Surah At-Taubah
Daftar Surah
0:00
0:00
بَرَاۤءَةٌ مِّنَ اللّٰهِ وَرَسُوْلِهٖٓ اِلَى الَّذِيْنَ عَاهَدْتُّمْ مِّنَ الْمُشْرِكِيْنَۗ١
Barā'atum minallāhi wa rasūlihī ilal-lażīna ‘āhattum minal-musyrikīn(a).
[1]
(Kiyé pertélan) pemedhot srawung sekang Gusti Allah lan Utusan-É maring wong-wong sing nyekuthokna (musrik) sing ko kabéh padha nganakna janjian (karo dhéwéké kabéh).
فَسِيْحُوْا فِى الْاَرْضِ اَرْبَعَةَ اَشْهُرٍ وَّاعْلَمُوْٓا اَنَّكُمْ غَيْرُ مُعْجِزِى اللّٰهِ ۙوَاَنَّ اللّٰهَ مُخْزِى الْكٰفِرِيْنَ٢
Fasīḥū fil-arḍi arba‘ata asyhuriw wa‘lamū annakum gairu mu‘jizillāh(i), wa anallāha mukhzil-kāfirīn(a).
[2]
Mangka mlakua ko kabéh (wong musrik) neng bumi patang wulan suwéné, lan ngertia lamon ko padha ora bisa gawé apesé Gusti Allah, lan setemené Gusti Allah gawé ina maring wong-wong sing mbangkang (kapir).
وَاَذَانٌ مِّنَ اللّٰهِ وَرَسُوْلِهٖٓ اِلَى النَّاسِ يَوْمَ الْحَجِّ الْاَكْبَرِ اَنَّ اللّٰهَ بَرِيْۤءٌ مِّنَ الْمُشْرِكِيْنَ ەۙ وَرَسُوْلُهٗ ۗفَاِنْ تُبْتُمْ فَهُوَ خَيْرٌ لَّكُمْۚ وَاِنْ تَوَلَّيْتُمْ فَاعْلَمُوْٓا اَنَّكُمْ غَيْرُ مُعْجِزِى اللّٰهِ ۗوَبَشِّرِ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا بِعَذَابٍ اَلِيْمٍۙ٣
Wa ażānum minallāhi wa rasūlihī ilan-nāsi yaumal-ḥajjil akbari annallāha barī'um minal-musyrikīn(a), wa rasūluh(ū), fa in tubtum fa huwa khairul lakum, wa in tawallaitum fa‘lamū annakum gairu mu‘jizillāh(i), wa basysyiril-lażīna kafarū bi‘ażābin alīm(in).
[3]
Lan sijiné wara-wara sekang Gusti Allah lan Utusan-É maring umat menungsa rikala haji akbar 369 , lamon setemené Gusti Allah lan Utusan-É ora cawé-cawé maring wong sing padha nyekuthokna (musrik). Banjur angger ko kabéh (wong musrik) padha tobat kuwé lewih apik tumrap ko kabéh; lan angger ko padha mléngos, ngertia lamon setemené ko kabéh ora bisa gawé apesé Gusti Allah. Lan awéha kabar maring wong-wong kapir (lamon dhéwéké kabéh bakal) olih siksa sing perih.
369) Sulaya pendapat para juru tapsir masalah haji akbar, ana sing ngomongna dina nahar, ana sing ngomongna dina ‘arofah. Sing démaksud haji akbar neng kéné ya kuwé kedadéan taun kaping-9 hijriyah.
اِلَّا الَّذِيْنَ عَاهَدْتُّمْ مِّنَ الْمُشْرِكِيْنَ ثُمَّ لَمْ يَنْقُصُوْكُمْ شَيْـًٔا وَّلَمْ يُظَاهِرُوْا عَلَيْكُمْ اَحَدًا فَاَتِمُّوْٓا اِلَيْهِمْ عَهْدَهُمْ اِلٰى مُدَّتِهِمْۗ اِنَّ اللّٰهَ يُحِبُّ الْمُتَّقِيْنَ٤
Illal-lażīna ‘āhattum minal-musyrikīna ṡumma lam yanquṣūkum syai'aw wa lam yuẓāhirū ‘alaikum aḥadan fa atimmū ilaihim ‘ahdahum ilā muddatihim, innallāha yuḥibbul-muttaqīn(a).
[4]
Kejaba wong-wong musrik sing nganakna janji karo ko kabéh lan dhéwéké ora padha nyuda (isiné janji) semendhing-mendhinga, lan dhéwéké ora padha ngréwangi sapa baé sing mungsuhi ko kabéh, mangka maring dhéwéké kabéh cukupna janjiné tekan wates wektuné. Temen, Gusti Allah dhemen maring wong-wong sing padha semarah (takwa).
فَاِذَا انْسَلَخَ الْاَشْهُرُ الْحُرُمُ فَاقْتُلُوا الْمُشْرِكِيْنَ حَيْثُ وَجَدْتُّمُوْهُمْ وَخُذُوْهُمْ وَاحْصُرُوْهُمْ وَاقْعُدُوْا لَهُمْ كُلَّ مَرْصَدٍۚ فَاِنْ تَابُوْا وَاَقَامُوا الصَّلٰوةَ وَاٰتَوُا الزَّكٰوةَ فَخَلُّوْا سَبِيْلَهُمْۗ اِنَّ اللّٰهَ غَفُوْرٌ رَّحِيْمٌ٥
Fa iżansalakhal-asyhurul-ḥurumu faqtulul-musyrikīna ḥaiṡu wajattumūhum wa khużūhum waḥṣurūhum waq‘udū lahum kulla marṣad(in), fa in tābū wa aqāmuṣ-ṣalāta wa ātawuz-zakāta fa khallū sabīlahum, innallāha gafūrur raḥīm(un).
[5]
Angger wis entong wulan-wulan haram 370 mangka perangia wong-wong sing nyeku-thokna (musrik) neng endi papan ko padha ketemu, cekelen, kubengi lan awasi neng panggonan nginggeng. Angger dhéwéké kabéh tobat lan ngleksanakna sembayang tur nglunasi jakat, mangka wéhna kebébasan maring dhéwéké kabéh. Temen, Gusti Allah Maha Ngampura, Mahaasih.
370) Sing démaksud wulan-wulan harom neng kéné kuwé mangsa pathang wulan sing déwéhna tempo maring wong-wong musrik kuwé, ya kuwé mulai 10 zulhijah (dina temuruné ayat kiyé), nganti 10 rabi’ul akhir.
وَاِنْ اَحَدٌ مِّنَ الْمُشْرِكِيْنَ اسْتَجَارَكَ فَاَجِرْهُ حَتّٰى يَسْمَعَ كَلٰمَ اللّٰهِ ثُمَّ اَبْلِغْهُ مَأْمَنَهٗ ۗذٰلِكَ بِاَنَّهُمْ قَوْمٌ لَّا يَعْلَمُوْنَ ࣖ٦
Wa in aḥadum minal-musyrikīnastajāraka fa ajirhu ḥattā yasma‘a kalāmallāhi ṡumma ablighu ma'manah(ū), żālika bi'annahum qaumul lā ya‘lamūn(a).
[6]
Lan angger antarané kaum sing nyekothokna (musrik) ana sing njaluk pengayoman maring ko, mangka ayomi supayané dhéwéké padha bisa ngrungokna dhawuhé Gusti Allah, banjur jujugna dhéwéké maring nggon sing aman tumrap dhéwéké. (Mengkana) kuwé merga setemené dhéwéké kabéh kaum sing ora mengerténi.
كَيْفَ يَكُوْنُ لِلْمُشْرِكِيْنَ عَهْدٌ عِنْدَ اللّٰهِ وَعِنْدَ رَسُوْلِهٖٓ اِلَّا الَّذِيْنَ عَاهَدْتُّمْ عِنْدَ الْمَسْجِدِ الْحَرَامِۚ فَمَا اسْتَقَامُوْا لَكُمْ فَاسْتَقِيْمُوْا لَهُمْ ۗاِنَّ اللّٰهَ يُحِبُّ الْمُتَّقِيْنَ٧
Kaifa yakūnu lil-musyrikīna ‘ahdun ‘indallāhi wa ‘inda rasūlihī illal-lażīna ‘āhattum ‘indal-masjidil-ḥarām(i), famastaqāmū lakum fastaqīmū lahum, innallāha yuḥibbul-muttaqīn(a).
[7]
Mokal ana janji neng sisihé Gusti Allah lan Utusan-É karo wong-wong sing nyekuthokna (musrik), kejaba karo wong-wong sing ko kabéh wis nganakna janji (karo dhéwéké) neng péreké Masjidilharam (Hudaibiyah), mangka sedawané dhéwéké padha temindak tulus maring ko kabéh, preyoga ko padha temindak tulus (uga) maring dhéwéké. Temen, Gusti Allah karenan maring wong-wong sing padha semarah (takwa).
كَيْفَ وَاِنْ يَّظْهَرُوْا عَلَيْكُمْ لَا يَرْقُبُوْا فِيْكُمْ اِلًّا وَّلَا ذِمَّةً ۗيُرْضُوْنَكُمْ بِاَفْوَاهِهِمْ وَتَأْبٰى قُلُوْبُهُمْۚ وَاَكْثَرُهُمْ فٰسِقُوْنَۚ٨
Kaifa wa iy yaẓharū ‘alaikum lā yarqubū fīkum illaw wa lā żimmah(tan), yurḍūnakum bi'afwāhihim wa ta'bā qulūbuhum, wa akṡaruhum fāsiqūn(a).
[8]
Mokal (ana janji kaya kuwé), mangkané angger dhéwéké menang ingatasé ko kabéh, dhéwéké ora padha nguri-uri srawung seduluran karo ko kabéh lan ora (uga nggatékna) janji. Dhéwéké nyeneng-nyenengna atimu kanthi cangkemé, ning atiné nampik, lan dhéwéké kabéh kuwé wong-wong sing pasék (ora netepi janji).
اِشْتَرَوْا بِاٰيٰتِ اللّٰهِ ثَمَنًا قَلِيْلًا فَصَدُّوْا عَنْ سَبِيْلِهٖۗ اِنَّهُمْ سَاۤءَ مَاكَانُوْا يَعْمَلُوْنَ٩
Isytarau bi'āyātillāhi ṡaman qalīlan fa ṣaddū ‘an sabīlih(ī), innahum sā'a mā kānū ya‘malūn(a).
[9]
Dhéwéké padha merdagangna ayat-ayat-É Gusti Allah kanthi rega sing murah, banjur dhéwéké padha ngalang-ngalangi (wong) sekang dalané Gusti Allah. Temen, banget alané apa sing dhéwéké padha pergawé.
لَا يَرْقُبُوْنَ فِيْ مُؤْمِنٍ اِلًّا وَّلَا ذِمَّةً ۗوَاُولٰۤىِٕكَ هُمُ الْمُعْتَدُوْنَ١٠
Lā yarqubūna fī mu'minin illaw wa lā żimmah(tan),ulā'ika humul-mu‘tadūn(a)
[10]
Dhéwéké padha ora njaga srawung peseduluran karo wong-wong sing precaya (mukmin) lan ora (nggatékna) janji, lan dhéwéké kabéh kuwé wong-wong sing padha ngliwati wates.
فَاِنْ تَابُوْا وَاَقَامُوا الصَّلٰوةَ وَاٰتَوُا الزَّكٰوةَ فَاِخْوَانُكُمْ فِى الدِّيْنِ ۗوَنُفَصِّلُ الْاٰيٰتِ لِقَوْمٍ يَّعْلَمُوْنَ١١
Fa in tābū wa aqāmuṣ-ṣalāta wa ātawuz-zakāta fa ikhwānukum fid-dīn(i), wa nufaṣṣīlul-āyāti liqaumiy ya‘lamūn(a).
[11]
Lan angger dhéwéké padha tobat, ngleksanakna sembayang lan nglunasi jakat, mangka (tegesé wong-wong kuwé) dadi sedulur-sedulurmu tunggal agama. Ingsun nerangna ayat-ayat kuwé nggo wong-wong sing padha mengerténi.
وَاِنْ نَّكَثُوْٓا اَيْمَانَهُمْ مِّنْۢ بَعْدِ عَهْدِهِمْ وَطَعَنُوْا فِيْ دِيْنِكُمْ فَقَاتِلُوْٓا اَىِٕمَّةَ الْكُفْرِۙ اِنَّهُمْ لَآ اَيْمَانَ لَهُمْ لَعَلَّهُمْ يَنْتَهُوْنَ١٢
Wa in nakaṡū aimānahum mim ba‘di ‘ahdihim wa ṭa‘anū fī dīnikum fa qātilū a'immatal-kufr(i), innahum lā aimāna lahum la‘allahum yantahūn(a).
[12]
Lan angger dhéwéké padha nglanggar sumpah sewisé ana janji lan ngala-ala agamamu, mangka perangia pemimpin-pemimpine wong mbangkang (kapir) kuwé, setemené dhéwéké kabéh kuwé wong-wong sing ora bisa déugemi janjiné, moga-moga dhéwéké padha lérén.
اَلَا تُقَاتِلُوْنَ قَوْمًا نَّكَثُوْٓا اَيْمَانَهُمْ وَهَمُّوْا بِاِخْرَاجِ الرَّسُوْلِ وَهُمْ بَدَءُوْكُمْ اَوَّلَ مَرَّةٍۗ اَتَخْشَوْنَهُمْ ۚفَاللّٰهُ اَحَقُّ اَنْ تَخْشَوْهُ اِنْ كُنْتُمْ مُّؤْمِنِيْنَ١٣
Alā tuqātilūna qauman nakaṡū aimānahum wa hammū bi'ikhrājir-rasūli wa hum bada'ūkum awwala marrah(tin), atakhsyaunahum, fallāhu aḥaqqu an takhsyauhu in kuntum mu'minīn(a).
[13]
Kenangapa ko ora padha merangi wong-wong sing nglanggar sumpah (janjiné), lan wis ngréka daya nggo ngurak Utusan, lan dhéwéké sing padha ngawiti merangi ko kabéh? Apa ko padha wedi maring dhéwéké kabéh, mangkané Gusti Allah sing lewih kagungan hak nggo déwedeni déning ko kabéh, angger ko wong-wong sing padha precaya.
قَاتِلُوْهُمْ يُعَذِّبْهُمُ اللّٰهُ بِاَيْدِيْكُمْ وَيُخْزِهِمْ وَيَنْصُرْكُمْ عَلَيْهِمْ وَيَشْفِ صُدُوْرَ قَوْمٍ مُّؤْمِنِيْنَۙ١٤
Qātilūhum yu‘ażżibhumullāhu bi'aidīkum wa yukhzihim wa yanṣurkum ‘alaihim wa yasyfi ṣudūra qaumim mu'minīn(a).
[14]
Perangia dhéwéké kabéh, mesthi Gusti Allah bakal nyiksa dhéwéké kabéh kanthi (lantaran) tanganmu, lan Penjenengané bakal ngina maring dhéwéké kabéh, lan nulungi ko (kanthi menang) ingatasé dhéwéké kabéh, lan nglegakna atiné wong-wong sing padha precaya,
وَيُذْهِبْ غَيْظَ قُلُوْبِهِمْۗ وَيَتُوْبُ اللّٰهُ عَلٰى مَنْ يَّشَاۤءُۗ وَاللّٰهُ عَلِيْمٌ حَكِيْمٌ١٥
Wa yużhib gaiẓa qulūbihim, wa yatūbullāhu ‘alā may yasyā'(u), wallāhu ‘alīmun ḥakīm(un).
[15]
lan Penjenengané ngilangna kesuhé atiné dhéwéké (wong-wong mukmin). Lan Gusti Allah nampa tobaté wong-wong sing Penjenengané kersakna, Gusti Allah Maha Ngawuningani, Mahawicaksana.
اَمْ حَسِبْتُمْ اَنْ تُتْرَكُوْا وَلَمَّا يَعْلَمِ اللّٰهُ الَّذِيْنَ جَاهَدُوْا مِنْكُمْ وَلَمْ يَتَّخِذُوْا مِنْ دُوْنِ اللّٰهِ وَلَا رَسُوْلِهٖ وَلَا الْمُؤْمِنِيْنَ وَلِيْجَةً ۗوَاللّٰهُ خَبِيْرٌۢ بِمَا تَعْمَلُوْنَ ࣖ١٦
Am ḥasibtum an tutrakū wa lammā ya‘lamillāhul-lażīna jāhadū minkum wa lam yattakhiżū min dūnillāhi wa lā rasūlihī wa lal-mu'minīna walījah(tan), wallāhu khabīrum bimā ta‘malūn(a).
[16]
Apa ko padha ngira lamon ko bakal padha déjorna (déjor-klowor), mangkané Gusti Allah urung mriksani wong-wong sing lelabuh (jihad) neng antarané ko kabéh lan ora ngalap batir sing setia seliyané Gusti Allah, Utusan-É lan wong-wong sing padha precaya? Gusti Allah Mahanastiti ingatasé apa sing ko padha pergawé.
مَا كَانَ لِلْمُشْرِكِيْنَ اَنْ يَّعْمُرُوْا مَسٰجِدَ اللّٰهِ شٰهِدِيْنَ عَلٰٓى اَنْفُسِهِمْ بِالْكُفْرِۗ اُولٰۤىِٕكَ حَبِطَتْ اَعْمَالُهُمْۚ وَ فِى النَّارِ هُمْ خٰلِدُوْنَ١٧
Mā kāna lil-musyrikīna ay ya‘murū masājidallāhi syāhidīna ‘alā anfusihim bil-kufr(i), ulā'ika ḥabiṭat a‘māluhum, wa fin-nāri hum khālidūn(a).
[17]
Ora pantes wong-wong sing nyekuthokna (musrik) makmurna mesjidé Gusti Allah, mangkané dhéwéké ngakoni lamon dhéwéké pribadi padha mbangkang (kapir). Dhéwéké kabéh muspra temindaké, lan dhéwéké kabéh langgeng neng njero neraka.
