Surah At-Tin

Daftar Surah
0:00
0:00

بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
وَالتِّيْنِ وَالزَّيْتُوْنِۙ١
Wat-tīni waz-zaitūn(i).
[1] Sekawit (woh) Tin lan (woh) Zaitun, 915
915) Sing démaksud “Tin” neng seperangan ahli tapsir yakuwé panggonan Nabi Nuh a.s yakuwé Damaskus sing akéh wit Tin; lan “Zaitun” yakuwé Baitulmaqdis sing akéh wité zaitun.

وَطُوْرِ سِيْنِيْنَۙ٢
Wa ṭūri sīnīn(a).
[2] sekawit Gunung Sinai, 916
916) Gunung Sinai kuwé panggonané Nabi Musa nampa wahyu.

وَهٰذَا الْبَلَدِ الْاَمِيْنِۙ٣
Wa hāżal-baladil-amīn(i).
[3] lan sekawit negari (Mekah) sing aman kiyé.

لَقَدْ خَلَقْنَا الْاِنْسَانَ فِيْٓ اَحْسَنِ تَقْوِيْمٍۖ٤
Laqad khalaqnal-insāna fī aḥsani taqwīm(in).
[4] Temen, Ingsun wis nyiptakna menungsa kanthi rupa sing paling apik,

ثُمَّ رَدَدْنٰهُ اَسْفَلَ سٰفِلِيْنَۙ٥
Ṡumma radadnāhu asfala sāfilīn(a).
[5] banjur Ingsun balékna dhéwéké maring panggonan sing paling asor,

اِلَّا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَعَمِلُوا الصّٰلِحٰتِ فَلَهُمْ اَجْرٌ غَيْرُ مَمْنُوْنٍۗ٦
Illal-lażīna āmanū wa ‘amiluṣ-ṣāliḥāti falahum ajrun gairu mamnūn(in).
[6] kejaba wong-wong sing padha precaya lan nglakoni kebecikan, mangka dhéwéké bakal olih ganjaran sing ora nana pedhoté.

فَمَا يُكَذِّبُكَ بَعْدُ بِالدِّيْنِۗ٧
Famā yukażżibuka ba‘du bid-dīn(i).
[7] Mangka apa sing njalari (dhéwéké) padha nggorohna (ngenani) dina piwales sewisé (anané keterangan-keterangan) mau?

اَلَيْسَ اللّٰهُ بِاَحْكَمِ الْحٰكِمِيْنَ ࣖ٨
Alaisallāhu bi'aḥkamil-ḥākimīn(a).
[8] Mbok ya Gusti Allah hakim sing paling adil?