Surah Al-Muddassir

Daftar Surah
0:00
0:00

بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
يٰٓاَيُّهَا الْمُدَّثِّرُۙ١
Yā ayyuhal-muddaṡṡir(u).
[1] Hé wong sing lagi kemulan (nganggo slimut),

قُمْ فَاَنْذِرْۖ٢
Qum fa'anżir.
[2] tangia, terus awéha pengéling-éling!

وَرَبَّكَ فَكَبِّرْۖ٣
Wa rabbaka fakabbir.
[3] Lan agungna Pengéranmu,

وَثِيَابَكَ فَطَهِّرْۖ٤
Wa ṡiyābaka faṭahhir.
[4] lan bresihna sandhanganmu,

وَالرُّجْزَ فَاهْجُرْۖ٥
War-rujza fahjur.
[5] lan tinggalna kabéh (laku) sing clemer,

وَلَا تَمْنُنْ تَسْتَكْثِرُۖ٦
Wa lā tamnun tastakṡir(u).
[6] lan aja pisan-pisan sliramu (Muhammad) wéwéh (kanthi pamrih) olih (imbal-balik) sing lewih akéh.

وَلِرَبِّكَ فَاصْبِرْۗ٧
Wa lirabbika faṣbir.
[7] Lan krana Pengéranmu, padha sing sabar.

فَاِذَا نُقِرَ فِى النَّاقُوْرِۙ٨
Fa iżā nuqira fin-nāqūr(i).
[8] Mangka angger slomprét (terompét) desemprong,

فَذٰلِكَ يَوْمَىِٕذٍ يَّوْمٌ عَسِيْرٌۙ٩
Fa żālika yauma'iżiy yaumun ‘asīr(un).
[9] mangka kuwé dina sing sarwa-sarwiné ngrekasa,

عَلَى الْكٰفِرِيْنَ غَيْرُ يَسِيْرٍ١٠
‘Alal-kāfirīna gairu yasīr(in).
[10] tumrap wong-wong sing padha mbangkang (kapir) ora gampang.

ذَرْنِيْ وَمَنْ خَلَقْتُ وَحِيْدًاۙ١١
Żarnī wa man khalaqtu waḥīdā(n).
[11] Sakersané Ingsun (sing temindak) maring wong sing Ingsun dhéwék wis nyiptakna, 875
875) Ayat kiyé lan sewetara ayat-ayat sebanjuré temurun gandhéng ana wong kapir Mekah sing dadi bonggolé bangsa Quraisy, arané Al-Walid bin Mugirah.

وَّجَعَلْتُ لَهٗ مَالًا مَّمْدُوْدًاۙ١٢
Wa ja‘altu lahū mālam mamdūdā(n).
[12] lan Ingsun paring dunya sing ngambra-ambra maring dhéwéké,

وَّبَنِيْنَ شُهُوْدًاۙ١٣
Wa banīna syuhūdā(n).
[13] karo anak-anak sing konthal-kanthil mélu dhéwéké,

وَّمَهَّدْتُّ لَهٗ تَمْهِيْدًاۙ١٤
Wa mahhattu lahū tamhīdā(n).
[14] lan Ingsun paringi dhéwéké kejembaran (urip) sing seombér-ombere.

ثُمَّ يَطْمَعُ اَنْ اَزِيْدَۙ١٥
Ṡumma yaṭma‘u an azīd(a).
[15] Banjur dhéwéké kepéngin banget supaya Ingsun ngimbuhi.

كَلَّاۗ اِنَّهٗ كَانَ لِاٰيٰتِنَا عَنِيْدًاۗ١٦
Kallā, innahū kāna li'āyātinā ‘anīdā(n).
[16] Ora bisa! Setemené dhéwéké wis padha nolak ayat-ayat-É Ingsun (Al-Qur’an).

سَاُرْهِقُهٗ صَعُوْدًاۗ١٧
Sa'urhiquhū ṣa‘ūdā(n).
[17] Ingsun arep ngebot-bot dhéwéké kanthi anjatan sing gawé payah.

اِنَّهٗ فَكَّرَ وَقَدَّرَۙ١٨
Innahū fakkara wa qaddar(a).
[18] Setemené dhéwéké wis mikirna lan netepna (apa sing dhéwéké tetepna),

فَقُتِلَ كَيْفَ قَدَّرَۙ١٩
Faqutila kaifa qaddar(a).
[19] mula cilaka temen dhéwéké! Kepriwé dhéwéké netepna?

