Surah Al-Jinn
Daftar Surah
0:00
0:00
بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
قُلْ اُوْحِيَ اِلَيَّ اَنَّهُ اسْتَمَعَ نَفَرٌ مِّنَ الْجِنِّ فَقَالُوْٓا اِنَّا سَمِعْنَا قُرْاٰنًا عَجَبًاۙ١
Qul ūḥiya ilayya annahustama‘a nafarum minal-jinni fa qālū innā sami‘nā qur'ānan ‘ajabā(n).
[1]
Dhawuha (Muhammad): “Wis déwahyokna maring inyong lamon sekumpulané jin wis ngrungokna (wacanan),” banjur dhéwéké padha ngucap: “Inyong kabéh ngrungokna wacanan sing nggumunaken (AlQur’an),
يَّهْدِيْٓ اِلَى الرُّشْدِ فَاٰمَنَّا بِهٖۗ وَلَنْ نُّشْرِكَ بِرَبِّنَآ اَحَدًاۖ٢
Yahdī ilar-rusydi fa'āmannā bih(ī), wa lan nusyrika birabbinā aḥadā(n).
[2]
(sing) awéh pituduh maring dalan bener, banjur inyong kabéh padha precaya maring (wacanan kuwé). Lan inyong kabéh ora pisan-pisan arep nyekutokna sewiji-wiji karo Pengérané inyong kabéh,
وَّاَنَّهٗ تَعٰلٰى جَدُّ رَبِّنَا مَا اتَّخَذَ صَاحِبَةً وَّلَا وَلَدًاۖ٣
Wa annahū ta‘ālā jaddu rabbinā mattakhaża ṣāḥibataw wa lā waladā(n).
[3]
lan setemené Mahaluhur kuwé dadi agungé Pengérané inyong kabéh, Penjenengané ora garwa tur ora peputra.”
وَّاَنَّهٗ كَانَ يَقُوْلُ سَفِيْهُنَا عَلَى اللّٰهِ شَطَطًاۖ٤
Wa annahū kāna yaqūlu safīhunā ‘alallāhi syaṭaṭā(n).
[4]
Lan setemené wong sing bodho neng antarané inyong kabéh gemiyén mesti ngucap (omongan) sing ngliwati wates maring Gusti Allah. 871
871) Ngucapna lamon Gusti Allah kagungan garwa lan putra. Ujaré Ibnu Katsir, omongan kiyé déucapna seurungé jin kaé mlebu Islam.
وَّاَنَّا ظَنَنَّآ اَنْ لَّنْ تَقُوْلَ الْاِنْسُ وَالْجِنُّ عَلَى اللّٰهِ كَذِبًاۙ٥
Wa annā ẓanannā allan taqūlal-insu wal-jinnu ‘alallāhi każibā(n).
[5]
Lan setemené inyong kabéh ngira lamona menungsa karo jin kuwé ora arep ngucapna omongan sing goroh temuju maring Gusti Allah.
وَّاَنَّهٗ كَانَ رِجَالٌ مِّنَ الْاِنْسِ يَعُوْذُوْنَ بِرِجَالٍ مِّنَ الْجِنِّ فَزَادُوْهُمْ رَهَقًاۖ٦
Wa annahū kāna rijālum minal insi ya‘ūżūna birijālim minal-jinni fa zādūhum rahaqā(n).
[6]
lan setemené ana sewetara wong lanang sekang bangsa menungsa sing njaluk pengayoman 872 maring wong-wong lanang sekang bangsa jin ning dhéwéké (jin) ndadékna wong-wong mau (menungsa) tambah kesasar.
872) Ana neng antarané wong-wong Arab, angger ngliwati panggonan sing sepi, dhéwéké padha njaluk pengayoman maring jin sing deprecayai mbaureksa panggonan kuwé.
وَّاَنَّهُمْ ظَنُّوْا كَمَا ظَنَنْتُمْ اَنْ لَّنْ يَّبْعَثَ اللّٰهُ اَحَدًاۖ٧
Wa annahum ẓannū kamā ẓanantum allay yab‘aṡallāhu aḥadā(n).
[7]
Lan setemené para jin ngira padha baé karo ko (wong-wong musrik Mekah) sing uga duwé pengira-ira lamon Gusti Allah ora arep nangékna maning sapa baé (neng dina Kiyamat).
