Surah `Abasa

Daftar Surah
0:00
0:00

بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
عَبَسَ وَتَوَلّٰىٓۙ١
‘Abasa wa tawallā.
[1] Kiyambeké (Muhammad) suryané mrengut lan mléngos,

اَنْ جَاۤءَهُ الْاَعْمٰىۗ٢
An jā'ahul-a‘mā.
[2] jalaran ana wong picek lagi teka maring kiyambeké (yakuwé Abdullah bin Umi Maktum).

وَمَا يُدْرِيْكَ لَعَلَّهٗ يَزَّكّٰىٓۙ٣
Wa mā yudrīka la‘allahū yazzakkā.
[3] Lan apa sliramu (Muhammad) ngerti mbok menawa dhéwéké kepéngin nyucékna awaké dhéwék (sekang dosa),

اَوْ يَذَّكَّرُ فَتَنْفَعَهُ الذِّكْرٰىۗ٤
Au yażżakkaru fatanfa‘ahuż-żikrā.
[4] utawa dhéwéké (kepéngin) olih piwulang, sing migunani tumrap dhéwéké?

اَمَّا مَنِ اسْتَغْنٰىۙ٥
Ammā manistagnā.
[5] Anadéné wong sing ngrasa awaké dhéwék kecukupan (penggedhé-penggedhé Quraisy),

فَاَنْتَ لَهٗ تَصَدّٰىۗ٦
Fa anta lahū taṣaddā.
[6] mangka sliramu (Muhammad) paring kawigatén maring dhéwéké,

وَمَا عَلَيْكَ اَلَّا يَزَّكّٰىۗ٧
Wa mā ‘alaika allā yazzakkā.
[7] mangkané ora nana (cacad) tumrap sliramu angger dhéwéké ora nyucéni awak (gelem precaya).

وَاَمَّا مَنْ جَاۤءَكَ يَسْعٰىۙ٨
Wa ammā man jā'aka yas‘ā.
[8] Lan anadéné wong sing teka maring sliramu kanthi gagiyan (perlu nampa piwulang),

وَهُوَ يَخْشٰىۙ٩
Wa huwa yakhsyā.
[9] mangkané dhéwéké wedi (maring Gusti Allah)

فَاَنْتَ عَنْهُ تَلَهّٰىۚ١٠
Fa anta ‘anhu talahhā.
[10] sliramu (Muhammad) malah nglirwakna dhéwéké.

كَلَّآ اِنَّهَا تَذْكِرَةٌ ۚ١١
Kallā innahā tażkirah(tun).
[11] Aja pisan-pisan (kaya kuwé)! Temen, (piwulang-piwulangé Gusti Allah) kuwé sewijiné pengéling-éling,

فَمَنْ شَاۤءَ ذَكَرَهٗ ۘ١٢
Faman syā'a żakarah(ū).
[12] mangka sapa baé sing karep, mesthi dhéwéké bakal nggatékna kuwé,

فِيْ صُحُفٍ مُّكَرَّمَةٍۙ١٣
Fī ṣuḥufim mukarrmah(tin).
[13] neng sejeroné kitab-kitab sing mulya (neng sisihé Gusti Allah),

مَّرْفُوْعَةٍ مُّطَهَّرَةٍ ۢ ۙ١٤
Marfū‘atim muṭahharah(tin).
[14] sing déluhurna (lan) sing désucékna,

بِاَيْدِيْ سَفَرَةٍۙ١٥
Bi'aidī safarah(tin).
[15] neng astané para utusan (malaékat),

كِرَامٍۢ بَرَرَةٍۗ١٦
Kirāmim bararah(tin).
[16] sing mulya tur ngabekti.

قُتِلَ الْاِنْسَانُ مَآ اَكْفَرَهٗۗ١٧
Qutilal-insānu mā akfarah(ū).
[17] Cilaka temen menungsa! Mbangkang (kufur) temen dhéwéké!

مِنْ اَيِّ شَيْءٍ خَلَقَهٗۗ١٨
Min ayyi syai'in khalaqah(ū).
[18] Sekang apa Penjenengané (Gusti Allah) nyipta dhéwéké?

مِنْ نُّطْفَةٍۗ خَلَقَهٗ فَقَدَّرَهٗۗ١٩
Min nuṭfah(tin), khalaqahū fa qaddarah(ū).
[19] Sekang mani setétés, Penjenengané nyipta banjur nemtokna kuwé. 896
896) Nemtokna tingkat-tingkat kedadénané, umuré, rejekiné, lan nasibé.

ثُمَّ السَّبِيْلَ يَسَّرَهٗۙ٢٠
Ṡummas-sabīla yassarah(ū).
[20] Banjur dalané Penjenengan gampangna, 897
897) Nggampangna lairé utawa awéh kelonggaran maring dhéwéké nggo nglakoni dalan sing bener utawa dalan sing sasar.

