Surah At-Tahrim
Daftar Surah
0:00
0:00
بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
يٰٓاَيُّهَا النَّبِيُّ لِمَ تُحَرِّمُ مَآ اَحَلَّ اللّٰهُ لَكَۚ تَبْتَغِيْ مَرْضَاتَ اَزْوَاجِكَۗ وَاللّٰهُ غَفُوْرٌ رَّحِيْمٌ١
Yā ayyuhan-nabiyyu lima tuḥarrimu mā aḥallallāhu lak(a), tabtagī marḍāta azwājik(a), wallāhu gafūrur raḥīm(un).
[1]
Hé Nabi! Kenangapa sliramu nglarang (ngaramna) apa sing déparengna (dehalalna) déning Gusti Allah tumrap sliramu? Sliramu kepéngin nyenengna atiné garwa-garwamu? Lan Gusti Allah Maha Ngampura, Mahawelas.
قَدْ فَرَضَ اللّٰهُ لَكُمْ تَحِلَّةَ اَيْمَانِكُمْۚ وَاللّٰهُ مَوْلٰىكُمْۚ وَهُوَ الْعَلِيْمُ الْحَكِيْمُ٢
Qad faraḍallāhu lakum taḥillata aimānikum, wallāhu maulākum, wa huwal-‘alīmul-ḥakīm(u).
[2]
Temen, Gusti Allah wis ngwajibna maring sliramu mbebasna awakmu sekang sumpahmu; lan Gusti Allah kuwé pengayomé sliramu lan Penjenengané Maha Ngawuningani, Mahawicaksana.
وَاِذْ اَسَرَّ النَّبِيُّ اِلٰى بَعْضِ اَزْوَاجِهٖ حَدِيْثًاۚ فَلَمَّا نَبَّاَتْ بِهٖ وَاَظْهَرَهُ اللّٰهُ عَلَيْهِ عَرَّفَ بَعْضَهٗ وَاَعْرَضَ عَنْۢ بَعْضٍۚ فَلَمَّا نَبَّاَهَا بِهٖ قَالَتْ مَنْ اَنْۢبَاَكَ هٰذَاۗ قَالَ نَبَّاَنِيَ الْعَلِيْمُ الْخَبِيْرُ٣
Wa iż asarran-nabiyyu ilā ba‘ḍi azwājihī ḥadīṡā(n), falammā nabba'at bihī wa aẓharahullāhu ‘alaihi ‘arrafa ba‘ḍahū wa a‘raḍa ‘am baḍ(in), falammā nabba'ahā bihī qālat man amba'aka hāżā, qāla nabba'aniyal-‘alīmul-khabīr(u).
[3]
Lan élinga rikala kanthi sidhem-sidheman Nabi ngandhahna sewijiné kedadéan maring salah siji garwané (Hafsah). Banjur dhéwéké nyritakna kedadéan kuwé (maring Aisyah) lan Gusti Allah paring ngerti kedadéan kuwé maring dhéwéké (Nabi), banjur (Nabi) awéh ngerti (maring Hafsah) sebagéan lan ngumpetna sebagéan sing liyané. Mangka rikala dhéwéké (Nabi) awéh ngerti kandhahan kuwé maring dhéwéké (Hafsah), dhéwéké takon, “Sapa sing paring ngerti prekara kiyé maring sampéyan?” Nabi njawab, “Sing paring ngerti maring inyong yakuwé Gusti Allah sing Maha Ngawuningani, Mahanastiti.”
اِنْ تَتُوْبَآ اِلَى اللّٰهِ فَقَدْ صَغَتْ قُلُوْبُكُمَاۚ وَاِنْ تَظٰهَرَا عَلَيْهِ فَاِنَّ اللّٰهَ هُوَ مَوْلٰىهُ وَجِبْرِيْلُ وَصَالِحُ الْمُؤْمِنِيْنَۚ وَالْمَلٰۤىِٕكَةُ بَعْدَ ذٰلِكَ ظَهِيْرٌ٤
In tatūbā ilallāhi faqad ṣagat qulūbukumā, wa in taẓāharā ‘alaihi fa innallāha huwa maulāhu wa jibrīlu wa ṣāliḥul-mu'minīn(a), wal-malā'ikatu ba‘da żālika ẓahīr(un).
[4]
Angger ko sekloron padha mertobat maring Gusti Allah, mangka temen, atimu sekloron wis temungkul (nggo nampa bebener); lan angger ko sekloron padha brayan nyusahna Nabi, mangka temen Gusti Allah dadi pengayomé lan (uga) Jibril lan wong-wong mukmin sing apik; lan seliyané kuwé malaékat-malaékat (dadi) penulungé.
