Surah Al-Qalam

Daftar Surah
0:00
0:00

بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
نۤ ۚوَالْقَلَمِ وَمَا يَسْطُرُوْنَۙ١
Nūn, wal-qalami wa mā yasṭurūn(a).
[1] Nuun. Sekawit (sekawit) pén lan apa sing dhéwéké padha tulis.

مَآ اَنْتَ بِنِعْمَةِ رَبِّكَ بِمَجْنُوْنٍ٢
Mā anta bini‘mati rabbika bimajnūn(in).
[2] Kanthi kenugrahané Pengéranmu sliramu (Muhammad) nyata udu wong édan.

وَاِنَّ لَكَ لَاَجْرًا غَيْرَ مَمْنُوْنٍۚ٣
Wa inna laka la'ajran gaira mamnūn(in).
[3] Lan setemené sliramu mesthi olih ganjaran sing gedhé sing ora nana pedhoté.

وَاِنَّكَ لَعَلٰى خُلُقٍ عَظِيْمٍ٤
Wa innaka la‘alā khuluqin ‘aẓīm(in).
[4] Lan setemené sliramu nyata-nyata duwé pekerti sing luhur.

فَسَتُبْصِرُ وَيُبْصِرُوْنَۙ٥
Fasatubṣiru wa yubṣirūn(a).
[5] Mangka mbésuk sliramu bakal weruh lan dhéwéké (wong-wong kapir) uga arep weruh.

بِاَيِّىكُمُ الْمَفْتُوْنُ٦
Bi'ayyikumul-maftūn(u).
[6] sapa neng antarané ko padha sing édan?

اِنَّ رَبَّكَ هُوَ اَعْلَمُ بِمَنْ ضَلَّ عَنْ سَبِيْلِهٖۖ وَهُوَ اَعْلَمُ بِالْمُهْتَدِيْنَ٧
Inna rabbaka huwa a‘lamu biman ḍalla ‘an sabīlih(ī), wa huwa a‘lamu bil-muhtadīn(a).
[7] Temen, Pengéranmu, Penjenengané sing paling ngawuningani sapa sing kesasar sekang dalan-É; lan Penjenengané sing paling ngawuningani sapa wongé sing olih pituduh.

فَلَا تُطِعِ الْمُكَذِّبِيْنَ٨
Falā tuṭi‘il-mukażżibīn(a).
[8] Mangka aja pisan-pisan sliramu manut maring wong-wong sing nggorohna (ayat-ayat-É Gusti Allah).

وَدُّوْا لَوْ تُدْهِنُ فَيُدْهِنُوْنَۚ٩
Waddū lau tudhinu fayudhinūn(a).
[9] Dhéwéké padha kepéngin supaya sliramu temindak aris mangka dhéwéké padha temindak aris (uga).

وَلَا تُطِعْ كُلَّ حَلَّافٍ مَّهِيْنٍۙ١٠
Wa lā tuṭi‘ kulla ḥallāfim mahīn(in).
[10] Lan aja pisan-pisan sliramu manuti saben wong sing seneng sumpah lan seneng ngina,

هَمَّازٍ مَّشَّاۤءٍۢ بِنَمِيْمٍۙ١١
Hammāzim masysyā'im binamīm(in).
[11] seneng nyacad, sing nganah-ngenéh nyebarena pitnah,

مَّنَّاعٍ لِّلْخَيْرِ مُعْتَدٍ اَثِيْمٍۙ١٢
Mannā‘il lil-khairi mu‘tadin aṡīm(in).
[12] sing ngalang-alangi sekabéhé sing apik, sing ngliwati wates lan akéh dosané,

عُتُلٍّۢ بَعْدَ ذٰلِكَ زَنِيْمٍۙ١٣
‘Utullim ba‘da żālika zanīm(in).
[13] sing wateké brangasan, kejaba kuwé uga kondhang jahaté.

اَنْ كَانَ ذَا مَالٍ وَّبَنِيْنَۗ١٤
An kāna żā māliw wa banīn(a).
[14] merga dhéwéké sugih lan akéh anaké 844
844) Wong sing duwé anak lan sugih lewih kepenak olih bala. Ning angger dhéwéké duwé sipat kesebut neng ayat 13, dhéwéké ora kena détutna.

