Surah Al-Muzzammil
Daftar Surah
0:00
0:00
بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
يٰٓاَيُّهَا الْمُزَّمِّلُۙ١
Yā ayyuhal-muzzammil(u).
[1]
Hé wong sing kemulan (Muhammad)!
قُمِ الَّيْلَ اِلَّا قَلِيْلًاۙ٢
Qumil-laila illā qalīlā(n).
[2]
Tangia (seprelu sembayang) neng wektu mbengi njabakna 874 sebagéan (wektu) sing semendhing,
874) Sembayang wengi kiyé mikiné wajib, seurungé temurun ayat sing kaping 20. Seuwisé temurun ayat sing kaping 20 ukumé dadi sunah.
نِّصْفَهٗٓ اَوِ انْقُصْ مِنْهُ قَلِيْلًاۙ٣
Niṣfahū awinquṣ minhu qalīlā(n).
[3]
(yakuwé) separoné (wengi) utawa kurang semendhing sekang kuwé.
اَوْ زِدْ عَلَيْهِ وَرَتِّلِ الْقُرْاٰنَ تَرْتِيْلًاۗ٤
Au zid ‘alaihi wa rattilil-qur'āna tartīlā(n).
[4]
utawa lewih sekang (separoné wengi) kuwé, lan wacanen Al-Qur’an kanthi lirihan.
اِنَّا سَنُلْقِيْ عَلَيْكَ قَوْلًا ثَقِيْلًا٥
Innā sanulqī ‘alaika qaulan ṡaqīlā(n).
[5]
Setemené Ingsun (Gusti Allah) arep nibakakna dhawuh sing abot maring sliramu.
اِنَّ نَاشِئَةَ الَّيْلِ هِيَ اَشَدُّ وَطْـًٔا وَّاَقْوَمُ قِيْلًاۗ٦
Inna nāsyi'atal-laili hiya asyaddu waṭ'aw wa aqwamu qīlā(n).
[6]
Temen, tangi mbengi kuwé lewih kuwat (ngiséni jiwa) lan (wacanan neng wektu kuwé) lewih nedhas maring ati.
اِنَّ لَكَ فِى النَّهَارِ سَبْحًا طَوِيْلًاۗ٧
Inna laka fin-nahāri sabḥan ṭawīlā(n).
[7]
Setemené neng wektu awan sliramu banget repoté karo urusan sing dawa (ora nana rampungé).
وَاذْكُرِ اسْمَ رَبِّكَ وَتَبَتَّلْ اِلَيْهِ تَبْتِيْلًاۗ٨
Ważkurisma rabbika wa tabattal ilaihi tabtīlā(n).
[8]
Lan nyebuta asmané Pengéranmu lan ngabektia maring Penjenengané karo ati sing mantep.
رَبُّ الْمَشْرِقِ وَالْمَغْرِبِ لَآ اِلٰهَ اِلَّا هُوَ فَاتَّخِذْهُ وَكِيْلًا٩
Rabbul-masyriqi wal-magribi lā ilāha illā huwa fattakhiżhu wakīlā(n).
[9]
(Penjenengané) Pengerane wétan lan kulon, ora nana pengéran kejaba Penjenengané, mula dadékna Penjenengané pengayom.
وَاصْبِرْ عَلٰى مَا يَقُوْلُوْنَ وَاهْجُرْهُمْ هَجْرًا جَمِيْلًا١٠
Waṣbir ‘alā mā yaqūlūna wahjurhum hajran jamīlā(n).
[10]
Lan sing sabara (Muhammad) ingatasé apa sing déucapna déning dhéwéké kabéh lan tinggalna wong-wong kaé nganggo cara sing apik.
وَذَرْنِيْ وَالْمُكَذِّبِيْنَ اُولِى النَّعْمَةِ وَمَهِّلْهُمْ قَلِيْلًا١١
Wa żarnī wal-mukażżibīna ulin-na‘mati wa mahhilhum qalīlā(n).