ثُمَّ قُتِلَ كَيْفَ قَدَّرَۙ٢٠
Ṡumma qutila kaifa qaddar(a).
[20] sepisan maning, cilaka temen dhéwéké! Kepriwé dhéwéké netepna?

ثُمَّ نَظَرَۙ٢١
Ṡumma naẓar(a).
[21] banjur dhéwéké (ngalamun) mikirna,

ثُمَّ عَبَسَ وَبَسَرَۙ٢٢
Ṡumma ‘abasa wa basar(a).
[22] terus rainé buthek karo mrengut,

ثُمَّ اَدْبَرَ وَاسْتَكْبَرَۙ٢٣
Ṡumma adbara wastakbar(a).
[23] banjur mléngos (sekang bebener) lan ngedirna awaké dhéwék,

فَقَالَ اِنْ هٰذَآ اِلَّا سِحْرٌ يُّؤْثَرُۙ٢٤
Faqāla in hāżā illā siḥruy yu'ṡar(u).
[24] banjur dhéwéké ngucap, “(Al-Qur’an) kiyé jané mung sihir sing desinaoni (sekang wong-wong gemiyén).

اِنْ هٰذَآ اِلَّا قَوْلُ الْبَشَرِۗ٢٥
In hāżā illā qaulul-basyar(i).
[25] Kiyé mung omongané menungsa. “

سَاُصْلِيْهِ سَقَرَ٢٦
Sa'uṣlīhi saqar(a).
[26] Mbésuk, Ingsun bakal nglebokna dhéwéké maring (neraka) Saqar.

وَمَآ اَدْرٰىكَ مَا سَقَرُۗ٢٧
Wa mā adrāka mā saqar(a).
[27] lan ko ngerti apa (neraka) Saqar kuwé?

لَا تُبْقِيْ وَلَا تَذَرُۚ٢٨
Lā tubqī wa lā tażar(u).
[28] Kuwé (Saqar) ora ninggalna tur ora ngejorna, 876
876) Apa sing debalangna maring neraka kuwé désiksa nganti ajur terus débalékna maning kaya mauné seprelu désiksa maning.

لَوَّاحَةٌ لِّلْبَشَرِۚ٢٩
Lawwāḥatul lil-basyar(i).
[29] sing nggesengna kulité menungsa.

عَلَيْهَا تِسْعَةَ عَشَرَۗ٣٠
‘Alaihā tis‘ata ‘asyar(a).
[30] Neng sendhuwuré ana songolas (malaékat sing njaga).

وَمَا جَعَلْنَآ اَصْحٰبَ النَّارِ اِلَّا مَلٰۤىِٕكَةً ۖوَّمَا جَعَلْنَا عِدَّتَهُمْ اِلَّا فِتْنَةً لِّلَّذِيْنَ كَفَرُوْاۙ لِيَسْتَيْقِنَ الَّذِيْنَ اُوْتُوا الْكِتٰبَ وَيَزْدَادَ الَّذِيْنَ اٰمَنُوْٓا اِيْمَانًا وَّلَا يَرْتَابَ الَّذِيْنَ اُوْتُوا الْكِتٰبَ وَالْمُؤْمِنُوْنَۙ وَلِيَقُوْلَ الَّذِيْنَ فِيْ قُلُوْبِهِمْ مَّرَضٌ وَّالْكٰفِرُوْنَ مَاذَآ اَرَادَ اللّٰهُ بِهٰذَا مَثَلًاۗ كَذٰلِكَ يُضِلُّ اللّٰهُ مَنْ يَّشَاۤءُ وَيَهْدِيْ مَنْ يَّشَاۤءُۗ وَمَا يَعْلَمُ جُنُوْدَ رَبِّكَ اِلَّا هُوَۗ وَمَا هِيَ اِلَّا ذِكْرٰى لِلْبَشَرِ ࣖ٣١
Wa mā ja‘alnā aṣḥāban-nāri illā malā'ikah(tan), wa mā ja‘alnā ‘iddatahum illā fitnatal lil-lażīna kafarū, liyastaiqinal-lażīna ūtul-kitāba wa yazdādal-lażīna āmanū īmānaw wa lā yartābal-lażīna ūtul-kitāba wal-mu'minūn(a), wa liyaqūlal-lażīna fī qulūbihim maraḍuw wal-kāfirūna māżā arādallāhu bihāżā maṡalā(n), każālika yuḍillullāhu may yasyā'u wa yahdī may yasyā'(u), wa mā ya‘lamu junūda rabbika illā huw(a), wa mā hiya illā żikrā lil-basyar(i).
[31] Lan sing Ingsun dadékna penjaga neraka kuwé mung sekang malaékat, lan Ingsun nemtokna cacahé dhéwéké kuwé mung nggo nyoba maring wong-wong kapir, supaya wong-wong sing déparingi kitab dadi yakin, supaya wong-wong sing padha precaya sengsaya tambah precayaé, supaya wong-wong sing déparingi kitab lan wong-wong mukmin ora mamang, lan supaya wong-wong sing neng njero atiné ana prenyakité lan wong-wong kapir (ngucap); “Apa sing dékersakna déning Gusti Allah nganggo (wilangan) kiyé dadi paumpa-man?” Kaya kuwé Gusti Allah goli ngejorna kesasar maring wong-wong sing Penjenengané kersakna lan maringi pituduh maring wong-wong sing Panjenegané kersakna. Lan ora nana sing ngerténi wadya balané Pengéranmu kejaba Penjenengané pribadi. Lan Saqar kuwé ora liya mung pengéling-éling tumrap menungsa.