وَّاَنَّا لَمَسْنَا السَّمَاۤءَ فَوَجَدْنٰهَا مُلِئَتْ حَرَسًا شَدِيْدًا وَّشُهُبًاۖ٨
Wa annā lamasnas-samā'a fa wajadnāhā muli'at ḥarasan syadīdaw wa syuhubā(n).
[8]
Lan setemené inyong kabéh (jin) wis njajal ngaweruhi (wewadi) neng langit, mulané inyong kabéh weruh akéh penjagan sing kuwat karo panah-panah geni,
وَّاَنَّا كُنَّا نَقْعُدُ مِنْهَا مَقَاعِدَ لِلسَّمْعِۗ فَمَنْ يَّسْتَمِعِ الْاٰنَ يَجِدْ لَهٗ شِهَابًا رَّصَدًاۖ٩
Wa annā kunnā naq‘udu minhā maqā‘ida lis-sam‘(i), famay yastami‘il-āna yajid lahū syihābar raṣadā(n).
[9]
lan setemené inyong kabéh (jin) gemiyén téyéng manggon neng sewetara panggonan neng langit seperlu nguping (werta-werta langit). Ning siki 873 sapa sing (njajal) nguping (kaya kuwé) mesthi arep ngadhepi panah-panah geni sing nginggeng (siyaga ngobong dhéwéké).
873) Wektu seuwisé Kanjeng Nabi Muhammad s.a.w déutus dadi Rasul.
وَّاَنَّا لَا نَدْرِيْٓ اَشَرٌّ اُرِيْدَ بِمَنْ فِى الْاَرْضِ اَمْ اَرَادَ بِهِمْ رَبُّهُمْ رَشَدًاۙ١٠
Wa annā lā nadrī asyarrun urīda biman fil-arḍi am arāda bihim rabbuhum rasyadā(n).
[10]
Lan setemené inyong kabéh (jin) ora ngerti (anané penjagan kuwé) apa kuwé barang ala sing dekarepaken menungsa neng bumi apa Pengéran sing ngersakaken kebecikan kanggoné menungsa.
وَّاَنَّا مِنَّا الصّٰلِحُوْنَ وَمِنَّا دُوْنَ ذٰلِكَۗ كُنَّا طَرَاۤىِٕقَ قِدَدًاۙ١١
Wa annā minnaṣ-ṣāliḥūna wa minnā dūna żālik(a), kunnā ṭarā'iqa qidadā(n).
[11]
Lan setemené neng antarané inyong padha (jin) ana sing apik (saléh) lan ana uga sing sewaliké. Inyong padha ngambah dalan sing béda-béda.
وَّاَنَّا ظَنَنَّآ اَنْ لَّنْ نُّعْجِزَ اللّٰهَ فِى الْاَرْضِ وَلَنْ نُّعْجِزَهٗ هَرَبًاۖ١٢
Wa annā ẓanannā allan nu‘jizallāha fil-arḍi wa lan nu‘jizahū harabā(n).
[12]
Lan setemené inyong kabéh (jin) wis ngira lamon inyong padha ora gadhang bisa uwal (sekang kewasané) Gusti Allah neng bumi lan (uga) ora bisa mlayu ngindhani Penjenengané.
وَّاَنَّا لَمَّا سَمِعْنَا الْهُدٰىٓ اٰمَنَّا بِهٖۗ فَمَنْ يُّؤْمِنْۢ بِرَبِّهٖ فَلَا يَخَافُ بَخْسًا وَّلَا رَهَقًاۖ١٣
Wa annā lammā sami‘nal-hudā āmannā bih(ī), famay yu'mim birabbihī falā yakhāfu bakhsaw wa lā rahaqā(n).
[13]
Lan setemené rikala inyong kabéh (jin) krungu pituduh (Al-Qur’an) inyong kabéh padha precaya karo dhéwéké (Al-Qur’an). Mulané sapa baé precaya maring Pengéran ora perlu dhéwéké wedi kapitunan utawané dosa.
