Alloh heng arep ngilangaken kaum Quraisy.

وَاِذْ قُلْنَا لَكَ اِنَّ رَبَّكَ اَحَاطَ بِالنَّاسِۗ وَمَا جَعَلْنَا الرُّءْيَا الَّتِيْٓ اَرَيْنٰكَ اِلَّا فِتْنَةً لِّلنَّاسِ وَالشَّجَرَةَ الْمَلْعُوْنَةَ فِى الْقُرْاٰنِ ۗ وَنُخَوِّفُهُمْۙ فَمَا يَزِيْدُهُمْ اِلَّا طُغْيَانًا كَبِيْرًا ࣖ٦٠
Wa iż qulnā laka inna rabbaka aḥāṭa bin-nās(i), wa mā ja‘alnar-ru'yal-latī araināka illā fitnatal lin-nāsi wasy-syajaratal mal‘ūnata fil-qur'ān(i), wa nukhawwifuhum, famā yazīduhum illā ṭugyānan kabīrā(n).
[60] Lan (ilingo siro Muhammad), waktu Kito ngewahyuaken nong siro: “ saktemene (ilmune) pengeran iro ngubengi sak akehe menungso”. Lan Kito heng dadekaken impen 466 )kang wes hon katokaken nong siro kejobo dadi ujiane menungso lan (gedigu ugo) wit kayu kang dilaknat nong jero Al-Qur’an. 467 Lan Kito meden-medeni iyan-iyane , tapeng kang gediku iku mung nambahi gedi kurang ajare iyan-iyane.
466) Impenan iku artian teko omongan “ar-Ra’yu nong jero ayat iki maksude ikau ngimpekaken perang Badar kang dialami kanjeng Rosul saw. Sakdurunge perang badar kedadean. Akeh pisan ahli-ahli tafsir ngartekaken aran “ar-Ro’yu” iku kambi kaweruhan (weruh solong), maksude kaweruan hang dialami rosul saw reng waktu bengine isro lan mi’roj. 467) Yoiku uwit zaqqum kang wes disebutaken nong jero ayat 62 sampek nong 65 surat as-Shoffat.

وَاِذْ قُلْنَا لِلْمَلٰۤىِٕكَةِ اسْجُدُوْا لِاٰدَمَ فَسَجَدُوْٓا اِلَّآ اِبْلِيْسَۗ قَالَ ءَاَسْجُدُ لِمَنْ خَلَقْتَ طِيْنًاۚ٦١
Wa iż qulnā lil-malā'ikatisjudū li'ādama fa sajadū illā iblīs(a), qāla a'asjudu liman khalaqta ṭīnā(n).
[61] Lan (ilingo siro Muhammad), waktu Kito ngomongi (berfirman) nong poro molaikat: “Sujudo siro kabeh nang Adam”, terus iyane kabeh sujud kejobo iblis, iyane (Iblis) ngomong: opo isun kudu sujud nong wong kang Riko gawe teko lemah?”

قَالَ اَرَاَيْتَكَ هٰذَا الَّذِيْ كَرَّمْتَ عَلَيَّ لَىِٕنْ اَخَّرْتَنِ اِلٰى يَوْمِ الْقِيٰمَةِ لَاَحْتَنِكَنَّ ذُرِّيَّتَهٗٓ اِلَّا قَلِيْلًا٦٢
Qāla ara'aitaka hāżal-lażī karramta ‘alayya la'in akhkhartani ilā yaumil-qiyāmati la'aḥtanikanna żurriyyatahū illā qalīlā(n).
[62] Iyane (Iblis) ngomong: “Terangno nong isun iki tah wong kang lebih Riko mulyokaken ketimbang isun? Saktemene kadung Riko nguweni tangguh (umur kang dowo)nong isun sampe’ dino kiyamat, pasti bener-bener hun arep nyesataken keturunane (Adam) kejobo mong wong sithik”.

قَالَ اذْهَبْ فَمَنْ تَبِعَكَ مِنْهُمْ فَاِنَّ جَهَنَّمَ جَزَاۤؤُكُمْ جَزَاۤءً مَّوْفُوْرًا٦٣
Qālażhab faman tabi‘aka minhum fa inna jahannama jazā'ukum jazā'am maufūrā(n).
[63] Pengeran ngomong (berfirman): “Mlakuo, sopo baen ning antarane wong (keturunane Adam) kang milu nong siro, mongko saktemene neroko jahanam iku balesane iro kabeh, yoiku balesan kang cukup (utowo balesan kang pas).

وَاسْتَفْزِزْ مَنِ اسْتَطَعْتَ مِنْهُمْ بِصَوْتِكَ وَاَجْلِبْ عَلَيْهِمْ بِخَيْلِكَ وَرَجِلِكَ وَشَارِكْهُمْ فِى الْاَمْوَالِ وَالْاَوْلَادِ وَعِدْهُمْۗ وَمَا يَعِدُهُمُ الشَّيْطٰنُ اِلَّا غُرُوْرًا٦٤
Wastafziz manistaṭa‘ta minhum biṣautika wa ajlib ‘alaihim bikhailika wa rajilika wa syārikūhum fil-amwāli wal-aulādi wa ‘idhum, wa mā ya‘iduhumusy-syaiṭānu illā gurūrā(n).
[64] Lan nipuo siro nang antarane wong-wong kang siro sanggup (kuat) nipu kambi suoro iro (iblis) (hang nggarai kepincut) , lan tokno kanggo (nggudo) wong-wong iku tentara iro kang nunggang jaran, lan tentarane siro kang melaku sikil, lan gabungo siro kambi wong-wong (kang kegudo) nong peces-pecese (dunyo brono) lan anak-anake, lan ngumbaro janji nong iyan-iyane. Lan heng ono kang dijanjekaken kambi syetan kejobo mung tipuan baen. 468
468) Maksud ayat iki yoiku Alloh nguweni kesempatan nong iblis enggo nyasaraken menungso nganggo kabeh kekuatane kang ono nong iyane. Taping sekabehe tipu musliate syetan iku sing arep biso ngadepi wong-wong kang bener-bener iman.

