Surah Al-A’raf
Daftar Surah
0:00
0:00
بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
الۤمّۤصۤ ۚ١
Alif lām mīm ṣād.
[1]
Alif Lam Mim Sad
كِتٰبٌ اُنْزِلَ اِلَيْكَ فَلَا يَكُنْ فِيْ صَدْرِكَ حَرَجٌ مِّنْهُ لِتُنْذِرَ بِهٖ وَذِكْرٰى لِلْمُؤْمِنِيْنَ٢
Kitābun unzila ilaika falā yakun fī ṣadrika ḥarajum minhu litunżira bihī wa żikrā lil-mu'minīn(a).
[2]
(Kiyé) Kitab sing déturunaken maring sliramu (Muhammad); mangka aja nganti sliramu sesek neng dhadha merga kuwé, supayané sliramu awéh pengéling-éling (Kitab) kuwé lan dadi piwulang nggo wong sing padha precaya.
اِتَّبِعُوْا مَآ اُنْزِلَ اِلَيْكُمْ مِّنْ رَّبِّكُمْ وَلَا تَتَّبِعُوْا مِنْ دُوْنِهٖٓ اَوْلِيَاۤءَۗ قَلِيْلًا مَّا تَذَكَّرُوْنَ٣
Ittabi‘ū mā unzila ilaikum mir rabbikum wa lā tattabi‘ū min dūnihī auliyā'(a), qalīlam mā tażakkarūn(a).
[3]
Nuruta maring apa sing déturunaken maring ko kabéh sekang Pengéranmu, lan aja nganti ko padha nuruti seliyané Penjenengané minangka pemimpin. Semendhing pisan ko kabéh (olihé) ngalap piwulang.
وَكَمْ مِّنْ قَرْيَةٍ اَهْلَكْنٰهَا فَجَاۤءَهَا بَأْسُنَا بَيَاتًا اَوْ هُمْ قَاۤىِٕلُوْنَ٤
Wa kam min qaryatin ahlaknāhā fa jā'ahā ba'sunā bayātan au hum qā'ilūn(a).
[4]
Banget akéhé negari sing wis Ingsun sirnakna, siksané Ingsun teka (nibani warga)né neng wektu wengi, utawa rikala wong-wong mau lagi padha ngaso neng wektu awan.
فَمَا كَانَ دَعْوٰىهُمْ اِذْ جَاۤءَهُمْ بَأْسُنَآ اِلَّآ اَنْ قَالُوْٓا اِنَّا كُنَّا ظٰلِمِيْنَ٥
Famā kāna da‘wāhum iż jā'ahum ba'sunā illā an qālū innā kunnā ẓālimīn(a).
[5]
Mangka rikala siksané Ingsun teka temiba maring dhéwéké kabéh, ngresulahé dhéwéké ora liya, mung ngucap, “Setemené inyong kuwé wong-wong sing padha aniaya (dolim).”
فَلَنَسْـَٔلَنَّ الَّذِيْنَ اُرْسِلَ اِلَيْهِمْ وَلَنَسْـَٔلَنَّ الْمُرْسَلِيْنَۙ٦
Fa lanas'alannal-lażīna ursila ilaihim wa lanas'alannal-mursalīn(a).
[6]
Mangka mesthi bakal Ingsun takokna maring brayat (umat) sing wis olih pengajék-ajék (sekang para utusan) lan Ingsun bakal takoni (uga) para utusan.
فَلَنَقُصَّنَّ عَلَيْهِمْ بِعِلْمٍ وَّمَا كُنَّا غَاۤىِٕبِيْنَ٧
Fa lanaquṣṣanna ‘alaihim bi‘ilmiw wa mā kunnā gā'ibīn(a).
[7]
Lan mesthi bakal Ingsun wertakna maring dhéwéké kabéh kanthi ilmu (Ingsun) lan Ingsun ora adoh (sekang dhéwéké kabéh).
وَالْوَزْنُ يَوْمَىِٕذِ ِۨالْحَقُّۚ فَمَنْ ثَقُلَتْ مَوَازِيْنُهٗ فَاُولٰۤىِٕكَ هُمُ الْمُفْلِحُوْنَ٨
Wal-waznu yauma'iżinil-ḥaqq(u), faman ṡaqulat mawāzīnuhū fa ulā'ika humul-mufliḥūn(a).
[8]
Timbangan neng dina kuwé (dadi ukuran) bebener. Mangka sapa wongé abot timbangan (kebagusan)é, dhéwéké kuwé wong sing begya,
وَمَنْ خَفَّتْ مَوَازِيْنُهٗ فَاُولٰۤىِٕكَ الَّذِيْنَ خَسِرُوْٓا اَنْفُسَهُمْ بِمَا كَانُوْا بِاٰيٰتِنَا يَظْلِمُوْنَ٩
Wa man khaffat mawāzīnuhū fa ulā'ikal-lażīna khasirū anfusahum bimā kānū bi'āyātinā yaẓlimūn(a).
[9]
lan sapa wongé énthéng timbangan (kebagusan)é, mangka dhéwéké kuwé wong sing wis gawé tuna awaké dhéwék, merga dhéwéké ngingkari ayat-ayat-É Ingsun.
وَلَقَدْ مَكَّنّٰكُمْ فِى الْاَرْضِ وَجَعَلْنَا لَكُمْ فِيْهَا مَعَايِشَۗ قَلِيْلًا مَّا تَشْكُرُوْنَ ࣖ١٠
Wa laqad makkannākum fil-arḍi wa ja‘alnā lakum fīhā ma‘āyisy(a), qalīlam mā tasykurūn(a).
[10]
Lan temen, Ingsun wis manggonaken ko kabéh neng bumi lan neng kono Ingsun sedhiakna (sumber) penguripan nggo ko kabéh. (Ning) semendhing pisan olihe ko kabéh padha kesuwun.
وَلَقَدْ خَلَقْنٰكُمْ ثُمَّ صَوَّرْنٰكُمْ ثُمَّ قُلْنَا لِلْمَلٰۤىِٕكَةِ اسْجُدُوْا لِاٰدَمَ فَسَجَدُوْٓا اِلَّآ اِبْلِيْسَۗ لَمْ يَكُنْ مِّنَ السّٰجِدِيْنَ١١
Wa laqad khalaqnākum ṡumma ṣawwarnākum ṡumma qulnā lil-malā'ikatisjudū li'ādama fa sajadū illā iblīs(a), lam yakum minas-sājidīn(a).
[11]
Lan temen, Ingsun wis nyiptakna ko kabéh, banjur mbangun (awak)mu, banjur Ingsun dhawuh maring malaékat-malaékat, “Sujuda ko kabéh maring Adam,” mangka dhéwéké padha sujud kejaba iblis. Dhéwéké (iblis) orang klebu sing padha sujud.
قَالَ مَا مَنَعَكَ اَلَّا تَسْجُدَ اِذْ اَمَرْتُكَ ۗقَالَ اَنَا۠ خَيْرٌ مِّنْهُۚ خَلَقْتَنِيْ مِنْ نَّارٍ وَّخَلَقْتَهٗ مِنْ طِيْنٍ١٢
Qāla mā mana‘aka allā tasjuda iż amartuk(a), qāla ana khairum minh(u), khalaqtanī min nāriw wa khalaqtahū min ṭīn(in).
[12]
(Gusti Allah) dhawuh, “Apa sing ngalangi ko (saéngga) ko ora nyembah (maring Adam) rikala Ingsun dhawuh maring ko?” (Iblis) semaur, “Kula langkung saé tenim-bang kiyambeké. Penjenengan nyipta kula saking brama, lan kiyambeké Penjenengan cipta saking siti.”
قَالَ فَاهْبِطْ مِنْهَا فَمَا يَكُوْنُ لَكَ اَنْ تَتَكَبَّرَ فِيْهَا فَاخْرُجْ اِنَّكَ مِنَ الصّٰغِرِيْنَ١٣
Qāla fahbiṭ minhā famā yakūnu laka an tatakabbara fīhā fakhruj innaka minaṣ-ṣāgirīn(a).
[13]
(Gusti Allah) dhawuh, “Mangka temuruna ko sekang kuwé (suwarga), merga ko ora pantes ngagulna awak neng sejeroné. Metua! Sete-mené ko klebu ciptanan (mahluk) sing ina.”
قَالَ اَنْظِرْنِيْٓ اِلٰى يَوْمِ يُبْعَثُوْنَ١٤
Qāla anẓirnī ilā yaumi yub‘aṡūn(a).
[14]
(Iblis) semaur, “Paringi tangguhan wekdal, ngantos dinten kiyambeké dipun tangekaken.”
قَالَ اِنَّكَ مِنَ الْمُنْظَرِيْنَ١٥
Qāla innaka minal-munẓarīn(a).
[15]
(Gusti Allah) dhawuh, “Bener, ko klebu sing déparingi tangguhan wektu.”
قَالَ فَبِمَآ اَغْوَيْتَنِيْ لَاَقْعُدَنَّ لَهُمْ صِرَاطَكَ الْمُسْتَقِيْمَۙ١٦
Qāla fabimā agwaitanī la'aq‘udanna lahum ṣirāṭakal-mustaqīm(a).
[16]
(Iblis) semaur, “Mergi Penjenengan empun nyasaraken kula, temtu kula ajeng ngalang-ngalangi kiyambeké saking marginé Penjenengan sing jejeg,
ثُمَّ لَاٰتِيَنَّهُمْ مِّنْۢ بَيْنِ اَيْدِيْهِمْ وَمِنْ خَلْفِهِمْ وَعَنْ اَيْمَانِهِمْ وَعَنْ شَمَاۤىِٕلِهِمْۗ وَلَا تَجِدُ اَكْثَرَهُمْ شٰكِرِيْنَ١٧
Ṡumma la'ātiyannahum mim baini aidīhim wa min khalfihim wa ‘an aimānihim wa ‘an syamā'ilihim, wa lā tajidu akṡarahum syākirīn(a).
[17]
lajeng temtu kula ajeng ndhatengi kiyambeké saking ngajeng, saking wingking, saking kiwa, lan sekang tengené kiyambeké. Lan Penjenengan mboten bakal manggih kathah saking kiyambeké ingkang sami (ngraos) kesuwun.”
قَالَ اخْرُجْ مِنْهَا مَذْءُوْمًا مَّدْحُوْرًا ۗ لَمَنْ تَبِعَكَ مِنْهُمْ لَاَمْلَـَٔنَّ جَهَنَّمَ مِنْكُمْ اَجْمَعِيْنَ١٨
Qālakhruj minhā maż'ūmam madḥūrā(n), laman tabi‘aka minhum la'amla'anna jahannama minkum ajma‘īn(a).
[18]
(Gusti Allah) dhawuh, “Metua ko sekang kono (suwarga) neng kahanan sing ina lan déurak! Setemené sapa wongé neng anta-rané dhéwéké ana sing nuruti ko, mesthi bakal Ingsun isi neraka Jahanam karo ko kabéh bareng-bareng.”
وَيٰٓاٰدَمُ اسْكُنْ اَنْتَ وَزَوْجُكَ الْجَنَّةَ فَكُلَا مِنْ حَيْثُ شِئْتُمَا وَلَا تَقْرَبَا هٰذِهِ الشَّجَرَةَ فَتَكُوْنَا مِنَ الظّٰلِمِيْنَ١٩
Wa yā ādamuskun anta wa zaujukal-jannata fa kulā min ḥaiṡu syi'tumā wa lā taqrabā hāżihisy-syajarata fa takūnā minaẓ-ẓālimīn(a).
[19]
Lan (Gusti Allah dhawuh), “Hé Adam! Manggona ko karo bojomu neng suwarga lan mangana apa baé sing ko sekloron senengi. Ning aja nganti ko sekloron mereki wit siji kiyé. (Angger méreki) ko sekloron klebu wong-wong sing aniaya (dolim).”
فَوَسْوَسَ لَهُمَا الشَّيْطٰنُ لِيُبْدِيَ لَهُمَا مَا وٗرِيَ عَنْهُمَا مِنْ سَوْءٰتِهِمَا وَقَالَ مَا نَهٰىكُمَا رَبُّكُمَا عَنْ هٰذِهِ الشَّجَرَةِ اِلَّآ اَنْ تَكُوْنَا مَلَكَيْنِ اَوْ تَكُوْنَا مِنَ الْخٰلِدِيْنَ٢٠
Fa waswasa lahumasy-syaiṭānu liyubdiya lahumā mā wūriya ‘anhumā min sau'ātihimā wa qāla mā nahākumā rabbukumā ‘an hāżihisy-syajarati illā an takūnā malakaini au takūnā minal-khālidīn(a).
[20]
Banjur sétan ngrisikna pikiran ala maring dhéwéké sekloron supayané ngetonaken barang-wadiné (ngorat) dhéwéké (sing mikiné tansah) ketutup. Lan (sétan) ngucap, “Pengéranmu mung nglarang ko sekloron méreki wit kiyé, supayané ko sekloron ora dadi malaékat utawa ora dadi wong sing langgeng (neng suwarga).”
وَقَاسَمَهُمَآ اِنِّيْ لَكُمَا لَمِنَ النّٰصِحِيْنَۙ٢١
Wa qāsamahumā innī lakumā laminan-nāṣiḥīn(a).
[21]
Lan dhéwéké (sétan) sumpah maring sekloroné, “Setemené inyong kiyé nyata-nyata klebu para juru naséhaté ko sekloron,”
فَدَلّٰىهُمَا بِغُرُوْرٍۚ فَلَمَّا ذَاقَا الشَّجَرَةَ بَدَتْ لَهُمَا سَوْءٰتُهُمَا وَطَفِقَا يَخْصِفٰنِ عَلَيْهِمَا مِنْ وَّرَقِ الْجَنَّةِۗ وَنَادٰىهُمَا رَبُّهُمَآ اَلَمْ اَنْهَكُمَا عَنْ تِلْكُمَا الشَّجَرَةِ وَاَقُلْ لَّكُمَآ اِنَّ الشَّيْطٰنَ لَكُمَا عَدُوٌّ مُّبِيْنٌ٢٢
Fa dallāhumā bigurūr(in), falammā żāqasy-syajarata badat lahumā sau'ātuhumā wa ṭafiqā yakhṣifāni ‘alaihimā miw waraqil-jannah(ti), wa nādāhumā rabbuhumā alam anhakumā ‘an tilkumasy-syajarati wa aqul lakumā innasy-syaiṭāna lakumā ‘aduwwum mubīn(un).
[22]
lan dhéwéké (sétan) ngari-ari sekloroné karo daya apus. Rikala sekloroné nyicipi (woh) wit kuwé, mangka keton déning sekloroné dhéwéké barang-wadiné, mangka molahi sekloroné nutupi kuwé karo godhong-godhong suwarga. Pengéran dhawuh maring sekloroné, “Toli Ingsun wis nglarang ko sekloron sekang wit kuwé, lan Ingsun wis dhawuh lamon sétan kuwé mungsuh sing nyata tumrap ko sekloron?”
قَالَا رَبَّنَا ظَلَمْنَآ اَنْفُسَنَا وَاِنْ لَّمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُوْنَنَّ مِنَ الْخٰسِرِيْنَ٢٣
Qālā rabbanā ẓalamnā anfusanā wa illam tagfir lanā wa tarḥamnā lanakūnanna minal-khāsirīn(a).
[23]
Sekloroné matur, “Dhuh Pengéran kula, kula kekalih empun nganiaya badan kula kiyambek. Menawi Penjenengan mboten paring ngapunten dhateng kula kekalih lan paring welas dhateng kula sami, saéstuné kula sami kelebet tiyang-tiyang ingkang kapitunan.”
قَالَ اهْبِطُوْا بَعْضُكُمْ لِبَعْضٍ عَدُوٌّ ۚوَلَكُمْ فِى الْاَرْضِ مُسْتَقَرٌّ وَّمَتَاعٌ اِلٰى حِيْنٍ٢٤
Qālahbiṭū ba‘ḍukum liba‘ḍin ‘aduww(un), wa lakum fil-arḍi mustaqarruw wa matā‘un ilā ḥīn(in).
[24]
(Gusti Allah) dhawuh, “Temuruna ko kabéh! Ko bakal padha mungsuhan siji karo liyané. Bumi kuwé papan panggonan lan kesene-nganmu nganti wektu sing wis détetepna.”
قَالَ فِيْهَا تَحْيَوْنَ وَفِيْهَا تَمُوْتُوْنَ وَمِنْهَا تُخْرَجُوْنَ ࣖ٢٥
Qāla fīhā taḥyauna wa fīhā tamūtūna wa minhā tukhrajūn(a).
[25]
(Gusti Allah) dhawuh, “Neng kana ko padha urip, neng kana ko padha mati, lan neng kana (uga) ko padha bakal detangékna.”
يٰبَنِيْٓ اٰدَمَ قَدْ اَنْزَلْنَا عَلَيْكُمْ لِبَاسًا يُّوَارِيْ سَوْءٰتِكُمْ وَرِيْشًاۗ وَلِبَاسُ التَّقْوٰى ذٰلِكَ خَيْرٌۗ ذٰلِكَ مِنْ اٰيٰتِ اللّٰهِ لَعَلَّهُمْ يَذَّكَّرُوْنَ٢٦
Yā banī ādama qad anzalnā ‘alaikum libāsay yuwārī sau'ātikum wa rīsyā(n), wa libāsut-taqwā żālika khair(un), żālika min āyātillāhi la‘allahum yażżakkarūn(a).
[26]
Hé anak-putu Adam! Setemené Ingsung wis nyedhiakna sandhangan nggo nutupi barang-wadi (ngorat)é ko kabéh lan nggo pepaésé nggo ko kabéh. Ning sandhangan semarah (takwa), kuwé sing lewih apik. Mengkana kuwé sebagéan tandha-tandha kewasané Gusti Allah, moga-moga dhéwéké padha éling.
يٰبَنِيْٓ اٰدَمَ لَا يَفْتِنَنَّكُمُ الشَّيْطٰنُ كَمَآ اَخْرَجَ اَبَوَيْكُمْ مِّنَ الْجَنَّةِ يَنْزِعُ عَنْهُمَا لِبَاسَهُمَا لِيُرِيَهُمَا سَوْءٰتِهِمَا ۗاِنَّهٗ يَرٰىكُمْ هُوَ وَقَبِيْلُهٗ مِنْ حَيْثُ لَا تَرَوْنَهُمْۗ اِنَّا جَعَلْنَا الشَّيٰطِيْنَ اَوْلِيَاۤءَ لِلَّذِيْنَ لَا يُؤْمِنُوْنَ٢٧
Yā banī ādama lā yaftinannakumusy-syaiṭānu kamā akhraja abawaikum minal-jannati yanzi‘u ‘anhumā libāsahumā liyuriyahumā sau'ātihimā, innahū yarākum huwa wa qabīluhū min ḥaiṡu lā taraunahum, innā ja‘alnasy-syayāṭīna auliyā'a lil-lażīna lā yu'minūn(a).
[27]
Hé anak-putu Adam! Aja nganti ko kabéh kapusan déning sétan kayadéné dhéwéké (sétan) wis ngetokna rama-biyungmu sekang suwarga, kanthi ngudhari sandhangan sekloroné nggo ngetonaken barang-wadi sekloroné. Setemené dhéwéké karo balané bisa weruh ko kabéh sekang sewiji panggo-nan sing ko ora padha bisa weruh dhéwéké kabéh. Setemené Ingsun wis ndadékna sétan-sétan kuwé pimpinan tumrap wong-wong sing ora precaya.
وَاِذَا فَعَلُوْا فَاحِشَةً قَالُوْا وَجَدْنَا عَلَيْهَآ اٰبَاۤءَنَا وَاللّٰهُ اَمَرَنَا بِهَاۗ قُلْ اِنَّ اللّٰهَ لَا يَأْمُرُ بِالْفَحْشَاۤءِۗ اَتَقُوْلُوْنَ عَلَى اللّٰهِ مَا لَا تَعْلَمُوْنَ٢٨
Wa iżā fa‘alū fāḥisyatan qālū wajadnā ‘alaihā ābā'anā wallāhu amaranā bihā, qul innallāha lā ya'muru bil-faḥsyā'(i), ataqūlūna ‘alallāhi mā lā ta‘lamūn(a).
[28]
Lan angger dhéwéké nglakoni penggawéyan sing ngeres (keji), dhéwéké ngucap, “Inyong weruh kaki-niniku nglakoni sing kaya kuwé, lan Gusti Allah dhawuh inyong padha kon nglakoni kuwé.” Ucapna, “Setemené Gusti Allah ora nglakon ndhawuhna supaya nglakoni sing ngeres (keji). 329 Kenangapa ko padha ngomongna ngenani Gusti Allah sing ko kabéh ora ngerténi?”
329) Kayadéné syirik, ngubengi Ka’bah karo wuda lan liya-liyané.
قُلْ اَمَرَ رَبِّيْ بِالْقِسْطِۗ وَاَقِيْمُوْا وُجُوْهَكُمْ عِنْدَ كُلِّ مَسْجِدٍ وَّادْعُوْهُ مُخْلِصِيْنَ لَهُ الدِّيْنَ ەۗ كَمَا بَدَاَكُمْ تَعُوْدُوْنَۗ٢٩
Qul amara rabbī bil-qisṭ(i), wa aqīmū wujūhakum ‘inda kulli masjidiw wad‘ūhu mukhliṣīna lahud-dīn(a), kamā bada'akum ta‘ūdūn(a).
[29]
Ngucapa, “Pengéranku dhawuh maring inyong supaya temindak adil. Adhepna raimu (maring Gusti Allah) saben sembayang, lan sembah Penjenengané kanthi nulusna ngabekti mung maring Penjenengané. Ko bakal padha débalékna maring Penjenengané kayadéné ko kabéh déciptakna sekawitané.
فَرِيْقًا هَدٰى وَفَرِيْقًا حَقَّ عَلَيْهِمُ الضَّلٰلَةُ ۗاِنَّهُمُ اتَّخَذُوا الشَّيٰطِيْنَ اَوْلِيَاۤءَ مِنْ دُوْنِ اللّٰهِ وَيَحْسَبُوْنَ اَنَّهُمْ مُّهْتَدُوْنَ٣٠
Farīqan hadā wa farīqan ḥaqqa ‘alaihimuḍ-ḍalālah(tu), innahumuttakhażusy-syayāṭīna auliyā'a min dūnillāhi wa yaḥsabūna annahum muhtadūn(a).
[30]
Sebagéan Penjenengané paringi pituduh lan sebagéan maning sepantesé dadi kesasar. Dhéwéké padha ndadékna sétan-sétan minangka pengayom seliyané Gusti Allah. Dhéwéké padha ngira lamon dhéwéké padha olih pituduh.
۞ يٰبَنِيْٓ اٰدَمَ خُذُوْا زِيْنَتَكُمْ عِنْدَ كُلِّ مَسْجِدٍ وَّكُلُوْا وَاشْرَبُوْا وَلَا تُسْرِفُوْاۚ اِنَّهٗ لَا يُحِبُّ الْمُسْرِفِيْنَ ࣖ٣١
Yā banī ādama khużū zīnatakum ‘inda kulli masjidiw wa kulū wasyrabū wa lā tusrifū, innahū lā yuḥibbul-musrifīn(a).
[31]
Hé anak-putu Adam! Nggonén sandhangan-mu sing apik saben-saben (mlebu) mesjid, mangan lan nginuma, ning aja kelewihen. Temen Gusti Allah ora karenan (maring) wong sing nglewihi wates.
قُلْ مَنْ حَرَّمَ زِيْنَةَ اللّٰهِ الَّتِيْٓ اَخْرَجَ لِعِبَادِهٖ وَالطَّيِّبٰتِ مِنَ الرِّزْقِۗ قُلْ هِيَ لِلَّذِيْنَ اٰمَنُوْا فِى الْحَيٰوةِ الدُّنْيَا خَالِصَةً يَّوْمَ الْقِيٰمَةِۗ كَذٰلِكَ نُفَصِّلُ الْاٰيٰتِ لِقَوْمٍ يَّعْلَمُوْنَ٣٢
Qul man ḥarrama zīnatallāhil-latī akhraja li‘ibādihī waṭ-ṭayyibāti minar-rizq(i), qul hiya lil-lażīna āmanū fil-ḥayātid-dun-yā khāliṣatay yaumal-qiyāmah(ti), każālika nufaṣṣilul-āyāti liqaumiy ya‘lamūn(a).
[32]
Dhawuha (Muhammad), “Sapa sing nglarang (ngaramna) pepaés sekang Gusti Allah sing wis desedhiakna nggo para kewulané Penjenengané lan rejeki sing apik-apik?” Dhawuha, “Kabéh kuwé nggo wong-wong sing padha precaya sejeroné uripé neng dunya, lan mligi (nggo dhéwéké baé) neng dina Kiyamat.” 330 Mengkana kuwé Ingsun nerangna ayat-ayat kuwé nggo wong-wong sing mengerténi.
