Surah Nuh

Daftar Surah
0:00
0:00

بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
اِنَّآ اَرْسَلْنَا نُوْحًا اِلٰى قَوْمِهٖٓ اَنْ اَنْذِرْ قَوْمَكَ مِنْ قَبْلِ اَنْ يَّأْتِيَهُمْ عَذَابٌ اَلِيْمٌ١
Innā arsalnā nūḥan ilā qaumihī an anżir qaumaka min qabli ay ya'tiyahum ‘ażābun alīm(un).
[1] Setemené Ingsun wis ngutus Nuh maring kaumé (kanthi préntah), “Wéhna kaummu pengéling-éling seurungé teka maring dhéwéké kabéh siksa sing perih.”

قَالَ يٰقَوْمِ اِنِّيْ لَكُمْ نَذِيْرٌ مُّبِيْنٌۙ٢
Qāla yā qaumi innī lakum nażīrum mubīn(un).
[2] Dhéwéké (Nuh) ngucap, “Hé kaumku! Setemené inyong kiyé sewijiné wong sing awéh pengéling-éling sing nggenahna maring ko kabéh,

اَنِ اعْبُدُوا اللّٰهَ وَاتَّقُوْهُ وَاَطِيْعُوْنِۙ٣
Ani‘budullāha wattaqūhu wa aṭī‘ūn(i).
[3] (yakuwé) sembaha Gusti Allah, padha semaraha (takwa) maring Penjenengané lan manuta maring inyong,

يَغْفِرْ لَكُمْ مِّنْ ذُنُوْبِكُمْ وَيُؤَخِّرْكُمْ اِلٰٓى اَجَلٍ مُّسَمًّىۗ اِنَّ اَجَلَ اللّٰهِ اِذَا جَاۤءَ لَا يُؤَخَّرُۘ لَوْ كُنْتُمْ تَعْلَمُوْنَ٤
Yagfir lakum min żunūbikum wa yu'akhkhirkum ilā ajalim musammā(n), inna ajalallāhi iżā jā'a lā yu'akhkhar(u), lau kuntum ta‘lamūn(a).
[4] mesthi Penjenengané ngampurani sebagéan dosa-dosamu lan nangguhna ko kabéh (ndawakna umurmu) nganti butul wates wektu sing détemtokna. Temen, ketetepané Gusti Allah kuwé angger wis teka ora bisa detundha, sekirané ko padha ngaweruhi.”

قَالَ رَبِّ اِنِّيْ دَعَوْتُ قَوْمِيْ لَيْلًا وَّنَهَارًاۙ٥
Qāla rabbi innī da‘atu qaumī lailaw wa nahārā(n).
[5] Dhéwéké (Nuh) ngucap, “Dhuh Pengéran kula, sejatosipun kula empun ajék-ajék kaum kula siang lan ndalu,

فَلَمْ يَزِدْهُمْ دُعَاۤءِيْٓ اِلَّا فِرَارًا٦
Falam yazidhum du‘ā'ī illā firārā(n).
[6] ning pengajék-ajék kula niku mboten nambahi (precayaé) kiyambeké sami, malah kiyambeké sami mlajar (saking bebener).

وَاِنِّيْ كُلَّمَا دَعَوْتُهُمْ لِتَغْفِرَ لَهُمْ جَعَلُوْٓا اَصَابِعَهُمْ فِيْٓ اٰذَانِهِمْ وَاسْتَغْشَوْا ثِيَابَهُمْ وَاَصَرُّوْا وَاسْتَكْبَرُوا اسْتِكْبَارًاۚ٧
Wa innī kullamā da‘autuhum litagfira lahum ja‘alū aṣābi‘ahum fī āżānihim wastagsyau ṡiyābahum wa aṣarrū wastakbarustikbārā(n).
[7] Lan sejatosipun kula saben ngajék-ajék kiyambeké sedaya (supados sami precaya) supados Penjenengan ngampurani kiyambeké sedaya, kiyambeké sami nyumpelaken pucuk jenthik teng kupingipun lan nutupaken rasukané (teng rai) lan kiyambeké sami tetep (ngingkari) lan sanget ngagul-agulaken awaké kiyambek.

ثُمَّ اِنِّيْ دَعَوْتُهُمْ جِهَارًاۙ٨
Ṡumma innī da‘autuhum jihārā(n).
[8] Lajeng sejatosipun kula ngajék-ajék kiyambeké sami kanthi cara blag-blagan. 867
867) Dakwah kaya kiyé délakoni sewisé dakwah kanthi cara sidhem-sidheman ora pekolih (kasil)

ثُمَّ اِنِّيْٓ اَعْلَنْتُ لَهُمْ وَاَسْرَرْتُ لَهُمْ اِسْرَارًاۙ٩
Ṡumma innī a‘lantu lahum wa asrartu lahum isrārā(n).
[9] Lajeng kula ngajék-ajék kiyambeké sami kanthi blag-blagan lan kanthi sidhem-sidheman, 868
868) Sewisé nganakna dakwah kanthi sidhem-sidheman banjur kanthi blag-blagan, ning uga ora kasil, mangka Nabi Nuh a.s. nganakna karo-karoné pisan.

