Surah Hud

Daftar Surah

بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
الۤرٰ ۗ كِتٰبٌ اُحْكِمَتْ اٰيٰتُهٗ ثُمَّ فُصِّلَتْ مِنْ لَّدُنْ حَكِيْمٍ خَبِيْرٍۙ١
Alif lām rā, kitābun uḥkimat āyātuhū ṡumma fuṣṣilat mil ladun ḥakīmin khabīr(in).
[1] Alif laam raa, (iki) suwijine kitab hang ayat-ayate kasusun kelawan toto lan dijelasaken kelawan rinci 437 , hang di dunaken teko ngarsane (Alloh) HangMoho bijaksono lan Moho teliti,
437) Maksude: diperinci kelawan macem-macem coro, ono hangnerangaken masalah tauhid, hokum, kisah, akhlak, ilmu pengetahuan, janji lan pengenget, lan liyan-liyane.

اَلَّا تَعْبُدُوْٓا اِلَّا اللّٰهَ ۗاِنَّنِيْ لَكُمْ مِّنْهُ نَذِيْرٌ وَّبَشِيْرٌۙ٢
Allā ta‘budū illallāh(a), innanī lakum minhu nażīruw wa basyīr(un).
[2] Sojo siro nyembah sakliyane Alloh. Saktemene isun (Muhammad) iku hang nguweni pengenget lan hang nggowo kabar bungah kanggo siro teko Alloh.

وَّاَنِ اسْتَغْفِرُوْا رَبَّكُمْ ثُمَّ تُوْبُوْٓا اِلَيْهِ يُمَتِّعْكُمْ مَّتَاعًا حَسَنًا اِلٰٓى اَجَلٍ مُّسَمًّى وَّيُؤْتِ كُلَّ ذِيْ فَضْلٍ فَضْلَهٗ ۗوَاِنْ تَوَلَّوْا فَاِنِّيْٓ اَخَافُ عَلَيْكُمْ عَذَابَ يَوْمٍ كَبِيْرٍ٣
Wa anistagfirū rabbakum ṡumma tūbū ilaihi yumatti‘kum matā‘an ḥasanan ilā ajalim musammaw wa yu'ti kulla żī faḍlin faḍlah(ū), wa in tawallau fa innī akhāfu ‘alaikum ‘ażāba yaumin kabīr(in).
[3] Lan siro njaluko sepuro nyang Pengeraniro lan ngelakoni tobat marang Gusti Alloh. (kadung siro ngelakoni hang gedigi iki), mesti (Alloh) bakal nguweni kenikmatan hang apik (terus-terusan) nyang siro sampek nyang waktu hang wis ditetokaken, lan (Alloh) bakal nguweni nyang saben-saben wong hang nduwekautaman (kanggo balesan) teko kautamane. Kadung siro mungkur, saktemene isun wedi siro bakal ketiban sikso dino kiamat.

اِلَى اللّٰهِ مَرْجِعُكُمْ ۚوَهُوَ عَلٰى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيْرٌ٤
Ilallāhi marji‘ukum, wa huwa ‘alā kulli syai'in qadīr(un).
[4] Mung nyang Alloh panggonan mulihiro, (Alloh) Moho Kuwoso nyang sekabehe suwiji-wiji.

اَلَآ اِنَّهُمْ يَثْنُوْنَ صُدُوْرَهُمْ لِيَسْتَخْفُوْا مِنْهُۗ اَلَا حِيْنَ يَسْتَغْشُوْنَ ثِيَابَهُمْ ۙيَعْلَمُ مَا يُسِرُّوْنَ وَمَا يُعْلِنُوْنَۚ اِنَّهٗ عَلِيْمٌ ۢ بِذَاتِ الصُّدُوْرِ ۔٥
Alā innahum yaṡnūna ṣudūrahum liyastakhfū minh(u), alā ḥīna yastagsyūna ṡiyābahum, ya‘lamu mā yusirrūna wa mā yu‘linūn(a), innahū ‘alīmum biżātiṣ-ṣudūr(i).
[5] Engeto, saktemene (wong munafik iku) menggosaken dodone kanggo nyengidakaken awake teko (Muhammad). 438 Engeto, naliko wong-wong (munafik) nyelimuti awake ambi kain, Alloh ngaweruhi paran hang wong-wong (munafik) sengidakaken lan paran hang wong-wong (munafik) katokaken, saktemene Alloh Moho Ngaweruhi sekabehe isine ati.
438) Maksude: nyengidakaken roso dadi musuh lan munafike (wong munafik) marang nabi Muhammad SAW

۞ وَمَا مِنْ دَاۤبَّةٍ فِى الْاَرْضِ اِلَّا عَلَى اللّٰهِ رِزْقُهَا وَيَعْلَمُ مُسْتَقَرَّهَا وَمُسْتَوْدَعَهَا ۗ كُلٌّ فِيْ كِتٰبٍ مُّبِيْنٍ٦
Wa mā min dābbatin fil-arḍi illā ‘alallāhi rizquhā wa ya‘lamu mustaqarrahā wa mustauda‘ahā, kullun fī kitābim mubīn(in).
[6] Lan sing ono siji kewan hang melaku ring bumi kejobo Alloh hang nguweni rejekine, lan Alloh ngeweruhi panggonan menenge kewan iku lan panggonan simpenane. 439 Kabeh iku ketulis ring jero kitab hang nyoto (Lauh Mahfuzh).
439) Menurut sebagian ahli tafsir hang dimaksud ambi “panggonan meneng” ning kene yaiku dunyo lan “panggonan simpenane” yaiku akhirat. Lan menurut sebagian ahli tafsir hang liyane hang dimaksud “panggonan meneng” yaiku tulang sulbi lan “panggonan simpenan” yaiku rahim.

وَهُوَ الَّذِيْ خَلَقَ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضَ فِيْ سِتَّةِ اَيَّامٍ وَّكَانَ عَرْشُهٗ عَلَى الْمَاۤءِ لِيَبْلُوَكُمْ اَيُّكُمْ اَحْسَنُ عَمَلًا ۗوَلَىِٕنْ قُلْتَ اِنَّكُمْ مَّبْعُوْثُوْنَ مِنْۢ بَعْدِ الْمَوْتِ لَيَقُوْلَنَّ الَّذِيْنَ كَفَرُوْٓا اِنْ هٰذَٓا اِلَّا سِحْرٌ مُّبِيْنٌ٧
Wa huwal-lażī khalaqas-samāwāti wal-arḍa fī sittati ayyāmiw wa kāna ‘arsyuhū ‘alal-mā'i liyabluwakum ayyukum aḥsanu ‘amalā(n), wa la'in qulta innakum mab‘ūṡūna mim ba‘dil-mauti layaqūlannal-lażīna kafarū in hāżā illā siḥrum mubīn(un).
[7] Lan Alloh hang nyiptakaken langit lan bumi sak suwene nem dina, lan ‘Arsy iku neng nduwure banyu, supoyo Alloh nguji sopo antarane sira hang lebih lebih amale, Lan Kadung sira (Muhammad) ngomong (neng penduduk Mekkah): “Saktemene siro bakal ditangekaken sakwise mati”, niscoyo wong-wong kafir iku bakal ngomong: ”iki sing liyo cuman sihir hang nyoto”.

وَلَىِٕنْ اَخَّرْنَا عَنْهُمُ الْعَذَابَ اِلٰٓى اُمَّةٍ مَّعْدُوْدَةٍ لَّيَقُوْلُنَّ مَا يَحْبِسُهٗ ۗ اَلَا يَوْمَ يَأْتِيْهِمْ لَيْسَ مَصْرُوْفًا عَنْهُمْ وَحَاقَ بِهِمْ مَّا كَانُوْا بِهٖ يَسْتَهْزِءُوْنَ ࣖ٨
Wa la'in akhkharnā ‘anhumul-‘ażāba ilā ummatim ma‘dūdatil layaqūlunna mā yaḥbisuh(ū), alā yauma ya'tīhim laisa maṣrūfan ‘anhum wa ḥāqa bihim mā kānū bihī yastahzi'ūn(a).
[8] Lan saktemene kapan Isun (Alloh) munduraken bendu teko wong iku sampe nang sewiji wektu hang ditentokaken, niscoyo wong iku arep ngomong : “ Parantah hang ngalangi tekone (bendu)?”. Engeto, nyang wektu bendu iku teko nang wong wong iku, sing bakal biso ditolak, Lan wong-wong iku diubengi ambi bendu hang bengene wong-wong iku mesti ngelok-ngelokaken.

وَلَىِٕنْ اَذَقْنَا الْاِنْسَانَ مِنَّا رَحْمَةً ثُمَّ نَزَعْنٰهَا مِنْهُۚ اِنَّهٗ لَيَـُٔوْسٌ كَفُوْرٌ٩
Wa la'in ażaqnal-insāna minnā raḥmatan ṡumma naza‘nāhā ‘anh(u), innahū laya'ūsun kafūr(un).
[9] Lan kapan Isun (Alloh) nguweni roso nang menuso suwiji rahmat(nikmat) teko Isun (Alloh), terus rahmat iku Isun (Alloh) juwut teko menuso iku, pasti menuso iku bakale putus asa lan sing ono terimone.

وَلَىِٕنْ اَذَقْنٰهُ نَعْمَاۤءَ بَعْدَ ضَرَّاۤءَ مَسَّتْهُ لَيَقُوْلَنَّ ذَهَبَ السَّيِّاٰتُ عَنِّيْ ۗاِنَّهٗ لَفَرِحٌ فَخُوْرٌۙ١٠
Wa la'in ażaqnāhu na‘mā'a ba‘da ḍarrā'a massathu layaqūlanna żahabas-sayyi'ātu ‘annī, innahū lafariḥun fakhūr(un).
[10] Lan kapan Isun (Alloh) nguweni roso nang menuso kenikmatan sakwise belahi hang diterimo, niscoyo menuso arep ngomong : “ wes ilang belahi-belahi iku teko nang isun”, saktemene wong-wong iku kegirangan tur bangga.

اِلَّا الَّذِيْنَ صَبَرُوْا وَعَمِلُوا الصّٰلِحٰتِۗ اُولٰۤىِٕكَ لَهُمْ مَّغْفِرَةٌ وَّاَجْرٌ كَبِيْرٌ١١
Illal-lażīna ṣabarū wa ‘amiluṣ-ṣāliḥāt(i), ulā'ika lahum magfiratuw wa ajrun kabīr(un).
[11] kejobo wong-wong hang sabar, lang ngelakoni amal sholeh, Wong-wong iku oleh pangapuro lan ganjaran hang gedhik.

فَلَعَلَّكَ تَارِكٌۢ بَعْضَ مَا يُوْحٰىٓ اِلَيْكَ وَضَاۤىِٕقٌۢ بِهٖ صَدْرُكَ اَنْ يَّقُوْلُوْا لَوْلَآ اُنْزِلَ عَلَيْهِ كَنْزٌ اَوْ جَاۤءَ مَعَهٗ مَلَكٌ ۗاِنَّمَآ اَنْتَ نَذِيْرٌ ۗ وَاللّٰهُ عَلٰى كُلِّ شَيْءٍ وَّكِيْلٌ ۗ١٢
Fa la‘allaka tārikum ba‘ḍa mā yūḥā ilaika wa ḍā'ikum bihī ṣadruka ay yaqūlū lau lā unzila ‘alaihi kanzun au jā'a ma‘ahū malak(un), innamā anta nażīr(un), wallāhu ‘alā kulli syai'in wakīl(un).
[12] Mongko biso bain sira (Muhammad) arep ninggalaken sebagian teko paran hang diwahyuaken nang sira (Muhammad) lan sempit kerono dodonira, kerono hawatir kadung saktemene wong-wong iku (kafir Mekkah) arep ngomongaken: “apuwo sing didunaken nang yane (Muhammad) kesugihan, utowo teko bareng bareng yane (Muhammad) Malaikat?. Saktemene sira (Muhammad) wong kang nguweni peringatan lan Gusti Alloh ngerumat kabeh sewiji-wiji.

اَمْ يَقُوْلُوْنَ افْتَرٰىهُ ۗقُلْ فَأْتُوْا بِعَشْرِ سُوَرٍ مِّثْلِهٖ مُفْتَرَيٰتٍ وَّادْعُوْا مَنِ اسْتَطَعْتُمْ مِّنْ دُوْنِ اللّٰهِ اِنْ كُنْتُمْ صٰدِقِيْنَ١٣
Am yaqūlūnaftarāh(u), qul fa'tū bi‘asyri suwarim miṡlihī muftarayātiw wad‘ū manistaṭa‘tum min dūnillāhi in kuntum ṣādiqīn(a).
[13] Semono ugo wong wong iku (Kafir Mekkah) ngomongaken: ”Muhammad wes nggawe-gawe Al-Qur’an iku”, Ngomongo: “(kadung gediku), mongko tekakno sepuluh surat hang digawe lan modoni (Al-Qur’an), lan celuken wong-wong hang sira sanggup sakliyane Gusti Alloh, kapan sira wong-wong hang bener.

