Surah Ad-Duha
Daftar Surah
0:00
0:00
بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
وَالضُّحٰىۙ١
Waḍ-ḍuḥā.
[1]
Sekawit wektu duha (rikala srengéngé munggah secengkal),
وَالَّيْلِ اِذَا سَجٰىۙ٢
Wal-laili iżā sajā.
[2]
lan sekawit wayah wengi rikala wis sepi,
مَا وَدَّعَكَ رَبُّكَ وَمَا قَلٰىۗ٣
Mā wadda‘aka rabbuka wa mā qalā.
[3]
Pengéranmu ora ninggalna sliramu (Muhammad) lan (uga) ora wadhéh maring sliramu, 909
909) Nalika temuruné wahyu maring Kanjeng Nabi Muhammad s.a.w, kandheg sewetara wektu wong-wong musrik padha ngucap, “Pengérané (Muhammad) wis ngedohi lan wadhéh maring dhéwéké.” Mulané temurun ayat kiyé nggo mbantah ucapané wong-wong musrik kuwé.
وَلَلْاٰخِرَةُ خَيْرٌ لَّكَ مِنَ الْاُوْلٰىۗ٤
Wa lal-ākhiratu khairul laka minal-ūlā.
[4]
temen, sing wekasan kuwé lewih apik tumrapmu tenimbang sing kawitan. 910
910) Pungkasan perjuangané Kanjeng Nabi Muhammad s.a.w, kuwé bakal nemoni kemenangan-kemenangan, lagi kawitané ngalami kangélan. Uga ana seperangan ahli tapsir duwé penemu, tembung akhérat tegesé “penguripan neng akhérat” sarta kabéh kenékmatané, lan uulaa détegesi “penguripan neng ngalam dunya”.
وَلَسَوْفَ يُعْطِيْكَ رَبُّكَ فَتَرْضٰىۗ٥
Wa lasaufa yu‘ṭīka rabbuka fa tarḍā.
[5]
Lan temen, mbésuk Pengéranmu mesthi paring kanugrahan-É maring sliramu, nganti sliramu krasa marem.
اَلَمْ يَجِدْكَ يَتِيْمًا فَاٰوٰىۖ٦
Alam yajidka yatīman fa āwā.
[6]
Mbok iya Penjenengané nemokna sliramu dadi bocah yatim, banjur Penjenengané ngayomi (sliramu),
وَوَجَدَكَ ضَاۤلًّا فَهَدٰىۖ٧
Wa wajadaka ḍāllan fa hadā.
[7]
lan Penjenengané nemokna sliramu dadi wong sing lagi bingung, 911 banjur Penjenengané paring pituduh,
911) Bingung goli nggayuh bener sing ora bisa dépekolih nganggo nalar. Banjur Gusti Allah nurunaken wahyu maring Kanjeng Nabi Muhammad s.a.w.
وَوَجَدَكَ عَاۤىِٕلًا فَاَغْنٰىۗ٨
Wa wajadaka ‘ā'ilan fa agnā.
[8]
lan Penjenengané nemokna sliramu dadi wong sing kekurangan, banjur Penjenengané paring kecukupan.
فَاَمَّا الْيَتِيْمَ فَلَا تَقْهَرْۗ٩
Fa ammal-yatīma falā taqhar.
[9]
Mangka maring bocah yatim aja pisan-pisan sliramu nganti temindak sewenang-wenang.
وَاَمَّا السَّاۤىِٕلَ فَلَا تَنْهَرْ١٠
Wa ammas-sā'ila falā tanhar.
[10]
Lan maring wong sing jaluk-jaluk aja pisan-pisan sliramu nggentak.
وَاَمَّا بِنِعْمَةِ رَبِّكَ فَحَدِّثْ ࣖ١١
Wa ammā bini‘mati rabbika fa ḥaddiṡ.
[11]
Lan maring nékmat (paringané) Pengéranmu, preyoga ko mertélakna (kanthi kesuwun).