Surah Al-Tatfif
Daftar Surah
0:00
0:00
بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
وَيْلٌ لِّلْمُطَفِّفِيْنَۙ١
Wailul lil-muṭaffifīn(a).
[1]
Cilaka temen tumrap wong-wong sing apus-apus (senjeroné naker lan nimbang)!
الَّذِيْنَ اِذَا اكْتَالُوْا عَلَى النَّاسِ يَسْتَوْفُوْنَۖ٢
Allażīna iżaktālū ‘alan-nāsi yastaufūn(a).
[2]
(Yakuwé) wong-wong sing angger nampa takeran sekang wong liya dhéwéké njaluk dégenepi,
وَاِذَا كَالُوْهُمْ اَوْ وَّزَنُوْهُمْ يُخْسِرُوْنَۗ٣
Wa iżā kālūhum au wazanūhum yukhsirūn(a).
[3]
lan angger dhéwéké naker utawa nimbang (nggo wong liya), dhéwéké ngurang-ngurangi.
اَلَا يَظُنُّ اُولٰۤىِٕكَ اَنَّهُمْ مَّبْعُوْثُوْنَۙ٤
Alā yaẓunnu ulā'ika annahum mab‘ūṡūn(a).
[4]
Apa dhéwéké ora padha ngira, lamon setemené dhéwéké padha arep détangékna,
لِيَوْمٍ عَظِيْمٍۙ٥
Liyaumin ‘aẓīm(in).
[5]
neng sewijiné dina sing gedhé,
يَّوْمَ يَقُوْمُ النَّاسُ لِرَبِّ الْعٰلَمِيْنَۗ٦
Yauma yaqūmun-nāsu lirabbil-‘ālamīn(a).
[6]
(yakuwé) neng dina (rikala) kabéh wong padha tangi ngadhep (maring) Pengérane ngalam kabéh.
كَلَّآ اِنَّ كِتٰبَ الْفُجَّارِ لَفِيْ سِجِّيْنٍۗ٧
Kallā inna kitābal-fujjāri lafī sijjīn(in).
[7]
Aja pisan-pisan kaya kuwé! Setemené cathetané wong duraka nyata-nyata débenahi neng sejeron Sijjin. 899
899) Jeneng kitab sing nyathet kabéh penggawéané wong-wong sing padha duraka.
وَمَآ اَدْرٰىكَ مَا سِجِّيْنٌۗ٨
Wa mā adrāka mā sijjīn(un).
[8]
Lan apa ko ngerti (tegesé) Sijjin kuwé?
كِتٰبٌ مَّرْقُوْمٌۗ٩
Kitābum marqūm(un).
[9]
(Yakuwé) Kitab sing isiné cathetan (lakon).
وَيْلٌ يَّوْمَىِٕذٍ لِّلْمُكَذِّبِيْنَۙ١٠
Wailuy yauma'iżil lil-mukażżibīn(a).
[10]
Cilaka temen neng dina kuwé, tumrap wong-wong sing nggorohna!
الَّذِيْنَ يُكَذِّبُوْنَ بِيَوْمِ الدِّيْنِۗ١١
Allażīna yukażżibūna biyaumid-dīn(i).
[11]
(yakuwé) wong-wong sing nggorohna dina piwales.
وَمَا يُكَذِّبُ بِهٖٓ اِلَّا كُلُّ مُعْتَدٍ اَثِيْمٍۙ١٢
Wa mā yukażżibu bihī illā kullu mu‘tadin aṡīm(in).
[12]
Lan ora nana sing nggorohna (dina piwales) kejaba saben wong sing ngliwati wates lan dosa,
اِذَا تُتْلٰى عَلَيْهِ اٰيٰتُنَا قَالَ اَسَاطِيْرُ الْاَوَّلِيْنَۗ١٣
Iżā tutlā ‘alaihi āyātunā qāla asāṭīrul-awwalīn(a).