اِنَّ عِبَادِيْ لَيْسَ لَكَ عَلَيْهِمْ سُلْطٰنٌۗ وَكَفٰى بِرَبِّكَ وَكِيْلًا٦٥
Inna ‘ibādī laisa laka ‘alaihim sulṭān(un), wa kafā birabbika wakīlā(n).
[65] Saktemene kawulo-kawulo Isun, siro ( iblis ) heng biso kuwoso nong kawulonisun lan cukupo pengeran siro dadi penjogo”.

رَبُّكُمُ الَّذِيْ يُزْجِيْ لَكُمُ الْفُلْكَ فِى الْبَحْرِ لِتَبْتَغُوْا مِنْ فَضْلِهٖۗ اِنَّهٗ كَانَ بِكُمْ رَحِيْمًا٦٦
Rabbukumul-lażī yuzjī lakumul-fulka fil-baḥri litabtagū min faḍlih(ī), innahū kāna bikum raḥīmā(n).
[66] Pengeraniro kang ngelakokaken perahu-perahu ning segoro enggo siro, supoyo siro nggolek sebagian karuniae Alloh. Lan saktemene Iyane iku moho sayang nong siro kabeh.

وَاِذَا مَسَّكُمُ الضُّرُّ فِى الْبَحْرِ ضَلَّ مَنْ تَدْعُوْنَ اِلَّآ اِيَّاهُۚ فَلَمَّا نَجّٰىكُمْ اِلَى الْبَرِّ اَعْرَضْتُمْۗ وَكَانَ الْاِنْسَانُ كَفُوْرًا٦٧
Wa iżā massakumuḍ-ḍurru fil-baḥri ḍalla man tad‘ūna illā iyyāh(u), falammā najjākum ilal-barri a‘raḍtum, wa kānal-insānu kafūrā(n).
[67] Lan kadung siro keneng musibah (bahaya)nong segoro, mongko pasti ilang (nong pikiran siro) sopo kang iro celuk kejobo Alloh. Mongko kadung wes Iyane nyelametaken siro sampe gadug nong lemah (daratan), siro heng ngereken (berpaling nang Gusti Alloh). Lan menungso iku heng tau kesuwun (berterima kasih).

اَفَاَمِنْتُمْ اَنْ يَّخْسِفَ بِكُمْ جَانِبَ الْبَرِّ اَوْ يُرْسِلَ عَلَيْكُمْ حَاصِبًا ثُمَّ لَا تَجِدُوْا لَكُمْ وَكِيْلًا ۙ٦٨
Afa amintum ay yakhsifa bikum jānibal-barri au yursila ‘alaikum ḥaṣiban ṡumma lā tajidū lakum wakīlā(n).
[68] Mongko apuo siro keroso aman (teko ukumane Pengeran)kang ndelepaken siro nong lemah utowo Iyane nyemprong (angin kang gedi kang nggowo) watu-watu cilik? Lan siro heng biso oleh wong kang njogo (ngelindungi) awak siro.

اَمْ اَمِنْتُمْ اَنْ يُّعِيْدَكُمْ فِيْهِ تَارَةً اُخْرٰى فَيُرْسِلَ عَلَيْكُمْ قَاصِفًا مِّنَ الرِّيْحِ فَيُغْرِقَكُمْ بِمَا كَفَرْتُمْۙ ثُمَّ لَا تَجِدُوْا لَكُمْ عَلَيْنَا بِهٖ تَبِيْعًا٦٩
Am amintum ay yu‘īdakum fīhi tāratan ukhrā fa yursila ‘alaikum qāṣifam minar-rīḥi fa yugriqakum bimā kafartum, ṡumma lā tajidū lakum ‘alainā bihī tabī‘ā(n).
[69] Utowo apuwo siro ngeroso aman teko dibalekaken siro nang segoro sepisan maning, terus Alloh nyemprong nduwure siro angin topan lan disilepaken siro kerono sebab kafire siro. Lan siro heng oleh wong kang nolong blas nong jero ihwal iki nong (sekso-seksoan) Kito.

۞ وَلَقَدْ كَرَّمْنَا بَنِيْٓ اٰدَمَ وَحَمَلْنٰهُمْ فِى الْبَرِّ وَالْبَحْرِ وَرَزَقْنٰهُمْ مِّنَ الطَّيِّبٰتِ وَفَضَّلْنٰهُمْ عَلٰى كَثِيْرٍ مِّمَّنْ خَلَقْنَا تَفْضِيْلًا ࣖ٧٠
Wa laqad karramnā banī ādama wa ḥamalnāhum fil-barri wal-baḥri wa razaqnāhum minaṭ-ṭayyibāti wa faḍḍalnāhum ‘alā kaṡīrim mimman khalaqnā tafḍīlā(n).
[70] Lan saktemene wes Isun (Kito) mulyokaken anak putune Adam, lan Isun (Kito) nguwot iyan-iyane nong daratan lan nong segoro. 469 Isun (Kito) nguweni nong iyan-iyane (mereka) rejeki teko kang apik-apik lan Isun (Kito) ngelebihaken iyan-iyane kelawan lebihan kang sempurno timbang akehe mahluk kang wes hun gawe.
469) Maksude: Alloh gampangaken kanggo anak turune Adam alat mowotan ring daratan lan segoro dienggo oleh sangune urep.