330) Pepaés sekang Gusti Allah lan panganan sing apik kuwé bisa dérasakna neng dunya kiyé déning wong sing precaya lan wong sing ora precaya, lan neng akhérat mbésuk mung mligi nggo wong sing padha precaya.
قُلْ اِنَّمَا حَرَّمَ رَبِّيَ الْفَوَاحِشَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ وَالْاِثْمَ وَالْبَغْيَ بِغَيْرِ الْحَقِّ وَاَنْ تُشْرِكُوْا بِاللّٰهِ مَا لَمْ يُنَزِّلْ بِهٖ سُلْطٰنًا وَّاَنْ تَقُوْلُوْا عَلَى اللّٰهِ مَا لَا تَعْلَمُوْنَ٣٣
Qul innamā ḥarrama rabbiyal-fawāḥisya mā ẓahara minhā wa mā baṭana wal-iṡma wal-bagya bigairil-ḥaqqi wa an tusyrikū billāhi mā lam yunazzil bihī sulṭānaw wa an taqūlū ‘alallāhi mā lā ta‘lamūn(a).
[33]
Dhawuha (Muhammad), “Pengéranku mung nglarang (ngaramna) sekabéhé penggawé ngeres (keji) sing keton lan sing ora keton, penggawé dosa, penggawé aniaya (dolim) tanpa dhasar sing bener, lan (nglarang) ko kabéh nyekuthokna Gusti Allah karo sewiji-wiji, mangkané Penjenengané ora nurunaken landhesan nggo kuwé, lan (nglarang) ko padha wicara ngenani Gusti Allah apa sing ora ko padha ngerténi.”
وَلِكُلِّ اُمَّةٍ اَجَلٌۚ فَاِذَا جَاۤءَ اَجَلُهُمْ لَا يَسْتَأْخِرُوْنَ سَاعَةً وَّلَا يَسْتَقْدِمُوْنَ٣٤
Wa likulli ummatin ajal(un), fa iżā jā'a ajaluhum lā yasta'khirūna sā‘ataw wa lā yastaqdimūn(a).
[34]
Lan saben umat duwé ajal (wates wektu). Angger ajalé butul, dhéwéké ora bisa njaluk angkil (wektu tangguh) utawa desigrakna sedhéla baé.
يٰبَنِيْٓ اٰدَمَ اِمَّا يَأْتِيَنَّكُمْ رُسُلٌ مِّنْكُمْ يَقُصُّوْنَ عَلَيْكُمْ اٰيٰتِيْۙ فَمَنِ اتَّقٰى وَاَصْلَحَ فَلَا خَوْفٌ عَلَيْهِمْ وَلَا هُمْ يَحْزَنُوْنَ٣٥
Yā banī ādama immā ya'tiyannakum rusulum minkum yaquṣṣūna ‘alaikum āyātī, famanittaqā wa aṣlaḥa falā khaufun ‘alaihim wa lā hum yaḥzanūn(a).
[35]
Hé anak-putu Adam! Angger teka maring ko kabéh utusan-utusan sekang kalanganmu dhéwék, sing nyritakna ayat-ayat-É Ingsun maring ko kabéh, mangka sing sapa wongé semarah (takwa) lan merdandan (nuju) kebagusan, mangka ora nana rasa wedi ingatasé dhéwéké lan dhéwéké padha ora susah neng ati.
وَالَّذِيْنَ كَذَّبُوْا بِاٰيٰتِنَا وَاسْتَكْبَرُوْا عَنْهَآ اُولٰۤىِٕكَ اَصْحٰبُ النَّارِۚ هُمْ فِيْهَا خٰلِدُوْنَ٣٦
Wal-lażīna każżabū bi'āyātinā wastakbarū ‘anhā ulā'ika aṣḥābun-nār(i), hum fīhā khālidūn(a).
[36]
Ning wong-wong sing nggorohna ayat-ayat-É Ingsun lan ngagulna awaké maring (ayat-ayat) kuwé, dhéwéké kuwé sing ngenggoni neraka, dhéwéké kabéh langgeng neng senjeroné.
فَمَنْ اَظْلَمُ مِمَّنِ افْتَرٰى عَلَى اللّٰهِ كَذِبًا اَوْ كَذَّبَ بِاٰيٰتِهٖۗ اُولٰۤىِٕكَ يَنَالُهُمْ نَصِيْبُهُمْ مِّنَ الْكِتٰبِۗ حَتّٰٓى اِذَا جَاۤءَتْهُمْ رُسُلُنَا يَتَوَفَّوْنَهُمْۙ قَالُوْٓا اَيْنَ مَا كُنْتُمْ تَدْعُوْنَ مِنْ دُوْنِ اللّٰهِ ۗقَالُوْا ضَلُّوْا عَنَّا وَشَهِدُوْا عَلٰٓى اَنْفُسِهِمْ اَنَّهُمْ كَانُوْا كٰفِرِيْنَ٣٧
Faman aẓlamu mimmaniftarā ‘alallāhi każiban au każżaba bi'āyātih(ī), ulā'ika yanāluhum naṣībuhum minal-kitāb(i), ḥattā iżā jā'athum rusulunā yatawaffaunahum, qālū aina mā kuntum tad‘ūna min dūnillāh(i), qālū ḍallū ‘annā wa syahidū ‘alā anfusihim annahum kānū kāfirīn(a).
[37]
Sapa sing lewih aniaya (dolim) tenimbang wong sing ngréka-réka gorohan maring Gusti Allah utawa sing nggorohna ayat-ayat-É Penjenengané? Dhéwéké kuwé padha bakal olih bagéan sing wis détetepna neng jero Kitab nganti teka utusan-utusan (malaékat) Ingsun maring dhéwéké nggo njabud nyawané. Dhéwéké (malaékat-malaékat) ngucap, “Endi sembahan sing biasa ko kabéh sembah seliyané Gusti Allah?” Dhéwéké (wong musrik) padha semaur, “Kabéhan wis ilang sekang inyong kabéh.” Lan dhéwéké padha awéh perseksén tumrap awaké dhéwék lamon dhéwéké kuwé wong-wong padha mbangkang (kapir).
قَالَ ادْخُلُوْا فِيْٓ اُمَمٍ قَدْ خَلَتْ مِنْ قَبْلِكُمْ مِّنَ الْجِنِّ وَالْاِنْسِ فِى النَّارِۙ كُلَّمَا دَخَلَتْ اُمَّةٌ لَّعَنَتْ اُخْتَهَا ۗحَتّٰٓى اِذَا ادَّارَكُوْا فِيْهَا جَمِيْعًا ۙقَالَتْ اُخْرٰىهُمْ لِاُوْلٰىهُمْ رَبَّنَا هٰٓؤُلَاۤءِ اَضَلُّوْنَا فَاٰتِهِمْ عَذَابًا ضِعْفًا مِّنَ النَّارِ ەۗ قَالَ لِكُلٍّ ضِعْفٌ وَّلٰكِنْ لَّا تَعْلَمُوْنَ٣٨
Qāladkhulū fī umamin qad khalat min qablikum minal-jinni wal-insi fin-nār(i), kullamā dakhalat ummatul la‘anat ukhtahā, ḥattā iżaddārakū fīhā jamī‘ā(n), qālat ukhrāhum li'ūlāhum rabbanā hā'ulā'i aḍallūnā fa ātihim ‘ażāban ḍi‘fam minan-nār(i), qāla likullin ḍi‘fuw wa lākil lā ta‘lamūn(a).
[38]
Gusti Allah dhawuh, “Mlebua ko kabéh maring njero geni neraka bareng karo golongan jin lan menungsa sing wis lewih dhisit sekang ko kabéh. Saben sewijiné umat mlebu, dhéwéké nyupatani seduluré, saéngga angger dhéwéké wis padha mlebu kabéh, mangka ngucap wong sing (mlebu) kéri (maring) sing lewih dhisit, “Dhuh Pengéran kula sedaya, kiyambeké empun sami nyasaraken kula sedaya. Dhatengaken siksan geni neraka ingkang tikel-matikel dhateng kiyambeké.” Gusti Allah dhawuh, “Saben wong olih piwales (siksa) sing tikel-matikel, ning ko padha ora mengerténi.”
وَقَالَتْ اُوْلٰىهُمْ لِاُخْرٰىهُمْ فَمَا كَانَ لَكُمْ عَلَيْنَا مِنْ فَضْلٍ فَذُوْقُوا الْعَذَابَ بِمَا كُنْتُمْ تَكْسِبُوْنَ ࣖ٣٩
Wa qālat ūlāhum li'ukhrāhum famā kāna lakum ‘alainā min faḍlin fa żūqul-‘ażāba bimā kuntum taksibūn(a).
[39]
Lan wong sing (mlebu) lewih dhisit ngucap maring wong sing (mlebu) kéri. “Ko kabéh ora duwé punjul semendhing-mendhinga ketimbang inyong padha. Mangka rasakna siksa kuwé merga penggawéan sing wis ko padha lakoni.”
اِنَّ الَّذِيْنَ كَذَّبُوْا بِاٰيٰتِنَا وَاسْتَكْبَرُوْا عَنْهَا لَا تُفَتَّحُ لَهُمْ اَبْوَابُ السَّمَاۤءِ وَلَا يَدْخُلُوْنَ الْجَنَّةَ حَتّٰى يَلِجَ الْجَمَلُ فِيْ سَمِّ الْخِيَاطِ ۗ وَكَذٰلِكَ نَجْزِى الْمُجْرِمِيْنَ٤٠
Innal-lażīna każżabū bi'āyātinā wastakbarū ‘anhā lā tufattaḥu lahum abwābus-samā'i wa lā yadkhulūnal-jannata ḥattā yalijal-jamalu fī sammil-khiyāṭ(i), wa każālika najzil-mujrimīn(a).
[40]
Setemené wong-wong sing nggorohna ayat-ayat-É Ingsun lan ngagulna awaké maring (ayat-ayat) kuwé, ora bakal debukakna lawang-lawang langit nggo dhéwéké kabéh, 331 lan dhéwéké ora bakal padha mlebu suwarga, seurungé onta mlebu maring bolongan dom. 332 Mengkana kuwé Ingsun paring piwales maring wong-wong sing nglakoni penggawé ala.
331) Tegesé penyuwunan lan ngamalé dhéwéké ora détampa déning Gusti Allah.
332) Tegesé dhéwéké ora gadhang mlebu suwarga kayadéné ora gadhangé onta mlebu maring bolongan dom.
لَهُمْ مِّنْ جَهَنَّمَ مِهَادٌ وَّمِنْ فَوْقِهِمْ غَوَاشٍۗ وَكَذٰلِكَ نَجْزِى الظّٰلِمِيْنَ٤١
Lahum min jahannama mihāduw wa min fauqihim gawāsy(in), wa każālika najziẓ-ẓālimīn(a).
[41]
Nggo dhéwéké kabéh klasa (samak) turuné sekang geni neraka lan neng ndhuwuré dhéwéké ana kemul (geni neraka). Mengkana kuwé Ingsun paring piwales maring wong-wong sing aniaya (dolim).
وَالَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَعَمِلُوا الصّٰلِحٰتِ لَا نُكَلِّفُ نَفْسًا اِلَّا وُسْعَهَآ اُولٰۤىِٕكَ اَصْحٰبُ الْجَنَّةِۚ هُمْ فِيْهَا خٰلِدُوْنَ٤٢
Wal-lażīna āmanū wa ‘amiluṣ-ṣāliḥāti lā nukallifu nafsan illā wus‘ahā, ulā'ika aṣḥābul-jannah(ti), hum fīhā khālidūn(a).
[42]
Lan wong-wong sing precaya lan nglakoni kebagusan, Ingsun ora bakal ngebot-boti sewijiné wong kejaba miturut kesanggupané. Dhéwéké kuwé sing padha manggon neng suwarga; dhéwéké kabéh langgeng neng njeroné,
وَنَزَعْنَا مَا فِيْ صُدُوْرِهِمْ مِّنْ غِلٍّ تَجْرِيْ مِنْ تَحْتِهِمُ الْاَنْهٰرُۚ وَقَالُوا الْحَمْدُ لِلّٰهِ الَّذِيْ هَدٰىنَا لِهٰذَاۗ وَمَا كُنَّا لِنَهْتَدِيَ لَوْلَآ اَنْ هَدٰىنَا اللّٰهُ ۚ لَقَدْ جَاۤءَتْ رُسُلُ رَبِّنَا بِالْحَقِّۗ وَنُوْدُوْٓا اَنْ تِلْكُمُ الْجَنَّةُ اُوْرِثْتُمُوْهَا بِمَا كُنْتُمْ تَعْمَلُوْنَ٤٣
Wa naza‘nā mā fī ṣudūrihim min gillin tajrī min taḥtihimul-anhār(u), wa qālul-ḥamdu lillāhil-lażī hadānā lihāżā, wa mā kunnā linahtadiya lau lā an hadānallāh(u), laqad jā'at rusulu rabbinā bil-ḥaqq(i), wa nūdū an tilkumul-jannatu ūriṡtumūhā bimā kuntum ta‘malūn(a).
[43]
lan Ingsun njabud rasa satru sekang njero dhadhané dhéwéké kabéh, neng ngisoré mili kali-kali. Dhéwéké padha ngucap, “Sekabéhé pengalem kagungané Gusti Allah sing wis nidhokna inyong kabéh maring (suwarga) kiyé. Inyong kabéh ora bakal olih pitudhuh angger Gusti Allah ora nuduhna inyong kabéh. Setemené utusan-utusané Pengéranku wis rawuh nggawa bebener.” Dédhawuhna maring dhéwéké kabéh, “Kuwé suwarga sing wis dewarisna maring ko kabéh, merga apa sing uwis ko padha pergawé.”
وَنَادٰٓى اَصْحٰبُ الْجَنَّةِ اَصْحٰبَ النَّارِ اَنْ قَدْ وَجَدْنَا مَا وَعَدَنَا رَبُّنَا حَقًّا فَهَلْ وَجَدْتُّمْ مَّا وَعَدَ رَبُّكُمْ حَقًّا ۗقَالُوْا نَعَمْۚ فَاَذَّنَ مُؤَذِّنٌۢ بَيْنَهُمْ اَنْ لَّعْنَةُ اللّٰهِ عَلَى الظّٰلِمِيْنَ٤٤
Wa nādā aṣḥābul-jannati aṣḥāban-nāri an qad wajadnā mā wa‘adanā rabbunā ḥaqqan fahal wajattum mā wa‘ada rabbukum ḥaqqā(n), qālū na‘am, fa ażżana mu'ażżinum bainahum al la‘natullāhi ‘alaẓ-ẓālimīn(a).
[44]
Lan para warga suwarga padha alok-alok (maring) para warga neraka, “Temen inyong kabéh wis olih apa sing déjanjékna Pengéran maring inyong kabéh, kuwé nyata. Apa ko wis padha olih apa sing déjanjékna Pengéranmu maring ko kabéh, kuwé nyata?” Dhéwéké padha semaur, “Nyata.” Banjur juru alok (malaékat) alok-alok neng antarané dhéwéké kabéh, “Laknaté Gusti Allah nggo wong-wong sing aniaya (dolim),
اَلَّذِيْنَ يَصُدُّوْنَ عَنْ سَبِيْلِ اللّٰهِ وَيَبْغُوْنَهَا عِوَجًاۚ وَهُمْ بِالْاٰخِرَةِ كٰفِرُوْنَۘ٤٥
Al-lażīna yaṣuddūna ‘an sabīlillāhi wa yabgūnahā ‘iwajā(n), wa hum bil-ākhirati kāfirūn(a).
[45]
(yakuwé) wong-wong sing ngalang-ngalangi (wong liya) sekang dalané Gusti Allah lan kepéngin ngénggokna. Dhéwéké kuwé sing padha ngingkari (anané) urip neng akhérat.”
وَبَيْنَهُمَا حِجَابٌۚ وَعَلَى الْاَعْرَافِ رِجَالٌ يَّعْرِفُوْنَ كُلًّا ۢ بِسِيْمٰىهُمْۚ وَنَادَوْا اَصْحٰبَ الْجَنَّةِ اَنْ سَلٰمٌ عَلَيْكُمْۗ لَمْ يَدْخُلُوْهَا وَهُمْ يَطْمَعُوْنَ٤٦
Wa bainahumā ḥijāb(un), wa ‘alal-a‘rāfi rijāluy ya‘rifūna kullam bisīmāhum, wa nādau aṣḥābal-jannati an salāmun ‘alaikum, lam yadkhulūhā wa hum yaṭma‘ūn(a).
[46]
Lan neng antarané sekloroné (warga suwarga lan warga neraka) ana aling-aling lan neng ndhuwur A’raf (panggonan sing paling dhuwur) ana wong-wong sing padhadéné wawuh, kabéh-kabéh kanthi tandha-tandhané. Dhéwéké padha ngucap maring para warga suwarga, “Salamun ‘alaikum” (Slamet ayem-tentrem ingatasé ko kabéh). Dhéwéké padha urung bisa mlebu, ning dhéwéké kepéngin gagiyan (mlebu).
۞ وَاِذَا صُرِفَتْ اَبْصَارُهُمْ تِلْقَاۤءَ اَصْحٰبِ النَّارِۙ قَالُوْا رَبَّنَا لَا تَجْعَلْنَا مَعَ الْقَوْمِ الظّٰلِمِيْنَ ࣖ٤٧
Wa iżā ṣurifat abṣāruhum tilqā'a aṣḥābin-nāri qālū rabbanā lā taj‘alnā ma‘al-qaumiẓ-ẓālimīn(a).
[47]
Lan angger penyawangé dhéwéké padha déalihna maring warga neraka, dhéwéké ngucap, “Dhuh Pengéran kula sedaya, ampun ngantos Penjenengan panggénaken kula sareng-sareng kaliyan tiyang ingkang sami aniaya (dolim) niku.”
وَنَادٰٓى اَصْحٰبُ الْاَعْرَافِ رِجَالًا يَّعْرِفُوْنَهُمْ بِسِيْمٰىهُمْ قَالُوْا مَآ اَغْنٰى عَنْكُمْ جَمْعُكُمْ وَمَا كُنْتُمْ تَسْتَكْبِرُوْنَ٤٨
Wa nādā aṣḥābul-a‘rāfi rijālay ya‘rifūnahum bisīmāhum qālū mā agnā ‘ankum jam‘ukum wa mā kuntum tastakbirūn(a).
[48]
Lan wong-wong neng ndhuwur A’raf (panggonan sing paling dhuwur) alok-alok maring wong-wong sing dhéwéké wawuh kanthi tandha-tandhané karo ngucap, “Bandha sing ko padha kumpulna lan apa sing ko padha agulna, (nyatané) ora nana pigunané tumrap ko kabéh.
اَهٰٓؤُلَاۤءِ الَّذِيْنَ اَقْسَمْتُمْ لَا يَنَالُهُمُ اللّٰهُ بِرَحْمَةٍۗ اُدْخُلُوا الْجَنَّةَ لَا خَوْفٌ عَلَيْكُمْ وَلَآ اَنْتُمْ تَحْزَنُوْنَ٤٩
Ahā'ulā'il-lażīna aqsamtum lā yanāluhumullāhu biraḥmah(tin), udkhulul-jannata lā khaufun ‘alaikum wa lā antum taḥzanūn(a).
[49]
Apa kuwé wong-wong sing ko padha wis sumpah, lamon dhéwéké ora bakal olih kewelasané Gusti Allah?” Gusti Allah dhawuh, “Mlebua ko kabéh maring njeroné suwarga! Ora nana rasa wedi ingatasé ko kabéh lan ko uga ora bakal susah neng ati.”
وَنَادٰٓى اَصْحٰبُ النَّارِ اَصْحٰبَ الْجَنَّةِ اَنْ اَفِيْضُوْا عَلَيْنَا مِنَ الْمَاۤءِ اَوْ مِمَّا رَزَقَكُمُ اللّٰهُ ۗقَالُوْٓا اِنَّ اللّٰهَ حَرَّمَهُمَا عَلَى الْكٰفِرِيْنَۙ٥٠
Wa nādā aṣḥābun-nāri aṣḥābal-jannati an afīḍū ‘alainā minal-mā'i au mimmā razaqakumullāh(u), qālū innallāha ḥarramahumā ‘alal-kāfirīn(a).
[50]
Para warga neraka alok-alok maring warga suwarga, “Ilingna (semendhing) banyu maring inyong kabéh utawa rejeki apa baé sing wis déparingna Gusti Allah maring ko kabéh.” Dhéwéké (warga suwarga) semaur, “Temen, Gusti Allah wis nglarang (ngaramna) sekloroné nggo wong-wong sing mbangkang (kapir),”
الَّذِيْنَ اتَّخَذُوْا دِيْنَهُمْ لَهْوًا وَّلَعِبًا وَّغَرَّتْهُمُ الْحَيٰوةُ الدُّنْيَاۚ فَالْيَوْمَ نَنْسٰىهُمْ كَمَا نَسُوْا لِقَاۤءَ يَوْمِهِمْ هٰذَاۙ وَمَا كَانُوْا بِاٰيٰتِنَا يَجْحَدُوْنَ٥١
Al-lażīnattakhażū dīnahum lahwaw wa la‘ibaw wa garrathumul-ḥayātud-dun-yā, fal-yauma nansāhum kamā nasū liqā'a yaumihim hāżā, wa mā kānū bi'āyātinā yajḥadūn(a).
[51]
(yakuwé) wong-wong sing wis ndadékna agamané minangka dolanan lan guyonan, lan dhéwéké wis kapusan déning penguripan dunya. Mangka neng dina kiyé (Kiyamat), Ingsun nglalékna dhéwéké kayadéné dhéwéké gemiyén nglalékna sapatemon dina kiyé, lan merga dhéwéké padha ngingkari ayat-ayat-É Ingsun.
وَلَقَدْ جِئْنٰهُمْ بِكِتٰبٍ فَصَّلْنٰهُ عَلٰى عِلْمٍ هُدًى وَّرَحْمَةً لِّقَوْمٍ يُّؤْمِنُوْنَ٥٢
Wa laqad ji'nāhum bikitābin faṣṣalnāhu ‘alā ‘ilmin hudaw wa raḥmatal liqaumiy yu'minūn(a).
[52]
Temen, Ingsun wis nekakna Kitab (Al-Qur’an) maring dhéwéké kabéh, sing Ingsun terangna kanthi dhasar ilmu, minangka pituduh lan kewelasan tumrap wong-wong sing padha precaya.
هَلْ يَنْظُرُوْنَ اِلَّا تَأْوِيْلَهٗۗ يَوْمَ يَأْتِيْ تَأْوِيْلُهٗ يَقُوْلُ الَّذِيْنَ نَسُوْهُ مِنْ قَبْلُ قَدْ جَاۤءَتْ رُسُلُ رَبِّنَا بِالْحَقِّۚ فَهَلْ لَّنَا مِنْ شُفَعَاۤءَ فَيَشْفَعُوْا لَنَآ اَوْ نُرَدُّ فَنَعْمَلَ غَيْرَ الَّذِيْ كُنَّا نَعْمَلُۗ قَدْ خَسِرُوْٓا اَنْفُسَهُمْ وَضَلَّ عَنْهُمْ مَّا كَانُوْا يَفْتَرُوْنَ ࣖ٥٣
Hal yanẓurūna illā ta'wīlah(ū), yauma ya'tī ta'wīluhū yaqūlul-lażīna nasūhu min qablu qad jā'at rusulu rabbinā bil-ḥaqq(i), fahal lanā min syufa‘ā'a fa yasyfa‘ū lanā au nuraddu fa na‘mala gairal-lażī kunnā na‘mal(u), qad khasirū anfusahum wa ḍalla ‘anhum mā kānū yaftarūn(a).
[53]
Apa dhéwéké kabéh ora mung ngenténi bukti beneré (Al-Qur’an) kuwé. Neng dina (rikala) bukti beneré kuwé teka, wong-wong sing seurungé kuwé ngapengna padha ngucap, “Temen, utusan-utusané Pengéranku wis teka nggawa bebener. Mangka apa ana penulung tumrap inyong kabéh sing bakal awéh pitulungan maring inyong utawa supayané inyong padha débalékna (maring dunya) saéngga inyong kabéh bakal temindak ora kaya tindakan sing wis inyong padha lakoni gemiyén?” Dhéwéké kabéh setemené wis gawé kapitunan (maring) awaké dhéwéké lan apa sing dhéwéké ana-anakna gemiyén wis ilang-blas sekang dhéwéké kabéh.
