Surah Al-Anfal

Daftar Surah
0:00
0:00

بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
يَسْـَٔلُوْنَكَ عَنِ الْاَنْفَالِۗ قُلِ الْاَنْفَالُ لِلّٰهِ وَالرَّسُوْلِۚ فَاتَّقُوا اللّٰهَ وَاَصْلِحُوْا ذَاتَ بَيْنِكُمْ ۖوَاَطِيْعُوا اللّٰهَ وَرَسُوْلَهٗٓ اِنْ كُنْتُمْ مُّؤْمِنِيْنَ١
Yas'alūnaka ‘anil-anfāl(i), qulil-anfālu lillāhi war-rasūl(i), fattaqullāha wa aṣliḥū żāta bainikum, wa aṭī‘ullāha wa rasūlahū in kuntum mu'minīn(a).
[1] Wong-wong padha takon maring sliramu (Muhammad) ngenani (bagénan) bandha rampasan perang. Dhawuha, “Bandha rampasan perang kuwé kagungané Gusti Allah lan Utusan (manut ketetepané Gusti Allah lan Utusan-E), mangka semaraha (takwa) ko kabéh maring Gusti Allah lan apiki sambung-brayan neng antarané ko kabéh, lan manuta maring Gusti Allah lan Utusa-Né angger ko kabéh wong-wong sing padha precaya.”

اِنَّمَا الْمُؤْمِنُوْنَ الَّذِيْنَ اِذَا ذُكِرَ اللّٰهُ وَجِلَتْ قُلُوْبُهُمْ وَاِذَا تُلِيَتْ عَلَيْهِمْ اٰيٰتُهٗ زَادَتْهُمْ اِيْمَانًا وَّعَلٰى رَبِّهِمْ يَتَوَكَّلُوْنَۙ٢
Innamal-mu'minūnal-lażīna iżā żukirallāhu wajilat qulūbuhum wa iżā tuliyat ‘alaihim āyātuhū zādathum īmānaw wa ‘alā rabbihim yatawakkalūn(a).
[2] Setemené wong-wong sing padha precaya kuwé wong sing angger désebut asmané Gusti Allah 357 gemeter atiné, lan angger déwacakna ayat-ayat-É Penjenengané maring dhéwéké, tambah (kuwat) precayaé lan mung maring Pengéran dhéwéké padha pasrah (tawakal),
357) Nyebut sipat-sipat sing ngagungna lan mulyakna Penjenengané.

الَّذِيْنَ يُقِيْمُوْنَ الصَّلٰوةَ وَمِمَّا رَزَقْنٰهُمْ يُنْفِقُوْنَۗ٣
Al-lażīna yuqīmūnaṣ-ṣalāta wa mimmā razaqnāhum yunfiqūn(a).
[3] (yakuwé) wong-wong sing ngleksanakna sembayang lan sing ngewéhna (infak) sebagéan sekang rejeki sing Ingsun paringna maring dhéwéké kabéh.

اُولٰۤىِٕكَ هُمُ الْمُؤْمِنُوْنَ حَقًّاۗ لَهُمْ دَرَجٰتٌ عِنْدَ رَبِّهِمْ وَمَغْفِرَةٌ وَّرِزْقٌ كَرِيْمٌۚ٤
Ulā'ika humul-mu'minūna ḥaqqā(n), lahum darajātun ‘inda rabbihim wa magfiratuw wa rizqun karīm(un).
[4] Dhéwéké kuwé wong-wong sing temen-temen precaya. Dhéwéké bakal padha olih drajat (dhuwur) neng sisihé Pengérané lan ampura sarta rejeki (nékmat) sing mulya.

كَمَآ اَخْرَجَكَ رَبُّكَ مِنْۢ بَيْتِكَ بِالْحَقِّۖ وَاِنَّ فَرِيْقًا مِّنَ الْمُؤْمِنِيْنَ لَكٰرِهُوْنَ٥
Kamā akhrajaka rabbuka mim baitika bil-ḥaqq(i), wa inna farīqam minal-mu'minīna lakārihūn(a).
[5] Kayadéné Pengéranmu ndhawuhi ko kabéh lunga sekang umahmu kanthi bebener, 358 senajan setemené sebagéan wong-wong sing precaya kuwé padha ora seneng maring kuwé,
358) Miturut Al Maragi, Gusti Allah ngatur pembagéan bandha rampasan perang kanthi bener, kayadéné Gusti Allah ndhawuhi wong-wong kuwé lunga sekang umahé (neng Medinah) kon perang maring Badar kanthi bener uga. Miturut At Tabari, metu sekang umah maksudé perang.

يُجَادِلُوْنَكَ فِى الْحَقِّ بَعْدَمَا تَبَيَّنَ كَاَنَّمَا يُسَاقُوْنَ اِلَى الْمَوْتِ وَهُمْ يَنْظُرُوْنَ ۗ٦
Yujādilūnaka fil-ḥaqqi ba‘da mā tabayyana ka'annamā yusāqūna ilal-mauti wa hum yanẓurūn(a).
[6] dhéwéké padha mbantah sliramu (Muhammad) ngenani bebener sewisé genah (lamon dhéwéké mesthi menang), kaya-kaya dhéwéké dégiring maring kematian, lan dhéwéké weruh (jalarané kematian kuwé).

وَاِذْ يَعِدُكُمُ اللّٰهُ اِحْدَى الطَّاۤىِٕفَتَيْنِ اَنَّهَا لَكُمْ وَتَوَدُّوْنَ اَنَّ غَيْرَ ذَاتِ الشَّوْكَةِ تَكُوْنُ لَكُمْ وَيُرِيْدُ اللّٰهُ اَنْ يُّحِقَّ الْحَقَّ بِكَلِمٰتِهٖ وَيَقْطَعَ دَابِرَ الْكٰفِرِيْنَۙ٧
Wa iż ya‘idukumullāhu iḥdaṭ-ṭā'ifataini annahā lakum wa tawaddūna anna gaira żātisy-syaukati takūnu lakum wa yurīdullāhu ay yuḥiqqal-ḥaqqa bikalimātihī wa yaqṭa‘a dābiral-kāfirīn(a).
[7] Lan (élinga) rikala Gusti Allah njanjékna maring ko kabéh salah sijiné sekang rong golongan (sing ko adhepi) kuwé nggo ko, lan ko padha kepéngin sing ora duwé kekuwatan senjata 359 baé sing nggo ko kabéh. Ning Gusti Allah kersa mbenerna sing bener karo ayat-ayat-É Penjenengané lan numpes wong-wong sing mbangkang (kapir) nganti butul oyod-oyodé,
359) Rombongan Abu Sufyan sing nggawa dagangan sekang Suriah. Lan kelompok sing duwé kekuwatan senjata yakuwé kelompok sing teka sekang Mekah sing dépimpin déning Utbah bin Rabi’ah bareng karo Abu Jahal.

لِيُحِقَّ الْحَقَّ وَيُبْطِلَ الْبَاطِلَ وَلَوْ كَرِهَ الْمُجْرِمُوْنَۚ٨
Liyuḥiqqal-ḥaqqa wa yubṭilal-bāṭila wa lau karihal-mujrimūn(a).
[8] supaya Gusti Allah nguwatna sing hak (Islam) lan ngilangna sing batil (syirik) senajan wong-wong sing dosa (musrik) ora seneng maring kuwé.

اِذْ تَسْتَغِيْثُوْنَ رَبَّكُمْ فَاسْتَجَابَ لَكُمْ اَنِّيْ مُمِدُّكُمْ بِاَلْفٍ مِّنَ الْمَلٰۤىِٕكَةِ مُرْدِفِيْنَ٩
Iż tastagīṡūna rabbakum fastajāba lakum annī mumiddukum bi'alfim minal-malā'ikati murdifīn(a).
[9] (Élinga) rikala ko padha nyuwun pitulungan maring Pengéranmu, banjur déparengna nggo ko kabéh, “Temen, Ingsun bakal nekakna bala bantuan maring ko kabéh rupa séwu malaékat sing teka urut-urutan.”

وَمَا جَعَلَهُ اللّٰهُ اِلَّا بُشْرٰى وَلِتَطْمَىِٕنَّ بِهٖ قُلُوْبُكُمْۗ وَمَا النَّصْرُ اِلَّا مِنْ عِنْدِ اللّٰهِ ۗاِنَّ اللّٰهَ عَزِيْزٌ حَكِيْمٌ ࣖ١٠
Wa mā ja‘alahullāhu illā busyrā wa litaṭma'inna bihī qulūbukum, wa man-naṡru illā min ‘indillāh(i), innallāha ‘azīzun ḥakīm(un).
[10] Lan ora pisan-pisan Gusti Allah ndadékna kuwé kejaba nggo werta bebungah supaya atimu kabéh dadi tentrem merga kuwé. Lan kemenangan kuwé mung neng sisihé Gusti Allah. Temen, Gusti Allah Mahadigdaya, Mahawicaksana.