[11]
Lan bén Ingsun (sing temindak) maring wong-wong sing padha nyidrani, sing nduwéni pirang-pirang kenékmatané urip, lan paringana angkil wektu sewetara maring dhéwéké.
اِنَّ لَدَيْنَآ اَنْكَالًا وَّجَحِيْمًاۙ١٢
Inna ladainā ankālaw wa jaḥīmā(n).
[12]
Temen, neng sisihe Ingsun ana blenggu-blenggu (sing abot) lan neraka sing mulab-mulab,
وَّطَعَامًا ذَا غُصَّةٍ وَّعَذَابًا اَلِيْمًا١٣
Wa ṭa‘āman żā guṣṣatiw wa ‘ażāban alīmā(n).
[13]
lan (ana) panganan sing nyumpel neng gulu karo siksa sing banget perihé.
يَوْمَ تَرْجُفُ الْاَرْضُ وَالْجِبَالُ وَكَانَتِ الْجِبَالُ كَثِيْبًا مَّهِيْلًا١٤
Yauma tarjuful-arḍu wal-jibālu wa kānatil-jibālu kaṡībam mahīlā(n).
[14]
(Élinga) neng dina (rikala) bumi karo gunung-gunung gonjang-ganjing serosané, lan ndadékna gunung-gunung kuwé kaya umbukan wedhi sing desuntek.
اِنَّآ اَرْسَلْنَآ اِلَيْكُمْ رَسُوْلًا ەۙ شَاهِدًا عَلَيْكُمْ كَمَآ اَرْسَلْنَآ اِلٰى فِرْعَوْنَ رَسُوْلًا ۗ١٥
Innā arsalnā ilaikum rasūlā(n), syāhidan ‘alaikum kamā arsalnā ilā fir‘auna rasūlā(n).
[15]
Setemené Ingsun wis ngutus sewijiné utusan (Muhammad) maring ko kabéh, sing dadi seksi tumrap ko kabéh, kayadéné Ingsun wis ngutus sewijiné utusan maring Fir’aun.
فَعَصٰى فِرْعَوْنُ الرَّسُوْلَ فَاَخَذْنٰهُ اَخْذًا وَّبِيْلًاۚ١٦
Fa ‘aṣā fir‘aunar-rasūla fa akhażnāhu akhżaw wabīlā(n).
[16]
Ning Fir’aun nyidrani maring utusan mau, banjur Ingsun siksa dhéwéké (Fir’aun) kanthi siksan sing abot.
فَكَيْفَ تَتَّقُوْنَ اِنْ كَفَرْتُمْ يَوْمًا يَّجْعَلُ الْوِلْدَانَ شِيْبًاۖ١٧
Fakaifa tattaqūna in kafartum yaumay yaj‘alul-wildāna syībā(n).
[17]
Banjur kepriwé ko arep bisa njaga awakmu angger ko tetep kapir (ora precaya) maring dina sing ndadékna bocah-bocah padha uwanen.
ۨالسَّمَاۤءُ مُنْفَطِرٌۢ بِهٖۗ كَانَ وَعْدُهٗ مَفْعُوْلًا١٨
As-samā'u munfaṭirum bih(ī), kāna wa‘duhū maf‘ūlā(n).
[18]
Langit sigar neng dina kuwé. Janjiné Gusti Allah mesthi ketemahan.
اِنَّ هٰذِهٖ تَذْكِرَةٌ ۚ فَمَنْ شَاۤءَ اتَّخَذَ اِلٰى رَبِّهٖ سَبِيْلًا ࣖ١٩
Inna hāżihī tażkirah(tun), faman syā'attakhaża ilā rabbihī sabīlā(n).
[19]
Temen, kiyé sewijiné pengéling-éling. Sapa wonge sing ngarep-arep (pengayomané Gusti Allah), mesthi dhéwéké ngambah dalan (sing jejeg) maring Pengérané.