اِذَا تُتْلٰى عَلَيْهِ اٰيٰتُنَا قَالَ اَسَاطِيْرُ الْاَوَّلِيْنَۗ١٥
Iżā tutlā ‘alaihi āyātunā qāla asāṭīrul-awwalīn(a).
[15] Angger ayat-ayat-É Ingsun déwacakna maring wong-wong kuwé, dhéwéké padha ngucap, “(Kiyé) dongeng-dongengé wong gemiyén.”

سَنَسِمُهٗ عَلَى الْخُرْطُوْمِ١٦
Sanasimuhū ‘alal-khurṭūm(i).
[16] Mbésuk dhéwéké bakal Ingsun paringi tandha neng telalé-(né). 845
845) Sing démaksud “telalé” neng kéné yakuwé irung. Dé-enggone tembung telalé neng kéné nggo ngina.

اِنَّا بَلَوْنٰهُمْ كَمَا بَلَوْنَآ اَصْحٰبَ الْجَنَّةِۚ اِذْ اَقْسَمُوْا لَيَصْرِمُنَّهَا مُصْبِحِيْنَۙ١٧
Innā balaunāhum kamā balaunā aṣḥābal-jannah(ti), iż aqsamū layaṣrimunnahā muṣbiḥīn(a).
[17] Temen, Ingsun wis nguji dhéwéké kabéh (wong musrik Mekah) kayadéné Ingsun wis nguji wong-wong sing duwé kebon, rikala dhéwéké padha sumpah mesthi bakal ngundhuh (kasilé) neng wayah esuké,

وَلَا يَسْتَثْنُوْنَ١٨
Wa lā yastaṡnūn(a).
[18] ning dhéwéké padha ora ngengahi (kanthi ngucap “insya Allah”).

فَطَافَ عَلَيْهَا طَاۤىِٕفٌ مِّنْ رَّبِّكَ وَهُمْ نَاۤىِٕمُوْنَ١٩
Fa ṭāfa ‘alaihā ṭā'ifum mir rabbika wa hum nā'imūn(a).
[19] Banjur kebon kuwé ketiban marabaya (sing teka) sekang Pengéranmu rikala dhéwéké padha turu.

فَاَصْبَحَتْ كَالصَّرِيْمِۙ٢٠
Fa aṣbaḥat kaṣ-ṣarīm(i).
[20] Mangka dadiné kebon kuwé ireng kaya wengi sing peteng-dhédhet, 846
846) Mangka kobong kebon kuwé lan sing kéri areng sing ireng kaya wengi.

فَتَنَادَوْا مُصْبِحِيْنَۙ٢١
Fa tanādau muṣbiḥīn(a).
[21] banjur neng dina esuké dhéwéké padha celuk-celukan.

اَنِ اغْدُوْا عَلٰى حَرْثِكُمْ اِنْ كُنْتُمْ صٰرِمِيْنَ٢٢
Anigdū ‘alā ḥarṡikum in kuntum ṣārimīn(a).
[22] “Padha mangkata ko kabéh ésuk-ésuk maring kebonmu angger ko arep padha ngundhuh panén.”

فَانْطَلَقُوْا وَهُمْ يَتَخَافَتُوْنَۙ٢٣
Fanṭalaqū wa hum yatakhāfatūn(a).
[23] Mangka dhéwéké padha mangkat karo krisik-krisik.

اَنْ لَّا يَدْخُلَنَّهَا الْيَوْمَ عَلَيْكُمْ مِّسْكِيْنٌۙ٢٤
Allā yadkhulannahal-yauma ‘alaikum miskīn(un).
[24] “Neng dina kiyé aja nganti ana wong mlarat mlebu maring kebonmu.”

وَّغَدَوْا عَلٰى حَرْدٍ قٰدِرِيْنَ٢٥
Wa gadau ‘alā ḥardin qādirīn(a).
[25] Lan padha mangkat dhéwéké kabéh esuk-esuk kanthi niat ngalang-alangi (wong-wong mlarat) mangkané dhéwéké padha bisa (nulungi wong-wong kuwé).

فَلَمَّا رَاَوْهَا قَالُوْٓا اِنَّا لَضَاۤلُّوْنَۙ٢٦
Falammā ra'auhā qālū innā laḍāllūn(a).
[26] Mangka rikala dhéwéké padha weruh kebon kuwé, dhéwéké kabéh ngucap, “Temen, inyong kabéh kiyé nyata-nyata wong-wong sing padha kesasar.