اِنَّ رَبَّكُمُ اللّٰهُ الَّذِيْ خَلَقَ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضَ فِيْ سِتَّةِ اَيَّامٍ ثُمَّ اسْتَوٰى عَلَى الْعَرْشِۗ يُغْشِى الَّيْلَ النَّهَارَ يَطْلُبُهٗ حَثِيْثًاۙ وَّالشَّمْسَ وَالْقَمَرَ وَالنُّجُوْمَ مُسَخَّرٰتٍۢ بِاَمْرِهٖٓ ۙاَلَا لَهُ الْخَلْقُ وَالْاَمْرُۗ تَبٰرَكَ اللّٰهُ رَبُّ الْعٰلَمِيْنَ٥٤
Inna rabbakumullāhul-lażī khalaqas-samāwāti wal-arḍa fī sittati ayyāmin ṡummastawā ‘alal-‘arsy(i), yugsyil-lailan-nahāra yaṭlubuhū ḥaṡīṡā(n), wasy-syamsa wal-qamara wan-nujūma musakhkharātim bi'amrih(ī), alā lahul-khalqu wal-amr(u), tabārakallāhu rabbul-‘ālamīn(a).
[54]
Temen, Pengéranmu (yakuwé) Gusti Allah sing nyiptakna langit lan bumi sejeroné nem mangsa, banjur Penjenengané pilenggah neng ndhuwur ‘Arsy. 333 Penjenengané nutupna wengi maring awan sing nututi kuwé (wengi) kanthi sigra. (Penjenengané nyiptakna) srengéngé, wulan, lan lintang-lintang manut maring dhawuhé Penjenengané. Élinga! Sekabéhé penyiptanan lan urusan dadi haké Penjenengané. Mahasuci Gusti Allah, Pengéran sekabéhé ngalam.
333) Pilenggah neng ndhuwur ‘Arsy yakuwé sewiji sipaté Gusti Allah sing wajib déprecayai, kayadéné ingatasé keagungané Gusti Allah lan kesuciané Penjenengané.
اُدْعُوْا رَبَّكُمْ تَضَرُّعًا وَّخُفْيَةً ۗاِنَّهٗ لَا يُحِبُّ الْمُعْتَدِيْنَۚ٥٥
Ud‘ū rabbakum taḍarru‘aw wa khufūyah(tan), innahū lā yuḥibbul-mu‘tadīn(a).
[55]
Nyenyuwuna maring Pengéranmu kanthi andhap-asor lan swara sing lirih. Temen, Penjenengané ora karenan (maring) wong-wong sing ngliwati wates.
وَلَا تُفْسِدُوْا فِى الْاَرْضِ بَعْدَ اِصْلَاحِهَا وَادْعُوْهُ خَوْفًا وَّطَمَعًاۗ اِنَّ رَحْمَتَ اللّٰهِ قَرِيْبٌ مِّنَ الْمُحْسِنِيْنَ٥٦
Wa lā tufsidū fil-arḍi ba‘da iṣlāḥihā wad‘ūhu khaufaw wa ṭama‘ā(n), inna raḥmatallāhi qarībum minal-muḥsinīn(a).
[56]
Lan aja nganti ko padha gawé kerusakan neng bumi sewisé (déciptakna) kanthi bagus. Nyenyuwuna maring Penjenengané kanthi rasa wedi lan gedhé pengarep-arep. Setemené kewelasané Gusti Allah pérek banget maring wong sing nglakoni kebagusan.
وَهُوَ الَّذِيْ يُرْسِلُ الرِّيٰحَ بُشْرًاۢ بَيْنَ يَدَيْ رَحْمَتِهٖۗ حَتّٰٓى اِذَآ اَقَلَّتْ سَحَابًا ثِقَالًا سُقْنٰهُ لِبَلَدٍ مَّيِّتٍ فَاَنْزَلْنَا بِهِ الْمَاۤءَ فَاَخْرَجْنَا بِهٖ مِنْ كُلِّ الثَّمَرٰتِۗ كَذٰلِكَ نُخْرِجُ الْمَوْتٰى لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ٥٧
Wa huwal-lażī yursilur-riyāḥa busyram baina yadai raḥmatih(ī), ḥattā iżā aqallat saḥāban ṡiqālan suqnāhu libaladim mayyitin fa anzalnā bihil-mā'a fa akhrajnā bihī min kulliṡ-ṡamarāt(i), każālika nukhrijul-mautā la‘allakum tażakkarūn(a).
[57]
Penjenengané sing nyemilirna angin minangka sing nggawa kabar becik, ndhisiti tekané kewelasané Penjenengané (udan), saéngga angger angin kuwé nggawa lamuk mendhung, Ingsun giring maring panggonan sing garing banjur Ingsun turunaken udan neng panggonan kuwé. Banjur Ingsun thukulna kanthi udan kuwé werna-werna woh-wohan. Mengkana kuwé Ingsun nangékna wong sing wis mati, moga-moga ko padha ngalap piwulangan.
وَالْبَلَدُ الطَّيِّبُ يَخْرُجُ نَبَاتُهٗ بِاِذْنِ رَبِّهٖۚ وَالَّذِيْ خَبُثَ لَا يَخْرُجُ اِلَّا نَكِدًاۗ كَذٰلِكَ نُصَرِّفُ الْاٰيٰتِ لِقَوْمٍ يَّشْكُرُوْنَ ࣖ٥٨
Wal-baladuṭ-ṭayyibu yakhruju nabātuhū bi'iżni rabbih(ī), wal-lażī khabuṡa lā yakhruju illā nakidā(n), każālika nuṣarriful-āyāti liqaumiy yasykurūn(a).
[58]
Lan lemah sing apik, tanduran-tandurané urip subur kanthi idiné Pengéran; lan lemah sing ala, tanduran-tandurané sing thukul sengsara. Mengkana kuwé Ingsun nerangna bola-bali tandha-tandha (agungé Ingsun) tumrap wong-wong sing padha kesuwun (sukur).
لَقَدْ اَرْسَلْنَا نُوْحًا اِلٰى قَوْمِهٖ فَقَالَ يٰقَوْمِ اعْبُدُوا اللّٰهَ مَا لَكُمْ مِّنْ اِلٰهٍ غَيْرُهٗۗ اِنِّيْٓ اَخَافُ عَلَيْكُمْ عَذَابَ يَوْمٍ عَظِيْمٍ٥٩
Laqad arsalnā nūḥan ilā qaumihī fa qāla yā qaumi‘budullāha mā lakum min ilāhin gairuh(ū), innī akhāfu ‘alaikum ‘ażāba yaumin ‘aẓīm(in).
[59]
Temen, Ingsun nyata-nyata wis ngutus Nuh maring kaumé, banjur dhéwéké ngucap, “Hé kaumku! Sembaha Gusti Allah! Ora nana pengéran (sembahan) tumrap ko kabéh seliyané Penjenengané. Setemené inyong wedi ko kabéh bakal détibani siksa neng dina sing nggilani (kiyamat).
قَالَ الْمَلَاُ مِنْ قَوْمِهٖٓ اِنَّا لَنَرٰىكَ فِيْ ضَلٰلٍ مُّبِيْنٍ٦٠
Qālal mala'u min qaumihī innā lanarāka fī ḍalālim mubīn(in).
[60]
Pemimpin-pemimpin kaumé ngucap, “Setemené inyong kabéh nganggep ko temen-temen ana neng sejeroné kesasar sing nyata.”
قَالَ يٰقَوْمِ لَيْسَ بِيْ ضَلٰلَةٌ وَّلٰكِنِّيْ رَسُوْلٌ مِّنْ رَّبِّ الْعٰلَمِيْنَ٦١
Qāla yā qaumi laisa bī ḍalālatuw wa lākinnī rasūlum mir rabbil-‘ālamīn(a).
[61]
Dhéwéké (Nuh) semaur, “Hé kaumku! Inyong ora kesasar; ning inyong kiyé sewijiné utusan sekang Pengéran sekabéhé ngalam.
اُبَلِّغُكُمْ رِسٰلٰتِ رَبِّيْ وَاَنْصَحُ لَكُمْ وَاَعْلَمُ مِنَ اللّٰهِ مَا لَا تَعْلَمُوْنَ٦٢
Uballigukum risālāti rabbī wa anṣaḥu lakum wa a‘lamu minallāhi mā lā ta‘lamūn(a).
[62]
Inyong mbutulna maring ko kabéh titipané (amanat) Pengéranku, awéh pitutur maring ko kabéh, lan inyong ngawéruhi sekang Gusti Allah apa sing ora ko padha kaweruhi.”
اَوَعَجِبْتُمْ اَنْ جَاۤءَكُمْ ذِكْرٌ مِّنْ رَّبِّكُمْ عَلٰى رَجُلٍ مِّنْكُمْ لِيُنْذِرَكُمْ وَلِتَتَّقُوْا وَلَعَلَّكُمْ تُرْحَمُوْنَ٦٣
Awa‘ajibtum an jā'akum żikrum mir rabbikum ‘alā rajulim minkum liyunżirakum wa litattaqū wa la‘allakum turḥamūn(a).
[63]
Lan apa ko padha gumun angger ana pengé-ling-éling sing teka sekang Pengéranmu liwat wong lanang sekang kalanganmu dhéwék, seperlu awéh pengéling-éling maring ko kabéh lan supayané ko padha semarah (takwa) saéngga ko kabéh olih kewelasan?
فَكَذَّبُوْهُ فَاَنْجَيْنٰهُ وَالَّذِيْنَ مَعَهٗ فِى الْفُلْكِ وَاَغْرَقْنَا الَّذِيْنَ كَذَّبُوْا بِاٰيٰتِنَاۗ اِنَّهُمْ كَانُوْا قَوْمًا عَمِيْنَ ࣖ٦٤
Fa każżabūhu fa anjaināhu wal-lażīna ma‘ahū fil-fulki wa agraqnal-lażīna każżabū bi'āyātinā, innahum kānū qauman ‘amīn(a).
[64]
Mangka dhéwéké padha nggorohna (Nuh). Banjur Ingsun slametna dhéwéké lan wong-wong sing bareng karo dhéwéké neng njero prahu. Ingsun lelepna wong-wong sing nggorohna ayat-ayat-É Ingsun. Setemené dhéwéké kabéh kuwé wong sing picek (atiné).
۞ وَاِلٰى عَادٍ اَخَاهُمْ هُوْدًاۗ قَالَ يٰقَوْمِ اعْبُدُوا اللّٰهَ مَا لَكُمْ مِّنْ اِلٰهٍ غَيْرُهٗۗ اَفَلَا تَتَّقُوْنَ٦٥
Wa ilā ‘ādin akhāḥum hūdā(n), qāla yā qaumi‘budullāha mā lakum min ilāhin gairuh(ū), afalā tattaqūn(a).
[65]
Lan maring kaum ‘Ad (Ingsun utus) Hud, seduluré dhéwéké kabéh. Dhéwéké ngucap, “Hé kaumku! Sembaha Gusti Allah! Ora nana pengéran (sembahan) tumrap ko kabéh seliyané Penjenengané. Mangka kenangapa ko ora padha semarah (takwa)?”
قَالَ الْمَلَاُ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا مِنْ قَوْمِهٖٓ اِنَّا لَنَرٰىكَ فِيْ سَفَاهَةٍ وَّاِنَّا لَنَظُنُّكَ مِنَ الْكٰذِبِيْنَ٦٦
Qālal-mala'ul-lażīna kafarū min qaumihī innā lanarāka fī safāhatiw wa innā lanaẓunnuka minal-kāżibīn(a).
[66]
Pemimpin-pemimpin wong-wong sing mbangkang (kapir) sekang kaumé ngucap, “Setemené inyong kabéh nganggep ko temen-temen kurang waras, lan inyong padha ngira ko klebu wong-wong sing apus-apus.”
قَالَ يٰقَوْمِ لَيْسَ بِيْ سَفَاهَةٌ وَّلٰكِنِّيْ رَسُوْلٌ مِّنْ رَّبِّ الْعٰلَمِيْنَ٦٧
Qāla yā qaumi laisa bī safāhatuw wa lākinnī rasūlum mir rabbil-‘ālamīn(a).
[67]
Dhéwéké (Hud) nyauri, “Hé kaumku! Ora-orané Inyong kurang waras, ning inyong kiyé utusan sekang Pengéran sekabéhé ngalam.
اُبَلِّغُكُمْ رِسٰلٰتِ رَبِّيْ وَاَنَا۠ لَكُمْ نَاصِحٌ اَمِيْنٌ٦٨
Uballigukum risālāti rabbī wa ana lakum nāṣiḥun amīn(un).
[68]
Inyong mbutulna maring ko kabéh titipan (amanat) Pengéranku lan awéh pitutur sing pinercaya maring ko kabéh.
اَوَعَجِبْتُمْ اَنْ جَاۤءَكُمْ ذِكْرٌ مِّنْ رَّبِّكُمْ عَلٰى رَجُلٍ مِّنْكُمْ لِيُنْذِرَكُمْۗ وَاذْكُرُوْٓا اِذْ جَعَلَكُمْ خُلَفَاۤءَ مِنْۢ بَعْدِ قَوْمِ نُوْحٍ وَّزَادَكُمْ فِى الْخَلْقِ بَصْۣطَةً ۚفَاذْكُرُوْٓا اٰلَاۤءَ اللّٰهِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ٦٩
Awa‘ajibtum an jā'akum żikrum mir rabbikum ‘alā rajulim minkum liyunżirakum, ważkurū iż ja‘alakum khulafā'a mim ba‘di qaumi nūḥiw wa zādakum fil-khalqi basṭah(tan), fażkurū ālā'allāhi la‘allakum tufliḥūn(a).
[69]
Lan apa ko padha gumun angger ana pengéling-éling sing teka sekang Pengéranmu liwat wong lanang sekang kalanganmu dhéwék seperlu awéh pengéling-éling maring ko kabéh? Élinga rikala Penjenengané ndadékna ko minangka penerus-penerus (khalifah-khalifah) sewisé kaum Nuh, lan Penjenengané nglewihna ko kabéh neng kekuwatané awak lan pawakan. Mangka élinga maring nékmat-nékmaté Gusti Allah supayané ko padha begya.”
قَالُوْٓا اَجِئْتَنَا لِنَعْبُدَ اللّٰهَ وَحْدَهٗ وَنَذَرَ مَا كَانَ يَعْبُدُ اٰبَاۤؤُنَاۚ فَأْتِنَا بِمَا تَعِدُنَآ اِنْ كُنْتَ مِنَ الصّٰدِقِيْنَ٧٠
Qālū aji'tanā lina‘budallāha waḥdahū wa nażara mā kāna ya‘budu ābā'unā, fa'tinā bimā ta‘idunā in kunta minaṣ ṣādiqīn(a).
[70]
Dhéwéké padha ngucap, “Apa tekamu maring inyong kabéh supaya inyong padha mung nyembah Gusti Allah baé lan ninggalna apa sing biasa désembah déning kaki-nininé inyong kabéh? Mangka buktékna ancamanmu maring inyong kabéh, angger ko bener!”
قَالَ قَدْ وَقَعَ عَلَيْكُمْ مِّنْ رَّبِّكُمْ رِجْسٌ وَّغَضَبٌۗ اَتُجَادِلُوْنَنِيْ فِيْٓ اَسْمَاۤءٍ سَمَّيْتُمُوْهَآ اَنْتُمْ وَاٰبَاۤؤُكُمْ مَّا نَزَّلَ اللّٰهُ بِهَا مِنْ سُلْطٰنٍۗ فَانْتَظِرُوْٓا اِنِّيْ مَعَكُمْ مِّنَ الْمُنْتَظِرِيْنَ٧١
Qāla qad waqa‘a ‘alaikum mir rabbikum rijsuw wa gaḍab(un), atujādilūnanī fī asmā'in sammaitumūhā antum wa ābā'ukum mā nazzalallāhu bihā min sulṭān(in), fantaẓirū innī ma‘akum minal-muntaẓirīn(a).
[71]
Dhéwéké (Hud) semaur, “Temen, wadhéh lan bendu sekang Pengéran bakal temiba maring ko kabéh. Apa ko kabéh arep mbantah karo inyong ngenani jeneng-jenengé (brehala) sing ko lan kaki-ninimu gawé dhéwék, mangkané Gusti Allah ora nurunaken keterangan nggo prékara kuwé. Angger kaya kuwé, enténi! Setemené inyong uga bareng karo ko kabéh, klebu sing ngenténi.”
فَاَنْجَيْنٰهُ وَالَّذِيْنَ مَعَهٗ بِرَحْمَةٍ مِّنَّا وَقَطَعْنَا دَابِرَ الَّذِيْنَ كَذَّبُوْا بِاٰيٰتِنَا وَمَا كَانُوْا مُؤْمِنِيْنَ ࣖ٧٢
Fa anjaināhu wal-lażīna ma‘ahū biraḥmatim minnā wa qaṭa‘nā dābiral-lażīna każżabū bi'āyātinā wa mā kānū mu'minīn(a).
[72]
Mangka Ingsun slametna dhéwéké (Hud) lan wong-wong sing bareng dhéwéké kanthi kewelasan Ingsun lan Ingsun sirnakna nganti seoyod-oyodé wong-wong sing nggorohna ayat-ayat-É Ingsun. Dhéwéké udu wong-wong sing padha precaya.
وَاِلٰى ثَمُوْدَ اَخَاهُمْ صٰلِحًاۘ قَالَ يٰقَوْمِ اعْبُدُوا اللّٰهَ مَا لَكُمْ مِّنْ اِلٰهٍ غَيْرُهٗۗ قَدْ جَاۤءَتْكُمْ بَيِّنَةٌ مِّنْ رَّبِّكُمْۗ هٰذِهٖ نَاقَةُ اللّٰهِ لَكُمْ اٰيَةً فَذَرُوْهَا تَأْكُلْ فِيْٓ اَرْضِ اللّٰهِ وَلَا تَمَسُّوْهَا بِسُوْۤءٍ فَيَأْخُذَكُمْ عَذَابٌ اَلِيْمٌ٧٣
Wa ilā ṡamūda akhāhum ṣāliḥā(n), qāla yā qaumi‘budullāha mā lakum min ilāhin gairuh(ū), qad jā'atkum bayyinatum mir rabbikum, hāżihī nāqatullāhi lakum āyatan fa żarūhā ta'kul fī arḍillāhi wa lā tamassūhā bisū'in fa ya'khużakum ‘ażābun alīm(un).
[73]
Lan maring kaum Samud (Ingsun utus) seduluré wong-wong mau (arané) Saléh. Dhéwéké ngucap, “Hé kaumku! Sembaha Gusti Allah! Ora nana pengéran (sembahan) tumrap ko kabéh seliyané Penjenengané. Setemené wis teka maring ko kabéh bukti sing nyata sekang Pengéranmu. Kiyé (sewijiné) onta wadon sekang Gusti Allah minangka tandha nggo ko kabéh. Jorna onta kuwé mangan neng buminé Gusti Allah, aja nganti délarani, mengko dadiné ko kabéh bakal olih penyiksan sing perih.”
وَاذْكُرُوْٓا اِذْ جَعَلَكُمْ خُلَفَاۤءَ مِنْۢ بَعْدِ عَادٍ وَّبَوَّاَكُمْ فِى الْاَرْضِ تَتَّخِذُوْنَ مِنْ سُهُوْلِهَا قُصُوْرًا وَّتَنْحِتُوْنَ الْجِبَالَ بُيُوْتًا ۚفَاذْكُرُوْٓا اٰلَاۤءَ اللّٰهِ وَلَا تَعْثَوْا فِى الْاَرْضِ مُفْسِدِيْنَ٧٤
Ważkurū iż ja‘alakum khulafā'a mim ba‘di ‘ādiw wa bawwa'akum fil-arḍi tattakhiżūna min suhūlihā quṣūraw wa tanḥitūnal-jibāla buyūtā(n), fażkurū ālā'allāhi wa lā ta‘ṡau fil-arḍi mufsidīn(a).
[74]
Lan élinga rikala Penjenengané ndadékna ko kabéh penerus-penerus (khalifah-khalifah) sewisé kaum ‘Ad lan manggona-ken ko kabéh neng bumi. Neng papan sing rata ko padha ngedegna gedhong-gedhong lan gunung-gunung padha ko tatah dadi umah. Mangka élinga maring nékmat-nékmaté Gusti Allah lan aja nganti ko padha gawé kerusakan neng bumi.
قَالَ الْمَلَاُ الَّذِيْنَ اسْتَكْبَرُوْا مِنْ قَوْمِهٖ لِلَّذِيْنَ اسْتُضْعِفُوْا لِمَنْ اٰمَنَ مِنْهُمْ اَتَعْلَمُوْنَ اَنَّ صٰلِحًا مُّرْسَلٌ مِّنْ رَّبِّهٖۗ قَالُوْٓا اِنَّا بِمَآ اُرْسِلَ بِهٖ مُؤْمِنُوْنَ٧٥
Qālal-mala'ul-lażīnastakbarū min qaumihī lil-lażīnastuḍ‘ifū liman āmana minhum ata‘lamūna anna ṣāliḥam mursalum mir rabbih(ī), qālū innā bimā ursila bihī mu'minūn(a).
[75]
Penggedhé-penggedhé sing padha ngagulna awaké dhéwék ngucap maring wong-wong sing déanggep asor, yakuwé wong-wong sing wis precaya neng antarané kaumé, “Apa ko kabéh ngerti lamon Saléh kuwé utusan sekang Pengérané?” Dhéwéké padha semaur, “Setemené inyong padha precaya maring apa sing débutulna.”
قَالَ الَّذِيْنَ اسْتَكْبَرُوْٓا اِنَّا بِالَّذِيْٓ اٰمَنْتُمْ بِهٖ كٰفِرُوْنَ٧٦
Qālal-lażīnastakbarū innā bil-lażī āmantum bihī kāfirūn(a).
[76]
Wong-wong sing padha ngagulna awaké dhéwék ngucap, “Setemené, inyong kabéh ngingkari apa sing ko padha gugoni.”
فَعَقَرُوا النَّاقَةَ وَعَتَوْا عَنْ اَمْرِ رَبِّهِمْ وَقَالُوْا يٰصٰلِحُ ائْتِنَا بِمَا تَعِدُنَآ اِنْ كُنْتَ مِنَ الْمُرْسَلِيْنَ٧٧
Fa ‘aqarun-nāqata wa ‘atau ‘an amri rabbihim wa qālū yā ṣāliḥu'tinā bimā ta‘idunā in kunta minal-mursalīn(a).
[77]
Banjur dhéwéké padha nyembeléh onta wadon kuwé, lan temindak gemedhé maring dhawuhé Pengérané. Dhéwéké padha ngucap, “Hé Saléh! Buktékna ancemané ko maring inyong kabéh, angger temen ko sewijiné utusan.”
فَاَخَذَتْهُمُ الرَّجْفَةُ فَاَصْبَحُوْا فِيْ دَارِهِمْ جٰثِمِيْنَ٧٨
Fa akhażathumur-rajfatu fa aṣbaḥū fī dārihim jāṡimīn(a).
[78]
Banjur teka lindhu temiba maring dhéwéké kabéh, lan dhéwéké padha mati pating gléthak neng remukané umahé dhéwéké.
فَتَوَلّٰى عَنْهُمْ وَقَالَ يٰقَوْمِ لَقَدْ اَبْلَغْتُكُمْ رِسَالَةَ رَبِّيْ وَنَصَحْتُ لَكُمْ وَلٰكِنْ لَّا تُحِبُّوْنَ النّٰصِحِيْنَ٧٩
Fa tawallā ‘anhum wa qāla yā qaumi laqad ablagtukum risālata rabbī wa naṣaḥtu lakum wa lākil lā tuḥibbūnan-nāṣiḥīn(a).
[79]
Banjur dhéwéké (Saléh) lunga ninggalna wong-wong mau karo ngucap, “Hé kaumku! Temen, inyong wis mbutulna wélingan (amanat) Pengéranku maring ko kabéh. Ning ko padha ora seneng maring wong sing awéh pitutur.”
وَلُوْطًا اِذْ قَالَ لِقَوْمِهٖٓ اَتَأْتُوْنَ الْفَاحِشَةَ مَا سَبَقَكُمْ بِهَا مِنْ اَحَدٍ مِّنَ الْعٰلَمِيْنَ٨٠
Wa lūṭan iż qāla liqaumihī ata'tūnal-fāḥisyata mā sabaqakum bihā min aḥadim minal-‘ālamīn(a).
[80]
Lan (Ingsun uga wis ngutus) Lut, rikala dhéwéké ngucap maring kaumé, “Kenangapa ko padha nglakoni temindak sing ngeres (keji), sing urung tau délakoni déning sewijiné kaum seurungé ko kabéh (neng dunya kiyé).