اِنَّمَا يَعْمُرُ مَسٰجِدَ اللّٰهِ مَنْ اٰمَنَ بِاللّٰهِ وَالْيَوْمِ الْاٰخِرِ وَاَقَامَ الصَّلٰوةَ وَاٰتَى الزَّكٰوةَ وَلَمْ يَخْشَ اِلَّا اللّٰهَ ۗفَعَسٰٓى اُولٰۤىِٕكَ اَنْ يَّكُوْنُوْا مِنَ الْمُهْتَدِيْنَ١٨
Innamā ya‘muru masājidallāhi man āmana billāhi wal-yaumil-ākhiri wa aqāmaṣ-ṣalāta wa ātaz-zakāta wa lam yakhsya illallāh(a), fa ‘asā ulā'ika ay yakūnū minal-muhtadīn(a).
[18]
Setemené sing makmurna mesjidé Gusti Allah mung wong-wong sing padha precaya maring Gusti Allah lan dina wekasan, lan (tetep) ngleksanakna sembayang, nglunasi jakat lan ora wedi (maring apa baé) kejaba maring Gusti Allah. Moga-moga dhéwéké kabéh klebu wong-wong sing olih pituduh.
۞ اَجَعَلْتُمْ سِقَايَةَ الْحَاۤجِّ وَعِمَارَةَ الْمَسْجِدِ الْحَرَامِ كَمَنْ اٰمَنَ بِاللّٰهِ وَالْيَوْمِ الْاٰخِرِ وَجَاهَدَ فِيْ سَبِيْلِ اللّٰهِ ۗ لَا يَسْتَوٗنَ عِنْدَ اللّٰهِ ۗوَاللّٰهُ لَا يَهْدِى الْقَوْمَ الظّٰلِمِيْنَۘ١٩
Aja‘altum siqāyatal-ḥājji wa ‘imāratal-masjidil-ḥarāmi kaman āmana billāhi wal-yaumil-ākhiri wa jāhada fī sabīlillāh(i), lā yastawūna ‘indallāh(i), wallāhu lā yahdil-qaumaẓ-ẓālimīn(a).
[19]
Apa (wong-wong) sing awéh inuman maring wong-wong sing nindakna haji lan ngurusi Masjidilharam ko kabéh padhakna karo wong-wong sing precaya maring Gusti Allah lan dina wekasan lan lelabuh (jihad) neng dalané Gusti Allah? Wong-wong mau ora padha neng ngersané Gusti Allah. Gusti Allah ora maringi pituduh maring wong-wong sing aniaya (dolim).
اَلَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَهَاجَرُوْا وَجَاهَدُوْا فِيْ سَبِيْلِ اللّٰهِ بِاَمْوَالِهِمْ وَاَنْفُسِهِمْۙ اَعْظَمُ دَرَجَةً عِنْدَ اللّٰهِ ۗوَاُولٰۤىِٕكَ هُمُ الْفَاۤىِٕزُوْنَ٢٠
Allażīna āmanū wa hājarū wa jāhadū fī sabīlillāhi bi'amwālihim wa anfusihim, a‘ẓamu darajatan ‘indallāh(i), wa ulā'ika humul-fā'izūn(a).
[20]
Wong-wong sing padha precaya lan boyong (hijrah) lan lelabuh (jihad) neng agamané Gusti Allah karo bandha lan jiwané kuwé lewih dhuwur drajaté neng sisihé Gusti Allah. Dhéwéké kabéh kuwé wong-wong sing olih kebegyan.
يُبَشِّرُهُمْ رَبُّهُمْ بِرَحْمَةٍ مِّنْهُ وَرِضْوَانٍ وَّجَنّٰتٍ لَّهُمْ فِيْهَا نَعِيْمٌ مُّقِيْمٌۙ٢١
Yubasysyiruhum rabbuhum biraḥmatim minhu wa riḍwāniw wa jannātil lahum fīhā na‘īmum muqīm(un).
[21]
Pengéran nyenengna dhéwéké kabéh kanthi maringi kewelasan, karenan lan suwarga, dhéwéké kabéh olih kesenengan sing langgeng neng njeroné suwarga.
خٰلِدِيْنَ فِيْهَآ اَبَدًا ۗاِنَّ اللّٰهَ عِنْدَهٗٓ اَجْرٌ عَظِيْمٌ٢٢
Khālidīna fīhā abadā(n), innallāha ‘indahū ajrun ‘aẓīm(un).
[22]
Dhéwéké langgeng neng njero suwarga selawas-lawasé. Temen, neng sisihé Gusti Allah ana ganjaran sing gedhé.
يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا لَا تَتَّخِذُوْٓا اٰبَاۤءَكُمْ وَاِخْوَانَكُمْ اَوْلِيَاۤءَ اِنِ اسْتَحَبُّوا الْكُفْرَ عَلَى الْاِيْمَانِۗ وَمَنْ يَّتَوَلَّهُمْ مِّنْكُمْ فَاُولٰۤىِٕكَ هُمُ الظّٰلِمُوْنَ٢٣
Yā ayyuhal-lażīna āmanū lā tattakhiżū ābā'akum wa ikhwānakum auliyā'a inistaḥabbul-kufra ‘alal-īmān(i), wa may yatawallahum minkum fa ulā'ika humuẓ-ẓālimūn(a).
[23]
Hé wong-wong sing padha precaya! Aja nganti ko kabéh ndadékna rama-ramamu lan sedulur-sedulurmu minangka pengayom, angger dhéwéké padha lewih nyenengi kapir ketimbang precaya. Sapa neng antarané ko sing padha ndadékna wong-wong kuwé pengayom mangka dhéwéké kuwé wong-wong sing padha aniaya (dolim).
قُلْ اِنْ كَانَ اٰبَاۤؤُكُمْ وَاَبْنَاۤؤُكُمْ وَاِخْوَانُكُمْ وَاَزْوَاجُكُمْ وَعَشِيْرَتُكُمْ وَاَمْوَالُ ِۨاقْتَرَفْتُمُوْهَا وَتِجَارَةٌ تَخْشَوْنَ كَسَادَهَا وَمَسٰكِنُ تَرْضَوْنَهَآ اَحَبَّ اِلَيْكُمْ مِّنَ اللّٰهِ وَرَسُوْلِهٖ وَجِهَادٍ فِيْ سَبِيْلِهٖ فَتَرَبَّصُوْا حَتّٰى يَأْتِيَ اللّٰهُ بِاَمْرِهٖۗ وَاللّٰهُ لَا يَهْدِى الْقَوْمَ الْفٰسِقِيْنَ ࣖ٢٤
Qul in kāna ābā'ukum wa abnā'ukum wa ikhwānukum wa azwājukum wa ‘asyīratukum wa amwāluniqtaraftumūhā wa tijāratun takhsyauna kasādahā wa masākinu tarḍaunahā aḥabba ilaikum minallāhi wa rasūlihī wa jihādin fī sabīlihī fa tarabbaṣū ḥattā ya'tiyallāhu bi'amrih(ī), wallāhu lā yahdil-qaumal-fāsiqīn(a).
[24]
Ucapna, “Angger rama-ramamu, anak-anakmu, sedulur-sedulurmu, bojo-bojomu, keluwargamu, bandha-bandha sing wis ko kabéh kumpulna, dagangan sing ko padha kewatirna tunané, lan umah-umah sing ko senengi, lewih padha ko senengi tenimbang Gusti Allah lan Utusan-É lan lelabuh (jihad) neng dalané Gusti Allah, mangka enténi nganti Gusti Allah maringi putusan-É lan Gusti Allah ora paring pituduh maring wong-wong sing dosa (pasék).
لَقَدْ نَصَرَكُمُ اللّٰهُ فِيْ مَوَاطِنَ كَثِيْرَةٍۙ وَّيَوْمَ حُنَيْنٍۙ اِذْ اَعْجَبَتْكُمْ كَثْرَتُكُمْ فَلَمْ تُغْنِ عَنْكُمْ شَيْـًٔا وَّضَاقَتْ عَلَيْكُمُ الْاَرْضُ بِمَا رَحُبَتْ ثُمَّ وَلَّيْتُمْ مُّدْبِرِيْنَۚ٢٥
Laqad naṣarakumullāhu fī mawāṭina kaṡīrah(tin), wa yauma ḥunain(in), iż a‘jabatkum kaṡratukum falam tugni ‘ankum syai'aw wa ḍāqat ‘alaikumul-arḍu bimā raḥubat ṡumma wallaitum mudbirīn(a).
[25]
Temen, Gusti Allah wis nulungi ko kabéh (wong-wong mukmin) neng pirang-pirang papan perang lan (élinga) perang Hunain, rikala cacahmu sing akéh kuwé gawé mongkog maring ko kabéh, ning (cacah sing akéh kuwé) babar pisan ora nana gunané tumrap ko kabéh, lan bumi sing amba kuwé rasané dadi sesek tumrap ko kabéh, banjur ko padha mbalik maring mburi lan mlayu ketharak-tharak.
ثُمَّ اَنْزَلَ اللّٰهُ سَكِيْنَتَهٗ عَلٰى رَسُوْلِهٖ وَعَلَى الْمُؤْمِنِيْنَ وَاَنْزَلَ جُنُوْدًا لَّمْ تَرَوْهَا وَعَذَّبَ الَّذِيْنَ كَفَرُوْاۗ وَذٰلِكَ جَزَاۤءُ الْكٰفِرِيْنَ٢٦
Ṡumma anzalallāhu sakīnatahū ‘alā rasūlihī wa ‘alal-mu'minīna wa anzala junūdal lam tarauhā wa ‘ażżabal-lażīna kafarū, wa żālika jazā'ul-kāfirīn(a).
[26]
Banjur Gusti Allah nurunaken penganteng-anteng maring Utusan-É lan wong-wong sing padha precaya lan Penjenengané nurunaken wadyabala (malaékat) sing ko ora padha weruh, lan Penjenengané nibakna siksa maring wong-wong sing mbangkang (kapir). Kuwé (minangka) piwales nggo wong-wong sing padha mbangkang (kapir).
ثُمَّ يَتُوْبُ اللّٰهُ مِنْۢ بَعْدِ ذٰلِكَ عَلٰى مَنْ يَّشَاۤءُۗ وَاللّٰهُ غَفُوْرٌ رَّحِيْمٌ٢٧
Ṡumma yatūbullāhu mim ba‘di żālika ‘alā may yasyā'(u), wallāhu gafūrur raḥīm(un).
[27]
Sewisé kuwé Gusti Allah nampa tobaté wong-wong sing Penjenengané kersakna. Gusti Allah Maha Ngampura, Mahaasih.
يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْٓا اِنَّمَا الْمُشْرِكُوْنَ نَجَسٌ فَلَا يَقْرَبُوا الْمَسْجِدَ الْحَرَامَ بَعْدَ عَامِهِمْ هٰذَا ۚوَاِنْ خِفْتُمْ عَيْلَةً فَسَوْفَ يُغْنِيْكُمُ اللّٰهُ مِنْ فَضْلِهٖٓ اِنْ شَاۤءَۗ اِنَّ اللّٰهَ عَلِيْمٌ حَكِيْمٌ٢٨
Yā ayyuhal-lażīna āmanū innamal-musyrikūna najasun falā yaqrabul-masjidal-ḥarāma ba‘da ‘āmihim hāżā, wa in khiftum ‘ailatan fa saufa yugnīkumullāhu min faḍlihī in syā'(a), innallāha ‘alīmun ḥakīm(un).
[28]
Hé wong-wong sing padha precaya! Setemené wong-wong sing nyekuthokna (musrik) kuwé kotor (jiwané), merga kuwé aja nganti dhéwéké padha mérek maring Masjidilharam sewisé taun kiyé. 371 Lan angger ko padha kewatir dadi mlarat (merga wong-wong kapir ora teka), Gusti Allah bakal maringi kecukupan maring ko kabéh sekang peparing-É, angger Penjenengané ngersakna. Setemené Gusti Allah Maha Ngawuningani, Mahawicaksana.
371) Ora débenerna nglakoni haji lan umrah miturut sebagéan ahli tapsir, yakuwé kaum musrik mlebu tanah haram, mbuh nggo haji utawa umrah utawa keperluan liyané neng taun 9 hijriyah.
قَاتِلُوا الَّذِيْنَ لَا يُؤْمِنُوْنَ بِاللّٰهِ وَلَا بِالْيَوْمِ الْاٰخِرِ وَلَا يُحَرِّمُوْنَ مَا حَرَّمَ اللّٰهُ وَرَسُوْلُهٗ وَلَا يَدِيْنُوْنَ دِيْنَ الْحَقِّ مِنَ الَّذِيْنَ اُوْتُوا الْكِتٰبَ حَتّٰى يُعْطُوا الْجِزْيَةَ عَنْ يَّدٍ وَّهُمْ صٰغِرُوْنَ ࣖ٢٩
Qātilul-lażīna lā yu'minūna billāhi wa lā bil-yaumil-ākhiri wa lā yuḥarrimūna mā ḥarramallāhu wa rasūluhū wa lā yadīnūna dīnal-ḥaqqi minal-lażīna ūtul-kitāba ḥattā yu‘ṭul-jizyata ‘ay yadiw wa hum ṣāgirūn(a).
[29]
Perangia wong-wong sing ora padha precaya maring Gusti Allah lan dina wekasan, wong-wong sing ora nglarang (ngaramna) apa sing wis délarang (déharamna) déning Gusti Allah lan Utusan-É lan dhéwéké padha ora nganggo agama kanthi agama sing bener (agamané Gusti Allah), (yakuwé wong-wong) sing wis déparingi Kitab, saéngga dhéwéké padha mbayar jizyah (pajeg) kanthi manut lan dhéwéké kabéh neng kahanan asor.
وَقَالَتِ الْيَهُوْدُ عُزَيْرُ ِۨابْنُ اللّٰهِ وَقَالَتِ النَّصٰرَى الْمَسِيْحُ ابْنُ اللّٰهِ ۗذٰلِكَ قَوْلُهُمْ بِاَفْوَاهِهِمْۚ يُضَاهِـُٔوْنَ قَوْلَ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا مِنْ قَبْلُ ۗقَاتَلَهُمُ اللّٰهُ ۚ اَنّٰى يُؤْفَكُوْنَ٣٠
Wa qālatil-yahūdu ‘uzairunibnullāhi wa qālatin-naṣāral-masīḥubnullāh(i), żālika qauluhum bi'afwāhihim, yuḍāhi'ūna qaulal-lażīna kafarū min qabl(u), qātalahumullāh(u), annā yu'fakūn(a).
[30]
Lan wong-wong Yahudi padha ngucap “Uzair putrané Gusti Allah,” lan wong-wong Nasrani padha ngucap, “Al-Masih putrané Gusti Allah.” Kuwé ucapan sing metu sekang cangkemé dhéwéké kabéh. Dhéwéké padha niru ucapané wong kapir jaman gemiyén, Gusti Allah wis nyupatani dhéwéké kabéh; kepriwé dhéwéké nganti padha mléngos?
اِتَّخَذُوْٓا اَحْبَارَهُمْ وَرُهْبَانَهُمْ اَرْبَابًا مِّنْ دُوْنِ اللّٰهِ وَالْمَسِيْحَ ابْنَ مَرْيَمَۚ وَمَآ اُمِرُوْٓا اِلَّا لِيَعْبُدُوْٓا اِلٰهًا وَّاحِدًاۚ لَآ اِلٰهَ اِلَّا هُوَۗ سُبْحٰنَهٗ عَمَّا يُشْرِكُوْنَ٣١
Ittakhażū aḥbārahum wa ruhbānahum arbābam min dūnillāhi wal-masīḥabna maryam(a), wa mā umirū illā liya‘budū ilāhaw wāḥidā(n), lā ilāha illā huw(a), subḥānahū ‘ammā yusyrikūn(a).
[31]
Dhéwéké padha ndadikna wong-wong pinter (Yahudi) lan pendhita-pendhitané (wong Nasrani) minangka pengéran seliyané Gusti Allah 372 , lan Isa putrané Maryam; mangkané dhéwéké padha mung dépréntah supaya nyembah Pengéran Sing Mahatunggal, ora nana sesembahan kejaba Penjenengané. Mahasuci Penjenengané sekang apa sing dhéwéké padha sekuthokna.
372) Dhéwéké kabéh nuruti ajaran wong-wong pinter lan pendhita-pendhitané kanthi apa anané, senajan wong-wong pinter kuwé lan para pendhitané ngongkon gawé dosa utawa nglarang apa sing désekolihi (halal).
يُرِيْدُوْنَ اَنْ يُّطْفِـُٔوْا نُوْرَ اللّٰهِ بِاَفْوَاهِهِمْ وَيَأْبَى اللّٰهُ اِلَّآ اَنْ يُّتِمَّ نُوْرَهٗ وَلَوْ كَرِهَ الْكٰفِرُوْنَ٣٢
Yurīdūna ay yuṭfi'ū nūrallāhi bi'afwāhihim wa ya'ballāhu illā ay yutimma nūrahū wa lau karihal-kāfirūn(a).
[32]
Dhéwéké kabéh kepéngin nyirep sunaré (agamané) Gusti Allah karo cangkemé (kanthi ucapané) dhéwéké, ning Gusti Allah nolak kuwé, malah ngersakna nyempurnakna sunar-É, senajan wong-wong kapir kuwé padha ora seneng
هُوَ الَّذِيْٓ اَرْسَلَ رَسُوْلَهٗ بِالْهُدٰى وَدِيْنِ الْحَقِّ لِيُظْهِرَهٗ عَلَى الدِّيْنِ كُلِّهٖۙ وَلَوْ كَرِهَ الْمُشْرِكُوْنَ٣٣
Huwal-lażī arsala rasūlahū bil-hudā wa dīnil-ḥaqqi liyuẓhirahū ‘alad-dīni kullih(ī), wa lau karihal-musyrikūn(a).
[33]
Penjenengané sing wis ngutus Rasul-É karo pituduh (Al-Qur’an) lan agama sing bener nggo déunggulna ingatasé kabéh agama, senajan wong-wong sing nyekuthokna (musrik) padha ora seneng.
۞ يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْٓا اِنَّ كَثِيْرًا مِّنَ الْاَحْبَارِ وَالرُّهْبَانِ لَيَأْكُلُوْنَ اَمْوَالَ النَّاسِ بِالْبَاطِلِ وَيَصُدُّوْنَ عَنْ سَبِيْلِ اللّٰهِ ۗوَالَّذِيْنَ يَكْنِزُوْنَ الذَّهَبَ وَالْفِضَّةَ وَلَا يُنْفِقُوْنَهَا فِيْ سَبِيْلِ اللّٰهِ ۙفَبَشِّرْهُمْ بِعَذَابٍ اَلِيْمٍۙ٣٤
Yā ayyuhal-lażīna āmanū inna kaṡīram minal-aḥbāri war-ruhbāni laya'kulūna amwālan-nāsi bil-bāṭili wa yaṣuddūna ‘an sabīlillāh(i), wal-lażīna yaknizūnaż-żahaba wal-fiḍḍata wa lā yunfiqūnahā fī sabīlillāh(i), fa basysyirhum bi‘ażābin alīm(in).
