Surah Al-Qiyamah
Daftar Surah
0:00
0:00
بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
لَآ اُقْسِمُ بِيَوْمِ الْقِيٰمَةِۙ١
Lā uqsimu biyaumil-qiyāmah(ti).
[1]
Ingsun sumpah ingatasé dina Kiyamat,
وَلَآ اُقْسِمُ بِالنَّفْسِ اللَّوَّامَةِ٢
Wa lā uqsimu bin nafsil-lawwāmah(ti).
[2]
lan inyong sumpah sekawit (sekawit) jiwa sing tansah getun maring (awaké dhéwék).
اَيَحْسَبُ الْاِنْسَانُ اَلَّنْ نَّجْمَعَ عِظَامَهٗ ۗ٣
Ayaḥsabul-insānu allan najma‘a ‘iẓāmah(ū).
[3]
Apa menungsa padha ngira, lamon Ingsun ora bakal ngumpulna (maning) balung-klunthungé?
بَلٰى قٰدِرِيْنَ عَلٰٓى اَنْ نُّسَوِّيَ بَنَانَهٗ٤
Balā qādirīna ‘alā an nusawwiya banānah(ū).
[4]
(Malah) Ingsun bisa nyungsun (maning) jenthik-jenthiké kanthi sempurna.
بَلْ يُرِيْدُ الْاِنْسَانُ لِيَفْجُرَ اَمَامَهٗۚ٥
Bal yurīdul-insānu liyafjura amāmah(ū).
[5]
Ningen menungsa kepénginé gawé laku mbangkang (maksiyat) terus-terusan.
يَسْـَٔلُ اَيَّانَ يَوْمُ الْقِيٰمَةِۗ٦
Yas'alu ayyāna yaumul-qiyāmah(ti).
[6]
Dhéwéké takon: “Kapan jané dina Kiyamat kuwé?”
فَاِذَا بَرِقَ الْبَصَرُۙ٧
Fa iżā bariqal-baṣar(u).
[7]
Mangka angger mripaté mendelik (kamiwedén),
وَخَسَفَ الْقَمَرُۙ٨
Wa khasafal-qamar(u).
[8]
lan wulan baé wis ilang sunaré,
وَجُمِعَ الشَّمْسُ وَالْقَمَرُۙ٩
Wa jumi‘asy-syamsu wal-qamar(u).
[9]
banjur srengéngé karo wulan dékumpulna,
يَقُوْلُ الْاِنْسَانُ يَوْمَىِٕذٍ اَيْنَ الْمَفَرُّۚ١٠
Yaqūlul-insānu yauma'iżin ainal-mafarr(u).
[10]
neng dina kuwé menungsa padha ngucap, “Maring ngendi goli mlayu?”
كَلَّا لَا وَزَرَۗ١١
Kallā lā wazar(a).
[11]
Ora! Ora nana nggon mengayom!
اِلٰى رَبِّكَ يَوْمَىِٕذِ ِۨالْمُسْتَقَرُّۗ١٢
Ilā rabbika yauma'iżinil-mustaqarr(u).
[12]
Mung maring Pengéranmu panggonané bali neng dina kuwé.
يُنَبَّؤُا الْاِنْسَانُ يَوْمَىِٕذٍۢ بِمَا قَدَّمَ وَاَخَّرَۗ١٣
Yunabba'ul-insānu yauma'iżim bimā qaddama wa akhkhar(a).
[13]
Neng dina kuwé dewertakna maring menungsa apa sing wis dépergawé lan apa sing déapéngna.
بَلِ الْاِنْسَانُ عَلٰى نَفْسِهٖ بَصِيْرَةٌۙ١٤
Balil-insānu ‘alā nafsihī baṣīrah(tun).
[14]
Malah menungsa dadi seksi nggo awaké dhéwék, 879
879) Perangan awak menungsa dadi seksi ingatasé penggawéan sing délakoni neng dhéwéké kaya sing kesebut neng Surat An-Nur (24) ayat 24.
وَّلَوْ اَلْقٰى مَعَاذِيْرَهٗۗ١٥
Wa lau alqā ma‘āżīrah(ū).
[15]
lan senajan dhéwéké ngucapna alesan-alesané,
لَا تُحَرِّكْ بِهٖ لِسَانَكَ لِتَعْجَلَ بِهٖۗ١٦
Lā tuḥarrik bihī lisānaka lita‘jala bih(ī).
[16]
Aja sliramu (Muhammad) ngobahna ilatmu (nggo maca Al-Qur’an) jalaran arep gagiyan (ngerténi isiné).
اِنَّ عَلَيْنَا جَمْعَهٗ وَقُرْاٰنَهٗ ۚ١٧
Inna ‘alainā jam‘ahū wa qur'ānah(ū).
[17]
Setemené Ingsun sing arep ngumpulna (neng jero dhadhamu) lan macakna.
فَاِذَا قَرَأْنٰهُ فَاتَّبِعْ قُرْاٰنَهٗ ۚ١٨
Fa iżā qara'nāhu fattabi‘ qur'ānah(ū).
[18]
Angger Ingsun wis rampung macakna, padha ngetutna wacanan mau.
ثُمَّ اِنَّ عَلَيْنَا بَيَانَهٗ ۗ١٩
Ṡumma inna ‘alainā bayānah(ū).
[19]
Banjur setemené Ingsun sing arep nggenahna kuwé.
كَلَّا بَلْ تُحِبُّوْنَ الْعَاجِلَةَۙ٢٠
Kallā bal tuḥibbūnal-‘ājilah(ta).