فَاِلَّمْ يَسْتَجِيْبُوْا لَكُمْ فَاعْلَمُوْٓا اَنَّمَآ اُنْزِلَ بِعِلْمِ اللّٰهِ وَاَنْ لَّآ اِلٰهَ اِلَّا هُوَ ۚفَهَلْ اَنْتُمْ مُّسْلِمُوْنَ١٤
Fa illam yastajībū lakum fa‘lamū annamā unzila bi‘ilmillāhi wa allā ilāha illā huw(a), fahal antum muslimūn(a).
[14] Kapan hang sira kongkon iku seng nerimo kongkonan sira (ajakan ira) iku mongko (omongono):” weruhono saktemene Al-Qur’an iku didunakaen ambi Ilmune Alloh, Lan saktemene singono pengeran kejobo Yane (Alloh), mongko gelem tah sira nyerahaken awak (nang Alloh)?”

مَنْ كَانَ يُرِيْدُ الْحَيٰوةَ الدُّنْيَا وَزِيْنَتَهَا نُوَفِّ اِلَيْهِمْ اَعْمَالَهُمْ فِيْهَا وَهُمْ فِيْهَا لَا يُبْخَسُوْنَ١٥
Man kāna yurīdul-ḥayātad-dun-yā wa zīnatahā nuwaffi ilaihim a‘mālahum fīhā wa hum fīhā lā yubkhasūn(a).
[15] Sopo bain hang ngendaki keuripan dunyo lan mas-masane, niscoyo Isun (Alloh) weni nang wong iku belesan penggaweane wong iku ning dunyo ambi sempurno, lan wong iku nang dunyo sing arep dirugikaken.

اُولٰۤىِٕكَ الَّذِيْنَ لَيْسَ لَهُمْ فِى الْاٰخِرَةِ اِلَّا النَّارُ ۖوَحَبِطَ مَا صَنَعُوْا فِيْهَا وَبٰطِلٌ مَّا كَانُوْا يَعْمَلُوْنَ١٦
Ulā'ikal-lażīna laisa lahum fil-ākhirati illan-nār(u), wa ḥabiṭa mā ṣana‘ū fīhā wa bāṭilum mā kānū ya‘malūn(a).
[16] Ikulah wong-wong hang sing ulih neng akhirat, kejobo neraka, lan ilang paran wes hang diusahakaken nang dunyo lan sio-sio paran hang wes wong iku gawe.

اَفَمَنْ كَانَ عَلٰى بَيِّنَةٍ مِّنْ رَّبِّهٖ وَيَتْلُوْهُ شَاهِدٌ مِّنْهُ وَمِنْ قَبْلِهٖ كِتٰبُ مُوْسٰىٓ اِمَامًا وَّرَحْمَةًۗ اُولٰۤىِٕكَ يُؤْمِنُوْنَ بِهٖ ۗوَمَنْ يَّكْفُرْ بِهٖ مِنَ الْاَحْزَابِ فَالنَّارُ مَوْعِدُهٗ فَلَا تَكُ فِيْ مِرْيَةٍ مِّنْهُ اِنَّهُ الْحَقُّ مِنْ رَّبِّكَ وَلٰكِنَّ اَكْثَرَ النَّاسِ لَا يُؤْمِنُوْنَ١٧
Afaman kāna ‘alā bayyinatim mir rabbihī wa yatlūhu syāhidum minhu wa min qablihī kitābu mūsā imāmaw wa raḥmah(tan), ulā'ika yu'minūna bih(ī), wa may yakfur bihī minal-aḥzābi fan-nāru mau‘iduhū falā taku fī miryatim minhu innahul-ḥaqqu mir rabbika wa lākinna akṡaran-nāsi lā yu'minūn(a).
[17] Opo tah (wong-wong kafir iku podo ambi) wong-wong hang ono nduweni bukti hang nyoto (Al-Qur’an) teko pengerane, lan dipiloni pisan ambi sak wong saksi (Muhammad) teko Alloh, lan sakdurunge Al-Qur’an iku wes ono kitabe Musa hang dadi pituduh lan rahmat? Wong-wong iku podo iman nang Al-Qur’an lan sopo bain ning antarane wong wong iku (wong-wong Quraisy) lan sekutu-sekutune hang osing percoyo nang Al-Qur’an mongko nerakalah panggonan hang diancasaken kanggo yane, kerono iku ojo sira mang-mang nang Al-Qur’an. Saktemene (Al-Qur’an) iku bener-bener teko pengeran sira, taping akeh-akehe menuso sing gelem iman.

وَمَنْ اَظْلَمُ مِمَّنِ افْتَرٰى عَلَى اللّٰهِ كَذِبًاۗ اُولٰۤىِٕكَ يُعْرَضُوْنَ عَلٰى رَبِّهِمْ وَيَقُوْلُ الْاَشْهَادُ هٰٓؤُلَاۤءِ الَّذِيْنَ كَذَبُوْا عَلٰى رَبِّهِمْۚ اَلَا لَعْنَةُ اللّٰهِ عَلَى الظّٰلِمِيْنَ ۙ١٨
Wa man aẓlamu mimmaniftarā ‘alallāhi każibā(n), ulā'ika yu‘raḍūna ‘alā rabbihim wa yaqūlul-asyhādu hā'ulā'il-lażīna każabū ‘alā rabbihim, alā la‘natullāhi ‘alaẓ-ẓālimīn(a).
[18] Lan sopo tah hang lebih kaningaya teko wong-wong hang nggawe-gawe dusto nang Alloh? Wong iku arep diadepaken neng Pengerane wong iku, lan poro saksi arep ngomong: ”wong-wong ikilah hang wes ngapusi nyang Pengerane wong iku”. Engeto, kutukane Alloh iku ditimpakaken nang wong-wong hang kaningaya.

الَّذِيْنَ يَصُدُّوْنَ عَنْ سَبِيْلِ اللّٰهِ وَيَبْغُوْنَهَا عِوَجًاۗ وَهُمْ بِالْاٰخِرَةِ هُمْ كفِٰرُوْنَ١٩
Al-lażīna yaṣuddūna ‘an sabīlillāhi wa yabgūnahā ‘iwajā(n), wa hum bil-ākhirati hum kāfirūn(a).
[19] Yoiku wong-wong hang podo ngalang-ngalangi menuso teko dalane Alloh lan ngarepaken supoyo dalan iku nyeliwah, lan ikulah wong-wong hang osing percoyo nang anane dina akhirat.

اُولٰۤىِٕكَ لَمْ يَكُوْنُوْا مُعْجِزِيْنَ فِى الْاَرْضِ وَمَا كَانَ لَهُمْ مِّنْ دُوْنِ اللّٰهِ مِنْ اَوْلِيَاۤءَ ۘ يُضٰعَفُ لَهُمُ الْعَذَابُ ۗمَا كَانُوْا يَسْتَطِيْعُوْنَ السَّمْعَ وَمَا كَانُوْا يُبْصِرُوْنَ٢٠
Ulā'ika lam yakūnū mu‘jizīna fil-arḍi wa mā kāna lahum min dūnillāhi min auliyā'(a), yuḍā‘afu lahumul-‘ażāb(u), mā kānū yastaṭī‘ūnas-sam‘a wa mā kānū yubṣirūn(a).
[20] wong-wong iku hing bakal mampu ngalang-ngalangi kanggo mbendu wong iku neng bumi iki, lan pisan-pisan ono kanggo wong-wong iku pitulungan sak liyane Alloh. Siksoan iku digandakaken nang wong-wong iku, wong-wong iku mesti sing oleh ngerungokaken (kebeneran) lang wong-wong-wong iku mesti seng oleh ndeleng.

اُولٰۤىِٕكَ الَّذِيْنَ خَسِرُوْٓا اَنْفُسَهُمْ وَضَلَّ عَنْهُمْ مَّا كَانُوْا يَفْتَرُوْنَ٢١
Ulā'ikal-lażīna khasirū anfusahum wa ḍalla ‘anhum mā kānū yaftarūn(a).
[21] Wong-wong ikulah hang ngerugekaken awake dhewek, lan ilang teko wong-wong iku paran hang mesti wong-wong iku ana-anakaken.

لَاجَرَمَ اَنَّهُمْ فِى الْاٰخِرَةِ هُمُ الْاَخْسَرُوْنَ٢٢
Lā jarama annahum fil-ākhirati humul-akhsarūn(a).
[22] Pasti wong-wong iku nyang akhirat dadi wong hang rugi.

اِنَّ الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَعَمِلُوا الصّٰلِحٰتِ وَاَخْبَتُوْٓا اِلٰى رَبِّهِمْۙ اُولٰۤىِٕكَ اَصْحٰبُ الْجَنَّةِۚ هُمْ فِيْهَا خٰلِدُوْنَ٢٣
Innal-lażīna āmanū wa ‘amiluṣ-ṣāliḥāti wa akhbatū ilā rabbihim, ulā'ika aṣḥābul-jannati hum fīhā khālidūn(a).
[23] Saktemene wong-wong hang iman lan ngerjakaken amal saleh lan ngerendahaken awake neng Pengeran (Alloh), wong-wong iku penghuni surga, wong-wong iku nang njerone surga saklawase.

۞ مَثَلُ الْفَرِيْقَيْنِ كَالْاَعْمٰى وَالْاَصَمِّ وَالْبَصِيْرِ وَالسَّمِيْعِۗ هَلْ يَسْتَوِيٰنِ مَثَلًا ۗ اَفَلَا تَذَكَّرُوْنَ ࣖ٢٤
Maṡalul-farīqaini kal-a‘mā wal-aṣammi wal-baṣīri was-samī‘(i), hal yastawiyāni maṡalā(n), afalā tażakkarūn(a).
[24] Bandingane rong golongan iku (wong-wong kafir lan wong-wong mukmin), koyo wong picek lan gendheng ambi wong hang biso ndeleng lan ngerungokaken. Ono tah rong golongan iku podo keadaan lan sifate? Mongko apuwo sira sing njuwut pelajaran (teko perbandingan iku)

وَلَقَدْ اَرْسَلْنَا نُوْحًا اِلٰى قَوْمِهٖٓ اِنِّيْ لَكُمْ نَذِيْرٌ مُّبِيْنٌ ۙ٢٥
Wa laqad arsalnā nūḥan ilā qaumihī innī lakum nażīrum mubīn(un).
[25] Lan saktemen Isun (Alloh) wes ngutus Nuh nang kaume, yane (Nuh) ngomong: ”Saktemen isun nguweni peringatan hang nyoto kanggo sira”.

اَنْ لَّا تَعْبُدُوْٓا اِلَّا اللّٰهَ ۖاِنِّيْٓ اَخَافُ عَلَيْكُمْ عَذَابَ يَوْمٍ اَلِيْمٍ٢٦
Allā ta‘budū illallāh(a), innī akhāfu ‘alaikum ‘ażāba yaumin alīm(in).
[26] Supoyo sira hing nyembah sakliyane Alloh. Saktemen isun kuatir sira arep dibendu nang dina hang ngenes.

فَقَالَ الْمَلَاُ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا مِنْ قَوْمِهٖ مَا نَرٰىكَ اِلَّا بَشَرًا مِّثْلَنَا وَمَا نَرٰىكَ اتَّبَعَكَ اِلَّا الَّذِيْنَ هُمْ اَرَاذِلُنَا بَادِيَ الرَّأْيِۚ وَمَا نَرٰى لَكُمْ عَلَيْنَا مِنْ فَضْلٍۢ بَلْ نَظُنُّكُمْ كٰذِبِيْنَ٢٧
Fa qālal-mala'ul-lażīna kafarū min qaumihī mā narāka illā basyaram miṡlanā wa mā narākattaba‘aka illal-lażīna hum arāżilunā bādiyar-ra'y(i), wa mā narā lakum ‘alainā min faḍlim bal naẓunnukum kāżibīn(a).
[27] Mongko ngomong pemimpin-pemimpin hang kafir teko kaume:”isun seng ndeleng sira kejobo menuso (biasa) koyo isun, lan isun seng ndeleng wong-wong hang miloni sira, kejobo wong-wong hang hina nang antarane isun hang cepet percoyo bain, lan isun seng ndeleng sira nduweni sewiji kelebihan paran bain nang isun, ugo isun percoyo kadung sira termasuk golongane wong-wong gubab.

قَالَ يٰقَوْمِ اَرَءَيْتُمْ اِنْ كُنْتُ عَلٰى بَيِّنَةٍ مِّنْ رَّبِّيْ وَاٰتٰىنِيْ رَحْمَةً مِّنْ عِنْدِهٖ فَعُمِّيَتْ عَلَيْكُمْۗ اَنُلْزِمُكُمُوْهَا وَاَنْتُمْ لَهَا كٰرِهُوْنَ٢٨
Qāla yā qaumi ara'aitum in kuntu ‘alā bayyinatim mir rabbī wa ātānī raḥmatam min ‘indihī fa ‘ummiyat ‘alaikum, anulzimukumūhā wa antum lahā kārihūn(a).
[28] Nuh ngomong: ”He kaum isun, kelendi pikiranira, kapan isun nduweni bukti hang nyoto teko pengeran isun, lan isun diweneni rahmat teko sisi-Ne(Alloh), taping rahmat iku disamaraken kanggo sira, opo arep isun poksoaken sira nerimone, padahal sira seng demen?”