عَسٰى رَبُّهٗٓ اِنْ طَلَّقَكُنَّ اَنْ يُّبْدِلَهٗٓ اَزْوَاجًا خَيْرًا مِّنْكُنَّ مُسْلِمٰتٍ مُّؤْمِنٰتٍ قٰنِتٰتٍ تٰۤىِٕبٰتٍ عٰبِدٰتٍ سٰۤىِٕحٰتٍ ثَيِّبٰتٍ وَّاَبْكَارًا٥
‘Asā rabbuhū in ṭallaqakunna ay yubdilahū azwājan khairam minkunna muslimātim mu'minātin qānitātin tā'ibātin ‘ābidātin sā'iḥātin ṡayyibātiw wa abkārā(n).
[5]
Angger dhéwéké (Nabi) megat ko kabéh, bisa uga Gusti Allah bakal paring ganti maring dhéwéké kanthi garwa-garwa sing lewih apik ketimbang ko kabéh, wong-wong wadon sing manut, sing precaya, sing miturut, sing mertobat, sing ngabekti, sing puasa, sing randha lan sing prawan.
يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا قُوْٓا اَنْفُسَكُمْ وَاَهْلِيْكُمْ نَارًا وَّقُوْدُهَا النَّاسُ وَالْحِجَارَةُ عَلَيْهَا مَلٰۤىِٕكَةٌ غِلَاظٌ شِدَادٌ لَّا يَعْصُوْنَ اللّٰهَ مَآ اَمَرَهُمْ وَيَفْعَلُوْنَ مَا يُؤْمَرُوْنَ٦
Yā ayyuhal-lażīna āmanū qū anfusakum wa ahlīkum nāraw waqūduhan-nāsu wal-ḥijāratu ‘alaihā malā'ikatun gilāẓun syidādul lā ya‘ṣūnallāha mā amarahum wa yaf‘alūna mā yu'marūn(a).
[6]
Hé wong-wong sing padha precaya! Reksanen awakmu lan keluwargamu sekang geni neraka sing suluhé kuwé menungsa lan watu; tukang jagané malaékat-malaékat sing mbrangas, lan keras, sing ora duraka maring Gusti Allah ingatasé apa sing dédhawuhna maring dhéwéké lan tansah nandangi apa sing dépréntahna.
يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ كَفَرُوْا لَا تَعْتَذِرُوا الْيَوْمَۗ اِنَّمَا تُجْزَوْنَ مَا كُنْتُمْ تَعْمَلُوْنَ ࣖ٧
Yā ayyuhal-lażīna kafarū lā ta‘tażīrul-yaum(a), innamā tujzauna mā kuntum ta‘malūn(a).
[7]
Hé wong-wong sing padha mbangkang (kapir)! Aja pisan-pisan ko padha ngetokna alesan neng dina kiyé. Setemené ko mung padha déparingi piwales miturut apa sing ko padha pergawé.
يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا تُوْبُوْٓا اِلَى اللّٰهِ تَوْبَةً نَّصُوْحًاۗ عَسٰى رَبُّكُمْ اَنْ يُّكَفِّرَ عَنْكُمْ سَيِّاٰتِكُمْ وَيُدْخِلَكُمْ جَنّٰتٍ تَجْرِيْ مِنْ تَحْتِهَا الْاَنْهٰرُۙ يَوْمَ لَا يُخْزِى اللّٰهُ النَّبِيَّ وَالَّذِيْنَ اٰمَنُوْا مَعَهٗۚ نُوْرُهُمْ يَسْعٰى بَيْنَ اَيْدِيْهِمْ وَبِاَيْمَانِهِمْ يَقُوْلُوْنَ رَبَّنَآ اَتْمِمْ لَنَا نُوْرَنَا وَاغْفِرْ لَنَاۚ اِنَّكَ عَلٰى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيْرٌ٨
Yā ayyuhal-lażīna āmanū tūbū ilallāhi taubatan naṣūḥā(n), ‘asā rabbukum ay yukaffira ‘ankum sayyi'ātikum wa yudkhilakum jannātin tajrī min taḥtihal-anhār(u), yauma lā yukhzillāhun-nabiyya wal-lażīna āmanū ma‘ah(ū), nūruhum yas‘ā baina aidīhim wa bi'aimānihim yaqūlūna rabbanā atmim lanā nūranā wagfir lanā, innaka ‘alā kulli syai'in qadīr(un).
[8]
Hé wong-wong sing padha precaya! Padha mertobata ko kabéh maring Gusti Allah kanthi tobat sing sebener-beneré, moga-moga Pengéranmu bakal ngampurani kesalahan-kesalahanmu lan nglebokna ko kabéh maring suwarga-suwarga sing mili neng ngisoré bengawan-bengawan, neng sewijiné dina sing Gusti Allah ora ngeciwakna Nabi lan wong-wong sing padha precaya bareng karo dhéwéké; éwadéné cahyané dhéwéké kabéh semorot neng ngarep lan sisih tengené dhéwéké karo ngucap, “Dhuh Pengéran kula sami, mugi nyempurnakaken kanggé kula sedaya cahyané kula lan mugi ngampurani kula sedaya; éstu, Penjenengan Mahakewaos ingatasé sedaya samukawis.”