[34]
Hé wong-wong sing padha precaya! Setemené akéh sekang wong-wong pinter lan pendhita-pendhitané dhéwéké nyata-nyata padha mangan bandhané wong kanthi cara sing salah (batil), lan (dhéwéké kabéh) ngalang-ngalangi (menungsa) sekang dalané Gusti Allah. Lan wong-wong sing nyimpén emas lan pérak lan ora nyumbangna (infak) neng dalané Gusti Allah, mangka wéhna kabar maring dhéwéké kabéh (lamon dhéwéké kabéh bakal olih) siksa sing perih.
يَّوْمَ يُحْمٰى عَلَيْهَا فِيْ نَارِ جَهَنَّمَ فَتُكْوٰى بِهَا جِبَاهُهُمْ وَجُنُوْبُهُمْ وَظُهُوْرُهُمْۗ هٰذَا مَا كَنَزْتُمْ لِاَنْفُسِكُمْ فَذُوْقُوْا مَا كُنْتُمْ تَكْنِزُوْنَ٣٥
Yauma yuḥmā ‘alaihā fī nāri jahannama fa tukwā bihā jibāhuhum wa junūbuhum wa ẓuhūruhum, hāżā mā kanaztum li'anfusikum fa żūqū mā kuntum taknizūn(a).
[35]
(Élinga) maring dinané rikala emas lan pérak dépanasna neng neraka Jahanam, banjur kanthi (barang kuwé) déusap batuké, weteng lan gigiré dhéwéké kabéh (karo déucapna) maring dhéwéké, “Kiyé bandhamu sing ko padha simpén nggo awakmu dhéwék, mangka rasakna (dadiné) apa sing ko kabéh padha simpén kuwé.”
اِنَّ عِدَّةَ الشُّهُوْرِ عِنْدَ اللّٰهِ اثْنَا عَشَرَ شَهْرًا فِيْ كِتٰبِ اللّٰهِ يَوْمَ خَلَقَ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضَ مِنْهَآ اَرْبَعَةٌ حُرُمٌ ۗذٰلِكَ الدِّيْنُ الْقَيِّمُ ەۙ فَلَا تَظْلِمُوْا فِيْهِنَّ اَنْفُسَكُمْ وَقَاتِلُوا الْمُشْرِكِيْنَ كَاۤفَّةً كَمَا يُقَاتِلُوْنَكُمْ كَاۤفَّةً ۗوَاعْلَمُوْٓا اَنَّ اللّٰهَ مَعَ الْمُتَّقِيْنَ٣٦
Inna ‘iddatasy-syuhūri ‘indallāhiṡnā ‘asyara syahran fī kitābillāhi yauma khalaqas-samāwāti wal-arḍa minhā arba‘atun ḥurum(un), żālikad-dīnul-qayyim(u), falā taẓlimū fīhinna anfusakum wa qātilul-musyrikīna kāffatan kamā yuqātilūnakum kāffah(tan), wa‘lamū annallāha ma‘al-muttaqīn(a).
[36]
Setemené cacahé wulan mungguhé Gusti Allah kuwé ana 12 wulan, (kayadéné) neng ketetepané (kitabé) Gusti Allah rikala Pen-jenengané nyiptakna langit lan bumi, neng antarané ana wulan haram papat. Kuwé ketetepan agama sing jejeg. Mangka aja nganti ko padha nganiaya (gawé tuna) maring awakmu neng wulan sing papat kuwé, lan perangia kabéh kaum musrik kayadéné dhéwéké padha merangi ko kabéh. Lan kawruhana setemené Gusti Allah mbarengi wong-wong sing padha semarah (takwa).
اِنَّمَا النَّسِيْۤءُ زِيَادَةٌ فِى الْكُفْرِ يُضَلُّ بِهِ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا يُحِلُّوْنَهٗ عَامًا وَّيُحَرِّمُوْنَهٗ عَامًا لِّيُوَاطِـُٔوْا عِدَّةَ مَا حَرَّمَ اللّٰهُ فَيُحِلُّوْا مَا حَرَّمَ اللّٰهُ ۗزُيِّنَ لَهُمْ سُوْۤءُ اَعْمَالِهِمْۗ وَاللّٰهُ لَا يَهْدِى الْقَوْمَ الْكٰفِرِيْنَ ࣖ٣٧
Innaman-nasī'u ziyādatun fil-kufri yuḍallu bihil-lażīna kafarū yuḥillūnahū ‘āmaw wa yuḥarrimūnahū ‘āmal liyuwāṭi'ū ‘iddata mā ḥarramallāhu fa yuḥillū mā ḥarramallāh(u), zuyyina lahum sū'u a‘mālihim, wallāhu lā yahdil-qaumal-kāfirīn(a).
[37]
Setemené pengunduran (wulan haram) kuwé mung nambahi kapir. Wong-wong kapir désasarna kanthi (pengunduran) kuwé, dhéwéké padha nyekolihi (ngalalna) sewiji taun lan nglarang (ngaramna) taun liyané, supayané dhéwéké padha bisa nyocogna karo wilangan sing délarang déning Gusti Allah, sisan gawé dhéwéké padha nyekolihna (ngalalna) apa sing délarang (déharamna) déning Gusti Allah. (Déning sétan) dégawé dadi apik tumrap dhéwéké penggawé-penggawé ala (sing délakoni) dhéwéké kabéh. Lan Gusti Allah ora paring pituduh maring wong-wong sing padha mbangkang (kapir).
يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا مَا لَكُمْ اِذَا قِيْلَ لَكُمُ انْفِرُوْا فِيْ سَبِيْلِ اللّٰهِ اثَّاقَلْتُمْ اِلَى الْاَرْضِۗ اَرَضِيْتُمْ بِالْحَيٰوةِ الدُّنْيَا مِنَ الْاٰخِرَةِۚ فَمَا مَتَاعُ الْحَيٰوةِ الدُّنْيَا فِى الْاٰخِرَةِ اِلَّا قَلِيْلٌ٣٨
Yā ayyuhal-lażīna āmanū mā lakum iżā qīla lakumunfirū fī sabīlillāhiṡ-ṡāqaltum ilal-arḍ(i), araḍītum bil-ḥayātid-dun-yā minal-ākhirah(ti), famā matā‘ul-ḥayātid-dun-yā fil-ākhirati illā qalīl(un).
[38]
Hé wong-wong sing padha precaya! Kenangapa angger déucapna maring ko kabéh. “Mangkata (nggo perang) neng dalané Gusti Allah,” ko padha ngrasa abot lan kepéngin ngéri neng panggonanmu? Apa ko padha lewih nyenengi penguripan dunya tenimbang penguripan akhérat? Mangkané kenékmatan urip neng dunya kiyé (débandhingna karo penguripan) neng akhérat mung sepethil.
اِلَّا تَنْفِرُوْا يُعَذِّبْكُمْ عَذَابًا اَلِيْمًاۙ وَّيَسْتَبْدِلْ قَوْمًا غَيْرَكُمْ وَلَا تَضُرُّوْهُ شَيْـًٔاۗ وَاللّٰهُ عَلٰى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيْرٌ٣٩
Illā tanfirū yu‘ażżibkum ‘ażāban alīmā(n), wa yastabdil qauman gairakum wa lā taḍurrūhu syai'ā(n), wallāhu ‘alā kulli syai'in qadīr(un).
[39]
Anger ko ora padha mangkat (nggo perang), mesthi Gusti Allah bakal nyiksa ko kabéh karo siksa sing perih, lan ngganti ko kabéh karo kaum liyané, lan ko padha ora bakal gawé kapitunan semendhing-mendhinga (maring) Penjenengané. Lan Gusti Allah Mahakewasa ingatasé samubarang kabéh.
اِلَّا تَنْصُرُوْهُ فَقَدْ نَصَرَهُ اللّٰهُ اِذْ اَخْرَجَهُ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا ثَانِيَ اثْنَيْنِ اِذْ هُمَا فِى الْغَارِ اِذْ يَقُوْلُ لِصَاحِبِهٖ لَا تَحْزَنْ اِنَّ اللّٰهَ مَعَنَاۚ فَاَنْزَلَ اللّٰهُ سَكِيْنَتَهٗ عَلَيْهِ وَاَيَّدَهٗ بِجُنُوْدٍ لَّمْ تَرَوْهَا وَجَعَلَ كَلِمَةَ الَّذِيْنَ كَفَرُوا السُّفْلٰىۗ وَكَلِمَةُ اللّٰهِ هِيَ الْعُلْيَاۗ وَاللّٰهُ عَزِيْزٌ حَكِيْمٌ٤٠
Illā tanṣurūhu faqad naṣarahullāhu iż akhrajahul-lażīna kafarū ṡāniyaṡnaini iż humā fil-gāri iż yaqūlu liṣāḥibihī lā taḥzan innallāha ma‘anā, fa anzalallāhu sakīnatahū ‘alaihi wa ayyadahū bijunūdil lam tarauhā wa ja‘ala kalimatal-lażīna kafarus-suflā, wa kalimatullāhi hiyal-‘ulyā, wallāhu ‘azīzun ḥakīm(un).
[40]
Angger ko padha ora nulungi slirané (Muhammad) temen setuhuné Gusti Allah wis nulungi (yakuwé) rikala wong-wong kapir ngurak slirané (sekang Mekah); mangkané slirané salah sijiné wong sekang wong loro rikala sekaroné ana neng njero guwa, rikala kuwé slirané ngendika maring batiré, “Ko aja susah, setemené Gusti Allah mbarengi inyong kabéh.” Mangka Gusti Allah nurunaken penganteng-anteng marang slirané (Muhammad) lan mbiyantu kanthi wadyabala tentara (malaékat) sing ora keton déning ko kabéh, lan Penjenengané ndadékna préntahé wong-wong kapir dadi asor lan dhawuhé Gusti Allah kuwé sing luhur. Gusti Allah Mahadigdaya, Mahawicaksana.
اِنْفِرُوْا خِفَافًا وَّثِقَالًا وَّجَاهِدُوْا بِاَمْوَالِكُمْ وَاَنْفُسِكُمْ فِيْ سَبِيْلِ اللّٰهِ ۗذٰلِكُمْ خَيْرٌ لَّكُمْ اِنْ كُنْتُمْ تَعْلَمُوْنَ٤١
Infirū khifāfaw wa ṡiqālaw wa jāhidū bi'amwālikum wa anfusikum fī sabīlillāh(i), żālikum khairul lakum in kuntum ta‘lamūn(a).
[41]
Padha mangkata kanthi rasa enteng utawa abot, lan padha lelabuha (jihad) kanthi bandha lan nyawamu neng dalané Gusti Allah. Sing kaya kuwé mau lewih apik tumrap ko kabéh angger ko padha mengerténi.
لَوْ كَانَ عَرَضًا قَرِيْبًا وَّسَفَرًا قَاصِدًا لَّاتَّبَعُوْكَ وَلٰكِنْۢ بَعُدَتْ عَلَيْهِمُ الشُّقَّةُۗ وَسَيَحْلِفُوْنَ بِاللّٰهِ لَوِ اسْتَطَعْنَا لَخَرَجْنَا مَعَكُمْۚ يُهْلِكُوْنَ اَنْفُسَهُمْۚ وَاللّٰهُ يَعْلَمُ اِنَّهُمْ لَكٰذِبُوْنَ ࣖ٤٢
Lau kāna ‘araḍan qarībaw wa safaran qāṣidal lattaba‘ūka wa lākim ba‘udat ‘alaihimusy-syuqqah(tu), wa sayaḥlifūna billāhi lawistaṭa‘nā lakharajnā ma‘akum, yuhlikūna anfusahum, wallāhu ya‘lamu innahum lakāżibūn(a).
[42]
Sekirané (sing ko padha omongna maring dhéwéké kebeh) ana bathiné sing gampang dégolét, lan lakon sing ora patiya adoh, mesthi dhéwék kabéh ngetutna ko, ning panggonan sing détuju kuwé krasa adoh banget tumrap dhéwéké. Dhéwéké bakal padha sumpah kanthi (asmané) Gusti Allah, “Angger inyong sanggup mesti inyong padha mangkat bareng karo ko.” Dhéwéké padha gawé sirna maring awaké dhéwék 373 lan Gusti Allah ngawuningani dhéwéké nyata-nyata wong-wong sing padha apus-apus.
373) Dhéwéké kabéh bakal sirna merga sumpah apus-apusé dhéwék.
عَفَا اللّٰهُ عَنْكَۚ لِمَ اَذِنْتَ لَهُمْ حَتّٰى يَتَبَيَّنَ لَكَ الَّذِيْنَ صَدَقُوْا وَتَعْلَمَ الْكٰذِبِيْنَ٤٣
‘Afallāhu ‘ank(a), lima ażinta lahum ḥattā yatabayyana lakal-lażīna ṣadaqū wa ta‘lamal-kāżibīn(a).
[43]
Gusti Allah paring ampura maring sliramu (Muhammad). Kenangapa sliramu awéh idin maring dhéwéké kabéh (nggo ora mangkat perang), seurungé genah mungguh sliramu wong-wong sing nyata-nyata (duwé palangan) lan seurungé sliramu ngerti wong-wong sing padha apus-apus?
لَا يَسْتَأْذِنُكَ الَّذِيْنَ يُؤْمِنُوْنَ بِاللّٰهِ وَالْيَوْمِ الْاٰخِرِ اَنْ يُّجَاهِدُوْا بِاَمْوَالِهِمْ وَاَنْفُسِهِمْۗ وَاللّٰهُ عَلِيْمٌۢ بِالْمُتَّقِيْنَ٤٤
Lā yasta'żinukal-lażīna yu'minūna billāhi wal-yaumil-ākhiri ay yujāhidū bi'amwālihim wa anfusihim, wallāhu ‘alīmum bil-muttaqīn(a).
[44]
Wong-wong sing padha precaya maring Gusti Allah lan dina wekasan, ora bakal njaluk idin (ora mélu) maring sliramu nggo lelabuh (jihad) karo bandha lan nyawané dhéwéké kabéh. Gusti Allah mriksani wong-wong sing padha semarah (takwa).
اِنَّمَا يَسْتَأْذِنُكَ الَّذِيْنَ لَا يُؤْمِنُوْنَ بِاللّٰهِ وَالْيَوْمِ الْاٰخِرِ وَارْتَابَتْ قُلُوْبُهُمْ فَهُمْ فِيْ رَيْبِهِمْ يَتَرَدَّدُوْنَ٤٥
Innamā yasta'żinukal-lażīna lā yu'minūna billāhi wal-yaumil-ākhiri wartābat qulūbuhum fahum fī raibihim yataraddadūn(a).
[45]
Setemené sing bakal njaluk idin maring sliramu (Muhammad) mung wong-wong sing padha ora precaya maring Gusti Allah lan dina wekasan, lan atiné dhéwéké padha mamang, merga kuwé dhéwéké terus bingung neng sejeroné rasa mamang.
۞ وَلَوْ اَرَادُوا الْخُرُوْجَ لَاَعَدُّوْا لَهٗ عُدَّةً وَّلٰكِنْ كَرِهَ اللّٰهُ انْۢبِعَاثَهُمْ فَثَبَّطَهُمْ وَقِيْلَ اقْعُدُوْا مَعَ الْقٰعِدِيْنَ٤٦
Wa lau arādul-khurūja la'a‘addū lahū ‘uddataw wa lākin karihallāhumbi‘āṡahum fa ṡabbaṭahum wa qīlaq‘udū ma‘al-qā‘idīn(a).
[46]
Lan angger dhéwéké padha gelem mangkat, mesthi dhéwéké kabéh padha siap-siap nggo mangkat. Ning Gusti Allah ora karenan maring mangkaté dhéwéké kabéh. Mangka Penjenengané ngendhokna kekarepané dhéwéké lan dédhawuhna (maring dhéwéké kabéh), “Padha ngeria ko kabéh karo wong-wong sing padha ora lunga kuwé.”
لَوْ خَرَجُوْا فِيْكُمْ مَّا زَادُوْكُمْ اِلَّا خَبَالًا وَّلَاَوْضَعُوْا خِلٰلَكُمْ يَبْغُوْنَكُمُ الْفِتْنَةَۚ وَفِيْكُمْ سَمّٰعُوْنَ لَهُمْۗ وَاللّٰهُ عَلِيْمٌۢ بِالظّٰلِمِيْنَ٤٧
Wa lau kharajū fīkum mā zādūkum illā khabālaw wa la'auḍa‘ū khilālakum yabgūnakumul-fitnah(ta), wa fīkum sammā‘ūna lahum, wallāhu ‘alīmum biẓ-ẓālimīn(a).
[47]
Angger (dhéwéké padha gelem mangkat bareng sliramu) mesthi dhéwéké ora bakal padha nambah (kekuwatané)mu, malah mung bakal gawé rubes, lan dhéwéké mesthi bakal padha gagiyan maju maring ngarep neng sela-sela barisanmu nggo gawé rubes (neng barisanmu), mangkan neng antarané ko kabéh ana wong-wong sing seneng banget ngru-ngokna omongané dhéwéké. Gusti Allah ngawuningani wong-wong sing padha aniaya (dolim).
لَقَدِ ابْتَغَوُا الْفِتْنَةَ مِنْ قَبْلُ وَقَلَّبُوْا لَكَ الْاُمُوْرَ حَتّٰى جَاۤءَ الْحَقُّ وَظَهَرَ اَمْرُ اللّٰهِ وَهُمْ كٰرِهُوْنَ٤٨
Laqadibtagawul-fitnata min qablu wa qallabū lakal-umūra ḥattā jā'al-ḥaqqu wa ẓahara amrullāhi wa hum kārihūn(a).
[48]
Temen, seurungé kuwé dhéwéké kabéh pancén wis ngréka gawé rubes lan ngatur werna-werna akal siyasat maring ko kabéh (muter-walik urusan) saéngga teka bebener (pitulungé Gusti Allah) lan menangé urusané (agamané) Gusti Allah, mangkané dhéwéké kabéh padha ora seneng.