يَوْمَ نَدْعُوْا كُلَّ اُنَاسٍۢ بِاِمَامِهِمْۚ فَمَنْ اُوْتِيَ كِتٰبَهٗ بِيَمِيْنِهٖ فَاُولٰۤىِٕكَ يَقْرَءُوْنَ كِتٰبَهُمْ وَلَا يُظْلَمُوْنَ فَتِيْلًا٧١
Yauma nad‘ū kulla unāsim bi'imāmihim, faman ūtiya katābahū biyamīnihī fa ulā'ika yaqra'ūna kitābahum wa lā yuẓlamūna fatīlā(n).
[71] (Engeto) sijine dino (kang ring dino iku) Isun (Kito) nyeluk tiap ummat kambi pimpinane; lan sopo baen kang diweni kitab amale ring tangan tengene mongko wong-wong iki arep moco kitabe iku lan iyan-iyane osing dianoyo sithik baen.

وَمَنْ كَانَ فِيْ هٰذِهٖٓ اَعْمٰى فَهُوَ فِى الْاٰخِرَةِ اَعْمٰى وَاَضَلُّ سَبِيْلًا٧٢
Wa man kāna fī hāżihī a‘mā fa huwa fil-ākhirati a‘mā wa aḍallu sabīlā(n).
[72] Lan sopo baen kang picek (atine) ring dunyo iki, pasti ring akhirat (engko) iyane tambah lebih picek (pisan) lan tambah lebih kesasar teko dalan (kang bener).

وَاِنْ كَادُوْا لَيَفْتِنُوْنَكَ عَنِ الَّذِيْٓ اَوْحَيْنَآ اِلَيْكَ لِتَفْتَرِيَ عَلَيْنَا غَيْرَهٗۖ وَاِذًا لَّاتَّخَذُوْكَ خَلِيْلًا٧٣
Wa in kādū layaftinūnaka ‘anil-lażī auḥainā ilaika litaftariya ‘alainā gairah(ū), wa iżal lattakhażūka khalīlā(n).
[73] Lan saktemene wong-wong iku meh malik siro (Muhammad) teko paran kang wes Isun (Kito) wahyukaken nong siro, supoyo siro nggawe kang liyo secoro apus nong Isun (Kito); lan kadung wes gedigu tamtu baen iyan-iyane nggawe siro dadi konco kang setiyo.

وَلَوْلَآ اَنْ ثَبَّتْنٰكَ لَقَدْ كِدْتَّ تَرْكَنُ اِلَيْهِمْ شَيْـًٔا قَلِيْلًا ۙ٧٤
Wa lau lā an ṡabbatnāka laqad kitta tarkanu ilaihim syai'an qalīlā(n).
[74] Lan kadung Isun (Kito) heng nguwataken (atine) iro, pasti siro meh-meh miring sithik nong wong-wong iku.

اِذًا لَّاَذَقْنٰكَ ضِعْفَ الْحَيٰوةِ وَضِعْفَ الْمَمَاتِ ثُمَّ لَا تَجِدُ لَكَ عَلَيْنَا نَصِيْرًا٧٥
Iżal-la'ażaqnāka ḍi‘fal-ḥayāti wa ḍi‘fal-mamāti ṡumma lā tajidu laka ‘alainā naṣīrā(n).
[75] Kadung kedadeane gedigu, bener-bener lah Isun (Kito) arep ngerasakaken nong siro (sekso) kang ditumpuk-tumpuk ring dunyo iki lan gedigu (ugo sekso)kang ditumpuk-tumpuk sakwise mati, lan siro sing arep biso oleh wong kang nolong nong (sikso) Isun (Kito).

وَاِنْ كَادُوْا لَيَسْتَفِزُّوْنَكَ مِنَ الْاَرْضِ لِيُخْرِجُوْكَ مِنْهَا وَاِذًا لَّا يَلْبَثُوْنَ خِلٰفَكَ اِلَّا قَلِيْلًا٧٦
Wa in kādū layastafizzūnaka minal-arḍi liyukhrijūka minhā wa iżal lā yalbaṡūna khilāfaka illā qalīlā(n).
[76] Lan saktemene bener-bener wong-wong (musyrikin) meh nggawe siro (Muhammad) linglung ning negoro (Mekkah) enggo nundung siro teko iku, lan kadung kedadeane gedigu, pasti sakwise siro heng ono wong-wong iku heng manggon kejobo mung sedilut. 470
470) Maksude: kadung sampek kedadean Nabi Muhammad SAW diosir kambi penduduk Mekkah, pasti wong-wong iku heng arep suwik urip ring dunyo, lan Alloh age-age arep mateni wong-wong iku. Hijrah (ngalie) Nabi Muhammad SAW nang Madinah dudu kerono diosir kaum Quraisy, taping sakmoto-moto kerono perintahe Gusti Alloh.

سُنَّةَ مَنْ قَدْ اَرْسَلْنَا قَبْلَكَ مِنْ رُّسُلِنَا وَلَا تَجِدُ لِسُنَّتِنَا تَحْوِيْلًا ࣖ٧٧
Sunnata man qad arsalnā qablaka mir rusulinā wa lā tajidu lisunnatinā taḥwīlā(n).
[77] (Isun wes netepaken kang gedigu) kang dadi swiji ketetepan kanggo Rosul-rosul Isun (Kito) hang Isun (Kito) utus sak durunge siro 471 lan sing arep siro oleh uwah-uwahan kanggo ketetepan Isun (Kito) iku.
471) Maksude: saben-saben umat kang ngusir Rosul pasti arep dipateni kambi Gusti Alloh. Gedigu ikulah sunnah (ketetepane) Gusti Alloh swt.