فَقُلْتُ اسْتَغْفِرُوْا رَبَّكُمْ اِنَّهٗ كَانَ غَفَّارًاۙ١٠
Faqultustagfirū rabbakum innahū kāna gaffārā(n).
[10] mangka kula sanjang (dhateng kiyambeké sami), “Padha nyuwuna pengampura maring Pengéranmu, temen, Penjenengané Maha Ngampura,

يُّرْسِلِ السَّمَاۤءَ عَلَيْكُمْ مِّدْرَارًاۙ١١
Yursilis-samā'a ‘alaikum midrārā(n).
[11] mesthi Penjenengané bakal nurunaken udan sing gemrujug sekang langit maring ko kabéh,

وَّيُمْدِدْكُمْ بِاَمْوَالٍ وَّبَنِيْنَ وَيَجْعَلْ لَّكُمْ جَنّٰتٍ وَّيَجْعَلْ لَّكُمْ اَنْهٰرًاۗ١٢
Wa yumdidkum bi'amwāliw wa banīna wa yaj‘al lakum jannātiw wa yaj‘al lakum anhārā(n).
[12] lan Penjenengané ngakéhna bandha lan anakmu lan gawé kebon-kebon nggo ko kabéh lan gawé bengawan-bengawan nggo ko kabéh.”

مَا لَكُمْ لَا تَرْجُوْنَ لِلّٰهِ وَقَارًاۚ١٣
Mā lakum lā tarjūna lillāhi waqārā(n).
[13] Kenangapa ko padha ora wedi maring agungé Gusti Allah?

وَقَدْ خَلَقَكُمْ اَطْوَارًا١٤
Wa qad khalaqakum aṭwārā(n).
[14] Lan temen, Penjenengané wis nyiptakna ko kabéh sejeroné pira-pira tingkatan (kedadéan). 869
869) Delengen surat Al-Mu’minun ayat 12, 13 lan 14.

اَلَمْ تَرَوْا كَيْفَ خَلَقَ اللّٰهُ سَبْعَ سَمٰوٰتٍ طِبَاقًاۙ١٥
Alam tara kaifa khalaqallāhu sab‘a samāwātin ṭibāqā(n).
[15] Apa ko ora padha nggatékena kepriwé Gusti Allah wis nyiptakna langit pitu (sing) lapis-lapis?

وَّجَعَلَ الْقَمَرَ فِيْهِنَّ نُوْرًا وَّجَعَلَ الشَّمْسَ سِرَاجًا١٦
Wa ja‘alal-qamara fīhinna nūraw wa ja‘alasy-syamsa sirājā(n).
[16] Lan neng kana Penjenengané nyiptakna wulan sing semunar lan ndadékna srengengé nggo obor (sing mencorong)?

وَاللّٰهُ اَنْۢبَتَكُمْ مِّنَ الْاَرْضِ نَبَاتًاۙ١٧
Wallāhu ambatakum minal-arḍi nabātā(n).
[17] Lan Gusti Allah nuwuhna ko kabéh sekang njero lemah, thukul (cuk semendhing).

ثُمَّ يُعِيْدُكُمْ فِيْهَا وَيُخْرِجُكُمْ اِخْرَاجًا١٨
Ṡumma yu‘īdukum fīhā wa yukhrijukum ikhrājā(n).
[18] banjur Penjenengané bakal mbalékna ko kabéh maring njeroné (lemah) lan ngetokna ko kabéh (neng dina Kiyamat) kanthi mesthi.

وَاللّٰهُ جَعَلَ لَكُمُ الْاَرْضَ بِسَاطًاۙ١٩
Wallāhu ja‘ala lakumul-arḍa bisāṭā(n).
[19] Lan Gusti Allah ndadékna bumi nggo ko kabéh minangka gelaran,

لِّتَسْلُكُوْا مِنْهَا سُبُلًا فِجَاجًا ࣖ٢٠
Litaslukū minhā subulan fijājā(n).
[20] supaya ko padha bisa lelungan nganah-ngénéh neng dalan-dalan sing ombér.

