Surah At-Takwir
Daftar Surah
0:00
0:00
بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
اِذَا الشَّمْسُ كُوِّرَتْۖ١
Iżasy-syamsu kuwwirat.
[1]
Rikala srengéngé dégulung,
وَاِذَا النُّجُوْمُ انْكَدَرَتْۖ٢
Wa iżan-nujūmunkadarat.
[2]
lan rikala lintang-lintang padha rogol,
وَاِذَا الْجِبَالُ سُيِّرَتْۖ٣
Wa iżal-jibālu suyyirat.
[3]
lan rikala gunung-gunung déajurna,
وَاِذَا الْعِشَارُ عُطِّلَتْۖ٤
Wa iżal-‘isyāru ‘uṭṭilat.
[4]
lan rikala onta-onta sing meteng détinggal (ora déupakara),
وَاِذَا الْوُحُوْشُ حُشِرَتْۖ٥
Wa iżal-wuḥūsy ḥusyirat.
[5]
lan rikala kéwan-kéwan alasan dékumpulna,
وَاِذَا الْبِحَارُ سُجِّرَتْۖ٦
Wa iżal-biḥāru sujjirat.
[6]
lan rikala segara dépanasna,
وَاِذَا النُّفُوْسُ زُوِّجَتْۖ٧
Wa iżan-nufūsu zuwwijat.
[7]
lan rikala roh-roh détemokna (karo jasad),
وَاِذَا الْمَوْءٗدَةُ سُىِٕلَتْۖ٨
Wa iżal-mau'ūdatu su'ilat.
[8]
lan rikala bayi-bayi wadon sing dépendhem urip-uripan détakoni,
بِاَيِّ ذَنْۢبٍ قُتِلَتْۚ٩
Bi'ayyi żambin qutilat.
[9]
merga apa dhéwéké dépaténi?
وَاِذَا الصُّحُفُ نُشِرَتْۖ١٠
Wa iżaṣ-ṣuḥufu nusyirat.
[10]
Lan rikala lembaran-lembaran (cathetan lakon) wis débukak-blak,
وَاِذَا السَّمَاۤءُ كُشِطَتْۖ١١
Wa iżas-samā'u kusyiṭat.
[11]
lan rikala langit désirnakna,
وَاِذَا الْجَحِيْمُ سُعِّرَتْۖ١٢
Wa iżal-jaḥīmu su‘‘irat.
[12]
lan rikala neraka Jahim déurubna,
وَاِذَا الْجَنَّةُ اُزْلِفَتْۖ١٣
Wa iżal-jannatu uzlifat.
[13]
lan rikala suwarga dépérekna,
عَلِمَتْ نَفْسٌ مَّآ اَحْضَرَتْۗ١٤
‘Alimat nafsum mā aḥḍarat.
[14]
saben jiwa arep ngerténi apa sing dépergawé .
فَلَآ اُقْسِمُ بِالْخُنَّسِۙ١٥
Falā uqsimu bil-khunnas(i).
[15]
Ingsun supata sekawit lintang-lintang,
الْجَوَارِ الْكُنَّسِۙ١٦
Al-jawāril-kunnas(i).
[16]
sing mubeng lan surup,
وَالَّيْلِ اِذَا عَسْعَسَۙ١٧
Wal-laili iżā ‘as‘as(a).
[17]
sekawit wengi rikala peteng,
وَالصُّبْحِ اِذَا تَنَفَّسَۙ١٨
Waṣ-ṣubḥi iżā tanaffas(a).
[18]
lan sekawit subuh rikala bang (fajar) mlethék,
اِنَّهٗ لَقَوْلُ رَسُوْلٍ كَرِيْمٍۙ١٩
Innahū laqaulu rasūlin karīm(in).
[19]
setemené (Al-Qur’an) kuwé nyata-nyata pengendikané (Gusti Allah sing dégawa déning) utusan sing mulya (Jibril),
ذِيْ قُوَّةٍ عِنْدَ ذِى الْعَرْشِ مَكِيْنٍۙ٢٠
Żī quwwatin ‘inda żil-‘arsyi makīn(in).
[20]
sing kagungan kekuwatan, kagungan palenggahan luhur neng sisihé (Gusti Allah) sing kagungan ‘Arsy,
مُّطَاعٍ ثَمَّ اَمِيْنٍۗ٢١
Muṭā‘in ṡamma amīn(in).
[21]
sing neng kana (neng ngalam malaékat) dégugu lan déprecaya.
وَمَا صَاحِبُكُمْ بِمَجْنُوْنٍۚ٢٢
Wa mā ṣāḥibukum bimajnūn(in).
[22]
Lan mitramu (Muhammad) kuwé dudu wong édan.
وَلَقَدْ رَاٰهُ بِالْاُفُقِ الْمُبِيْنِۚ٢٣
Wa laqad ra'āhu bil-ufuqil-mubīn(i).
[23]
Lan temen, kiyambeké (Muhammad) wis mriksani (Jibril) neng dhampar langit sing padhang.
وَمَا هُوَ عَلَى الْغَيْبِ بِضَنِيْنٍۚ٢٤
Wa mā huwa ‘alal-gaibi biḍanīn(in).
[24]
Lan kiyambeké (Muhammad) dudu wong medhit (wegah) nggo nerangna (prekara) sing ora keton.
وَمَا هُوَ بِقَوْلِ شَيْطٰنٍ رَّجِيْمٍۚ٢٥
Wa mā huwa biqauli syaiṭānir rajīm(in).
[25]
Lan (Al-Qur’an) kuwé dudu pengucapané sétan sing kenang supata,
فَاَيْنَ تَذْهَبُوْنَۗ٢٦
Fa aina tażhabūn(a).
[26]
mangka arep maring ngendi olihé ko padha lunga? 898
898) Sewisé déterangna lamon Al-Qur’an kuwé nyata-nyata temurun sekang Gusti Allah lan neng njeroné ana wulangan lan pituduh sing aséng menungsa ngambah dalan sing jejeg, banjur détakokna maring wong-wong kapir kuwé, “Dalan endi maning sing arep ko ambah?”
اِنْ هُوَ اِلَّا ذِكْرٌ لِّلْعٰلَمِيْنَۙ٢٧
In huwa illā żikrul lil-‘ālamīn(a).
[27]
(Al-Qur’an) kuwé ora liya wujud pengéling-éling tumrap ngalam sekabéhé,
لِمَنْ شَاۤءَ مِنْكُمْ اَنْ يَّسْتَقِيْمَۗ٢٨
Liman syā'a minkum ay yastaqīm(a).
[28]
(yakuwé) nggo sapa neng antarané ko kabéh sing karep ngliwati dalan sing jejeg.
وَمَا تَشَاۤءُوْنَ اِلَّآ اَنْ يَّشَاۤءَ اللّٰهُ رَبُّ الْعٰلَمِيْنَ ࣖ٢٩
Wa mā tasyā'ūna illā ay yasyā'allāhu rabbul-‘ālamīn(a).
[29]
Lan ko padha ora bakal bisa karep (ngliwati dalan mau) kejaba angger dékersakna déning Gusti Allah, Pengérané sekabéh ngalam.