Surah Al-Humazah

Daftar Surah

بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
وَيْلٌ لِّكُلِّ هُمَزَةٍ لُّمَزَةٍۙ١
Wailul likulli humazatil-lumazah(tin).
[1] Cilaka kanggo wong hang tukang nyacat lan ngelokaken (Nabi Muhammad).

ۨالَّذِيْ جَمَعَ مَالًا وَّعَدَّدَهٗۙ٢
Allażī jama‘a mālaw wa ‘addadah(ū).
[2] Hang tukang nglumpukaken picis lan ngitung-ngitung picise. 918
918) Maksude ngumpulaken lan ngitung-ngitung picis sampek yane dadi melid lan heng gelem belanjakaken nang dalane Gusti Alloh Swt.

يَحْسَبُ اَنَّ مَالَهٗٓ اَخْلَدَهٗۚ٣
Yaḥsabu anna mālahū akhladah(ū).
[3] Yane ngiro kapan picise mau bisa nglanggengaken awake.

كَلَّا لَيُنْۢبَذَنَّ فِى الْحُطَمَةِۖ٤
Kallā layumbażanna fil-ḥuṭamah(ti).
[4] Temenan using, wong mau arep dioncalaken nang neroko Huthomah.

وَمَآ اَدْرٰىكَ مَا الْحُطَمَةُ ۗ٥
Wa mā adrāka mal-ḥuṭamah(tu).
[5] Opo sira weruh, paran hang aran Huthomah iku?

نَارُ اللّٰهِ الْمُوْقَدَةُۙ٦
Nārullāhil-mūqadah(tu).
[6] (Yaiku) geni (hang disiapaken) Gusti Alloh hang diumubaken.

الَّتِيْ تَطَّلِعُ عَلَى الْاَفْـِٕدَةِۗ٧
Allatī taṭṭali‘u ‘alal-af'idah(ti).
[7] Hang (ngobong) sampek nang ati.

اِنَّهَا عَلَيْهِمْ مُّؤْصَدَةٌۙ٨
Innahā ‘alaihim mu'ṣadah(tun).
[8] Saktemene neroko Huthomah iku ditutup rapet kanggo wong-wong iku.

فِيْ عَمَدٍ مُّمَدَّدَةٍ ࣖ٩
Fī ‘amadim mumaddadah(tin).
[9] Lan (wong-wong mau) ditaleni nangsokosoko hang dowo.