كَلَّا وَالْقَمَرِۙ٣٢
Kallā wal-qamar(i).
[32] Ora! 877 Sekawit (sekawit) wulan,
877) “Ora” kuwé bantahan ingatasé omongan-omongané wong-wong musrik sing kepéngin maring prekara kesebut neng dhuwur.

وَالَّيْلِ اِذْ اَدْبَرَۙ٣٣
Wal-laili iż adbar(a).
[33] lan sekawit wengi nalikané wis liwat,

وَالصُّبْحِ اِذَآ اَسْفَرَۙ٣٤
Waṣ-ṣubḥi iżā asfar(a).
[34] lan sekawit subuh angger molahi padhang,

اِنَّهَا لَاِحْدَى الْكُبَرِۙ٣٥
Innahā la'iḥdal-kubar(i).
[35] setemené (Saqar kuwé) dadi salah sijiné (marabaya) sing banget gedhéné,

نَذِيْرًا لِّلْبَشَرِۙ٣٦
Nażīral lil-basyar(i).
[36] minangka dadi pengéling-éling tumrapé menungsa,

لِمَنْ شَاۤءَ مِنْكُمْ اَنْ يَّتَقَدَّمَ اَوْ يَتَاَخَّرَۗ٣٧
Liman syā'a minkum ay yataqaddama au yata'akhkhar(a).
[37] (yakuwé) tumrap sapa neng antarané ko kabéh sing kepéngin maju utawa mundur. 878
878) Maju nampani pengéling-éling lan sing démaksud mundur, ora gelem nampa pengéling-éling.

كُلُّ نَفْسٍۢ بِمَا كَسَبَتْ رَهِيْنَةٌۙ٣٨
Kullu nafsim bimā kasabat rahīnah(tun).
[38] Saben-saben wong nanggungjawabi ingatasé apa sing wis délakoni.

اِلَّآ اَصْحٰبَ الْيَمِيْنِ ۛ٣٩
Illā aṣḥābal-yamīn(i).
[39] kejaba golongan tengen,

فِيْ جَنّٰتٍ ۛ يَتَسَاۤءَلُوْنَۙ٤٠
Fī jannātin - yatasā'alūn(a).
[40] ana neng suwarga, wong-wong kaé padha takon-takonan,

عَنِ الْمُجْرِمِيْنَۙ٤١
‘Anil-mujrimīn(a).
[41] ngenani (kahanan) wong-wong sing nglakoni dosa,

مَا سَلَكَكُمْ فِيْ سَقَرَ٤٢
Mā salakakum fī saqar(a).
[42] “Apa sing njalari ko padha mlebu maring njeroné (neraka) Saqar?”

