Surah Al-Insyirah
Daftar Surah
0:00
0:00
بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
اَلَمْ نَشْرَحْ لَكَ صَدْرَكَۙ١
Alam nasyraḥ laka ṣadrak(a).
[1]
Mbok ya Ingsun wis njembarna dhadhamu (Muhammad)?
وَوَضَعْنَا عَنْكَ وِزْرَكَۙ٢
Wa waḍa‘nā ‘anka wizrak(a).
[2]
lan Ingsun uga wis ngénthéngna renggan sekang sliramu, 912
912) Kesusahan-kesusahan sing dérengga déning Kanjeng Nabi Muhammad s.a.w, sejeroné mbutulna ajaran Islam.
الَّذِيْٓ اَنْقَضَ ظَهْرَكَۙ٣
Allażī anqaḍa ẓahrak(a).
[3]
sing ngebot-boti gigirmu,
وَرَفَعْنَا لَكَ ذِكْرَكَۗ٤
Wa rafa‘nā laka żikrak(a).
[4]
lan Ingsun wis ngluhurna sebutan (asma) mu 913 nggo sliramu.
913) Ngluhurna drajat lan melokna asmané bareng karo asma Gusti Allah neng kalimah sahadat, nganggep bekti maring Kanjeng Nabi dadi bekti maring Gusti Allah.
فَاِنَّ مَعَ الْعُسْرِ يُسْرًاۙ٥
Fa'inna ma‘al-‘usri yusrā(n).
[5]
Mangka setemené bareng karo (prekara) sing angél ana (prekara) sing gampang,
اِنَّ مَعَ الْعُسْرِ يُسْرًاۗ٦
Inna ma‘al-‘usri yusrā(n).
[6]
setemené bareng karo (prekara) sing angél ana (prekara) sing gampang.
فَاِذَا فَرَغْتَ فَانْصَبْۙ٧
Fa iżā faragta fanṣab.
[7]
Mangka rikala sliramu wis rampung (sekang sewijiné urusan), tetepa nyambut gawé sing sengkud (nggo urusan sing liya), 914
914) Seperangan ahli tapsir duwé penemu, angger sliramu (Muhammad) wis rampung nyebar agama, banjur ngibadaha maring Gusti Allah; angger sliramu wis rampung urusan dunya énggal tandangi urusan akhérat lan ana uga sing duwé penemu, “Angger wis rampung sembayang, gari padha ndonga.”
وَاِلٰى رَبِّكَ فَارْغَبْ ࣖ٨
Wa ilā rabbika fargab.
[8]
lan mung maring Pengéranmu sliramu ngarep-arep.