بَلْ نَحْنُ مَحْرُوْمُوْنَ٢٧
Bal naḥnu maḥrūmūn(a).
[27] Malah inyong padha ora olih apa-apa,”

قَالَ اَوْسَطُهُمْ اَلَمْ اَقُلْ لَّكُمْ لَوْلَا تُسَبِّحُوْنَ٢٨
Qāla ausaṭuhum alam aqul lakum lau lā tusabbiḥūn(a).
[28] ngucap wong sing paling temuwa neng antarané dhéwéké kabéh, “Apa ora inyong wis ngucap maring ko kabéh, kenangapa ko ora padha maha-nyucekna (maca tasbéh maring Pengéranmu).” 847
847) Kesuwun maring nékmat-É lan ora deniyati sewijiné barang sing kosok balen karo préntahé Gusti Allah, kaya niat ora bakal awéh maring fakir miskin.

قَالُوْا سُبْحٰنَ رَبِّنَآ اِنَّا كُنَّا ظٰلِمِيْنَ٢٩
Qālū subḥāna rabbinā innā kunnā ẓālimīn(a).
[29] Dhéwéké padha ngucap, “Mahasuci Pengérané inyong kabéh, temen, inyong wong-wong sing padha aniaya (dolim).”

فَاَقْبَلَ بَعْضُهُمْ عَلٰى بَعْضٍ يَّتَلَاوَمُوْنَ٣٠
Fa'aqbala ba‘ḍuhum ‘alā ba‘ḍiy yatalāwamūn(a).
[30] Banjur dhéwéké padha adhep-adhepan lan padhadéné nyalahna.

قَالُوْا يٰوَيْلَنَآ اِنَّا كُنَّا طٰغِيْنَ٣١
Qālū yā wailanā innā kunnā ṭāgīn(a).
[31] Dhéwéké padha ngucap, “Cilaka pisan dhéwék kabéh! Setemené dhéwék kabéh wong-wong sing padha ngliwati wates.

عَسٰى رَبُّنَآ اَنْ يُّبْدِلَنَا خَيْرًا مِّنْهَآ اِنَّآ اِلٰى رَبِّنَا رٰغِبُوْنَ٣٢
‘Asā rabbunā ay yubdilanā khairam minhā innā ilā rabbinā rāgibūn(a).
[32] Moga-moga Pengéran maringi ganti maring dhéwék kabéh kanthi (kebon) sing lewih apik tenimbang sing kiyé, temen, dhéwék kabéh ngarep-arep pengampura sekang Pengérané dhéwék kabéh.”

كَذٰلِكَ الْعَذَابُۗ وَلَعَذَابُ الْاٰخِرَةِ اَكْبَرُۘ لَوْ كَانُوْا يَعْلَمُوْنَ ࣖ٣٣
Każālikal-‘ażāb(u), wa la‘ażābul-ākhirati akbar(u), lau kānū ya‘lamūn(a).
[33] Kaya kuwé siksa (neng dunya). Lan temen, siksané akhérat lewih gedhé sekirané dhéwéké padha ngaweruhi. 848
848) Gusti Allah nerangna lamon Penjenengané nguji warga Mekah kanthi ngganjar nékmat sing akéh nggo ngerténi apa dhéwéké padha kesuwun apa ora, kayadéné Gusti Allah wis nguji maring sing padha duwé kebon. Akhiré sing padha duwé kebon insap lan mlebu Islam kanthi gemrudug sewisé teluké kota Mekah.

اِنَّ لِلْمُتَّقِيْنَ عِنْدَ رَبِّهِمْ جَنّٰتِ النَّعِيْمِ٣٤
Inna lil-muttaqīna ‘inda rabbihim jannātin-na‘īm(i).
[34] Temen, tumrap wong-wong sing padha takwa (desedhiakna) suwarga sing lubér kénékmatan neng sisihé Pengérané.

اَفَنَجْعَلُ الْمُسْلِمِيْنَ كَالْمُجْرِمِيْنَۗ٣٥
Afanaj‘alul-muslimīna kal-mujrimīn(a).
[35] Apa pantes Ingsun merlakokna maring wong-wong Islam kuwé kayadéné (maring) wong-wong sing padha dosa (wong kapir)? 849
849) Maksudé, neng prekara piwales sing desediakena déning Gusti Allah nggo dhéwéké sekloroné.

مَا لَكُمْۗ كَيْفَ تَحْكُمُوْنَۚ٣٦
Mā lakum, kaifa taḥkumūn(a).
[36] Kenangapa ko padha (temindak kaya kuwé)? Kepriwé ko padha gawé keputusan?