اِذْ يُغَشِّيْكُمُ النُّعَاسَ اَمَنَةً مِّنْهُ وَيُنَزِّلُ عَلَيْكُمْ مِّنَ السَّمَاۤءِ مَاۤءً لِّيُطَهِّرَكُمْ بِهٖ وَيُذْهِبَ عَنْكُمْ رِجْزَ الشَّيْطٰنِ وَلِيَرْبِطَ عَلٰى قُلُوْبِكُمْ وَيُثَبِّتَ بِهِ الْاَقْدَامَۗ١١
Iż yugasysyīkumun-nu‘āsa amanatam minhu wa yunazzilu ‘alaikum minas-samā'i mā'al liyuṭahhirakum bihī wa yużhiba ‘ankum rijzasy-syaiṭāni wa liyarbiṭa ‘alā qulūbikum wa yuṡabbita bihil-aqdām(a).
[11] (Élinga) rikala Gusti Allah gawé ko padha krasa arip nggo awéh ketentreman sekang Penjenengané, lan Gusti Allah nurunaken banyu (udan) sekang langit maring ko kabéh nggo nyucékna ko kanthi (udan) kuwé lan ngilangna gangguan-gangguan sétan sekang awakmu lan nggo nguwatna atimu lan nguwatna tlapakané sikilmu (kuwat neng tekad).

اِذْ يُوْحِيْ رَبُّكَ اِلَى الْمَلٰۤىِٕكَةِ اَنِّيْ مَعَكُمْ فَثَبِّتُوا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْاۗ سَاُلْقِيْ فِيْ قُلُوْبِ الَّذِيْنَ كَفَرُوا الرُّعْبَ فَاضْرِبُوْا فَوْقَ الْاَعْنَاقِ وَاضْرِبُوْا مِنْهُمْ كُلَّ بَنَانٍۗ١٢
Iż yūḥī rabbuka ilal-malā'ikati annī ma‘akum fa ṡabbitul-lażīna āmanū, sa'ulqī fī qulūbil-lażīna kafarur-ru‘ba faḍribū fauqal-a‘nāqi waḍribū minhum kulla banān(in).
[12] (Élinga) rikala Pengéranmu mahyokna maring para malaékat, “Setemené Ingsun bareng karo ko kabéh, mangka kuwatna (tekad) wong-wong sing wis precaya.” Mbésuk bakal Ingsun paringi rasa wedi maring njero atiné wong-wong sing mbangkang (kapir), mangka gebuga neng sendhuwur guluné dhéwéké lan thuthuka saben-saben pucuk jenthiké dhéwéké kabéh. 360
360) Kiyé kedadéan neng sejeroné perang, nggon wadi sing gawé mati yakuwé gulu. Ning angger mungsuh nganggo klambi wesi, dadi angél dékalahna, mangka tangané sing délumpuhna, supayané ora bisa nyekel pedhama (senjata), kaya pedhang, tumbak, lan liya-liyané dadi gampang détahan.

ذٰلِكَ بِاَنَّهُمْ شَاۤقُّوا اللّٰهَ وَرَسُوْلَهٗۚ وَمَنْ يُّشَاقِقِ اللّٰهَ وَرَسُوْلَهٗ فَاِنَّ اللّٰهَ شَدِيْدُ الْعِقَابِ١٣
Żālika bi'annahum syāqqullāha wa rasūlah(ū), wa may yusyāqiqillāha wa rasūlahū fa innallāha syadīdul-‘iqāb(i).
[13] (Pepesthén) sing mengkana kuwé yakuwé merga setemené dhéwéké padha nglawan Gusti Allah lan Utusan-É; lan sapa wongé nglawan Gusti Allah lan Utusan-É, temen, Gusti Allah keras banget siksa-Né.

ذٰلِكُمْ فَذُوْقُوْهُ وَاَنَّ لِلْكٰفِرِيْنَ عَذَابَ النَّارِ١٤
Żālikum fa żūqūhu wa anna lil-kāfirīna ‘ażāban-nār(i).
[14] Mengkana kuwé (ukuman dunya sing détibakna maring ko kabéh), mangka rasakna ukuman kuwé. Setemené tumrap wong-wong sing mbangkang (kapir) ana (maning) siksa neraka.

يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْٓا اِذَا لَقِيْتُمُ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا زَحْفًا فَلَا تُوَلُّوْهُمُ الْاَدْبَارَۚ١٥
Yā ayyuhal-lażīna āmanū iżā laqītumul-lażīna kafarū zaḥfan falā tuwallūhumul-adbār(a).
[15] Hé wong-wong sing padha precaya! Angger ko kabéh ketemu wong-wong kapir sing arep nyerang ko kabéh, mangka aja nganti ko padha mbalik ngungkuri dhéwéké (mundur).

وَمَنْ يُّوَلِّهِمْ يَوْمَىِٕذٍ دُبُرَهٗٓ اِلَّا مُتَحَرِّفًا لِّقِتَالٍ اَوْ مُتَحَيِّزًا اِلٰى فِئَةٍ فَقَدْ بَاۤءَ بِغَضَبٍ مِّنَ اللّٰهِ وَمَأْوٰىهُ جَهَنَّمُ ۗ وَبِئْسَ الْمَصِيْرُ١٦
Wa may yuwallihim yauma'iżin duburahū illā mutaḥarrifal liqitālin au mutaḥayyizan ilā fi'atin faqad bā'a bigaḍabim minallāhi wa ma'wāhu jahannam(u), wa bi'sal-maṣīr(u).
[16] Lan sapa wongé mundur neng wektu kuwé, kejaba menggok nggo (siyasat) perang utawa arep nggabungna awaké karo wadyabala liyané, mangka temen, wong kuwé bali karo nggawa bendu sekang Gusti Allah. Panggonané yakuwé neraka jahanam, seala-alané panggonan bali.

فَلَمْ تَقْتُلُوْهُمْ وَلٰكِنَّ اللّٰهَ قَتَلَهُمْۖ وَمَا رَمَيْتَ اِذْ رَمَيْتَ وَلٰكِنَّ اللّٰهَ رَمٰىۚ وَلِيُبْلِيَ الْمُؤْمِنِيْنَ مِنْهُ بَلَاۤءً حَسَنًاۗ اِنَّ اللّٰهَ سَمِيْعٌ عَلِيْمٌ١٧
Falam taqtulūhum wa lākinnallāha qatalahum, wa mā ramaita iż ramaita wa lākinallāha ramā, wa liyubliyal-mu'minīna minhu balā'an ḥasanā(n), innallāha samī‘un ‘alīm(un).
[17] Mangka (sebeneré) udu ko sing padha maténi dhéwéké kabéh, anging Gusti Allah sing maténi dhéwéké, lan udu ko sing mbalang rikala ko padha mbalangna, ning Gusti Allah sing mbalang. (Gusti Allah temindak kayakuwé nggo maténi dhéwéké kabéh) lan nggo paring kemenangan maring wong-wong sing padha precaya (mukmin) kanthi kemenangan sing apik. Temen, Gusti Allah Maha Midhanget, Maha Ngawuningani.

ذٰلِكُمْ وَاَنَّ اللّٰهَ مُوْهِنُ كَيْدِ الْكٰفِرِيْنَ١٨
Żālikum wa annallāha mūhinu kaidil-kāfirīn(a).
[18] Mengkana kuwé (ganjarané Gusti Allah sing délubérna maring ko kabéh), lan temen, Gusti Allah ngasorna pengapusé wong-wong sing mbangkang (kapir).

اِنْ تَسْتَفْتِحُوْا فَقَدْ جَاۤءَكُمُ الْفَتْحُۚ وَاِنْ تَنْتَهُوْا فَهُوَ خَيْرٌ لَّكُمْۚ وَاِنْ تَعُوْدُوْا نَعُدْۚ وَلَنْ تُغْنِيَ عَنْكُمْ فِئَتُكُمْ شَيْـًٔا وَّلَوْ كَثُرَتْۙ وَاَنَّ اللّٰهَ مَعَ الْمُؤْمِنِيْنَ ࣖ١٩
In tastaftiḥū faqad jā'akumul-fatḥ(u), wa in tantahū fa huwa khairul lakum, wa in ta‘ūdū na‘ud, wa lan tugniya ‘ankum fi'atukum syai'aw wa lau kaṡurat, wa anallāha ma‘al-mu'minīn(a).
[19] Angger ko padha nyuwun putusan, mangka setemené putusan wis teka maring ko kabéh; lan angger ko kabéh mandheg (mungsuhi Utusan), mangka kuwé sing lewih apik tumrap ko kabéh, lan angger ko bali, mesthi Ingsun bali (awéh pitulungan), lan wadya-bngalamu ora bakal bisa nolak sewijiné bebaya semendhing baé sekang ko kabéh, senajan cacahé (wadyabala) akéh. Temen, Gusti Allah mbarengi wong-wong sing padha precaya.

يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْٓا اَطِيْعُوا اللّٰهَ وَرَسُوْلَهٗ وَلَا تَوَلَّوْا عَنْهُ وَاَنْتُمْ تَسْمَعُوْنَ٢٠
Yā ayyuhal-lażīna āmanū aṭī‘ullāha wa rasūlahū wa lā tawallau ‘anhu wa antum tasma‘ūn(a).
[20] Hé wong-wong sing padha precaya! Manuta ko kabéh maring Gusti Allah lan Utusan-É, lan aja nganti ko mléngos sekang Penjenengané, mangkané ko padha krungu (dhawuh-dhawuhé Penjenengané),

وَلَا تَكُوْنُوْا كَالَّذِيْنَ قَالُوْا سَمِعْنَا وَهُمْ لَا يَسْمَعُوْنَۚ٢١
Wa lā takūnū kal-lażīna qālū sami‘nā wa hum lā yasma‘ūn(a).
[21] lan aja nganti ko kabéh dadi kaya wong-wong (lamis) sing padha ngucap, “Inyong padha ngrungokna,” mangkané dhéwéké ora padha ngrungokna (merga atiné dhéwéké padha ngingkari).

