Surah Al-Ma’arij
Daftar Surah
0:00
0:00
بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
سَاَلَ سَاۤىِٕلٌۢ بِعَذَابٍ وَّاقِعٍۙ١
Sa'ala sā'ilum bi‘ażābiw wāqi‘(in).
[1]
Sewijiné wong takon ngenani siksa sing mesthi kedadéné,
لِّلْكٰفِرِيْنَ لَيْسَ لَهٗ دَافِعٌۙ٢
Lil-kāfirīna laisa lahū dāfi‘(un).
[2]
tumrap wong-wong kapir, sing ora nana sijia wong sing bisa nyegah kuwé,
مِّنَ اللّٰهِ ذِى الْمَعَارِجِۗ٣
Minallāhi żil-ma‘ārij(i).
[3]
(Siksa) sekang Gusti Allah sing kagungan panggonan-panggonan munggah.
تَعْرُجُ الْمَلٰۤىِٕكَةُ وَالرُّوْحُ اِلَيْهِ فِيْ يَوْمٍ كَانَ مِقْدَارُهٗ خَمْسِيْنَ اَلْفَ سَنَةٍۚ٤
Ta‘rujul-malā'ikatu war-rūḥu ilaihi fī yaumin kāna miqdāruhū khamsīna alfa sanah(tin).
[4]
Para malaékat lan Jibril munggah (ngadhep) maring Pengéran, sejeroné sedina sepadhan karo seket éwu taun, 862
862) Para malaékat lan Jibril angger ngadhep Pengéran sedhawané sedina, nalika délakoni déning menungsa ngentongna wektu seket ewu taun.
فَاصْبِرْ صَبْرًا جَمِيْلًا٥
Faṣbir ṣabran jamīlā(n).
[5]
Mula sing sabara sira (Muhammad) kanthi kesabaran sing apik.
اِنَّهُمْ يَرَوْنَهٗ بَعِيْدًاۙ٦
Innahum yaraunahū ba‘īdā(n).
[6]
Dhéwéké padha nyawang (siksa) kuwé adoh (dopara).
وَّنَرٰىهُ قَرِيْبًاۗ٧
Wa narāhu qarībā(n).
[7]
Wondené Ingsun mriksani kuwé pérek (mesthi kedadéné).
يَوْمَ تَكُوْنُ السَّمَاۤءُ كَالْمُهْلِۙ٨
Yauma takūnus-samā'u kal-muhl(i).
[8]
(Élinga) neng dina rikala langit dadi kaya jér-jéran tembaga,
وَتَكُوْنُ الْجِبَالُ كَالْعِهْنِۙ٩
Wa takūnul-jibālu kal-‘ihn(i).
[9]
lan gunung-gunung kayadéné wulu (sing padha mabur),
وَلَا يَسْـَٔلُ حَمِيْمٌ حَمِيْمًاۚ١٠
Wa lā yas'alu ḥamīmun ḥamīmā(n).
[10]
lan ora nana sijia batir raket nakokna batiré.
يُبَصَّرُوْنَهُمْۗ يَوَدُّ الْمُجْرِمُ لَوْ يَفْتَدِيْ مِنْ عَذَابِ يَوْمِىِٕذٍۢ بِبَنِيْهِۙ١١
Yubaṣṣarūnahum, yawaddul-mujrimu lau yaftadī min ‘ażābi yaumi'iżim bibanīh(i).
[11]
mangkané dhéwéké padha deleng-delengan. Neng dina kuwé wong sing dosa kepéngin dhéwéké bisa nebus (awaké dhéwék) sekang azab karo anak-anaké,
وَصَاحِبَتِهٖ وَاَخِيْهِۙ١٢
Wa ṣāḥibatihī wa akhīh(i).
[12]
lan bojoné lan seduluré,
وَفَصِيْلَتِهِ الَّتِيْ تُـْٔوِيْهِۙ١٣
Wa faṣīlatihil-latī tu'wīh(i).