اِنَّكُمْ لَتَأْتُوْنَ الرِّجَالَ شَهْوَةً مِّنْ دُوْنِ النِّسَاۤءِۗ بَلْ اَنْتُمْ قَوْمٌ مُّسْرِفُوْنَ٨١
Innakum lata'tūnar-rijāla syahwatam min dūnin-nisā'(i), bal antum qaumum musrifūn(a).
[81]
Temen, ko wis padha nguntabna brahimu maring sepadha-padha wong lanang udu maring wong wadon. Ko kabéh nyata-nyata kaum sing ngliwati wates.”
وَمَا كَانَ جَوَابَ قَوْمِهٖٓ اِلَّآ اَنْ قَالُوْٓا اَخْرِجُوْهُمْ مِّنْ قَرْيَتِكُمْۚ اِنَّهُمْ اُنَاسٌ يَّتَطَهَّرُوْنَ٨٢
Wa mā kāna jawāba qaumihī illā an qālū akhrijūhum min qaryatikum, innahum unāsuy yataṭahharūn(a).
[82]
Lan jawaban kaumé ora liya mung ngucap, “Urak baé dhéwéké (Lut lan para pendhéré-ké) sekang negarimu kiyé, dhéwéké kabéh kuwé wong sing nganggep awaké suci.”
فَاَنْجَيْنٰهُ وَاَهْلَهٗٓ اِلَّا امْرَاَتَهٗ كَانَتْ مِنَ الْغٰبِرِيْنَ٨٣
Fa anjaināhu wa ahlahū illamra'atahū kānat minal-gābirīn(a).
[83]
Banjur Ingsun slametna dhéwéké lan para pendhéréké, kejaba bojoné. Dhéwéké (bojoné Lut) klebu wong-wong sing détinggal.
وَاَمْطَرْنَا عَلَيْهِمْ مَّطَرًاۗ فَانْظُرْ كَيْفَ كَانَ عَاقِبَةُ الْمُجْرِمِيْنَ ࣖ٨٤
Wa amṭarnā ‘alaihim maṭarā(n), fanẓur kaifa kāna ‘āqibatul-mujrimīn(a).
[84]
Lan Ingsun krutugi dhéwéké kabéh karo udan (watu). Mangka gatékna kepriwé wekasané wong sing padha nglakoni dosa kuwé.
وَاِلٰى مَدْيَنَ اَخَاهُمْ شُعَيْبًاۗ قَالَ يٰقَوْمِ اعْبُدُوا اللّٰهَ مَا لَكُمْ مِّنْ اِلٰهٍ غَيْرُهٗۗ قَدْ جَاۤءَتْكُمْ بَيِّنَةٌ مِّنْ رَّبِّكُمْ فَاَوْفُوا الْكَيْلَ وَالْمِيْزَانَ وَلَا تَبْخَسُوا النَّاسَ اَشْيَاۤءَهُمْ وَلَا تُفْسِدُوْا فِى الْاَرْضِ بَعْدَ اِصْلَاحِهَاۗ ذٰلِكُمْ خَيْرٌ لَّكُمْ اِنْ كُنْتُمْ مُّؤْمِنِيْنَۚ٨٥
Wa ilā madyana akhāhum syu‘aibā(n), qāla yā qaumi‘budullāha mā lakum min ilāhin gairuh(ū), qad jā'atkum bayyinatum mir rabbikum fa auful-kaila wal-mīzāna wa lā tabkhasun-nāsa asy-yā'ahum wa lā tufsidū fil-arḍi ba‘da iṣlāḥihā, żālikum khairul lakum in kuntum mu'minīn(a).
[85]
Lan maring warga Madyan, Ingsun (ngutus) Syuaib, seduluré wong-wong kuwé. Dhéwéké ngucap, “Hé kaumku! Sembaha Gusti Allah. Ora nana pengéran (sembahan) tumrap ko kabéh kejaba Penjenengané. Setemené wis teka maring ko kabéh bukti sing nyata sekang Pengéranmu. Sempurnakna takeran lan timbangan, lan aja nganti ko gawé tuna (maring) wong semendhing baé. Aja nganti ko gawé kerusakan neng bumi sewisé (déciptakna) kanthi apik. Kuwé sing lewih apik tumrapé ko angger ko wong sing padha precaya.”
وَلَا تَقْعُدُوْا بِكُلِّ صِرَاطٍ تُوْعِدُوْنَ وَتَصُدُّوْنَ عَنْ سَبِيْلِ اللّٰهِ مَنْ اٰمَنَ بِهٖ وَتَبْغُوْنَهَا عِوَجًاۚ وَاذْكُرُوْٓا اِذْ كُنْتُمْ قَلِيْلًا فَكَثَّرَكُمْۖ وَانْظُرُوْا كَيْفَ كَانَ عَاقِبَةُ الْمُفْسِدِيْنَ٨٦
Wa lā taq‘udū bikulli ṣirāṭin tū‘idūna wa taṣuddūna ‘an sabīlillāhi man āmana bihī wa tabgūnahā ‘iwajā(n), ważkurū iż kuntum qalīlan fa kaṡṡarakum, wanẓurū kaifa kāna ‘āqibatul-mufsidīn(a).
[86]
Lan aja nganti ko padha njagong neng saben dalan karo medén-medéni lan ngalang-ngalangi wong-wong sing precaya sekang dalané Gusti Allah lan kepéngin ngénggokna wong-wong mau. Élinga rikala ko kabéh gemiyén semendhing, banjur Gusti Allah ngakéhna cacahé ko kabéh. Lan gatékna kepriwé wekasané wong-wong sing padha gawé kerusakan.
وَاِنْ كَانَ طَاۤىِٕفَةٌ مِّنْكُمْ اٰمَنُوْا بِالَّذِيْٓ اُرْسِلْتُ بِهٖ وَطَاۤىِٕفَةٌ لَّمْ يُؤْمِنُوْا فَاصْبِرُوْا حَتّٰى يَحْكُمَ اللّٰهُ بَيْنَنَاۚ وَهُوَ خَيْرُ الْحٰكِمِيْنَ ۔٨٧
Wa in kāna ṭā'ifatum minkum āmanū bil-lażī ursiltu bihī wa ṭā'ifatul lam tu'minū faṣbirū ḥattā yaḥkumallāhu bainanā, wa huwa khairul-ḥākimīn(a).
[87]
Angger ana segolongan neng antarané ko kabéh sing precaya maring (ajaran) sing inyong déutus (supayané) mbutulna, lan ana (uga) segolongan sing ora precaya, mangka padha sing sabar nganti Gusti Allah netepna putusan maring dhéwék kabéh. Penjeneng-ané hakim sing paling apik.
۞ قَالَ الْمَلَاُ الَّذِيْنَ اسْتَكْبَرُوْا مِنْ قَوْمِهٖ لَنُخْرِجَنَّكَ يٰشُعَيْبُ وَالَّذِيْنَ اٰمَنُوْا مَعَكَ مِنْ قَرْيَتِنَآ اَوْ لَتَعُوْدُنَّ فِيْ مِلَّتِنَاۗ قَالَ اَوَلَوْ كُنَّا كٰرِهِيْنَ٨٨
Qālal-mala'ul-lażīnastakbarū min qaumihī lanukhrijannaka yā syu‘aibu wal-lażīna āmanū ma‘aka min qaryatinā au lata‘ūdunna fī millatinā, qāla awalau kunnā kārihīn(a).
[88]
Penggedhé-penggedhé sing ngagulna awaké dhéwék sekang kaumé Syuaib padha ngucap, “Hé Syuaib! Mesthi inyong kabéh ngurak ko karo wong-wong sing precaya sekang negariné inyong kabéh, kejaba ko padha bali maring agamané inyong kabéh.” Syuaib ngucap, “Apa (ko arep ngurak inyong kabéh), senajan inyong padha ora seneng?
قَدِ افْتَرَيْنَا عَلَى اللّٰهِ كَذِبًا اِنْ عُدْنَا فِيْ مِلَّتِكُمْ بَعْدَ اِذْ نَجّٰىنَا اللّٰهُ مِنْهَاۗ وَمَا يَكُوْنُ لَنَآ اَنْ نَّعُوْدَ فِيْهَآ اِلَّآ اَنْ يَّشَاۤءَ اللّٰهُ رَبُّنَاۗ وَسِعَ رَبُّنَا كُلَّ شَيْءٍ عِلْمًاۗ عَلَى اللّٰهِ تَوَكَّلْنَاۗ رَبَّنَا افْتَحْ بَيْنَنَا وَبَيْنَ قَوْمِنَا بِالْحَقِّ وَاَنْتَ خَيْرُ الْفٰتِحِيْنَ٨٩
Qadiftarainā ‘alallāhi każiban in ‘udnā fī millatikum ba‘da iż najjānallāhu minhā, wa mā yakūnu lanā an na‘ūda fīhā illā ay yasyā'allāhu rabbunā, wasi‘a rabbunā kulla syai'in ‘ilmā(n), ‘alallāhi tawakkalnā, rabbanaftaḥ bainanā wa baina qauminā bil-ḥaqqi wa anta khairul-fātiḥīn(a).
[89]
Temen, inyong kabéh wis ngréka-réka gorohan sing gedhé maring Gusti Allah, angger inyong padha bali maning maring agamamu, sewisé Gusti Allah ngetokna inyong kabéh sekang kuwé. Lan ora pantes inyong padha bali maring agama kuwé, kejaba angger Gusti Allah, Pengéranku ngersakaken. Kawruhé Pengéranku nglingkupi samubarang kabéh. Mung maring Gusti Allah inyong padha pasrah (tawakal). Dhuh Pengéran kula sedaya, paringana putusan teng antawisé kula lan kaum kula sedaya kanthi hak (adil). Penjenengan ingkang paring putusan paling saé.”
وَقَالَ الْمَلَاُ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا مِنْ قَوْمِهٖ لَىِٕنِ اتَّبَعْتُمْ شُعَيْبًا اِنَّكُمْ اِذًا لَّخٰسِرُوْنَ٩٠
Wa qālal-mala'ul-lażīna kafarū min qaumihī la'inittaba‘tum syu‘aiban innakum iżal lakhāsirūn(a).
[90]
Lan penggedhé-penggedhé sekang kaumé (Syuaib) sing kapir ngucap, (maring sepadha-padhané), “Setemené angger ko padha mélu Syuaib, mesthi ko kabéh dadi wong-wong sing kapitunan.”
فَاَخَذَتْهُمُ الرَّجْفَةُ فَاَصْبَحُوْا فِيْ دَارِهِمْ جٰثِمِيْنَۙ٩١
Fa akhażathumur-rajfatu fa aṣbaḥū fī dārihim jāṡimīn(a).
[91]
Banjur teka lindhu ngremuk dhéwéké, lan dhéwéké padha mati pating glethak neng njero remukan umahé dhéwéké kabéh.
الَّذِيْنَ كَذَّبُوْا شُعَيْبًا كَاَنْ لَّمْ يَغْنَوْا فِيْهَاۚ اَلَّذِيْنَ كَذَّبُوْا شُعَيْبًا كَانُوْا هُمُ الْخٰسِرِيْنَ٩٢
Al-lażīna każżabū syu‘aiban ka'allam yagnau fīhā, al-lażīna każżabū syu‘aiban kānū humul-khāsirīn(a).
[92]
Wong-wong sing nggorohna Syuaib kaya-kaya dhéwéké padha urung nglakon manggon neng (negari) kuwé. Dhéwéké sing nggorohna Syuaib, kuwé wong-wong sing padha kapitunan.
فَتَوَلّٰى عَنْهُمْ وَقَالَ يٰقَوْمِ لَقَدْ اَبْلَغْتُكُمْ رِسٰلٰتِ رَبِّيْ وَنَصَحْتُ لَكُمْۚ فَكَيْفَ اٰسٰى عَلٰى قَوْمٍ كٰفِرِيْنَ ࣖ٩٣
Fa tawallā ‘anhum wa qāla yā qaumi laqad ablagtukum risālāti rabbī wa naṣaḥtu lakum, fa kaifa āsā ‘alā qaumin kāfirīn(a).
[93]
Mangka Syuaib ninggalna dhéwéké kabéh karo ngucap, “Hé kaumku! Temen, inyong wis mbutulna wélingan (amanat) Pengéran-ku maring ko kabéh lan inyong wis awéh pitutur maring ko kabéh. Mangka kepriwé inyong arep susah atiné maring wong-wong sing mbangkang (kapir)?”
وَمَآ اَرْسَلْنَا فِيْ قَرْيَةٍ مِّنْ نَّبِيٍّ اِلَّآ اَخَذْنَآ اَهْلَهَا بِالْبَأْسَاۤءِ وَالضَّرَّاۤءِ لَعَلَّهُمْ يَضَّرَّعُوْنَ٩٤
Wa mā arsalnā fī qaryatim min nabiyyin illā akhażnā ahlahā bil-ba'sā'i waḍ-ḍarrā'i la‘allahum yaḍḍarra‘ūn(a).
[94]
Lan Ingsun ora ngutus sewijiné nabi maring sewijiné negari, (banjur wargané padha nggorohna nabi kuwé), kejaba Ingsun tibakna maring wargané kecupetan lan kesengsaran supayané dhéwéké padha (manut kanthi) andhap asor.
ثُمَّ بَدَّلْنَا مَكَانَ السَّيِّئَةِ الْحَسَنَةَ حَتّٰى عَفَوْا وَّقَالُوْا قَدْ مَسَّ اٰبَاۤءَنَا الضَّرَّاۤءُ وَالسَّرَّاۤءُ فَاَخَذْنٰهُمْ بَغْتَةً وَّهُمْ لَا يَشْعُرُوْنَ٩٥
Ṡumma baddalnā makānas-sayyi'atil-ḥasanata ḥattā ‘afau wa qālū qad massa ābā'anaḍ-ḍarrā'u was-sarrā'u fa akhażnāhum bagtataw wa hum lā yasy‘urūn(a).
[95]
Banjur Ingsun ganti kesengsaran kuwé karo kesenengan saéngga (keturunan lan bandhané) tambah akéh, banjur dhéwéké padha ngucap, “Temen kaki-niniku padha wis nggrasakna kesengsaran lan kesenengan,” mangka Ingsun tibakna siksa maring dhéwéké kanthi dadakan tanpa dhéwéké padha nggliga.
وَلَوْ اَنَّ اَهْلَ الْقُرٰٓى اٰمَنُوْا وَاتَّقَوْا لَفَتَحْنَا عَلَيْهِمْ بَرَكٰتٍ مِّنَ السَّمَاۤءِ وَالْاَرْضِ وَلٰكِنْ كَذَّبُوْا فَاَخَذْنٰهُمْ بِمَا كَانُوْا يَكْسِبُوْنَ٩٦
Wa lau anna ahlal-qurā āmanū wattaqau lafataḥnā ‘alaihim barakātim minas-samā'i wal ardḍi wa lākin każżabū fa akhażnāhum bimā kānū yaksibūn(a).
[96]
Lan angger warga negari padha precaya lan semarah (takwa), mesthi Ingsun bakal nglubérna maring dhéwéké kabéh berkah sekang langit lan bumi, ning nyatané dhéwéké padha nggorohna (ayat-ayat-É Ingsun), mangka Ingsun siksa dhéwéké kabéh sepadhan karo apa sing wis dhéwéké padha pergawé.
اَفَاَمِنَ اَهْلُ الْقُرٰٓى اَنْ يَّأْتِيَهُمْ بَأْسُنَا بَيَاتًا وَّهُمْ نَاۤىِٕمُوْنَۗ٩٧
Afa amina ahlul-qurā ay ya'tiyahum ba'sunā bayātaw wa hum nā'imūn(a).
[97]
Mangka apa warga negari kuwé ngrasa aman sekang pesiksané Ingsun sing teka weng-wengi rikala dhéwéké lagi padha turu?
اَوَاَمِنَ اَهْلُ الْقُرٰٓى اَنْ يَّأْتِيَهُمْ بَأْسُنَا ضُحًى وَّهُمْ يَلْعَبُوْنَ٩٨
Awa amina ahlul-qurā ay ya'tiyahum ba'sunā ḍuḥaw wa hum yal‘abūn(a).
[98]
Utawa apa warga negari kuwé padha ngrasa aman sekang pesiksané Ingsun sing teka esuk-esuk rikala dhéwéké lagi padha dolanan?
اَفَاَمِنُوْا مَكْرَ اللّٰهِۚ فَلَا يَأْمَنُ مَكْرَ اللّٰهِ اِلَّا الْقَوْمُ الْخٰسِرُوْنَ ࣖ٩٩
Afa aminū makrallāh(i), falā ya'manu makrallāhi illal-qaumul khāsirūn(a).
[99]
Utawa apa dhéwéké padha ngrasa aman sekang pesiksané Gusti Allah (sing ora denyana-nyana)? Ora nana sing ngrasa aman sekang pesiksané Gusti Allah kejaba wong-wong sing padha kapitunan.
اَوَلَمْ يَهْدِ لِلَّذِيْنَ يَرِثُوْنَ الْاَرْضَ مِنْۢ بَعْدِ اَهْلِهَآ اَنْ لَّوْ نَشَاۤءُ اَصَبْنٰهُمْ بِذُنُوْبِهِمْۚ وَنَطْبَعُ عَلٰى قُلُوْبِهِمْ فَهُمْ لَا يَسْمَعُوْنَ١٠٠
Awalam yahdi lil-lażīna yariṡūnal-arḍa mim ba‘di ahlihā allau nasyā'u aṣabnāhum biżunūbihim, wa naṭba‘u ‘alā qulūbihim fahum lā yasma‘ūn(a).
[100]
Utawa apa urung genah tumrap wong-wong sing marisi sewijiné negari sewisé (ilang) wargané? Angger Ingsun ngersakna mesthi Ingsun siksa dhéwéké kabéh merga dosa-dosané; lan Ingsun kunci atiné dhéwéké kabéh saéngga dhéwéké ora bisa krungu (piwulangan).
تِلْكَ الْقُرٰى نَقُصُّ عَلَيْكَ مِنْ اَنْۢبَاۤىِٕهَاۚ وَلَقَدْ جَاۤءَتْهُمْ رُسُلُهُمْ بِالْبَيِّنٰتِۚ فَمَا كَانُوْا لِيُؤْمِنُوْا بِمَا كَذَّبُوْا مِنْ قَبْلُۗ كَذٰلِكَ يَطْبَعُ اللّٰهُ عَلٰى قُلُوْبِ الْكٰفِرِيْنَ١٠١
Tilkal-qurā naquṣṣu ‘alaika min ambā'ihā, wa laqad jā'athum rusuluhum bil-bayyināt(i), famā kānū liyu'minū bimā każżabū min qabl(u), każālika yaṭba‘ullāhu ‘alā qulūbil-kāfirīn(a).
[101]
Kaya kuwé negari-negari (sing wis Ingsun sirnakna) kuwé, Ingsun critakna sebagéan critané maring sliramu. Utusan-utusan (nggo) dhéwéké kabéh nyata-nyata wis teka maring dhéwéké kanthi bukti-bukti sing nyata. Ning dhéwéké ora padha precaya (uga) maring apa sing wis dhéwéké gorohna seurungé. Mengkana kuwé Gusti Allah wis ngunci atiné wong-wong sing mbangkang (kapir).
وَمَا وَجَدْنَا لِاَكْثَرِهِمْ مِّنْ عَهْدٍۚ وَاِنْ وَّجَدْنَآ اَكْثَرَهُمْ لَفٰسِقِيْنَ١٠٢
Wa mā wajadnā li'akṡarihim min ‘ahd(in), wa iw wajadnā akṡarahum lafāsiqīn(a).
[102]
Lan Ingsun ora nemokna akéh sekang dhéwéké sing padha netepi janji. Kosok-baliné sing Ingsun temokna akéh sekang dhéwéké kuwé wong-wong sing nyata-nyata padha rusak (pasék).”
ثُمَّ بَعَثْنَا مِنْۢ بَعْدِهِمْ مُّوْسٰى بِاٰيٰتِنَآ اِلٰى فِرْعَوْنَ وَمَلَا۟ىِٕهٖ فَظَلَمُوْا بِهَاۚ فَانْظُرْ كَيْفَ كَانَ عَاقِبَةُ الْمُفْسِدِيْنَ١٠٣
Ṡumma ba‘aṡnā mim ba‘dihim mūsā bi'āyātinā ilā fir‘auna wa mala'ihī fa ẓalamū bihā, fanẓur kaifa kāna ‘āqibatul-mufsidīn(a).
[103]
Sewisé wong-wong mau, banjur Ingsun utus Musa kanthi nggawa bukti-buktiné Ingsun maring Fir’aun lan penggedhé-penggedhéné kaumé, banjur dhéwéké kabéh nggorohna bukti-bukti kuwé. Mangka gatékna kepriwé wekasané wong-wong sing padha gawé kerusakan.
وَقَالَ مُوْسٰى يٰفِرْعَوْنُ اِنِّيْ رَسُوْلٌ مِّنْ رَّبِّ الْعٰلَمِيْنَۙ١٠٤
Wa qāla mūsa yā fir‘aunu innī rasūlum mir rabbil-‘ālamīn(a).
[104]
Lan Musa ngucap, “Hé Fir’aun! Temen inyong kuwé sewijiné utusan sekang Pengéran sekabéhé ngalam,
حَقِيْقٌ عَلٰٓى اَنْ لَّآ اَقُوْلَ عَلَى اللّٰهِ اِلَّا الْحَقَّۗ قَدْ جِئْتُكُمْ بِبَيِّنَةٍ مِّنْ رَّبِّكُمْ فَاَرْسِلْ مَعِيَ بَنِيْٓ اِسْرَاۤءِيْلَ ۗ١٠٥
Ḥaqīqun ‘alā allā aqūla ‘alallāhi illal-ḥaqq(a), qad ji'tukum bibayyinatim mir rabbikum fa arsil ma‘iya banī isrā'īl(a).
[105]
inyong kudu ngomongna sing senyatané ngenani Gusti Allah. Temen inyong teka maring ko kanthi nggawa bukti sing nyata sekang Pengéranmu, mangka culna Bani Israil (lunga) karo inyong.”
قَالَ اِنْ كُنْتَ جِئْتَ بِاٰيَةٍ فَأْتِ بِهَآ اِنْ كُنْتَ مِنَ الصّٰدِقِيْنَ١٠٦
Qāla in kunta ji'ta bi'āyatin fa'ti bihā in kunta minaṣ ṣādiqīn(a).
[106]
Dhéwéké (Fir’aun) semaur, “Angger bener ko nggawa sewijiné bukti, mangka edhéngna, angger ko klebu wong-wong sing bener.”
فَاَلْقٰى عَصَاهُ فَاِذَا هِيَ ثُعْبَانٌ مُّبِيْنٌ ۖ١٠٧
Fa alqā ‘aṣāhu fa iżā hiya ṡu‘bānum mubīn(un).
[107]
Banjur (Musa) mbalangna tekené, dadakan teken kuwé dadi ula gedhé sing sebeneré.
وَّنَزَعَ يَدَهٗ فَاِذَا هِيَ بَيْضَاۤءُ لِلنّٰظِرِيْنَ ࣖ١٠٨
Wa naza‘a yadahū fa iżā hiya baiḍā'u lin-nāẓirīn(a).
[108]
Lan dhéwéké ngetokna tangané, dadakan tangan kuwé dadi putih (semunar) tumrap wong-wong sing padha weruh.
قَالَ الْمَلَاُ مِنْ قَوْمِ فِرْعَوْنَ اِنَّ هٰذَا لَسٰحِرٌ عَلِيْمٌۙ١٠٩
Qālal-mala'u min qaumi fir‘auna inna hāżā lasāḥirum ‘alīm(un).
[109]
Penggedhé-penggedhéné Fir’aun ngucap, “Wong kiyé nyata-nyata tukang sihir sing pinter,
يُّرِيْدُ اَنْ يُّخْرِجَكُمْ مِّنْ اَرْضِكُمْ ۚ فَمَاذَا تَأْمُرُوْنَ١١٠
Yurīdu ay yukhrijakum min arḍikum, fa māżā ta'murūn(a).
[110]
sing bakal ngurak ko sekang negarimu.” (Fir’aun ngucap), “Mangka apa usulmu?”
قَالُوْآ اَرْجِهْ وَاَخَاهُ وَاَرْسِلْ فِى الْمَدَاۤىِٕنِ حٰشِرِيْنَۙ١١١
Qālū arjih wa akhāhu wa arsil fil-madā'ini ḥāsyirīn(a).
[111]
(Penggedhé-pengedhé) kuwé semaur, “Tahan (nggo sewetara) dhéwéké lan seduluré lan utusen maring kota-kota sewetara wong nggo ngumpulna (tukang-tukang sihir),
يَأْتُوْكَ بِكُلِّ سٰحِرٍ عَلِيْمٍ١١٢
Ya'tūka bikulli sāḥirin ‘alīm(in).