وَمِنْهُمْ مَّنْ يَّقُوْلُ ائْذَنْ لِّيْ وَلَا تَفْتِنِّيْۗ اَلَا فِى الْفِتْنَةِ سَقَطُوْاۗ وَاِنَّ جَهَنَّمَ لَمُحِيْطَةٌ ۢ بِالْكٰفِرِيْنَ٤٩
Wa minhum may yaqūlu'żal lī wa lā taftinnī, alā fil-fitnati saqaṭū, wa inna jahannama lamuḥīṭatum bil-kāfirīn(a).
[49]
Lan neng antarané dhéwéké kabéh ana wong sing ngucap, “Wéhna idin maring inyong (ora mangkat perang) lan sliramu (Muhammad) aja ndadékna inyong keblusuk maring pitnah.” Kawruhana lamon dhéwéké wis padha keblusuk maring pitnah. Lan temen, Jahanam kuwé nglingkupi wong-wong sing mbangkang (kapir).
اِنْ تُصِبْكَ حَسَنَةٌ تَسُؤْهُمْۚ وَاِنْ تُصِبْكَ مُصِيْبَةٌ يَّقُوْلُوْا قَدْ اَخَذْنَآ اَمْرَنَا مِنْ قَبْلُ وَيَتَوَلَّوْا وَّهُمْ فَرِحُوْنَ٥٠
In tuṣibka ḥasanatun tasu'hum, wa in tuṣibka muṣībatuy yaqūlū qad akhażnā min qablu wa yatawallau wa hum fariḥūn(a).
[50]
Angger sliramu (Muhammad) olih kebecik-an dhéwéké padha ora seneng, ning angger sliramu kenang marabaya dhéwéké padha ngucap, “Temen, awit ganu inyong wis padha ngati-ati (ora mangkat perang),” lan dhéwéké padha mléngos kanthi (rasa) seneng.
قُلْ لَّنْ يُّصِيْبَنَآ اِلَّا مَا كَتَبَ اللّٰهُ لَنَاۚ هُوَ مَوْلٰىنَا وَعَلَى اللّٰهِ فَلْيَتَوَكَّلِ الْمُؤْمِنُوْنَ٥١
Qul lay yuṣībanā illā mā kataballāhu lanā, huwa maulānā wa ‘alallāhi falyatawakkalil-mu'minūn(a).
[51]
Dhawuha (Muhammad), “Ora bakal temiba maring inyong kejaba apa sing wis détetep-na déning Gusti Allah tumrap inyong kabéh. Penjenengané sing ngreksa inyong kabéh. Lan mung maring Gusti Allah semarahe wong-wong sing padha precaya.”
قُلْ هَلْ تَرَبَّصُوْنَ بِنَآ اِلَّآ اِحْدَى الْحُسْنَيَيْنِۗ وَنَحْنُ نَتَرَبَّصُ بِكُمْ اَنْ يُّصِيْبَكُمُ اللّٰهُ بِعَذَابٍ مِّنْ عِنْدِهٖٓ اَوْ بِاَيْدِيْنَاۖ فَتَرَبَّصُوْٓا اِنَّا مَعَكُمْ مُّتَرَبِّصُوْنَ٥٢
Qul hal tarabbaṣūna binā illā iḥdal-ḥusnayain(i), wa naḥnu natarabbaṣu bikum ay yuṣībakumullāhu bi‘ażābim min ‘indihī au bi'aidīnā, fa tarabbaṣū innā ma‘akum mutarabbiṣūn(a).
[52]
Dhawuha (Muhammad), “Ora nana sing ko kabéh enténi ingatasé inyong kabéh, kejaba salah siji sekang kebecikan loro (menang utawa mati syahid). Lan inyong kabéh ngenténi ingatasé ko kabéh lamon Gusti Allah bakal nibakna siksa maring ko kabéh sekang sisih-É, utawa (siksa) liwat tangané inyong kabéh. Mangka enténana, setemené inyong (uga) padha ngenténi bareng ko kabéh.”
قُلْ اَنْفِقُوْا طَوْعًا اَوْ كَرْهًا لَّنْ يُّتَقَبَّلَ مِنْكُمْ ۗاِنَّكُمْ كُنْتُمْ قَوْمًا فٰسِقِيْنَ٥٣
Qul anfiqū ṭau‘an au karhal lay yutaqabbala minkum, innakum kuntum qauman fāsiqīn(a).
[53]
Dhawuha (Muhammad): “Sumbangna (infakna) bandhamu kanthi legawa utawa kepeksa, ning (infakmu) ora bakal détampa. Setemené ko kabéh kuwé wong-wong dosa (pasék).”
وَمَا مَنَعَهُمْ اَنْ تُقْبَلَ مِنْهُمْ نَفَقٰتُهُمْ اِلَّآ اَنَّهُمْ كَفَرُوْا بِاللّٰهِ وَبِرَسُوْلِهٖ وَلَا يَأْتُوْنَ الصَّلٰوةَ اِلَّا وَهُمْ كُسَالٰى وَلَا يُنْفِقُوْنَ اِلَّا وَهُمْ كٰرِهُوْنَ٥٤
Wa mā mana‘ahum an tuqbala minhum nafaqātuhum illā annahum kafarū billāhi wa birasūlihī wa lā ya'tūnaṣ-ṣalāta illā wa hum kusālā wa lā yunfiqūna illā wa hum kārihūn(a).
[54]
Lan sing ngalang-ngalangi sumbangané (infake) dhéwéké kabéh ora détampa yakuwé merga dhéwéké padha mbangkang (kapir) maring Gusti Allah lan Utusan-É, lan dhéwéké padha ora nglakoni samba-yang, kejaba kanthi ngedhap lan ora (uga) nyumbangna (bandhané), kejaba karo rasa abot-alot (kepeksa).
فَلَا تُعْجِبْكَ اَمْوَالُهُمْ وَلَآ اَوْلَادُهُمْ ۗاِنَّمَا يُرِيْدُ اللّٰهُ لِيُعَذِّبَهُمْ بِهَا فِى الْحَيٰوةِ الدُّنْيَا وَتَزْهَقَ اَنْفُسُهُمْ وَهُمْ كٰفِرُوْنَ٥٥
Falā tu‘jibka amwāluhum wa lā aulāduhum, innamā yurīdullāhu liyu‘ażżibahum bihā fil-ḥayātid-dun-yā wa tazhaqa anfusuhum wa hum kāfirūn(a).
[55]
Mangka aja nganti bandha lan anak-anaké dhéwéké kabéh ndadékna ko padha kepencut. Setemené kersané Gusti Allah kanthi kuwé yakuwé nggo nyiksa dhéwéké kabéh neng penguripan dunya lan mbésuk bakal padha mati neng sejeroné kapir.
وَيَحْلِفُوْنَ بِاللّٰهِ اِنَّهُمْ لَمِنْكُمْۗ وَمَا هُمْ مِّنْكُمْ وَلٰكِنَّهُمْ قَوْمٌ يَّفْرَقُوْنَ٥٦
Wa yaḥlifūna billāhi innahum laminkum, wa mā hum minkum wa lākinnahum qaumuy yafraqūn(a).
[56]
Lan dhéwéké kabéh (wong-wong lamis/munapék) supata kanthi (asmané) Gusti Allah, lamon setemené dhéwéké kabéh klebu golonganmu; ning dhéwéké kabéh dudu sekang golonganmu, ning dhéwéké kuwé wong-wong sing padha banget wediné (maring sliramu).
لَوْ يَجِدُوْنَ مَلْجَاً اَوْ مَغٰرٰتٍ اَوْ مُدَّخَلًا لَّوَلَّوْا اِلَيْهِ وَهُمْ يَجْمَحُوْنَ٥٧
Lau yajidūna malja'an au magārātin au muddakhalal lawallau ilaihi wa hum yajmaḥūn(a).
[57]
Sekirané dhéwéké padha olih nggon umpetan, guwa-guwa utawa luwangan-luwangan (neng njero lemah), mesthi dhéwéké padha mangkat (mlayu) sipat-kuping maring nganah.
وَمِنْهُمْ مَّنْ يَّلْمِزُكَ فِى الصَّدَقٰتِۚ فَاِنْ اُعْطُوْا مِنْهَا رَضُوْا وَاِنْ لَّمْ يُعْطَوْا مِنْهَآ اِذَا هُمْ يَسْخَطُوْنَ٥٨
Wa minhum may yalmizuka fiṣ-ṣadaqāt(i), fa in u‘ṭū minhā raḍū wa illam yu‘ṭau minhā iżā hum yaskhaṭūn(a).
[58]
Lan neng antarané dhéwéké kabéh ana sing ngala-ala maring ko ngenani (panduman) sedekah (jakat); angger dhéwéké kabéh déwéhi bagéan, dhéwéké padha atiné seneng, lan angger dhéwéké ora déwéhi bagéan, dadakan dhéwéké padha kesuh.
وَلَوْ اَنَّهُمْ رَضُوْا مَآ اٰتٰىهُمُ اللّٰهُ وَرَسُوْلُهٗۙ وَقَالُوْا حَسْبُنَا اللّٰهُ سَيُؤْتِيْنَا اللّٰهُ مِنْ فَضْلِهٖ وَرَسُوْلُهٗٓ اِنَّآ اِلَى اللّٰهِ رٰغِبُوْنَ ࣖ٥٩
Wa lau annahum raḍū mā ātāhumullāhu wa rasūluh(ū), wa qālū ḥasbunallāhu sayu'tīnallāhu min faḍlihī wa rasūluhū innā ilallāhi rāgibūn(a).
[59]
Lan sekirané dhéwéké padha bombong karo apa sing wis déparingna maring dhéwéké sekang Gusti Allah lan Utusan-É, dhéwéké padha ngucap, “Wis cukup mung Gusti Allah tumrap inyong kabéh, Gusti Allah lan Utusan-É bakal maringi inyong sebagéan sekang peparing-É. Setemené inyong kabéh kuwé wong-wong sing (duwe) pengarep-arep maring Gusti Allah.”
۞ اِنَّمَا الصَّدَقٰتُ لِلْفُقَرَاۤءِ وَالْمَسٰكِيْنِ وَالْعٰمِلِيْنَ عَلَيْهَا وَالْمُؤَلَّفَةِ قُلُوْبُهُمْ وَفِى الرِّقَابِ وَالْغٰرِمِيْنَ وَفِيْ سَبِيْلِ اللّٰهِ وَابْنِ السَّبِيْلِۗ فَرِيْضَةً مِّنَ اللّٰهِ ۗوَاللّٰهُ عَلِيْمٌ حَكِيْمٌ٦٠
Innamaṣ-ṣadaqātu lil-fuqarā'i wal-masākīni wal-‘āmilīna ‘alaihā wal-mu'allafati qulūbuhum wa fir-riqābi wal-gārimīna wa fī sabīlillāhi wabnis-sabīl(i), farīḍatam minallāh(i), wallāhu ‘alīmun ḥakīm(un).
[60]
Setemené jakat kuwé mung nggo wong-wong sing butuh (fakir), wong-wong mlarat, sing ngurusi (amil) jakat, wong-wong sing delulutna atiné (muallaf), nggo (merdekakna) batur-tukon (budak), nggo (mbébasna) wong-wong sing duwé utang, nggo dalané Gusti Allah lan nggo wong sing lagi mlaku neng lelungan, minangka kewajiban sekang Gusti Allah. Gusti Allah Maha Ngawuningani, Mahawicaksana.
وَمِنْهُمُ الَّذِيْنَ يُؤْذُوْنَ النَّبِيَّ وَيَقُوْلُوْنَ هُوَ اُذُنٌ ۗقُلْ اُذُنُ خَيْرٍ لَّكُمْ يُؤْمِنُ بِاللّٰهِ وَيُؤْمِنُ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَرَحْمَةٌ لِّلَّذِيْنَ اٰمَنُوْا مِنْكُمْۗ وَالَّذِيْنَ يُؤْذُوْنَ رَسُوْلَ اللّٰهِ لَهُمْ عَذَابٌ اَلِيْمٌ٦١
Wa minhumul-lażīna yu'żūnan nabiyya wa yaqūlūna huwa użun(un), qul użunu khairil lakum yu'minu billāhi wa yu'minu lil-mu'minīna wa raḥmatul lil-lażīna āmanū minkum, wal-lażīna yu'żūna rasūlallāhi lahum ‘ażābun alīm(un).
[61]
Lan neng antarané dhéwéké kabéh (wong-wong lamis/munapék) ana wong sing ngla-rani penggalihé Kanjeng Nabi (Muhammad) lan ngucap, “Kanjeng Nabi precaya maring apa baé sing dérungokna.” Ucapna “Slirané precaya maring kabéh sing apik tumrap ko kabéh, slirané precaya maring Gusti Allah, precaya maring wong-wong mukmin, lan dadi kewelasan kanggo wong-wong sing precaya neng antarané ko kabéh.” Lan wong-wong sing nglarani Utusané Gusti Allah bakal nampa siksa sing perih.
يَحْلِفُوْنَ بِاللّٰهِ لَكُمْ لِيُرْضُوْكُمْ وَاللّٰهُ وَرَسُوْلُهٗٓ اَحَقُّ اَنْ يُّرْضُوْهُ اِنْ كَانُوْا مُؤْمِنِيْنَ٦٢
Yaḥlifūna billāhi lakum liyurḍūkum wallāhu wa rasūluhū aḥaqqu ay yurḍūhu in kānū mu'minīn(a).
[62]
Dhéwéké padha sumpah maring ko kabéh kanthi (asmané) Gusti Allah nggo nyenengna ko, mangkané Gusti Allah lan Utusan-É lewih pantes tumrap dhéwéké (nggo) padha nggolét karenan-É angger dhéwéké kabéh wong-wong sing padha precaya.
اَلَمْ يَعْلَمُوْٓا اَنَّهٗ مَنْ يُّحَادِدِ اللّٰهَ وَرَسُوْلَهٗ فَاَنَّ لَهٗ نَارَ جَهَنَّمَ خَالِدًا فِيْهَاۗ ذٰلِكَ الْخِزْيُ الْعَظِيْمُ٦٣
Alam ya‘lamū annahū may yuḥādidillāha wa rasūlahū fa anna lahū nāru jahannama khālidan fīhā, żālikal khizyul-‘aẓīm(u).
[63]
Ora-orané dhéwéké kabéh (wong-wong lamis/munapék) padha ngerti lamon sapa wongé mbangkang (maring) Gusti Allah lan Utusan-É, mangka setemené neraka Jahanam kuwé kanggo dhéwéké kabéh, dhéwéké padha langgeng neng njeroné. Kuwé mau (wujud) kenisthan sing gedhé.
يَحْذَرُ الْمُنٰفِقُوْنَ اَنْ تُنَزَّلَ عَلَيْهِمْ سُوْرَةٌ تُنَبِّئُهُمْ بِمَا فِيْ قُلُوْبِهِمْۗ قُلِ اسْتَهْزِءُوْاۚ اِنَّ اللّٰهَ مُخْرِجٌ مَّا تَحْذَرُوْنَ٦٤
Yaḥżarul-munāfiqūna an tunazzala ‘alaihim sūratun tunabbi'uhum bimā fī qulūbihim, qulistahzi'ū, innallāha mukhrijum mā taḥżarūn(a).
[64]
Wong-wong lamis (munapék) kuwé wedi angger déturunaken sewiji surat sing nerang-na apa sing kesimpén neng jero atiné dhéwéké kabéh. Ucapna (maring dhéwéké kabéh), “Terusna olihé padha menjorang (maring Gusti Allah lan Utusan-É).” Sete-mené Gusti Allah bakal mbukak apa sing ko padha wedeni kuwé.
وَلَىِٕنْ سَاَلْتَهُمْ لَيَقُوْلُنَّ اِنَّمَا كُنَّا نَخُوْضُ وَنَلْعَبُۗ قُلْ اَبِاللّٰهِ وَاٰيٰتِهٖ وَرَسُوْلِهٖ كُنْتُمْ تَسْتَهْزِءُوْنَ٦٥
Wa la'in sa'altahum layaqūlunna innamā kunnā nakhūḍū wa nal‘ab(u), qul abillāhi wa āyātihī wa rasūlihī kuntum tastahzi'ūn(a).
[65]
Lan angger ko takon maring dhéwéké kabéh mesthi dhéwéké bakal padha semaur, “Setemené inyong kabéh padha mung guyonan lan dolanan baé.” Ucapna, “Kenangapa maring Gusti Allah lan ayat-ayat-É uga Utusan-É ko padha terus menjorang?”
لَا تَعْتَذِرُوْا قَدْ كَفَرْتُمْ بَعْدَ اِيْمَانِكُمْ ۗ اِنْ نَّعْفُ عَنْ طَاۤىِٕفَةٍ مِّنْكُمْ نُعَذِّبْ طَاۤىِٕفَةً ۢ بِاَنَّهُمْ كَانُوْا مُجْرِمِيْنَ ࣖ٦٦
Lā ta‘tażirū qad kafartum ba‘da īmānikum, in na‘fu ‘an ṭā'ifatim minkum nu‘ażżib ṭā'ifatam bi'annahum kānū mujrimīn(a).
[66]
Ora perlu ko padha njaluk ngampura, merga ko kabéh wis mbangkang (kapir) sewisé padha precaya. Angger Ingsun ngampurani sebagéan sekang ko kabéh (merga wis tobat), mesthi Ingsun bakal nyiksa golongan (sing liyané) merga setemené dhéwéké kuwé wong-wong sing padha (tansah) nglakoni dosa.
اَلْمُنٰفِقُوْنَ وَالْمُنٰفِقٰتُ بَعْضُهُمْ مِّنْۢ بَعْضٍۘ يَأْمُرُوْنَ بِالْمُنْكَرِ وَيَنْهَوْنَ عَنِ الْمَعْرُوْفِ وَيَقْبِضُوْنَ اَيْدِيَهُمْۗ نَسُوا اللّٰهَ فَنَسِيَهُمْ ۗ اِنَّ الْمُنٰفِقِيْنَ هُمُ الْفٰسِقُوْنَ٦٧
Al-munāfiqūna wal-munāfiqātu ba‘ḍuhum mim ba‘ḍ(in), ya'murūna bil-munkari wa yanhauna ‘anil-ma‘rūfi wa yaqbiḍūna aidiyahum, nasullāha fa nasiyahum, innal-munāfiqīna humul-fāsiqūn(a).