[13]
lan keluwarga sing ngayomi dhéwéké (neng dunya),
وَمَنْ فِى الْاَرْضِ جَمِيْعًاۙ ثُمَّ يُنْجِيْهِۙ١٤
Wa man fil-arḍi jamī‘ā(n), ṡumma yunjīh(i).
[14]
lan wong-wong neng bumi sekabéhé, banjur ngarep-arep (tebusan) kuwé bisa nylametna dhéwéké.
كَلَّاۗ اِنَّهَا لَظٰىۙ١٥
Kallā, innahā laẓā.
[15]
Babar pisan ora! Temen, neraka kuwé geni sing gemleger,
نَزَّاعَةً لِّلشَّوٰىۚ١٦
Nazzā‘atal lisy-syawā.
[16]
sing nglothokna kulit sirah.
تَدْعُوْا مَنْ اَدْبَرَ وَتَوَلّٰىۙ١٧
Tad‘ū man adbara wa tawallā.
[17]
Sing nyeluki wong sing padha ngungkuri lan sing mléngos (sekang agama),
وَجَمَعَ فَاَوْعٰى١٨
Wa jama‘a fa'au‘ā.
[18]
lan wong sing ngumpulna (dunya-brana) banjur nyimpén dunya kuwé. 863
863) Wong sing nyimpén bandhané lan ora gelem ngetokna jakat lan uga ora nyumbangna (infak) maring dalan sing bener.
۞ اِنَّ الْاِنْسَانَ خُلِقَ هَلُوْعًاۙ١٩
Innal-insāna khuliqa halu‘ā(n).
[19]
Temen, menungsa déciptakna (kanthi) sipat nggresula.
اِذَا مَسَّهُ الشَّرُّ جَزُوْعًاۙ٢٠
Iżā massahusy-syarru jazū‘ā(n).
[20]
Angger dhéwéké kabéh kenang kesusahan dhéwéké padha nggresula,
وَّاِذَا مَسَّهُ الْخَيْرُ مَنُوْعًاۙ٢١
Wa iżā massahul-khairu manū‘ā(n).
[21]
lan angger nampa kebecikan (banda) dhéwéké padha dadi medhit,
اِلَّا الْمُصَلِّيْنَۙ٢٢
Illal-muṣallīn(a).
[22]
kejaba wong-wong sing padha nglakoni sembayang,
الَّذِيْنَ هُمْ عَلٰى صَلَاتِهِمْ دَاۤىِٕمُوْنَۖ٢٣
Allażīna hum ‘alā ṣalātihim dā'imūn(a).
[23]
dhéwéké sing padha tetep tuhu nglakoni sembayangé,
وَالَّذِيْنَ فِيْٓ اَمْوَالِهِمْ حَقٌّ مَّعْلُوْمٌۖ٢٤
Wal-lażīna fī amwālihim ḥaqqum ma‘lūm(un).
[24]
lan wong-wong sing neng njero bandhané deancengna bagéan tinemtu,
لِّلسَّاۤىِٕلِ وَالْمَحْرُوْمِۖ٢٥
Lis-sā'ili wal-maḥrūm(i).
[25]
nggo wong (miskin) sing padha jaluk-jaluk lan sing ora jaluk,
وَالَّذِيْنَ يُصَدِّقُوْنَ بِيَوْمِ الدِّيْنِۖ٢٦
Wal-lażīna yuṣaddiqūna biyaumid-dīn(i).
[26]
lan wong-wong sing padha mercayani dina piwalésan,
وَالَّذِيْنَ هُمْ مِّنْ عَذَابِ رَبِّهِمْ مُّشْفِقُوْنَۚ٢٧
Wal-lażīna hum min ‘ażābi rabbihim musyfiqūn(a).
[27]
lan wong-wong sing padha wedi maring siksané Pengérané,
اِنَّ عَذَابَ رَبِّهِمْ غَيْرُ مَأْمُوْنٍۖ٢٨
Inna ‘ażāba rabbihim gairu ma'mūn(in).