وَيٰقَوْمِ لَآ اَسْـَٔلُكُمْ عَلَيْهِ مَالًاۗ اِنْ اَجْرِيَ اِلَّا عَلَى اللّٰهِ وَمَآ اَنَا۠ بِطَارِدِ الَّذِيْنَ اٰمَنُوْاۗ اِنَّهُمْ مُّلٰقُوْا رَبِّهِمْ وَلٰكِنِّيْٓ اَرٰىكُمْ قَوْمًا تَجْهَلُوْنَ٢٩
Wa yā qaumi lā as'alukum ‘alaihi mālā(n), in ajriya illā ‘alallāhi wa mā ana biṭāridil-lażīna āmanū, innahum mulāqū rabbihim wa lākinnī arākum qauman tajhalūn(a).
[29] Lan yane ngomong :”he kaum isun, isun seng njaluk dunyo brono nang sira (upah) kanggo ngongkon isun. Upah isun mung teko Alloh lan isun pisan-pisan sing arep ngusir wong-wong hang wes iman. Saktemen wong iku arep ketemu ambi pengerane, taping isun ndeleng sira suwiji kaum hang seng ngaweruhi”.

وَيٰقَوْمِ مَنْ يَّنْصُرُنِيْ مِنَ اللّٰهِ اِنْ طَرَدْتُّهُمْ ۗ اَفَلَا تَذَكَّرُوْنَ٣٠
Wa yā qaumi may yanṣurunī minallāhi in ṭarattuhum, afalā tażakkarūn(a).
[30] Lan yane ngomong: ”He kaum isun, sopotah hang arep nulung isun teko bendune Alloh kapan isun ngusir wong iku. Mongko seng sira njuwut pelajaran.

وَلَآ اَقُوْلُ لَكُمْ عِنْدِيْ خَزَاۤىِٕنُ اللّٰهِ وَلَآ اَعْلَمُ الْغَيْبَ وَلَآ اَقُوْلُ اِنِّيْ مَلَكٌ وَّلَآ اَقُوْلُ لِلَّذِيْنَ تَزْدَرِيْٓ اَعْيُنُكُمْ لَنْ يُّؤْتِيَهُمُ اللّٰهُ خَيْرًا ۗ اَللّٰهُ اَعْلَمُ بِمَا فِيْٓ اَنْفُسِهِمْ ۚاِنِّيْٓ اِذًا لَّمِنَ الظّٰلِمِيْنَ٣١
Wa lā aqūlu lakum ‘indī khazā'inullāhi wa lā a‘lamul-gaiba wa lā aqūlu innī malakuw wa lā aqūlu lil-lażīna tazdarī a‘yunukum lay yu'tiyahumullāhu khairā(n), allāhu a‘lamu bimā fī anfusihim, innī iżal laminaẓ-ẓālimīn(a).
[31] Lan Isun seng ngomongaken nang sira; ”Isun Nduweni gudang-gudang rejeki lan kesugihan teko Alloh, lan isun seng ngaweruhi hang ghaib, lan seng (pisan) isun ngomongaken: ”Saktemene isun yaiku Malaikat”, lan isun ugo seng ngomongaken nyang wong-wong dideleng ino ambi tulihanira: ”pisan-pisan Alloh seng arep nekakaken keapikan nang wong iku”. Alloh lebih ngeweruhi paran hang ono nang awake wong iku”. Saktemene isun, kadung gedhiku bener-bener termasuk wong-wong hang kaningaya.

قَالُوْا يٰنُوْحُ قَدْ جَادَلْتَنَا فَاَ كْثَرْتَ جِدَالَنَا فَأْتِنَا بِمَا تَعِدُنَآ اِنْ كُنْتَ مِنَ الصّٰدِقِيْنَ٣٢
Qālū yā nūḥu qad jādaltanā fa akṡarta jidālanā fa'tinā bimā ta‘idunā in kunta minaṣ-ṣādiqīn(a).
[32] Wong-wong iku podo ngomong:” He Nuh, saktemene sira wes mbantah ambi isun, lan wes akeh-akeh bantahanira nyang isun, mongko tekakno nyang isun bendu hang sira ancasaken nyang isun, kapan sira termasuk wong-wong hang bener.

قَالَ اِنَّمَا يَأْتِيْكُمْ بِهِ اللّٰهُ اِنْ شَاۤءَ وَمَآ اَنْتُمْ بِمُعْجِزِيْنَ٣٣
Qāla innamā ya'tīkum bihillāhu in syā'a wa mā antum bimu‘jizīn(a).
[33] Nuh njawab, “mung Alloh hang arep nekakaken bendu iku nang sira, kapan Yane (Alloh) ngendaki, lan sira pisan-pisan sing biso ngeculaken awak.

وَلَا يَنْفَعُكُمْ نُصْحِيْٓ اِنْ اَرَدْتُّ اَنْ اَنْصَحَ لَكُمْ اِنْ كَانَ اللّٰهُ يُرِيْدُ اَنْ يُّغْوِيَكُمْ ۗهُوَ رَبُّكُمْ ۗوَاِلَيْهِ تُرْجَعُوْنَۗ٣٤
Wa lā yanfa‘ukum nuṣḥī in arattu an anṣaḥa lakum in kānallāhu yurīdu ay yugwiyakum, huwa rabbukum, wa ilaihi turja‘ūn(a).
[34] Lan seng bakal manfaat nyang sira nasehat isun, kapan isun arep nguweni nasehat nyang sira, sekirane Alloh arep nyesataken sira, Alloh yaiku pengeran ira, lan mung nyang Alloh sira dibalekaken.

اَمْ يَقُوْلُوْنَ افْتَرٰىهُۗ قُلْ اِنِ افْتَرَيْتُهٗ فَعَلَيَّ اِجْرَامِيْ وَاَنَا۠ بَرِيْۤءٌ مِّمَّا تُجْرِمُوْنَ ࣖ٣٥
Am yaqūlūnaftarāh(u), qul iniftaraituhū fa ‘alayya ijrāmī wa ana barī'um mimmā tujrimūn(a).
[35] Utowo wong iku (wong-wong musyrik Mekkah) ngomong: ”yane (Muhammad) cuman nggawe-gawe sewiji (Al-Qur’an). Ngomongo (Muhammad): ”kapan isun nggawe-gawe nasehat iku, mongko mung isunlah hang mikul dosanisun, lan isun ngeculaken awak teko dosa hang sira gawe”.

وَاُوْحِيَ اِلٰى نُوْحٍ اَنَّهٗ لَنْ يُّؤْمِنَ مِنْ قَوْمِكَ اِلَّا مَنْ قَدْ اٰمَنَ فَلَا تَبْتَىِٕسْ بِمَا كَانُوْا يَفْعَلُوْنَۖ٣٦
Wa ūḥiya ilā nūḥin annahū lay yu'mina min qaumika illā man qad āmana falā tabta'is bimā kānū yaf‘alūn(a).
[36] Lan diwahyuaken nyang Nuh, saktemene pisan–pisan seng arep iman nyang antarane kaumira, kejobo wong-wong hang wes iman (bain), kerono iku ojo sira lempe awak nyang perkoro paran hang mesti wong iku gawe.

وَاصْنَعِ الْفُلْكَ بِاَعْيُنِنَا وَوَحْيِنَا وَلَا تُخَاطِبْنِيْ فِى الَّذِيْنَ ظَلَمُوْا ۚاِنَّهُمْ مُّغْرَقُوْنَ٣٧
Waṣna‘il-fulka bi'a‘yuninā wa waḥyinā wa lā tukhāṭibnī fil-lażīna ẓalamū, innahum mugraqūn(a).
[37] Lan gaweo sira perahu iku ambi pengawasan lan perintah Isun (Alloh), lan ojo sira omongaken ambi isun perkoro wong-wong hang kaningaya iku; saktemene wong-wong iku arep disilepaken.

وَيَصْنَعُ الْفُلْكَۗ وَكُلَّمَا مَرَّ عَلَيْهِ مَلَاٌ مِّنْ قَوْمِهٖ سَخِرُوْا مِنْهُ ۗقَالَ اِنْ تَسْخَرُوْا مِنَّا فَاِنَّا نَسْخَرُ مِنْكُمْ كَمَا تَسْخَرُوْنَۗ٣٨
Wa yaṣna‘ul-fulk(a), wa kullamā marra ‘alaihi mala'um min qaumihī sakhirū minh(u), qāla in taskharū minnā fa innā naskharu minkum kamā taskharūn(a).
[38] Lan ngawiti Nuh nggawe perau, lan saben pemimpin kaume mlaku ngeliwati Nuh, wong iku nyamah isun (Nuh), mongko saktemene isun (pisan) nyamah koyo dene sira kabeh nyamah (isun).

فَسَوْفَ تَعْلَمُوْنَۙ مَنْ يَّأْتِيْهِ عَذَابٌ يُّخْزِيْهِ وَيَحِلُّ عَلَيْهِ عَذَابٌ مُّقِيْمٌ٣٩
Fa saufa ta‘lamūn(a), may ya'tīhi ‘ażābuy yukhzīhi wa yaḥillu ‘alaihi ‘ażābum muqīm(un).
[39] Engko sira arep meruhi sopo hang arep keneng belahi ambi bendu hang ngina ake, lan arep ditimpah bendu hang lawas (langgeng).

حَتّٰىٓ اِذَا جَاۤءَ اَمْرُنَا وَفَارَ التَّنُّوْرُۙ قُلْنَا احْمِلْ فِيْهَا مِنْ كُلٍّ زَوْجَيْنِ اثْنَيْنِ وَاَهْلَكَ اِلَّا مَنْ سَبَقَ عَلَيْهِ الْقَوْلُ وَمَنْ اٰمَنَ ۗوَمَآ اٰمَنَ مَعَهٗٓ اِلَّا قَلِيْلٌ٤٠
Ḥattā iżā jā'a amrunā wafārat-tannūr(u), qulnaḥmil fīhā min kullin zaujainiṡnaini wa ahlaka illā man sabaqa ‘alaihil-qaulu wa man āman(a), wa mā āmana ma‘ahū illā qalīl(un).
[40] Hinggo kapan perintah Isun (Alloh) teko lan pawon wes mancaraken banyu, Isun (Alloh) ngomong:”lebokno nang njero perau iku teko saben-saben kewan sepasang (lanang lan wadon), lan keluarganira, kejobo wong hang wes bengen ketetepaken nang yane (Nuh) lan (lebokno pisan) wong-wong hang iman.” Lan hang iman nyang Nuh iku kejobo sithik.

۞ وَقَالَ ارْكَبُوْا فِيْهَا بِسْمِ اللّٰهِ مَجْرٰ۪ىهَا وَمُرْسٰىهَا ۗاِنَّ رَبِّيْ لَغَفُوْرٌ رَّحِيْمٌ٤١
Wa qālarkabū fīhā bismillāhi majrêhā wa mursāhā, inna rabbī lagafūrur raḥīm(un).
[41] Lan Nuh ngomong; “Numpak’o sira kabeh nang njerone (perau) ambi ngomong: ambi aran Gusti Alloh melakune perau lan mandeke perau” saktemene pengeran isun bener-bener maha nyepuro ugo maha asih.

وَهِيَ تَجْرِيْ بِهِمْ فِيْ مَوْجٍ كَالْجِبَالِۗ وَنَادٰى نُوْحُ ِۨابْنَهٗ وَكَانَ فِيْ مَعْزِلٍ يّٰبُنَيَّ ارْكَبْ مَّعَنَا وَلَا تَكُنْ مَّعَ الْكٰفِرِيْنَ٤٢
Wa hiya tajrī bihim fī maujin kal-jibāl(i), wa nādā nūḥunibnahū wa kāna fī ma‘ziliy yā bunayyarkam ma‘anā wa lā takum ma‘al-kāfirīn(a).
[42] Lan perau melaku nggowo wong-wong iku nang ombak koyo dene gunung. Lan Nuh nyeluk anake sedheng anake iku onok nyang panggonan hang adoh nyelempit: ”He anak isun, numpak’o (nang kapal) bareng Isun lan ojo sira bareng wong-wong hang kafir”.

قَالَ سَاٰوِيْٓ اِلٰى جَبَلٍ يَّعْصِمُنِيْ مِنَ الْمَاۤءِ ۗقَالَ لَا عَاصِمَ الْيَوْمَ مِنْ اَمْرِ اللّٰهِ اِلَّا مَنْ رَّحِمَ ۚوَحَالَ بَيْنَهُمَا الْمَوْجُ فَكَانَ مِنَ الْمُغْرَقِيْنَ٤٣
Qāla sa'āwī ilā jabaliy ya‘ṣimunī minal-mā'(i), qāla lā ‘āṣimal-yauma min amrillāhi illā ma raḥim(a), wa ḥāla bainahumal-mauju fa kāna minal-mugraqīn(a).
[43] Anake nyauri: ”Isun arep golet perlindungan nang gunung hang biso ngerawat isun teko banjir!” Nuh ngomong:”seng ono hang ngelindungi dina iki teko bendune Alloh kejobo Alloh (bain) hang Maha welas”. Lan ombak dadi alangan antara kelorone; mongko dadio anak iku melebu wong-wong hang disilepaken.