۞ اِنَّ رَبَّكَ يَعْلَمُ اَنَّكَ تَقُوْمُ اَدْنٰى مِنْ ثُلُثَيِ الَّيْلِ وَنِصْفَهٗ وَثُلُثَهٗ وَطَاۤىِٕفَةٌ مِّنَ الَّذِيْنَ مَعَكَۗ وَاللّٰهُ يُقَدِّرُ الَّيْلَ وَالنَّهَارَۗ عَلِمَ اَنْ لَّنْ تُحْصُوْهُ فَتَابَ عَلَيْكُمْ فَاقْرَءُوْا مَا تَيَسَّرَ مِنَ الْقُرْاٰنِۗ عَلِمَ اَنْ سَيَكُوْنُ مِنْكُمْ مَّرْضٰىۙ وَاٰخَرُوْنَ يَضْرِبُوْنَ فِى الْاَرْضِ يَبْتَغُوْنَ مِنْ فَضْلِ اللّٰهِ ۙوَاٰخَرُوْنَ يُقَاتِلُوْنَ فِيْ سَبِيْلِ اللّٰهِ ۖفَاقْرَءُوْا مَا تَيَسَّرَ مِنْهُۙ وَاَقِيْمُوا الصَّلٰوةَ وَاٰتُوا الزَّكٰوةَ وَاَقْرِضُوا اللّٰهَ قَرْضًا حَسَنًاۗ وَمَا تُقَدِّمُوْا لِاَنْفُسِكُمْ مِّنْ خَيْرٍ تَجِدُوْهُ عِنْدَ اللّٰهِ ۙهُوَ خَيْرًا وَّاَعْظَمَ اَجْرًاۗ وَاسْتَغْفِرُوا اللّٰهَ ۗاِنَّ اللّٰهَ غَفُوْرٌ رَّحِيْمٌ ࣖ٢٠
Inna rabbaka ya‘lamu annaka taqūmu adnā min ṡuluṡayil-laili wa niṣfahū wa ṡuluṡahū wa ṭā'ifatum minal-lażīna ma‘ak(a), wallāhu yuqaddirul-laila wan-nahār(a), ‘alima allan tuḥṣūhu fa tāba ‘alaikum faqra'ū mā tayassara minal-qur'ān(i), ‘alima an sayakūnu minkum marḍā, wa ākharūna yaḍribūna fil-arḍi yabtagūna min faḍlillāh(i), wa ākharūna yuqātilūna fī sabīlillāh(i), faqra'ū mā tayassara minh(u), wa aqīmuṣ-ṣalāta wa ātuz-zakāta wa aqriḍullāha qarḍan ḥasanā(n), wa mā tuqaddimū li'anfusikum min khairin tajidūhu ‘indallāh(i), huwa khairaw wa a‘ẓama ajrā(n), wastagfirullāh(a), innallāha gafūrur raḥīm(un).
[20]
Setemené Pengéranmu mriksani lamon sliramu (Muhammad) ngadeg (sembayang) kurang sekang rong pertelon wengi, utawa setengah wengi utawané seperteloné lan (mengkana uga) segolongan sekang wong-wong sing bareng karo sliramu. Gusti Allah netepna ukuran wengi karo awan. Gusti Allah mriksani lamon sliramu ora bisa nemtokna watesé wektu mau. Mula Penjenengané paring pengénthéng-énthéng maring sliramu, mulané padha maca apa sing gampang (tumrap sliramu) sekang Al-Qur’an; Penjenengané mriksani lamon arep ana neng antarané sliramu wong-wong sing mriyang, lan sing liyané mlaku neng bumi padha nggolét seperangan kanugrahané Gusti Allah; lan liyané sing padha perang neng dalané Gusti Allah, mula padha maca apa-apa sing gampang (tumrap sliramu) sekang Al-qur’an lan lakonana sembayang, bayar jakat lan awéha utangan maring Gusti Allah (rupa) utangan sing apik. Kebagusan apa baé sing sliramu lakoni nggo awakmu dhéwék mesthi bakal olih (piwalesé) Gusti Allah minangka piwales sing paling apik lan sing paling gedhé ganjarané. La(...)