[28]
setemené ingatasé siksané Pengérané dhéwéké, ora nana sewenéh wong sing ngrasa aman (sekang tekané siksa kuwé),
وَّالَّذِيْنَ هُمْ لِفُرُوْجِهِمْ حٰفِظُوْنَۙ٢٩
Wal-lażīna hum lifurūjihim ḥāfiẓūn(a).
[29]
lan wong-wong sing padha ngreksa barang-wadiné (perjiné),
اِلَّا عَلٰٓى اَزْوَاجِهِمْ اَوْ مَا مَلَكَتْ اَيْمَانُهُمْ فَاِنَّهُمْ غَيْرُ مَلُوْمِيْنَۚ٣٠
Illā ‘alā azwājihim au mā malakat aimānuhum fa innahum gairu malūmīn(a).
[30]
kejaba nggo bojo-bojoné utawa batur tukon (budak) sing dhéwéké kabéh duwéni 864 mangka setemené dhéwéké ora padha kecacad.
864) Budak sing depekolih neng sejeroné perang karo wong kapir. Neng sejeroné perang karo wong-wong kapir kuwé, wong-wong wadon sing détawan biasané debagek-bagekna maring kaum muslimin sing mélu neng perang, lan kebiasaan kiyé udu sewijiné kewajiban.
فَمَنِ ابْتَغٰى وَرَاۤءَ ذٰلِكَ فَاُولٰۤىِٕكَ هُمُ الْعَادُوْنَۚ٣١
Fa manibtagā warā'a żālika fa ulā'ika humul-‘ādūn(a).
[31]
Mangka sapa wongé nggolét neng senjabané kuwé (kayadéné jinah, njambu/lanang dhemen lanang, lan gerus-lumpang/wadon dhemen wadon), dhéwéké kabéh kuwé wong-wong sing padha ngliwati wates.
وَالَّذِيْنَ هُمْ لِاَمٰنٰتِهِمْ وَعَهْدِهِمْ رٰعُوْنَۖ٣٢
Wal-lażīna hum li'amānātihim wa ‘ahdihim rā'ūn(a).
[32]
Lan wong-wong sing ngreksa titipan (amanat) lan janjiné,
وَالَّذِيْنَ هُمْ بِشَهٰدٰتِهِمْ قَاۤىِٕمُوْنَۖ٣٣
Wal-lażīna hum bisyahādātihim qā'imūn(a).
[33]
lan wong-wong sing cekelan teguh maring persekséné,
وَالَّذِيْنَ هُمْ عَلٰى صَلَاتِهِمْ يُحَافِظُوْنَۖ٣٤
Wal-lażīna hum ‘alā ṣalātihim yuḥāfiẓūn(a).
[34]
lan wong-wong sing ngreksa sembayangé.
اُولٰۤىِٕكَ فِيْ جَنّٰتٍ مُّكْرَمُوْنَ ۗ ࣖ٣٥
Ulā'ika fī jannātim mukramūn(a).
[35]
Dhéwéké padha demulyakna neng njero suwarga.
فَمَالِ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا قِبَلَكَ مُهْطِعِيْنَۙ٣٦
Famālil-lażīna kafarū qibalaka muhṭi‘īn(a).
[36]
Mangka kenangapa wong-wong kapir kuwé padha teka ketharak-tharak maring ngarepmu (Muhammad),
عَنِ الْيَمِيْنِ وَعَنِ الشِّمَالِ عِزِيْنَ٣٧
‘Anil-yamīni wa ‘anisy-syimāli ‘izīn(a).
[37]
sekang tengen lan sekang kiwé kanthi panthan-panthan? 865
865) Miturut keterangané sebagéan ahli tapsir ayat kiyé gegayutan karo kedadéan rikala Rasulullah sembayang lan maca Al-Qur’an neng péreké Ka’bah, banjur wong-wong musrik ngumpul rombongan-rombongan neng ngarepé karo ngenyék lan ngucapna, “Angger wong mukmin nyata-nyata arep padha mlebu suwarga kayadéné ucapané Muhammad, Inyong padha sing arep mlebu suwarga dhisit.” Mangka temurun ayat 38.