اَقِمِ الصَّلٰوةَ لِدُلُوْكِ الشَّمْسِ اِلٰى غَسَقِ الَّيْلِ وَقُرْاٰنَ الْفَجْرِۗ اِنَّ قُرْاٰنَ الْفَجْرِ كَانَ مَشْهُوْدًا٧٨
Aqimiṣ-ṣalāta lidulūkisy-syamsi ilā gasaqil-laili wa qur'ānal-fajr(i), inna qur'ānal-fajri kāna masyhūdā(n).
[78] Ngadekno sholat (sembahyang) teko sakmarini srengenge mereng (waktu dzuhur) sampek petenge bengi lan (ngadekno ugo shalat) shubuh. 472 Saktemene sholat shubuh iku diweruhi (kambi malaikat).
472) Ayat iki nerangaken wektu-wektu sembahyang kang limo, miringe srengenge enggo wektu sembahyang dzuhur lan ashar, petenge bengi enggo wektu maghrib lan isya.

وَمِنَ الَّيْلِ فَتَهَجَّدْ بِهٖ نَافِلَةً لَّكَۖ عَسٰٓى اَنْ يَّبْعَثَكَ رَبُّكَ مَقَامًا مَّحْمُوْدًا٧٩
Wa minal-laili fa tahajjad bihī nāfilatal lak(a), ‘asā ay yab‘aṡaka rabbuka maqāmam maḥmūdā(n).
[79] Lan nong sebagiane dino bengi sembayango tahajud siro dadio swiji ibadah tambahan kanggo siro: mugo-mugo Pengeran iro ngunggahaken siro nong panggonan kang kepuji.

وَقُلْ رَّبِّ اَدْخِلْنِيْ مُدْخَلَ صِدْقٍ وَّاَخْرِجْنِيْ مُخْرَجَ صِدْقٍ وَّاجْعَلْ لِّيْ مِنْ لَّدُنْكَ سُلْطٰنًا نَّصِيْرًا٨٠
Wa qur rabbi adkhilnī mudkhala ṣidqiw wa akhrijnī mukhraja ṣidqiw waj‘al lī mil ladunka sulṭānan naṣīrā(n).
[80] Lan ngomongo (Muhammad) : “He Pengeranisun, lebokno isun nang nggon mlebu kang bener lan etokno (ugo) isun nang nggon metu kang bener lan wenono isun teko sanding riko kuwoso (kesakten) kang nolong. 473
473) Maksude: njaluk nong Gusti Alloh supoyo kito ngelebokaken swiji ibadah lan marekakenee kelawan niat kang apik lan ebek kambi keiklasan serto rijig teko riyak (pamer) lan swiji kang neruskaken ganjaran. Ayat iki ugo ngisyarataken nong Nabi supoyo ngalih teko Mekkah nuju nong Madinah. Lan ono pisan kang nafsiraken: njaluk nong Gusti Alloh swt supoyo kito melebu nong kuburan kelawan apik lan metu teko engkono yoiku wektu-wektu ditangekaken ugo kelawan apik pisan. nuju nong Madinah. Lan ono pisan kang nafsiraken: njaluk nong Gusti Alloh swt supoyo kito melebu nong kuburan kelawan apik lan metu teko engkono yoiku wektu-wektu ditangekaken ugo kelawan apik pisan.

وَقُلْ جَاۤءَ الْحَقُّ وَزَهَقَ الْبَاطِلُ ۖاِنَّ الْبَاطِلَ كَانَ زَهُوْقًا٨١
Wa qul jā'al-ḥaqqu wa zahaqal-bāṭil(u), innal-bāṭila kāna zahūqā(n).
[81] Lan ngomongo: “Kang bener wes teko lan kang bathil (salah) wes ilang”. Saktemene kang bathil iku yoiku swiji kang pasti ilang.

وَنُنَزِّلُ مِنَ الْقُرْاٰنِ مَا هُوَ شِفَاۤءٌ وَّرَحْمَةٌ لِّلْمُؤْمِنِيْنَۙ وَلَا يَزِيْدُ الظّٰلِمِيْنَ اِلَّا خَسَارًا٨٢
Wa nunazzilu minal-qur'āni mā huwa syifā'uw wa raḥmatul lil-mu'minīn(a), wa lā yazīduẓ-ẓālimīna illā khasārā(n).
[82] Lan Isun (Kito) wes ngedunaken teko Al-Qur’an swiji kang dadi obat lan rohmat kanggo wong-wong kang podo iman lan (Al-Qur’an iku) osingo nambah nang wong-wong kang dzalim kejobo mung rugi.

وَاِذَآ اَنْعَمْنَا عَلَى الْاِنْسَانِ اَعْرَضَ وَنَاٰ بِجَانِبِهٖۚ وَاِذَا مَسَّهُ الشَّرُّ كَانَ يَـُٔوْسًا٨٣
Wa iżā an‘amnā ‘alal-insāni a‘raḍa wa na'ā bijānibih(ī), wa iżā massahusy-syarru kāna ya'ūsā(n).
[83] Lan kadung Isun (Kito) nguweni kesenengan nong menungso pasti melengosno iyane lan ngungkuri kambi sikape kang anggak (sombong); lan kadung iyane ketiban kesusahan pasti iyane cilik ati (berputus asa).

قُلْ كُلٌّ يَّعْمَلُ عَلٰى شَاكِلَتِهٖۗ فَرَبُّكُمْ اَعْلَمُ بِمَنْ هُوَ اَهْدٰى سَبِيْلًا ࣖ٨٤
Qul kulluy ya‘malu ‘alā syākilatih(ī), fa rabbukum a‘lamu biman huwa ahdā sabīlā(n).
[84] Ngomongo (Muhammad): “Saben-saben wong ngelakoni meturut keadaane 474 dewek-dewek”. Mongko Pengeran iro lebih weruh sopo kang lebih bener dalane.
474) Kelebu nong jero pengertian “keadaan” reng kene yoiku tabiat lan pengaruh alam sekelilinge.

