Surah Al-Fajr
Daftar Surah
0:00
0:00
بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
وَالْفَجْرِۙ١
Wal-fajr(i).
[1]
Sekawit fajar,
وَلَيَالٍ عَشْرٍۙ٢
Wa layālin ‘asyr(in).
[2]
sekawit wengi sing sepuluh, 905
905) Malem sepuluh wekasan wulan Puasa. Lan ana uga sing ngarani sepuluh malem kawitané wulan Muharam klebu neng sejeroné kuwé dina Asyura. Ana maning sing ngarani sepuluh wengi kawitané wulan Dulhijah.
وَّالشَّفْعِ وَالْوَتْرِۙ٣
Wasy-syaf‘i wal-watr(i).
[3]
sekawit wengi sing genep lan sing ganjil,
وَالَّيْلِ اِذَا يَسْرِۚ٤
Wal-laili iżā yasr(i).
[4]
sekawit wengi rikala liwat.
هَلْ فِيْ ذٰلِكَ قَسَمٌ لِّذِيْ حِجْرٍۗ٥
Hal fī żālika qasamul liżī ḥijr(in).
[5]
Apa ana neng sing mengkana kuwé sumpah (sing bisa détampa) tumrap wong-wong sing duwé akal?
اَلَمْ تَرَ كَيْفَ فَعَلَ رَبُّكَ بِعَادٍۖ٦
Alam tara kaifa fa‘ala rabbuka bi‘ād(in).
[6]
Apa ora sliramu (Muhammad) nggatékna kepriwé Pengéranmu temindak maring (kaum) ‘Ad?
اِرَمَ ذَاتِ الْعِمَادِۖ٧
Irama żātil-‘imād(i).
[7]
(yakuwé) warga Iram (pusat kotané kaum ‘Ad) sing duwé bangunan-bangunan sing dhuwur,
الَّتِيْ لَمْ يُخْلَقْ مِثْلُهَا فِى الْبِلَادِۖ٨
Allatī lam yukhlaq miṡluhā fil-bilād(i).
[8]
sing urung tau débangun (sewijiné kota) kaya kuwé, neng negara-negara liya,
وَثَمُوْدَ الَّذِيْنَ جَابُوا الصَّخْرَ بِالْوَادِۖ٩
Wa ṡamūdal-lażīna jābuṣ-ṣakhra bil-wād(i).
[9]
lan (maring) kaum Samud sing natah watu-watu gedhé neng lebak (pelemahan sing endhép), 906
906) Petanahan endhép (Ind. lembah) kiyé anané neng bagéan lor tanah Arab, antarané kota Medinah lan Siria. Wong-wong neng kono padha nugeli watu gunung nggo mbangun umah gedhong sing dadi panggonané. Lan uga ana sing mbolongi gunung-gunung nggo manggon lan nggo pengayoman.
وَفِرْعَوْنَ ذِى الْاَوْتَادِۖ١٠
Wa fir‘auna żil-autād(i).
[10]
lan (maring) Fir’aun sing duwé panték-panték (bangunan sing gedhé),
الَّذِيْنَ طَغَوْا فِى الْبِلَادِۖ١١
Allażīna ṭagau fil-bilād(i).
[11]
sing temindak sewenang-wenang neng sejeroné negari,
فَاَكْثَرُوْا فِيْهَا الْفَسَادَۖ١٢
Fa akṡarū fīhal-fasād(a).
[12]
banjur wong-wong mau padha gawé kerusakan neng sejeron negari kuwé,
فَصَبَّ عَلَيْهِمْ رَبُّكَ سَوْطَ عَذَابٍۖ١٣
Fa ṣabba ‘alaihim rabbuka sauṭa ‘ażāb(in).
[13]
merga kuwé Pengéranmu nimpahna pecut siksa maring dhéwéké,
اِنَّ رَبَّكَ لَبِالْمِرْصَادِۗ١٤
Inna rabbaka labil-mirṣād(i).
[14]
temen, Pengéranmu nyata-nyata mriksani.
فَاَمَّا الْاِنْسَانُ اِذَا مَا ابْتَلٰىهُ رَبُّهٗ فَاَكْرَمَهٗ وَنَعَّمَهٗۙ فَيَقُوْلُ رَبِّيْٓ اَكْرَمَنِۗ١٥
Fa ammal-insānu iżā mabtalāhu rabbuhū fa akramahū wa na‘‘amah(ū), fa yaqūlu rabbī akraman(i).
[15]
Mangka anadéné menungsa, rikala Pengéran nguji karo dhéwéké banjur mulyakna dhéwéké lan paring kebungahan, mangka dhéwéké ngucap: ”Pengéranku wis mulyakna inyong.”
وَاَمَّآ اِذَا مَا ابْتَلٰىهُ فَقَدَرَ عَلَيْهِ رِزْقَهٗ ەۙ فَيَقُوْلُ رَبِّيْٓ اَهَانَنِۚ١٦
Wa ammā iżā mabtalāhu fa qadara ‘alaihi rizqah(ū), fa yaqūlu rabbī ahānan(i).