اَيَطْمَعُ كُلُّ امْرِئٍ مِّنْهُمْ اَنْ يُّدْخَلَ جَنَّةَ نَعِيْمٍۙ٣٨
Ayaṭma‘u kullumri'im minhum ay yudkhala jannata na‘īm(in).
[38]
Apa saben wong sekang wong-wong kapir kuwé padha kepéngin mlebu suwarga sing lubér kenékmatan?
كَلَّاۗ اِنَّا خَلَقْنٰهُمْ مِّمَّا يَعْلَمُوْنَ٣٩
Kallā, innā khalaqnāhum mimmā ya‘malūn(a).
[39]
Ora gadhang! Setemené Ingsun nyiptakna dhéwéké kabéh sekang barang sing dhéwéké padha kaweruhi. 866
866) Sejatiné dhéwéké wong kapir déciptakna déning Gusti Allah sekang banyu mani supayané padha precaya lan takwa maring Penjenengané, kayadéné sing déucapna déning Rasul. Mangka angger dhéwéké ora padha precaya ora nana hak tumrap dhéwéké mlebu suwarga.
فَلَآ اُقْسِمُ بِرَبِّ الْمَشٰرِقِ وَالْمَغٰرِبِ اِنَّا لَقٰدِرُوْنَۙ٤٠
Falā uqsimu birabbil-masyāriqi wal-magāribi innā laqādirūn(a).
[40]
Mangka Ingsun sumpah sekawit (sekawit) Pengéran sing ngatur panggonan-panggonan mlethéké lan surupé (srengéngé, wulan lan lintang), temen, Ingsun mesthi kewawa,
عَلٰٓى اَنْ نُّبَدِّلَ خَيْرًا مِّنْهُمْۙ وَمَا نَحْنُ بِمَسْبُوْقِيْنَ٤١
‘Alā an nubaddila khairam minhum, wa mā naḥnu bimasbūqīn(a).
[41]
nggo ngganti (dhéwéké) karo kaum sing lewih apik tenimbang dhéwéké kabéh, lan Ingsun ora bisa dékalahna.
فَذَرْهُمْ يَخُوْضُوْا وَيَلْعَبُوْا حَتّٰى يُلٰقُوْا يَوْمَهُمُ الَّذِيْ يُوْعَدُوْنَۙ٤٢
Fa żarhum yakhūḍū wa yal‘abū ḥattā yulāqū yaumahumul-lażī yū‘adūn(a)
[42]
Mangka jorna dhéwéké padha kelelep lan dolanan (neng sejeroné kesasar) nganti dhéwéké nemoni dina sing deancemna maring dhéwéké kabéh,
يَوْمَ يَخْرُجُوْنَ مِنَ الْاَجْدَاثِ سِرَاعًا كَاَنَّهُمْ اِلٰى نُصُبٍ يُّوْفِضُوْنَۙ٤٣
Yauma yakhrujūna minal-ajdāṡi sirā‘an ka'annahum ilā nuṣubiy yūfiḍūn(a).
[43]
(yakuwé) neng dina rikala dhéwéké padha metu sekang kubur kanthi gagiyanan kaya-kaya dhéwéké lunga kanthi kesusu maring brehala-brehala (sewektu neng dunya),
خَاشِعَةً اَبْصَارُهُمْ تَرْهَقُهُمْ ذِلَّةٌ ۗذٰلِكَ الْيَوْمُ الَّذِيْ كَانُوْا يُوْعَدُوْنَ ࣖ٤٤
Khāsyi‘atan abṣāruhum tarhaquhum żillah(tun), żālikal-yaumul-lażī kānū yū‘adūn(a).
[44]
penyawangé dhéwéké ndhingkluk maring ngisor délingkupi kenisthan. Kuwé dina sing deancamna maring dhéwéké kabéh.