[112]
supayané dhéwéké padha nggawa kabéh tukang sihir sing pinter maring ko.”
وَجَاۤءَ السَّحَرَةُ فِرْعَوْنَ قَالُوْٓا اِنَّ لَنَا لَاَجْرًا اِنْ كُنَّا نَحْنُ الْغٰلِبِيْنَ١١٣
Wa jā'as-saḥaratu fir‘auna qālū inna lanā la'ajran in kunnā naḥnul-gālibīn(a).
[113]
Lan tukang-tukang sihir kuwé teka maring Fir’aun. Dhéwéké padha ngucap, “(Apa) inyong kabéh bakal olih bayaran angger inyong padha menang?”
قَالَ نَعَمْ وَاِنَّكُمْ لَمِنَ الْمُقَرَّبِيْنَ١١٤
Qāla na‘am wa innakum laminal-muqarrabīn(a).
[114]
Dhéwéké (Fir’aun) semaur, “Ya, malah ko kabéh mesthi klebu wong-wong sing pérek (karo inyong).”
قَالُوْا يٰمُوْسٰٓى اِمَّآ اَنْ تُلْقِيَ وَاِمَّآ اَنْ نَّكُوْنَ نَحْنُ الْمُلْقِيْنَ١١٥
Qālū yā mūsā immā an tulqiya wa immā an nakūna naḥnul-mulqīn(a).
[115]
Dhéwéké (tukang-tukang sihir) ngucap, “Hé Musa! Apa ko sing arep mbalang lewih dhisit, utawa inyong sing mbalang?”
قَالَ اَلْقُوْاۚ فَلَمَّآ اَلْقَوْا سَحَرُوْٓا اَعْيُنَ النَّاسِ وَاسْتَرْهَبُوْهُمْ وَجَاۤءُوْ بِسِحْرٍ عَظِيْمٍ١١٦
Qāla alqū, falammā alqau saḥarū a‘yunan-nāsi wastarhabūhum wa jā'ū bisiḥrin ‘aẓīm(in).
[116]
Dhéwéké (Musa) semaur, “Mbalanga (lewih dhisit)!” Mangka sewisé dhéwéké padha mbalangna, dhéwéké nyihir matané wong akéh lan ndadékna wong akéh kuwé wedi, merga dhéwéké ngedhéngna sihir sing ngedab-edabi (gawé gumun).
۞ وَاَوْحَيْنَآ اِلٰى مُوْسٰٓى اَنْ اَلْقِ عَصَاكَۚ فَاِذَا هِيَ تَلْقَفُ مَا يَأْفِكُوْنَۚ١١٧
Wa auḥainā ilā mūsā an alqi ‘aṣāk(a), fa iżā hiya talqafu mā ya'fikūn(a).
[117]
Lan Ingsun wahyokna maring Musa, “Balangna tekenmu!” mangka dadakan dhéwéké (teken kuwé) nguntal sekabéhé sing palsu sekang tukang-tukang sihir kuwé.
فَوَقَعَ الْحَقُّ وَبَطَلَ مَا كَانُوْا يَعْمَلُوْنَۚ١١٨
Fa waqa‘al-ḥaqqu wa baṭala mā kānū ya‘malūn(a).
[118]
Mangka kebukti sing bener, lan sekabéhé sing dhéwéké padha pergawé dadi muspra.
فَغُلِبُوْا هُنَالِكَ وَانْقَلَبُوْا صٰغِرِيْنَۚ١١٩
Fa gulibū hunālika wanqalabū ṣāgirīn(a).
[119]
Mangka dhéwéké padha dékalahna neng panggonan kuwé lan dhéwéké padha dadi wong-wong sing ina.
وَاُلْقِيَ السَّحَرَةُ سٰجِدِيْنَۙ١٢٠
Wa ulqiyas-saḥaratu sājidīn(a).
[120]
Lan tukang-tukang sihir kuwé dadakan padha nibakna awaké dhéwéké lan sujud. 334
334) Dhéwéké padha gagiyan sujud maring Gusti Allah merga precaya sing bener pengajéké Nabi Musa a.s. Lan udu sihir kaya sing dhéwéké padha nyana seurungé.
قَالُوْٓا اٰمَنَّا بِرَبِّ الْعٰلَمِيْنَۙ١٢١
Qālū āmannā birabbil-‘ālamīn(a).
[121]
Dhéwéké padha ngucap, “Inyong kabéh precaya maring Pengérané sekabéhé ngalam,
رَبِّ مُوْسٰى وَهٰرُوْنَ١٢٢
Rabbi mūsā wa hārūn(a).
[122]
(yakuwé) Pengérané Musa lan Harun.”
قَالَ فِرْعَوْنُ اٰمَنْتُمْ بِهٖ قَبْلَ اَنْ اٰذَنَ لَكُمْۚ اِنَّ هٰذَا لَمَكْرٌ مَّكَرْتُمُوْهُ فِى الْمَدِيْنَةِ لِتُخْرِجُوْا مِنْهَآ اَهْلَهَاۚ فَسَوْفَ تَعْلَمُوْنَ١٢٣
Qāla fir‘aunu āmantum bihī qabla an āżana lakum, inna hāżā lamakrum makartumūhu fil-madīnati litukhrijū minhā ahlahā, fa saufa ta‘lamūn(a).
[123]
Fir’aun ngucap, “Kenangapa ko padha precaya maring dhéwéké seurungé inyong awéh sekolih (idin) maring ko kabéh? Setemené kiyé nyata-nyata pengapus-apus sing wis ko padha rancang neng kota kiyé nggo ngurak para wargané. Mbésuk ko kabéh bakal ngerti (akibat penggawéanmu kiyé).
لَاُقَطِّعَنَّ اَيْدِيَكُمْ وَاَرْجُلَكُمْ مِّنْ خِلَافٍ ثُمَّ لَاُصَلِّبَنَّكُمْ اَجْمَعِيْنَ١٢٤
La'uqaṭṭi‘anna aidiyakum wa arjulakum min khilāfin ṡumma la'uṣallibannakum ajma‘īn(a).
[124]
Mesthi bakal inyong potong tangan karo sikilmu kanthi silang (tangan tengen karo sikil kiwé utawa sewaliké), banjur inyong bakal menthang (nyalib) ko kabéhan.”
قَالُوْٓا اِنَّآ اِلٰى رَبِّنَا مُنْقَلِبُوْنَۙ١٢٥
Qālū innā ilā rabbinā munqalibūn(a).
[125]
Dhéwéké (tukang-tukang sihir) semaur, “Setemené inyong padha bakal bali maring Pengérané inyong kabéh,
وَمَا تَنْقِمُ مِنَّآ اِلَّآ اَنْ اٰمَنَّا بِاٰيٰتِ رَبِّنَا لَمَّا جَاۤءَتْنَا ۗرَبَّنَآ اَفْرِغْ عَلَيْنَا صَبْرًا وَّتَوَفَّنَا مُسْلِمِيْنَ ࣖ١٢٦
Wa mā tanqimu minnā illā an āmannā bi'āyāti rabbinā lammā jā'atnā, rabanā afrig ‘alainā ṣabraw wa tawaffanā muslimīn(a).
[126]
lan ko ora temindak nguntabna kesuh maring inyong kabéh, anging merga inyong padha precaya maring ayat-ayat-É Pengérané inyong kabéh rikala ayat-ayat kuwé teka maring inyong kabéh.” (Dhéwéké padha nyenyuwun),”Dhuh Pengéran kula, mugi nglubéraken kesabaran dhateng kula sami lan pejahana kula sedaya wonten selebeté muslim (pasrah dhateng Penjenengan).”
وَقَالَ الْمَلَاُ مِنْ قَوْمِ فِرْعَوْنَ اَتَذَرُ مُوْسٰى وَقَوْمَهٗ لِيُفْسِدُوْا فِى الْاَرْضِ وَيَذَرَكَ وَاٰلِهَتَكَۗ قَالَ سَنُقَتِّلُ اَبْنَاۤءَهُمْ وَنَسْتَحْيٖ نِسَاۤءَهُمْۚ وَاِنَّا فَوْقَهُمْ قٰهِرُوْنَ١٢٧
Wa qālal-mala'u min qaumi fir‘auna atażaru mūsā wa qaumahū liyufsidū fil-arḍi wa yażaraka wa ālihatak(a), qāla sanuqattilu abnā'ahum wa nastaḥyī nisā'ahum, wa innā fauqahum qāhirūn(a).
[127]
Lan para penggedhé sekang kaum Fir’aun ngucap, “Apa ko bakal ngejorna Musa lan kaumé gawé kerusakan neng negari kiyé (Mesir) lan ninggalna ko lan sembahan-sembahanmu?” (Fir’aun) semaur, “Bakal dhéwék kabéh paténi anak-anaké lanang, lan dhéwék jorna urip anak-anak wadoné lan setemené dhéwék kabéh kewasa penuh ingatasé wong-wong kuwé.”
قَالَ مُوْسٰى لِقَوْمِهِ اسْتَعِيْنُوْا بِاللّٰهِ وَاصْبِرُوْاۚ اِنَّ الْاَرْضَ لِلّٰهِ ۗيُوْرِثُهَا مَنْ يَّشَاۤءُ مِنْ عِبَادِهٖۗ وَالْعَاقِبَةُ لِلْمُتَّقِيْنَ١٢٨
Qāla mūsā liqaumihista‘īnū billāhi waṣbirū, innal-arḍa lillāh(i), yūriṡuhā may yasyā'u min ‘ibādih(ī), wal-‘āqibatu lil-muttaqīn(a).
[128]
Musa ngucap maring kaumé, “Nyuwuna pitulungan maring Gusti Allah lan padha sing sabar. Setemené bumi (kiyé) kagungané Gusti Allah; déwarisna déning Penjenengané maring sapa baé sing Penjenengané kersakna neng antarané kewula-kewula-Né. Lan pungkasan (sing apik) kuwé kanggo wong-wong sing padha semarah (takwa).”
قَالُوْٓا اُوْذِيْنَا مِنْ قَبْلِ اَنْ تَأْتِيَنَا وَمِنْۢ بَعْدِ مَا جِئْتَنَا ۗقَالَ عَسٰى رَبُّكُمْ اَنْ يُّهْلِكَ عَدُوَّكُمْ وَيَسْتَخْلِفَكُمْ فِى الْاَرْضِ فَيَنْظُرَ كَيْفَ تَعْمَلُوْنَ ࣖ١٢٩
Qālū ūżīnā min qabli an ta'tiyanā wa mim ba‘di mā ji'tanā, qāla ‘asā rabbukum ay yuhlika ‘aduwwakum wa yastakhlifakum fil-arḍi fa yanẓura kaifa ta‘malūn(a).
[129]
Dhéwéké (kaumé Musa) ngucap, “Inyong wis padha dékaniaya (neng Fir’aun) seurungé sliramu teka maring inyong kabéh lan sewisé sliramu teka.” (Musa) semaur, “Moga-moga Pengéranmu nyirnakna mungsuhmu lan ndadékna ko kabéh penerus (khalifah) neng bumi; mangka Penjenengané bakal mriksani kepriwé penggawéanmu.
وَلَقَدْ اَخَذْنَآ اٰلَ فِرْعَوْنَ بِالسِّنِيْنَ وَنَقْصٍ مِّنَ الثَّمَرٰتِ لَعَلَّهُمْ يَذَّكَّرُوْنَ١٣٠
Wa laqad akhażnā āla fir‘auna bis-sinīna wa naqṣim minaṡ-ṡamarāti la‘allahum yażżakkarūn(a).
[130]
Lan temen, Ingsun wis ngukum Fir’aun lan kaumé kanthi (nekakna mangsa terang) naun-naun lan kurang woh-wohan, supayané dhéwéké padha ngalap pengajaran.
فَاِذَا جَاۤءَتْهُمُ الْحَسَنَةُ قَالُوْا لَنَا هٰذِهٖ ۚوَاِنْ تُصِبْهُمْ سَيِّئَةٌ يَّطَّيَّرُوْا بِمُوْسٰى وَمَنْ مَّعَهٗۗ اَلَآ اِنَّمَا طٰۤىِٕرُهُمْ عِنْدَ اللّٰهِ وَلٰكِنَّ اَكْثَرَهُمْ لَا يَعْلَمُوْنَ١٣١
Fa iżā jā'athumul-ḥasanatu qālū lanā hāżihī, wa in tuṣibhum sayyi'atuy yaṭṭayyarū bimūsā wa mam ma‘ah(ū), alā innamā ṭā'iruhum ‘indallāhi wa lākinna aksṡarahum lā ya‘lamūn(a).
[131]
Banjur angger kebagusan (kemakmuran) teka maring dhéwéké kabéh, dhéwéké padha ngucap, “Kiyé kuwé merga (usahané) inyong kabéh.” Lan angger dhéwéké kabéh détibani kesusahan, dhéwéké padha ngipatna jalaran apesé kuwé mergané Musa lan pendhéréké. Kawruhana, setemené nasibé dhéwéké kabéh neng astané Gusti Allah, ning akéh sekang dhéwéké padha ora ngerténi.
وَقَالُوْا مَهْمَا تَأْتِنَا بِهٖ مِنْ اٰيَةٍ لِّتَسْحَرَنَا بِهَاۙ فَمَا نَحْنُ لَكَ بِمُؤْمِنِيْنَ١٣٢
Wa qālū mahmā ta'tinā bihī min āyatil litasḥaranā bihā, famā naḥnu laka bimu'minīn(a).
[132]
Lan dhéwéké padha ngucap (maring Musa), “Bukti apa baé sing ko gawa maring inyong nggo nyihir inyong kabéh, inyong ora bakal padha precaya maring ko.”
فَاَرْسَلْنَا عَلَيْهِمُ الطُّوْفَانَ وَالْجَرَادَ وَالْقُمَّلَ وَالضَّفَادِعَ وَالدَّمَ اٰيٰتٍ مُّفَصَّلٰتٍۗ فَاسْتَكْبَرُوْا وَكَانُوْا قَوْمًا مُّجْرِمِيْنَ١٣٣
Fa arsalnā ‘alaihimuṭ-ṭūfāna wal-jarāda wal-qummala waḍ-ḍafādi‘a wad-dama āyātim mufaṣṣalāt(in), fastakbarū wa kānū qaumam mujrimīn(a).
[133]
Mangka Ingsun kirim maring dhéwéké kabéh angin gedhé, walang, tuma, kodhok, getih (banyu nginum malik dadi getih) nggo bukti-bukti sing nyata, ning dhéwéké tetep padha ngagulna awaké lan wong-wong kuwé kaum sing gawé dosa.
وَلَمَّا وَقَعَ عَلَيْهِمُ الرِّجْزُ قَالُوْا يٰمُوْسَى ادْعُ لَنَا رَبَّكَ بِمَا عَهِدَ عِنْدَكَۚ لَىِٕنْ كَشَفْتَ عَنَّا الرِّجْزَ لَنُؤْمِنَنَّ لَكَ وَلَنُرْسِلَنَّ مَعَكَ بَنِيْٓ اِسْرَاۤءِيْلَ ۚ١٣٤
Wa lammā waqa‘a ‘alihimur-rijzu qālū yā mūsad‘u lanā rabbaka bimā ‘ahida ‘indak(a), la'in kasyafta ‘annar-rijza lanu'minanna laka wa lanursilanna ma‘aka banī isrā'īl(a).
[134]
Lan wektu dhéwéké kabéh détibani siksa (sing wis déterangna kuwé) dhéwéké padha ngucap, “Hé Musa! Jalukna nggo inyong kabéh maring Pengéranmu sepadhan karo janjiné Pengéran maring ko. Angger ko bisa ngilangna siksa kuwé sekang inyong kabéh, mesthi inyong padha bakal precaya maring ko lan mesthi bakal inyong jorna Bani Israil lunga karo ko.”
فَلَمَّا كَشَفْنَا عَنْهُمُ الرِّجْزَ اِلٰٓى اَجَلٍ هُمْ بَالِغُوْهُ اِذَا هُمْ يَنْكُثُوْنَ١٣٥
Falammā kasyafnā ‘anhumur-rijza ilā ajalin hum bāligūhu iżā hum yankuṡūn(a).
[135]
Ning sewisé Ingsun ilangna siksa kuwé sekang dhéwéké kabéh nganti wates wektu sing kudu dhéwéké leksanakna nyatané dhéwéké padha mlenjani janji.
فَانْتَقَمْنَا مِنْهُمْ فَاَغْرَقْنٰهُمْ فِى الْيَمِّ بِاَنَّهُمْ كَذَّبُوْا بِاٰيٰتِنَا وَكَانُوْا عَنْهَا غٰفِلِيْنَ١٣٦
Fantaqamnā minhum fa agraqnāhum fil-yammi bi'annahum każżabū bi'āyātinā wa kānū ‘anhā gāfilīn(a).
[136]
Mangka Ingsun ukum sebagéan neng antarané dhéwéké, banjur Ingsun lelepna dhéwéké neng segara merga dhéwéké wis padha nggorohi ayat-ayat Ingsun lan ngapengna ayat-ayat Ingsun.
وَاَوْرَثْنَا الْقَوْمَ الَّذِيْنَ كَانُوْا يُسْتَضْعَفُوْنَ مَشَارِقَ الْاَرْضِ وَمَغَارِبَهَا الَّتِيْ بٰرَكْنَا فِيْهَاۗ وَتَمَّتْ كَلِمَتُ رَبِّكَ الْحُسْنٰى عَلٰى بَنِيْٓ اِسْرَاۤءِيْلَۙ بِمَا صَبَرُوْاۗ وَدَمَّرْنَا مَا كَانَ يَصْنَعُ فِرْعَوْنُ وَقَوْمُهٗ وَمَا كَانُوْا يَعْرِشُوْنَ١٣٧
Wa auraṡnal-qaumal-lażīna kānū yustaḍ‘afūna masyāriqal-arḍi wa magāribahal-latī bāraknā fīhā, wa tammat kalimatu rabbikal-ḥusnā ‘alā banī isrā'īl(a), bimā ṣabarū, wa dammarnā mā kāna yaṣna‘u fir‘aunu wa qaumuhū wa mā kānū ya‘risyūn(a).
[137]
Lan Ingsun warisna maring kaum sing kaniaya kuwé bumi sisih wétan lan bagéan kuloné 335 sing wis Ingsun berkahi. Lan wis sempurna sabdané Pengéranmu sing bagus kuwé (minangka janji) nggo Bani Israil merga kesabarané dhéwéké kabéh. Lan Ingsun sirnakna apa sing wis dégawe déning Fir’aun lan kaumé lan apa sing wis dhéwéké padha bangun. 336
335) Negari Syam lan Mesir lan negari-negari sekubengé sing nglakon dékuwasani déning Fir’aun gemiyén, sewisé kerajan Fir’aun rubuh negari-negari kuwé déwarisi neng Bani Israil.
336) Sing démaksud bangunan-bangunané Fir’aun sing déancurna déning Gusti Allah yakuwé bangunan-bangunan sing dédegna neng dhéwéké kanthi nganiaya Bani Israil, kayadéné kota Ramses, menara sing débangun Haman sekang préntahé Fir’aun.
وَجَاوَزْنَا بِبَنِيْٓ اِسْرَاۤءِيْلَ الْبَحْرَ فَاَتَوْا عَلٰى قَوْمٍ يَّعْكُفُوْنَ عَلٰٓى اَصْنَامٍ لَّهُمْ ۚقَالُوْا يٰمُوْسَى اجْعَلْ لَّنَآ اِلٰهًا كَمَا لَهُمْ اٰلِهَةٌ ۗقَالَ اِنَّكُمْ قَوْمٌ تَجْهَلُوْنَ١٣٨
Wa jāwaznā bibanī isrā'īlal-baḥra fa atau ‘alā qaumiy ya‘kufūna ‘alā aṣnāmil lahum, qālū yā mūsaj‘al lanā ilāhan kamā lahum ālihah(tun), qāla innakum qaumun tajhalūn(a).
[138]
Lan Ingsun slametna Bani Israil nyabrang segara kuwé (bagéan lor Laut Merah). Rikala dhéwéké kabéh butul maring sewijiné kaum sing tetep nyembah brehala, dhéwéké (Bani Israil) ngucap, “Hé Musa! Gawéa nggo inyong kabéh sewiji sembahan (brehala) kayadéné dhéwéké padha duwé pirang-pirang sembahan (brehala).” (Musa) semaur, “Temen, ko kabéh wong-wong sing bodho.”
اِنَّ هٰٓؤُلَاۤءِ مُتَبَّرٌ مَّا هُمْ فِيْهِ وَبٰطِلٌ مَّا كَانُوْا يَعْمَلُوْنَ١٣٩
Inna hā'ulā'i mutabbarum mā hum fīhi wa bāṭilum mā kānū ya‘malūn(a).
[139]
Setemené wong-wong mau bakal désirnakna (déning peprecaya) sing déanut lan bakal muspra apa sing wis dhéwéké padha pergawé.
قَالَ اَغَيْرَ اللّٰهِ اَبْغِيْكُمْ اِلٰهًا وَّهُوَ فَضَّلَكُمْ عَلَى الْعٰلَمِيْنَ١٤٠
Qāla agairallāhi abgīkum ilāhaw wa huwa faḍḍalakum ‘alal-‘ālamīn(a).
[140]
Dhéwéké (Musa) ngucap, “Apa pantes inyong nggolétna sembahan nggo ko kabéh seliyané Gusti Allah, mangkané Penjeneng-ané sing wis munjulna ko kabéh ingatasé sekabéhé umat (neng jaman kuwé).”
وَاِذْ اَنْجَيْنٰكُمْ مِّنْ اٰلِ فِرْعَوْنَ يَسُوْمُوْنَكُمْ سُوْۤءَ الْعَذَابِۚ يُقَتِّلُوْنَ اَبْنَاۤءَكُمْ وَيَسْتَحْيُوْنَ نِسَاۤءَكُمْۗ وَفِيْ ذٰلِكُمْ بَلَاۤءٌ مِّنْ رَّبِّكُمْ عَظِيْمٌ ࣖ١٤١
Wa iż anjainākum min āli fir‘auna yasūmūnakum sū'al-‘ażāb(i), yuqattilūna abnā'akum wa yastaḥyūna nisā'akum wa fī żālikum balā'um mir rabbikum ‘aẓīm(un).
[141]
Lan (élinga hé, Bani Israil) rikala Ingsun nylametna ko kabéh sekang Fir’aun lan kaumé, sing nyiksa ko kabéh kanthi siksa sing banget aboté, dhéwéké maténi anak-anak lanangmu lan ngejorna urip anak-anak wadonmu. Lan neng sing mengkana kuwé mau minangka coban sing gedhé sekang Pengéranmu.
۞ وَوٰعَدْنَا مُوْسٰى ثَلٰثِيْنَ لَيْلَةً وَّاَتْمَمْنٰهَا بِعَشْرٍ فَتَمَّ مِيْقَاتُ رَبِّهٖٓ اَرْبَعِيْنَ لَيْلَةً ۚوَقَالَ مُوْسٰى لِاَخِيْهِ هٰرُوْنَ اخْلُفْنِيْ فِيْ قَوْمِيْ وَاَصْلِحْ وَلَا تَتَّبِعْ سَبِيْلَ الْمُفْسِدِيْنَ١٤٢
Wa wā‘adnā mūsā ṡalāṡīna lailataw wa atmamnāhā bi‘asyrin fa tamma mīqātu rabbihī arba‘īna lailah(tan), wa qāla mūsā li'akhīhi hārūnakhlufnī fī qaumī wa aṣliḥ wa lā tattabi‘ sabīlal-mufsidīn(a).
[142]
Lan Ingsun wis njanjékna maring Musa (paring Taurat) telung puluh wengi, lan Ingsun sempurnakna jumlah wengi kuwé kanthi sepuluh (wengi maning), mangka dadi sempurna wektu sing wis détetepna déning Pengérané patang puluh wengi. Lan Musa ngucap maring seduluré (yakuwé) Harun, “Genténi inyong goli (mimpin) kaumku, lan dandani (awakmu lan kaumu), lan aja nganti ko mélu dalané wong-wong sing gawé kerusakan.”