[67]
Wong-wong lamis (munapék) lanang lan wadon, siji karo liyané kuwé padha baé, dhéwéké padha préntah nglakoni sing ora bener (mungkar) lan ngalang-ngalangi (penggawéan) sing becik lan dhéwéké padha nggegem tangane (medhit). Dhéwéké padha wis nglalékna maring Gusti Allah, mangka Gusti Allah (uga) nglalékna dhéwéké kabéh. Setemené wong-wong lamis (munapék) kuwé wong-wong sing dosa (pasék).
وَعَدَ اللّٰهُ الْمُنٰفِقِيْنَ وَالْمُنٰفِقٰتِ وَالْكُفَّارَ نَارَ جَهَنَّمَ خٰلِدِيْنَ فِيْهَاۗ هِيَ حَسْبُهُمْ ۚوَلَعَنَهُمُ اللّٰهُ ۚوَلَهُمْ عَذَابٌ مُّقِيْمٌۙ٦٨
Wa‘adallāhul-munāfiqīna wal-munāfiqāti wal-kuffāra nāra jahannama khālidīna fīhā, hiya ḥasbuhum, wa la‘anahumullāh(u), wa lahum ‘ażābum muqīm(un).
[68]
Gusti Allah janji (ngancam) wong-wong lamis (munapék) lanang lan wadon lan wong-wong mbangkang (kapir) kanthi neraka Jahannam. Dhéwéké padha langgeng neng njeroné. Wis cukup neraka kuwé kanggo dhéwéké kabéh. Gusti Allah nyupatani dhéwéké kabéh, lan dhéwéké padha olih siksa sing langgeng,
كَالَّذِيْنَ مِنْ قَبْلِكُمْ كَانُوْٓا اَشَدَّ مِنْكُمْ قُوَّةً وَّاَكْثَرَ اَمْوَالًا وَّاَوْلَادًاۗ فَاسْتَمْتَعُوْا بِخَلَاقِهِمْ فَاسْتَمْتَعْتُمْ بِخَلَاقِكُمْ كَمَا اسْتَمْتَعَ الَّذِيْنَ مِنْ قَبْلِكُمْ بِخَلَاقِهِمْ وَخُضْتُمْ كَالَّذِيْ خَاضُوْاۗ اُولٰۤىِٕكَ حَبِطَتْ اَعْمَالُهُمْ فِى الدُّنْيَا وَالْاٰخِرَةِ ۚوَاُولٰۤىِٕكَ هُمُ الْخٰسِرُوْنَ٦٩
Kal-lażīna min qablikum kānū asyadda minkum quwwataw wa akṡara amwālaw wa aulādā(n), fastamta‘ū bikhalāqihim fastamta‘tum bikhalāqikum kamastamta‘al-lażīna min qablikum bikhalāqihim wa khuḍtum kal-lażī khāḍū, ulā'ika ḥabiṭat amāluhum fid-dun-yā wal-ākhirah(ti), ulā'ika humul-khāsirūn(a).
[69]
(kahanané ko kabéh kaum munapék lan musrikin) kaya wong-wong seurungé ko kabéh, dhéwéké padha lewih kuwat tenimbang ko kabéh, lan lewih akéh bandha lan anak-anaké. Mangka dhéwéké kabéh wis ngrasakna nékmaté bagéané, lan ko kabéh uga wis ngrasakna nékmaté bagéanmu kayadéné wong-wong sing seurungé ko kabéh ngrasakna bagéané, lan ko padha ngandhahna (prékara-prékara sing batil) kayadéné dhéwéké padha ngandahna kuwé. Dhéwéké kabéh kuwé muspra amalé neng dunya lan neng akhérat. Dhéwéké kuwé wong-wong sing padha kapitunan.
اَلَمْ يَأْتِهِمْ نَبَاُ الَّذِيْنَ مِنْ قَبْلِهِمْ قَوْمِ نُوْحٍ وَّعَادٍ وَّثَمُوْدَ ەۙ وَقَوْمِ اِبْرٰهِيْمَ وَاَصْحٰبِ مَدْيَنَ وَالْمُؤْتَفِكٰتِۗ اَتَتْهُمْ رُسُلُهُمْ بِالْبَيِّنٰتِۚ فَمَا كَانَ اللّٰهُ لِيَظْلِمَهُمْ وَلٰكِنْ كَانُوْٓا اَنْفُسَهُمْ يَظْلِمُوْنَ٧٠
Alam ya'tihim naba'ul-lażīna min qablihim qaumi nūḥiw wa ‘ādiw wa ṡamūd(a), wa qaumi ibrāhīma wa aṣḥābi madyana wal-mu'tafikāt(i), atathum rusuluhum bil-bayyināt(i), famā kānallāhu liyaẓlimahum wa lākin kānū anfusahum yaẓlimūn(a).
[70]
Apa ora butul maring dhéwéké kabéh werta (ngenani) wong-wong seurungé dhéwéké, (yakuwé) kaumé Nuh, ‘Ad, Samud, kaumé Ibrahim, warga Madyan lan (warga) negari-negari sing wis musnah? Wis teka maring dhéwéké kabéh utusan kanthi nggawa bukti-bukti sing nyata; Gusti Allah ora gawé kapitunan (maring) dhéwéké kabéh, ning dhéwéké sing padha gawé kapitunan maring awaké dhéwék.
وَالْمُؤْمِنُوْنَ وَالْمُؤْمِنٰتُ بَعْضُهُمْ اَوْلِيَاۤءُ بَعْضٍۘ يَأْمُرُوْنَ بِالْمَعْرُوْفِ وَيَنْهَوْنَ عَنِ الْمُنْكَرِ وَيُقِيْمُوْنَ الصَّلٰوةَ وَيُؤْتُوْنَ الزَّكٰوةَ وَيُطِيْعُوْنَ اللّٰهَ وَرَسُوْلَهٗ ۗاُولٰۤىِٕكَ سَيَرْحَمُهُمُ اللّٰهُ ۗاِنَّ اللّٰهَ عَزِيْزٌ حَكِيْمٌ٧١
Wal-mu'minūna wal-mu'minātu ba‘ḍuhum auliyā'u ba‘ḍ(in), ya'murūna bil-ma‘rūfi wa yanhauna ‘anil-munkari wa yuqīmūnaṣ-ṣalāta wa yu'tūnaz-zakāta wa yuṭī‘ūnallāha wa rasūlah(ū), ulā'ika sayarḥamuhumullāh(u), innallāha ‘azīzun ḥakīm(un).
[71]
Lan wong-wong sing padha precaya, lanang lan wadon, sebagéané dhéwéké padha dadi penulung tumrap sebagéan liyané. Dhéwéké padha akon (nglakoni) sing becik, lan nyegah sing ala (mungkar), nglakoni sembayang, nglunasi jakat, lan manut maring Gusti Allah lan Utusan-É. Dhéwéké kabéh bakal déparingi welas-asih déning Gusti Allah. Temen, Gusti Allah Mahadigdaya, Mahawicaksana.
وَعَدَ اللّٰهُ الْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنٰتِ جَنّٰتٍ تَجْرِيْ مِنْ تَحْتِهَا الْاَنْهٰرُ خٰلِدِيْنَ فِيْهَا وَمَسٰكِنَ طَيِّبَةً فِيْ جَنّٰتِ عَدْنٍ ۗوَرِضْوَانٌ مِّنَ اللّٰهِ اَكْبَرُ ۗذٰلِكَ هُوَ الْفَوْزُ الْعَظِيْمُ ࣖ٧٢
Wa‘adallāhul-mu'minīna wal-mu'mināti jannātin tajrī min taḥtihal-anhāru khālidīna fīhā wa masākina ṭayyibatan fī jannāti ‘adn(in), wa riḍwānum minallāhi akbar(u), żālika huwal-fauzul-‘aẓīm(u).
[72]
Gusti Allah paring janji maring wong-wong sing padha precaya (mukmin) lanang lan wadon (bakal olih) suwarga sing neng ngisoré mili bengawan-bengawan. Dhéwéké kabéh langgeng neng njeroné, lan (olih) panggonan sing becik neng suwarga Ngaden. Lan karenané Gusti Allah lewih gedhé. Kuwé (temen) kebegyan sing gedhé.
يٰٓاَيُّهَا النَّبِيُّ جَاهِدِ الْكُفَّارَ وَالْمُنٰفِقِيْنَ وَاغْلُظْ عَلَيْهِمْ ۗوَمَأْوٰىهُمْ جَهَنَّمُ وَبِئْسَ الْمَصِيْرُ٧٣
Yā ayyuhan-nabiyyu jāhidil-kuffāra wal-munāfiqīna wagluẓ ‘alaihim, wa ma'wāhum jahannamu wa bi'sal-maṣīr(u).
[73]
Hé Nabi! Lelabuha (jihad) nglawan wong-wong kapir lan munapék, lan temindaka keras maring dhéwéké kabéh. Panggonané dhéwéké kuwé neraka Jahannam lan kuwé seala-alané panggonan bali.
يَحْلِفُوْنَ بِاللّٰهِ مَا قَالُوْا ۗوَلَقَدْ قَالُوْا كَلِمَةَ الْكُفْرِ وَكَفَرُوْا بَعْدَ اِسْلَامِهِمْ وَهَمُّوْا بِمَا لَمْ يَنَالُوْاۚ وَمَا نَقَمُوْٓا اِلَّآ اَنْ اَغْنٰىهُمُ اللّٰهُ وَرَسُوْلُهٗ مِنْ فَضْلِهٖ ۚفَاِنْ يَّتُوْبُوْا يَكُ خَيْرًا لَّهُمْ ۚوَاِنْ يَّتَوَلَّوْا يُعَذِّبْهُمُ اللّٰهُ عَذَابًا اَلِيْمًا فِى الدُّنْيَا وَالْاٰخِرَةِ ۚوَمَا لَهُمْ فِى الْاَرْضِ مِنْ وَّلِيٍّ وَّلَا نَصِيْرٍ٧٤
Yaḥlifūna billāhi mā qālū, wa laqad qālū kalimatal-kufri wa kafarū ba‘da islāmihim wa hammū bimā lam yanālū, wa mā naqamū illā an agnāhumullāhu wa rasūluhū min faḍlih(ī), fa iy yatūbū yaku khairal lahum, wa iy yatawallau yu‘ażżibhumullāhu ‘ażāban alīman fid-dun-yā wal-ākhirah(ti), wa mā lahum fil-arḍi miw waliyyiw wa lā naṣīr(in).
[74]
Dhéwéké kabéh (wong-wong lamis/muna-pék) padha supata kanthi asmané Gusti Allah lamon dhéwéké ora padha ngomong-na (apa-apa sing nglarani Muhammad). Temen, dhéwéké wis padha ngomongna ucapan kekapiran, lan dadi kapir sewisé Islam lan ngarep-arep sing dhéwéké kabéh ora bisa pekolih, 374 lan dhéwéké ora ngala-ala (Gusti Allah lan Utusan-É), sekirané Gusti Allah lan Utusan-É wis paring kanugrahan maring dhéwéké kabéh. Mangka lamon dhéwéké padha tobat, kuwé lewih apik tumrap dhéwéké kabéh lan angger dhéwéké padha mléngos, mesti Gusti Allah bakal nyiksa dhéwéké kabéh kanthi siksa sing perih neng dunya lan akhérat; lan dhéwéké ora padha duwé pengayom lan penulung neng bumi.
374) Dhéwéké kabéh kepéngin merjaya Kanjeng Nabi.
۞ وَمِنْهُمْ مَّنْ عٰهَدَ اللّٰهَ لَىِٕنْ اٰتٰىنَا مِنْ فَضْلِهٖ لَنَصَّدَّقَنَّ وَلَنَكُوْنَنَّ مِنَ الصّٰلِحِيْنَ٧٥
Wa minhum man ‘āhadallāha la'in ātānā min faḍlihī lanaṣṣaddaqanna wa lanakūnanna minaṣ-ṣāliḥīn(a).
[75]
Lan neng antarané dhéwéké kabéh ana wong sing wis janji maring Gusti Allah. “Setemené angger Gusti Allah paring sebagéan sekang kanugrahané maring inyong kabéh mesti inyong padha bakal awéh sedekah lan mesti inyong padha klebu wong-wong sing pantes (saléh)”.
فَلَمَّآ اٰتٰىهُمْ مِّنْ فَضْلِهٖ بَخِلُوْا بِهٖ وَتَوَلَّوْا وَّهُمْ مُّعْرِضُوْنَ٧٦
Falammā ātāhum min faḍlihī bakhilū bihī wa tawallau wa hum mu‘riḍūn(a).
[76]
Rikala Gusti Allah paring maring dhéwéké kabéh sebagéan sekang kanugrahan-É, dhéwéké padha medhit lan mléngos, lan tansah nglawan (bebener).
فَاَعْقَبَهُمْ نِفَاقًا فِيْ قُلُوْبِهِمْ اِلٰى يَوْمِ يَلْقَوْنَهٗ بِمَآ اَخْلَفُوا اللّٰهَ مَا وَعَدُوْهُ وَبِمَا كَانُوْا يَكْذِبُوْنَ٧٧
Fa a‘qabahum nifāqan fī qulūbihim ilā yaumi yalqaunahū bimā akhlafullāha mā wa‘adūhu wa bimā kānū yakżibūn(a).
[77]
Mangka Gusti Allah nancepna sipat lamis (munapék) neng njero atiné dhéwéké kabéh nganti wektuné dhéwéké kabéh nemoni (Penjenengané), merga dhéwéké padha wis mblenjani janji sing wis dhéwéké kabéh ucapna maring Penjenengané lan (uga) merga dhéwéké tansah padha goroh.
اَلَمْ يَعْلَمُوْٓا اَنَّ اللّٰهَ يَعْلَمُ سِرَّهُمْ وَنَجْوٰىهُمْ وَاَنَّ اللّٰهَ عَلَّامُ الْغُيُوْبِ٧٨
Alam ya‘lamū annallāha ya‘lamu sirrahum wa najwāhum wa annallāha ‘allāmul-guyūb(i).
[78]
Apa dhéwéké padha ora mengerténi lamon Gusti Allah mriksani wewadi lan krisikané dhéwéké kabéh, lan lamon Gusti Allah mriksani sekabéhané barang gaib?
اَلَّذِيْنَ يَلْمِزُوْنَ الْمُطَّوِّعِيْنَ مِنَ الْمُؤْمِنِيْنَ فِى الصَّدَقٰتِ وَالَّذِيْنَ لَا يَجِدُوْنَ اِلَّا جُهْدَهُمْ فَيَسْخَرُوْنَ مِنْهُمْ ۗسَخِرَ اللّٰهُ مِنْهُمْ ۖ وَلَهُمْ عَذَابٌ اَلِيْمٌ٧٩
Allażīna yalmizūnal-muṭṭawwi‘īna minal-mu'minīna fiṣ-ṣadaqāti wal-lażīna lā yajidūna illā juhdahum fa yaskharūna minhum, sakhirallāhu minhum, wa lahum ‘ażābun alīm(un).
[79]
(Wong-wong lamis/munapék) yakuwé dhéwéké sing padha nyacad wong-wong precaya sing awéh sedhekah kanthi legawa lan sing (nyacad) wong-wong sing mung pekolih (nggo désedhekahna) sedréma kesanggupané, mangka wong-wong lamis (munapék) kuwé padha ngina maring dhéwéké kabéh. Gusti Allah bakal males pénginané dhéwéké kabéh lan dhéwéké kabéh bakal olih siksa sing perih.
اِسْتَغْفِرْ لَهُمْ اَوْ لَا تَسْتَغْفِرْ لَهُمْۗ اِنْ تَسْتَغْفِرْ لَهُمْ سَبْعِيْنَ مَرَّةً فَلَنْ يَّغْفِرَ اللّٰهُ لَهُمْ ۗذٰلِكَ بِاَنَّهُمْ كَفَرُوْا بِاللّٰهِ وَرَسُوْلِهٖۗ وَاللّٰهُ لَا يَهْدِى الْقَوْمَ الْفٰسِقِيْنَ ࣖ٨٠
Istagfir lahum au lā tastagfir lahum, in tastagfir lahum sab‘īna marratan falay yagfirallāhu lahum, żālika bi'annahum kafarū billāhi wa rasūlih(ī), wallāhu lā yahdil-qaumal-fāsiqīn(a).
[80]
(Padha baé) sliramu (Muhammad) nyuwunaken ampura nggo dhéwéké kabéh utawa ora nyuwunaken ampura nggo dhéwéké. Senajan sliramu nyuwunaken ngampura nggo dhéwéké kabéh ping pitung puluh, Gusti Allah ora bakal paring pangampura maring dhéwéké kuwé. Sing mengkana kuwé merga dhéwéké padha ingkar lan mbangkang (kapir) maring Utusan-É. Lan Gusti Allah ora paring pituduh maring wong-wong sing pasék.
فَرِحَ الْمُخَلَّفُوْنَ بِمَقْعَدِهِمْ خِلٰفَ رَسُوْلِ اللّٰهِ وَكَرِهُوْٓا اَنْ يُّجَاهِدُوْا بِاَمْوَالِهِمْ وَاَنْفُسِهِمْ فِيْ سَبِيْلِ اللّٰهِ وَقَالُوْا لَا تَنْفِرُوْا فِى الْحَرِّۗ قُلْ نَارُ جَهَنَّمَ اَشَدُّ حَرًّاۗ لَوْ كَانُوْا يَفْقَهُوْنَ٨١
Fariḥal-mukhallafūna bimaq‘adihim khilāfa rasūlillāhi wa karihū ay yujāhidū bi'amwālihim wa anfusihim fī sabīlillāhi wa qālū lā tanfirū fil-ḥarr(i), qul nāru jahannama asyaddu ḥarrā(n), lau kānū yafqahūn(a).
[81]
Wong-wong sing détinggalna (ora mélu perang) krasa seneng kanthi padha jagongan sepungkuré Rasulullah. Dhéwéké padha ora seneng lelabuh (jihad) kanthi bandha lan jiwané neng dalané Gusti Allah. Lan dhéwéké padha ngucap, “Aja padha mangkat (lunga perang) neng wektu panas kiyé.” Dhawuha (Muhammad), “Geni neraka kuwé lewih panas,” lamon dhéwéké padha mengerténi.