۞ اِنَّ شَرَّ الدَّوَاۤبِّ عِنْدَ اللّٰهِ الصُّمُّ الْبُكْمُ الَّذِيْنَ لَا يَعْقِلُوْنَ٢٢
Inna syarrad-dawābbi ‘indallāhiṣ-ṣummul-bukmul-lażīna lā ya‘qilūn(a).
[22] Setemené makhluk obah sing duwé nyawa sing paling ala neng peningalané Gusti Allah yakuwé dhéwéké sing padha budheg lan bisu (ora krungu lan ora ngawéruhi sing bener) yakuwé wong-wong sing ora ngerténi.

وَلَوْ عَلِمَ اللّٰهُ فِيْهِمْ خَيْرًا لَّاَسْمَعَهُمْۗ وَلَوْ اَسْمَعَهُمْ لَتَوَلَّوْا وَّهُمْ مُّعْرِضُوْنَ٢٣
Wa lau ‘alimallāhu fīhim khairal la'asma‘ahum, wa lau asma‘ahum latawallau wa hum mu‘riḍūn(a).
[23] Lan sekirané Gusti Allah ngerti ana kebagu-san neng dhéwéké kabéh, mesthi Penjeneng-ané dadékna dhéwéké bisa krungu. 361 Lan angger Gusti Allah ndadékna dhéwéké bisa krungu, mesthi dhéwéké mléngos, lan dhéwéké mléngosna awaké dhéwék.
361) Peumpaman neng njero ayat kiyé ora tegesé Gusti Allah ora ngerti, ning Gusti Allah Maha Ngerténi lamon neng dhéwéké ora nana kebagusan.

يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوا اسْتَجِيْبُوْا لِلّٰهِ وَلِلرَّسُوْلِ اِذَا دَعَاكُمْ لِمَا يُحْيِيْكُمْۚ وَاعْلَمُوْٓا اَنَّ اللّٰهَ يَحُوْلُ بَيْنَ الْمَرْءِ وَقَلْبِهٖ وَاَنَّهٗٓ اِلَيْهِ تُحْشَرُوْنَ٢٤
Yā ayyuhal-lażīna āmanustajībū lillāhi wa lir-rasūli iżā da‘ākum limā yuḥyīkum, wa‘lamū annallāha yaḥūlu bainal-mar'i wa qalbihī wa annahū ilaihi tuḥsyarūn(a).
[24] Hé wong-wong sing padha precaya! Turuti pengundangé Gusti Allah lan Utusan, angger slirané ngundang ko kabéh maring samubarang sing awéh penguripan maring ko kabéh, 362 lan ngertia lamon setemené Gusti Allah matesi antarané menungsa lan atiné lan setemené maring Penjenengané ko kabéh bakal dékumpulna.
362) Ngundang (préntah) ko padha perang nggo ngegungna kalimaté Gusti Allah lan nguripna Islam lan muslimin. Uga tegesé ngundang ko kabéh maring precaya, pituduh, lelabuh (jihad), lan sekabéhané sing ana gandhéngé karo kebegyan neng dunya lan akhérat.

وَاتَّقُوْا فِتْنَةً لَّا تُصِيْبَنَّ الَّذِيْنَ ظَلَمُوْا مِنْكُمْ خَاۤصَّةً ۚوَاعْلَمُوْٓا اَنَّ اللّٰهَ شَدِيْدُ الْعِقَابِ٢٥
Wattaqū fitnatal lā tuṣībannal-lażīna ẓalamū minkum khāṣṣah(tan), wa‘lamū annallāha syadīdul-‘iqāb(i).
[25] Lan reksanen awakmu sekang penyiksan sing ora mung nibani wong-wong sing aniaya (dolim) baé neng antarané ko kabéh. Ngertia lamon Gusti Allah keras banget siksa-Né.

وَاذْكُرُوْٓا اِذْ اَنْتُمْ قَلِيْلٌ مُّسْتَضْعَفُوْنَ فِى الْاَرْضِ تَخَافُوْنَ اَنْ يَّتَخَطَّفَكُمُ النَّاسُ فَاٰوٰىكُمْ وَاَيَّدَكُمْ بِنَصْرِهٖ وَرَزَقَكُمْ مِّنَ الطَّيِّبٰتِ لَعَلَّكُمْ تَشْكُرُوْنَ٢٦
Ważkurū iż antum qalīlum mustaḍ‘afūna fil-arḍi takhāfūna ay yatakhaṭṭafakumun-nāsu fa āwākum wa ayyadakum binaṣrihī wa razaqakum minaṭ-ṭayyibāti la‘allakum tasykurūn(a).
[26] Lan élinga rikala ko kabéh (wong sing padha boyong sekang Mekah) ésih semendhing (cacahé), uga dékaniaya neng bumi (Mekah), lan ko padha wedi wong-wong (Mekah) bakal nyulik ko kabéh, mangka Penjenengané paring maring ko kabéh papan manggon (Medinah) lan ndadékna ko kuwat kanthi pitulungané Penjenengané lan ko padha déparingi déning Penjenengané rejeki sing bagus supaya ko padha kesuwun (sukur).

يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا لَا تَخُوْنُوا اللّٰهَ وَالرَّسُوْلَ وَتَخُوْنُوْٓا اَمٰنٰتِكُمْ وَاَنْتُمْ تَعْلَمُوْنَ٢٧
Yā ayyuhal-lażīna āmanū lā takhūnullāha war-rasūla wa takhūnū amānātikum wa antum ta‘lamūn(a).
[27] Hé wong-wong sing padha precaya! Aja nganti ko padha nyidrani maring Gusti Allah lan Utusan lan (uga) aja ko padha nyidrani wélingan (amanat) sing détitipna maring ko kabéh, mangkané ko padha mengerténi.

وَاعْلَمُوْٓا اَنَّمَآ اَمْوَالُكُمْ وَاَوْلَادُكُمْ فِتْنَةٌ ۙوَّاَنَّ اللّٰهَ عِنْدَهٗٓ اَجْرٌ عَظِيْمٌ ࣖ٢٨
Wa‘lamū annamā amwālukum wa aulādukum fitnah(tun), wa annallāha ‘indahū ajrun ‘aẓīm(un).
[28] Lan ngertia lamon bandhamu lan anak-anakmu kuwé mung dadi coban lan setemené neng sisihé Gusti Allah ana ganjaran sing gedhé.

يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْٓا اِنْ تَتَّقُوا اللّٰهَ يَجْعَلْ لَّكُمْ فُرْقَانًا وَّيُكَفِّرْ عَنْكُمْ سَيِّاٰتِكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْۗ وَاللّٰهُ ذُو الْفَضْلِ الْعَظِيْمِ٢٩
Yā ayyuhal-lażīna āmanū in tattaqullāha yaj‘al lakum furqānaw wa yukaffir ‘ankum sayyi'ātikum wa yagfir lakum, wallāhu żul-faḍlil-‘aẓīm(i).
[29] Hé wong-wong sing padha precaya! Angger ko padha semarah (takwa) maring Gusti Allah, mesthi Penjenengané bakal paring furqon (kesanggupan mbédakna antarané sing bener lan luput) maring ko kabéh lan mbusek sekabéhé keluputanmu lan ngampurani (dosa-dosané) ko kabéh. Gusti Allah kagungan kenugrahan sing gedhé.

وَاِذْ يَمْكُرُ بِكَ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا لِيُثْبِتُوْكَ اَوْ يَقْتُلُوْكَ اَوْ يُخْرِجُوْكَۗ وَيَمْكُرُوْنَ وَيَمْكُرُ اللّٰهُ ۗوَاللّٰهُ خَيْرُ الْمٰكِرِيْنَ٣٠
Wa iż yamkuru bikal-lażīna kafarū liyuṡbitūka au yaqtulūka au yukhrijūk(a), wa yamkurūna wa yamkurullāh(u), wallāhu khairul-mākirīn(a).
[30] Lan (élinga), rikala wong-wong kapir (Quraisy) nggagas réka daya maring sliramu (Muhammad) nggo nyekel lan ngunjarakna sliramu utawa merjaya sliramu, utawa ngurak sliramu. Dhéwéké padha gawé réka daya lan Gusti Allah murungna réka daya kuwé. Gusti Allah kuwé seapik-apiké sing males réka daya.

وَاِذَا تُتْلٰى عَلَيْهِمْ اٰيٰتُنَا قَالُوْا قَدْ سَمِعْنَا لَوْ نَشَاۤءُ لَقُلْنَا مِثْلَ هٰذَآ ۙاِنْ هٰذَآ اِلَّآ اَسَاطِيْرُ الْاَوَّلِيْنَ٣١
Wa iżā tutlā ‘alaihim āyātunā qālū qad sami‘nā lau nasyā'u laqulnā miṡla hāżā, in hāżā illā asāṭīrul-awwalīn(a).
[31] Lan rikala ayat-ayat-É Ingsun déwacakna maring dhéwéké, dhéwéké padha ngucap, “Setemené inyong wis padha krungu (ayat-ayat sing kaya kiyé), angger inyong padha karep mesthi inyong padha bisa macakna sing kaya kiyé. (Al-Qur’an) kiyé ora liya mung dongengé wong-wong gemiyén.”