وَلَمَّا جَاۤءَ مُوْسٰى لِمِيْقَاتِنَا وَكَلَّمَهٗ رَبُّهٗۙ قَالَ رَبِّ اَرِنِيْٓ اَنْظُرْ اِلَيْكَۗ قَالَ لَنْ تَرٰىنِيْ وَلٰكِنِ انْظُرْ اِلَى الْجَبَلِ فَاِنِ اسْتَقَرَّ مَكَانَهٗ فَسَوْفَ تَرٰىنِيْۚ فَلَمَّا تَجَلّٰى رَبُّهٗ لِلْجَبَلِ جَعَلَهٗ دَكًّا وَّخَرَّ مُوْسٰى صَعِقًاۚ فَلَمَّآ اَفَاقَ قَالَ سُبْحٰنَكَ تُبْتُ اِلَيْكَ وَاَنَا۠ اَوَّلُ الْمُؤْمِنِيْنَ١٤٣
Wa lammā jā'a mūsā limīqātinā wa kallamahū rabbuh(ū), qāla rabbi arinī anẓur ilaik(a), qāla lan tarānī wa lākininẓur ilal-jabali fa inistaqarra makānahū fa saufa tarānī, falammā tajallā rabbuhū lil-jabali ja‘alahū dakkaw wa kharra mūsā ṣa‘iqā(n), falammā afāqa qāla subḥānaka tubtu ilaika wa ana awwalul-mu'minīn(a).
[143]
Lan rikala Musa teka seperlu (munajat) neng wektu sing wis Ingsun tetepna lan Pengéran wis dhawuh (langsung) maring dhéwéké, (Musa) matur, “Dhuh Pengéran kula, ketingalaken (pribadi Penjenengané) dhateng kula supados kula saged semerep Penjenengan.” (Gusti Allah) dhawuh, “Sliramu ora bakal (sanggup) nyawang Ingsun, ning delengen maring gunung kaé, angger gunung kaé tetep neng panggonané (kaya mauné) mesthi sliramu bisa nyawang Ingsun.” Mangka rikala Pengérané ngetonaken (keagungan-É) maring gunung kuwé, 337 gunung kuwé lebur lan Musa semaput. Sewisé Musa emut, dhéwéké matur, “Mahasuci Penjenengan, kula tobat dhateng Penjenengan lan kula niku tiyang ingkang paling krihin pitados (precaya).”
337) Para juru tapsir ana sing duwé penemu, tegesé yakuwé agunge lan kuwasané Gusti Allah, lan ana uga sing nepsirna lamon sing keton kuwé sunaré Gusti Allah. Kaya apa baé ketoné Gusti Allah kuwé ora kaya ketoné makhluk, mung keton sing sepadhan karo sipat-sipaté Gusti Allah sing ora bisa déukur karo ukuran menungsa.
قَالَ يٰمُوْسٰٓى اِنِّى اصْطَفَيْتُكَ عَلَى النَّاسِ بِرِسٰلٰتِيْ وَبِكَلَامِيْ ۖفَخُذْ مَآ اٰتَيْتُكَ وَكُنْ مِّنَ الشّٰكِرِيْنَ١٤٤
Qāla yā mūsā inniṣṭafaituka ‘alan-nāsi birisālātī wa bikalāmī, fa khuż mā ātaituka wa kum minasy-syākirīn(a).
[144]
(Gusti Allah) dhawuh, “Hé Musa! Setemené Ingsun milih (munjulna) sliramu sekang menungsa liyané (neng jamanmu) nggo nggawa risalah-Ku lan sabda-Ku, merga kuwé, cekelana sing kenceng maring apa sing wis Ingsun paringna maring sliramu lan dadia sliramu klebu wong-wong sing kesuwun (sukur).”
وَكَتَبْنَا لَهٗ فِى الْاَلْوَاحِ مِنْ كُلِّ شَيْءٍ مَّوْعِظَةً وَّتَفْصِيْلًا لِّكُلِّ شَيْءٍۚ فَخُذْهَا بِقُوَّةٍ وَّأْمُرْ قَوْمَكَ يَأْخُذُوْا بِاَحْسَنِهَا ۗسَاُورِيْكُمْ دَارَ الْفٰسِقِيْنَ١٤٥
Wa katabnā lahū fil-alwāḥi min kulli syai'im mau‘iẓataw wa tafṣīlal likulli syai'(in), fa khużhā biquwwatiw wa'mur qaumaka ya'khużū bi'aḥsanihā, sa'urīkum dāral-fāsiqīn(a).
[145]
Lan wis Ingsun tulisna nggo Musa lauh-lauh (Taurat) 338 sekabéhané minangka pengajaran lan keterangan nggo sekabéhané prékara; mangka (Ingsun dhawuh), “Cekelana sing kenceng maring kuwé, lan préntahen kaumu cekelan maring kuwé kanthi seapik-apiké, 339 Ingsun bakal ngawéruhna maring ko kabéh negariné wong-wong pasék.” 340
338) Lauh yakuwé pethilan sekang watu utawa kayu sing ketulis isi Taurat sing détampa déning Nabi Musa a.s. Sewisé tapa neng Gunung Sinai.
339) Utamakna sing wajib-wajib dhisit sekang sing sunah lan mubah.
340) Gusti Allah bakal ngetona negariné wong-wong sing pasék kaya Fir’aun, ‘Ad, Samud, lan liyané sing musnah bareng dhéwéké merga kejahatané lan kepasékané dhéwéké.
سَاَصْرِفُ عَنْ اٰيٰتِيَ الَّذِيْنَ يَتَكَبَّرُوْنَ فِى الْاَرْضِ بِغَيْرِ الْحَقِّۗ وَاِنْ يَّرَوْا كُلَّ اٰيَةٍ لَّا يُؤْمِنُوْا بِهَاۚ وَاِنْ يَّرَوْا سَبِيْلَ الرُّشْدِ لَا يَتَّخِذُوْهُ سَبِيْلًاۚ وَاِنْ يَّرَوْا سَبِيْلَ الْغَيِّ يَتَّخِذُوْهُ سَبِيْلًاۗ ذٰلِكَ بِاَنَّهُمْ كَذَّبُوْا بِاٰيٰتِنَا وَكَانُوْا عَنْهَا غٰفِلِيْنَ١٤٦
Sa'aṣrifu ‘an āyātiyal-lażīna yatakabbarūna fil-arḍi bigairil-ḥaqq(i), wa iy yarau kulla āyatil lā yu'minū bihā, wa iy yarau sabīlar-rusydi lā yattakhiżūhu sabīlā(n), wa iy yarau sabīlal-gayyi yattakhiżūhu sabīlā(n), żālika bi'annahum każżabū bi'āyātinā wa kānū ‘anhā gāfilīn(a).
[146]
Bakal Ingsun plengosa sekang tandha-tandha (kewasané Ingsun) wong-wong sing ngagulna awaké dhéwék neng bumi tanpa alésan sing bener. Senajan dhéwéké padha weruh saben tandha (kuwasané Ingsun) dhéwéké tetep ora bakal precaya maring kuwé. Lan angger dhéwéké padha weruh dalan sing nggawa maring pitudhuh, dhéwéké ora (bakal) padha nglakoni, ning angger dhéwéké padha weruh dalan kesasar, dhéwéké padha nglakoni. Sing mengkana kuwé merga dhéwéké padha nggorohna ayat-ayat-É Ingsun lan dhéwéké tansah nglirwakna maring (ayat-ayat) kuwé.
وَالَّذِيْنَ كَذَّبُوْا بِاٰيٰتِنَا وَلِقَاۤءِ الْاٰخِرَةِ حَبِطَتْ اَعْمَالُهُمْۗ هَلْ يُجْزَوْنَ اِلَّا مَا كَانُوْا يَعْمَلُوْنَ ࣖ١٤٧
Wal-lażīna każżabū bi'āyātinā wa liqā'il-ākhirati ḥabiṭat a‘māluhum, hal yujzauna illā mā kānū ya‘malūn(a).
[147]
Lan wong-wong sing padha nggorohna tandha-tandha (kewasané) Ingsun lan (nggorohna) anané sapatemon neng akhérat, muspra ngamalé dhéwéké. Dhéwéké kabéh déparingi piwales padha karo apa sing wis dhéwéké padha pergawé.
وَاتَّخَذَ قَوْمُ مُوْسٰى مِنْۢ بَعْدِهٖ مِنْ حُلِيِّهِمْ عِجْلًا جَسَدًا لَّهٗ خُوَارٌۗ اَلَمْ يَرَوْا اَنَّهٗ لَا يُكَلِّمُهُمْ وَلَا يَهْدِيْهِمْ سَبِيْلًاۘ اِتَّخَذُوْهُ وَكَانُوْا ظٰلِمِيْنَ١٤٨
Wattakhaża mūsā mim ba‘dihī min ḥuliyyihim ‘ijlan jasadal lahū khuwār(un), alam yarau annahū lā yukallimuhum wa lā yahdīhim sabīlā(n), ittakhażūhu wa kānū ẓālimīn(a).
[148]
Lan kaumé Musa sewisé lungané (Musa maring Gunung Sinai) dhéwéké padha gawé reca pedhét (anak sapi) sing ana awaké lan bisa mbengah (swarané sapi) sekang pepaés (emas). 341 Apa dhéwéké padha ora ngerti lamon (reca) pedhét kuwé ora bisa ngucap karo dhéwéké lan ora bisa (uga) nuduhna dalan maring dhéwéké? Dhéwéké padha ndadékna kuwé nggo sembahan. Dhéwéké kabéh wong-wong sing aniaya (dolim).
341) Dhéwéké padha gawé reca anak sapi sekang emas. Mufasir-mufasir duwé penemu lamon reca kuwé tetep ora ora duwe nyawa. Swara sing kaya sapi kuwé merga ana angin sing mlebu maring njero bolongan patung kuwé karo cara sing dékenal neng Samiri wektu kuwé lan sebagéan mufasir ana sing napsirna patung sing dégawé kuwé banjur dadi awak sing duwe nyawa lan duwé swara sapi
وَلَمَّا سُقِطَ فِيْٓ اَيْدِيْهِمْ وَرَاَوْا اَنَّهُمْ قَدْ ضَلُّوْاۙ قَالُوْا لَىِٕنْ لَّمْ يَرْحَمْنَا رَبُّنَا وَيَغْفِرْ لَنَا لَنَكُوْنَنَّ مِنَ الْخٰسِرِيْنَ١٤٩
Wa lammā suqiṭa fī aidīhim wa ra'au annahum qad ḍallū, qālū la'il lam yarḥamnā rabbunā wa yagfir lanā lanakūnanna minal-khāsirīn(a).
[149]
Lan sewisé dhéwéké kabéh kajogan karo penggawéané lan mengerténi lamon wis kesasar dhéwéké padha ngucap, “Temen, angger Pengérané inyong kabéh ora paring kewelasan maring inyong kabéh, mesti inyong padha dadi wong-wong sing kapitunan.”
وَلَمَّا رَجَعَ مُوْسٰٓى اِلٰى قَوْمِهٖ غَضْبَانَ اَسِفًاۙ قَالَ بِئْسَمَا خَلَفْتُمُوْنِيْ مِنْۢ بَعْدِيْۚ اَعَجِلْتُمْ اَمْرَ رَبِّكُمْۚ وَاَلْقَى الْاَلْوَاحَ وَاَخَذَ بِرَأْسِ اَخِيْهِ يَجُرُّهٗٓ اِلَيْهِ ۗقَالَ ابْنَ اُمَّ اِنَّ الْقَوْمَ اسْتَضْعَفُوْنِيْ وَكَادُوْا يَقْتُلُوْنَنِيْۖ فَلَا تُشْمِتْ بِيَ الْاَعْدَاۤءَ وَلَا تَجْعَلْنِيْ مَعَ الْقَوْمِ الظّٰلِمِيْنَ١٥٠
Wa lammā raja‘a mūsā ilā qaumihī gaḍbāna asifā(n), qāla bi'samā khalaftumūnī mim ba‘dī, a‘ajiltum amra rabbikum, wa alqal-alwāḥa wa akhaża bira'si akhīhi yajurruhū ilaih(i), qālabna umma innal-qaumastaḍ‘afūnī wa kādū yaqtulūnanī, falā tusymit biyal-a‘dā'a wa lā taj‘alnī ma‘al-qaumiẓ-ẓālimīn(a).
[150]
Lan rikala Musa wis bali maring kaumé, kanthi jéngkél lan ati susah dhéwéké ngucap, “Banget alané penggawéan sing ko padha lakoni sesuwéné inyong lungan! Apa ko kabéh arep ndhisiti janjiné Pengéran-mu?” 342 Musa mbalangna lauh-lauh (Taurat) kuwé lan nyekel sirahé seduluré (Harun) karo narik maring dhéwéké. (Harun) ngucap, “Hé anaké biyungku! Kaum kiyé wis nganggep inyong ora pideksa lan méh baé dhéwéké padha maténi inyong. Merga kuwé aja ko ndadékna mungsuh-mungsuh nyuraki weruh kesengsaranku, lan aja ko ndadékna inyong kaya wong-wong sing aniaya (dolim).”
342) Apa ko ora sabar ngenténi tekané Inyong bali sewisé tapa (munajat) maring Pengéran, saéngga ko padha gawé reca pedhét nggo désembah kayadéné nyembah Gusti Allah.
قَالَ رَبِّ اغْفِرْ لِيْ وَلِاَخِيْ وَاَدْخِلْنَا فِيْ رَحْمَتِكَ ۖوَاَنْتَ اَرْحَمُ الرّٰحِمِيْنَ ࣖ١٥١
Qāla rabbigfirlī wa li'akhī wa adkhilnā fī raḥmatik(a), wa anta arḥamur-rāḥimīn(a).
[151]
Dhéwéké (Musa) nyenyuwun, “Dhuh Pengé-ran kula, ngampuntena kula, lan sedhérék kula, lan lebetaken kula sami dhateng kewe-lasan Penjenengan lan Penjenengan niku Mahaasih saking sedaya ingkang asih.”
اِنَّ الَّذِيْنَ اتَّخَذُوا الْعِجْلَ سَيَنَالُهُمْ غَضَبٌ مِّنْ رَّبِّهِمْ وَذِلَّةٌ فِى الْحَيٰوةِ الدُّنْيَاۗ وَكَذٰلِكَ نَجْزِى الْمُفْتَرِيْنَ١٥٢
Innal-lażīnattakhażul-‘ijla sayanāluhum gaḍabum mir rabbihim wa żillatun fil-ḥayātid-dun-yā, wa każālika najzil-muftarīn(a).
[152]
Setemené wong-wong sing ndadékna (reca) pedhét (dadi sembahan), mbésuk bakal nampa bendu sekang Pengérané lan palaina sejeroné penguripan neng dunya. Kaya kuwé Ingsun paring piwales maring wong-wong sing gawé apus-apus.
وَالَّذِيْنَ عَمِلُوا السَّيِّاٰتِ ثُمَّ تَابُوْا مِنْۢ بَعْدِهَا وَاٰمَنُوْٓا اِنَّ رَبَّكَ مِنْۢ بَعْدِهَا لَغَفُوْرٌ رَّحِيْمٌ١٥٣
Wal-lażīna ‘amilus-sayyi'āti ṡumma tābū mim ba‘dihā wa āmanū inna rabbaka mim ba‘dihā lagafūrur raḥīm(un).
[153]
Lan wong-wong sing wis nglakoni kejahatan, banjur tobat lan precaya, mesthi sewisé kuwé Pengéranmu Maha Ngampura, Mahaasih.
وَلَمَّا سَكَتَ عَنْ مُّوْسَى الْغَضَبُ اَخَذَ الْاَلْوَاحَۖ وَفِيْ نُسْخَتِهَا هُدًى وَّرَحْمَةٌ لِّلَّذِيْنَ هُمْ لِرَبِّهِمْ يَرْهَبُوْنَ١٥٤
Wa lammā sakata ‘am mūsal-gaḍabu akhażal-alwāḥ(a), wa fī nuskhatihā hudaw wa raḥmatul lil-lażīna hum lirabbihim yarhabūn(a).
[154]
Lan sewisé jéngkélé Musa kurang, déjikot (maning) lauh-lauh (Taurat) kuwé; neng njero tulisané ana pituduh lan kewelasan nggo wong-wong sing wedi karo Pengérané.
وَاخْتَارَ مُوْسٰى قَوْمَهٗ سَبْعِيْنَ رَجُلًا لِّمِيْقَاتِنَا ۚفَلَمَّآ اَخَذَتْهُمُ الرَّجْفَةُ قَالَ رَبِّ لَوْ شِئْتَ اَهْلَكْتَهُمْ مِّنْ قَبْلُ وَاِيَّايَۗ اَتُهْلِكُنَا بِمَا فَعَلَ السُّفَهَاۤءُ مِنَّاۚ اِنْ هِيَ اِلَّا فِتْنَتُكَۗ تُضِلُّ بِهَا مَنْ تَشَاۤءُ وَتَهْدِيْ مَنْ تَشَاۤءُۗ اَنْتَ وَلِيُّنَا فَاغْفِرْ لَنَا وَارْحَمْنَا وَاَنْتَ خَيْرُ الْغٰفِرِيْنَ١٥٥
Wakhtāra mūsā qaumahū sab‘īna rajulal limīqātinā, falammā akhażathumur-rajfatu qāla rabbi lau syi'ta ahlaktahum min qablu wa iyyāy(a), atuhlikunā bimā fa‘alas-sufahā'u minnā, in hiya illā fitnatuk(a), tuḍillu bihā man tasyā'u wa tahdī man tasyā'(u), anta waliyyunā fagfir lanā warḥamnā wa anta khairul-gāfirīn(a).
[155]
Lan Musa milih wong pitung puluh sekang kaumé nggo (nyuwun tobat maring Ingsun) neng wektu sing wis Ingsun tetepna. Rikala dhéwéké kabéh dégoyang lindhu, Musa matur, “Dhuh Pengéran kula, menawi Pe-njenengan kersakaken, mesthi Penjenengan pejahi kiyambeké sedaya kaliyan kula sedéréngé niki. Napa Penjenengan ajeng mejahi kula sami mergi lampahipun tiyang-tiyang ingkang kirang nalar wonten antawisipun kula sami? Niku namung coban saking Penjenengan, Penjenengan sasaraken kanthi coban niku sinten ingkang Penjeneng-an kersakaken lan Penjenengan paringi pitedah dhateng sinten ingkang Penjenengan kersakaken. 343 Nggih Penjenengan pemimpiné kula sedaya, mangka mugi paring pengapunten dhateng kula sami lan paringi kula kewelasan. Penejenengan ingkang paring pangapunten ingkang paling saé.”
343) Pegawéané dhéwéké gawé patung anak sapi lan nyembah kuwé sewijining coba sekang Gusti Allah nggo nguji dhéwéké padha, sapa sing sebeneré kuwat precayaé lan sapa sing ésih mamang. Wong sing ora kuwat precayaé kuwé sing mélu Samiri lan nyembah reca pedhét kuwé. Ning wong-wong sing kuwat piandelé (precayaé), tetep neng peprecayaé (precayaé).
۞ وَاكْتُبْ لَنَا فِيْ هٰذِهِ الدُّنْيَا حَسَنَةً وَّفِى الْاٰخِرَةِ اِنَّا هُدْنَآ اِلَيْكَۗ قَالَ عَذَابِيْٓ اُصِيْبُ بِهٖ مَنْ اَشَاۤءُۚ وَرَحْمَتِيْ وَسِعَتْ كُلَّ شَيْءٍۗ فَسَاَكْتُبُهَا لِلَّذِيْنَ يَتَّقُوْنَ وَيُؤْتُوْنَ الزَّكٰوةَ وَالَّذِيْنَ هُمْ بِاٰيٰتِنَا يُؤْمِنُوْنَۚ١٥٦
Waktub lanā fī hāżihid-dun-yā ḥasanataw wa fil-ākhirati innā hudnā ilaik(a), qāla ‘ażābī uṣību bihī man asyā'(u), wa raḥmatī wasi‘at kulla syai'(in), fa sa'aktubuhā lil-lażīna yattaqūna wa yu'tūnaz-zakāta wal-lażīna hum bi'āyātinā yu'minūn(a).
[156]
Lan tetepna nggo inyong kabéh kebagusan neng dunya kiyé lan neng akhérat. Temen, inyong kabéh bali (tobat) maring Penjeneng-an. (Gusti Allah) dhawuh, “Siksané Ingsun bakal Ingsun tibakna maring sapa sing Ingsun kersakna lan kewelasan Ingsun nglingkupi samubarang kabéh. Mangka bakal Ingsun tetepna kewelasan Ingsun nggo wong-wong sing semarah (takwa), sing awéh jakat, lan wong-wong sing precaya maring ayat-ayat-É Ingsun.”
اَلَّذِيْنَ يَتَّبِعُوْنَ الرَّسُوْلَ النَّبِيَّ الْاُمِّيَّ الَّذِيْ يَجِدُوْنَهٗ مَكْتُوْبًا عِنْدَهُمْ فِى التَّوْرٰىةِ وَالْاِنْجِيْلِ يَأْمُرُهُمْ بِالْمَعْرُوْفِ وَيَنْهٰىهُمْ عَنِ الْمُنْكَرِ وَيُحِلُّ لَهُمُ الطَّيِّبٰتِ وَيُحَرِّمُ عَلَيْهِمُ الْخَبٰۤىِٕثَ وَيَضَعُ عَنْهُمْ اِصْرَهُمْ وَالْاَغْلٰلَ الَّتِيْ كَانَتْ عَلَيْهِمْۗ فَالَّذِيْنَ اٰمَنُوْا بِهٖ وَعَزَّرُوْهُ وَنَصَرُوْهُ وَاتَّبَعُوا النُّوْرَ الَّذِيْٓ اُنْزِلَ مَعَهٗٓ ۙاُولٰۤىِٕكَ هُمُ الْمُفْلِحُوْنَ ࣖ١٥٧
Al-lażīna yattabi‘ūnar-rasūlan nabiyyal-ummiyyal-lażī yajidūnahū maktūban ‘indahum fit-taurāti wal-injīli ya'muruhum bil-ma‘rūfi wa yanhāhum ‘anil-munkari wa yuḥillu lahumuṭ-ṭayyibāti wa yuḥarrimu ‘alaihimul-khabā'iṡa wa yaḍa‘u ‘anhum iṣrahum wal-aglālal-latī kānat ‘alaihim, fal-lażīna āmanū bihī wa ‘azzarūhu wa naṣarūhu wattaba‘un nūral-lażī unzila ma‘ah(ū), ulā'ika humul-mufliḥūn(a).
[157]
(Yakuwé) wong-wong sing ngetutna Utusan, Nabi sing ummi, (ora bisa maca nulis) sing (asmané) dhéwéké padha détemoni ketulis neng njero Taurat lan Injil sing ana neng dhéwéké kabéh, sing mréntah dhéwéké nglakoni sing apik (ma’ruf) lan ngedohi sekang sing ala (mungkar), lan sing nyekolihi (ngalalna) sekabéhé sing apik kanggo dhéwéké, lan nglarang (ngaramna) sekabéhé sing ala kanggo dhéwéké kabéh, lan mbébasna rénggan-rénggan lan blenggu-blenggu sing ana neng dhéwéké. 344 Anadéné wong-wong sing padha precaya maring slirané, mulyakna, nulungi, lan ngetutna sunaré sing padhang sing déturunaken maring slirané (Al-Qur’an), dhéwéké kabéh kuwé wong-wong sing begya.
344) Neng saréngat sing dégawa neng Nabi Muhammad s.a.w. ora nana maning renggan sing abot sing dépikulna maring Bani Israil. Umpamané: nyaréngatna maténi awaké dhéwék nggo sempurnané tobat, wajib pidana pati ingatasé rajapati sing désengaja utawa ora tanpa olih mbayar diyat (dhendha), motong bagéan awak sing nglakoni keluputan, mbuwang utawa nggunting bujur sing kenang kotoran (najis).
قُلْ يٰٓاَيُّهَا النَّاسُ اِنِّيْ رَسُوْلُ اللّٰهِ اِلَيْكُمْ جَمِيْعًا ۨالَّذِيْ لَهٗ مُلْكُ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِۚ لَآ اِلٰهَ اِلَّا هُوَ يُحْيٖ وَيُمِيْتُۖ فَاٰمِنُوْا بِاللّٰهِ وَرَسُوْلِهِ النَّبِيِّ الْاُمِّيِّ الَّذِيْ يُؤْمِنُ بِاللّٰهِ وَكَلِمٰتِهٖ وَاتَّبِعُوْهُ لَعَلَّكُمْ تَهْتَدُوْنَ١٥٨
Qul yā ayyuhan-nāsu innī rasūlullāhi ilaikum jamī‘anil-lażī lahū mulkus-samāwāti wal-arḍ(i), lā ilāha illā huwa yuḥyī wa yumīt(u), fa āminū billāhi wa rasūlihin-nabiyyil-ummiyyil-lażī yu'minu billāhi wa kalimatihī wattabi‘ūhu la‘allakum tahtadūn(a).