اَمْ لَكُمْ كِتٰبٌ فِيْهِ تَدْرُسُوْنَۙ٣٧
Am lakum kitābun fīhi tadrusūn(a).
[37] Utawa apa ko padha duwé kitab (sing déturunaken déning Gusti Allah) sing ko padha sinaoni?

اِنَّ لَكُمْ فِيْهِ لَمَا تَخَيَّرُوْنَۚ٣٨
Inna lakum fīhi lamā takhayyarūn(a).
[38] setemené ko padha bisa milih apa baé sing ana neng njeroné.

اَمْ لَكُمْ اَيْمَانٌ عَلَيْنَا بَالِغَةٌ اِلٰى يَوْمِ الْقِيٰمَةِۙ اِنَّ لَكُمْ لَمَا تَحْكُمُوْنَۚ٣٩
Am lakum aimānun ‘alainā bāligatun ilā yaumil-qiyāmah(ti), inna lakum lamā taḥkumūn(a).
[39] Utawa apa ko padha nampa (janji-janji sing dekuwatna kanthi) sumpah sekang Ingsun, sing tetep patrap butul dina Kiyamat; lamon ko padha bisa gawé putusan (sekarepmu)?

سَلْهُمْ اَيُّهُمْ بِذٰلِكَ زَعِيْمٌۚ٤٠
Salhum ayyuhum biżālika za‘īm(un).
[40] Takokna maring wong-wong kuwé, “Sapa neng antarané dhéwéké sing tanggungjawab ingatasé (keputusan sing dégawé kuwé)?”

اَمْ لَهُمْ شُرَكَاۤءُۚ فَلْيَأْتُوْا بِشُرَكَاۤىِٕهِمْ اِنْ كَانُوْا صٰدِقِيْنَ٤١
Am lahum syurakā'(u), falya'tū bisyurakā'ihim in kānū ṣādiqīn(a).
[41] Utawa apa dhéwéké padha duwé sekuthon-sekuthon? Angger kaya kuwé preyoga dhé-wéké padha nekakna sekuthon-sekuthoné angger dhéwéké wong-wong sing padha bener.

يَوْمَ يُكْشَفُ عَنْ سَاقٍ وَّيُدْعَوْنَ اِلَى السُّجُوْدِ فَلَا يَسْتَطِيْعُوْنَۙ٤٢
Yauma yuksyafu ‘an sāqiw wa yud‘auna ilas-sujūdi falā yastaṭī‘ūn(a).
[42] (Élinga) neng sewiji dina rikala kempol desingkabna 850 lan dhéwéké deomongi supaya sujud; mangka dhéwéké padha ora kewawa, 851
850) Nggambarna kahanan wong sing lagi kewedén sing arep mlayu merga nggilaniné gonjang-ganjingé dina Kiyamat. 851) Dhéwéké padha dépréntah supaya sujud kuwé nggo nguji keprecayaané dhéwéké, mangkané dhéwéké ora sanggup maning merga ros-rosan balungé wis ringkih lan siksa wis ngubengi dhéwéké.

خَاشِعَةً اَبْصَارُهُمْ تَرْهَقُهُمْ ذِلَّةٌ ۗوَقَدْ كَانُوْا يُدْعَوْنَ اِلَى السُّجُوْدِ وَهُمْ سٰلِمُوْنَ٤٣
Khāsyi‘atan abṣāruhum tarhaquhum żillah(tun), wa qad kānū yud‘auna ilas-sujūdi wa hum sālimun(a).
[43] penyawangé dhéwéké padha ndhingkluk maring ngisor, délingkupi kenisthan. Lan temen, gemiyén (neng dhunya) dhéwéké wis padha deomongi supaya sujud rikala dhéwéké waras (ning dhéwéké ora padha nglakoni).

فَذَرْنِيْ وَمَنْ يُّكَذِّبُ بِهٰذَا الْحَدِيْثِۗ سَنَسْتَدْرِجُهُمْ مِّنْ حَيْثُ لَا يَعْلَمُوْنَۙ٤٤
Fażarnī wa may yukażżibu bihāżal-ḥadīṡi sanastadrijuhum min ḥaiṡu lā ya‘lamūn(a).
[44] Mangka pasrahna maring Ingsun (urusané) lan wong-wong sing padha nggorohna sabda kiyé (Al-Qur’an). Mbésuk bakal Ingsun ukum dhéwéké ganti-gentén sekang prenah sing dhéwéké ora padha kaweruhi,

وَاُمْلِيْ لَهُمْۗ اِنَّ كَيْدِيْ مَتِيْنٌ٤٥
Wa umlī lahum, inna kaidī matīn(un).
[45] lan Ingsun paring semayan wektu maring dhéwéké. Temen, rencanané Ingsun banget teguhé.