[16]
Ning angger Pengéran nguji dhéwéké banjur matesi rejekiné, mangka dhéwéké ngucap: ”Pengéranku wis ngina maring inyong.” 907
907) Gusti Allah nyalahna wong sing ngucap lamon dunya brana kuwé sewijiné kemulyan lan kemiskinan sewijiné palaina kaya kesebut neng ayat 15 lan 16. Ning setemené dunya utawa kemiskinan kuwé sewijiné cobané Gusti Allah kanggo para kewulané.
كَلَّا بَلْ لَّا تُكْرِمُوْنَ الْيَتِيْمَۙ١٧
Kallā bal lā tukrimūnal-yatīm(a).
[17]
Babar-pisan ora kaya kuwé! Malah ko ora mulyakna bocah yatim, 908
908) Ora awéh hak-haké bocah yatim lan ora temindak apik maring dhéwéké.
وَلَا تَحٰۤضُّوْنَ عَلٰى طَعَامِ الْمِسْكِيْنِۙ١٨
Wa lā taḥāḍḍūna ‘alā ṭa‘āmil-miskīn(i).
[18]
lan ko ora padha ajék-ajék awéh pangan maring wong mlarat,
وَتَأْكُلُوْنَ التُّرَاثَ اَكْلًا لَّمًّاۙ١٩
Wa ta'kulūnat-turāṡa aklal lammā(n).
[19]
selaginé ko mangan dunya warisan nganggo cara nyampur-nyampur (sing halal karo sing haram),
وَّتُحِبُّوْنَ الْمَالَ حُبًّا جَمًّاۗ٢٠
Wa tuḥibbūnal-māla ḥubban jammā(n).
[20]
lan ko seneng maring dunya kanthi seneng sing keliwat-liwat.
كَلَّآ اِذَا دُكَّتِ الْاَرْضُ دَكًّا دَكًّاۙ٢١
Kallā iżā dukkatil-arḍu dakkan dakkā(n).
[21]
Babar-pisan ora kaya kuwé! Rikala bumi déoreg terus-terusan (benturan),
وَّجَاۤءَ رَبُّكَ وَالْمَلَكُ صَفًّا صَفًّاۚ٢٢
Wa jā'a rabbuka wal-malaku ṣaffan ṣaffā(n).
[22]
lan Pengéranmu rawuh, lan malaékat padha baris-baris,
وَجِايْۤءَ يَوْمَىِٕذٍۢ بِجَهَنَّمَۙ يَوْمَىِٕذٍ يَّتَذَكَّرُ الْاِنْسَانُ وَاَنّٰى لَهُ الذِّكْرٰىۗ٢٣
Wa jī'a yauma'iżim bijahannam(a), yauma'iżiy yatażakkarul-insānu wa annā lahuż-żikrā.
[23]
lan neng dina kuwé détidhokna neraka Jahanam, neng dina kuwé menungsa padha sadhar, ning ora kanggo maning kesadharan kuwé.
يَقُوْلُ يٰلَيْتَنِيْ قَدَّمْتُ لِحَيَاتِيْۚ٢٤
Yaqūlu yā laitanī qaddamtu liḥayātī.
[24]
Dhéwéké ngucap, “Kayangapa apiké angger gemiyén inyong nglakoni (kebecikan) nggo uripku siki.”
فَيَوْمَىِٕذٍ لَّا يُعَذِّبُ عَذَابَهٗٓ اَحَدٌ ۙ٢٥
Fa yauma'iżil lā yu‘ażżibu ‘ażābahū aḥad(un).
[25]
Mangka dina kuwé ora nana sijia wong sing nyiksa kaya siksa Penjenengané (sing adil),
وَّلَا يُوْثِقُ وَثَاقَهٗٓ اَحَدٌ ۗ٢٦
Wa lā yūṡiqu waṡāqahū aḥad(un).
[26]
lan ora nana sijia wong sing njiret kaya jiretan Penjenengané.
يٰٓاَيَّتُهَا النَّفْسُ الْمُطْمَىِٕنَّةُۙ٢٧
Yā ayyatuhan-nafsul-muṭma'innah(tu).
[27]
Hé, jiwa sing anteng!
ارْجِعِيْٓ اِلٰى رَبِّكِ رَاضِيَةً مَّرْضِيَّةً ۚ٢٨
Irji‘ī ilā rabbiki rāḍiyatam marḍiyyah(tan).
[28]
Balia maring Pengéranmu kanthi ati sing lila lan sing délilani (déning Penjenengané).
فَادْخُلِيْ فِيْ عِبٰدِيْۙ٢٩
Fadkhuli fī ‘ibādī.
[29]
Mangka padha mlebua maring golongan kawulané Ingsun
وَادْخُلِيْ جَنَّتِيْ ࣖࣖ٣٠
Wadkhulī jannatī.
[30]
lan mlebua maring njero suwargané Ingsun.