وَيَسْـَٔلُوْنَكَ عَنِ الرُّوْحِۗ قُلِ الرُّوْحُ مِنْ اَمْرِ رَبِّيْ وَمَآ اُوْتِيْتُمْ مِّنَ الْعِلْمِ اِلَّا قَلِيْلًا٨٥
Wa yas'alūnaka ‘anir-rūḥ(i), qulir-rūḥu min amri rabbī wa mā ūtītum minal-‘ilmi illā qalīlā(n).
[85] Lan wong-wong takon nong siro ngenani roh. Ngomongo: “Roh iku melebu urusane Pengeran isun, lan usingo siro diweni weruh kejobo mung sithik.

وَلَىِٕنْ شِئْنَا لَنَذْهَبَنَّ بِالَّذِيْٓ اَوْحَيْنَآ اِلَيْكَ ثُمَّ لَا تَجِدُ لَكَ بِهٖ عَلَيْنَا وَكِيْلًاۙ٨٦
Wa la'in syi'nā lanażhabanna bil-lażī auḥainā ilaika ṡumma lā tajidu laka bihī ‘alainā wakīlā(n).
[86] Lan saktemene kadung Isun (Kito) ngarepaken, pasti isun ngilangaken paran baen kang Isun (Kito) wahyukaken nong siro. Lan kelawan ngilangaken iku, siro heng bakal oleh wong kang nolong (ngerokso) ngadepi isun.

اِلَّا رَحْمَةً مِّنْ رَّبِّكَۗ اِنَّ فَضْلَهٗ كَانَ عَلَيْكَ كَبِيْرًا٨٧
Illā raḥmatam mir rabbik(a), inna faḍalahū kāna ‘alaika kabīrā(n).
[87] Kejobo kerono rohmate teko Pengeran siro. Saktemene karuniae Pengeran iku gedi.

قُلْ لَّىِٕنِ اجْتَمَعَتِ الْاِنْسُ وَالْجِنُّ عَلٰٓى اَنْ يَّأْتُوْا بِمِثْلِ هٰذَا الْقُرْاٰنِ لَا يَأْتُوْنَ بِمِثْلِهٖ وَلَوْ كَانَ بَعْضُهُمْ لِبَعْضٍ ظَهِيْرًا٨٨
Qul la'inijtama‘atil-insu wal-jinnu ‘alā ay ya'tū bimiṡli hāżal-qur'āni lā ya'tūna bimiṡlihī wa lau kāna ba‘ḍuhum liba‘ḍin ẓahīrā(n).
[88] Ngomongo: “Saktemene kadung menungso lan jin kumpul kanggo nggawe kang koyo Al-Qur’an iki, iyane kabeh heng bakal biso nggawe kang nyerupani kambi iku, senajan sebagiane iyan-iyane nulungi nong sebagiane kang liyo”.

وَلَقَدْ صَرَّفْنَا لِلنَّاسِ فِيْ هٰذَا الْقُرْاٰنِ مِنْ كُلِّ مَثَلٍۖ فَاَبٰىٓ اَكْثَرُ النَّاسِ اِلَّا كُفُوْرًا٨٩
Wa laqad ṣarrafnā lin-nāsi fī hāżal-qur'āni min kulli maṡal(in), fa abā akṡarun-nāsi illā kufūrā(n).
[89] Lan saktemene isun (Kito) wes mbolan-mbaleni nong menungso nong jero Al-Qur’an iki saben-saben maceme paribasan (perumpamaan), taping akehe menungso heng ndemeni kejobo mung ngingkari (heng beneraken).

وَقَالُوْا لَنْ نُّؤْمِنَ لَكَ حَتّٰى تَفْجُرَ لَنَا مِنَ الْاَرْضِ يَنْۢبُوْعًاۙ٩٠
Wa qālū lan nu'mina laka ḥattā tafjura lanā minal-arḍi yambū‘ā(n).
[90] Lan iyan-iyane podo ngomong: “Isun jakakehan sepisan-pisano heng percoyo nong siro (Muhammad) sampek siro muncrataken sumbere banyu teko njero bumi kanggo isun kabeh.

اَوْ تَكُوْنَ لَكَ جَنَّةٌ مِّنْ نَّخِيْلٍ وَّعِنَبٍ فَتُفَجِّرَ الْاَنْهٰرَ خِلٰلَهَا تَفْجِيْرًاۙ٩١
Au takūna laka jannatum min nakhīliw wa ‘inabin fa tufajjiral-anhāra khilālahā tafjīrā(n).
[91] Utowo siro duwe kebonan kurmo lan anggur, terus siro ngilekaken banyu-banyu mili nong selah-selahe kebonan kang (banyu iku) deres miline.

اَوْ تُسْقِطَ السَّمَاۤءَ كَمَا زَعَمْتَ عَلَيْنَا كِسَفًا اَوْ تَأْتِيَ بِاللّٰهِ وَالْمَلٰۤىِٕكَةِ قَبِيْلًاۙ٩٢
Au tusqiṭas-samā'a kamā za‘amta ‘alainā kisafan au ta'tiya billāhi wal-malā'ikati qabīlā(n).
[92] Utowo siro nyiciraken langit sampek ketugel-tugel nong Isun (Kito) kang koyo siro omongaken utowo siro tekokaken Gusti Alloh lan poro molaikat-molaikat adep-adepan rai nong isun kabeh.