وَقِيْلَ يٰٓاَرْضُ ابْلَعِيْ مَاۤءَكِ وَيٰسَمَاۤءُ اَقْلِعِيْ وَغِيْضَ الْمَاۤءُ وَقُضِيَ الْاَمْرُ وَاسْتَوَتْ عَلَى الْجُوْدِيِّ وَقِيْلَ بُعْدًا لِّلْقَوْمِ الظّٰلِمِيْنَ٤٤
Wa qīla yā arḍubla‘ī mā'aki wa yā samā'u aqli‘ī wa gīḍal-mā'u wa quḍiyal-amru wastawat ‘alal-jūdiyyi wa qīla bu‘dal lil-qaumiẓ-ẓālimīn(a).
[44] Lan dipirmanaken: “He bumi elegen banyunira, lan he langit (udan) mandeko, ”lan banyu pisan disataken, perintah pisan marekaken lan perau iku pisan mandeg nang nduwure bukit judi, lan diomongaken: ”gemeto wong-wong hang kaningaya”.

وَنَادٰى نُوْحٌ رَّبَّهٗ فَقَالَ رَبِّ اِنَّ ابْنِيْ مِنْ اَهْلِيْۚ وَاِنَّ وَعْدَكَ الْحَقُّ وَاَنْتَ اَحْكَمُ الْحٰكِمِيْنَ٤٥
Wa nādā nūḥur rabbahū fa qāla rabbi innabnī min ahlī, wa inna wa‘dakal-ḥaqqu wa anta aḥkamul-ḥākimīn(a).
[45] Lan Nuh njaluk nang pengerane ambi ngomong: “Duh Pengeranisun, saktemene anak isun termasuk keluarganisun, lan saktemene janji Ndiko’(Alloh) ikulah hang bener. Lan Ndiko’ (Alloh) yaiku hakim hang paling adil.

قَالَ يٰنُوْحُ اِنَّهٗ لَيْسَ مِنْ اَهْلِكَ ۚاِنَّهٗ عَمَلٌ غَيْرُ صَالِحٍ فَلَا تَسْـَٔلْنِ مَا لَيْسَ لَكَ بِهٖ عِلْمٌ ۗاِنِّيْٓ اَعِظُكَ اَنْ تَكُوْنَ مِنَ الْجٰهِلِيْنَ٤٦
Qāla yā nūḥu innahū laisa min ahlik(a), innahū ‘amalun gairu ṣāliḥ(in), falā tas'alnī mā laisa laka bihī ‘ilm(un), innī a‘iẓuka an takūna minal-jāhilīn(a).
[46] Alloh dawuh: ”He Nuh, saktemene iku duduk termasuk keluarganira (hang dijanjikaken arep diselametaken), saktemene (penggaweane) penggawean hang seng apik. Sebab iku ojo sira jaluk nang Isun (Alloh) sewiji-wiji hang sira seng weruhi (hakikate). Lan sekirane Ndiko (Alloh) seng nguweni sepuro nang isun, lan (seng) ndeleh welas asih nang isun, niscoyo isun arep melebu golongan wong-wong hang rugi.”

قَالَ رَبِّ اِنِّيْٓ اَعُوْذُ بِكَ اَنْ اَسْـَٔلَكَ مَا لَيْسَ لِيْ بِهٖ عِلْمٌ ۗوَاِلَّا تَغْفِرْ لِيْ وَتَرْحَمْنِيْٓ اَكُنْ مِّنَ الْخٰسِرِيْنَ٤٧
Qāla rabbi innī a‘ūżu bika an as'alaka mā laisa lī bihī ‘ilm(un), wa illā tagfir lī wa tarḥamnī akum minal-khāsirīn(a).
[47] Nuh ngomong: ”Duh Pengeranisun, saktemene isun njaluk perlindungan nang Ndiko(Alloh) nang perkoro hang isun seng weruh (hakikate). Kadung Ndiko (Alloh) seng nguweni isun ampunan lan ndeleh welas asih nang isun, saktemene isun termasuk wong-wong hang rugi.

قِيْلَ يٰنُوْحُ اهْبِطْ بِسَلٰمٍ مِّنَّا وَبَرَكٰتٍ عَلَيْكَ وَعَلٰٓى اُمَمٍ مِّمَّنْ مَّعَكَ ۗوَاُمَمٌ سَنُمَتِّعُهُمْ ثُمَّ يَمَسُّهُمْ مِّنَّا عَذَابٌ اَلِيْمٌ٤٨
Qīla yā nūḥuhbiṭ bisalāmim minnā wa barakātin ‘alaika wa ‘alā umamim mimmam ma‘ak(a), wa umamun sanumatti‘uhum ṡumma yamassuhum minnā ‘ażābun alīm(un).
[48] Dingendikakaken: ”He Nuh muduno ambi selamet lan akeh keberkahan teko Isun (Alloh) nyang sira, lan nyang umat-umat (hang mukmin) teko wong-wong hang ambi sira. Lan ono (pisan) umat-umat hang Isun (Alloh) weni kesenengan nyang wong iku (njero keuripan donya), terus wong iku arep ditimpo bendu teko Isun (Alloh)”.

تِلْكَ مِنْ اَنْۢبَاۤءِ الْغَيْبِ نُوْحِيْهَآ اِلَيْكَ ۚمَا كُنْتَ تَعْلَمُهَآ اَنْتَ وَلَا قَوْمُكَ مِنْ قَبْلِ هٰذَاۚ فَاصْبِرْۚ اِنَّ الْعَاقِبَةَ لِلْمُتَّقِيْنَ ࣖ٤٩
Tilka min ambā'il-gaibi nūḥīhā ilaik(a), mā kunta ta‘lamuhā anta wa lā qaumuka min qabli hāżā, faṣbir, innal-‘āqibata lil-muttaqīn(a).
[49] Ikulah antarane cerito-cerito penting perkoro hang ghaib, hang Isun (Alloh) wahyuaken nyang sira (Muhammad); seng tau sira meruhi lan sing (pisan) kaum ira sedurunge iki. Mongko sabaro; saktemene sakwise hang apik yaiku kanggo wong-wong hang taqwa.

وَاِلٰى عَادٍ اَخَاهُمْ هُوْدًا ۗقَالَ يٰقَوْمِ اعْبُدُوا اللّٰهَ مَا لَكُمْ مِّنْ اِلٰهٍ غَيْرُهٗ ۗاِنْ اَنْتُمْ اِلَّا مُفْتَرُوْنَ٥٠
Wa ilā ‘ādin akhāhum hūdā(n), qāla yā qaumi‘budullāha mā lakum min ilāhin gairuh(ū), in antum illā muftarūn(a).
[50] Lan nang kaum ‘Aad (isun utus) dulur wong iku, Huud. Yane (Huud) ngomong :”He kaum isun sembahen Alloh, pisan –pisan seng ono kanggo sira pengeran kejobo Gusti Alloh. Sing ono sira (kaum ‘Aad) kejobo wong hang ngapusi.

يٰقَوْمِ لَآ اَسْـَٔلُكُمْ عَلَيْهِ اَجْرًا ۗاِنْ اَجْرِيَ اِلَّا عَلَى الَّذِيْ فَطَرَنِيْ ۗ اَفَلَا تَعْقِلُوْنَ٥١
Yā qaumi lā as'alukum ‘alaihi ajrā(n), in ajriya illā ‘alal-lażī faṭaranī, afalā ta‘qilūn(a).
[51] He Kaum isun, isun seng njaluk upah nyang sira kanggo kongkonan isun iki, upah isun seng liyo mung teko Gusti Alloh hang wes nyiptakaken isun. Opo sira seng podo mikir?

وَيٰقَوْمِ اسْتَغْفِرُوْا رَبَّكُمْ ثُمَّ تُوْبُوْٓا اِلَيْهِ يُرْسِلِ السَّمَاۤءَ عَلَيْكُمْ مِّدْرَارًا وَّيَزِدْكُمْ قُوَّةً اِلٰى قُوَّتِكُمْ وَلَا تَتَوَلَّوْا مُجْرِمِيْنَ٥٢
Wa yā qaumistagfirū rabbakum ṡumma tūbū ilaihi yursilis-samā'a ‘alaikum midrāraw wa yazidkum quwwatan ilā quwwatikum wa lā tatawallau mujrimīn(a).
[52] Lan (Hud ngomong):” He kaum isun, jaluko sepuro nang pengeran ira terus tobat’o nang pengeran ira, niscoyo Yane (Alloh) ngedunaken udan hang deres nang sira, lan Yane (Alloh) arep nambahaken kekuatan nang kekuatan ira, lan ojo sira méngos dadi wong hang ngelakoni duso”.

قَالُوْا يٰهُوْدُ مَاجِئْتَنَا بِبَيِّنَةٍ وَّمَا نَحْنُ بِتَارِكِيْٓ اٰلِهَتِنَا عَنْ قَوْلِكَ وَمَا نَحْنُ لَكَ بِمُؤْمِنِيْنَ٥٣
Qālū yā hūdu mā ji'tanā bibayyinatiw wa mā naḥnu bitārikī ālihatinā ‘an qaulika wa mā naḥnu laka bimu'minīn(a).
[53] Kaum ‘Aad ngomong: “He Huud, sira seng nekakaken nang isun suwiji bukti hang nyoto, lan isun pisan-pisan seng arep ninggalaken sembahan isun kerono omonganira, lan isun pisan-pisan seng arep percoyo nang sira.

اِنْ نَّقُوْلُ اِلَّا اعْتَرٰىكَ بَعْضُ اٰلِهَتِنَا بِسُوْۤءٍ ۗقَالَ اِنِّيْٓ اُشْهِدُ اللّٰهَ وَاشْهَدُوْٓا اَنِّيْ بَرِيْۤءٌ مِّمَّا تُشْرِكُوْنَ٥٤
In naqūlu illa‘tarāka ba‘ḍu ālihatinā bisū'(in), qāla innī usyhidullāha wasyhadū annī barī'um mimmā tusyrikūn(a).
[54] Isun seng arep ngomongaken kejobo saktemene sebagian sembahan isun wes nimpakaken penyakit idan nang awak ira.” Huud njawab: “ saktemene isun dadekaken Alloh dadi saksinisun lan saksinono sira kabeh saktemene isun ngeculaken awak teko paran hang sira sekutukaken.

مِنْ دُوْنِهٖ فَكِيْدُوْنِيْ جَمِيْعًا ثُمَّ لَا تُنْظِرُوْنِ٥٥
Min dūnihī fa kīdūnī jamī‘an ṡumma lā tunẓirūn(i).
[55] Lan sak liyane, sebab iku lakonono paran hang dadi tipu dayanira kabeh nang isun, lan ojo sira nunda-nunda maning.

اِنِّيْ تَوَكَّلْتُ عَلَى اللّٰهِ رَبِّيْ وَرَبِّكُمْ ۗمَا مِنْ دَاۤبَّةٍ اِلَّا هُوَ اٰخِذٌۢ بِنَاصِيَتِهَا ۗاِنَّ رَبِّيْ عَلٰى صِرَاطٍ مُّسْتَقِيْمٍ٥٦
Innī tawakkaltu ‘alallāhi rabbī wa rabbikum, mā min dābbatin illā huwa ākhiżum bināṣiyatihā, inna rabbī ‘alā ṣirāṭim mustaqīm(in).
[56] Saktemene isun tawakkal nang Alloh pengeran isun lan pengeran ira. Seng ono suwiji kewan njalar kejobo Yane (Alloh) hang nyekel bun-bunane. Saktemene pengeran isun nang nduwur dalan hang lurus.

فَاِنْ تَوَلَّوْا فَقَدْ اَبْلَغْتُكُمْ مَّآ اُرْسِلْتُ بِهٖٓ اِلَيْكُمْ ۗوَيَسْتَخْلِفُ رَبِّيْ قَوْمًا غَيْرَكُمْۗ وَلَا تَضُرُّوْنَهٗ شَيْـًٔا ۗاِنَّ رَبِّيْ عَلٰى كُلِّ شَيْءٍ حَفِيْظٌ٥٧
Fa in tawallau faqad ablagtukum mā ursiltu bihī ilaikum, wa yastakhlifu rabbī qauman gairakum, wa lā taḍurrūnahū syai'ā(n), inna rabbī ‘alā kulli syai'in ḥafīẓ(un).
[57] Kapan sira mlengos, mongko saktemene isun wes nyampekaken nang sira paran (amanat) hang isun diutus (kanggo nyampekaken) nang sira. Lan pengeran isun arep ngganti (sira) ambi kaum hang liyo (teko) sira; lan sira seng biso nggawe mudharat nang Alloh sak sithik’o, saktemene pengeran isun iku Maha ngerawat kabeh sewiji.