[158]
Dhawuha (Muhammad), “Hé menungsa! Setemené inyong kiyé utusané Gusti Allah nggo ko kabéh, sing Kagungan praja langit lan bumi; ora nana Pengéran (sing kuduné désembah) kejaba Penjenengané, sing nguripna lan matékna, mangka precayaa (precayaa) ko kabéh maring Gusti Allah lan Utusané, (yakuwé) Nabi sing ummi sing precaya maring Gusti Allah lan maring kalimah-kalimahé Penjenengané (kitab-kitab-É). Mélua maring slirané, supayané ko padha olih pitudhuh.”
وَمِنْ قَوْمِ مُوْسٰٓى اُمَّةٌ يَّهْدُوْنَ بِالْحَقِّ وَبِهٖ يَعْدِلُوْنَ١٥٩
Wa min qaumi mūsā ummatuy yahdūna bil-ḥaqqi wa bihī ya‘dilūn(a).
[159]
Lan neng antarané kaumé Musa kuwé ana sewijiné umat sing awéh pituduh (maring menungsa) kanthi (dhasar) sing bener lan kanthi kuwé (uga) dhéwéké padha temindak adil goli nglakoni keadilan. 345
345) Dhéwéké awéh pituduh lan nuntun karo pathokan maring pituduh lan tuntunan sing teka sekang Gusti Allah. Lan uga neng hal ngadili prekara, dhéwéké mesthi nggoléti keadilan karo pathokané maring pituduh lan tuntunané Gusti Allah.
وَقَطَّعْنٰهُمُ اثْنَتَيْ عَشْرَةَ اَسْبَاطًا اُمَمًاۗ وَاَوْحَيْنَآ اِلٰى مُوْسٰٓى اِذِ اسْتَسْقٰىهُ قَوْمُهٗٓ اَنِ اضْرِبْ بِّعَصَاكَ الْحَجَرَۚ فَانْۢبَجَسَتْ مِنْهُ اثْنَتَا عَشْرَةَ عَيْنًاۗ قَدْ عَلِمَ كُلُّ اُنَاسٍ مَّشْرَبَهُمْۗ وَظَلَّلْنَا عَلَيْهِمُ الْغَمَامَ وَاَنْزَلْنَا عَلَيْهِمُ الْمَنَّ وَالسَّلْوٰىۗ كُلُوْا مِنْ طَيِّبٰتِ مَا رَزَقْنٰكُمْۗ وَمَا ظَلَمُوْنَا وَلٰكِنْ كَانُوْٓا اَنْفُسَهُمْ يَظْلِمُوْنَ١٦٠
Wa qaṭṭa‘nāhumuṡnatai ‘asyrata asbāṭan umamā(n), wa auḥainā ilā mūsā iżistasqāhu qaumuhū aniḍrib bi‘aṣākal-ḥajar(a), fambajasat minhuṡnatā ‘asyrata ‘ainā(n), qad ‘alima kullu unāsim masyrabahum, wa ẓallalnā ‘alaihimul-gamāma wa anzalnā ‘alaihimul-manna was-salwā, kulū min ṭayyibāti mā razaqnākum, wa mā ẓalamūnā wa lākin kānū anfusahum yaẓlimūn(a).
[160]
Lan Ingsun mbagi dhéwéké (umat kuwé) dadi rolas trah sing kabéh-kabéh cacahé gedhé-gedhé, lan Ingsun wahyokna maring Musa rikala kaumé njaluk banyu maring dhéwéké, “Thuthuk watu kuwé karo tekenmu!” Mangka mancur banyu sekang (watu) kuwé rolas pancuran. Saben trah wis ngerti panggonan nginumé dhéwék-dhéwék. Lan Ingsun ayomi dhéwéké padha karo lamuk lan Ingsun turunaken maring dhéwéké kabéh mann lan salwa. Ingsun dhawuh, “Mangana sing apik-apik sekang rejeki sing wis Ingsun paringna maring ko kabéh.” Dhéwéké padha ora gawé tuna (ndolimi) Ingsun, ning dhéwéké sing mesthi padha gawé tuna (ndolimi) maring awaké dhéwék.
وَاِذْ قِيْلَ لَهُمُ اسْكُنُوْا هٰذِهِ الْقَرْيَةَ وَكُلُوْا مِنْهَا حَيْثُ شِئْتُمْ وَقُوْلُوْا حِطَّةٌ وَّادْخُلُوا الْبَابَ سُجَّدًا نَّغْفِرْ لَكُمْ خَطِيْۤـٰٔتِكُمْۗ سَنَزِيْدُ الْمُحْسِنِيْنَ١٦١
Wa iżā qīla lahumuskunū hāżihil-qaryata wa kulū minhā ḥaiṡu syi'tum wa qūlū ḥiṭṭatuw wadkhulul-bāba sujjadan nagfir lakum khaṭī'ātikum, sanazīdul-muḥsinīn(a).
[161]
Lan (élinga), rikala déucapna maring dhéwéké (Bani Israil), “Manggona neng negari kiyé (Baitulmaqdis) lan mangana sekang (kasil buminé) neng endi baé ko karepna.” Lan matura, “Bébasna inyong sekang dosané inyong kabéh, lan lebonana lawang gapurané karo ndhongko, mesthi Ingsun ampurani keluputan-keluputanmu.” Mbésuk bakal Ingsun tambah (ganjaran) maring wong-wong sing nglakoni kebagusan.
فَبَدَّلَ الَّذِيْنَ ظَلَمُوْا مِنْهُمْ قَوْلًا غَيْرَ الَّذِيْ قِيْلَ لَهُمْ فَاَرْسَلْنَا عَلَيْهِمْ رِجْزًا مِّنَ السَّمَاۤءِ بِمَا كَانُوْا يَظْلِمُوْنَ ࣖ١٦٢
Fa baddalal-lażīna ẓalamū minhum qaulan gairal-lażī qīla lahum fa arsalnā ‘alaihim rijzam minas-samā'i bimā kānū yaẓlimūn(a).
[162]
Mangka wong-wong sing aniaya (dolim) neng antarané dhéwéké padha ngganti (ucapan kuwé) karo ucapan sing ora déucapna maring dhéwéké, 346 mangka Ingsun tibakna maring dhéwéké kabéh siksa sekang langit merga aniayané (dolimé) dhéwéké kabéh.
346) Dhéwéké padha dépréntah ngucap, “Hittatun” (njaluk déluwarna sekang dosa) ning dhéwéké ngowahi karo ngenyék lan ngucapna, “hittun fi sya’irah” (tegesé gandum).
وَسْـَٔلْهُمْ عَنِ الْقَرْيَةِ الَّتِيْ كَانَتْ حَاضِرَةَ الْبَحْرِۘ اِذْ يَعْدُوْنَ فِى السَّبْتِ اِذْ تَأْتِيْهِمْ حِيْتَانُهُمْ يَوْمَ سَبْتِهِمْ شُرَّعًا وَّيَوْمَ لَا يَسْبِتُوْنَۙ لَا تَأْتِيْهِمْ ۛ كَذٰلِكَ ۛنَبْلُوْهُمْ بِمَا كَانُوْا يَفْسُقُوْنَ١٦٣
Was'alhum ‘anil-qaryatil-latī kānat ḥāḍiratal-baḥr(i), iż ya‘dūna fis-sabti iż ta'tīhim ḥītānuhum yauma sabtihim syurra‘aw wa yauma lā yasbitūn(a), lā ta'tīhim - każālika - nablūhum bimā kānū yafsuqūn(a).
[163]
Lan takokna maring Bani Israil ngenani negari 347 sing ana neng pérek segara rikalané dhéwéké padha nerak aturan neng dina sabat, 348 (yakuwé) rikala teka maring dhéwéké iwak-iwak (sing ana neng seubengé) dhéwéké kabéh padha kemambang neng ndhuwur banyu, mangkané neng dina-dina sing udu sabat iwak-iwak kuwé padha ora teka maring dhéwéké kabéh. Mengkana kuwé Ingsun nguji dhéwéké merga dhéwéké padha nglakoni dosa (pasék).
347) Kota Eilah, neng pesisir Laut Merah antarané Kota Madyan lan Gunung Sinai.
348) Manut aturan, dhéwéké ora kena nyambet gawé neng dina Sabat, merga dina sabat kuwé mligi mung nggo ngibadah.
وَاِذْ قَالَتْ اُمَّةٌ مِّنْهُمْ لِمَ تَعِظُوْنَ قَوْمًاۙ ۨاللّٰهُ مُهْلِكُهُمْ اَوْ مُعَذِّبُهُمْ عَذَابًا شَدِيْدًاۗ قَالُوْا مَعْذِرَةً اِلٰى رَبِّكُمْ وَلَعَلَّهُمْ يَتَّقُوْنَ١٦٤
Wa iż qālat ummatum minhum lima ta‘iẓūna qaumā(n), allāhu muhlikuhum au mu‘ażżibuhum ‘ażāban syadīdā(n), qālū ma‘żiratan ilā rabbikum wa la‘allahum yattaqūn(a).
[164]
Lan (élinga) rikala sewijiné umat neng antarané dhéwéké ngucap, “Kenangapa ko padha mituturi kaum sing bakal désirnakna utawa désiksa déning Gusti Allah karo siksa sing keras banget?” Dhéwéké padha semaur, “Supayané inyong kabéh duwé alésan (bébas tanggung jawab) maring Pengéranmu, 349 lan supayané dhéwéké padha semarah (takwa).”
349) Alesan dhéwéké yakuwé dhéwéké uwis nglakoni dhawuhé Gusti Allah kon aweh pengéling.
فَلَمَّا نَسُوْا مَا ذُكِّرُوْا بِهٖٓ اَنْجَيْنَا الَّذِيْنَ يَنْهَوْنَ عَنِ السُّوْۤءِ وَاَخَذْنَا الَّذِيْنَ ظَلَمُوْا بِعَذَابٍۢ بَـِٔيْسٍۢ بِمَا كَانُوْا يَفْسُقُوْنَ١٦٥
Falammā nasū mā żukkirū bihī anjainal-lażīna yanhauna ‘anis-sū'i wa akhażnal-lażīna ẓalamū bi‘ażābim ba'īsim bimā kānū yafsuqūn(a).
[165]
Mangka sewisé dhéwéké padha nglalekna apa sing déwanti-wanti maring dhéwéké kabéh, Ingsun slametna wong-wong sing nglarang wong nglakoni kejahatan lan Ingsun tibakna maring wong-wong sing aniaya (dolim) penyiksan sing keras, merga dhéwéké padha tansah gawé dosa (pasék).
فَلَمَّا عَتَوْا عَنْ مَّا نُهُوْا عَنْهُ قُلْنَا لَهُمْ كُوْنُوْا قِرَدَةً خٰسِـِٕيْنَ١٦٦
Falammā ‘atau ‘am mā nuhū ‘anhu qulnā lahum kūnū qiradatan khāsi'īn(a).
[166]
Mangka sewisé dhéwéké padha gemedhé ingatasé sekabéhé sing délarang, Ingsun dhawuh maring dhéwéké, “Dadia ko kabéh kethék sing ina.”
وَاِذْ تَاَذَّنَ رَبُّكَ لَيَبْعَثَنَّ عَلَيْهِمْ اِلٰى يَوْمِ الْقِيٰمَةِ مَنْ يَّسُوْمُهُمْ سُوْۤءَ الْعَذَابِۗ اِنَّ رَبَّكَ لَسَرِيْعُ الْعِقَابِۖ وَاِنَّهٗ لَغَفُوْرٌ رَّحِيْمٌ١٦٧
Wa iż ta'ażżana rabbuka layab‘aṡanna ‘alaihim ilā yaumil-qiyāmati may yasūmuhum sū'al-‘ażāb(i), inna rabbaka lasarī‘ul-‘iqāb(i), wa innahū lagafūrur raḥīm(un).
[167]
Lan (élinga), rikala Pengéranmu paring werta, lamon temen, Penjenengané bakal ngirim wong-wong sing bakal nibakna siksa sing paling ala maring dhéwéké (wong Yahudi) nganti dina Kiyamat. Setemené Pengéranmu sigra banget siksané, lan setemené Penjenengané Maha Ngampura, Mahaasih.
وَقَطَّعْنٰهُمْ فِى الْاَرْضِ اُمَمًاۚ مِنْهُمُ الصّٰلِحُوْنَ وَمِنْهُمْ دُوْنَ ذٰلِكَ ۖوَبَلَوْنٰهُمْ بِالْحَسَنٰتِ وَالسَّيِّاٰتِ لَعَلَّهُمْ يَرْجِعُوْنَ١٦٨
Wa qaṭṭa‘nāhum fil-arḍi umamā(n), minhumuṣ-ṣāliḥūna wa minhum dūna żālik(a), wa balaunāhum bil-ḥasanāti was-sayyi'āti la‘allahum yarji‘ūn(a).
[168]
Lan Ingsun pecah-pecah dhéwéké kabéh neng dunya kiyé dadi pirang-pirang golongan; neng antarané ana wong-wong sing apik (saléh) lan ana sing ora kaya kuwé. Lan Ingsun nguji dhéwéké kabéh karo (nékmat) sing bagus-bagus lan (bebaya) sing ala-ala, supayané dhéwéké padha bali (maring bebener).
فَخَلَفَ مِنْۢ بَعْدِهِمْ خَلْفٌ وَّرِثُوا الْكِتٰبَ يَأْخُذُوْنَ عَرَضَ هٰذَا الْاَدْنٰى وَيَقُوْلُوْنَ سَيُغْفَرُ لَنَاۚ وَاِنْ يَّأْتِهِمْ عَرَضٌ مِّثْلُهٗ يَأْخُذُوْهُۗ اَلَمْ يُؤْخَذْ عَلَيْهِمْ مِّيْثَاقُ الْكِتٰبِ اَنْ لَّا يَقُوْلُوْا عَلَى اللّٰهِ اِلَّا الْحَقَّ وَدَرَسُوْا مَا فِيْهِۗ وَالدَّارُ الْاٰخِرَةُ خَيْرٌ لِّلَّذِيْنَ يَتَّقُوْنَۗ اَفَلَا تَعْقِلُوْنَ١٦٩
Fa khalafa mim ba‘dihim khalfuw wariṡul-kitāba ya'khużūna ‘araḍa hāżal-adnā wa yaqūlūna sayugfaru lanā, wa iy ya'tihim ‘araḍum miṡluhū ya'khużūh(u), alam yu'khaż ‘alaihim mīṡāqul-kitābi allā yaqūlū ‘alallāhi illal-ḥaqqa wa darasū mā fīh(i), wad-dārul-ākhiratu khairul lil-lażīna yattaqūn(a), afalā ta‘qilūn(a).
[169]
Mangka sewisé dhéwéké kabéh, teka keturunan (sing jahat) sing marisi Taurat, sing ngalap bandha dunya sing sepélé kiyé. Banjur dhéwéké padha ngucap, “Inyong kabéh bakal déparingi pengampura.” Lan mbésuk angger bandha dunya teka maring dhéwéké seakéh kuwé (uga), mesthi dhéwéké padha bakal ngalap (uga). Mbok iya dhéwéké wis padha kejiret janji neng Kitab (Taurat) lamon dhéwéké kabéh ora bakal ngucap maring Gusti Allah, kejaba sing bener, mangkané dhéwéké wis nyinaoni apa sing kesebut neng njeroné? Negari akhérat kuwé lewih apik tumrap dhéwéké sing semarah (takwa). Mangka apa ko padha ora ngerti?
وَالَّذِيْنَ يُمَسِّكُوْنَ بِالْكِتٰبِ وَاَقَامُوا الصَّلٰوةَۗ اِنَّا لَا نُضِيْعُ اَجْرَ الْمُصْلِحِيْنَ١٧٠
Wal-lażīna yumassikūna bil-kitābi wa aqāmuṣ-ṣalāh(ta), innā lā nuḍī‘u ajral-muṣliḥīn(a).
[170]
Lan wong-wong sing cekelan kenceng maring Kitab (Taurat) lan nglakoni sembayang, (bakal déparingi ganjaran). Temen, Ingsun ora bakal ngilangna ganjarané wong-wong sing apik (saléh).
۞ وَاِذْ نَتَقْنَا الْجَبَلَ فَوْقَهُمْ كَاَنَّهٗ ظُلَّةٌ وَّظَنُّوْٓا اَنَّهٗ وَاقِعٌۢ بِهِمْۚ خُذُوْا مَآ اٰتَيْنٰكُمْ بِقُوَّةٍ وَّاذْكُرُوْا مَا فِيْهِ لَعَلَّكُمْ تَتَّقُوْنَ ࣖ١٧١
Wa iż nataqnal-jabala fauqahum ka'annahum ẓullatuw wa ẓannū annahū wāqi‘um bihim, khużū mā ātainākum biquwwatiw ważkurū mā fīhi la‘allakum tattaqūn(a).
[171]
Lan (élinga) rikala Ingsun njunjung gunung maring ndhuwuré dhéwéké kabéh, kaya-kaya (gunung) kuwé ayoman lamuk lan dhéwéké padha precaya lamon (gunung) kuwé bakal nibani dhéwéké kabéh. (Lan Ingsun dhawuh maring dhéwéké), “Cekela sing kenceng apa sing wis Ingsun paringna maring ko kabéh, lan tansah élinga (lakonana) apa sing kesebut neng njeroné supayané ko padha dadi wong-wong sing semarah (takwa).”
وَاِذْ اَخَذَ رَبُّكَ مِنْۢ بَنِيْٓ اٰدَمَ مِنْ ظُهُوْرِهِمْ ذُرِّيَّتَهُمْ وَاَشْهَدَهُمْ عَلٰٓى اَنْفُسِهِمْۚ اَلَسْتُ بِرَبِّكُمْۗ قَالُوْا بَلٰىۛ شَهِدْنَا ۛاَنْ تَقُوْلُوْا يَوْمَ الْقِيٰمَةِ اِنَّا كُنَّا عَنْ هٰذَا غٰفِلِيْنَۙ١٧٢
Wa iż akhaża rabbuka mim banī ādama min ẓuhūrihim żurriyyatahum wa asyhadahum ‘alā anfusihim, alastu birabbikum, qālū balā - syahidnā - an taqūlū yaumal-qiyāmati innā kunnā ‘an hāżā gāfilīn(a).
[172]
Lan (élinga) rikala Pengéranmu ngetokna sekang sulbi (balung gigir) anak-putu Adam keturunané dhéwéké lan Gusti Allah mundhut peseksén maring rohé dhéwéké kabéh (karo dhawuh), “Mbok iya Ingsun kiyé Pengéran-mu?” Dhéwéké padha semaur, “Leres (Penjenengan Pengérané kula sedaya), kula sami nyekséni.” (Ingsun lakoni sing kaya kuwé) supayané neng dina Kiyamat ko ora padha ngucap, “Setemené rikala kuwé inyong kabéh kelalén maring kiyé.”
اَوْ تَقُوْلُوْٓا اِنَّمَآ اَشْرَكَ اٰبَاۤؤُنَا مِنْ قَبْلُ وَكُنَّا ذُرِّيَّةً مِّنْۢ بَعْدِهِمْۚ اَفَتُهْلِكُنَا بِمَا فَعَلَ الْمُبْطِلُوْنَ١٧٣
Au taqūlū innamā asyraka ābā'unā min qablu wa kunnā żurriyyatam mim ba‘dihim, afatuhlikunā bimā fa‘alal-mubṭilūn(a).
[173]
Utawa supayané ko padha ngucap, “Seteme-né kaki-nininé inyong kabéh wis nyekuthok-na Pengéran kawit gemiyén, lan inyong kabéh kuwé keturunané sing (teka) sewisé dhéwéké kabéh. Mangka apa Penjenengan arep nyirnakna inyong kabéh merga penggawéané wong-wong (gemiyén) sing kesasar?” 350
350) Supaya wong-wong musrik kuwé aja ngucap lamon kaki-nininé gemiyén wis nyekuthokna Pengéran, lan dhéwéké ora ngerti babar pisan lamon nyekuthokna Pengéran kuwé luput, ora nana dalan maning nggo dhéwéké, mung tiru kaki-nininé sing nyekuthokna Pengérané. Merga kuwé dhéwéké nganggep dhéwéké ora patut désiksa merga keluputané kaki-nininé dhéwéké kabéh.
وَكَذٰلِكَ نُفَصِّلُ الْاٰيٰتِ وَلَعَلَّهُمْ يَرْجِعُوْنَ١٧٤
Wa każālika nufaṣṣilul-āyāti wa la‘allahum yarji‘ūn(a).
[174]
Lan mengkana kuwé Ingsun nerangna ayat-ayat kuwé, supaya dhéwéké padha bali (maring bebener).
وَاتْلُ عَلَيْهِمْ نَبَاَ الَّذِيْٓ اٰتَيْنٰهُ اٰيٰتِنَا فَانْسَلَخَ مِنْهَا فَاَتْبَعَهُ الشَّيْطٰنُ فَكَانَ مِنَ الْغَاوِيْنَ١٧٥
Watlu ‘alaihim naba'al-lażī ātaināhu āyātinā fansalakha minhā fa atba‘ahusy-syaiṭānu fa kāna minal-gāwīn(a).
[175]
Lan wacakna (Muhammad) maring wong-wong kuwé, wertané wong sing wis Ingsun paringi ayat-ayat-É Ingsun maring dhéwéké, banjur dhéwéké ngluwarna awaké sekang ayat-ayat kuwé, banjur dhéwéké détutna neng sétan (nganti dhéwéké kegodha), mangka dadiné dhéwéké klebu wong-wong sing kesasar.
وَلَوْ شِئْنَا لَرَفَعْنٰهُ بِهَا وَلٰكِنَّهٗٓ اَخْلَدَ اِلَى الْاَرْضِ وَاتَّبَعَ هَوٰىهُۚ فَمَثَلُهٗ كَمَثَلِ الْكَلْبِۚ اِنْ تَحْمِلْ عَلَيْهِ يَلْهَثْ اَوْ تَتْرُكْهُ يَلْهَثْۗ ذٰلِكَ مَثَلُ الْقَوْمِ الَّذِيْنَ كَذَّبُوْا بِاٰيٰتِنَاۚ فَاقْصُصِ الْقَصَصَ لَعَلَّهُمْ يَتَفَكَّرُوْنَ١٧٦
Wa lau syi'nā larafa‘nāhu bihā wa lākinnahū akhlada ilal-arḍi wattaba‘a hawāh(u), fa maṡaluhū kamaṡalil-kalb(i), in taḥmil ‘alaihi yalhaṡ au tatrukūhu yalhaṡ, żālika maṡalul-qaumil-lażīna każżabū bi'āyātinā, faqṣuṣil-qaṣaṣa la‘allahum yatafakkarūn(a).
[176]
Lan sekirané ingsun ngersakna mesthi Ingsun dhuwurna (drajaté) dhéwéké kanthi (ayat-ayat) kuwé, ning dhéwéké lewih seneng maring dunya lan nuruti kepénginan (sing sepélé), mangka déumpamakna kaya asu, angger ko nggusah dépélétna ilaté, lan angger ko ngejorna dhéwéké mélékna ilaté (uga). Mengkana kuwé perumpamané wong-wong sing nggorohna ayat-ayat-É Ingsun. Mangka critakna crita-crita kuwé supayané dhéwéké padha mikir.
سَاۤءَ مَثَلًا ۨالْقَوْمُ الَّذِيْنَ كَذَّبُوْا بِاٰيٰتِنَا وَاَنْفُسَهُمْ كَانُوْا يَظْلِمُوْنَ١٧٧
Sā'a maṡalanil-qaumul-lażīna każżabū bi'āyātinā wa anfusahum kānū yaẓlimūn(a).
[177]
Banget alané perumpamané wong-wong sing nggorohna ayat-ayat-É Ingsun; dhéwéké padha gawé tuna (ndolimi) awaké dhéwék.
مَنْ يَّهْدِ اللّٰهُ فَهُوَ الْمُهْتَدِيْۚ وَمَنْ يُّضْلِلْ فَاُولٰۤىِٕكَ هُمُ الْخٰسِرُوْنَ١٧٨
May yahdillāhu fa huwal-muhtadī, wa may yuḍlil fa ulā'ika humul-khāsirūn(a).
[178]
Sapa wongé déparingi pituduh déning Gusti Allah, mangka dhéwéké sing olih pituduh; lan sapa wongé désasarna déning Gusti Allah, mangka dhéwéké kuwé wong-wong sing kapitunan.