اَوْ يَكُوْنَ لَكَ بَيْتٌ مِّنْ زُخْرُفٍ اَوْ تَرْقٰى فِى السَّمَاۤءِ ۗوَلَنْ نُّؤْمِنَ لِرُقِيِّكَ حَتّٰى تُنَزِّلَ عَلَيْنَا كِتٰبًا نَّقْرَؤُهٗۗ قُلْ سُبْحَانَ رَبِّيْ هَلْ كُنْتُ اِلَّا بَشَرًا رَّسُوْلًا ࣖ٩٣
Au yakūna laka baitum min zukhrufin au tarqā fis-samā'(i), wa lan nu'mina liruqiyyika ḥattā tunazzila ‘alainā kitāban naqra'uh(ū), qul subḥāna rabbī hal kuntu illā basyarar rasūlā(n).
[93] Utowo siro duwe umah teko emas, utowo siro munggah langit. Lan isun kabeh sepisan-pisano heng percoyo munggahe siro iku sampek siro mudunaken nong isun kitab kang isun jakakean woco”. Ngomongo (Muhammad): “Moho suci Gusti Pengeranisun, osingtah isun iki mung sakwong menungso kang dadi utusan.

وَمَا مَنَعَ النَّاسَ اَنْ يُّؤْمِنُوْٓا اِذْ جَاۤءَهُمُ الْهُدٰٓى اِلَّآ اَنْ قَالُوْٓا اَبَعَثَ اللّٰهُ بَشَرًا رَّسُوْلًا٩٤
Wa mā mana‘an-nāsa ay yu'minū iż jā'ahumul-hudā illā an qālū aba‘aṡallāhu basyarar rasūlā(n).
[94] Lan sing ono sakwiji kang ngalangi menungso kanggo iman wektu teko petunjuk nong iyane, kejobo omongane iyane kabeh: “onotah Gusti Alloh ngutus nong sakwong menungso dadi rosul?”.

قُلْ لَّوْ كَانَ فِى الْاَرْضِ مَلٰۤىِٕكَةٌ يَّمْشُوْنَ مُطْمَىِٕنِّيْنَ لَنَزَّلْنَا عَلَيْهِمْ مِّنَ السَّمَاۤءِ مَلَكًا رَّسُوْلًا٩٥
Qul lau kāna fil-arḍi malā'ikatuy yamsyūna muṭma'innīna lanazzalnā ‘alaihim minas-samā'i malakar rasūlā(n).
[95] Ngomongo: “kadung seumpomone nong bumi malaikat-malaikat kang melaku-melaku kelawan tenang dadi penduduk bumi, pasti Isun (Kito) ngedunaken teko langit nang iya-iyane (kabeh) malaikat kang dadi Rosul”.

قُلْ كَفٰى بِاللّٰهِ شَهِيْدًاۢ بَيْنِيْ وَبَيْنَكُمْۗ اِنَّهٗ كَانَ بِعِبَادِهٖ خَبِيْرًاۢ بَصِيْرًا٩٦
Qul kafā billāhi syahīdam bainī wa bainakum, innahū kāna bi‘ibādihī khabīram baṣīrā(n).
[96] Ngomongo (Muhammad): “Cukupo Gusti Alloh kang dadi saksi antarane isu lan siro kabeh. Saktemene Gusti Alloh iku moho weruh tur moho ndelengi kawulo-kawulone”.

وَمَنْ يَّهْدِ اللّٰهُ فَهُوَ الْمُهْتَدِۚ وَمَنْ يُّضْلِلْ فَلَنْ تَجِدَ لَهُمْ اَوْلِيَاۤءَ مِنْ دُوْنِهٖۗ وَنَحْشُرُهُمْ يَوْمَ الْقِيٰمَةِ عَلٰى وُجُوْهِهِمْ عُمْيًا وَّبُكْمًا وَّصُمًّاۗ مَأْوٰىهُمْ جَهَنَّمُۗ كُلَّمَا خَبَتْ زِدْنٰهُمْ سَعِيْرًا٩٧
Wa may yahdillāhu fa huwal-muhtad(i), wa may yuḍlil falan tajida lahum auliyā'a min dūnih(ī), wa naḥsyuruhum yaumal-qiyāmati ‘alā wujūhihim ‘umyaw wa bukmaw wa ṣummā(n), ma'wāhum jahannam(u), kullamā khabat zidnāhum sa‘īrā(n).
[97] Lan sopo baen kang diweni pituduh (petunjuk) Alloh, iyane iku oleh petunjuk lan sopo baen kang Iyane (Gusti Alloh) sasaraken mongko sepisan-sepisano siro heng bakal oleh wong kang nulung-nulungi kanggo iyane kabeh kejobo Iyane (Alloh). Lan Isun (Kito) arep ngumpulaken iyane kabeh nong dino kiamat (diseret) rai-raine wong-wong ku kambi keadaane moto kang picek, kolok lan gendeng. Panggonan iyane kabeh iku neroko jahanam. Saben-saben murube geni jahanam itu arep mati. Hun tambah maning kanggo iyane kabeh urube geni.

ذٰلِكَ جَزَاۤؤُهُمْ بِاَنَّهُمْ كَفَرُوْا بِاٰيٰتِنَا وَقَالُوْٓا ءَاِذَا كُنَّا عِظَامًا وَّرُفَاتًا ءَاِنَّا لَمَبْعُوْثُوْنَ خَلْقًا جَدِيْدًا٩٨
Żālika jazā'uhum bi'annahum kafarū bi'āyātinā wa qālū a'iżā kunnā ‘iẓāmaw wa rufātan a'innā lamab‘ūṡūna khalqan jadīdā(n).
[98] Gedigu balasane kanggo wong-wong, kerono saktemene iyane kabeh kafir nong ayat-ayate Isun (Kito) lan (kerono iyane kabeh) ngomong: “Apuo kadung isun kabeh wes dadi belung lan barang-barang kang ajur, opo isun kabeh bener-bener arep ditangekaken maning dadi mahluk kang anyar?”.

