Surah Al-Mursalat

Daftar Surah
0:00
0:00

بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
وَالْمُرْسَلٰتِ عُرْفًاۙ١
Wal-mursalāti ‘urfā(n).
[1] Sekawit (malaékat-malaékat) 884 sing déutus nggo nggawa kebagusan,
884) Seperangan ahli tapsir nerjemahna, “Sekawit (demi) angin sing dekirim.”

فَالْعٰصِفٰتِ عَصْفًاۙ٢
Fal-‘āṣifāti ‘aṣfā(n).
[2] lan (malaékat-malaékat) sing mabur kanthi cemlorot, 885
885) Mabur seperlu ngleksanakna dhawuhé Gusti Allah.

وَّالنّٰشِرٰتِ نَشْرًاۙ٣
Wan-nāsyirāti nasyrā(n).
[3] lan (malaékat-malaékat) sing nyebarna (asihé Gusti Allah) kanthi ora wangenan, 886
886) Rikala malaékat temurun nggo nggawa wahyu, seperangan ahli tapsir duwé penemu, lamon sing démaksud karo an-nasyirat kuwé udan-barat.

فَالْفٰرِقٰتِ فَرْقًاۙ٤
Fal-fāriqāti farqā(n).
[4] lan (malaékat-malaékat) sing mbédakna (antarané sing apik karo sing ala) kanthi gamblang,

فَالْمُلْقِيٰتِ ذِكْرًاۙ٥
Fal-mulqiyāti żikrā(n).
[5] lan (malaékat-malaékat) sing mbutulna wahyu,

عُذْرًا اَوْ نُذْرًاۙ٦
‘Użran au nużrā(n).
[6] nggo nolak alesan-alesan utawa awéh pengéling-éling.

اِنَّمَا تُوْعَدُوْنَ لَوَاقِعٌۗ٧
Innamā tū‘adūna lawāqi‘(un).
[7] Temen, apa sing déjanjékna maring awakmu mesthi bakal kelakon.

فَاِذَا النُّجُوْمُ طُمِسَتْۙ٨
Fa iżan-nujūmu ṭumisat.
[8] Mangka rikala lintang-lintang debusek,

وَاِذَا السَّمَاۤءُ فُرِجَتْۙ٩
Wa iżas-samā'u furijat.
[9] lan rikala langit desigar,

وَاِذَا الْجِبَالُ نُسِفَتْۙ١٠
Wa iżal-jibālu nusifat.
[10] lan rikala gunung-gunung delebur dadi lebu,

وَاِذَا الرُّسُلُ اُقِّتَتْۗ١١
Wa iżar-rusulu uqqitat.
[11] lan rikala utusan-utusan wis détetepna wektuné. 887
887) Wektu nggo ngumpul bareng wargané dhéwék-dhéwék.

لِاَيِّ يَوْمٍ اُجِّلَتْۗ١٢
Li'ayyi yaumin ujjilat.
[12] (Mesthi déucapna maring wong-wong), ”Nganti kapan detundha (siksané wong-wong kapir kuwé)?”

لِيَوْمِ الْفَصْلِۚ١٣
Liyaumil-faṣl(i).
[13] Nganti dina putusan.

وَمَآ اَدْرٰىكَ مَا يَوْمُ الْفَصْلِۗ١٤
Wa mā adrāka mā yaumul-faṣl(i).
[14] Lan apa ko ngerti dina putusan kuwé apa?

وَيْلٌ يَّوْمَىِٕذٍ لِّلْمُكَذِّبِيْنَ١٥
Wailuy yauma'iżil lil-mukażżibīn(a).
[15] Cilaka temen neng dina kuwé, tumrap wong-wong sing nyidrani (bebener).

اَلَمْ نُهْلِكِ الْاَوَّلِيْنَۗ١٦
Alam nuhlikil-awwalīn(a).
[16] Mbok iya wis Ingsun tumpes wong-wong sing gemiyén?

ثُمَّ نُتْبِعُهُمُ الْاٰخِرِيْنَ١٧
Ṡumma nutbi‘uhumul-ākhirīn(a).
[17] Banjur Ingsun susulna (siksa Ingsun maring) wong-wong sing teka lewih kéri.

كَذٰلِكَ نَفْعَلُ بِالْمُجْرِمِيْنَ١٨
Każālika naf‘alu bil-mujrimīn(a).
[18] Mengkana kuwé temindaké Ingsun maring wong-wong sing luput.

وَيْلٌ يَّوْمَىِٕذٍ لِّلْمُكَذِّبِيْنَ١٩
Wailuy yauma'iżil lil-mukażżibīn(a).
[19] Cilaka temen neng dina kuwé, tumrap dhéwéké sing padha nyidrani (bebener).