وَلَمَّا جَاۤءَ اَمْرُنَا نَجَّيْنَا هُوْدًا وَّالَّذِيْنَ اٰمَنُوْا مَعَهٗ بِرَحْمَةٍ مِّنَّاۚ وَنَجَّيْنٰهُمْ مِّنْ عَذَابٍ غَلِيْظٍ٥٨
Wa lammā jā'a amrunā najjainā hūdaw wal-lażīna āmanū ma‘ahū biraḥmatim minnā, wa najjaināhum min ‘ażābin galīẓ(in).
[58] Lan tatkala teko bendu Isun (Alloh), isun (Alloh) selametaken Huud lan wong-wong hang iman bareng yane (Huud) ambi rahmat teko isun; lan isun selametaken (pisan) wong iku (nyang akhirat) teko bendu hang abot.

وَتِلْكَ عَادٌ ۖجَحَدُوْا بِاٰيٰتِ رَبِّهِمْ وَعَصَوْا رُسُلَهٗ وَاتَّبَعُوْٓا اَمْرَ كُلِّ جَبَّارٍ عَنِيْدٍ٥٩
Wa tilka ‘ādun jaḥadū bi'āyāti rabbihim wa ‘aṣau rusulahū wattaba‘ū amra kulli jabbārin ‘anīd(in).
[59] Lan ikulah (kisah) kaum ‘Aad hang nyulayani tondo-tondo kuasane pengeran, lan wong-wong iku durhakai rasul-rasul e Alloh lan wong iku nuruti perintahe kabeh penguasa hang karepe dhewek maning nantang (kebeneran).

وَاُتْبِعُوْا فِيْ هٰذِهِ الدُّنْيَا لَعْنَةً وَّيَوْمَ الْقِيٰمَةِ ۗ اَلَآ اِنَّ عَادًا كَفَرُوْا رَبَّهُمْ ۗ اَلَا بُعْدًا لِّعَادٍ قَوْمِ هُوْدٍ ࣖ٦٠
Wa utbi‘ū fī hażihid-dun-yā la‘nataw wa yaumal-qiyāmah(ti), alā inna ‘ādan kafarū rabbahum, alā bu‘dal li‘ādin qaumi hūd(in).
[60] Lan wong iku mesti dipiloni ambi bendu nyang dunyo iki lan (gediku pisan) nyang dina kiamat. Engeto, saktemene kaum ‘Aad iku kafir nang pengeran wong iku. Engeto, keancuranlah kanggo kaum ‘Aad (yaiku) kaume Huud.

۞ وَاِلٰى ثَمُوْدَ اَخَاهُمْ صٰلِحًا ۘ قَالَ يٰقَوْمِ اعْبُدُوا اللّٰهَ مَا لَكُمْ مِّنْ اِلٰهٍ غَيْرُهٗ ۗهُوَ اَنْشَاَكُمْ مِّنَ الْاَرْضِ وَاسْتَعْمَرَكُمْ فِيْهَا فَاسْتَغْفِرُوْهُ ثُمَّ تُوْبُوْٓا اِلَيْهِ ۗاِنَّ رَبِّيْ قَرِيْبٌ مُّجِيْبٌ٦١
Wa ilā ṡamūda akhāhum ṣālihā(n), qāla yā qaumi‘budullāḥa mā lakum min ilāhin gairuh(ū), huwa ansya'akum minal-arḍi wasta‘marakum fīhā fastagfirūhu ṡumma tūbū ilaih(i), inna rabbī qarībum mujīb(un).
[61] Lan nang kaum Tsamud (Isun utus) dulur wong iku kang aran Shaleh. Shaleh ngomong: “He kaum isun, sembahen Alloh, pisan-pisan seng ono kanggo sira pengeran kejobo Yane (Alloh). Yane (Alloh) wes nyiptakaken sira teko bumi (tanah) lan ndadekaken sira pemakmure, kerono iku njaluk’o sepuro-Ne, terus tobat’o nang Gusti Alloh. Saktemene pengeranisun parek (rahmate) maning ngijabahi (pendungane kawulane).

قَالُوْا يٰصٰلِحُ قَدْ كُنْتَ فِيْنَا مَرْجُوًّا قَبْلَ هٰذَآ اَتَنْهٰىنَآ اَنْ نَّعْبُدَ مَا يَعْبُدُ اٰبَاۤؤُنَا وَاِنَّنَا لَفِيْ شَكٍّ مِّمَّا تَدْعُوْنَآ اِلَيْهِ مُرِيْبٍ٦٢
Qālū yā ṣāliḥu qad kunta fīnā marjuwwan qabla hāżā atanhānā an na‘buda mā ya‘budu ābā'unā wa innanā lafī syakkim mimmā tad‘ūnā ilaihi murīb(in).
[62] Kaum Tsamud ngomong: “He Shaleh, saktemene sira sedurunge iki yaiku wong nyang antarane isun hang isun arepaken, opotah sira ngelarang isun kanggo nyembah paran hang disembah ambi bapak-bapak isun? Lan saktemene isun bener-bener mang-mang nang agama hang sira kongkon nang isun.

قَالَ يٰقَوْمِ اَرَءَيْتُمْ اِنْ كُنْتُ عَلٰى بَيِّنَةٍ مِّنْ رَّبِّيْۗ وَاٰتٰىنِيْ مِنْهُ رَحْمَةً فَمَنْ يَّنْصُرُنِيْ مِنَ اللّٰهِ اِنْ عَصَيْتُهٗ ۗفَمَا تَزِيْدُوْنَنِيْ غَيْرَ تَخْسِيْرٍ٦٣
Qāla yā qaumi ara'aitum in kuntu ‘alā bayyinatim mir rabbī, wa ātānī minhu raḥmatan famay yanṣurunī minallāhi in ‘aṣaituh(ū), famā tazīdūnanī gaira takhsīr(in).
[63] Shaleh ngomong: “ He kaum isun, kelendi pikiran ira kapan isun nduweni bukti hang nyoto teko pengeran isun lan diweni-ne isun rahmat (kenabian) teko Yane (Alloh), mongko sopotah hang arep nulung isun teko (bendu) Alloh kapan isun nulayani Alloh, sebab iku sira seng nambah paran bain nang isun kejobo keruginan.

وَيٰقَوْمِ هٰذِهٖ نَاقَةُ اللّٰهِ لَكُمْ اٰيَةً فَذَرُوْهَا تَأْكُلْ فِيْٓ اَرْضِ اللّٰهِ وَلَا تَمَسُّوْهَا بِسُوْۤءٍ فَيَأْخُذَكُمْ عَذَابٌ قَرِيْبٌ٦٤
Wa yā qaumi hāżihī nāqatullāhi lakum āyatan fa żarūhā ta'kul fī arḍillāhi wa lā tamassūhā bisū'in fa ya'khużakum ‘ażābun qarīb(un).
[64] He kaum isun, ikilah unto (wadon) teko Alloh dadi mukjizat (hang nunjukaken kebeneren) kanggo sira kabeh, sebab iku genengno ojo sira ganggu ambi gangguan paran bain, hang arep nyebabaken sira ditimpa bendu hang parek”.

فَعَقَرُوْهَا فَقَالَ تَمَتَّعُوْا فِيْ دَارِكُمْ ثَلٰثَةَ اَيَّامٍ ۗذٰلِكَ وَعْدٌ غَيْرُ مَكْذُوْبٍ٦٥
Fa ‘aqarūhā fa qāla tamatta‘ū fī dārikum ṡalāṡata ayyām(in), żālika wa‘dun gairu makżūb(in).
[65] Mongko wong-wong (Kaume Nabi Shaleh) iku mateni unto iku, mongko ngomong Shaleh: “girango sira kabeh saksuwene telung dina yaiku janji hang seng oleh disulayani.”

فَلَمَّا جَاۤءَ اَمْرُنَا نَجَّيْنَا صٰلِحًا وَّالَّذِيْنَ اٰمَنُوْا مَعَهٗ بِرَحْمَةٍ مِّنَّا وَمِنْ خِزْيِ يَوْمِىِٕذٍ ۗاِنَّ رَبَّكَ هُوَ الْقَوِيُّ الْعَزِيْزُ٦٦
Falammā jā'a amrunā najjainā ṣāliḥaw wal-lażīna āmanū ma‘ahū biraḥmatim minnā wa min khizyi yaumi'iż(in), inna rabbaka huwal-qawiyyul-‘ażīz(u).
[66] Mongko tetkolo teko bendu Isun (Alloh), Isun (Alloh) selamataken Shaleh ambi wong-wong hang iman bareng yane (Shaleh) ambi rahmat teko isun lan (isun selametaken) teko keinaan nyang dina iku. Saktemene pengeran ira Yane(Alloh)-lah hang maha kuat maning maha perkasa.

وَاَخَذَ الَّذِيْنَ ظَلَمُوا الصَّيْحَةُ فَاَصْبَحُوْا فِيْ دِيَارِهِمْ جٰثِمِيْنَۙ٦٧
Wa akhażal-lażīna ẓalamuṣ-ṣaiḥatu fa aṣbaḥū fī dārihim jāṡimīn(a).
[67] Lan siji suoro anter hang gemeruduk nimpo wong-wong hang kaningaya iku, terus wong iku mati gelempangan nyang umahe.

كَاَنْ لَّمْ يَغْنَوْا فِيْهَا ۗ اَلَآ اِنَّ ثَمُوْدَا۟ كَفَرُوْا رَبَّهُمْ ۗ اَلَا بُعْدًا لِّثَمُوْدَ ࣖ٦٨
Ka allam yagnau fīhā, alā inna ṡamūda kafarū rabbahum, alā bu‘dal liṡamūd(a).
[68] Koyo-koyo wong iku durung tau meneng nyang panggonan iku. Engeto, saktemene kaum Tsamud nulayani nyang pengerane. Engeto, keancuranlah kanggo kaum Tsamud.

وَلَقَدْ جَاۤءَتْ رُسُلُنَآ اِبْرٰهِيْمَ بِالْبُشْرٰى قَالُوْا سَلٰمًا ۖقَالَ سَلٰمٌ فَمَا لَبِثَ اَنْ جَاۤءَ بِعِجْلٍ حَنِيْذٍ٦٩
Wa laqad jā'at rusulunā ibrāhīma bil-busyrā qālū salāmā(n), qāla salāmun famā labiṡa an jā'a bi‘ijlin ḥanīż(in).
[69] Lan saktemene utusan-utusan isun (Malaikat-Malaikat) wes teko nang Ibrohim ambi nggowo kabar seneng, Malaikat iku ngucapaken: “Salaman” (selamet) Ibrohim njawab: “Salamun (selameto). Mongko seng suwe terus Ibrohim nyuguhaken daging anak sapi hang dipanggang.

فَلَمَّا رَآٰ اَيْدِيَهُمْ لَا تَصِلُ اِلَيْهِ نَكِرَهُمْ وَاَوْجَسَ مِنْهُمْ خِيْفَةً ۗقَالُوْا لَا تَخَفْ اِنَّآ اُرْسِلْنَآ اِلٰى قَوْمِ لُوْطٍۗ٧٠
Falammā ra'ā aidiyahum lā taṣilu ilaihi nakirahum wa aujasa minhum khīfah(tan), qālū lā takhaf innā ursilnā ilā qaumi lūṭ(in).
[70] Mongko tetkolo ndeleng tangane wong iku (Malaikat) seng njamah, Ibrohim mandeng aneh penggawean wong iku (Malaikat), lan ngeroso wedi nang wong iku (Malaikat), Malaikat iku ngomong: “ojo sira wedi, saktemene isun yaiku (Malaikat-Malaikat) hang diutus nang kaum Luth.”

وَامْرَاَتُهٗ قَاۤىِٕمَةٌ فَضَحِكَتْ فَبَشَّرْنٰهَا بِاِسْحٰقَۙ وَمِنْ وَّرَاۤءِ اِسْحٰقَ يَعْقُوْبَ٧١
Wamra'atuhū qā'imatun fa ḍaḥikat fa basysyarnāhā bi'isḥāq(a), wa miw warā'i isḥāqa ya‘qūb(a).
[71] Lan rabine ngadek (nyang mburine korden) terus yane ngguyu. Mongko isun (Malaikat) sampekaen nang yane (Siti Sarah) berita seneng perkara (kelahirane) Ishak lan teko Ishak (arep lahir ) Ya’qub.

قَالَتْ يٰوَيْلَتٰىٓ ءَاَلِدُ وَاَنَا۠ عَجُوْزٌ وَّهٰذَا بَعْلِيْ شَيْخًا ۗاِنَّ هٰذَا لَشَيْءٌ عَجِيْبٌ٧٢
Qālat yā wailatā a'alidu wa ana ‘ajūzuw wa hāżā ba‘lī syaikhā(n), inna hāżā lasyai'un ‘ajīb(un).
[72] Rabine ngomong: “temen ngeranaken, opotah isun arep ngelahiraken anak, padahal isun wong wadon tuwek, lan lakinisun keadaane wes tuwek pisan? Saktemene iki bener-bener suwiji perkoro hang aneh.

قَالُوْٓا اَتَعْجَبِيْنَ مِنْ اَمْرِ اللّٰهِ رَحْمَتُ اللّٰهِ وَبَرَكٰتُهٗ عَلَيْكُمْ اَهْلَ الْبَيْتِۗ اِنَّهٗ حَمِيْدٌ مَّجِيْدٌ٧٣
Qālū ata‘jabīna min amrillāhi raḥmatullāhi wa barakātuh(ū), ‘alaikum ahlal-bait(i), innahū ḥamīdum majīd(un).
[73] Poro Malaikat iku ngomong: “opotah sira ngeroso heran nang perkoro ketetepane Alloh? (yaiku) rahmate Alloh lan keberkata-Ne, dicurahaken nang sira, he ahlul bait! Saktemene Alloh maha terpuji maning maha pemurah.