[13]
sing angger déwacakaken maring dhéwéké ayat-ayat Ingsun, dhéwéké ngucap: “Kuwé toli dongéngané wong-wong gemiyén.”
كَلَّا بَلْ ۜرَانَ عَلٰى قُلُوْبِهِمْ مَّا كَانُوْا يَكْسِبُوْنَ١٤
Kallā bal…rāna ‘alā qulūbihim mā kānū yaksibūn(a).
[14]
Babar pisan ora kaya kuwé! Malah apa sing dhéwéké padha pergawé kuwé wis nutup atiné dhéwéké.
كَلَّآ اِنَّهُمْ عَنْ رَّبِّهِمْ يَوْمَىِٕذٍ لَّمَحْجُوْبُوْنَۗ١٥
Kallā innahum ‘ar rabbihim yauma'iżil lamaḥjūbūn(a).
[15]
Babar pisan ora kaya kuwé! 900 Setemené dhéwéké neng dina kuwé temen kaling-kalingan sekang (weruh) Pengérané.
900) Babar-pisan ora kaya sing déomongna déning wong-wong mau lamon dhéwéké kepérek maring Gusti Allah.
ثُمَّ اِنَّهُمْ لَصَالُوا الْجَحِيْمِۗ١٦
Ṡumma innahum laṣālul-jaḥīm(i).
[16]
Banjur, setemené dhéwéké nyata-nyata mlebu neraka.
ثُمَّ يُقَالُ هٰذَا الَّذِيْ كُنْتُمْ بِهٖ تُكَذِّبُوْنَۗ١٧
Ṡumma yuqālu hāżal-lażī kuntum bihī tukażżibūn(a).
[17]
Banjur, déucapna (maring dhéwéké), ”Kiyé (siksa) sing gemiyén ko padha nggorohna”
كَلَّآ اِنَّ كِتٰبَ الْاَبْرَارِ لَفِيْ عِلِّيِّيْنَۗ١٨
Kallā inna kitābal-abrāri lafī ‘illiyyīn(a).
[18]
Babar-pisan ora! Setemené cathetané wong-wong sing ngabekti nyata-nyata désimpen sejeroné ‘Illiyyin. 901
901) Jeneng kitab sing nyathet kabéh penggeweané wong-wong sing padha bekti
وَمَآ اَدْرٰىكَ مَا عِلِّيُّوْنَۗ١٩
Wa mā adrāka mā ‘illiyyūn(a).
[19]
Lan ko ngerti ‘illiyyin kuwé apa?
كِتٰبٌ مَّرْقُوْمٌۙ٢٠
Kitābum marqūm(un).
[20]
(Yakuwé) kitab sing isi cathetan (lakon),
يَّشْهَدُهُ الْمُقَرَّبُوْنَۗ٢١
Yasyhaduhul-muqarrabūn(a).
[21]
sing désekséni déning (malaékat-malaékat) sing kepérek (maring Gusti Allah).
اِنَّ الْاَبْرَارَ لَفِيْ نَعِيْمٍۙ٢٢
Innal-abrāra lafī na‘īm(in).
[22]
setemené wong-wong sing ngabekti nyata-nyata manggon neng njeroné (suwarga sing kebek) kenékmatan,
عَلَى الْاَرَاۤىِٕكِ يَنْظُرُوْنَۙ٢٣
‘Alal-arā'iki yanẓurūn(a).
[23]
wong-wong kuwé padha (jagongan) neng ambén nyambi ndeleng sesawangan,
تَعْرِفُ فِيْ وُجُوْهِهِمْ نَضْرَةَ النَّعِيْمِۚ٢٤
Ta‘rifu fī wujūhihim naḍratan na‘īm(i).
[24]
Ko bisa weruh sekang rainé dhéwéké senenge urip sing kebek kenékmatan.
يُسْقَوْنَ مِنْ رَّحِيْقٍ مَّخْتُوْمٍۙ٢٥
Yusqauna mir raḥīqim makhtūm(in).