وَاِذْ قَالُوا اللّٰهُمَّ اِنْ كَانَ هٰذَا هُوَ الْحَقَّ مِنْ عِنْدِكَ فَاَمْطِرْ عَلَيْنَا حِجَارَةً مِّنَ السَّمَاۤءِ اَوِ ائْتِنَا بِعَذَابٍ اَلِيْمٍ٣٢
Wa iż qālullāhumma in kāna hāżā huwal-ḥaqqa min ‘indika fa amṭir ‘alainā ḥijāratam minas-samā'i awi'tinā bi‘ażābin alīm(in).
[32] Lan (élinga) wektu dhéwéké (wong-wong musrik) ngucap, “Dhuh Gusti Allah, menawi (Al-Qur’an) niki leres (wahyu) saking Penjenengan, mangka krutugi kula sedaya kalih watu saking langit, utawi dhatengaken teng kula sami siksa sing perih.”

وَمَا كَانَ اللّٰهُ لِيُعَذِّبَهُمْ وَاَنْتَ فِيْهِمْۚ وَمَا كَانَ اللّٰهُ مُعَذِّبَهُمْ وَهُمْ يَسْتَغْفِرُوْنَ٣٣
Wa mā kānallāhu liyu‘ażżibahum wa anta fīhim, wa mā kānallāhu mu‘ażżibahum wa hum yastagfirūn(a).
[33] Ning Gusti Allah ora bakal ngukum dhéwéké kabéh, selaginé sliramu (Muhammad) ana neng antarané wong-wong mau. Lan ora (uga) Gusti Allah bakal ngukum dhéwéké, selaginé dhéwéké padha (ésih) nyuwun pengampura.

وَمَا لَهُمْ اَلَّا يُعَذِّبَهُمُ اللّٰهُ وَهُمْ يَصُدُّوْنَ عَنِ الْمَسْجِدِ الْحَرَامِ وَمَا كَانُوْٓا اَوْلِيَاۤءَهٗۗ اِنْ اَوْلِيَاۤؤُهٗٓ اِلَّا الْمُتَّقُوْنَ وَلٰكِنَّ اَكْثَرَهُمْ لَا يَعْلَمُوْنَ٣٤
Wa mā lahum allā yu‘ażżibahumullāhu wa hum yaṣuddūna ‘anil-masjidil-ḥarāmi wa mā kānū auliyā'ah(ū), in auliyā'uhū illal-muttaqūna wa lākinna akṡarahum lā ya‘lamūn(a).
[34] Lan kenangapa Gusti Allah ora ngukum dhéwéké kabéh mangkané dhéwéké padha ngalang-ngalangi (wong) nggo (nekani) Masjidilharam lan dhéwéké kabéh udu wong-wong sing hak ngewasani kuwé? Wong sing hak ngewasani, mung wong-wong sing padha semarah (takwa). Ning akéh-akéhé sekang dhéwéké padha ora mengerténi.

وَمَا كَانَ صَلَاتُهُمْ عِنْدَ الْبَيْتِ اِلَّا مُكَاۤءً وَّتَصْدِيَةًۗ فَذُوْقُوا الْعَذَابَ بِمَا كُنْتُمْ تَكْفُرُوْنَ٣٥
Wa mā kāna ṣalātuhum ‘indal-baiti illā mukā'aw wa taṣdiyah(tan), fa żūqul-‘ażāba bimā kuntum takfurūn(a).
[35] Lan sembayangé dhéwéké neng sekubengé Baitullah kuwé, ora liya mung singsotan lan keprokan. Mangka rasakna siksa jalaran kapirmu kuwé.

اِنَّ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا يُنْفِقُوْنَ اَمْوَالَهُمْ لِيَصُدُّوْا عَنْ سَبِيْلِ اللّٰهِ ۗفَسَيُنْفِقُوْنَهَا ثُمَّ تَكُوْنُ عَلَيْهِمْ حَسْرَةً ثُمَّ يُغْلَبُوْنَ ەۗ وَالَّذِيْنَ كَفَرُوْٓا اِلٰى جَهَنَّمَ يُحْشَرُوْنَۙ٣٦
Innal-lażīna kafarū yunfiqūna amwālahum liyaṣuddū ‘an sabīlillāh(i), fa sayunfiqūnahā ṡumma takūnu ‘alaihim ḥasratan ṡumma yuglabūn(a), wal-lażīna kafarū ilā jahannama yuḥsyarūn(a).
[36] Setemené wong-wong sing mbangkang (kapir) kuwé, ngawéhna (infak) bandhané dhéwéké nggo ngalang-ngalangi (wong) sekang dalané Gusti Allah. Dhéwéké kabéh bakal (terus) ngawéhna bandha kuwé, banjur dhéwéké bakal padha ngajog dhéwék, lan wekasané dhéwéké kabéh bakal dékalahna. Maring njero neraka Jahanam wong-wong mbangkang (kapir) kuwé bakal dékumpulna,

لِيَمِيْزَ اللّٰهُ الْخَبِيْثَ مِنَ الطَّيِّبِ وَيَجْعَلَ الْخَبِيْثَ بَعْضَهٗ عَلٰى بَعْضٍ فَيَرْكُمَهٗ جَمِيْعًا فَيَجْعَلَهٗ فِيْ جَهَنَّمَۗ اُولٰۤىِٕكَ هُمُ الْخٰسِرُوْنَ ࣖ٣٧
Liyamīzallāhul-khabīṡa minaṭ-ṭayyibi wa yaj‘alal-khabīṡa ba‘ḍahū ‘alā ba‘ḍin fa yarkumahū jamī‘an fa yaj‘alahū fī jahannam(a), ulā'ika humul-khāsirūn(a).
[37] supayané Gusti Allah misahna (golongan) sing ala sekang sing bagus lan ndadékna (golongan) sing ala kuwé sebagéané neng ndhuwuré liyané, banjur sekabéhané détumpuk déning Penjenengané, lan délebokna maring njero neraka Jahanam. Dhéwéké kuwé wong-wong sing padha kapitunan.

قُلْ لِّلَّذِيْنَ كَفَرُوْٓا اِنْ يَّنْتَهُوْا يُغْفَرْ لَهُمْ مَّا قَدْ سَلَفَۚ وَاِنْ يَّعُوْدُوْا فَقَدْ مَضَتْ سُنَّتُ الْاَوَّلِيْنَ٣٨
Qul lil-lażīna kafarū in yantahū yugfar lahum mā qad salaf(a), wa iy ya‘ūdū faqad maḍat sunnatul-awwalīn(a).
[38] Ucapna maring wong-wong sing padha mbangkang (kapir) kuwé (Abu Sufyan karo batir-batiré), “Angger dhéwéké padha mandheg (sekang kapiré), mesthi Gusti Allah bakal ngampurani dosa-dosané dhéwéké kabéh sing wis keliwat; lan angger dhéwéké padha balik maning (merangi Nabi), temen kelakon (maring dhéwéké kabéh) pepesthéné (Gusti Allah maring) wong-wong gemiyén (détumpes).”

وَقَاتِلُوْهُمْ حَتّٰى لَا تَكُوْنَ فِتْنَةٌ وَّيَكُوْنَ الدِّيْنُ كُلُّهٗ لِلّٰهِۚ فَاِنِ انْتَهَوْا فَاِنَّ اللّٰهَ بِمَا يَعْمَلُوْنَ بَصِيْرٌ٣٩
Wa qātilūhum ḥattā lā takūna fitnatuw wa yakunad-dīnu kulluhū lillāh(i),fa inintahau fa innallāha bimā ya‘malūna baṣīr(un).
[39] Lan perangi dhéwéké kabéh kuwé nganti ora nana maning pitnah, lan agama mung kagem Gusti Allah pribadi. Angger dhéwéké padha mandheg (sekang kapiré), mangka setemené Gusti Allah Maha Mriksani apa sing dhéwéké padha pergawé.

وَاِنْ تَوَلَّوْا فَاعْلَمُوْٓا اَنَّ اللّٰهَ مَوْلٰىكُمْ ۗنِعْمَ الْمَوْلٰى وَنِعْمَ النَّصِيْرُ ۔٤٠
Wa in tawallau fa‘lamū annallāha maulākum, ni‘mal-maulā wa ni‘man-naṣīr(u).
[40] Lan angger dhéwéké padha mléngos, mangka ngertia lamon setemené Gusti Allah pengayomé ko kabéh. Penjenengané kuwé sebagus-bagusé pengayom lan sebagus-bagusé penulung.