ثُمَّ اَمَاتَهٗ فَاَقْبَرَهٗۙ٢١
Ṡumma amātahū fa aqbarah(ū).
[21] banjur Penjenengané matékna, terus mendhem dhéwéké,

ثُمَّ اِذَا شَاۤءَ اَنْشَرَهٗۗ٢٢
Ṡumma iżā syā'a ansyarah(ū).
[22] banjur angger Penjenengané ngersakna, Penjenengané ngenyatna dhéwéké maning.

كَلَّا لَمَّا يَقْضِ مَآ اَمَرَهٗۗ٢٣
Kallā lammā yaqḍi mā amarah(ū).
[23] Aja pisan-pisan (kaya kuwé)! Dhéwéké (menungsa) kuwé urung nglakoni apa sing Penjenengané (Gusti Allah) dhawuhna maring dhéwéké.

فَلْيَنْظُرِ الْاِنْسَانُ اِلٰى طَعَامِهٖٓ ۙ٢٤
Falyanẓuril-insānu ilā ṭa‘āmih(ī).
[24] Mangka preyoga manungsa kuwé padha nggatékna panganané,

اَنَّا صَبَبْنَا الْمَاۤءَ صَبًّاۙ٢٥
Annā ṣababnal-mā'a ṣabbā(n).
[25] Ingsun kiyé sing nyuntek banyu kanthi mamplah-mamplah (sekang langit),

ثُمَّ شَقَقْنَا الْاَرْضَ شَقًّاۙ٢٦
Ṡumma syaqaqnal-arḍa syaqqā(n).
[26] banjur Ingsun sigar buminé nganggo cara sing paling apik,

فَاَنْۢبَتْنَا فِيْهَا حَبًّاۙ٢٧
Fa'ambatnā fīhā ḥabbā(n).
[27] banjur neng kana Ingsun thukulna wiji-wijén,

وَّعِنَبًا وَّقَضْبًاۙ٢٨
Wa ‘inabaw wa qaḍbā(n).
[28] lan anggur karo klubanan (sayur-sayuran),

وَّزَيْتُوْنًا وَّنَخْلًاۙ٢٩
Wa zaitūnaw wa nakhlā(n).
[29] lan zaitun karo wit korma,

وَّحَدَاۤىِٕقَ غُلْبًا٣٠
Wa ḥadā'iqa gulbā(n).
[30] lan kebon-kebon (sing) aub,

وَفَاكِهَةً وَّاَبًّا٣١
Wa fākihataw wa abbā(n).
[31] lan woh-wohan karo suketan.

مَتَاعًا لَّكُمْ وَلِاَنْعَامِكُمْۗ٣٢
Matā‘al lakum wa li'an‘āmikum.
[32] (kabéh kuwé) nggo kesenenganmu lan nggo kéwan-kéwan ingonmu.

فَاِذَا جَاۤءَتِ الصَّاۤخَّةُ ۖ٣٣
Fa iżā jā'atiṣ-ṣākhkhah(tu).
[33] Mangka angger ana sewara sing mbudhegna kuping (semprongan slomprét sing kaping pindho),

يَوْمَ يَفِرُّ الْمَرْءُ مِنْ اَخِيْهِۙ٣٤
Yauma yafirrul-mar'u min akhīh(i).
[34] neng dina kuwé menungsa padha mlayu sekang seduluré,

وَاُمِّهٖ وَاَبِيْهِۙ٣٥
Wa ummihī wa abīh(i).
[35] lan sekang biyung karo ramané,

وَصَاحِبَتِهٖ وَبَنِيْهِۗ٣٦
Wa ṣāḥibatihī wa banīh(i).
[36] lan sekang bojo karo anak-anaké.

لِكُلِّ امْرِئٍ مِّنْهُمْ يَوْمَىِٕذٍ شَأْنٌ يُّغْنِيْهِۗ٣٧
Likullimri'im minhum yauma'iżin sya'nuy yugnīh(i).
[37] Saben wong neng dina kuwé padha duwé urusan sing ora ngoberna.

وُجُوْهٌ يَّوْمَىِٕذٍ مُّسْفِرَةٌۙ٣٨
Wujūhuy yauma'iżim musfirah(tun).
[38] Neng dina kuwé ana rai-rai sing semringah,

ضَاحِكَةٌ مُّسْتَبْشِرَةٌ ۚ٣٩
Ḍāḥikatum mustabsyirah(tun).
[39] ngguyu karo seneng-seneng,

وَوُجُوْهٌ يَّوْمَىِٕذٍ عَلَيْهَا غَبَرَةٌۙ٤٠
Wa wujūhuy yauma'iżin ‘alaihā gabarah(tun).
[40] lan neng dina kuwé ana (uga) rai-rai sing ketutup lebu (surem)

تَرْهَقُهَا قَتَرَةٌ ۗ٤١
Tarhaquhā qatarah(tun).
[41] ketutup déning pepeteng (ketimpah kenisthan lan kesusahan).

اُولٰۤىِٕكَ هُمُ الْكَفَرَةُ الْفَجَرَةُ ࣖ٤٢
Ulā'ika humul-kafaratul-fajarah(tu).
[42] Dhéwéké kuwé wong-wong mbangkang sing duraka.