اَمْ تَسْـَٔلُهُمْ اَجْرًا فَهُمْ مِّنْ مَّغْرَمٍ مُّثْقَلُوْنَۚ٤٦
Am tas'aluhum ajran fahum mim magramim muṡqalūn(a).
[46] Utawa apa sliramu (Muhammad) njaluk upah maring dhéwéké kabéh, saéngga dhéwéké padha debot-bot kanthi utang?

اَمْ عِنْدَهُمُ الْغَيْبُ فَهُمْ يَكْتُبُوْنَ٤٧
Am ‘indahumul-gaibu fahum yaktubūn(a).
[47] Utawa apa dhéwéké padha ngaweruhi sing ora keton (gaib), banjur dhéwéké padha nulis kuwé?

فَاصْبِرْ لِحُكْمِ رَبِّكَ وَلَا تَكُنْ كَصَاحِبِ الْحُوْتِۘ اِذْ نَادٰى وَهُوَ مَكْظُوْمٌۗ٤٨
Faṣbir liḥukmi rabbika wa lā takun kaṣāḥibil-ḥūt(i), iż nādā wa huwa makẓūm(un).
[48] Mangka sing sabar sliramu (Muhammad) maring ketetepané Pengéranmu, lan aja pisan-pisan sliramu kayadéné (Yunus) wong sing ana neng njeroné (weteng) iwak rikala dhéwéké nyenyuwun kanthi ati susah.

لَوْلَآ اَنْ تَدٰرَكَهٗ نِعْمَةٌ مِّنْ رَّبِّهٖ لَنُبِذَ بِالْعَرَاۤءِ وَهُوَ مَذْمُوْمٌ٤٩
Lau lā an tadārakahū ni‘matum mir rabbihī lanubiża bil-‘arā'i wa huwa mażmūm(un).
[49] Sekirané dhéwéké ora gagiyan nampa nékmat sekang Pengérané, mesthi dhéwéké debuwang maring lemah cengkar neng kahanan nistha.

فَاجْتَبٰىهُ رَبُّهٗ فَجَعَلَهٗ مِنَ الصّٰلِحِيْنَ٥٠
Fajtabāhu rabbuhū faja‘alahū minaṣ-ṣāliḥīn(a).
[50] Banjur Pengérané milih lan ndadékna dhéwéké klebu wong sing apik.

وَاِنْ يَّكَادُ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا لَيُزْلِقُوْنَكَ بِاَبْصَارِهِمْ لَمَّا سَمِعُوا الذِّكْرَ وَيَقُوْلُوْنَ اِنَّهٗ لَمَجْنُوْنٌ ۘ٥١
Wa iy yakādul-lażīna kafarū layuzliqūnaka bi'abṣārihim lammā sami‘uż żikra wa yaqūlūna innahū lamajnūn(un).
[51] Lan temen, wong-wong kapir kuwé méh baé padha mlesetna sliramu kabéh kanthi sawangan matané dhéwéké, rikala dhéwéké krungu Al-Qur’an lan dhéwéké padha ngucap, “Dhéwéké (Muhammad) kuwé nyata-nyata wong ora waras.” 852
852) Miturut adat sing lemaku neng tanah Arab, sewijiné wong bisa maténi kéwan utawa menungsa kanthi nidhokna pendelengé sing landhep. Penggawéan kuwé arep detamakna maring Nabi Muhammad s.a.w. ning Gusti Allah ngreksa Kanjeng Nabi saéngga kalis sekang sambekala kuwé, kaya wis déjanjékna déning Gusti Allah neng Al-Maidah ayat 67. Kekuwatan pendelengan mata kuwé neng jaman siki déarani hipnotis.

وَمَا هُوَ اِلَّا ذِكْرٌ لِّلْعٰلَمِيْنَ ࣖ٥٢
Wa mā huwa illā żikrul lil-‘ālamīn(a).
[52] Mangkané Al-Qur’an kuwé ora liya (dadi) pengéling-éling tumrap sekabéh ngalam.