[25]
Wong-wong mau déparingi inuman sekang arak murni (ora gawé mendem) sing wadhahé ésih déségel,
خِتٰمُهٗ مِسْكٌ ۗوَفِيْ ذٰلِكَ فَلْيَتَنَافَسِ الْمُتَنٰفِسُوْنَۗ٢٦
Khitāmuhū misk(un), wa fī żālika falyatanāfasil-mutanāfisūn(a).
[26]
ségelé sekang kesturi. Lan nggo sing mengkéné kiyé preyogané wong-wong padha ayon-ayonan.
وَمِزَاجُهٗ مِنْ تَسْنِيْمٍۙ٢٧
Wa mizājuhū min tasnīm(in).
[27]
Lan campurané sekang tasnim.
عَيْنًا يَّشْرَبُ بِهَا الْمُقَرَّبُوْنَۗ٢٨
‘Ainay yasyrabu bihal-muqarrabūn(a).
[28]
(yakuwé) banyu tuk sing déinum déning wong-wong sing kepérek (maring Gusti Allah).
اِنَّ الَّذِيْنَ اَجْرَمُوْا كَانُوْا مِنَ الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا يَضْحَكُوْنَۖ٢٩
Innal-lażīna ajramū kānū minal-lażīna āmanū yaḍḥakūn(a).
[29]
Setemené wong-wong sing dosa, yakuwé dhéwéké sing gemiyén padha merguyu maring wong-wong sing precaya.
وَاِذَا مَرُّوْا بِهِمْ يَتَغَامَزُوْنَۖ٣٠
Wa iżā marrū bihim yatagāmazūn(a).
[30]
Lan angger dhéwéké (wong-wong sing precaya) liwat sengarepé wong-wong mau, dhéwéké padha kedhép-kedhépan mata.
وَاِذَا انْقَلَبُوْٓا اِلٰٓى اَهْلِهِمُ انْقَلَبُوْا فَكِهِيْنَۖ٣١
Wa iżanqalabū ilā ahlihimunqalabū fakihīn(a).
[31]
lan angger balik maring kaumé, dhéwéké padha balik kanthi gemuyu.
وَاِذَا رَاَوْهُمْ قَالُوْٓا اِنَّ هٰٓؤُلَاۤءِ لَضَاۤلُّوْنَۙ٣٢
Wa iżā ra'auhum qālū inna hā'ulā'i laḍāllūn(a).
[32]
Lan angger dhéwéké weruh (wong-wong sing precaya), dhéwéké ngucap, “Setemené dhéwéké nyata-nyata wong padha kesasar,”
وَمَآ اُرْسِلُوْا عَلَيْهِمْ حٰفِظِيْنَۗ٣٣
Wa mā ursilū ‘alaihim ḥāfiẓīn(a).
[33]
mangkané (wong-wong sing duwé dosa kuwé) dhéwéké ora déutus kon njaga (wong-wong sing precaya).
فَالْيَوْمَ الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا مِنَ الْكُفَّارِ يَضْحَكُوْنَۙ٣٤
Fal-yaumal-lażīna āmanū minal kuffāri yaḍḥakūn(a).
[34]
Mangka neng dina kiyé, wong-wong sing duwé precaya sing merguyu wong-wong kapir,
عَلَى الْاَرَاۤىِٕكِ يَنْظُرُوْنَۗ٣٥
‘Alal-arā'iki yanẓurūn(a).
[35]
dhéwéké (padha jagongan) neng sendhuwuré amben-amben ndeleng sesawangan.
هَلْ ثُوِّبَ الْكُفَّارُ مَا كَانُوْا يَفْعَلُوْنَ ࣖ٣٦
Hal ṡuwwibal-kuffāru mā kānū yaf‘alūn(a).
[36]
Apa wong-wong kapir kuwé déwéhi piwales (ukuman) ingatasé apa sing wis dhéwéké pergawé?