فَلَمَّا ذَهَبَ عَنْ اِبْرٰهِيْمَ الرَّوْعُ وَجَاۤءَتْهُ الْبُشْرٰى يُجَادِلُنَا فِيْ قَوْمِ لُوْطٍ٧٤
Falammā żahaba ‘an ibrāhīmar rau‘u wa jā'athul busyrā yujādilunā fī qaumi lūṭ(in).
[74] Mongko tetkolo roso wedi ilang teko Ibrohim lan berita seneng wes teko nang yane, yane (Ibrohim) pitakonan ambi (Malaikat-Malaikat) perkoro kaume Luth.

اِنَّ اِبْرٰهِيْمَ لَحَلِيْمٌ اَوَّاهٌ مُّنِيْبٌ٧٥
Inna ibrāhīma laḥalīmun awwāhum munīb(un).
[75] aktemene Ibrohim iku bener-bener wong hang penyantun maning welas asih lan seneng balik nang Alloh.

يٰٓاِبْرٰهِيْمُ اَعْرِضْ عَنْ هٰذَا ۚاِنَّهٗ قَدْ جَاۤءَ اَمْرُ رَبِّكَۚ وَاِنَّهُمْ اٰتِيْهِمْ عَذَابٌ غَيْرُ مَرْدُوْدٍ٧٦
Yā ibrāhīmu a‘riḍ ‘an hāżā, innahū qad jā'a amru rabbik(a), wa innahum ātīhim ‘ażābun gairu mardūd(in).
[76] He Ibrohim, tinggalno pitakonan iki, saktemene wes teko ketetepan pengeran sira, lan saktemene wong iku arep ditekani bendu hang seng biso ditolak.

وَلَمَّا جَاۤءَتْ رُسُلُنَا لُوْطًا سِيْۤءَ بِهِمْ وَضَاقَ بِهِمْ ذَرْعًا وَّقَالَ هٰذَا يَوْمٌ عَصِيْبٌ٧٧
Wa lammā jā'at rusulunā lūṭan sī'a bihim wa ḍāqa bihim żar‘aw wa qāla hāżā yaumun ‘aṣīb(un).
[77] Lan tetkala teko utusan-utusan Isun (poro Malaikat) nang Luth, yane ngeroso susah lan ngeroso sempit dadane kerono ketekanan utusan-utusan iku, lan yane ngomong: “iki dina hang soro”.

وَجَاۤءَهٗ قَوْمُهٗ يُهْرَعُوْنَ اِلَيْهِۗ وَمِنْ قَبْلُ كَانُوْا يَعْمَلُوْنَ السَّيِّاٰتِۗ قَالَ يٰقَوْمِ هٰٓؤُلَاۤءِ بَنَاتِيْ هُنَّ اَطْهَرُ لَكُمْ فَاتَّقُوا اللّٰهَ وَلَا تُخْزُوْنِ فِيْ ضَيْفِيْۗ اَلَيْسَ مِنْكُمْ رَجُلٌ رَّشِيْدٌ٧٨
Wa jā'ahū qaumuhū yuhra‘ūna ilaih(i), wa min qablu kānū ya‘malūnas-sayyi'āt(i), qāla yā qaumi hā'ulā'i banātī hunna aṭharu lakum fattaqullāha wa lā tukhzūni fī ḍaifī, alaisa minkum rajulur rasyīd(un).
[78] Lan kaume nekani (Luth) ambi kesusu-susu. Lan sakat bengen wong iku ngelakoni penggawean-pengawean hang olo . Luth ngomong: “He kaum isun, ikilah putri-putri (negeri) isun, putri- putri iki lebih suci kanggo ira, mongko wedi’o nang Alloh lan ojo sira gawe wirang (aran) isun nang tamu isun iki. Seng onotah nyang antarane ira wong hang berakal.”

قَالُوْا لَقَدْ عَلِمْتَ مَا لَنَا فِيْ بَنٰتِكَ مِنْ حَقٍّۚ وَاِنَّكَ لَتَعْلَمُ مَا نُرِيْدُ٧٩
Qālū laqad ‘alimta mā lanā fī banātika min ḥaqq(in), wa innaka lata‘lamu mā nurīd(u).
[79] Wong iku (kaume Luth) jawab: “saktemene sira wes weruh kadung isun seng duweni keinginan nang putri putri ira; lan saktemene sira tentu meruhi paran hang sebenere isun karepaken.

قَالَ لَوْ اَنَّ لِيْ بِكُمْ قُوَّةً اَوْ اٰوِيْٓ اِلٰى رُكْنٍ شَدِيْدٍ٨٠
Qāla lau anna lī bikum quwwatan au āwī ilā ruknin syadīd(in).
[80] Luth ngomong: “seumpomo isun ono nduweni kekuatan (kanggo nolak ira) utowo kadung isun biso berlindung nang keluarga hang kuat (tentu isun lakoni).

قَالُوْا يٰلُوْطُ اِنَّا رُسُلُ رَبِّكَ لَنْ يَّصِلُوْٓا اِلَيْكَ فَاَسْرِ بِاَهْلِكَ بِقِطْعٍ مِّنَ الَّيْلِ وَلَا يَلْتَفِتْ مِنْكُمْ اَحَدٌ اِلَّا امْرَاَتَكَۗ اِنَّهٗ مُصِيْبُهَا مَآ اَصَابَهُمْ ۗاِنَّ مَوْعِدَهُمُ الصُّبْحُ ۗ اَلَيْسَ الصُّبْحُ بِقَرِيْبٍ٨١
Qālū yā lūṭu innā rusulu rabbika lay yaṣilū ilaika fa asri bi'ahlika biqiṭ‘im minal-laili wa lā yaltafit minkum aḥadun illamra'atak(a), innahū muṣībuhā mā aṣābahum, inna mau‘idahumuṣ-ṣubḥ(u), alaisaṣ-ṣubḥu biqarīb(in).
[81] Poro utusan (Malaikat) ngomong: “He Luth, saktemene isun yaiku utusan-utusan pengeran ira, pisan-pisan wong iku seng arep oleh ganggu sira, sebab iku nyingkrih’o ambi nggowo keluarga lan pengikut-pengikut sira nyang akhir bengi lan ojo ono uwong sewijipun nyang antarane sira hang ketinggalan, kejobo rabinira. Saktemene yane arep ditimpa bendu hang nimpa wong iku kerono saktemene saat mudune bendu nang wong iku yaiku nyang wektu subuh; opo subuh iku wes parek?”.

فَلَمَّا جَاۤءَ اَمْرُنَا جَعَلْنَا عَالِيَهَا سَافِلَهَا وَاَمْطَرْنَا عَلَيْهَا حِجَارَةً مِّنْ سِجِّيْلٍ مَّنْضُوْدٍ٨٢
Falammā jā'a amrunā ja‘alnā ‘āliyahā sāfilahā wa amṭarnā ‘alaihā ḥijāratam min sijjīlim manḍūd(in).
[82] Mongko tetkolo teko bendu sira. Isun dadikaken negeri kaum Luth iku hang neng nduwur mengisor (isun walekaken), lan isun udani wong iku ambi watu teko tanah hang kobong ping kaping-kaping.

مُسَوَّمَةً عِنْدَ رَبِّكَۗ وَمَا هِيَ مِنَ الظّٰلِمِيْنَ بِبَعِيْدٍ ࣖ٨٣
Musawwamatan ‘inda rabbik(a) wa mā hiya minaẓ-ẓālimīna biba‘īd(in).
[83] Hang diweni tondo ambi pengeranira, lan siksoan iku seng adoh teko wong-wong hang kaningaya.

۞ وَاِلٰى مَدْيَنَ اَخَاهُمْ شُعَيْبًا ۗقَالَ يٰقَوْمِ اعْبُدُوا اللّٰهَ مَا لَكُمْ مِّنْ اِلٰهٍ غَيْرُهٗ ۗوَلَا تَنْقُصُوا الْمِكْيَالَ وَالْمِيْزَانَ اِنِّيْٓ اَرٰىكُمْ بِخَيْرٍ وَّاِنِّيْٓ اَخَافُ عَلَيْكُمْ عَذَابَ يَوْمٍ مُّحِيْطٍ٨٤
Wa ilā madyana akhāhum syu‘aibā(n), qāla yā qaumi‘budullāha mā lakum min ilāhin gairuh(ū), wa lā tanquṣul-mikyāla wal-mīzāna innī arākum bikhairiw wa innī akhāfu ‘alaikum ‘ażāba yaumim muḥīṭ(in).
[84] Lan nang (penduduk) Mad-yan (isun utus) dulur wong iku, Syu’aib. Yane ngomong: “He kaum isun, sembahen Alloh, pisan-pisan seng ono pengeran kanggo rika kejobo Yane (Alloh). Lan ojo sira kurangi takeran lan timbangan, saktemene isun ndeleng sira ambi keadaan hang apik (mampu) lan saktemene isun khawatir nang sira ambi bendu dina hang ngancuraken. (kiamat).”

وَيٰقَوْمِ اَوْفُوا الْمِكْيَالَ وَالْمِيْزَانَ بِالْقِسْطِ وَلَا تَبْخَسُوا النَّاسَ اَشْيَاۤءَهُمْ وَلَا تَعْثَوْا فِى الْاَرْضِ مُفْسِدِيْنَ٨٥
Wa yā qaumi auful-mikyāla wal-mīzāna bil-qisṭi wa lā tabkhasun-nāsa asy-yā'ahum wa lā ta‘ṡau fil-arḍi mufsidīn(a).
[85] Lan Syu’aib ngomong: “He kaum isun, cukupono takeran lan timbangan hang adil, lan ojo sira ngerugikaken menuso ambi hak-hak e wong iku, lan ojo sira gawe keelekan neng ndunyo ambi gawe kerusakan.”

بَقِيَّتُ اللّٰهِ خَيْرٌ لَّكُمْ اِنْ كُنْتُمْ مُّؤْمِنِيْنَ ەۚ وَمَآ اَنَا۠ عَلَيْكُمْ بِحَفِيْظٍ٨٦
Baqiyyatullāhi khairul lakum in kuntum mu'minīn(a), wa mā ana ‘alaikum biḥafīẓ(in).
[86] Sisa (keuntungan) teko Alloh yaiku luwih apik kanggo ira kapan sira wong- wong hang iman. Lan isun (Syu’aib) dudu’ uwong hang njogo nang awak ira.”

قَالُوْا يٰشُعَيْبُ اَصَلٰوتُكَ تَأْمُرُكَ اَنْ نَّتْرُكَ مَا يَعْبُدُ اٰبَاۤؤُنَآ اَوْ اَنْ نَّفْعَلَ فِيْٓ اَمْوَالِنَا مَا نَشٰۤؤُا ۗاِنَّكَ لَاَنْتَ الْحَلِيْمُ الرَّشِيْدُ٨٧
Qālū yā syu‘aibu aṣalātuka ta'muruka an natruka mā ya‘budu ābā'unā au an naf‘ala fī amwālinā mā nasyā'(u), innaka la'antal-ḥalīmur-rasyīd(u).
[87] Wong iku ngomong: “ He Syu’aib, opotah agomo ira hang ngongkon sira supoyo isun ninggalaken paran hang disembah ambi bapak-bapak isun utowo ngelarang isun nggawe paran hang isun karepaken perkoro dunyo isun. Saktemene sira yaiku wong-wong hang santun maneng berakal.

قَالَ يٰقَوْمِ اَرَءَيْتُمْ اِنْ كُنْتُ عَلٰى بَيِّنَةٍ مِّنْ رَّبِّيْ وَرَزَقَنِيْ مِنْهُ رِزْقًا حَسَنًا وَّمَآ اُرِيْدُ اَنْ اُخَالِفَكُمْ اِلٰى مَآ اَنْهٰىكُمْ عَنْهُ ۗاِنْ اُرِيْدُ اِلَّا الْاِصْلَاحَ مَا اسْتَطَعْتُۗ وَمَا تَوْفِيْقِيْٓ اِلَّا بِاللّٰهِ ۗعَلَيْهِ تَوَكَّلْتُ وَاِلَيْهِ اُنِيْبُ٨٨
Qāla yā qaumi ara'aitum in kuntu ‘alā bayyinatim mir rabbī wa razaqanī minhu rizqan ḥasanaw wa mā urīdu an ukhālifakum ila mā anhākum ‘anh(u), in urīdu illal-iṣlāḥa mastaṭa‘t(u), wa mā taufīqī illā billāh(i), ‘alaihi tawakkaltu wa ilaihi unīb(u).
[88] Syu’aib ngomong: “He kaum isun, kelendi pikiran ira kapan ono bukti nyoto teko pengeran isun lan di anugerahi isun teko Alloh rejeki hang apik (pantestah isun nyalahi perintahe)? Lan isun seng karep nyalahi sira (ambi ngerjakaken) paran hang isun larang. Isun seng bermaksud kejobo (nekakaken) mecikaken sak suwene isun magih sangggup. Lan seng ono taufik bagi isun kejobo ambi (pitulunge) Gusti Alloh. Mung nyang Alloh isun tawakkal, lan nyang Yane(Alloh)-lah isun balik.