۞ وَاعْلَمُوْٓا اَنَّمَا غَنِمْتُمْ مِّنْ شَيْءٍ فَاَنَّ لِلّٰهِ خُمُسَهٗ وَلِلرَّسُوْلِ وَلِذِى الْقُرْبٰى وَالْيَتٰمٰى وَالْمَسٰكِيْنِ وَابْنِ السَّبِيْلِ اِنْ كُنْتُمْ اٰمَنْتُمْ بِاللّٰهِ وَمَآ اَنْزَلْنَا عَلٰى عَبْدِنَا يَوْمَ الْفُرْقَانِ يَوْمَ الْتَقَى الْجَمْعٰنِۗ وَاللّٰهُ عَلٰى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيْرٌ٤١
Wa‘lamū annamā ganimtum min syai'in fa anna lillāhi khumusahū wa lir-rasūli wa liżil-qurbā wal-yatāmā wal-masākīni wabnis-sabīli in kuntum āmantum billāhi wa mā anzalnā ‘alā ‘abdinā yaumal-furqāni yaumal-taqal-jam‘ān(i), wallāhu ‘alā kulli syai'in qadīr(un).
[41] Lan kawruhana, setemené sekabéhé sing ko pekolih minangka rampasan perang, 363 mangka sepralprecayaé konjuk maring Gusti Allah, Utusan, keluwarga Utusan, bocah yatim, wong mlarat, lan ibnu sabil, 364 (mengkana) angger ko padha precaya maring Gusti Allah lan maring apa sing Ingsun turunaken maring kewulané Ingsun (Muhammad) neng dina Furqon, 365 yakuwé neng dina ketemuné rong wadyabala. Gusti Allah Maha kuwasa ingatasé samubarang kabéh.
363) Bandha sing dépekolih sekang wong-wong kapir liwat perang, lan sing olih ora karo perang déjenengi fa’i, pembagéan kuwé neng ayat kiyé yakuwé sing gandhéngé karo bandha rampasan perang (gonimah) thok. 364) Sepralima sekang gonimah kuwé débagi maring: a) Gusti Allah karo Rasulé, b) Kulawargané Rasul (Bani Hasyim lan Bani Mutolib), c) bocah yatim, d) Wong mlarat, e) Ibnu Sabil, yakuwé wong sing lagi neng dalan, f) lan pat-pralima sekang gonimah kuwé débagi maring wong-wong sing padha mélu perang. 365) Dina ketemuné rong wadyabala neng perang Badar, dina Jemuah tangggal 17 Puasa taun Hijriyah. Sebagéan juru tapsir duwé penemu lamon ayat kiyé ngisaratna maring kawitané medhunné Al-Qur’anul Karim neng malem 17 Puasa.

اِذْ اَنْتُمْ بِالْعُدْوَةِ الدُّنْيَا وَهُمْ بِالْعُدْوَةِ الْقُصْوٰى وَالرَّكْبُ اَسْفَلَ مِنْكُمْۗ وَلَوْ تَوَاعَدْتُّمْ لَاخْتَلَفْتُمْ فِى الْمِيْعٰدِۙ وَلٰكِنْ لِّيَقْضِيَ اللّٰهُ اَمْرًا كَانَ مَفْعُوْلًا ەۙ لِّيَهْلِكَ مَنْ هَلَكَ عَنْۢ بَيِّنَةٍ وَّيَحْيٰى مَنْ حَيَّ عَنْۢ بَيِّنَةٍۗ وَاِنَّ اللّٰهَ لَسَمِيْعٌ عَلِيْمٌۙ٤٢
Iż antum bil-‘udwatid-dun-yā wa hum bil-‘udwatil-quṣwā war-rakbu asfala minkum, wa lau tawā‘attum lakhtalaftum fil-mī‘ād(i), wa lākil liyaqḍiyallāhu amran kāna maf‘ūlā(n), liyahlika man halaka ‘am bayyinatiw wa yaḥyā may ḥayya ‘am bayyinah(tin), wa innallāha lasamī‘un ‘alīm(un).
[42] (Yakuwé) rikala ko kabéh ana neng pingir lebak sing pérek lan dhéwéké padha ana neng pinggir lebak sing adoh, lan barisan (kafilah) kuwé ana neng panggonan sing lewih endhép ketimbang ko kabéh. 366 Sekirané ko padha nganakna sepakat (nggo netepna dina perangé), mesthi ko padha béda penemu rikala netepna (dina perangé kuwé), ning Gusti Allah kersa ngleksanakna sewijiné urusan sing kudu déléksanani, 367 yakuwé supayané wong sing mati kuwé mati kanthi bukti sing nyata lan supayané wong sing urip kuwé urip kanthi bukti sing nyata. Temen, Gusti Allah Maha Midhanget, Maha Ngawuningani.
366) Kaum muslimin wektu kuwé ana neng pinggir lebak (tanah endhép) sing pérek maring Medinah, lan wong-wong kapir ana neng pinggir lebak sing adoh sekang Medinah lan kafilah sing dépimpin neng Abu Sufyan ana neng pinggir kisik kurang lewih 5 mil sekang Badar. 367) Menangé kaum muslimin lan ancuré kaum musrikin.

اِذْ يُرِيْكَهُمُ اللّٰهُ فِيْ مَنَامِكَ قَلِيْلًاۗ وَلَوْ اَرٰىكَهُمْ كَثِيْرًا لَّفَشِلْتُمْ وَلَتَنَازَعْتُمْ فِى الْاَمْرِ وَلٰكِنَّ اللّٰهَ سَلَّمَۗ اِنَّهٗ عَلِيْمٌۢ بِذَاتِ الصُّدُوْرِ٤٣
Iż yurīkahumullāhu fī manāmika qalīlā(n), wa lau arākahum kaṡīral lafasyiltum wa latanāza‘tum fil-amri wa lākinnallāha sallam(a), innahū ‘alīmum biżātiṣ-ṣudūr(i).
[43] (Élinga) rikala Gusti Allah ngetonaken dhéwéké kabéh neng njero impénmu (cacahé) semendhing. Lan sekirané Gusti Allah ngetonaken dhéwéké (cacahé) akéh, mesthi ko padha wedi lan ko padha bantah-bantahan neng prékara kuwé, ning Gusti Allah wis nylametna ko kabéh. Temen, Gusti Allah Maha Ngawuningani apa sing ana neng njero atiné ko kabéh.

وَاِذْ يُرِيْكُمُوْهُمْ اِذِ الْتَقَيْتُمْ فِيْٓ اَعْيُنِكُمْ قَلِيْلًا وَّيُقَلِّلُكُمْ فِيْٓ اَعْيُنِهِمْ لِيَقْضِيَ اللّٰهُ اَمْرًا كَانَ مَفْعُوْلًا ۗوَاِلَى اللّٰهِ تُرْجَعُ الْاُمُوْرُ ࣖ٤٤
Wa iż yurīkumūhum iżil-taqaitum fī a‘yunikum qalīlaw wa yuqallilukum fī a‘yunihim liyaqḍiyallāhu amran kāna maf‘ūlā(n), wa ilallāhi turja‘ul-umūr(u).
[44] Lan rikala Gusti Allah ngetonaken dhéwéké kabéh maring ko, wektu ko ketemu karo dhéwéké cacahé semendhing miturut pendelengané matamu lan ko padha déketonaken déning Penjenengané cacahé semendhing miturut pendelengané dhéwéké kabéh, kuwé merga Gusti Allah kersa ngleksanakna sewijiné urusan sing kudu déléksanani. Mung maring Gusti Allah sekabéhé urusan débalékna.

يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْٓا اِذَا لَقِيْتُمْ فِئَةً فَاثْبُتُوْا وَاذْكُرُوا اللّٰهَ كَثِيْرًا لَّعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَۚ٤٥
Yā ayyuhal-lażīna āmanū iżā laqītum fi'atan faṡbutū ważkurullāha kaṡīral la‘allakum tufliḥūn(a).
[45] Hé wong-wong sing padha precaya! Rikala ko kabéh ketemu wadyabala (mungsuh), mangka kuwatna atimu lan sebuta (asmané) Gusti Allah ping akéh (éling lan nyenyu-wun) supayané ko padha begya.

وَاَطِيْعُوا اللّٰهَ وَرَسُوْلَهٗ وَلَا تَنَازَعُوْا فَتَفْشَلُوْا وَتَذْهَبَ رِيْحُكُمْ وَاصْبِرُوْاۗ اِنَّ اللّٰهَ مَعَ الصّٰبِرِيْنَۚ٤٦
Wa aṭī‘ullāha wa rasūlahū wa lā tanāza‘ū fa tafsyalū wa tażhaba rīḥukum waṣbirū, innallāha ma‘aṣ-ṣābirīn(a).
[46] Lan padha manuta maring Gusti Allah lan Utusané lan aja pisan ko padha pesulayan, sing njalari ko padha wedi lan kekuwatanmu ilang lan padha sing sabar. Temen, Gusti Allah mbarengi wong-wong sing sabar.

وَلَا تَكُوْنُوْا كَالَّذِيْنَ خَرَجُوْا مِنْ دِيَارِهِمْ بَطَرًا وَّرِئَاۤءَ النَّاسِ وَيَصُدُّوْنَ عَنْ سَبِيْلِ اللّٰهِ ۗوَاللّٰهُ بِمَايَعْمَلُوْنَ مُحِيْطٌ٤٧
Wa lā takūnū kal-lażīna kharajū min diyārihim baṭaraw wa ri'ā'an-nāsi wa yaṣuddūna ‘an sabīlillāh(i), wallāhu bimā ya‘malūna muḥīṭ(un).
[47] Lan aja nganti ko kabéh kaya wong-wong sing metu sekang désané kanthi rasa gemedhé lan kepéngin déalem wong (riya) lan ngalang-ngalangi (wong) sekang dalané Gusti Allah. Gusti Allah nglingkupi ingatasé sekabéhé sing dhéwéké padha pergawé.