۞ اَوَلَمْ يَرَوْا اَنَّ اللّٰهَ الَّذِيْ خَلَقَ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضَ قَادِرٌ عَلٰٓى اَنْ يَّخْلُقَ مِثْلَهُمْ وَجَعَلَ لَهُمْ اَجَلًا لَّا رَيْبَ فِيْهِۗ فَاَبَى الظّٰلِمُوْنَ اِلَّا كُفُوْرًا٩٩
Awalam yarau annallāhal-lażī khalaqas-samāwāti wal-arḍa qādirun ‘alā ay yakhluqa miṡlahum wa ja‘ala lahum ajalal lā raiba fīh(i), fa abaẓ-ẓālimūna illā kufūrā(n).
[99] Lan apuo iyane kabeh heng ngerasakaken kadung Gusti Alloh kang nggawe langit lan bumi iku kuoso (ugo) nggawe kang sepadan kambi iyane kabeh, lan wes nentokaken waktu kang tartemtu 475 kanggo iyan-iyane kang heng ono kemamangan nong (tangine) iku?. Mongko wong-wong kang dzolim iku heng ono karep kejobo mung kafir.
475) Maksude: waktu iyane kabeh mati utowo waktu iyane ditangekaken.

قُلْ لَّوْ اَنْتُمْ تَمْلِكُوْنَ خَزَاۤىِٕنَ رَحْمَةِ رَبِّيْٓ اِذًا لَّاَمْسَكْتُمْ خَشْيَةَ الْاِنْفَاقِۗ وَكَانَ الْاِنْسَانُ قَتُوْرًا ࣖ١٠٠
Qul lau antum tamlikūna khazā'ina raḥmati rabbī iżal la'amsaktum khasy-yatal-infāq(i), wa kānal-insānu qatūrā(n).
[100] Ngomongo (Muhammad) : “Kadung seumpomo siro nguwasani gudang-gudang rizki rohmat Pengeran siro, pasti gudang iku siro tahan (simpen), kerono wedi dienggo belonjo” lan menungso iku kumed seru.

وَلَقَدْ اٰتَيْنَا مُوْسٰى تِسْعَ اٰيٰتٍۢ بَيِّنٰتٍ فَسْـَٔلْ بَنِيْٓ اِسْرَاۤءِيْلَ اِذْ جَاۤءَهُمْ فَقَالَ لَهٗ فِرْعَوْنُ اِنِّيْ لَاَظُنُّكَ يٰمُوْسٰى مَسْحُوْرًا١٠١
Wa laqad ātainā mūsā tis‘a āyātim bayyinātin fas'al banī isrā'īla iż jā'ahum fa qāla lahū fir‘aunu innī la'aẓunnuka yā mūsā masḥūrā(n).
[101] Lan saktemene isun wes nguweni nong nabi Musa songo mu’jizat kang nyoto 476 mongko takono siro nong Bani Isroil, sewaktu Musa teko nong iyan-iyane terus Fir’aun ngomong nong Nabi: “Saktemene isun nyongko siro hei Musa wong kang keneng sihir.”
476) Mu’jizat kang songo iku yoiku: teken, tangan, walang, wereng, kodok, getih, angin topan, segoro lan gumuk Thur.

قَالَ لَقَدْ عَلِمْتَ مَآ اَنْزَلَ هٰٓؤُلَاۤءِ اِلَّا رَبُّ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِ بَصَاۤىِٕرَۚ وَاِنِّيْ لَاَظُنُّكَ يٰفِرْعَوْنُ مَثْبُوْرًا١٠٢
Qāla laqad ‘alimta mā anzala hā'ulā'i illā rabbus-samāwāti wal-arḍi baṣā'ir(a), wa innī la'aẓunnuka yā fir‘aunu maṡbūrā(n).
[102] Musa njawab: Saktemene siro wes weruh, kadung saktemene heng ono kang ngedunaken mu’jizat-mu’jizat iku kejobo pengeran kang ngerumat langit lan bumi kang dadi bukti-bukti kang nyoto: lan saktemene hai siro Fir’aun wong kang arep mati ”.

فَاَرَادَ اَنْ يَّسْتَفِزَّهُمْ مِّنَ الْاَرْضِ فَاَغْرَقْنٰهُ وَمَنْ مَّعَهٗ جَمِيْعًاۙ١٠٣
Fa arāda ay yastafizzahum minal arḍi fa agraqnāhu wa mam ma‘ahū jamī‘ā(n).
[103] Terus (Fir’aun) arep nempag metu (ngusir) iya-iyane (Musa lan wong-wong kang milu Musa) teko bumi (Mesir) iku, mongko Isun (Kito) nyilepaken iyane (Fir’aun) kambi bolo-bolone kang bareng kambi Fira’un sekabehane (nong segoro)

وَّقُلْنَا مِنْۢ بَعْدِهٖ لِبَنِيْٓ اِسْرَاۤءِيْلَ اسْكُنُوا الْاَرْضَ فَاِذَا جَاۤءَ وَعْدُ الْاٰخِرَةِ جِئْنَا بِكُمْ لَفِيْفًاۗ١٠٤
Wa qulnā mim ba‘dihī libanī isrā'īlaskunul-arḍa fa iżā jā'a wa‘dul-ākhirati ji'nā bikum lafīfā(n).
[104] Lan isun (Kito wes ngucap sakwise iku nong Bani Isroil: Menengo utowo manggono siro ning negeri iki (Mesir), mongko kadung wes teko waktu ditangekaken (kiamat), masti Isun (Kito) tekokaken siro nong keeadaan diuled dadi siji (kambi musuh-musuh siro).