وَّاَنَّا مِنَّا الْمُسْلِمُوْنَ وَمِنَّا الْقٰسِطُوْنَۗ فَمَنْ اَسْلَمَ فَاُولٰۤىِٕكَ تَحَرَّوْا رَشَدًا١٤
Wa annā minnal-muslimūna wa minnal-qāsiṭūn(a), faman aslama fa ulā'ika taḥarrau rasyadā(n).
[14]
Lan neng antarané inyong padha ana sing Islam, uga ana sing nyimpang sekang dalan bener. Sapa sing Islam, dhéwéké wis milih dalan sing jejeg.
وَاَمَّا الْقٰسِطُوْنَ فَكَانُوْا لِجَهَنَّمَ حَطَبًاۙ١٥
Wa ammal-qāsiṭūna fa kānū lijahannama ḥaṭabā(n).
[15]
Lan apadené sing padha nyimpang sekang bebener, mangka wong-wong kuwé bakal dadi suluhé neraka Jahanam.”
وَّاَنْ لَّوِ اسْتَقَامُوْا عَلَى الطَّرِيْقَةِ لَاَسْقَيْنٰهُمْ مَّاۤءً غَدَقًاۙ١٦
Wa allawistaqāmū ‘alaṭ-ṭarīqati la'asqaināhum mā'an gadaqā(n).
[16]
Lan seumpama dhéwéké padha tetep mlaku neng dalan sing jejeg (agama Islam) mesthi Ingsun (Gusti Allah) bakal ngguyurna maring dhéwéké banyu secukupé.
لِّنَفْتِنَهُمْ فِيْهِۗ وَمَنْ يُّعْرِضْ عَنْ ذِكْرِ رَبِّهٖ يَسْلُكْهُ عَذَابًا صَعَدًاۙ١٧
Linaftinahum fīh(i), wa may yu‘riḍ ‘an żikri rabbihī yasluk-hu ‘ażāban ṣa‘adā(n).
[17]
Nganggo (cara) kaya kuwé Ingsun (Gusti Allah) arep nguji maring wong-wong mau. Lan sapa wongé mungkur sekang pengéling-élingé Pengéran mesthi dhéwéké arep délebokna (déning Penjenengané) maring penyiksan sing banget aboté.
وَّاَنَّ الْمَسٰجِدَ لِلّٰهِ فَلَا تَدْعُوْا مَعَ اللّٰهِ اَحَدًاۖ١٨
Wa annal-masājida lillāhi falā tad‘ū ma‘allāhi aḥadā(n).
[18]
Lan setemené mesjid-mesjid kuwé mung kagem Gusti Allah. Mulané ko aja nyembah apa baé neng sejeroné (mesjid) kejaba Gusti Allah.
وَّاَنَّهٗ لَمَّا قَامَ عَبْدُ اللّٰهِ يَدْعُوْهُ كَادُوْا يَكُوْنُوْنَ عَلَيْهِ لِبَدًاۗ ࣖ١٩
Wa annahū lammā qāma ‘abdullāhi yad‘ūhu kādū yakūnūna ‘alaihi libadā(n).
[19]
Lan setemené rikalan kewulané Gusti Allah (Muhammad) jumeneng nyembah Penjenengané (nglakoni sembayang) para jin kuwé padha sol-solan ngrubung.
قُلْ اِنَّمَآ اَدْعُوْا رَبِّيْ وَلَآ اُشْرِكُ بِهٖٓ اَحَدًا٢٠
Qul innamā ad‘ū rabbī wa lā usyriku bihī aḥadā(n).
[20]
Dhawuha (Muhammad), “Setemené inyong mung nyembah Pengéranku lan inyong ora nyekuthokna sawiji-wiji karo Penjenengané.”
قُلْ اِنِّيْ لَآ اَمْلِكُ لَكُمْ ضَرًّا وَّلَا رَشَدًا٢١
Qul innī lā amliku lakum ḍarraw wa lā rasyadā(n).
[21]
Dhawuha (Muhammad), “Inyong ora kuwasa nolak prekara sing gawé tuna (mudarat) utawané nekanaken kebecikan maring ko kabéh.”
قُلْ اِنِّيْ لَنْ يُّجِيْرَنِيْ مِنَ اللّٰهِ اَحَدٌ ەۙ وَّلَنْ اَجِدَ مِنْ دُوْنِهٖ مُلْتَحَدًا ۙ٢٢
Qul innī lay yujīranī minallāhi aḥad(un), wa lan ajida min dūnihī multaḥadā(n).