وَاِذْ زَيَّنَ لَهُمُ الشَّيْطٰنُ اَعْمَالَهُمْ وَقَالَ لَا غَالِبَ لَكُمُ الْيَوْمَ مِنَ النَّاسِ وَاِنِّيْ جَارٌ لَّكُمْۚ فَلَمَّا تَرَاۤءَتِ الْفِئَتٰنِ نَكَصَ عَلٰى عَقِبَيْهِ وَقَالَ اِنِّيْ بَرِيْۤءٌ مِّنْكُمْ اِنِّيْٓ اَرٰى مَا لَا تَرَوْنَ اِنِّيْٓ اَخَافُ اللّٰهَ ۗوَاللّٰهُ شَدِيْدُ الْعِقَابِ ࣖ٤٨
Wa iż zayyana lahumusy-syaiṭānu a‘mālahum wa qāla lā gāliba lakumul-yauma minan-nāsi wa innī jārul lakum, falammā tarā'atil-fi'atāni nakaṣa ‘alā ‘aqibaihi wa qāla innī barī'um minkum innī arā mā lā tarauna innī akhāfullāh(a), wallāhu syadīdul-‘iqāb(i).
[48] Lan (élinga) rikala sétan ndadékna rasané apik tumrap dhéwéké penggawéan (dosané) dhéwéké lan padha ngucap, “Ora nana (wong) sing bisa ngalahna ko kabéh neng dina kiyé, lan temen, inyong kiyé juru tulungmu.” Mangka rikala rong wadyabala kuwé wis padha déné weruh (adhep-adhepan), sétan mbalik maring mburi karo ngucap, “Setemené inyong ora cawé-cawé karo ko kabéh; inyong bisa weruh sing ko ora padha bisa weruh; setemené inyong wedi maring Gusti Allah.” Gusti Allah keras banget siksa-Né.

اِذْ يَقُوْلُ الْمُنٰفِقُوْنَ وَالَّذِيْنَ فِيْ قُلُوْبِهِمْ مَّرَضٌ غَرَّ هٰٓؤُلَاۤءِ دِيْنُهُمْۗ وَمَنْ يَّتَوَكَّلْ عَلَى اللّٰهِ فَاِنَّ اللّٰهَ عَزِيْزٌ حَكِيْمٌ٤٩
Iż yaqūlul-munāfiqūna wal-lażīna fī qulūbihim maraḍun garra hā'ulā'i dīnuhum, wa may yatawakkal ‘alallāhi fa innallāha ‘azīzun ḥakīm(un).
[49] (élinga) wektu wong-wong lamis (munapék) lan wong-wong sing ana prenyakit neng atiné ngucap, “Dhéwéké kabéh kuwé (wong-wong sing precaya) déapusi déning agamané.” (Gusti Allah dhawuh), “Sapa wongé pasrah (tawakal) karo Gusti Allah, kawruhana lamon Gusti Allah Mahadigdaya, Mahawicaksana.”

وَلَوْ تَرٰٓى اِذْ يَتَوَفَّى الَّذِيْنَ كَفَرُوا الْمَلٰۤىِٕكَةُ يَضْرِبُوْنَ وُجُوْهَهُمْ وَاَدْبَارَهُمْۚ وَذُوْقُوْا عَذَابَ الْحَرِيْقِ٥٠
Wa lau tarā iż yatawaffal-lażīna kafarul-malā'ikatu yaḍribūna wujūhahum wa adbārahum, wa żūqū ‘ażābal-ḥarīq(i).
[50] Lan sekirané ko padha weruh rikala para malaékat njabud nyawané wong-wong sing mbangkang (kapir) karo nggebug rainé lan gigiré dhéwéké kabéh (lan ngucap), “Rasakna déning ko kabéh siksané neraka sing mbakar.”

ذٰلِكَ بِمَا قَدَّمَتْ اَيْدِيْكُمْ وَاَنَّ اللّٰهَ لَيْسَ بِظَلَّامٍ لِّلْعَبِيْدِۙ٥١
Żālika bimā qaddamat aidīkum wa annallāha laisa biẓallāmil lil-‘abīd(i).
[51] Mengkana kuwé déjalari déning penggawéyané tanganmu dhéwék. Lan setemené Gusti Allah ora gawé kapitunan (dolim) maring kewula-kewula-Né,

كَدَأْبِ اٰلِ فِرْعَوْنَۙ وَالَّذِيْنَ مِنْ قَبْلِهِمْۗ كَفَرُوْا بِاٰيٰتِ اللّٰهِ فَاَخَذَهُمُ اللّٰهُ بِذُنُوْبِهِمْۗ اِنَّ اللّٰهَ قَوِيٌّ شَدِيْدُ الْعِقَابِ٥٢
Kada'bi āli fir‘aun(a), wal-lażīna min qablihim, kafarū bi'āyātillāhi fa akhażahumullāhu biżunūbihim, innallāha qawiyyun syadīdul-‘iqāb(i).
[52] (kahanané dhéwéké kabéh) padha karo kahanané balané Fir’aun lan wong-wong sing seurungé dhéwéké. Dhéwéké padha ngingkari ayat-ayat-É Gusti Allah, mangka Gusti Allah paring siksa maring dhéwéké kabéh merga dosa-dosané. Temen, Gusti Allah Mahakuwat lan banget keras siksa-Né.

ذٰلِكَ بِاَنَّ اللّٰهَ لَمْ يَكُ مُغَيِّرًا نِّعْمَةً اَنْعَمَهَا عَلٰى قَوْمٍ حَتّٰى يُغَيِّرُوْا مَا بِاَنْفُسِهِمْۙ وَاَنَّ اللّٰهَ سَمِيْعٌ عَلِيْمٌۙ٥٣
Żālika bi'annallāha lam yaku mugayyiran ni‘matan an‘amahā ‘alā qaumin ḥattā yugayyirū mā bi'anfusihim, wa annallāha samī‘un ‘alīm(un).
[53] Sing mengkana kuwé merga setemené Gusti Allah ora bakal ngowahi sewijiné nékmat sing wis déparingna déning Penjenengané maring sewijiné kaum, saéngga kaum kuwé ngowahi apa sing ana neng awaké dhéwék. Setemené Gusti Allah Maha Midhanget, Maha Ngawuningani,

كَدَأْبِ اٰلِ فِرْعَوْنَۙ وَالَّذِيْنَ مِنْ قَبْلِهِمْۚ كَذَّبُوْا بِاٰيٰتِ رَبِّهِمْ فَاَهْلَكْنٰهُمْ بِذُنُوْبِهِمْ وَاَغْرَقْنَآ اٰلَ فِرْعَوْنَۚ وَكُلٌّ كَانُوْا ظٰلِمِيْنَ٥٤
Kada'bi āli fir‘aun(a), wal-lażīna min qablihim, każżabū bi'āyāti rabbihim fa ahlaknāhum biżunūbihim wa agraqnā āla fir‘aun(a), wa kullun kānū ẓālimīn(a).
[54] (kahanané dhéwéké kabéh) padha karo kahanané balané Fir’aun lan wong-wong sing seurungé dhéwéké. Dhéwéké padha nggorohna ayat-ayat-É Pengérané, mangka Ingsun tumpes dhéwéké kabéh merga dosa-dosané lan Ingsun lelepna Fir’aun sebalané; merga dhéwéké kuwé wong-wong sing padha aniaya (dolim).

اِنَّ شَرَّ الدَّوَاۤبِّ عِنْدَ اللّٰهِ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا فَهُمْ لَا يُؤْمِنُوْنَۖ٥٥
Inna syarrad-dawābbi ‘indallāhil-lażīna kafarū fahum lā yu'minūn(a).
[55] Setemené makhluk obah sing duwé nyawa sing paling ala neng pemriksané Gusti Allah yakuwé wong-wong sing mbangkang (kapir), merga dhéwéké padha ora precaya.

الَّذِيْنَ عَاهَدْتَّ مِنْهُمْ ثُمَّ يَنْقُضُوْنَ عَهْدَهُمْ فِيْ كُلِّ مَرَّةٍ وَّهُمْ لَا يَتَّقُوْنَ٥٦
Allażīna ‘āhatta minhum ṡumma yanquḍūna ‘ahdahum fī kulli marratiw wa hum lā yattaqūn(a).
[56] (Yakuwé) wong-wong sing kejiret janji karo ko kabéh banjur saben janji dhéwéké padha nyidrani janjiné, lan dhéwéké padha ora wedi (maring Gusti Allah).

فَاِمَّا تَثْقَفَنَّهُمْ فِى الْحَرْبِ فَشَرِّدْ بِهِمْ مَّنْ خَلْفَهُمْ لَعَلَّهُمْ يَذَّكَّرُوْنَ٥٧
Fa immā taṡqafannahum fil-ḥarbi fa syarrid bihim man khalfahum la‘allahum yażżakkarūn(a).
[57] Mangka angger sliramu (Muhammad) ngungguli dhéwéké kabéh neng sejeroné perang, mangka orak-arika wong-wong sing neng mburiné dhéwéké kanthi (numpes) dhéwéké kabéh, supayané dhéwéké padha ngalap pengajaran.

وَاِمَّا تَخَافَنَّ مِنْ قَوْمٍ خِيَانَةً فَانْۢبِذْ اِلَيْهِمْ عَلٰى سَوَاۤءٍۗ اِنَّ اللّٰهَ لَا يُحِبُّ الْخَاۤىِٕنِيْنَ ࣖ٥٨
Wa immā takhāfanna min qaumin khiyānatan fambiż ilaihim ‘alā sawā'(in), innallāha lā yuḥibbul-khā'inīn(a).
[58] Lan angger sliramu (Muhammad) kewatir bakal (anané) penyidra (khianat) sekang sewijiné golongan, mangka balékna janji kuwé maring dhéwéké kanthi cara sing blaka. Temen, Gusti Allah ora seneng karo wong sing padha gawé cidra (khianat).

