Surah Al-`Alaq
Daftar Surah
0:00
0:00
بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
اِقْرَأْ بِاسْمِ رَبِّكَ الَّذِيْ خَلَقَۚ١
Iqra' bismi rabbikal-lażī khalaq(a).
[1]
Wacanen kanthi (nyebut) asmané Pengéranmu sing nyiptakna,
خَلَقَ الْاِنْسَانَ مِنْ عَلَقٍۚ٢
Khalaqal-insāna min ‘alaq(in).
[2]
Penjenengané wis nyipta menungsa sekang getih seblindhi.
اِقْرَأْ وَرَبُّكَ الْاَكْرَمُۙ٣
Iqra' wa rabbukal-akram(u).
[3]
Wacanen, lan mung Pengéranmu Sing Mahamulya.
الَّذِيْ عَلَّمَ بِالْقَلَمِۙ٤
Allażī ‘allama bil-qalam(i).
[4]
Sing mulang (menungsa) nganggo pén.
عَلَّمَ الْاِنْسَانَ مَا لَمْ يَعْلَمْۗ٥
‘Allamal-insāna mā lam ya‘lam.
[5]
Penjenengané mulang menungsa apa sing ora déngerténi dhéwéké.
كَلَّآ اِنَّ الْاِنْسَانَ لَيَطْغٰىٓ ۙ٦
Kallā innal-insāna layaṭgā.
[6]
Babar-pisan ora kaya kuwé! Temen, menungsa kuwé nyata-nyata ngliwati wates,
اَنْ رَّاٰهُ اسْتَغْنٰىۗ٧
Ar ra'āhustagnā.
[7]
rikala dhéwéké ngrasa sarwa cukup.
اِنَّ اِلٰى رَبِّكَ الرُّجْعٰىۗ٨
Inna ilā rabbikar-ruj‘ā.
[8]
Temen, mung maring Pengéranmu panggonan bali(mu).
اَرَاَيْتَ الَّذِيْ يَنْهٰىۙ٩
Ara'aital-lażī yanhā.
[9]
Kepriwé penemumu ngenani wong sing menging?
عَبْدًا اِذَا صَلّٰىۗ١٠
‘Abdan iżā ṣallā.
[10]
sewijiné kewula sing lagi nglakoni sembayang, 917
917) Sing menging kuwé Abu Jahal lan sing dépenging Rasulullah. Ning upaya kiyé ora kasil sebab Abu Jahal weruh ana sing gawé wedi. Sewisé Rasulullah rampung sembayang, kabar kuwé déaturna maring Penjenengané. Banjur Rasulullah ngendika, “Angger Abu Jahal nglakoni sing kaya kuwé, mesthi dhéwéké désirnakna déning malaékat.
اَرَاَيْتَ اِنْ كَانَ عَلَى الْهُدٰىٓۙ١١
Ara'aita in kāna ‘alal-hudā.
[11]
Kepriwé penemumu lamon dhéwéké (sing dépénging sembayang kuwé) ana neng sendhuwuré bebener (pituduh),
اَوْ اَمَرَ بِالتَّقْوٰىۗ١٢
Au amara bit-taqwā.
[12]
utawa dhéwéké akon supaya semarah (takwa maring Gusti Allah)?
اَرَاَيْتَ اِنْ كَذَّبَ وَتَوَلّٰىۗ١٣
Ara'aita in każżaba wa tawallā.
[13]
Kepriwé penemumu lamon dhéwéké (sing menging) kuwé nggorohna lan mléngos?
اَلَمْ يَعْلَمْ بِاَنَّ اللّٰهَ يَرٰىۗ١٤
Alam ya‘lam bi'annallāha yarā.
[14]
Mbok ya dhéwéké ngerti lamon setemené Gusti Allah priksa (sekabéhé penggawéané)?
كَلَّا لَىِٕنْ لَّمْ يَنْتَهِ ەۙ لَنَسْفَعًاۢ بِالنَّاصِيَةِۙ١٥
Kallā la'il lam yantah(i), lanasfa‘am bin-nāṣiyah(ti).
[15]
Babar pisan ora kaya kuwé! Temen, lamon dhéwéké ora lérén (nglakoni kaya kuwé) mesthi Ingsun pantheng mbun-mbunané (maring njero neraka),
نَاصِيَةٍ كَاذِبَةٍ خَاطِئَةٍۚ١٦
Nāṣiyatin kāżibatin khāṭi'ah(tin).
[16]
(yakuwé) mbun-mbunané wong sing nggorohna lan duraka.
فَلْيَدْعُ نَادِيَهٗۙ١٧
Falyad‘u nādiyah(ū).
[17]
Mangka jorna baé dhéwéké ngundang balané (nggo nulungi dhéwéké),
سَنَدْعُ الزَّبَانِيَةَۙ١٨
Sanad‘uz-zabāniyah(ta).
[18]
mbésuk Ingsun bakal nyeluk Malaékat Zabaniyah (juru siksa wong-wong sing dosa),
كَلَّاۗ لَا تُطِعْهُ وَاسْجُدْ وَاقْتَرِبْ ۩ ࣖ١٩
Kallā, lā tuṭi‘hu wasjud waqtarib.
[19]
Babar pisan ora kaya kuwé! Aja pisan-pisan ko manut maring dhéwéké; lan padha sujuda sarta pérekna (awakmu maring Gusti Allah).