وَلَقَدْ ذَرَأْنَا لِجَهَنَّمَ كَثِيْرًا مِّنَ الْجِنِّ وَالْاِنْسِۖ لَهُمْ قُلُوْبٌ لَّا يَفْقَهُوْنَ بِهَاۖ وَلَهُمْ اَعْيُنٌ لَّا يُبْصِرُوْنَ بِهَاۖ وَلَهُمْ اٰذَانٌ لَّا يَسْمَعُوْنَ بِهَاۗ اُولٰۤىِٕكَ كَالْاَنْعَامِ بَلْ هُمْ اَضَلُّ ۗ اُولٰۤىِٕكَ هُمُ الْغٰفِلُوْنَ١٧٩
Wa laqad żara'nā lijahannama kaṡīram minal-jinni wal-ins(i), lahum qulūbul lā yafqahūna bihā wa lahum a‘yunul lā yabṣirūna bihā wa lahum āżānul lā yasma‘ūna bihā, ulā'ika kal-an‘āmi bal hum aḍall(u), ulā'ika humul-gāfilūn(a).
[179]
Lan temen, bakal Ingsun iséni neraka Jahanam akéh-akéhé sekang bangsa jin lan menungsa. Dhéwéké padha duwé ati, ning ora dégunakna nggo mahami (ayat-ayat-É Gusti Allah) lan dhéwéké padha duwé mata (ning) ora dégunakna nggo meruhi (tandha-tandha kewasané Gusti Allah), lan dhéwéké padha duwé kuping (ning) ora dégunakna nggo ngrungokna (ayat-ayat-É Gusti Allah). Dhéwéké padha kaya kéwan ingon, malah lewih kesasar maning. Dhéwéké kuwé wong-wong sing padha ora ngati-ati.
وَلِلّٰهِ الْاَسْمَاۤءُ الْحُسْنٰى فَادْعُوْهُ بِهَاۖ وَذَرُوا الَّذِيْنَ يُلْحِدُوْنَ فِيْٓ اَسْمَاۤىِٕهٖۗ سَيُجْزَوْنَ مَا كَانُوْا يَعْمَلُوْنَ ۖ١٨٠
Wa lillāhil-asmā'ul-ḥusnā fad‘ūhu bihā, wa żarul-lażīna yulḥidūna fī asmā'ih(ī), sayujzauna mā kānū ya‘malūn(a).
[180]
Lan Gusti Allah kagungan Asma’ul Husna (asma-asma sing paling bagus), mangka nyuwuna maring Penjenengané kanthi nyebut Asma’ul Husna kuwé lan tinggalana wong-wong sing nyalah-artékna asma-asmané Penjenengané. 351 Dhéwéké mbésuk bakal padha olih piwales sekang apa sing wis dhéwéké kabéh pergawé.
351) Aja dépikirna wong-wong sing nyembah Gusti Allah kanthi nyebut asma-asma sing ora padha karo sipat-sipat keagungané Gusti Allah, utawa kanthi nyebut asma-asma Asma’ul Husna ning maksudé nggo ngotori asmané Gusti Allah utawa nyebut Asma’ul Husna nggo jeneng-jeneng seliyané Gusti Allah.
وَمِمَّنْ خَلَقْنَآ اُمَّةٌ يَّهْدُوْنَ بِالْحَقِّ وَبِهٖ يَعْدِلُوْنَ ࣖ١٨١
Wa mimman khalaqnā ummatuy yahdūna bil-ḥaqqi wa bihī ya‘dilūn(a).
[181]
Lan neng antarané wong-wong sing wis Ingsun ciptakna ana umat sing awéh pituduh kanthi (dhasar) sing bener, lan kanthi kuwé (uga) dhéwéké padha temindak adil.
وَالَّذِيْنَ كَذَّبُوْا بِاٰيٰتِنَا سَنَسْتَدْرِجُهُمْ مِّنْ حَيْثُ لَا يَعْلَمُوْنَ١٨٢
Wal-lażīna każżabū bi'āyātinā sanastadrijuhum min ḥaiṡu lā ya‘lamūn(a).
[182]
Lan wong-wong sing padha nggorohna ayat-ayat-É Ingsun, bakal Ingsun jorna dhéwéké kabéh cuk semendhing (nuju maring kerusakan), karo cara sing dhéwéké padha ora weruhi.
وَاُمْلِيْ لَهُمْ ۗاِنَّ كَيْدِيْ مَتِيْنٌ١٨٣
Wa umlī lahum, inna kaidī matīn(un).
[183]
Lan Ingsun bakal paring wektu tangguh maring dhéwéké kabéh. Temen, rencanané Ingsun banget teguhé.
اَوَلَمْ يَتَفَكَّرُوْا مَا بِصَاحِبِهِمْ مِّنْ جِنَّةٍۗ اِنْ هُوَ اِلَّا نَذِيْرٌ مُّبِيْنٌ١٨٤
Awalam yatafakkarū mā biṣāḥibihim min jinnah(tin), in huwa illā nażīrum mubīn(un).
[184]
Lan apa dhéwéké padha ora mikirna lamon kancané dhéwéké (Muhammad) ora édan. Slirané (Muhammad) ora liya mung sewijiné wong sing awéh pengéling-leng sing cetha.
اَوَلَمْ يَنْظُرُوْا فِيْ مَلَكُوْتِ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِ وَمَا خَلَقَ اللّٰهُ مِنْ شَيْءٍ وَّاَنْ عَسٰٓى اَنْ يَّكُوْنَ قَدِ اقْتَرَبَ اَجَلُهُمْۖ فَبِاَيِّ حَدِيْثٍۢ بَعْدَهٗ يُؤْمِنُوْنَ١٨٥
Awalam yanẓurū fī malakūtis-samāwāti wal-arḍi wa mā khalaqallāhu min syai'iw wa an ‘asā ay yakūna qadiqtaraba ajaluhum, fa bi'ayyi ḥadīṡim ba‘dahū yu'minūn(a).
[185]
Lan apa dhéwéké ora padha nggatékna praja langit lan bumi lan sekabéhé apa sing décip-takna déning Gusti Allah, lan kesinawan wis péreké wektu (musnahé) dhéwéké? Banjur werta endi maning sewisé kiyé sing arep dhéwéké padha andeli?
مَنْ يُّضْلِلِ اللّٰهُ فَلَا هَادِيَ لَهٗ ۖوَيَذَرُهُمْ فِيْ طُغْيَانِهِمْ يَعْمَهُوْنَ١٨٦
May yuḍlilillāhu falā hādiya lah(ū), wa yażaruhum fī ṭugyānihim ya‘mahūn(a).
[186]
Sapa wongé déjorna kesasar déning Gusti Allah, mangka ora nana sing bisa awéh pituduh. Gusti Allah ngejorna dhéwéké padha kebingungen neng sejeroné kesasar.
يَسْـَٔلُوْنَكَ عَنِ السَّاعَةِ اَيَّانَ مُرْسٰىهَاۗ قُلْ اِنَّمَا عِلْمُهَا عِنْدَ رَبِّيْۚ لَا يُجَلِّيْهَا لِوَقْتِهَآ اِلَّا هُوَۘ ثَقُلَتْ فِى السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِۗ لَا تَأْتِيْكُمْ اِلَّا بَغْتَةً ۗيَسْـَٔلُوْنَكَ كَاَنَّكَ حَفِيٌّ عَنْهَاۗ قُلْ اِنَّمَا عِلْمُهَا عِنْدَ اللّٰهِ وَلٰكِنَّ اَكْثَرَ النَّاسِ لَا يَعْلَمُوْنَ١٨٧
Yas'alūnaka ‘anis-sā‘ati ayyāna mursāhā, qul innamā ‘ilmuhā ‘inda rabbī, lā yujallīhā liwaqtihā illā huw(a), ṡaqulat fis-samāwāti wal-arḍ(i), lā ta'tīkum illā bagtah(tan), yas'alūnaka ka'annaka ḥafiyyun ‘anhā, qul innamā ‘ilmuhā ‘indallāhi wa lākinna akṡaran nāsi lā ya‘lamūn(a).
[187]
Dhéwéké padha nakokna maring sliramu (Muhammad) ngenani Kiyamat, “Kapan kedadéané?” Dhawuha, “Setemené kawruh ngenani Kiyamat kuwé ana neng Pengéran-ku; ora nana (sewijiné wong) sing bisa nerangna wektu kedadéané kejaba Penjenengané. (Kiyamat) kuwé abot banget (gonjang-ganjingé tumrap makhluk) sing ana neng langit lan neng bumi, ora bakal teka maring ko kabéh kejaba kanthi dadakan.” Dhéwéké kabéh takon maring sliramu kaya-kaya slirané ngawéruhi kuwé. Dhawuha (Muhammad), “Setemené kawruh ngenani (dina Kiyamat) kuwé ana neng Gusti Allah, ning akéh menungsa sing padha ora mengerténi.”
قُلْ لَّآ اَمْلِكُ لِنَفْسِيْ نَفْعًا وَّلَا ضَرًّا اِلَّا مَا شَاۤءَ اللّٰهُ ۗوَلَوْ كُنْتُ اَعْلَمُ الْغَيْبَ لَاسْتَكْثَرْتُ مِنَ الْخَيْرِۛ وَمَا مَسَّنِيَ السُّوْۤءُ ۛاِنْ اَنَا۠ اِلَّا نَذِيْرٌ وَّبَشِيْرٌ لِّقَوْمٍ يُّؤْمِنُوْنَ ࣖ١٨٨
Qul lā amliku linafsī naf‘aw wa lā ḍarran illā mā syā'allāh(u), wa lau kuntu a‘lamul gaiba-lastakṡartu minal-khair(i) - wa mā massaniyas-sū'(u) - in ana illā nażīruw wa basyīrul liqaumiy yu'minūn(a).
[188]
Dhawuha (Muhammad), “Inyong ora kuwasa nekakna piguna (mampangat) utawa nolak rubéda (mudarat) nggo awaku dhéwék kejaba apa sing dékersakna déning Gusti Allah. Sekirané inyong ngerti sing ora katon (gaib), mesthi inyong gawé kebecikan seakéh-akéhé lan ora bakal détibani bebaya. Inyong mung (wong sing) awéh pengéling-éling, lan sing nggawa werta bebungah tumrap wong-wong sing padha precaya.”
۞ هُوَ الَّذِيْ خَلَقَكُمْ مِّنْ نَّفْسٍ وَّاحِدَةٍ وَّجَعَلَ مِنْهَا زَوْجَهَا لِيَسْكُنَ اِلَيْهَاۚ فَلَمَّا تَغَشّٰىهَا حَمَلَتْ حَمْلًا خَفِيْفًا فَمَرَّتْ بِهٖ ۚفَلَمَّآ اَثْقَلَتْ دَّعَوَا اللّٰهَ رَبَّهُمَا لَىِٕنْ اٰتَيْتَنَا صَالِحًا لَّنَكُوْنَنَّ مِنَ الشّٰكِرِيْنَ١٨٩
Huwal-lażī khalaqakum min nafsiw wāḥidatiw waja‘ala minhā zaujahā liyaskuna ilaihā, falammā tagasysyāhā ḥamalat ḥamlan khafīfan fa marrat bih(ī), falammā aṡqalad da‘awallāha rabbahumā la'in ātaitanā ṣāliḥan lanakūnanna minasy-syākirīn(a).
[189]
Penjenengané sing nyiptakna ko kabéh sekang jiwa sing siji (Adam) lan sekang dhéwéké Penjenengané nyiptakna jodhoné, supayané dhéwéké ngrasa seneng maring (jodhoné) kuwé. Mangka sewisé dhéwéké campuri, (bojoné) mbobot sing énthéng, lan terus dhéwéké ngrasa énthéng (sewetara wektu). Banjur wektu dhéwéké ngrasa abot, wong sekloron (selaki-rabi) nyuwun maring Gusti Allah, Pengérané wong loro mau (karo matur), “Menawi Penjenengan paring dhateng kula kekalih anak ingkang saé (saléh), mesthi kula sami ajeng tansah kesuwun (sukur).”
فَلَمَّآ اٰتٰىهُمَا صَالِحًا جَعَلَا لَهٗ شُرَكَاۤءَ فِيْمَآ اٰتٰىهُمَا ۚفَتَعٰلَى اللّٰهُ عَمَّا يُشْرِكُوْنَ١٩٠
Falammā ātāhumā ṣāliḥan ja‘alā lahū syurakā'a fīmā ātāhumā, fa ta‘ālallāhu ‘ammā yusyrikūn(a).
[190]
Mangka sewisé Penjenengané paring maring sekloroné anak sing apik (saléh), dhéwéké 352 ndadékna sekuthon tumrap Gusti Allah maring anak sing uwis dénugrahakna déning Penjenengané kuwé. Mangka Mahaluhur Gusti Allah sekang apa sing dhéwéké padha sekuthokna.
352) Wong-wong musrik ndadékna sekuthon nggo Pengéran neng ciptanané anak kuwé maksudé anaké dhéwéké padha déanggep kewulané brehala sing dhéwéké sembah. Merga kuwé dhéwéké njenengi anak-anaké karo aran Abdul Uzza, Abdul Manat, Abdus Syam lan liya-liyané.
اَيُشْرِكُوْنَ مَا لَا يَخْلُقُ شَيْـًٔا وَّهُمْ يُخْلَقُوْنَۖ١٩١
Ayusyrikūna mā lā yakhluqu syai'aw wa hum yukhlaqūn(a).
[191]
Kenangapa dhéwéké padha nyekutokna (Gusti Allah karo) sewiji-wiji (brehala) sing ora bisa nyiptakna apa-apa? Mangkané (brehala) kuwé dhéwék déciptakna.
وَلَا يَسْتَطِيْعُوْنَ لَهُمْ نَصْرًا وَّلَآ اَنْفُسَهُمْ يَنْصُرُوْنَ١٩٢
Wa lā yastaṭī‘ūna lahum naṣraw wa lā anfusahum yanṣurūn(a).
[192]
Lan (brehala) kuwé ora bisa awéh pitulungan maring sing nyembah, lan maring awaké dhéwék baé ora bisa awéh pitulungan.
وَاِنْ تَدْعُوْهُمْ اِلَى الْهُدٰى لَا يَتَّبِعُوْكُمْۗ سَوَۤاءٌ عَلَيْكُمْ اَدَعَوْتُمُوْهُمْ اَمْ اَنْتُمْ صٰمِتُوْنَ١٩٣
Wa in tad‘ūhum ilal-hudā lā yattabi‘ūkum, sawā'un ‘alaikum ada‘autumūhum am antum ṣāmitūn(a).
[193]
Lan angger ko kabéh (hé wong-wong musrik) sesambat maring (brehala-brehala) supaya awéh pituduh maring ko kabéh, ora bisa brehala-brehala kuwé ngabulna jalukanmu; padha baé (kasilé) tumrap ko kabéh sesambat maring dhéwéké utawa meneng baé.
اِنَّ الَّذِيْنَ تَدْعُوْنَ مِنْ دُوْنِ اللّٰهِ عِبَادٌ اَمْثَالُكُمْ فَادْعُوْهُمْ فَلْيَسْتَجِيْبُوْا لَكُمْ اِنْ كُنْتُمْ صٰدِقِيْنَ١٩٤
Innal-lażīna tad‘ūna min dūnillāhi ‘ibādun amṡālukum fad‘ūhum falyastajībū lakum in kuntum ṣādiqīn(a).
[194]
Setemené dhéwéké (brehala-brehala) sing ko padha sambati seliyané Gusti Allah kuwé gawéan (makhluk) (sing ora pideksa) sing padha uga karo ko kabéh. Mangka sambatana dhéwéké banjur jorna dhéwéké ngabulna jalukanmu, angger ko kabéh wong sing bener.
اَلَهُمْ اَرْجُلٌ يَّمْشُوْنَ بِهَآ ۖ اَمْ لَهُمْ اَيْدٍ يَّبْطِشُوْنَ بِهَآ ۖ اَمْ لَهُمْ اَعْيُنٌ يُّبْصِرُوْنَ بِهَآ ۖ اَمْ لَهُمْ اٰذَانٌ يَّسْمَعُوْنَ بِهَاۗ قُلِ ادْعُوْا شُرَكَاۤءَكُمْ ثُمَّ كِيْدُوْنِ فَلَا تُنْظِرُوْنِ١٩٥
Alahum arjuluy yamsyūna bihā am lahum aidiy yabṭisyūna bihā am lahum a‘yunuy yubṣirūna bihā am lahum āżānuy yasma‘ūna bihā, qulid‘ū syurakā'akum ṡumma kīdūni falā tunẓirūn(i).
[195]
Apa dhéwéké (brehala-brehala) padha duwé sikil nggo mlaku, utawa duwé tangan nggo nyekel sing kenceng, 353 utawa duwé mata nggo nyawang utawa duwé kuping nggo ngrungokna? Dhawuha (Muhammad), “Celuken (brehala-brehngalamu) sing ko padha anggep sekuthoné Gusti Allah, banjur lakonana apus-apus (nggo nyilakani) inyong, lan aja ko padha tundha maning.
353) Ukara yabtisyun neng kéné détegesi sing keras, maksudé nempiling, ngrusak, nggebug sing rosa lan liyané.
اِنَّ وَلِيِّ َۧ اللّٰهُ الَّذِيْ نَزَّلَ الْكِتٰبَۖ وَهُوَ يَتَوَلَّى الصّٰلِحِيْنَ١٩٦
Inna waliyyiyallāhul-lażī nazzalal-kitāb(a), wa huwa yatawallaṣ-ṣāliḥīn(a).
[196]
Setemené pengayomku yakuwé Gusti Allah sing wis nurunaken Kitab (Al-Qur’an). Penjenengané ngayomi wong-wong sing pantes (saléh).
وَالَّذِيْنَ تَدْعُوْنَ مِنْ دُوْنِهٖ لَا يَسْتَطِيْعُوْنَ نَصْرَكُمْ وَلَآ اَنْفُسَهُمْ يَنْصُرُوْنَ١٩٧
Wal-lażīna tad‘ūna min dūnihī lā yastaṭī‘ūna naṣrakum wa lā anfusahum yanṣurūn(a).
[197]
Lan brehala-brehala sing ko padha sebut seliyané Gusti Allah ora sanggup nulungi ko kabéh, malah ora bisa nulung awaké dhéwék.”
وَاِنْ تَدْعُوْهُمْ اِلَى الْهُدٰى لَا يَسْمَعُوْاۗ وَتَرٰىهُمْ يَنْظُرُوْنَ اِلَيْكَ وَهُمْ لَا يُبْصِرُوْنَ١٩٨
Wa in tad‘ūhum ilal-hudā lā yasma‘ū, wa tarāhum yanẓurūna ilaika wa hum lā yubṣirūn(a).
[198]
Lan angger ko padha nyebut dhéwéké (brehala-brehala) supayané awéh pitudhuh, dhéwéké ora bisa krungu kuwé. Lan ko padha weruh dhéwéké nyawang ko kabéh mangkané dhéwéké padha ora weruh.
خُذِ الْعَفْوَ وَأْمُرْ بِالْعُرْفِ وَاَعْرِضْ عَنِ الْجٰهِلِيْنَ١٩٩
Khużil-‘afwa wa'mur bil-‘urfi wa a‘riḍ ‘anil-jāhilīn(a).
[199]
Dadia (wong) sing awéh ngampura lan préntahna wong supaya nglakoni kebecikan (makruf), lan aja perdulekna wong-wong sing bodho.
وَاِمَّا يَنْزَغَنَّكَ مِنَ الشَّيْطٰنِ نَزْغٌ فَاسْتَعِذْ بِاللّٰهِ ۗاِنَّهٗ سَمِيْعٌ عَلِيْمٌ٢٠٠
Wa immā yanzagannaka minasy-syaiṭāni nazgun fasta‘iż billāh(i), innahū samī‘un ‘alīm(un).
[200]
Lan angger sétan teka nggodha ko, mangka nyuwuna pengayoman maring Gusti Allah. 354 Temen, Penjenengané Maha Midhanget, Maha Ngawuningani.
354) Maca A’udzubillahiminasy-syaitanir-rajim.
اِنَّ الَّذِيْنَ اتَّقَوْا اِذَا مَسَّهُمْ طٰۤىِٕفٌ مِّنَ الشَّيْطٰنِ تَذَكَّرُوْا فَاِذَا هُمْ مُّبْصِرُوْنَۚ٢٠١
Innal-lażīnattaqau iżā massahum ṭā'ifum minasy-syaiṭāni tażakkarū fa iżā hum mubṣirūn(a).
[201]
Setemené wong-wong sing padha semarah (takwa) angger dhéwéké détutna déning pikiran jahat (nglakoni dosa) sekang sétan, dhéwéké padha gagiyan éling maring Gusti Allah, mangka wektu kuwé uga dhéwéké padha weruh (keluputan-keluputané).
وَاِخْوَانُهُمْ يَمُدُّوْنَهُمْ فِى الْغَيِّ ثُمَّ لَا يُقْصِرُوْنَ٢٠٢
Wa ikhwānuhum yamuddūnahum fil-gayyi ṡumma lā yuqṣirūn(a).
[202]
Lan kanca-kancané dhéwéké (wong kapir lan pasék) ngréwangi sétan-sétan olihé nyasarna lan dhéwéké padha ora mandheg-mandheg (nyasarna).
وَاِذَا لَمْ تَأْتِهِمْ بِاٰيَةٍ قَالُوْا لَوْلَا اجْتَبَيْتَهَاۗ قُلْ اِنَّمَآ اَتَّبِعُ مَا يُوْحٰٓى اِلَيَّ مِنْ رَّبِّيْۗ هٰذَا بَصَاۤىِٕرُ مِنْ رَّبِّكُمْ وَهُدًى وَّرَحْمَةٌ لِّقَوْمٍ يُّؤْمِنُوْنَ٢٠٣
Wa iżā lam ta'tihim bi'āyatin qālū lau lajtabaitahā, qul inamā attabi‘u mā yūḥā ilayya mir rabbī, hāżā baṣā'iru mir rabbikum wa hudaw wa raḥmatul liqaumiy yu'minūn(a).
[203]
Lan angger sliramu (Muhammad) ora macakna sewijiné ayat maring dhéwéké kabéh, dhéwéké padha ngucap, “Kenangapa sliramu ora gawé dhéwék ayat kuwé?” Dhawuha (Muhammad), “Setemené inyong mung ndhérék apa sing déwahyukna Pengéranku maring inyong. (Al-Qur’an) kiyé bukti-bukti sing nyata sekang Pengéranmu, pituduh lan kewelasan nggo wong-wong sing padha precaya.”
وَاِذَا قُرِئَ الْقُرْاٰنُ فَاسْتَمِعُوْا لَهٗ وَاَنْصِتُوْا لَعَلَّكُمْ تُرْحَمُوْنَ٢٠٤
Wa iżā quri'al-qur'ānu fastami‘ū lahū wa anṣitū la‘allakum turḥamūn(a).
[204]
Lan angger déwacakna Al-Qur’an, mangka rungokna lan menenga, supayané ko padha olih kewelasan. 355
355) Angger padha déwacakna Al-Qur’an inyong kabéh déwajibna ngrungokna lan nggatékna karo meneng, neng njero sembayang utawa neng njaba sembayang, kejaba neng sembayang bebarengan (jamangah), makmum kena maca surah Al-Fatihah dhéwék utawa ngrungokna thok wektu imam maca ayat-ayat Al-Qur’an.
وَاذْكُرْ رَّبَّكَ فِيْ نَفْسِكَ تَضَرُّعًا وَّخِيْفَةً وَّدُوْنَ الْجَهْرِ مِنَ الْقَوْلِ بِالْغُدُوِّ وَالْاٰصَالِ وَلَا تَكُنْ مِّنَ الْغٰفِلِيْنَ٢٠٥
Ważkur rabbaka fī nafsika taḍarru‘aw wa khīfataw wa dūnal-jahri minal-qauli bil-guduwwi wal-āṣāli wa lā takum minal-gāfilīn(a).
[205]
Lan élinga (maring) Pengéranmu neng njero atimu kanthi andhap asor lan rasa wedi, lan kanthi ora nyerokna sewara, neng wektu ésuk lan soré, lan aja nganti ko klebu wong-wong sing ora ngati-ati.
اِنَّ الَّذِيْنَ عِنْدَ رَبِّكَ لَا يَسْتَكْبِرُوْنَ عَنْ عِبَادَتِهٖ وَيُسَبِّحُوْنَهٗ وَلَهٗ يَسْجُدُوْنَ ࣖ ۩٢٠٦
Innal-lażīna ‘inda rabbika lā yastakbirūna ‘an ‘ibādatihī wa yusabbiḥūnahū wa lahū yasjudūn(a).
[206]
Setemené wong-wong sing ana neng sisihé Pengéranmu ora ngrasa ngedhap nyembah Gusti Allah lan dhéwéké padha nyucékna Penjenengané lan mung maring Penjenengané dhéwéké padha nyembah (sujud). 356
356) kiyé salah sijiné ayat sajadah sing désunahna dhéwék sujud seuwisé wacané utawa ngrungu,nalika lagi sembayang utawa neng njaba sembayang. Sujud kiyé déjenengi sujud tilawah.