وَلَا يَحْسَبَنَّ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا سَبَقُوْاۗ اِنَّهُمْ لَا يُعْجِزُوْنَ٥٩
Wa lā yaḥsabannal-lażīna kafarū sabaqū, innahum lā yu‘jizūn(a).
[59] Lan aja nganti wong-wong sing mbangkang (kapir) padha ngira, lamon dhéwéké bakal bisa uwal (sekang kewasané Gusti Allah). Temen, dhéwéké ora bisa gawé apes (ingatasé Gusti Allah).

وَاَعِدُّوْا لَهُمْ مَّا اسْتَطَعْتُمْ مِّنْ قُوَّةٍ وَّمِنْ رِّبَاطِ الْخَيْلِ تُرْهِبُوْنَ بِهٖ عَدُوَّ اللّٰهِ وَعَدُوَّكُمْ وَاٰخَرِيْنَ مِنْ دُوْنِهِمْۚ لَا تَعْلَمُوْنَهُمْۚ اَللّٰهُ يَعْلَمُهُمْۗ وَمَا تُنْفِقُوْا مِنْ شَيْءٍ فِيْ سَبِيْلِ اللّٰهِ يُوَفَّ اِلَيْكُمْ وَاَنْتُمْ لَا تُظْلَمُوْنَ٦٠
Wa a‘iddū lahum mastaṭa‘tum min quwwatiw wa mir ribāṭil-khaili turhibūna bihī ‘aduwwallāhi wa ‘aduwwakum wa ākharīna min dūnihim, lā ta‘lamūnahum, allāhu ya‘lamuhum, wa mā tunfiqū min syai'in fī sabīlillāhi yuwaffa ilaikum wa antum lā tuẓlamūn(a).
[60] Lan siyagakna kanthi sekabéhé daya nggo ngadhepi dhéwéké kabéh karo kekuwatan sing ko padha duwéni lan sekang wadyabala jaran sing bisa gawé gemeter maring mungsuhé Gusti Allah, mungsuhmu lan wong-wong seliyané dhéwéké sing ko padha ora mengerténi; ning Gusti Allah ngawuningani. Apa baé sing ko padha sumbangna (infakna) neng dalané Gusti Allah mesthi bakal déwales kanthi cukup maring ko kabéh lan ko padha ora bakal dégawé tuna (dédolimi).

۞ وَاِنْ جَنَحُوْا لِلسَّلْمِ فَاجْنَحْ لَهَا وَتَوَكَّلْ عَلَى اللّٰهِ ۗاِنَّهٗ هُوَ السَّمِيْعُ الْعَلِيْمُ٦١
Wa in janaḥū lis-salmi fajnaḥ lahā wa tawakkal ‘alallāh(i), innahū huwas-samī‘ul-‘alīm(u).
[61] Ning angger dhéwéké padha condhong maring rukun, mangka tampani baé lan padha pasraha (tawakal) ko kabéh maring Gusti Allah. Temen, Penjenengané Maha Midhanget Maha Ngawuningani.

وَاِنْ يُّرِيْدُوْٓا اَنْ يَّخْدَعُوْكَ فَاِنَّ حَسْبَكَ اللّٰهُ ۗهُوَ الَّذِيْٓ اَيَّدَكَ بِنَصْرِهٖ وَبِالْمُؤْمِنِيْنَۙ٦٢
Wa iy yurīdū ay yakhda‘ūka fa inna ḥasbakallāh(u), huwal-lażī ayyadaka binaṣrihī wa bil-mu'minīn(a).
[62] Lan angger dhéwéké padha arep ngapusi ko, mangka setemené cukup Gusti Allah (dadi pengayom) tumrapmu. Penjenengané sing paring kekuwatan maring ko kanthi pitulu-ngan Penjenengané lan karo penyengkuyungé wong-wong sing padha precaya,

وَاَلَّفَ بَيْنَ قُلُوْبِهِمْۗ لَوْاَنْفَقْتَ مَا فِى الْاَرْضِ جَمِيْعًا مَّآ اَلَّفْتَ بَيْنَ قُلُوْبِهِمْ وَلٰكِنَّ اللّٰهَ اَلَّفَ بَيْنَهُمْۗ اِنَّهٗ عَزِيْزٌ حَكِيْمٌ٦٣
Wa allafa baina qulūbihim, lau anfaqta mā fil-arḍi jamī‘am mā allafta baina qulūbihim wa lākinnallāha allafa bainahum, innahū ‘azīzun ḥakīm(un).
[63] lan Penjenengané (Gusti Allah) sing nyewijékna atiné dhéwéké kabéh (wong sing precaya). Senajan ko nyumbangna (infak) sekabéhé (bandha) sing ana neng bumi, mesthi ko ora bisa nyewijékna atiné dhéwéké kabéh, ning Gusti Allah wis nyewijékna atiné dhéwéké kabéh. Temen, Penjenengané Mahadigdaya, Mahawicaksana.

يٰٓاَيُّهَا النَّبِيُّ حَسْبُكَ اللّٰهُ وَمَنِ اتَّبَعَكَ مِنَ الْمُؤْمِنِيْنَ ࣖ٦٤
Yā ayyuhan-nabiyyu ḥasbukallāhu wa manittaba‘aka minal-mu'minīn(a).
[64] Hé Nabi (Muhammad)! Cukup Gusti Allah (dadi pengayom) tumrap sliramu lan tumrap wong-wong sing padha precaya sing mélu maring sliramu.

يٰٓاَيُّهَا النَّبِيُّ حَرِّضِ الْمُؤْمِنِيْنَ عَلَى الْقِتَالِۗ اِنْ يَّكُنْ مِّنْكُمْ عِشْرُوْنَ صٰبِرُوْنَ يَغْلِبُوْا مِائَتَيْنِۚ وَاِنْ يَّكُنْ مِّنْكُمْ مِّائَةٌ يَّغْلِبُوْٓا اَلْفًا مِّنَ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا بِاَنَّهُمْ قَوْمٌ لَّا يَفْقَهُوْنَ٦٥
Yā ayyuhan-nabiyyu ḥarriḍil-mu'minīna ‘alal-qitāl(i), iy yakum minkum ‘isyrūna ṣabirūna yaglibū mi'atain(i), wa iy yakum minkum mi'atuy yaglibū alfam minal-lażīna kafarū bi'annahum qaumul lā yafqahūn(a).
[65] Hé Nabi (Muhammad)! Urubna semangaté wong-wong mukmin nggo perang. Angger ana rongpuluh wong sing sabar neng antarané ko kabéh, mesthi dhéwéké kabéh bisa ngalahna mungsuh wong rongatus. Lan angger ana satus wong (sing sabar) neng antarané ko kabéh, mesthi dhéwéké kabéh bisa ngalahna wong kapir sewu, merga wong-wong kapir kuwé kaum sing ora ngerténi. 368
368) Dhéwéké padha ora ngerti lamon perang kuwé kuduné nggo mbéla piandel (agama) lan manut dhawuhé Gusti Allah. Dhéwéké perang mung mligi nggo mbéla adat jahiliyah lan tujuan-tujuan dunya liyané.

اَلْـٰٔنَ خَفَّفَ اللّٰهُ عَنْكُمْ وَعَلِمَ اَنَّ فِيْكُمْ ضَعْفًاۗ فَاِنْ يَّكُنْ مِّنْكُمْ مِّائَةٌ صَابِرَةٌ يَّغْلِبُوْا مِائَتَيْنِۚ وَاِنْ يَّكُنْ مِّنْكُمْ اَلْفٌ يَّغْلِبُوْٓا اَلْفَيْنِ بِاِذْنِ اللّٰهِ ۗوَاللّٰهُ مَعَ الصّٰبِرِيْنَ٦٦
Al'āna khaffafallāhu ‘ankum wa ‘alima anna fīkum ḍa‘fā(n), fa iy yakum minkum mi'atun ṣābiratuy yaglibū mi'atain(i), wa iy yakum minkum alfuy yaglibū alfaini bi'iżnillāh(i), wallāhu ma‘aṣ-ṣābirīn(a).
[66] Siki Gusti Allah uwis ngenthéngna ko kabéh merga Penjenengané mengerténi lamon ana sipat apes neng awakmu. Mangka angger neng antarané ko kabéh ana satus wong sing sabar, mesthi dhéwéké kabéh bisa ngalahna rongatus (mungsuh); lan angger neng antarané ko kabéh ana séwu wong (sing sabar), mesthi dhéwéké padha bisa ngalahna rongéwu wong kanthi keparengé Gusti Allah. Gusti Allah mbarengi wong-wong sing padha sabar.

مَاكَانَ لِنَبِيٍّ اَنْ يَّكُوْنَ لَهٗٓ اَسْرٰى حَتّٰى يُثْخِنَ فِى الْاَرْضِۗ تُرِيْدُوْنَ عَرَضَ الدُّنْيَاۖ وَاللّٰهُ يُرِيْدُ الْاٰخِرَةَۗ وَاللّٰهُ عَزِيْزٌحَكِيْمٌ٦٧
Mā kāna linabiyyin ay yakūna lahū asrā ḥattā yuṡkhina fil-arḍ(i), turīdūna ‘araḍad-dun-yā, wallāhu yurīdul-ākhirah(ta), wallāhu ‘azīzun ḥakīm(un).
[67] Ora pisan-pisan pantes, tumrap sewijiné nabi duwé tawanan seurungé dhéwéké bisa nglumpuhna mungsuhé neng bumi. Ko padha karep maring bandha dunya lan Gusti Allah ngersakna (ganjaran) akhérat (nggo ko). Gusti Allah Mahadigdaya, Mahawicaksana.