يٰٓاَيُّهَا النَّبِيُّ جَاهِدِ الْكُفَّارَ وَالْمُنٰفِقِيْنَ وَاغْلُظْ عَلَيْهِمْۗ وَمَأْوٰىهُمْ جَهَنَّمُۗ وَبِئْسَ الْمَصِيْرُ٩
Yā ayyuhan-nabiyyu jāhidil-kuffāra wal-munāfiqīna wagluẓ ‘alaihim, wa ma'wāhum jahannam(u), wa bi'sal-maṣīr(u).
[9]
Hé Nabi! Perangia wong-wong kapir lan wong-wong lamis (munapék) lan temindaka sing keras maring dhéwéké kabéh. Panggona-né dhéwéké yakuwé neraka Jahanam lan kuwé seala-alané panggonan bali.
ضَرَبَ اللّٰهُ مَثَلًا لِّلَّذِيْنَ كَفَرُوا امْرَاَتَ نُوْحٍ وَّامْرَاَتَ لُوْطٍۗ كَانَتَا تَحْتَ عَبْدَيْنِ مِنْ عِبَادِنَا صَالِحَيْنِ فَخَانَتٰهُمَا فَلَمْ يُغْنِيَا عَنْهُمَا مِنَ اللّٰهِ شَيْـًٔا وَّقِيْلَ ادْخُلَا النَّارَ مَعَ الدّٰخِلِيْنَ١٠
Ḍaraballāhu maṡalal lil-lażīna kafarumra'ata nūḥiw wamra'ata lūṭ(in), kānatā taḥta ‘abdaini min ‘ibādinā ṣāliḥaini fa khānatāhumā falam yugniyā ‘anhumā minallāhi syai'aw wa qīladkhulan-nāra ma‘ad-dākhilīn(a).
[10]
Gusti Allah gawé peumpaman nggo wong-wong kapir, bojoné Nuh lan bojoné Lut. Sekloroné ana neng pengreksané kewula loro sing saléh neng antarané kewula-kewulané Ingsun; banjur bojo-bojo sing loro kuwé padha nyidrani maring lanangé, ning lanangé sekloron (Nuh lan Lut) ora bisa babar pisan mbantu dhéwéké kabéh sekang (siksané) Gusti Allah; lan deucapena (maring bojo kuwé sekloroné), “Mara mlebua ko sekloroné maring neraka bareng wong-wong sing padha mlebu (neraka).”
وَضَرَبَ اللّٰهُ مَثَلًا لِّلَّذِيْنَ اٰمَنُوا امْرَاَتَ فِرْعَوْنَۘ اِذْ قَالَتْ رَبِّ ابْنِ لِيْ عِنْدَكَ بَيْتًا فِى الْجَنَّةِ وَنَجِّنِيْ مِنْ فِرْعَوْنَ وَعَمَلِهٖ وَنَجِّنِيْ مِنَ الْقَوْمِ الظّٰلِمِيْنَۙ١١
Wa ḍaraballāhu maṡalal lil-lażīna āmanumra'ata fir‘aun(a), iż qālat rabbibni lī ‘indaka baitan fil jannati wa najjinī min fir‘auna wa ‘amalihī wa najjinī minal qaumiẓ-ẓālimīn(a).
[11]
Lan Gusti Allah gawé peumpaman nggo wong-wong sing padha precaya, bojoné Fir’aun, rikala dhéwéké ngucap. “Dhuh Pengéran kula, mugi damelaken nggé kula griya wonten sisihipun Penjenengan wonten suwargi lan mugi slametaken kula saking Fir’aun lan temindakipun, lan mugi slametaken kula saking kaum ingkang aniaya (dolim),”
وَمَرْيَمَ ابْنَتَ عِمْرٰنَ الَّتِيْٓ اَحْصَنَتْ فَرْجَهَا فَنَفَخْنَا فِيْهِ مِنْ رُّوْحِنَا وَصَدَّقَتْ بِكَلِمٰتِ رَبِّهَا وَكُتُبِهٖ وَكَانَتْ مِنَ الْقٰنِتِيْنَ ࣖ ۔١٢
Wa maryamabnata ‘imrānal-latī aḥṣanat farjahā fa nafakhnā fīhi mir rūḥinā wa ṣaddaqat bikalimāti rabbihā wa kutubihī wa kānat minal-qānitīn(a).
[12]
lan Maryam anak wadoné Imran sing ngreksa kormatan (kesucian)é, mangka Ingsun sebulna maring njero gua garbané (rahim) sebagéan sekang ruh (gawéané) Ingsun; lan dhéwéké mbenerna kalimah-kalimah-É Pengérané lan kitab-kitab-É; lan dhéwéké kelebu wong-wong sing padha manut-miturut.