[22]
Dhawuha (Muhammad), “Setemené ora nana barang sewiji sing bisa ngayomi maring inyong sekang ukumané Gusti Allah lan inyong ora bakal olih pengayoman kejaba sekang Panjenegané.
اِلَّا بَلٰغًا مِّنَ اللّٰهِ وَرِسٰلٰتِهٖۗ وَمَنْ يَّعْصِ اللّٰهَ وَرَسُوْلَهٗ فَاِنَّ لَهٗ نَارَ جَهَنَّمَ خٰلِدِيْنَ فِيْهَآ اَبَدًاۗ٢٣
Illā balāgam minallāhi wa risālātih(ī), wa may ya‘ṣillāha wa rasūlahū fa inna lahū nāra jahannama khālidīna fīhā abadā(n).
[23]
(Inyong sederma) mbutulna (pengéling-éling) sekang Gusti Allah lan wewaler-É. Lan sapa baé sing duraka maring Gusti Allah lan Utusan-É setemené dhéwéké arep nampa (ukuman) neng neraka Jahanam, wong-wong kuwé langgeng neng njeroné neraka selawasé.”
حَتّٰىٓ اِذَا رَاَوْا مَا يُوْعَدُوْنَ فَسَيَعْلَمُوْنَ مَنْ اَضْعَفُ نَاصِرًا وَّاَقَلُّ عَدَدًاۗ٢٤
Ḥattā iżā ra'au mā yū‘adūna fasaya‘lamūna man aḍ‘afu nāṣiraw wa aqallu ‘adadā(n).
[24]
Saéngga umpamané wong-wong kuwé weruh (siksa) sing wis deamang-amangna maring dhéwéké, mangka dhéwéké bakal ngerti sapa sing lewih ringkih pitulungané lan lewih semendhing cacahé.
قُلْ اِنْ اَدْرِيْٓ اَقَرِيْبٌ مَّا تُوْعَدُوْنَ اَمْ يَجْعَلُ لَهٗ رَبِّيْٓ اَمَدًا٢٥
Qul in adrī aqarībum mā tū‘adūna am yaj‘alu lahū rabbī amadā(n).
[25]
Dhawuha (Muhammad), “Inyong ora ngerti apa siksa sing deancamna maring ko kabéh wis pérek, apa Pengéranku netepna wektuné ésih suwé.
عٰلِمُ الْغَيْبِ فَلَا يُظْهِرُ عَلٰى غَيْبِهٖٓ اَحَدًاۙ٢٦
‘Ālimul-gaibi falā yuẓhiru ‘alā gaibihī aḥadā(n).
[26]
Penjenengané Ngawuningani sing ora keton (gaib), ning Penjenengané ora nidhokna maring sapa-sapa prekara sing ora keton kuwé.
اِلَّا مَنِ ارْتَضٰى مِنْ رَّسُوْلٍ فَاِنَّهٗ يَسْلُكُ مِنْۢ بَيْنِ يَدَيْهِ وَمِنْ خَلْفِهٖ رَصَدًاۙ٢٧
Illā manirtaḍā mir rasūlin fa innahū yasluku mim baini yadaihi wa min khalfihī raṣadā(n).
[27]
Kejaba maring utusan sing keparengan (diridoni) déning Panjenegané, mangka setemené Penjenengané nganakna penjaga-penjaga (malaékat) neng sengarep lan semburiné.
لِّيَعْلَمَ اَنْ قَدْ اَبْلَغُوْا رِسٰلٰتِ رَبِّهِمْ وَاَحَاطَ بِمَا لَدَيْهِمْ وَاَحْصٰى كُلَّ شَيْءٍ عَدَدًا ࣖ٢٨
Liya‘lama an qad ablagū risālāti rabbihim wa aḥāṭa bimā ladaihim wa aḥṣā kulla syai'in ‘adadā(n).
[28]
Supaya Penjenengané ngawuningani, lamon para utusan (rasul-rasul) kuwé nyata-nyata wis nyebarna wewaler (risalah) sekang Pengérané, mangkané (ngélmuné Gusti Allah) nglingkupi uga samubarang sing ana neng dhéwéké, lan Penjenengané ngétung samubarang siji-siji.