اَلَمْ نَخْلُقْكُّمْ مِّنْ مَّاۤءٍ مَّهِيْنٍۙ٢٠
Alam nakhluqkum mim mā'im mahīn(in).
[20] Mbok iya Ingsun nyiptakna ko sekang banyu sing ina (mani),

فَجَعَلْنٰهُ فِيْ قَرَارٍ مَّكِيْنٍ٢١
Fa ja‘alnāhu fī qarārim makīn(in).
[21] banjur Ingsun papanakén dhéwéké neng panggonan sing primpén (guwa garba),

اِلٰى قَدَرٍ مَّعْلُوْمٍۙ٢٢
Ilā qadarim ma‘lūm(in).
[22] nganti butul wektu sing détemtokna,

فَقَدَرْنَاۖ فَنِعْمَ الْقٰدِرُوْنَ٢٣
Fa qadarnā, fani‘mal-qādirūn(a).
[23] banjur Ingsun temtokna (wujudé), mangka (temen Ingsun) seutama-utamané sing nemtokna.

وَيْلٌ يَّوْمَىِٕذٍ لِّلْمُكَذِّبِيْنَ٢٤
Wailuy yauma'iżil lil-mukażżibīn(a).
[24] Cilaka temen neng dina kuwé, tumrap dhéwéké sing padha nyidrani (bebener).

اَلَمْ نَجْعَلِ الْاَرْضَ كِفَاتًاۙ٢٥
Alam naj‘alil-arḍa kifātā(n).
[25] Mbok iya Ingsun ndadékna bumi nggo (panggonan) ngumpul,

اَحْيَاۤءً وَّاَمْوَاتًاۙ٢٦
Aḥyā'aw wa amwātā(n).
[26] tumrap wong ésih urip lan sing wis mati? 888
888) Bumi ngumpulna wong-wong sing ésih urip neng platarané lan wong-wong sing wis mati neng njeroné.

وَّجَعَلْنَا فِيْهَا رَوَاسِيَ شٰمِخٰتٍ وَّاَسْقَيْنٰكُمْ مَّاۤءً فُرَاتًاۗ٢٧
Wa ja‘alnā fīhā rawāsiya syāmikhātiw wa asqainākum mā'an furātā(n).
[27] Lan Ingsun ndadékna neng bumi kuwé gunung-gunung sing dhuwur, lan Ingsun paring inuman maring ko nganggo banyu anta?

وَيْلٌ يَّوْمَىِٕذٍ لِّلْمُكَذِّبِيْنَ٢٨
Wailuy yauma'iżil lil-mukażżibīn(a).
[28] Cilaka temen neng dina kuwé, tumrap dhéwéké sing padha nggorohna (bebener).

اِنْطَلِقُوْٓا اِلٰى مَا كُنْتُمْ بِهٖ تُكَذِّبُوْنَۚ٢٩
Inṭaliqū ilā mā kuntum bihī tukażżibūn(a).
[29] (Bakal dédhawuhna), “Nganah lunga ko nemoni apa (siksa) sing gemiyén ko padha nggorohna (ora precaya).

اِنْطَلِقُوْٓا اِلٰى ظِلٍّ ذِيْ ثَلٰثِ شُعَبٍ٣٠
Inṭaliqū ilā ẓillin żī ṡalāṡi syu‘ab(in).
[30] Nganah lunga ko nggo ngarah aub-aub (kukus geni neraka) sing nduwéni pang cacahé telu, 889
889) Sing duwé ulaban (Ind. lidah api) telu, yakuwé neng tengen, neng kiwé, lan neng ndhuwur. Kiyé tegesé, siksa sing ngubengi wong-wong kapir tepung gelang.

لَا ظَلِيْلٍ وَّلَا يُغْنِيْ مِنَ اللَّهَبِۗ٣١
Lā ẓalīliw wa lā yugnī minal-lahab(i).
[31] sing ora ngaubi lan ora nolak urubé geni neraka.”

اِنَّهَا تَرْمِيْ بِشَرَرٍ كَالْقَصْرِۚ٣٢
Innahā tarmī bisyararin kal-qaṣr(i).
[32] Temen, (neraka) kuwé nyemburna pletikan bamba (gedhéné lan dhuwuré) segedhong kraton,

كَاَنَّهٗ جِمٰلَتٌ صُفْرٌۗ٣٣
Ka'annahū jimālatun ṣufr(un).
[33] kaya-kaya iring-iringan onta sing kuning.

وَيْلٌ يَّوْمَىِٕذٍ لِّلْمُكَذِّبِيْنَ٣٤
Wailuy yauma'iżil lil-mukażżibīn(a).
[34] Cilaka temen neng dina kuwé, tumrap wong-wong sing padha nggorohna (bebener).

هٰذَا يَوْمُ لَا يَنْطِقُوْنَۙ٣٥
Hāżā yaumu lā yanṭiqūn(a).
[35] Ya dina kiyé, wektuné wong-wong kuwé ora bisa ngucap,

وَلَا يُؤْذَنُ لَهُمْ فَيَعْتَذِرُوْنَ٣٦
Wa lā yu'żanu lahum fa ya‘tażirūn(a).
[36] lan ora déparengna ingatasé dhéwéké ngaturna alesan supaya dhéwéké olih pengampura.