وَيٰقَوْمِ لَا يَجْرِمَنَّكُمْ شِقَاقِيْٓ اَنْ يُّصِيْبَكُمْ مِّثْلُ مَآ اَصَابَ قَوْمَ نُوْحٍ اَوْ قَوْمَ هُوْدٍ اَوْ قَوْمَ صٰلِحٍ ۗوَمَا قَوْمُ لُوْطٍ مِّنْكُمْ بِبَعِيْدٍ٨٩
Wa yā qaumi lā yajrimannakum syiqāqī ay yuṣībakum miṡlu mā aṣāba qauma nūḥin au qauma hūdin au qauma ṣāliḥ(in), wa mā qaumu lūṭim minkum biba‘īd(in).
[89] He kaum isun, ojo sampek pertentangan antara isun (ambi sira) nyebabaken sira dadi elek, sehinggo sira ditibani bendu koyo hang nibani kaum Nuh utowo kaum Huud utowo kaum Shaleh, sedeng kaum Luth seng (pisan) adoh (panggone) teko sira.

وَاسْتَغْفِرُوْا رَبَّكُمْ ثُمَّ تُوْبُوْٓا اِلَيْهِ ۗاِنَّ رَبِّيْ رَحِيْمٌ وَّدُوْدٌ٩٠
Wastagfirū rabbakum ṡumma tūbū ilaih(i), inna rabbī raḥīmuw wadūd(un).
[90] Lan njaluko sepuro nang pengeran ira terus tobat’o nang pengeran ira mau, sakemene pengeran isun Maha asuh lan Maha asih.

قَالُوْا يٰشُعَيْبُ مَا نَفْقَهُ كَثِيْرًا مِّمَّا تَقُوْلُ وَاِنَّا لَنَرٰىكَ فِيْنَا ضَعِيْفًا ۗوَلَوْلَا رَهْطُكَ لَرَجَمْنٰكَ ۖوَمَآ اَنْتَ عَلَيْنَا بِعَزِيْزٍ٩١
Qālū yā syu‘aibu mā nafqahu kaṡīram mimmā taqūlu wa innā lanarāka fīnā ḍa‘īfā(n), wa lau lā rahṭuka larajamnāk(a), wa anta ‘alainā bi‘azīz(in).
[91] Wong iku ngomong: “He Syu’aib, isun sing akeh ngerti perkoro paran hang sira omongaken iku, lan saktemene isun bener-bener ndeleng sira uwong hang lempe nyang antarane isun; kadung seng kerono keluarga ira pastine isun wes ngerajam sira, sedeng sira dudu uwong hang wibawa neng sanding isun.

قَالَ يٰقَوْمِ اَرَهْطِيْٓ اَعَزُّ عَلَيْكُمْ مِّنَ اللّٰهِ ۗوَاتَّخَذْتُمُوْهُ وَرَاۤءَكُمْ ظِهْرِيًّا ۗاِنَّ رَبِّيْ بِمَا تَعْمَلُوْنَ مُحِيْطٌ٩٢
Qāla yā qaumi arahṭī a‘azzu ‘alaikum minallāh(i), wattakhażtumūhu warā'akum ẓihriyyā(n), inna rabbī bimā ta‘malūna muḥīṭ(un).
[92] Syu’aib jawab: “ He kaum isun, opotah keluarga isun lebih terhormat nurut pandangan sira ketimbang Alloh, sedeng Alloh sira dadekaken suwiji hang kebuang neng mburine sira? Saktemene (kaweruhan) pengeran isun ngelibengi paran hang sira gawe.”

وَيٰقَوْمِ اعْمَلُوْا عَلٰى مَكَانَتِكُمْ اِنِّيْ عَامِلٌ ۗسَوْفَ تَعْلَمُوْنَۙ مَنْ يَّأْتِيْهِ عَذَابٌ يُّخْزِيْهِ وَمَنْ هُوَ كَاذِبٌۗ وَارْتَقِبُوْٓا اِنِّيْ مَعَكُمْ رَقِيْبٌ٩٣
Wa yā qaumi‘malū ‘alā makānatikum innī ‘āmil(un), saufa ta‘lamūn(a), may ya'tīhi ‘ażābuy yukhzīhi wa man huwa kāżib(un), wartaqibū innī ma‘akum raqīb(un).
[93] Lan (yane ngomong): “He kaum isun, nggaweo nurut kemampuan ira, saktemene isun nggawe (pisan). Engko sira arep ngeweruhi sopo hang arep ditibani bendu hang hina lan sopo hang dusta. Lan entenono bendu (teko Pengeran), saktemene isun nunggoni bareng sira.”

وَلَمَّا جَاۤءَ اَمْرُنَا نَجَّيْنَا شُعَيْبًا وَّالَّذِيْنَ اٰمَنُوْا مَعَهٗ بِرَحْمَةٍ مِّنَّاۚ وَاَخَذَتِ الَّذِيْنَ ظَلَمُوا الصَّيْحَةُ فَاَصْبَحُوْا فِيْ دِيَارِهِمْ جٰثِمِيْنَۙ٩٤
Wa lammā jā'a amrunā najjainā syu‘aibaw wal-lażīna amanū ma‘ahū biraḥmatim minnā, wa akhażatil-lażīna ẓalamuṣ-ṣaiḥatu fa aṣbaḥū fī diyārihim jāṡimīn(a).
[94] Lan tetkolo teko perintah Isun (Alloh), Isun (Alloh) selamataken Syu’aib lan wong-wong hang iman bareng-bareng ambi yane rahmat teko isun, lan wong-wong hang kaningaya diancuraken ambi siji suoro hang anter (gludhug), terus dadio wong iku mati gelimpangan nang umahe.

كَاَنْ لَّمْ يَغْنَوْا فِيْهَا ۗ اَلَا بُعْدًا لِّمَدْيَنَ كَمَا بَعِدَتْ ثَمُوْدُ ࣖ٩٥
Ka allam yagnau fīhā, alā bu‘dal limadyana kamā ba‘idat ṡamūd(u).
[95] Koyo-koyo o wong iku durung tau meneng nyang panggonan iku. Engeto, keludesan kanggo penduduk Mad-yan koyo dene ludese kaum Tsamud.

وَلَقَدْ اَرْسَلْنَا مُوْسٰى بِاٰيٰتِنَا وَسُلْطٰنٍ مُّبِيْنٍۙ٩٦
Wa laqad arsalnā mūsā bi'āyātinā wa sulṭānim mubīn(in).
[96] Lan saktemene isun wes ngutus Musa ambi tondo-tondo (kuasa) Isun lan mukjizat hang nyoto.

اِلٰى فِرْعَوْنَ وَمَلَا۟ىِٕهٖ فَاتَّبَعُوْٓا اَمْرَ فِرْعَوْنَ ۚوَمَآ اَمْرُ فِرْعَوْنَ بِرَشِيْدٍ٩٧
Ilā fir‘auna wa mala'ihī fattaba‘ū amra fir‘aun(a), wa mā amru fir‘auna birasyīd(in).
[97] Nang Fir’aun lan pemimpin-pemipin kaume, taping wong iku tetep ngelakoni perintahe Fir’aun. Padahal perintah Fir’aun pisan-pisan dudu (perintah) hang bener.

يَقْدُمُ قَوْمَهٗ يَوْمَ الْقِيٰمَةِ فَاَوْرَدَهُمُ النَّارَ ۗوَبِئْسَ الْوِرْدُ الْمَوْرُوْدُ٩٨
Yaqdumu qaumahū yaumal-qiyāmati fa auradahumun-nār(a), wa bi'sal-wirdul-maurūd(u).
[98] Yane (Fir’aun) melaku neng kaume neng dina kiamat terus ngelebokaken wong iku nang neraka. Neraka iku sak elek-elek’e panggonan hang ditekani.

وَاُتْبِعُوْا فِيْ هٰذِهٖ لَعْنَةً وَّيَوْمَ الْقِيٰمَةِۗ بِئْسَ الرِّفْدُ الْمَرْفُوْدُ٩٩
Wa utbi‘ū fī hāżihī la‘nataw wa yaumal-qiyāmah(ti), bi'sar-rifdul-marfūd(u).
[99] Lan wong iku mesti dipiloni ambi kutukan neng dunyo iki, lan (gedhiku pisan) neng dina kiamat. Laknat iku sak elek-elek’e uweh-uwehan hang diwekaken.

ذٰلِكَ مِنْ اَنْۢبَاۤءِ الْقُرٰى نَقُصُّهٗ عَلَيْكَ مِنْهَا قَاۤىِٕمٌ وَّحَصِيْدٌ١٠٠
Żālika min ambā'il-qurā naquṣṣuhū ‘alaika minhā qā'imuw wa ḥaṣīd(un).
[100] Yaiku sebagian teko berita-berita negeri (hang wes diludesaken) hang Isun ceritakaken nang sira (Muhammad); neng antara negeri-negeri iku ono hang mageh ono bekas-bekase lan ono (pisan) hang wes ancur.

وَمَا ظَلَمْنٰهُمْ وَلٰكِنْ ظَلَمُوْٓا اَنْفُسَهُمْ فَمَآ اَغْنَتْ عَنْهُمْ اٰلِهَتُهُمُ الَّتِيْ يَدْعُوْنَ مِنْ دُوْنِ اللّٰهِ مِنْ شَيْءٍ لَّمَّا جَاۤءَ اَمْرُ رَبِّكَۗ وَمَا زَادُوْهُمْ غَيْرَ تَتْبِيْبٍ١٠١
Wa mā ẓalamnāhum wa lākin ẓalamū anfusahum famā agnat ‘anhum ālihatuhumul-latī yad‘ūna min dūnillāhi min syai'il lammā jā'a amru rabbik(a), wa mā zādūhum gaira tatbīb(in).
[101] Lan Isun (Alloh) seng kaningaya wong-wong iku, tapi wong-wong ikulah hang ngkaningaya awake dhewek, kerono iku seng manfaat sithik o nang wong iku sembahan-sembahan hang wong iku kongkon kejobo Alloh, neng wektu bendu pengeran ira teko. Lan sembahan-sembahan iku seng nambah nyang wong iku kejobo keancuran beloko.

وَكَذٰلِكَ اَخْذُ رَبِّكَ اِذَآ اَخَذَ الْقُرٰى وَهِيَ ظَالِمَةٌ ۗاِنَّ اَخْذَهٗٓ اَلِيْمٌ شَدِيْدٌ١٠٢
Wa każālika akhżu rabbika iżā akhażal-qurā wa hiya ẓālimah(tun), inna akhżahū alīmun syadīd(un).
[102] Lan gedhigulah bendu pengeran sira, kapan Yane ngebendu penduduk negeri-negeri hang nggawe kaningaya. Saktemene bendu-Ne(Alloh) iku perih lan banget.

اِنَّ فِيْ ذٰلِكَ لَاٰيَةً لِّمَنْ خَافَ عَذَابَ الْاٰخِرَةِ ۗذٰلِكَ يَوْمٌ مَّجْمُوْعٌۙ لَّهُ النَّاسُ وَذٰلِكَ يَوْمٌ مَّشْهُوْدٌ١٠٣
Inna fī żālika la'āyatal liman khāfa ‘ażābal-ākhirah(ti), żālika yaumum majmū‘(un), lahun-nāsu wa żālika yaumum masyhūd(un).
[103] Saktemene nyang hang gedhigu iku bener-bener ono pelajaran kanggo wong-wong hang wedhi nang bendu akhirat. Dina kiamat yaiku suwiji dina hang kabeh menuso dikumpulaken kanggo (ngadapi)ne, ikulah suwiji dina hang disakseni (ambi kabeh makhluk).

وَمَا نُؤَخِّرُهٗٓ اِلَّا لِاَجَلٍ مَّعْدُوْدٍۗ١٠٤
Wa mā nu'akhkhiruhū illā li'ajalim ma‘dūd(in).
[104] Lan Isun seng ngunduraken, kejobo sampe wektu hang wes pasti.

يَوْمَ يَأْتِ لَا تَكَلَّمُ نَفْسٌ اِلَّا بِاِذْنِهٖۚ فَمِنْهُمْ شَقِيٌّ وَّسَعِيْدٌ١٠٥
Yauma ya'ti lā takallamu nafsun illā bi'iżnih(ī), fa minhum syaqiyyuw wa sa‘īd(un).
[105] Tetkolo teko dina iku (kiamat), seng ono makhluk hang ngomong, kejobo ambi ijin-Ne(Alloh); mongko neng antara wong iku ono hang ciloko lan ono hang seneng.

فَاَمَّا الَّذِيْنَ شَقُوْا فَفِى النَّارِ لَهُمْ فِيْهَا زَفِيْرٌ وَّشَهِيْقٌۙ١٠٦
Fa ammal-lażīna syaqū fa fin-nāri lahum fīhā zafīruw wa syahīq(un).
[106] Anapun wong-wong hang ciloko, mongko (panggone) nyang njero neraka, nyang njerone wong iku ngetokaken lan narik nafas (ambi ngerintih).