قَالَ نُوْحٌ رَّبِّ اِنَّهُمْ عَصَوْنِيْ وَاتَّبَعُوْا مَنْ لَّمْ يَزِدْهُ مَالُهٗ وَوَلَدُهٗٓ اِلَّا خَسَارًاۚ٢١
Qāla nūḥur rabbi innahum ‘aṣaunī wattaba‘ū mal lam yazidhu māluhū wa waladuhū illā khasārā(n).
[21] Nuh ngucap, “Dhuh Pengéran kula, sejatosipun kiyambeké sami duraka dhateng kula, lan kiyambeké sami tumut tiyang-tiyang ingkang bandha lan anak-anakipun mung nambahi kapitunan tumrap kiyambeké sedaya,

وَمَكَرُوْا مَكْرًا كُبَّارًاۚ٢٢
Wa makarū makran kubbārā(n).
[22] lan wong-wong kuwé padha nglakoni apus-apus sing banget gedhene.”

وَقَالُوْا لَا تَذَرُنَّ اٰلِهَتَكُمْ وَلَا تَذَرُنَّ وَدًّا وَّلَا سُوَاعًا ەۙ وَّلَا يَغُوْثَ وَيَعُوْقَ وَنَسْرًاۚ٢٣
Wa qālū lā tażarunna ālihatakum wa lā tażarunna waddaw wa lā suwā‘ā(n), wa lā yagūṡa wa ya‘ūqa wa nasrā(n).
[23] Lan wong-wong kuwé ngucap, “Ko aja pisan-pisan ninggalna sembahan-sembahanmu (reca) uga aja ninggalna (reca) Wadd, semana uga Suwa’, Yagus, Ya’uq lan Nasr.” 870
870) Wadd, suwa, yaqus, ya’ug lan Nasr yakuwé jeneng-jeneng reca.

وَقَدْ اَضَلُّوْا كَثِيْرًا ەۚ وَلَا تَزِدِ الظّٰلِمِيْنَ اِلَّا ضَلٰلًا٢٤
Wa qad aḍallū kaṡīrā(n), wa lā tazidiẓ-ẓālimīna illā ḍalālā(n).
[24] Lan éstu tiyang wau empun sami nyasaraken tiyang kathah, mangka mila Penjenengan ampun nambahi dhateng tiyang-tiyang ingkang peteng atiné (dolim) niku kejawi lampah ingkang sasar.

مِمَّا خَطِيْۤـٰٔتِهِمْ اُغْرِقُوْا فَاُدْخِلُوْا نَارًا ەۙ فَلَمْ يَجِدُوْا لَهُمْ مِّنْ دُوْنِ اللّٰهِ اَنْصَارًا٢٥
Mimmā khaṭī'ātihim ugriqū fa'udkhilū nārā(n), falam yajidū lahum min dūnillāhi anṣārā(n).
[25] Jalaran keluputané wong-wong kuwé, dhéwéké padha detilem, terus délebokna maring neraka, mula wong-wong kuwé ora gadhang olih pitulungan kejaba sekang Gusti Allah.

وَقَالَ نُوْحٌ رَّبِّ لَا تَذَرْ عَلَى الْاَرْضِ مِنَ الْكٰفِرِيْنَ دَيَّارًا٢٦
Wa qāla nūḥur rabbi lā tażar ‘alal-arḍi minal-kāfirīna dayyārā(n).
[26] Lan Nabi Nuh ngucap, ”Dhuh Pengéran kula, mugi Penjenengan mboten ngejoraken setunggil tiyang seantawisé tiyang-tiyang kapir wau manggen wonten selumahé bumi.

اِنَّكَ اِنْ تَذَرْهُمْ يُضِلُّوْا عِبَادَكَ وَلَا يَلِدُوْٓا اِلَّا فَاجِرًا كَفَّارًا٢٧
Innaka in tażarhum yuḍillū ‘ibādaka wa lā yalidū illā fājiran kaffārā(n).
[27] Sejatosipun menawi Penjenengan ngejoraken tiyang-tiyang wau manggen, temtu tiyang-tiyang niku namung ajeng nglairaken laré-laré ingkang sami duraka tur mboten ngertos kesuwun.

رَبِّ اغْفِرْ لِيْ وَلِوَالِدَيَّ وَلِمَنْ دَخَلَ بَيْتِيَ مُؤْمِنًا وَّلِلْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنٰتِۗ وَلَا تَزِدِ الظّٰلِمِيْنَ اِلَّا تَبَارًا ࣖ٢٨
Rabbigfir lī wa liwālidayya wa liman dakhala baitiya mu'minaw wa lil-mu'minīna wal-mu'mināt(i), wa lā tazidiẓ-ẓālimīna illā tabārā(n).
[28] Dhuh Pengéran kula, mugi paring pangapunten dhateng kula, biyung-rama kula lan sinten kémawon ingkang mlebet griya kula kanthi mbekta precaya lan sedaya tiyang ingkang gadheh precaya jaler lan éstri. Lan mugi Penjenengan mboten ngimbeti dhateng tiyang ingkang peteng atiné niku kejawi kerisakan.”