قَالُوْا لَمْ نَكُ مِنَ الْمُصَلِّيْنَۙ٤٣
Qālū lam naku minal-muṣallīn(a).
[43] Wong-wong kaé padha semaur, ”Gemiyén inyong ora padha kelebu wong-wong sing nglakoni sembayang,

وَلَمْ نَكُ نُطْعِمُ الْمِسْكِيْنَۙ٤٤
Wa lam naku nuṭ‘imul-miskīn(a).
[44] lan inyong padha (uga) ora awéh pangan maring wong mlarat,

وَكُنَّا نَخُوْضُ مَعَ الْخَاۤىِٕضِيْنَۙ٤٥
Wa kunnā nakhūḍu ma‘al-khā'iḍīn(a).
[45] malah inyong padha kulina kandhah (sing tujuané ora bener) bareng wong-wong sing padha ngandhahna,

وَكُنَّا نُكَذِّبُ بِيَوْمِ الدِّيْنِۙ٤٦
Wa kunnā nukażżibu biyaumid-dīn(i).
[46] lan inyong padha mungkiri anané dina piwales,

حَتّٰىٓ اَتٰىنَا الْيَقِيْنُۗ٤٧
Ḥattā atānal-yaqīn(u).
[47] nganti butul inyong kabéh ketekan pati.”

فَمَا تَنْفَعُهُمْ شَفَاعَةُ الشّٰفِعِيْنَۗ٤٨
Famā tanfa‘uhum syafā‘atusy-syāfi‘īn(a).
[48] Mangka ora nana gunané maning tumrapé wong-wong kaé pitulungan (syafaat) sekang wong sing paring pitulungan.

فَمَا لَهُمْ عَنِ التَّذْكِرَةِ مُعْرِضِيْنَۙ٤٩
Famā lahum ‘anit-tażkirati mu‘riḍīn(a).
[49] Banjur kenangapa dhéwéké (wong-wong kapir) padha mléngos sekang pengéling-élingé (Gusti Allah)?

كَاَنَّهُمْ حُمُرٌ مُّسْتَنْفِرَةٌۙ٥٠
Ka'annahum ḥumurum mustanfirah(tun).
[50] kaya-kaya dhéwéké memper jaran khimar (keledai) giras sing bigar merga kaget,

فَرَّتْ مِنْ قَسْوَرَةٍۗ٥١
Farrat min qaswarah(tin).
[51] mlayu ngindhani singa.

بَلْ يُرِيْدُ كُلُّ امْرِئٍ مِّنْهُمْ اَنْ يُّؤْتٰى صُحُفًا مُّنَشَّرَةًۙ٥٢
Bal yurīdu kullumri'im minhum ay yu'tā ṣuḥufam munasysyarah(tan).
[52] Malah saben wong sekang antarané dhéwéké kepéngin supaya déparingna maring dhéwéké lembaran-lembaran (kitab) sing wis debukak.

كَلَّاۗ بَلْ لَّا يَخَافُوْنَ الْاٰخِرَةَۗ٥٣
Kallā, bal lā yakhāfūnal-ākhirah(ta).
[53] Ora! Sebeneré dhéwéké padha ora wedi maring akhérat.

كَلَّآ اِنَّهٗ تَذْكِرَةٌ ۚ٥٤
Kallā innahū tażkirah(tun).
[54] Ora! Setemené (Al-Qur’an) kuwé nyata-nyata dadi sewijiné pengéling-éling.

فَمَنْ شَاۤءَ ذَكَرَهٗۗ٥٥
Faman syā'a żakarah(ū).
[55] Mula sapa baé sing karep, mesthi dhéwéké ngalap piwulang sekang kuwé (Al-Qur’an).

وَمَا يَذْكُرُوْنَ اِلَّآ اَنْ يَّشَاۤءَ اللّٰهُ ۗهُوَ اَهْلُ التَّقْوٰى وَاَهْلُ الْمَغْفِرَةِ ࣖ٥٦
Wa mā yażkurūna illā ay yasyā'allāh(u), huwa ahlut-taqwā wa ahlul-magfirah(ti).
[56] Lan dhéwéké padha ora bakal ngalap piwulang sekang (Al-Qur’an) kejaba (angger) Gusti Allah ngersakna. Panjenegané Pengéran sing pantes (awaké dhéwék kabéh) manut-miturut maring Panjenegané lan sing kagungan wenang paring pengampura.