Surah Al-A’la

Daftar Surah
0:00
0:00

بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
سَبِّحِ اسْمَ رَبِّكَ الْاَعْلَىۙ١
Sabbiḥisma rabbikal-a‘lā.
[1] Sucékna asmané Pengéranmu Sing Mahaluhur,

الَّذِيْ خَلَقَ فَسَوّٰىۖ٢
Allażī khalaqa fasawwā.
[2] Sing nyipta, banjur nyempurnakna (penyiptan-É).

وَالَّذِيْ قَدَّرَ فَهَدٰىۖ٣
Wal-lażī qaddara fahadā.
[3] Sing nemtokna takeran (siji lan sijiné) lan paring pituduh,

وَالَّذِيْٓ اَخْرَجَ الْمَرْعٰىۖ٤
Wal-lażī akhrajal-mar‘ā.
[4] lan Sing nukulna suket-suketan,

فَجَعَلَهٗ غُثَاۤءً اَحْوٰىۖ٥
Fa ja‘alahū guṡā'an aḥwā.
[5] banjur dédadékna neng Penjenengané (suket-suket) kuwé garing semu ireng.

سَنُقْرِئُكَ فَلَا تَنْسٰىٓ ۖ٦
Sanuqri'uka falā tansā.
[6] Ingsun arep macakna (Al-Qur’an) maring sliramu (Muhmmad) saéngga sliramu ora bakal kelalén,

اِلَّا مَا شَاۤءَ اللّٰهُ ۗاِنَّهٗ يَعْلَمُ الْجَهْرَ وَمَا يَخْفٰىۗ٧
Illā mā syā'allāh(u), innahū ya‘lamul-jahra wa mā yakhfā.
[7] kejaba lamon Gusti Allah ngersakna. Temen, Penjenengané mriksani sing ngedhéng lan sing déumpetna.

وَنُيَسِّرُكَ لِلْيُسْرٰىۖ٨
Wa nuyassiruka lil-yusrā.
[8] Lan Ingsun arep nggampangna tumrap sliramu maring dalan sing gampang (nggayuh kebegyan dunya akhérat),

فَذَكِّرْ اِنْ نَّفَعَتِ الذِّكْرٰىۗ٩
Fa żakkir in nafa‘atiż-żikrā.
[9] mula kuwé awéha pengéling-éling, jalaran pengéling-éling kuwé migunani,

سَيَذَّكَّرُ مَنْ يَّخْشٰىۙ١٠
Sayażżakkaru may yakhsyā.
[10] wong sing wedi (maring Gusti Allah) bakal olih wulangan,

وَيَتَجَنَّبُهَا الْاَشْقَىۙ١١
Wa yatajannabuhal-asyqā.
[11] lan wong-wong sing padha apes (kapir) bakal ngedohi,

الَّذِيْ يَصْلَى النَّارَ الْكُبْرٰىۚ١٢
Allażī yaṣlan-nāral-kubrā.
[12] (yakuwé) wong sing arep ngleboni geni sing gemleger (neraka),

ثُمَّ لَا يَمُوْتُ فِيْهَا وَلَا يَحْيٰىۗ١٣
Ṡumma lā yamūtu fīhā wa lā yaḥyā.
[13] sebanjuré dhéwéké neng kana ora mati lan (uga) ora urip.

قَدْ اَفْلَحَ مَنْ تَزَكّٰىۙ١٤
Qad aflaḥa man tazakkā.
[14] Temen, begya wong sing nyucékna awaké (kanthi precaya),

وَذَكَرَ اسْمَ رَبِّهٖ فَصَلّٰىۗ١٥
Wa żakarasma rabbihī fa ṣallā.
[15] lan éling maring asmané Pengérané, banjur dhéwéké sembayang.

بَلْ تُؤْثِرُوْنَ الْحَيٰوةَ الدُّنْيَاۖ١٦
Bal tu'ṡirūnal-ḥayātad-dun-yā.
[16] Ning ko (wong-wong kapir) padha milih penguripan dunya,

وَالْاٰخِرَةُ خَيْرٌ وَّاَبْقٰىۗ١٧
Wal-ākhiratu khairuw wa abqā.
[17] mangkané penguripan akhérat kuwé lewih apik lan lewih langgeng.

اِنَّ هٰذَا لَفِى الصُّحُفِ الْاُوْلٰىۙ١٨
Inna hāżā lafiṣ-ṣuḥufil-ūlā.
[18] Setemené kiyé kamot sejeroné kitab-kitab sing lewih dhisit,

صُحُفِ اِبْرٰهِيْمَ وَمُوْسٰى ࣖ١٩
Ṣuḥufi ibrāhīma wa mūsā.
[19] (yakuwé) kitab-kitabé (Nabi) Ibrahim lan (Nabi) Musa.