وَبِالْحَقِّ اَنْزَلْنٰهُ وَبِالْحَقِّ نَزَلَۗ وَمَآ اَرْسَلْنٰكَ اِلَّا مُبَشِّرًا وَّنَذِيْرًاۘ١٠٥
Wa bil-ḥaqqi anzalnāhu wa bil-ḥaqqi nazal(a), wa mā arsalnāka illā mubasysyiraw wa nażīrā(n).
[105] Lan Isun wes ngedunaken (Al-Qur’an iku kelawan sak bener-benere lan Al-Qur’an iku wes mudun kambi (nggowo) kebeneran. Lan Isun heng ngutus siro (Muhammad) kejobo dadi wong kang nggowo kabar nyenengaken lan wong kang nguweni kabar kang medeni.

وَقُرْاٰنًا فَرَقْنٰهُ لِتَقْرَاَهٗ عَلَى النَّاسِ عَلٰى مُكْثٍ وَّنَزَّلْنٰهُ تَنْزِيْلًا١٠٦
Wa qur'ānan faraqnāhu litaqra'ahū ‘alan-nāsi ‘alā mukṡiw wa nazzalnāhu tanzīlā(n).
[106] Lan Al-Qur’an iku wes Hun (Kito) dunaken sithik-sithik supoyo siro mocokaken Qur’an edeng-edeng nong menungso lan Isun (Kito) dunaken bagian per bagian.

قُلْ اٰمِنُوْا بِهٖٓ اَوْ لَا تُؤْمِنُوْاۗ اِنَّ الَّذِيْنَ اُوْتُوا الْعِلْمَ مِنْ قَبْلِهٖٓ اِذَا يُتْلٰى عَلَيْهِمْ يَخِرُّوْنَ لِلْاَذْقَانِ سُجَّدًاۙ١٠٧
Qul āminū bihī au lā tu'minū, innal-lażīna ūtul-‘ilma min qablihī iżā yutlā ‘alaihim yakhirrūna lil-ażqāni sujjadā(n).
[107] Ngomongo (Muhammad): “Imano siro nong Iyane (Al-Qur’an) utowo heng katikan iman (podo baen nong ngarepe Alloh). Saktemene wong-wong kang diweni kaweruhan sak durunge, kadung Al-Qur’an diwocokaken nong iyan-iyane. Iyane njungkel kesereb raine kambi sujud.

وَّيَقُوْلُوْنَ سُبْحٰنَ رَبِّنَآ اِنْ كَانَ وَعْدُ رَبِّنَا لَمَفْعُوْلًا١٠٨
Wa yaqūlūna subḥāna rabbinā in kāna wa‘du rabbinā lamaf‘ūlā(n).
[108] Lan iyane kabeh ngomong: “Moho suci Pengeran kito; saktemene janjine Pengeran kito pasti dijangkepi”.

وَيَخِرُّوْنَ لِلْاَذْقَانِ يَبْكُوْنَ وَيَزِيْدُهُمْ خُشُوْعًا ۩١٠٩
Wa yakhirrūna lil-ażqāni yabkūna wa yazīduhum khusyū‘ā(n).
[109] Lan wong-wong iku nyereb (nong arah) raine, iyane nangis lan iyan-iyane tambah khusu’ (meneng anteng).

قُلِ ادْعُوا اللّٰهَ اَوِ ادْعُوا الرَّحْمٰنَۗ اَيًّا مَّا تَدْعُوْا فَلَهُ الْاَسْمَاۤءُ الْحُسْنٰىۚ وَلَا تَجْهَرْ بِصَلَاتِكَ وَلَا تُخَافِتْ بِهَا وَابْتَغِ بَيْنَ ذٰلِكَ سَبِيْلًا١١٠
Qulid‘ullāha awid‘ur-raḥmān(a), ayyam mā tad‘ū fa lahul-asmā'ul-ḥusnā, wa lā tajhar biṣalātika wa lā tukhāfit bihā wabtagi baina żālika sabīlā(n).
[110] Ngomongo (Muhammad): “Nyeluko Alloh utowo nyeluko Ar-Rahman. Kelawan aran endi baen kang siro nyeluk. Sebab Iyane duwe al-Asma’ul husna (aran-aran kang paling apik) lan ojo’o siru nganteraken suaraniro nong jero sembahyangiro lan ojo ugo ngedhengaken 477 ) lan goleko dalan tengah reng antarane (suoro) loro iku.”
477) Maksude: ojo’o moco ayat Al-Qur’an nong jerone sembahyang keseron antere utowo seru edhenge taping cukup sak kadar biso dirungu kambi ma’mum.

وَقُلِ الْحَمْدُ لِلّٰهِ الَّذِيْ لَمْ يَتَّخِذْ وَلَدًا وَّلَمْ يَكُنْ لَّهٗ شَرِيْكٌ فِى الْمُلْكِ وَلَمْ يَكُنْ لَّهٗ وَلِيٌّ مِّنَ الذُّلِّ وَكَبِّرْهُ تَكْبِيْرًا ࣖ١١١
Wa qulil-ḥamdu lillāhil-lażī lam yattakhiż waladaw wa lam yakul lahū syarīkun fil-mulki wa lam yakul lahū waliyyum minaż-żulli wa kabbirhu takbīrā(n).
[111] Lan Ngomongo: Sekabehane puji duwene Gusti Alloh kang sing duwe anak lan sing duwe sekutu (konco) nong kerojoane-Yane lan Iyane dudu ugo ino kang butuh wong kang nolong lan agungno Iyane kelawan pengagungan kang segede-gedene.