فَلْيَضْحَكُوْا قَلِيْلًا وَّلْيَبْكُوْا كَثِيْرًاۚ جَزَاۤءًۢ بِمَا كَانُوْا يَكْسِبُوْنَ٨٢
Falyaḍḥakū qalīlaw walyabkū kaṡīrā(n), jazā'am bimā kānū yaksibūn(a).
[82]
Mangka jorna dhéwéké padha gemuyu semendhing lan nangis sing akéh minangka piwalesé apa sing dhéwéké tansah padha pergawé.
فَاِنْ رَّجَعَكَ اللّٰهُ اِلٰى طَاۤىِٕفَةٍ مِّنْهُمْ فَاسْتَأْذَنُوْكَ لِلْخُرُوْجِ فَقُلْ لَّنْ تَخْرُجُوْا مَعِيَ اَبَدًا وَّلَنْ تُقَاتِلُوْا مَعِيَ عَدُوًّاۗ اِنَّكُمْ رَضِيْتُمْ بِالْقُعُوْدِ اَوَّلَ مَرَّةٍۗ فَاقْعُدُوْا مَعَ الْخٰلِفِيْنَ٨٣
Fa ir raja‘akallāhu ilā ṭā'ifatim minhum fasta'żanūka lil-khurūji faqul lan takhrujū ma‘iya abadaw wa lan tuqātilū ma‘iya ‘aduwwā(n), innakum raḍītum bil-qu‘ūdi awwala marrah(tin), faq‘udū ma‘al-khālifīn(a).
[83]
Mangka lamon Gusti Allah mbalékna sliramu (Muhammad) maring sewiji golongan sekang dhéwéké (wong-wong munapék) banjur dhéwéké padha njaluk idin maring sliramu nggo metu (lunga perang), mangka dhawuhna, “Ko kabéh ora kena metu bareng-bareng inyong selawas-lawasé lan ora kena merangi mungsuh bareng inyong. Setemené ko kabéh wis seneng ora lunga (perang) sekang kawitan, merga kuwé njagonga (kéria) bareng wong-wong sing ora mélu (perang).”
وَلَا تُصَلِّ عَلٰٓى اَحَدٍ مِّنْهُمْ مَّاتَ اَبَدًا وَّلَا تَقُمْ عَلٰى قَبْرِهٖۗ اِنَّهُمْ كَفَرُوْا بِاللّٰهِ وَرَسُوْلِهٖ وَمَاتُوْا وَهُمْ فٰسِقُوْنَ٨٤
Wa lā tuṣalli ‘alā aḥadim minhum māta abadaw wa lā taqum ‘alā qabrih(ī), innahum kafarū billāhi wa rasūlihī wa mātū wa hum fāsiqūn(a).
[84]
Lan aja pisan-pisan sliramu (Muhammad) nyembayangi nggo sewijiné wong neng antarané dhéwéké kabéh (wong-wong lamis/ munapék) selawas-lawasé, lan aja jumeneng (ndongakna neng ndhuwur kuburané). Setemené dhéwéké kabéh ingkar maring Gusti Allah lan Utusan-É lan dhéwéké padha mati neng sejeroné kepasékan.
وَلَا تُعْجِبْكَ اَمْوَالُهُمْ وَاَوْلَادُهُمْۗ اِنَّمَا يُرِيْدُ اللّٰهُ اَنْ يُّعَذِّبَهُمْ بِهَا فِى الدُّنْيَا وَتَزْهَقَ اَنْفُسُهُمْ وَهُمْ كٰفِرُوْنَ٨٥
Wa lā tu‘jibka amwāluhum wa lā aulāduhum, innamā yurīdullāhu ay yu‘ażżibahum bihā fid-dun-yā wa tazhaqa anfusuhum wa hum kāfirūn(a).
[85]
Lan aja pisan-pisan sliramu gumun maring bandha lan anak-anaké dhéwéké kabéh. Setemené kanthi kuwé Gusti Allah ngersakna bakal nyiksa dhéwéké kabéh neng dunya lan supayané nyawané dhéwéké kabéh mabur mangkané dhéwéké padha neng kahanan kapir.
وَاِذَآ اُنْزِلَتْ سُوْرَةٌ اَنْ اٰمِنُوْا بِاللّٰهِ وَجَاهِدُوْا مَعَ رَسُوْلِهِ اسْتَأْذَنَكَ اُولُوا الطَّوْلِ مِنْهُمْ وَقَالُوْا ذَرْنَا نَكُنْ مَّعَ الْقٰعِدِيْنَ٨٦
Wa iżā unzilat sūratun an āminū billāhi wa jāhidū ma‘a rasūlihista'żanaka uluṭ-ṭauli minhum wa qālū żarnā nakum ma‘al-qā‘idīn(a).
[86]
Lan rikala déturunaken sewijiné surah (sing mréntahna maring wong-wong munapék), “Padha precayaa (precaya) maring Gusti Allah lan lelabuha (jihad) bareng karo Utusan-É,” mesthi wong-wong sugih lan duwé pangaribawa neng antarané dhéwéké padha njaluk idin maring sliramu (seperlu ora mélu perang) lan dhéwéké padha ngucap, “Jorna inyong kabéh bareng-bareng karo wong-wong sing padha jagongan (kéri neng umah).”
رَضُوْا بِاَنْ يَّكُوْنُوْا مَعَ الْخَوَالِفِ وَطُبِعَ عَلٰى قُلُوْبِهِمْ فَهُمْ لَا يَفْقَهُوْنَ٨٧
Raḍū bi'ay yakūnū ma‘al-khawālifi wa ṭubi‘a ‘alā qulūbihim fahum lā yafqahūn(a).
[87]
Dhéwéké kabéh padha seneng bareng-bareng karo wong-wong sing ora lunga perang 375 lan atiné dhéwéké padha ketutup nganti dhéwéké padha ora mengerténi (kebegyan precaya lan jihad).
375) Wong wadon, bocah-bocah, wong sing ora pideksa, wong sing pilara lan wong tuwa.
لٰكِنِ الرَّسُوْلُ وَالَّذِيْنَ اٰمَنُوْا مَعَهٗ جَاهَدُوْا بِاَمْوَالِهِمْ وَاَنْفُسِهِمْۗ وَاُولٰۤىِٕكَ لَهُمُ الْخَيْرٰتُ ۖوَاُولٰۤىِٕكَ هُمُ الْمُفْلِحُوْنَ٨٨
Lākinir-rasūlu wal-lażīna āmanū ma‘ahū jāhadū bi'amwālihim wa anfusihim, wa ulā'ika lahumul-khairāt(u), wa ulā'ika humul-mufliḥūn(a).
[88]
Ning Utusan lan wong-wong sing padha precaya bareng-bareng slirané, dhéwéké padha lelabuh (jihad) kanthi bandha lan jiwané. Dhéwéké kabéh kuwé olih kebecikan. Dhéwéké kabéh wong-wong sing begya.
اَعَدَّ اللّٰهُ لَهُمْ جَنّٰتٍ تَجْرِيْ مِنْ تَحْتِهَا الْاَنْهٰرُ خٰلِدِيْنَ فِيْهَاۗ ذٰلِكَ الْفَوْزُ الْعَظِيْمُ ࣖ٨٩
A‘addallāhu lahum jannātin tajrī min taḥtihal-anhāru khālidīna fīhā, żālikal-fauzul-‘aẓīm(u).
[89]
Gusti Allah wis nyedhiakna nggo dhéwéké kabéh suwarga sing neng ngisoré mili bengawan-bengawan. Dhéwéké kabéh langgeng neng njeroné. Kuwé (mau dadi) kebegyan sing agung.
وَجَاۤءَ الْمُعَذِّرُوْنَ مِنَ الْاَعْرَابِ لِيُؤْذَنَ لَهُمْ وَقَعَدَ الَّذِيْنَ كَذَبُوا اللّٰهَ وَرَسُوْلَهٗ ۗسَيُصِيْبُ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا مِنْهُمْ عَذَابٌ اَلِيْمٌ٩٠
Wa jā'al-mu‘ażżirūna minal-a‘rābi liyu'żana lahum wa qa‘adal-lażīna każabullāha wa rasūlah(ū), sayuṣībul-lażīna kafarū minhum ‘ażābun alīm(un).
[90]
Lan neng antarané wong Arab Baduwi teka (maring Kanjeng Nabi) ngaturaken alesan supayané déparingi idin (ora lunga perang), aridéné wong-wong sing nggorohna Gusti Allah lan Utusan-É padha njagong meneng baé. Mbésuk wong-wong sing mbangkang (kapir) neng antarané dhéwéké bakal padha ketiban siksa sing perih.
لَيْسَ عَلَى الضُّعَفَاۤءِ وَلَا عَلَى الْمَرْضٰى وَلَا عَلَى الَّذِيْنَ لَا يَجِدُوْنَ مَا يُنْفِقُوْنَ حَرَجٌ اِذَا نَصَحُوْا لِلّٰهِ وَرَسُوْلِهٖۗ مَا عَلَى الْمُحْسِنِيْنَ مِنْ سَبِيْلٍ ۗوَاللّٰهُ غَفُوْرٌ رَّحِيْمٌۙ٩١
Laisa ‘alaḍ-ḍu‘afā'i wa lā ‘alal-marḍā wa lā ‘alal-lażīna lā yajidūna mā yunfiqūna ḥarajun iżā naṣaḥū lillāhi wa rasūlih(ī), mā ‘alal-muḥsinīna min sabīl(in), wallāhu gafūrur raḥīm(un).
[91]
Ora dosa (merga ora lunga perang) tumrap wong-wong sing ora pideksa, wong-wong sing padha lara, lan wong-wong sing ora pekolih apa sing bakal dhéwéké sumbangna (inpak), angger dhéwéké padha tulus maring Gusti Allah lan Utusan-É. Ora nana alesan apa-apa nggo nyalahna wong-wong sing nglakoni kebecikan. Lan Gusti Allah Maha Ngampura, Mahaasih,
وَّلَا عَلَى الَّذِيْنَ اِذَا مَآ اَتَوْكَ لِتَحْمِلَهُمْ قُلْتَ لَآ اَجِدُ مَآ اَحْمِلُكُمْ عَلَيْهِ ۖتَوَلَّوْا وَّاَعْيُنُهُمْ تَفِيْضُ مِنَ الدَّمْعِ حَزَنًا اَلَّا يَجِدُوْا مَا يُنْفِقُوْنَۗ٩٢
Wa lā ‘alal-lażīna iżā mā atauka litaḥmilahum qulta lā ajidu mā aḥmilukum ‘alaih(i), tawallau wa a‘yunuhum tafīḍu minad dam‘i ḥazanan allā yajidū mā yunfiqūn(a).
[92]
Lan ora nana (uga) dosa tumrap wong-wong sing teka maring sliramu (Muhammad), supayané sliramu paring tumpakan maring dhéwéké kabéh, banjur sliramu dhawuh, “Inyong ora olih tumpakan nggo nggawa ko kabéh.” Banjur dhéwéké padha mbalik, lan matané padha mrebes mili merga trenyuh jalaran dhéwéké kabéh ora pekolih apa sing bakal dhéwéké sumbangna (nggo mélu perang).
۞ اِنَّمَا السَّبِيْلُ عَلَى الَّذِيْنَ يَسْتَأْذِنُوْنَكَ وَهُمْ اَغْنِيَاۤءُۚ رَضُوْا بِاَنْ يَّكُوْنُوْا مَعَ الْخَوَالِفِۙ وَطَبَعَ اللّٰهُ عَلٰى قُلُوْبِهِمْ فَهُمْ لَا يَعْلَمُوْنَ ۔٩٣
Innamas-sabīlu ‘alal-lażīna yasta'żinūnaka wa hum agniyā'(u), raḍū bi'ay yakūnū ma‘al-khawālif(i), wa ṭaba‘allāhu ‘alā qulūbihim fahum lā ya‘lamūn(a).
[93]
Setemené alésan (nggo nyalahna) mung tumrap wong-wong sing njaluk idin maring sliramu (nggo ora mélu perang), mangkané dhéwéké kabéh wong-wong sugih. Dhéwé-ké padha seneng bareng wong-wong sing ora mélu perang lan Gusti Allah wis ngunci atiné dhéwéké kabéh saéngga dhéwéké padha ora mengerténi (akibat penggawéané).
يَعْتَذِرُوْنَ اِلَيْكُمْ اِذَا رَجَعْتُمْ اِلَيْهِمْ ۗ قُلْ لَّا تَعْتَذِرُوْا لَنْ نُّؤْمِنَ لَكُمْ قَدْ نَبَّاَنَا اللّٰهُ مِنْ اَخْبَارِكُمْ وَسَيَرَى اللّٰهُ عَمَلَكُمْ وَرَسُوْلُهٗ ثُمَّ تُرَدُّوْنَ اِلٰى عٰلِمِ الْغَيْبِ وَالشَّهَادَةِ فَيُنَبِّئُكُمْ بِمَا كُنْتُمْ تَعْمَلُوْنَ٩٤
Ya‘tażirūna ilaikum iżā raja‘tum ilaihim, qul lā ta‘tażirū lan nu'mina lakum qad nabba'anallāhu min akhbārikum wa sayarallāhu ‘amalakum wa rasūluhū ṡumma turaddūna ilā ‘ālimil-gaibi wasy-syahādati fa yunabbi'ukum bimā kuntum ta‘malūn(a).
[94]
Dhéwéké kabéh (wong-wong lamis/ munapék sing ora mélu perang) bakal aweh alésan maring sliramu rikala sliramu wis bali maring dhéwéké kabéh. Dhawuha (Muhammad), “Aja awéh alesan, inyong padha ora precaya maring ko kabéh, setemené Gusti Allah wis paring weruh maring inyong kabéh ngenani wertamu, lan Gusti Allah bakal mriksani penggawéanmu kabéh lan (semena uda) Utusan-É, banjur ko padha débalékna maring Gusti Allah Sing Maha Mriksani samubarang sing samar (gaib) lan sing nyata, banjur Penjenengané paring werta maring ko (ngenani) apa sing wis ko padha pergawé.
سَيَحْلِفُوْنَ بِاللّٰهِ لَكُمْ اِذَا انْقَلَبْتُمْ اِلَيْهِمْ لِتُعْرِضُوْا عَنْهُمْ ۗ فَاَعْرِضُوْا عَنْهُمْ ۗ اِنَّهُمْ رِجْسٌۙ وَّمَأْوٰىهُمْ جَهَنَّمُ جَزَاۤءً ۢبِمَا كَانُوْا يَكْسِبُوْنَ٩٥
Sayaḥlifūna billāhi lakum iżanqalabtum ilaihim litu‘riḍū ‘anhum, fa a‘riḍū ‘anhum, innahum rijs(un), wa ma'wāhum jahannamu jazā'am bimā kānū yaksibūn(a).
[95]
Dhéwéké bakal padha supata maring sliramu nganggo asmané Gusti Allah rikala sliramu bali maring dhéwéké kabéh, supayané sliramu mléngos sekang dhéwéké. Mangka mléngosa sekang dhéwéké kabéh, merga setemené dhéwéké kuwé jiwané kotor lan panggonané dhéwéké neraka Jahanam, minangka piwales ingatasé apa sing wis dhéwéké padha pergawé.
يَحْلِفُوْنَ لَكُمْ لِتَرْضَوْا عَنْهُمْ ۚفَاِنْ تَرْضَوْا عَنْهُمْ فَاِنَّ اللّٰهَ لَا يَرْضٰى عَنِ الْقَوْمِ الْفٰسِقِيْنَ٩٦
Yaḥlifūna lakum litarḍau ‘anhum, fa in tarḍau ‘anhum fa innallāha lā yarḍā ‘anil-qaumil-fāsiqīn(a).
[96]
Dhéwéké bakal padha supata maring sliramu supayané sliramu kersa nampa dhéwéké kabéh. Ning senajan sliramu nampa dhéwéké kabéh, Gusti Allah ora bakal karenan maring wong-wong pasék.
اَلْاَعْرَابُ اَشَدُّ كُفْرًا وَّنِفَاقًا وَّاَجْدَرُ اَلَّا يَعْلَمُوْا حُدُوْدَ مَآ اَنْزَلَ اللّٰهُ عَلٰى رَسُوْلِهٖ ۗوَاللّٰهُ عَلِيْمٌ حَكِيْمٌ٩٧
Al-a‘rābu asyaddu kufraw wa nifāqaw wa ajdaru allā ya‘lamū ḥudūda mā anzalallāhu ‘alā rasūlih(ī), wallāhu ‘alīmun ḥakīm(un).
[97]
Wong-wong Arab Baduwi kuwé lewih kuwat kapiré lan munapéké lan lewih pantes ora mengerténi hukum-hukum sing déturunaken déning Gusti Allah maring Utusan-É. Gusti Allah Maha Ngawuningani, Mahawicaksana
وَمِنَ الْاَعْرَابِ مَنْ يَّتَّخِذُ مَا يُنْفِقُ مَغْرَمًا وَّيَتَرَبَّصُ بِكُمُ الدَّوَاۤىِٕرَ ۗعَلَيْهِمْ دَاۤىِٕرَةُ السَّوْءِ ۗوَاللّٰهُ سَمِيْعٌ عَلِيْمٌ٩٨
Wa minal-a‘rābi may yattakhiżu mā yunfiqu magramaw wa yatarabbaṣu bikumud-dawā'ir(a), ‘alaihim dā'iratus-sau'(i), wallāhu samī‘un ‘alīm(un).
[98]
Lan neng antarané wong-wong Arab Baduwi kuwé ana sing ora nganggep apa sing désumbangna (infak) neng dalané Gusti Allah dadi kapitunan; dhéwéké ngarep-arep bebaya sing bakal ngenani sliramu, (ning) dhéwéké sing padha bakal détibani bebaya. Gusti Allah Maha Midhanget, Maha Ngawuningani.
وَمِنَ الْاَعْرَابِ مَنْ يُّؤْمِنُ بِاللّٰهِ وَالْيَوْمِ الْاٰخِرِ وَيَتَّخِذُ مَا يُنْفِقُ قُرُبٰتٍ عِنْدَ اللّٰهِ وَصَلَوٰتِ الرَّسُوْلِ ۗ اَلَآ اِنَّهَا قُرْبَةٌ لَّهُمْ ۗ سَيُدْخِلُهُمُ اللّٰهُ فِيْ رَحْمَتِهٖ ۗاِنَّ اللّٰهَ غَفُوْرٌ رَّحِيْمٌ ࣖ٩٩
Wa minal-a‘rābi may yu'minu billāhi wal-yaumil-ākhiri wa yattakhiżu mā yunfiqu qurubātin ‘indallāhi wa ṣalawātir-rasūl(i), alā innahā qurbatul lahum, sayudkhiluhumullāhu fī raḥmatih(ī), innallāha gafūrur raḥīm(un).