وَيْلٌ يَّوْمَىِٕذٍ لِّلْمُكَذِّبِيْنَ٣٧
Wailuy yauma'iżil lil-mukażżibīn(a).
[37] Cilaka temen neng dina kuwé, tumrap wong-wong sing nggorohna (bebener).

هٰذَا يَوْمُ الْفَصْلِ جَمَعْنٰكُمْ وَالْاَوَّلِيْنَ٣٨
Hāżā yaumul-faṣli jama‘nākum wal-awwalīn(a).
[38] Ya kiyé dina putusan, (neng dina kiyé) Ingsun ngumpulna ko lan wong-wong sing gemiyen.

فَاِنْ كَانَ لَكُمْ كَيْدٌ فَكِيْدُوْنِ٣٩
Fa'in kāna lakum kaidun fakīdūn(i).
[39] Mangka angger ko padha duwé apus-apus, mula lakokna (réka daya) kuwé maring Ingsun.

وَيْلٌ يَّوْمَىِٕذٍ لِّلْمُكَذِّبِيْنَ ࣖ٤٠
Wailuy yauma'iżil lil-mukażżibīn(a).
[40] Cilaka temen neng dina kuwé, tumrap wong-wong kuwé sing nggorohna (bebener).

اِنَّ الْمُتَّقِيْنَ فِيْ ظِلٰلٍ وَّعُيُوْنٍۙ٤١
Innal-muttaqīna fī ẓilāliw wa ‘uyūn(in).
[41] Temen, wong-wong sing manut-miturut manggon neng sewijine aub-aub (wit-witan suwarga sing adhem) lan (sepéreké) banyu tuk,

وَّفَوَاكِهَ مِمَّا يَشْتَهُوْنَۗ٤٢
Wa fawākiha mimmā yasytahūn(a).
[42] lan woh-wohan sing désenengi dhéwéké.

كُلُوْا وَاشْرَبُوْا هَنِيْۤـًٔا ۢبِمَا كُنْتُمْ تَعْمَلُوْنَ٤٣
Kulū wasyrabū hanī'am bimā kuntum ta‘malūn(a).
[43] (Ucapna maring wong-wong kuwé), “Padha mangan karo nginuma kanthi rasa nékmat, minangka piwales ingatasé apa sing wis ko padha pergawé.”

اِنَّا كَذٰلِكَ نَجْزِى الْمُحْسِنِيْنَ٤٤
Innā każālika najzil-muḥsinīn(a).
[44] Temen, mengkana kuwé Ingsun paring piwales maring wong-wong sing nglakoni kebecikan.

وَيْلٌ يَّوْمَىِٕذٍ لِّلْمُكَذِّبِيْنَ٤٥
Wailuy yauma'iżil lil-mukażżibīn(a).
[45] Cilaka temen neng dina kuwé, tumrap wong sing padha nggorohna (bebener).

كُلُوْا وَتَمَتَّعُوْا قَلِيْلًا اِنَّكُمْ مُّجْرِمُوْنَ٤٦
Kulū wa tamatta‘ū qalīlan innakum mujrimūn(a).
[46] (Ucapna maring wong-wong kapir), “Padha mangana lan padha seneng-senenga ngonoh awakmu (neng dunya) sedhéla, setemené ko kuwé wong sing padha duraka!”

وَيْلٌ يَّوْمَىِٕذٍ لِّلْمُكَذِّبِيْنَ٤٧
Wailuy yauma'iżil lil-mukażżibīn(a).
[47] Cilaka temen neng dina kuwé, tumrap wong-wong sing padha nggorohna (bebener).

وَاِذَا قِيْلَ لَهُمُ ارْكَعُوْا لَا يَرْكَعُوْنَ٤٨
Wa iżā qīla lahumurka‘ū lā yarka‘ūn(a).
[48] Lan rikala dédhawuhna maring dhéwéké, “Padha ndhongko (rukuk),” wong-wong mau padha ora ndhongko. 890
890) Seperangan ahli tapsir ngucap lamon sing démaksud ndhongko (rukuk) neng kéné yakuwé tundhuk maring dhawuhé Gusti Allah; lan seperangan maning ngucap, maksudé kuwé sembayang.

وَيْلٌ يَّوْمَىِٕذٍ لِّلْمُكَذِّبِيْنَ٤٩
Wailuy yauma'iżil lil-mukażżibīn(a).
[49] Cilaka temen neng dina kuwé, tumrap wong-wong sing nggorohna (bebener)!

فَبِاَيِّ حَدِيْثٍۢ بَعْدَهٗ يُؤْمِنُوْنَ ࣖ ۔٥٠
Fa bi'ayyi ḥadīṡim ba‘dahū yu'minūn(a).
[50] Mangka maring wulangan endi (seliyané Al-Qur’an) kiyé wong-wong kuwé arep padha precaya?