[20]
Ora! Malah ko nyenengi penguripan dunya,
وَتَذَرُوْنَ الْاٰخِرَةَۗ٢١
Wa tażarūnal-‘ākhirah(ta).
[21]
lan ngapengaken (penguripan) akhérat.
وُجُوْهٌ يَّوْمَىِٕذٍ نَّاضِرَةٌۙ٢٢
Wujūhuy yauma'iżin nāḍirah(tun).
[22]
Rainé (wong mukmin) neng dina kuwé padha semringah.
اِلٰى رَبِّهَا نَاظِرَةٌ ۚ٢٣
Ilā rabbihā nāẓirah(tun).
[23]
Nyawang Pengérané.
وَوُجُوْهٌ يَّوْمَىِٕذٍۢ بَاسِرَةٌۙ٢٤
Wa wujūhuy yauma'iżim bāsirah(tun).
[24]
Lan rainé (wong-wong kapir) neng dina kuwé padha surem,
تَظُنُّ اَنْ يُّفْعَلَ بِهَا فَاقِرَةٌ ۗ٢٥
Taẓunnu ay yuf‘ala bihā fāqirah(tun).
[25]
dhéwéké padha precaya lamon bakal détibakna maring dhéwéké marabaya sing banget ngedab-edabi.
كَلَّآ اِذَا بَلَغَتِ التَّرَاقِيَۙ٢٦
Kallā iżā balagatit-tarāqiy(a).
[26]
Ora! Angger (nyawa) wis butul maring kolong,
وَقِيْلَ مَنْ ۜرَاقٍۙ٢٧
Wa qīla man…rāq(in).
[27]
lan déucapna (maring dhéwéké), “Sapa sing téyéng nambani?”
وَّظَنَّ اَنَّهُ الْفِرَاقُۙ٢٨
Wa ẓanna annahul-firāq(u).
[28]
lan dhéwéké precaya lamon kuwé wektuné pisah (karo ngalam dunya).
وَالْتَفَّتِ السَّاقُ بِالسَّاقِۙ٢٩
Waltaffatis-sāqu bis-sāq(i).
[29]
lan padha dhempétan kempol (kiwe) karo kempol (tengen), 880
880) Sebab banget nemené kesengsaran neng wektu kuwé lan wedi arep ninggalna ngalam dunya lan ngadhepi ngalam akhérat.
اِلٰى رَبِّكَ يَوْمَىِٕذِ ِۨالْمَسَاقُ ۗ ࣖ٣٠
Ilā rabbika yauma'iżinil-masāq(u).
[30]
maring Pengéranmu dina kuwé ko dégiring.
فَلَا صَدَّقَ وَلَا صَلّٰىۙ٣١
Falā ṣaddaqa wa lā ṣallā.
[31]
jalaran dhéwéké (gemiyén) ora gelem mbenerna (precaya maring Al-Qur’an lan Utusan) lan ora gelem nglakoni sembayang,
وَلٰكِنْ كَذَّبَ وَتَوَلّٰىۙ٣٢
Wa lākin każżaba wa tawallā.
[32]
ning malah dhéwéké nyulayani (Utusan) lan mungkur (sekang bebener),
ثُمَّ ذَهَبَ اِلٰٓى اَهْلِهٖ يَتَمَطّٰىۗ٣٣
Ṡumma żahaba ilā ahlihī yatamaṭṭā.
[33]
banjur dhéwéké nekani kulawargané kanthi sombong.
اَوْلٰى لَكَ فَاَوْلٰىۙ٣٤
Aulā laka fa'aulā.
[34]
Cilaka ko! Mangka cilaka!
ثُمَّ اَوْلٰى لَكَ فَاَوْلٰىۗ٣٥
Ṡumma aulā laka fa'aulā.
[35]
Sepisan maning, cilaka temen ko (menungsa)! Mangka cilaka!
اَيَحْسَبُ الْاِنْسَانُ اَنْ يُّتْرَكَ سُدًىۗ٣٦
Ayaḥsabul-insānu ay yutraka sudā(n).
[36]
Apa menungsa ngira, dhéwéké bakal dejorna baé (ora kon tanggung jawab)?
اَلَمْ يَكُ نُطْفَةً مِّنْ مَّنِيٍّ يُّمْنٰى٣٧
Alam yaku nuṭfatam mim maniyyiy yumnā.
[37]
Mbok iya dhéwéké asalé mung sekang mani setétés sing dewutahna (maring gua-garba),
ثُمَّ كَانَ عَلَقَةً فَخَلَقَ فَسَوّٰىۙ٣٨
Ṡumma kāna ‘alaqatan fa khalaqa fa sawwā.
[38]
Banjur (mani kuwé) dadi barang sing kraket, seterusé Gusti Allah nyipta lan ndadékna dhéwéké sempurna.
فَجَعَلَ مِنْهُ الزَّوْجَيْنِ الذَّكَرَ وَالْاُنْثٰىۗ٣٩
Fa ja‘ala minhuz-zaujainiż-żakara wal-unṡā.
[39]
banjur Penjenengané ndadékna sekang barang mau sepasang lanang karo wadon.
اَلَيْسَ ذٰلِكَ بِقٰدِرٍ عَلٰٓى اَنْ يُّحْيِ َۧ الْمَوْتٰى ࣖ٤٠
Alaisa żālika biqādirin ‘alā ay yuḥyiyal-mautā.
[40]
Mbok iya (Gusti Allah sing temindak) kaya kuwé (uga) kewasa nguripna wong mati?