[99]
Lan neng antarané wong-wong Arab Baduwi kuwé ana sing precaya maring Gusti Allah lan dina wekasan lan nganggep apa sing désumbangna (infak neng dalané Gusti Allah) dadi dalan nggo mérekna awaké maring Gusti Allah lan minangka dalan nggo (mekolih) dongané Utusan. Mengertia, setemené sumbangan (infak) kuwé sewijiné dalan tumrap dhéwéké kabéh nggo mérekna awaké maring Gusti Allah. Mbésuk Gusti Allah bakal nglebokna dhéwéké kabéh maring njero welas-asihé Gusti Allah (suwargané Gusti Allah); setemené Gusti Allah Maha Ngampura. Mahaasih.
وَالسّٰبِقُوْنَ الْاَوَّلُوْنَ مِنَ الْمُهٰجِرِيْنَ وَالْاَنْصَارِ وَالَّذِيْنَ اتَّبَعُوْهُمْ بِاِحْسَانٍۙ رَّضِيَ اللّٰهُ عَنْهُمْ وَرَضُوْا عَنْهُ وَاَعَدَّ لَهُمْ جَنّٰتٍ تَجْرِيْ تَحْتَهَا الْاَنْهٰرُ خٰلِدِيْنَ فِيْهَآ اَبَدًا ۗذٰلِكَ الْفَوْزُ الْعَظِيْمُ١٠٠
Was-sābiqūnal-awwalūna minal-muhājirīna wal-anṣāri wal-lażīnattaba‘ūhum bi'iḥsān(in), raḍiyallāhu ‘anhum wa raḍū ‘anhu wa a‘adda lahum jannātin tajrī taḥtahal-anhāru khālidīna fīhā abadā(n), żālikal-fauzul-‘aẓīm(u).
[100]
Lan wong-wong sing dhisit tur sing kawitan (mlebu Islam) neng antarané wong-wong boyongan (muhajirin) lan sing padha tulung (anshar) lan wong-wong sing ngetutna dhéwéké kanthi becik, Gusti Allah karenan maring dhéwéké kabéh lan dhéwéké uga padha bombong maring Gusti Allah. Gusti Allah wis nyedhiakna nggo dhéwéké kabéh suwarga-suwarga sing neng ngisoré mili bengawan-bengawan. Dhéwéké kabéh langgeng neng njeroné selawas-lawasé. Kuwé mau (dadi) kebegyan sing agung.
وَمِمَّنْ حَوْلَكُمْ مِّنَ الْاَعْرَابِ مُنٰفِقُوْنَ ۗوَمِنْ اَهْلِ الْمَدِيْنَةِ مَرَدُوْا عَلَى النِّفَاقِۗ لَا تَعْلَمُهُمْۗ نَحْنُ نَعْلَمُهُمْۗ سَنُعَذِّبُهُمْ مَّرَّتَيْنِ ثُمَّ يُرَدُّوْنَ اِلٰى عَذَابٍ عَظِيْمٍ ۚ١٠١
Wa mimman ḥaulakum minal-a‘rābi munāfiqūn(a),wa min ahlil-madīnati maradū ‘alan nifāq(i), lā ta‘lamuhum, naḥnu na‘lamuhum, sanu‘ażżibuhum marrataini ṡumma yuraddūna ilā ‘ażābin ‘aẓīm(in).
[101]
Lan neng antarané wong-wong Arab Baduwi sing (manggon) neng sekiwé-tengenmu, ana wong-wong lamis (munapék). Lan neng antarané warga Medinah (ana uga wong-wong munapék), dhéwéké kabéh kebangeten olihé munapék. Sliramu (Muhammad) ora mengerténi dhéwéké kabéh, ning Ingsun mengerténi dhéwéké. Mengko dhéwéké kabéh bakal Ingsun siksa ping pindho, banjur dhéwéké bakal padha débalékna maring siksa sing gedhé.
وَاٰخَرُوْنَ اعْتَرَفُوْا بِذُنُوْبِهِمْ خَلَطُوْا عَمَلًا صَالِحًا وَّاٰخَرَ سَيِّئًاۗ عَسَى اللّٰهُ اَنْ يَّتُوْبَ عَلَيْهِمْۗ اِنَّ اللّٰهَ غَفُوْرٌ رَّحِيْمٌ١٠٢
Wa ākharūna‘tarafū biżunūbihim khalaṭū ‘amalan ṣāliḥaw wa ākhara sayyi'ā(n), ‘asallāhu ay yatūba ‘alaihim, innallāha gafūrur raḥīm(un).
[102]
Lan (ana uga) wong liya sing ngakoni dosa-dosané, dhéwéké padha nyampur-bawur penggawéan sing apik karo penggawéan liya sing ala. Moga-moga Gusti Allah kersa nampa tobaté dhéwéké kabéh. Setemené Gusti Allah Maha Ngampura, Mahawelas.
خُذْ مِنْ اَمْوَالِهِمْ صَدَقَةً تُطَهِّرُهُمْ وَتُزَكِّيْهِمْ بِهَا وَصَلِّ عَلَيْهِمْۗ اِنَّ صَلٰوتَكَ سَكَنٌ لَّهُمْۗ وَاللّٰهُ سَمِيْعٌ عَلِيْمٌ١٠٣
Khuż min amwālihim ṣadaqatan tuṭahhiruhum wa tuzakkīhim bihā wa ṣalli ‘alaihim, inna ṣalātaka sakanul lahum, wallāhu samī‘un ‘alīm(un).
[103]
Jikoten jakat sekang bandhané dhéwéké kabéh nggo mbrésihna 376 lan nyucékna 377 dhéwéké kabéh, lan nyenyuwuna nggo dhéwéké kabéh. Setemené penyuwunmu kuwé (nuwuhna) ketentreman jiwa tumrap dhéwéké. Gusti Allah Maha Midhanget, Maha Ngawuningani.
376) Jakat mbresihna dhéwéké kabéh sekang sipat medhit lan mata dunya.
377) Jakat nyuburna sipat-sipat apik neng njero atiné dhéwéké kabéh lan ngrembakakna bandhané.
اَلَمْ يَعْلَمُوْٓا اَنَّ اللّٰهَ هُوَ يَقْبَلُ التَّوْبَةَ عَنْ عِبَادِهٖ وَيَأْخُذُ الصَّدَقٰتِ وَاَنَّ اللّٰهَ هُوَ التَّوَّابُ الرَّحِيْمُ١٠٤
Alam ya‘lamū annallāha huwa yaqbalut-taubata ‘an ‘ibādihī wa ya'khużuṣ-ṣadaqāti wa annallāha huwat-tawwābur-raḥīm(u).
[104]
Apa dhéwéké padha ora ngerti lamon Gusti Allah kuwé nampa tobaté para kawula-Né lan nampa jakaté, lan lamon Gusti Allah Maha Nampa Tobat, Mahawelas?
وَقُلِ اعْمَلُوْا فَسَيَرَى اللّٰهُ عَمَلَكُمْ وَرَسُوْلُهٗ وَالْمُؤْمِنُوْنَۗ وَسَتُرَدُّوْنَ اِلٰى عٰلِمِ الْغَيْبِ وَالشَّهَادَةِ فَيُنَبِّئُكُمْ بِمَا كُنْتُمْ تَعْمَلُوْنَۚ١٠٥
Wa quli‘malū fa sayarallāhu ‘amalakum wa rasūluhū wal-mu'minūn(a), wa saturaddūna ilā ‘ālimil-gaibi wasy-syahādati fa yunabbi'ukum bimā kuntum ta‘malūn(a).
[105]
Lan ucapna, “Nyambut gawéa ko kabéh, mangka Gusti Allah bakal mriksani pegawéanmu, semana uga utusan-É lan wong-wong mukmin, lan ko bakal padha débalékna maring Gusti Allah sing Maha Ngawuningani sing samar (gaib) lan sing nyata, banjur Gusti Allah bakal paring werta maring ko kabéh apa sing wis ko padha pergawé.”
وَاٰخَرُوْنَ مُرْجَوْنَ لِاَمْرِ اللّٰهِ اِمَّا يُعَذِّبُهُمْ وَاِمَّا يَتُوْبُ عَلَيْهِمْۗ وَاللّٰهُ عَلِيْمٌ حَكِيْمٌ١٠٦
Wa ākharūna murjaunal li'amrillāhi immā yu‘ażżibuhum wa immā yatūbu ‘alaihim, wallāhu ‘alīmun ḥakīm(un).
[106]
Lan ana (uga) wong-wong liya sing désemayani nganti ana keputusané Gusti Allah; bisa baé Gusti Allah bakal paring siksa maring dhéwéké kabéh lan bisa baé Gusti Allah bakal nampa tobaté dhéwéké kabéh. Gusti Allah Maha Ngawuningani, Mahawicaksana.
وَالَّذِيْنَ اتَّخَذُوْا مَسْجِدًا ضِرَارًا وَّكُفْرًا وَّتَفْرِيْقًاۢ بَيْنَ الْمُؤْمِنِيْنَ وَاِرْصَادًا لِّمَنْ حَارَبَ اللّٰهَ وَرَسُوْلَهٗ مِنْ قَبْلُ ۗوَلَيَحْلِفُنَّ اِنْ اَرَدْنَآ اِلَّا الْحُسْنٰىۗ وَاللّٰهُ يَشْهَدُ اِنَّهُمْ لَكٰذِبُوْنَ١٠٧
Wal-lażīnattakhażū masjidan ḍirāraw wa kufraw wa tafrīqam bainal-mu'minīna wa irṣādal liman ḥāraballāha wa rasūlahū min qabl(u), wa layaḥlifunna in aradnā illal-ḥusnā, wallāhu yasyhadu innahum lakāżibūn(a).
[107]
Lan (neng antarané wong-wong lamis/ munapék kuwé) ana sing mbangun mesjid nggo gawé kerusakan (tumrap wong-wong sing padha precaya), nggo kekapiran, lan nggo gawé bubrah antarané wong-wong sing precaya lan nggo ngenténi tekané wong-wong sing wis merangi Gusti Allah lan Utusan-É kawit gemiyén 378 . Dhéwéké kanthi cetha padha sumpah, “Inyong kabéh mung kepéngin kebecikan.” Lan Gusti Allah dadi seksi lamon dhéwéké padha goroh (neng njero sumpahé).
378) Sing démaksud karo wong sing merangi Gusti Allah lan Utusan-É kawit gemiyén, yakuwé sewiji pendhita Nasrani sing jeneng Abu Amir sing dhéwéké padha ngenténi tekané wong sekang Syiria nggo nglakoni sembayang neng mesjid sing débangun neng dhéwéké, temuli nggawa tentara Romawi sing bakal merangi kaum muslimin. Ning Abu Amir ora sida teka, merga dhéwéké mati neng Syiria. Lan mesjid sing débangun neng kaum munapék kuwé dérubuhna kanthi dhawuhé Nabi. Ngepasi karo wahyu sing détampa sewisé kondur sekang perang Tabuk.
لَا تَقُمْ فِيْهِ اَبَدًاۗ لَمَسْجِدٌ اُسِّسَ عَلَى التَّقْوٰى مِنْ اَوَّلِ يَوْمٍ اَحَقُّ اَنْ تَقُوْمَ فِيْهِۗ فِيْهِ رِجَالٌ يُّحِبُّوْنَ اَنْ يَّتَطَهَّرُوْاۗ وَاللّٰهُ يُحِبُّ الْمُطَّهِّرِيْنَ١٠٨
Lā taqum fīhi abadā(n), lamasjidun ussisa ‘alat-taqwā min awwali yaumin aḥaqqu an taqūma fīh(i), fīhi rijāluy yuḥibbūna ay yataṭahharū, wallāhu yuḥibbul-muṭṭahhirīn(a).
[108]
Aja pisan-pisan sliramu nglakoni sembayang neng mesjid kuwé selawasé. Temen, mesjid sing débangun kanthi dhasar semarah (takwa), wiwit dina kawitan kuwé lewih pantes sliramu ngelakoni sembayang neng njeroné. Neng jeroné ana wong-wong sing kepéngin mbrésihna awaké. Gusti Allah karenan (maring) wong wong-sing bresih.
اَفَمَنْ اَسَّسَ بُنْيَانَهٗ عَلٰى تَقْوٰى مِنَ اللّٰهِ وَرِضْوَانٍ خَيْرٌ اَمْ مَّنْ اَسَّسَ بُنْيَانَهٗ عَلٰى شَفَا جُرُفٍ هَارٍ فَانْهَارَ بِهٖ فِيْ نَارِ جَهَنَّمَۗ وَاللّٰهُ لَا يَهْدِى الْقَوْمَ الظّٰلِمِيْنَ١٠٩
Afaman assasa bun-yānahū ‘alā taqwā minallāhi wa riḍwānin khairun am man assasa bun-yānahū ‘alā syafā jurufin hārin fanhāra bihī fī nāri jahannam(a), wallāhu lā yahdil-qaumaẓ-ẓālimīn(a).
[109]
Mangka apa wong-wong sing padha ngedegna mesjid kanthi dhasar semarah (takwa) maring Gusti Allah lan karenan-É kuwé lewih apik, utawa wong-wong sing ngedegna bangunan neng pinggir jurang sing gugur, banjur (bangunan) kuwé ambruk bareng-bareng karo dhéwéké maring njeroné Jahanam? Gusti Allah ora paring pituduh maring wong-wong sing aniaya (dolim).
لَا يَزَالُ بُنْيَانُهُمُ الَّذِيْ بَنَوْا رِيْبَةً فِيْ قُلُوْبِهِمْ اِلَّآ اَنْ تَقَطَّعَ قُلُوْبُهُمْۗ وَاللّٰهُ عَلِيْمٌ حَكِيْمٌ ࣖ١١٠
Lā yazālu bun-yānuhumul-lażī banau rībatan fī qulūbihim illā an taqaṭṭa‘a qulūbuhum, wallāhu ‘alīmun ḥakīm(un).
[110]
Bangunan sing dhéwéké padha degna kuwé selawasé dadi merga kemamangan neng atiné dhéwéké kabéh, nganti atiné dhéwéké padha remuk 379 . Lan Gusti Allah Maha Ngawuningani, Mahawicaksana.
379) Nganti dhéwéké kabéh mati. Ana sing napsirna lamon dhéwéké kabéh ora bisa tobat maning.
۞ اِنَّ اللّٰهَ اشْتَرٰى مِنَ الْمُؤْمِنِيْنَ اَنْفُسَهُمْ وَاَمْوَالَهُمْ بِاَنَّ لَهُمُ الْجَنَّةَۗ يُقَاتِلُوْنَ فِيْ سَبِيْلِ اللّٰهِ فَيَقْتُلُوْنَ وَيُقْتَلُوْنَ وَعْدًا عَلَيْهِ حَقًّا فِى التَّوْرٰىةِ وَالْاِنْجِيْلِ وَالْقُرْاٰنِۗ وَمَنْ اَوْفٰى بِعَهْدِهٖ مِنَ اللّٰهِ فَاسْتَبْشِرُوْا بِبَيْعِكُمُ الَّذِيْ بَايَعْتُمْ بِهٖۗ وَذٰلِكَ هُوَ الْفَوْزُ الْعَظِيْمُ١١١
Innallāhasytarā minal-mu'minīna anfusahum wa amwālahum bi'anna lahumul-jannah(ta), yuqātilūna fī sabīlillāhi fa yaqtulūna wa yuqtalūna wa‘dan ‘alaihi ḥaqqan fit-taurāti wal-injīli wal-qur'ān(i), wa man aufā bi‘ahdihī minallāhi fastabsyirū bibai‘ikumul-lażī bāya‘tum bih(ī), wa żālika huwal-fauzul-‘aẓīm(u).
[111]
Setemené Gusti Allah mundhut sekang wong-wong mukmin ya awaké ya bandhané kanthi maringi suwarga nggo dhéwéké kabéh. Dhéwéké padha perang neng dalané Gusti Allah, nganti dhéwéké padha maténi utawa dépaténi, (minangka) janji sing bener sekang Gusti Allah neng Taurat, Injil lan Al-Qur’an. Lan sapa sing lewih nuhoni janjiné seliyané Gusti Allah? Mangka padha bungaha kanthi dol-tinuku sing wis ko padha lakokna, lan sing kaya kuwé mau kebegyan sing agung.
اَلتَّاۤىِٕبُوْنَ الْعٰبِدُوْنَ الْحٰمِدُوْنَ السَّاۤىِٕحُوْنَ الرّٰكِعُوْنَ السّٰجِدُوْنَ الْاٰمِرُوْنَ بِالْمَعْرُوْفِ وَالنَّاهُوْنَ عَنِ الْمُنْكَرِ وَالْحٰفِظُوْنَ لِحُدُوْدِ اللّٰهِ ۗوَبَشِّرِ الْمُؤْمِنِيْنَ١١٢
At tā'ibūnal-‘ābidul-ḥāmidūnas-sā'iḥūnar-rāki‘ūnas-sājidūnal-āmirūna bil-ma‘rūfi wan-nāhūna ‘anil-munkari wal-ḥāfiẓūna liḥudūdillāh(i), wa basysyiril-mu'minīn(a).
[112]
Dhéwéké kabéh kuwé wong-wong sing tobat, ngabekti (ngibadah), ngalembana (maring Gusti Allah), lungan nggo (golét) ilmu lan agama 380 , ruku’, sujud, mréntah nglakoni sing apik lan nyegah sekang sing ala (mungkar), lan sing ngreksa hukum hukumé Gusti Allah. Lan awéha kabar bebungah nggo wong-wong sing padha precaya.
380) Ana uga sing napsirna karo wong sing padha puasa.
مَا كَانَ لِلنَّبِيِّ وَالَّذِيْنَ اٰمَنُوْٓا اَنْ يَّسْتَغْفِرُوْا لِلْمُشْرِكِيْنَ وَلَوْ كَانُوْٓا اُولِيْ قُرْبٰى مِنْۢ بَعْدِ مَا تَبَيَّنَ لَهُمْ اَنَّهُمْ اَصْحٰبُ الْجَحِيْمِ١١٣
Mā kāna lin-nabiyyi wal-lażīna āmanū ay yastagfirū lil-musyrikīna wa lau kānū ulī qurbā mim ba‘di mā tabayyana lahum annahum aṣḥābul-jaḥīm(i).