خٰلِدِيْنَ فِيْهَا مَا دَامَتِ السَّمٰوٰتُ وَالْاَرْضُ اِلَّا مَا شَاۤءَ رَبُّكَۗ اِنَّ رَبَّكَ فَعَّالٌ لِّمَا يُرِيْدُ١٠٧
Khālidīna fīhā mā dāmatis-samāwātu wal-arḍu illā mā syā'a rabbuk(a), inna rabbaka fa‘‘ālul limā yurīd(u).
[107] Wong iku lawas nyang njerone sak suwene ono langit lan bumi, kejobo kapan pengeran ira ngehendaki (hang liyo). Saktemene pengeran ira maha ngelaksanakaken ambi paran hang Yane kehendaki.

۞ وَاَمَّا الَّذِيْنَ سُعِدُوْا فَفِى الْجَنَّةِ خٰلِدِيْنَ فِيْهَا مَا دَامَتِ السَّمٰوٰتُ وَالْاَرْضُ اِلَّا مَا شَاۤءَ رَبُّكَۗ عَطَاۤءً غَيْرَ مَجْذُوْذٍ١٠٨
Wa ammal-lażīna su‘idū fa fil-jannati khālidīna fīhā mā dāmatis-samāwātu wal-arḍu illā mā syā'a rabbuk(a), ‘aṭā'an gaira majżūż(in).
[108] Anapun wong-wong hang seneng, mongko panggonane nyang njero surga wong iku lawas nyang njerone saksuwene langit lan bumi, kejobo kapan pengeran ira ngarepaken (hang liyo); dadi karunia hang seng ono putus-putuse.

فَلَا تَكُ فِيْ مِرْيَةٍ مِّمَّا يَعْبُدُ هٰٓؤُلَاۤءِ ۗمَا يَعْبُدُوْنَ اِلَّا كَمَا يَعْبُدُ اٰبَاۤؤُهُمْ مِّنْ قَبْلُ ۗوَاِنَّا لَمُوَفُّوْهُمْ نَصِيْبَهُمْ غَيْرَ مَنْقُوْصٍ ࣖ١٠٩
Falā taku fī miryatim mimmā ya‘budu hā'ulā'(i), mā ya‘budūna illā kamā ya‘budu ābā'uhum min qabl(u), wa innā lamuwaffūhum naṣībahum gaira manqūṣ(in).
[109] Mongko ojo sira ono neng njero kemang-mangan perkoro paran hang disembah ambi wong iku (kafir Mekkah). Wong iku nyembah kejobo koyo dene nenek moyange wong iku nyembah bengen. Lan saktemene Isun (Alloh) pasti arep nyempurnakaken ambi secukup-cukupe balesan, ambi seng bakal dikurangi.

وَلَقَدْ اٰتَيْنَا مُوْسَى الْكِتٰبَ فَاخْتُلِفَ فِيْهِ ۗوَلَوْلَا كَلِمَةٌ سَبَقَتْ مِنْ رَّبِّكَ لَقُضِيَ بَيْنَهُمْ ۗوَاِنَّهُمْ لَفِيْ شَكٍّ مِّنْهُ مُرِيْبٍ١١٠
Wa laqad ātainā mūsal-kitāba fakhtulifa fīh(i), wa lau lā kalimatun sabaqat mir rabbika laquḍiya bainahum, wa innahum lafī syakkim minhu murīb(in).
[110] Lan saktemene Isun wes nguweni kitab (Taurot) nang Musa, terus diperselisihaken perkoro kitab iku. Lan saumpomo seng ono ketetepan hang wes bengen teko pengeran sira, niscaya wes ditetepaken hukuman nyang antara wong iku. Lan saktemene wong iku (wong-wong kafir Mekkah) bener-bener ono ing njero kemang-mangan nang Al-Qur’an.

وَاِنَّ كُلًّا لَّمَّا لَيُوَفِّيَنَّهُمْ رَبُّكَ اَعْمَالَهُمْ ۗاِنَّهٗ بِمَا يَعْمَلُوْنَ خَبِيْرٌ١١١
Wa inna kullan lammā layuwaffiyannahum rabbuka a‘mālahum, innahū bimā ya‘malūna khabīr(un).
[111] Lan saktemene nang saben-saben (wong hang selisih iku) pasti Pengeran arep nguweni balesan kanti cukup, (balesan) nang penggaweane wong-wong iku. Saktemene Yane (Alloh) maha ngeweruhi paran hang wong-wong iku gawe.

فَاسْتَقِمْ كَمَآ اُمِرْتَ وَمَنْ تَابَ مَعَكَ وَلَا تَطْغَوْاۗ اِنَّهٗ بِمَا تَعْمَلُوْنَ بَصِيْرٌ١١٢
Fastaqim kamā umirta wa man tāba ma‘aka wa lā taṭgau, innahū bimā ta‘malūna baṣīr(un).
[112] Mongko tetepo sira neng dalan hang bener, koyo dene diperintahaken nang sira lan (ugo) wong hang wes tobat ambi sira lan ojo sira ngeliwati wates. Saktemene Yane (Alloh) Maha ngeweruhi paran hang sira gawe.

وَلَا تَرْكَنُوْٓا اِلَى الَّذِيْنَ ظَلَمُوْا فَتَمَسَّكُمُ النَّارُۙ وَمَا لَكُمْ مِّنْ دُوْنِ اللّٰهِ مِنْ اَوْلِيَاۤءَ ثُمَّ لَا تُنْصَرُوْنَ١١٣
Wa lā tarkanū ilal-lażīna ẓalamū fa tamassakumun-nār(u), wa mā lakum min dūnillāhi min auliyā'a ṡumma lā tunṣarūn(a).
[113] Lan ojo sira cenderung nang wong-wong hang kaningaya hang nyebabaken sira dicekel geni neraka, lan pisan-pisan sira seng nduweni uwong hang nulungi kejobo Alloh, terus sira seng arep diweni pitulung.

وَاَقِمِ الصَّلٰوةَ طَرَفَيِ النَّهَارِ وَزُلَفًا مِّنَ الَّيْلِ ۗاِنَّ الْحَسَنٰتِ يُذْهِبْنَ السَّيِّاٰتِۗ ذٰلِكَ ذِكْرٰى لِلذّٰكِرِيْنَ١١٤
Wa aqimiṣ-ṣalāta ṭarafayin-nahāri wa zulafam minal-lail(i), innal-ḥasanāti yużhibnas-sayyi'āt(i), żālika żikrā liż-żākirīn(a).
[114] Lan dhekno sembahyang nang keloro tepi rino (isuk lan peteng) lan nang sebagian kawitan bengi. Saktemene penggawean-penggawean iku hang apik, iku biso ngerijigi (duso) penggawean-penggawean hang elek. Ikulah peringatan kanggo wong-wong hang enget.

وَاصْبِرْ فَاِنَّ اللّٰهَ لَا يُضِيْعُ اَجْرَ الْمُحْسِنِيْنَ١١٥
Waṣbir fa innallāha lā yaḍī‘u ajral-muḥsinīn(a).
[115] Lan sabaro, kerono saktemene Alloh seng nyiak-nyiakaken ganjaran nang wong-wong hang gawe keapikan.

فَلَوْلَا كَانَ مِنَ الْقُرُوْنِ مِنْ قَبْلِكُمْ اُولُوْا بَقِيَّةٍ يَّنْهَوْنَ عَنِ الْفَسَادِ فِى الْاَرْضِ اِلَّا قَلِيْلًا مِّمَّنْ اَنْجَيْنَا مِنْهُمْ ۚوَاتَّبَعَ الَّذِيْنَ ظَلَمُوْا مَآ اُتْرِفُوْا فِيْهِ وَكَانُوْا مُجْرِمِيْنَ١١٦
Fa lau lā kāna minal-qurūni min qablikum ulū baqiyyatiy yanhauna ‘anil-fasādi fil-arḍi illā qalīlam mimman anjainā minhum, wattaba‘al-lażīna ẓalamū mā utrifū fīhi wa kānū mujrimīn(a).
[116] Mongko apuwo seng ono teko umat-umat hang sedurunge sira wong-wong hang duweni keutamaan hang ngelarang ketimbang (ngerjakaken) kerusakan nyang nduwure bumi, kejobo sebagian cilik nyang antara wong-wong hang wes Isun selametaken nyang antarane wong iku, lan wong-wong hang kaningaya mung mentingaken kenikmatan hang mewah hang ono nyang wong iku, lan wong iku golongan wong-wong hang duso.

وَمَا كَانَ رَبُّكَ لِيُهْلِكَ الْقُرٰى بِظُلْمٍ وَّاَهْلُهَا مُصْلِحُوْنَ١١٧
Wa mā kāna rabbuka liyuhlikal-qurā biẓulmiw wa ahluhā muṣliḥūn(a).
[117] Lan pengeran ira pisan-pisan seng arep ngeludesaken negeri-negeri secoro kaningaya, sedeng penduduke wong-wong hang gawe keapikan.

وَلَوْ شَاۤءَ رَبُّكَ لَجَعَلَ النَّاسَ اُمَّةً وَّاحِدَةً وَّلَا يَزَالُوْنَ مُخْتَلِفِيْنَۙ١١٨
Wa lau syā'a rabbuka laja‘alan-nāsa ummataw wāḥidataw wa lā yazālūna mukhtalifīn(a).
[118] Kadung pengeran ira ngarepaken, tentu Yane(Alloh ) ndadekaken menuso umat hang siji, taping wong iku mari-mari ulihe selisih paham.

اِلَّا مَنْ رَّحِمَ رَبُّكَ ۗوَلِذٰلِكَ خَلَقَهُمْ ۗوَتَمَّتْ كَلِمَةُ رَبِّكَ لَاَمْلَـَٔنَّ جَهَنَّمَ مِنَ الْجِنَّةِ وَالنَّاسِ اَجْمَعِيْنَ١١٩
Illā mar raḥima rabbuk(a), wa liżālika khalaqahum, wa tammat kalimatu rabbika la'amla'anna jahannama minal-jinnati wan-nāsi ajma‘īn(a).
[119] Kejobo wong-wong hang diweni rahmat ambi pengeran. Lan koyo ikulah Alloh nyiptakaken wong iku, kalimat pengeran ira (keputusane) wes ditetepaken: saktemene Isun(Alloh) arep ngebeki neraka jahannam ambi jin lan menuso (hang durhaka kabeh).

وَكُلًّا نَّقُصُّ عَلَيْكَ مِنْ اَنْۢبَاۤءِ الرُّسُلِ مَا نُثَبِّتُ بِهٖ فُؤَادَكَ وَجَاۤءَكَ فِيْ هٰذِهِ الْحَقُّ وَمَوْعِظَةٌ وَّذِكْرٰى لِلْمُؤْمِنِيْنَ١٢٠
Wa kullan naquṣṣu ‘alaika min ambā'ir-rusuli mā nuṡabbitu bihī fu'ādaka wa jā'aka fī hāżihil-ḥaqqu wa mau‘iẓatuw wa żikrā lil-mu'minīn(a).
[120] Lan kabeh cerito iku teko rasul-rasul Isun (Alloh) ceritakaken nang sira (Muhammad), yaiku kisah-kisah hang ambi kisah iku Isun kuataken atinira; lan jero cerito iku wes teko nang sira kebeneran ambi pelajaran lan peringatan kanggo wong-wong hang iman.

وَقُلْ لِّلَّذِيْنَ لَا يُؤْمِنُوْنَ اعْمَلُوْا عَلٰى مَكَانَتِكُمْۗ اِنَّا عٰمِلُوْنَۙ١٢١
Wa qul lil-lażīna lā yu'minūna‘malū ‘alā makānatikum, innā ‘āmilūn(a).
[121] Lan omongno marang wong-wong hang heng iman: “lakonono nurut kemampuan ira; saktemene Isun (Alloh) yo ngelakoni (pisan).

وَانْتَظِرُوْاۚ اِنَّا مُنْتَظِرُوْنَ١٢٢
Wantaẓirū innā muntaẓirūn(a).
[122] Lan antenono (akibat penggwean ira); saktemene isun ugo nganteni (pisan).”

وَلِلّٰهِ غَيْبُ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِ وَاِلَيْهِ يُرْجَعُ الْاَمْرُ كُلُّهٗ فَاعْبُدْهُ وَتَوَكَّلْ عَلَيْهِۗ وَمَا رَبُّكَ بِغَافِلٍ عَمَّا تَعْمَلُوْنَ ࣖ١٢٣
Wa lillāhi gaibus-samāwāti wal-arḍi wa ilaihi yurja‘ul-amru kulluhū fa‘budhu wa tawakkal ‘alaih(i), wa mā rabbuka bigāfilin ‘ammā ta‘malūn(a).
[123] Lan keduwe Alloh-lah paran hang ghaib neng langit lang neng bumi lan nang Yane(Alloh)-lah dibalekaken urusan-urusan kabeh iku, mongko sembahen Yane (Alloh), lan pisan-pisan pengeran ira seng lali teko paran hang sira gawe.