لَوْلَاكِتٰبٌ مِّنَ اللّٰهِ سَبَقَ لَمَسَّكُمْ فِيْمَآ اَخَذْتُمْ عَذَابٌ عَظِيْمٌ٦٨
Lau lā kitābum minallāhi sabaqa lamassakum fīmā akhażtum ‘ażābun ‘aẓīm(un).
[68] Angger ora nana ketetepan sekawit gemiyén sekang Gusti Allah, mesthi ko kabéh détibani penyiksan sing gedhé merga (tebusan) sing ko padha alap.

فَكُلُوْا مِمَّاغَنِمْتُمْ حَلٰلًا طَيِّبًاۖ وَّاتَّقُوا اللّٰهَ ۗاِنَّ اللّٰهَ غَفُوْرٌ رَّحِيْمٌ٦٩
Fa kulū mimmā ganimtum ḥalālan ṭayyibā(n), wattaqullāh(a), innallāha gafūrur raḥīm(un).
[69] Mangka panganen sekang sebagéan rampasan perang sing ko kabéh pekolih kuwé, minangka panganan sing déparengna (halal) lan apik, lan sing padha semarah (takwa) ko kabéh maring Gusti Allah. Temen, Gusti Allah Maha Ngampurani, Mahaasih.

يٰٓاَيُّهَا النَّبِيُّ قُلْ لِّمَنْ فِيْٓ اَيْدِيْكُمْ مِّنَ الْاَسْرٰٓىۙ اِنْ يَّعْلَمِ اللّٰهُ فِيْ قُلُوْبِكُمْ خَيْرًا يُّؤْتِكُمْ خَيْرًا مِّمَّآ اُخِذَ مِنْكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْۗ وَاللّٰهُ غَفُوْرٌ رَّحِيْمٌ ࣖ٧٠
Yā ayyuhan-nabiyyu qul liman fī aidīkum minal-asrā, iy ya‘lamillāhu fī qulūbikum khairay yu'tikum khairam mimmā ukhiża minkum wa yagfir lakum, wallāhu gafūrur raḥīm(un).
[70] Hé Nabi (Muhammad)! Dhawuha maring para tawanan perang sing ana neng tangané sliramu, “Angger Gusti Allah mriksani ana kebagusan neng atimu kabéh, mesthi Penjenengané bakal paring sing lewih apik sekang apa sing wis déjikot sekang ko kabéh lan Penjenengané bakal paring ampura maring ko kabéh.” Gusti Allah Maha Ngampurani, Mahaasih.

وَاِنْ يُّرِيْدُوْا خِيَانَتَكَ فَقَدْ خَانُوا اللّٰهَ مِنْ قَبْلُ فَاَمْكَنَ مِنْهُمْ وَاللّٰهُ عَلِيْمٌ حَكِيْمٌ٧١
Wa iy yurīdū khiyānataka faqad khānullāha min qablu fa amkana minhum wallāhu ‘alīmun ḥakim(un).
[71] Ning angger dhéwéké kabéh (tawanan kuwé) bakal nyidrani (khianat) sliramu (Muhammad) mangka setemené seurungé kuwé dhéwéké wis padha cidra (khianat) maring Gusti Allah, mangka Penjenengané paring kuwasa maring sliramu ingatasé dhéwéké kabéh. Gusti Allah Maha Ngawuningani, Mahawicaksana.

اِنَّ الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَهَاجَرُوْا وَجَاهَدُوْا بِاَمْوَالِهِمْ وَاَنْفُسِهِمْ فِيْ سَبِيْلِ اللّٰهِ وَالَّذِيْنَ اٰوَوْا وَّنَصَرُوْٓا اُولٰۤىِٕكَ بَعْضُهُمْ اَوْلِيَاۤءُ بَعْضٍۗ وَالَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَلَمْ يُهَاجِرُوْا مَا لَكُمْ مِّنْ وَّلَايَتِهِمْ مِّنْ شَيْءٍ حَتّٰى يُهَاجِرُوْاۚ وَاِنِ اسْتَنْصَرُوْكُمْ فِى الدِّيْنِ فَعَلَيْكُمُ النَّصْرُ اِلَّا عَلٰى قَوْمٍۢ بَيْنَكُمْ وَبَيْنَهُمْ مِّيْثَاقٌۗ وَاللّٰهُ بِمَا تَعْمَلُوْنَ بَصِيْرٌ٧٢
Innal-lażīna āmanū wa hājarū wa jāhadū bi'amwālihim wa anfusihim fī sabīlillāhi wal-lażīna āwaw wa naṣarū ulā'ika ba‘ḍuhum auliyā'u ba‘ḍ(in), wal-lażīna āmanū wa lam yuhājirū mā lakum miw walāyatihim min syai'in ḥattā yuhājirū, wa inistanṣarūkum fid-dīni fa ‘alaikumun naṣru illā ‘alā qaumim bainakum wa bainahum mīṡāq(un), wallāhu bimā ta‘malūna baṣīr(un).
[72] Setemené wong-wong sing precaya lan boyong (hijrah) sarta lelabuh (jihad) kanthi bandha lan jiwané neng dalané Gusti Allah lan wong-wong sing awéh panggongan lan awéh pitulungan (maring sing padha boyong) dhéwéké siji karo liyané padha déné ngayomi. Lan (maring) wong-wong sing precaya ning urung padha boyong, mangka ora nana kewajiban semending-mendhinga tumrap sliramu ngayomi dhéwéké, nganti dhéwéké padha boyong. (Ning) angger dhéwéké njaluk pitulungan maring sliramu neng (urusan mbéla) agama, mangka sliramu wajib awéh pitulungan kejaba maring kaum sing wis kejiret janji antarané sliramu lan dhéwéké. Lan Gusti Allah Maha Mriksani apa sing sliramu pergawé.

وَالَّذِيْنَ كَفَرُوْا بَعْضُهُمْ اَوْلِيَاۤءُ بَعْضٍۗ اِلَّا تَفْعَلُوْهُ تَكُنْ فِتْنَةٌ فِى الْاَرْضِ وَفَسَادٌ كَبِيْرٌۗ٧٣
Wal-lażīna kafarū ba‘ḍuhum auliyā'u ba‘ḍ(in), illā taf‘alūhu takun fitnatun fil-arḍi wa fasādun kabīr(un).
[73] Lan wong-wong kapir, sebagéan dhéwéké padha ngayomi sebagéan liyané. Angger ko ora padha nglakoni apa sing wis dédhawuh-na déning Gusti Allah (padha déné ngayo-mi), mesthi bakal ana gonjang-ganjing neng bumi lan kerusakan sing gedhé.

وَالَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَهَاجَرُوْا وَجَاهَدُوْا فِيْ سَبِيْلِ اللّٰهِ وَالَّذِيْنَ اٰوَوْا وَّنَصَرُوْٓا اُولٰۤىِٕكَ هُمُ الْمُؤْمِنُوْنَ حَقًّاۗ لَهُمْ مَّغْفِرَةٌ وَّرِزْقٌ كَرِيْمٌ٧٤
Wal-lażīna āmanū wa hājarū wa jāhadū fī sabīlillāhi wal-lażīna āwaw wa naṣarū ulā'ika humul-mu'minūna ḥaqqā(n), lahum magfirtuw wa rizqun karīm(un).
[74] Lan wong-wong sing precaya lan boyong (hijrah) lan lelabuh (jihad) neng dalané Gusti Allah, lan wong-wong sing awéh panggonan lan awéh pitulungan (maring wong sing padha boyong), dhéwéké kuwé wong sing nyata-nyata precaya. Dhéwéké olih ampura lan rejeki (nékmat) sing mulya.

وَالَّذِيْنَ اٰمَنُوْا مِنْۢ بَعْدُ وَهَاجَرُوْا وَجَاهَدُوْا مَعَكُمْ فَاُولٰۤىِٕكَ مِنْكُمْۗ وَاُولُوا الْاَرْحَامِ بَعْضُهُمْ اَوْلٰى بِبَعْضٍ فِيْ كِتٰبِ اللّٰهِ ۗاِنَّ اللّٰهَ بِكُلِّ شَيْءٍ عَلِيْمٌ ࣖ٧٥
Wal-lażīna āmanū mim ba‘du wa hājarū wa jāhadū ma‘akum fa ulā'ika minkum, wa ulul-arḥāmi ba‘ḍuhum aulā biba‘ḍin fī kitābillāh(i), innallāha bikulli syai'in ‘alīm(un).
[75] Lan wong-wong sing padha precaya sewisé kuwé, banjur boyong (hijrah) lan lelebuh (jihad) bareng sliramu mangka dhéwéké klebu golongané sliramu. Wong-wong sing duwé gandhéng-cénéng keluwarga kuwé sebagéané lewih hak maring sepadhané (ketimbang sing udu keluwarga) manut Kitabé Gusti Allah. Temen, Gusti Allah Maha Ngawuningani ingatasé samubarang kabéh.