[113]
Ora pantes tumrap Kanjeng Nabi lan nggo wong-wong sing padha precaya nyuwunaken pengampura (maring Gusti Allah) nggo wong-wong sing mangro-tingal (musrik) senajan wong-wong kuwé kerabaté, sewisé genah tumrap dhéwéké kabéh lamon wong-wong musrik kuwé manggoné neng neraka Jahanam.
وَمَا كَانَ اسْتِغْفَارُ اِبْرٰهِيْمَ لِاَبِيْهِ اِلَّا عَنْ مَّوْعِدَةٍ وَّعَدَهَآ اِيَّاهُۚ فَلَمَّا تَبَيَّنَ لَهٗٓ اَنَّهٗ عَدُوٌّ لِّلّٰهِ تَبَرَّاَ مِنْهُۗ اِنَّ اِبْرٰهِيْمَ لَاَوَّاهٌ حَلِيْمٌ١١٤
Wa mā kānastigfāru ibrāhīma li'abīhi illā ‘am mau‘idatiw wa‘adahā iyyāh(u), falammā tabayyana lahū annahū ‘aduwwul lillāhi tabarra'a minh(u), inna ibrāhīma la'awwāhun ḥalīm(un).
[114]
Anadéné penyuwunan pengampurané Ibrahim (maring Gusti Allah) nggo ramané, ora liya mung merga sewijiné janji sing wis déucapna maring ramané. Mangka rikala wis genah tumrap Ibrahim lamon ramané kuwé satruné Gusti Allah, mangka Ibrahim ora cawé-cawé maring dhéwéké. Setemené Ibrahim sewijiné wong sing banget alus atiné tur aris.
وَمَا كَانَ اللّٰهُ لِيُضِلَّ قَوْمًاۢ بَعْدَ اِذْ هَدٰىهُمْ حَتّٰى يُبَيِّنَ لَهُمْ مَّا يَتَّقُوْنَۗ اِنَّ اللّٰهَ بِكُلِّ شَيْءٍ عَلِيْمٌ١١٥
Wa mā kānallāhu liyuḍilla qaumam ba‘da iż hadāhum ḥattā yubayyina lahum mā yattaqūn(a), innallāha bikulli syai'in ‘alīm(un).
[115]
Lan Gusti Allah ora pisan-pisan bakal nyasarna sewiji kaum, sewisé dhéwéké Penjenengané paringi pituduh, saéngga bisa déterangna maring dhéwéké kabéh apa sing kudu padha dédohi. 381 Temen, Gusti Allah Maha Ngawuningani samubarang kabéh.
381) Sewiji kawula ora bakal désiksa déning Gusti Allah kur sebab kesasaré. Kejaba angger kawula kuwé nerjang dhawuh-dhawuh sing wis déjelasna.
اِنَّ اللّٰهَ لَهٗ مُلْكُ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِۗ يُحْيٖ وَيُمِيْتُۗ وَمَا لَكُمْ مِّنْ دُوْنِ اللّٰهِ مِنْ وَّلِيٍّ وَّلَا نَصِيْرٍ١١٦
Innallāha lahū mulkus-samāwāti wal-arḍ(i), yuḥyī wa yumīt(u), wa mā lakum min dūnillāhi miw waliyyiw wa lā naṣīr(in).
[116]
Setemené Gusti Allah ngasta kekuwasan langit lan bumi. Penjenengané nguripna lan matékna. Ora nana pengayom lan penulung nggo ko kabéh kejaba Gusti Allah.
لَقَدْ تَّابَ اللّٰهُ عَلَى النَّبِيِّ وَالْمُهٰجِرِيْنَ وَالْاَنْصَارِ الَّذِيْنَ اتَّبَعُوْهُ فِيْ سَاعَةِ الْعُسْرَةِ مِنْۢ بَعْدِ مَا كَادَ يَزِيْغُ قُلُوْبُ فَرِيْقٍ مِّنْهُمْ ثُمَّ تَابَ عَلَيْهِمْۗ اِنَّهٗ بِهِمْ رَءُوْفٌ رَّحِيْمٌ ۙ١١٧
Laqat tāballāhu ‘alan-nabiyyi wal-muhājirīna wal-anṣāril-lażīnattaba‘ūhu fī sā‘atil-‘usrati mim ba‘di mā kāda yazīgu qulūbu farīqim minhum ṡumma tāba ‘alaihim, innahū bihim ra'ūfur raḥīm(un).
[117]
Temen, Gusti Allah wis nampa tobaté Nabi, wong-wong boyongan (muhajirin) lan wong-wong sing padha tulung (anshar), sing ngetutna Nabi rikala mangsa-mangsa angél, sewisé atiné segolongan sekang dhéwéké méh baé padha mléngos, banjur Gusti Allah nampa tobaté dhéwéké kabéh. Setemené Gusti Allah Mahawelas. Mahaasih maring dhéwéké kabéh,
وَّعَلَى الثَّلٰثَةِ الَّذِيْنَ خُلِّفُوْاۗ حَتّٰٓى اِذَا ضَاقَتْ عَلَيْهِمُ الْاَرْضُ بِمَا رَحُبَتْ وَضَاقَتْ عَلَيْهِمْ اَنْفُسُهُمْ وَظَنُّوْٓا اَنْ لَّا مَلْجَاَ مِنَ اللّٰهِ اِلَّآ اِلَيْهِۗ ثُمَّ تَابَ عَلَيْهِمْ لِيَتُوْبُوْاۗ اِنَّ اللّٰهَ هُوَ التَّوَّابُ الرَّحِيْمُ ࣖ١١٨
Wa ‘alaṡ-ṡalāṡatil-lażīna khullifū, ḥattā iżā ḍāqat ‘alaihimul-arḍu bimā raḥubat wa ḍāqat ‘alaihim anfusuhum wa ẓannū allā malja'a minallāhi illā ilaih(i), ṡumma tāba ‘alaihim liyatūbū, innallāha huwat-tawwābur-raḥīm(u).
[118]
lan maring wong telu 382 sing détinggalna. Nganti rikala bumi krasa sesek kanggo dhéwéké kabéh, mangkané bumi kuwé amba lan jiwané dhéwéké kabéh wis (uga kerasa) sesek kanggo dhéwéké kabéh, lan dhéwéké padha wis ngerti lamon ora nana papan nggo mlayu sekang (siksa) Gusti Allah, kejaba mung maring Penjenengané, banjur Gusti Allah nampa tobaté dhéwéké kabéh supayané dhéwéké padha tetep neng tobaté. Setemené Gusti Allah Maha Nampani Tobat, Mahaasih.
382) Ka’b bin Malik, Hilal bin Umayyah, lan Maroroh bin Rabi’. Dhéwéké kabéh désalahna merga ora gelem mélu perang.
يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوا اتَّقُوا اللّٰهَ وَكُوْنُوْا مَعَ الصّٰدِقِيْنَ١١٩
Yā ayyuhal-lażīna āmanuttaqullāha wa kūnū ma‘aṣ-ṣādiqīn(a).
[119]
Hé wong sing padha precaya! Semaraha maring Gusti Allah lan padha barenga ko kabéh karo wong-wong sing bener.
مَا كَانَ لِاَهْلِ الْمَدِيْنَةِ وَمَنْ حَوْلَهُمْ مِّنَ الْاَعْرَابِ اَنْ يَّتَخَلَّفُوْا عَنْ رَّسُوْلِ اللّٰهِ وَلَا يَرْغَبُوْا بِاَنْفُسِهِمْ عَنْ نَّفْسِهٖۗ ذٰلِكَ بِاَنَّهُمْ لَا يُصِيْبُهُمْ ظَمَاٌ وَّلَا نَصَبٌ وَّلَا مَخْمَصَةٌ فِيْ سَبِيْلِ اللّٰهِ وَلَا يَطَـُٔوْنَ مَوْطِئًا يَّغِيْظُ الْكُفَّارَ وَلَا يَنَالُوْنَ مِنْ عَدُوٍّ نَّيْلًا اِلَّا كُتِبَ لَهُمْ بِهٖ عَمَلٌ صَالِحٌۗ اِنَّ اللّٰهَ لَا يُضِيْعُ اَجْرَ الْمُحْسِنِيْنَ١٢٠
Mā kāna li'ahlil-madīnati wa man ḥaulahum minal-a‘rābi ay yatakhallafū ‘ar rasūlillāhi wa lā yargabū bi'anfusihim ‘an nafsih(ī), żālika bi'annahum lā yuṣībuhum ẓama'uw wa lā naṣabuw wa lā makhmaṣatun fī sabīlillāhi wa lā yaṭa'ūna mauṭi'ay yagīẓul-kuffāra wa lā yanālūna min ‘aduwwin nailan illā kutiba lahum bihī ‘amalun ṣāliḥ(un), innallāha lā yuḍī‘u ajral-muḥsinīn(a).
[120]
Ora pantes tumrap wong-wong Medinah lan wong-wong Arab Baduwi sing manggon neng sekubengé dhéwéké kabéh, ora mélu mbarengi Rasulullah (lunga perang) lan ora pantes (uga) tumrap dhéwéké kabéh lewih nresnani awaké dhéwék tenimbang (nresnani) pribadi Utusan. Sing mengkana kuwé merga dhéwéké ora padha kenang rasa ngonggor, rasa keselen lan kencot neng dalané Gusti Allah, lan ora (uga) ngambah sewijiné panggonan sing gawé jéngkélé wong-wong kapir, lan ora nibakna sewijiné bebaya maring musuh kejaba (kabéh) kuwé bakal décathet kanggo dhéwéké kabéh minangka sewijiné laku kebecikan. Temen, Gusti Allah ora nyiya-nyiyakna ganjarané wong-wong sing temindak apik,
وَلَا يُنْفِقُوْنَ نَفَقَةً صَغِيْرَةً وَّلَا كَبِيْرَةً وَّلَا يَقْطَعُوْنَ وَادِيًا اِلَّا كُتِبَ لَهُمْ لِيَجْزِيَهُمُ اللّٰهُ اَحْسَنَ مَا كَانُوْا يَعْمَلُوْنَ١٢١
Wa lā yunfiqūna nafaqatan ṣagīrataw wa lā kabīrataw wa lā yaqṭa‘ūna wādiyan illā kutiba lahum liyajziyahumullāhu aḥsana mā kānū ya‘malūn(a).
[121]
lan ora-orané dhéwéké padha awéh sumbangan (infak) cilik utawa gedhé, lan ora (uga) nyabrangi sewijiné tanah lebak (lelabuh/jihad), kejaba bakal décathet nggo dhéwéké kabéh (minangka laku becik), nggo déparingi piwales déning Gusti Allah (kanthi) sing lewih apik tenimbang apa sing wis dhéwéké padha pergawé.
۞ وَمَا كَانَ الْمُؤْمِنُوْنَ لِيَنْفِرُوْا كَاۤفَّةًۗ فَلَوْلَا نَفَرَ مِنْ كُلِّ فِرْقَةٍ مِّنْهُمْ طَاۤىِٕفَةٌ لِّيَتَفَقَّهُوْا فِى الدِّيْنِ وَلِيُنْذِرُوْا قَوْمَهُمْ اِذَا رَجَعُوْٓا اِلَيْهِمْ لَعَلَّهُمْ يَحْذَرُوْنَ ࣖ١٢٢
Wa mā kānal-mu'minūna liyanfirū kāffah(tan), falau lā nafara min kulli firqatim minhum ṭā'ifatul liyatafaqqahū fid-dīni wa liyunżirū qaumahum iżā raja‘ū ilaihim la‘allahum yaḥżarūn(a).
[122]
Lan ora sepantesé wong-wong mukmin kuwé lunga kabéh (maring palagan perang). Kenangapa sebagéan sekang saben-saben golongan neng anatarané dhéwéké kabéh ora lunga nggo mahami agamané dhéwéké lan nggo awéh pengéling-éling maring kaumé rikala dhéwéké wis padha bali, supayané dhéwéké padha bisa ngreksa awaké.
يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا قَاتِلُوا الَّذِيْنَ يَلُوْنَكُمْ مِّنَ الْكُفَّارِ وَلْيَجِدُوْا فِيْكُمْ غِلْظَةًۗ وَاعْلَمُوْٓا اَنَّ اللّٰهَ مَعَ الْمُتَّقِيْنَ١٢٣
Yā ayyuhal-lażīna āmanū qātilul-lażīna yalūnakum minal-kuffāri wal-yajidū fīkum gilẓah(tan), wa‘lamū annallāha ma‘al-muttaqīn(a).
[123]
Hé wong-wong sing padha precaya! Perangia wong-wong kapir neng seubengmu, lan preyogané dhéwéké padha ngrasakna laku tegas sekang ko kabéh, lan ngerténana lamon Gusti Allah mbarengi wong sing padha semarah (takwa).
وَاِذَا مَآ اُنْزِلَتْ سُوْرَةٌ فَمِنْهُمْ مَّنْ يَّقُوْلُ اَيُّكُمْ زَادَتْهُ هٰذِهٖٓ اِيْمَانًاۚ فَاَمَّا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا فَزَادَتْهُمْ اِيْمَانًا وَّهُمْ يَسْتَبْشِرُوْنَ١٢٤
Wa iżā mā unzilat sūratun fa minhum may yaqūlu ayyukum zādathu hāżihī īmānā(n), fa ammal-lażīna āmanū fa zādathum īmānaw wa hum yastabsyirūn(a).
[124]
Lan angger déturunaken sewiji surah mangka neng antarané dhéwéké kabéh (wong-wong lamis/munapék) ana sing ngomong, “Sapa neng antarané ko kabéh sing tambah precayaé kanthi (temuruné) surah kiyé?” Anadéné wong-wong sing precaya, mangka surah kiyé nambahi precayaé, lan dhéwéké padha krasa bungah.
وَاَمَّا الَّذِيْنَ فِيْ قُلُوْبِهِمْ مَّرَضٌ فَزَادَتْهُمْ رِجْسًا اِلٰى رِجْسِهِمْ وَمَاتُوْا وَهُمْ كٰفِرُوْنَ١٢٥
Wa ammal-lażīna fī qulūbihim maraḍun fa zādathum rijsan ilā rijsihim wa mātū wa hum kāfirūn(a).
[125]
Lan anadéné wong-wong sing neng njero atiné ana prenyakit 383 mangka (kanthi surah kuwé) bakal nambahi kapiré sing wis ana lan dhéwéké bakal padha mati neng sejeroné kahanan kapir.
383) Prenyakit batin, kayadéné mbangkang (kufur), lamis (munapék), mamang lan liyané.
اَوَلَا يَرَوْنَ اَنَّهُمْ يُفْتَنُوْنَ فِيْ كُلِّ عَامٍ مَّرَّةً اَوْ مَرَّتَيْنِ ثُمَّ لَا يَتُوْبُوْنَ وَلَا هُمْ يَذَّكَّرُوْنَ١٢٦
Awalā yarauna annahum yuftanūna fī kulli ‘āmim marrataini ṡumma lā yatūbūna wa lā hum yażżakkarūn(a).
[126]
Lan apa dhéwéké (wong-wong lamis) ora padha nggatékna lamon dhéwéké kabéh décoba sepisan utawa pindho saben tahun, ning dhéwéké ora (uga) padha tobat lan ora (uga) padha ngalap piwulang?”
وَاِذَا مَآ اُنْزِلَتْ سُوْرَةٌ نَّظَرَ بَعْضُهُمْ اِلٰى بَعْضٍۗ هَلْ يَرٰىكُمْ مِّنْ اَحَدٍ ثُمَّ انْصَرَفُوْاۗ صَرَفَ اللّٰهُ قُلُوْبَهُمْ بِاَنَّهُمْ قَوْمٌ لَّا يَفْقَهُوْنَ١٢٧
Wa iżā mā unzilat sūratun naẓara ba‘ḍuhum ilā ba‘ḍ(in), hal yarākum min aḥadin ṡummanṣarafū, ṣarafallāhu qulūbahum bi'annahum qaumul lā yafqahūn(a).
[127]
Lan angger déturunaken sewijiné surah, siji karo liyané wong neng antarané dhéwéké padha deleng-delengan (karo ngucap), “Apa ana wong (sekang kaum muslimin) sing weruh ko?” sewisé kuwé dhéwéké padha lunga. Gusti Allah mléngosna atiné dhéwéké merga dhéwéké kabéh kuwé kaum sing ora padha mudheng.
لَقَدْ جَاۤءَكُمْ رَسُوْلٌ مِّنْ اَنْفُسِكُمْ عَزِيْزٌ عَلَيْهِ مَا عَنِتُّمْ حَرِيْصٌ عَلَيْكُمْ بِالْمُؤْمِنِيْنَ رَءُوْفٌ رَّحِيْمٌ١٢٨
Laqad jā'akum rasūlum min anfusikum ‘azīzun ‘alaihi mā ‘anittum ḥarīṣun ‘alaikum bil-mu'minīna ra'ūfur raḥīm(un).
[128]
Temen, wis teka maring ko kabéh sewiji utusan sekang kaumé ko dhéwék, dérasa abot neng slirané pilara sing ko kabéh ngalami, (dhéwéké) banget kepéngin (precaya lan keslametan) nggo ko kabéh, aris tur asih maring wong-wong sing padha precaya.
فَاِنْ تَوَلَّوْا فَقُلْ حَسْبِيَ اللّٰهُ لَآ اِلٰهَ اِلَّا هُوَ ۗ عَلَيْهِ تَوَكَّلْتُ وَهُوَ رَبُّ الْعَرْشِ الْعَظِيْمِ ࣖ١٢٩
Fa in tawallau faqul ḥasbiyallāhu lā ilāha illā huw(a), ‘alaihi tawakkaltu wa huwa rabbul-‘arsyil-‘aẓīm(i).
[129]
Mangka angger dhéwéké padha mléngos (sekang precaya), mangka dhawuha (Muhammad), “Wis cukup Gusti Allah tumrap inyong; ora nana Pengéran kejaba Penjenengané. Mung maring Penjenengané inyong pasrah, lan Penjenengané kuwé Pengéran sing kagungan ‘Arsy (pelenggahan) sing agung.”