Surah Al-Bayyinah
Daftar Surah
0:00
0:00
بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
لَمْ يَكُنِ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا مِنْ اَهْلِ الْكِتٰبِ وَالْمُشْرِكِيْنَ مُنْفَكِّيْنَ حَتّٰى تَأْتِيَهُمُ الْبَيِّنَةُۙ١
Lam yakunil-lażīna kafarū min ahlil-kitābi wal-musyrikīna munfakkīna ḥattā ta'tiyahumul-bayyinah(tu).
[1]
Wong-wong sing mbangkang (kapir) sekang golongan Ahli Kitab lan wong-wong sing musrik (nyekuthokna Gusti Allah) ora bakal ninggalna (agamané dhéwéké) nganti tekané bukti sing nyata maring dhéwéké,
رَسُوْلٌ مِّنَ اللّٰهِ يَتْلُوْا صُحُفًا مُّطَهَّرَةًۙ٢
Rasūlum minallāhi yatlū ṣuḥufam muṭahharah(tan).
[2]
(yakuwé) sewijiné utusan sekang Gusti Allah (Muhammad) sing macakna lembaran-lembaran sing suci (Al-Qur’an),
فِيْهَا كُتُبٌ قَيِّمَةٌ ۗ٣
Fīhā kutubun qayyimah(tun).
[3]
neng njeroné kitab kuwé ana (isi) kitab-kitab sing jejeg (bener). 919
919) Isiné kitab-kita sing déparingna maring para nabi kayadéné Taurat, Zabur, lan Injil sing asli.
وَمَا تَفَرَّقَ الَّذِيْنَ اُوْتُوا الْكِتٰبَ اِلَّا مِنْۢ بَعْدِ مَا جَاۤءَتْهُمُ الْبَيِّنَةُ ۗ٤
Wa mā tafarraqal-lażīna ūtul-kitāba illā mim ba‘di mā jā'athumul-bayyinah(tu).
[4]
Lan ora padha crah wong-wong Ahli Kitab kejaba sewisé tekan maring dhéwéké bukti sing nyata.
وَمَآ اُمِرُوْٓا اِلَّا لِيَعْبُدُوا اللّٰهَ مُخْلِصِيْنَ لَهُ الدِّيْنَ ەۙ حُنَفَاۤءَ وَيُقِيْمُوا الصَّلٰوةَ وَيُؤْتُوا الزَّكٰوةَ وَذٰلِكَ دِيْنُ الْقَيِّمَةِۗ٥
Wa mā umirū illā liya‘budullāha mukhliṣīna lahud-dīn(a), ḥunafā'a wa yuqīmuṣ-ṣalāta wa yu'tuz-zakāta wa żālika dīnul-qayyimah(ti).
[5]
Mangkané dhéwéké padha mung dédhawuhi supaya nyembah maring Gusti Allah, kanthi tulus manut maring Penjenengané, mligi merga (nglakoni) agama, lan uga supaya nglakoni sembayang lan mbayar jakat, lan sing mengkana kuwé mau agama sing jejeg (bener). 920
920) Jejeg tegesé adoh sekang laku mango-tingal (syirik) lan adoh sekang sasar.
اِنَّ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا مِنْ اَهْلِ الْكِتٰبِ وَالْمُشْرِكِيْنَ فِيْ نَارِ جَهَنَّمَ خٰلِدِيْنَ فِيْهَاۗ اُولٰۤىِٕكَ هُمْ شَرُّ الْبَرِيَّةِۗ٦
Innal-lażīna kafarū min ahlil-kitābi wal-musyrikīna fī nāri jahannama khālidīna fīhā, ulā'ika hum syarrul-bariyyah(ti).
[6]
Temen, wong-wong sing kapir sekang golongan Ahli Kitab lan wong-wong musrik (bakal mlebu) maring neraka Jahanam; dhéwéké padha langgeng neng njeroné selawasé. Dhéwéké dadi seala-alané titah.
اِنَّ الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَعَمِلُوا الصّٰلِحٰتِ اُولٰۤىِٕكَ هُمْ خَيْرُ الْبَرِيَّةِۗ٧
Innal-lażīna āmanū wa ‘amiluṣ-ṣāliḥāti ulā'ika hum khairul-bariyyah(ti).
[7]
Temen, wong-wong sing precaya lan nglakoni kebecikan, dhéwéké kuwé dadi sebagus-bagusé titah.
جَزَاۤؤُهُمْ عِنْدَ رَبِّهِمْ جَنّٰتُ عَدْنٍ تَجْرِيْ مِنْ تَحْتِهَا الْاَنْهٰرُ خٰلِدِيْنَ فِيْهَآ اَبَدًا ۗرَضِيَ اللّٰهُ عَنْهُمْ وَرَضُوْا عَنْهُ ۗ ذٰلِكَ لِمَنْ خَشِيَ رَبَّهٗ ࣖ٨
Jazā'uhum ‘inda rabbihim jannātu ‘adnin tajrī min taḥtihal-anhāru khālidīna fīhā abadā(n), raḍiyallāhu ‘anhum wa raḍū ‘anh(u), żālika liman khasyiya rabbah(ū).
[8]
Piwales nggo dhéwéké kabéh neng sisihé Pengérané dhéwéké rupa suwarga ‘Adn sing neng ngisoré mili bengawan-bengawan; dhéwéké padha langgeng neng jeroné selawasé. Gusti Allah karenan maring dhéwéké lan dhéwéké suka-lila karo Penjenengané. Sing mengkana kuwé rupa (piwales) tumrap wong sing wedi maring Pengérané.