Surah At-Tagabun
Daftar Surah
0:00
0:00
بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
يُسَبِّحُ لِلّٰهِ مَا فِى السَّمٰوٰتِ وَمَا فِى الْاَرْضِۗ لَهُ الْمُلْكُ وَلَهُ الْحَمْدُۖ وَهُوَ عَلٰى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيْرٌ١
Yusabbiḥu lillāhi mā fis-samāwāti wa mā fil-arḍ(i), lahul-mulku wa lahul-ḥamdu wa huwa ‘alā kulli syai'in qadīr(un).
[1]
Apa sing ana neng langit lan apa sing ana neng bumi tansah padha maha-nyucekna (maca tasbéh) maring Gusti Allah; kagungan Penjenengané sekabéh praja lan kagungan Penjenengané (uga) sekabéh pemuji; lan Penjenengané Mahakewasa ingatasé samubarang kabéh.
هُوَ الَّذِيْ خَلَقَكُمْ فَمِنْكُمْ كَافِرٌ وَّمِنْكُمْ مُّؤْمِنٌۗ وَاللّٰهُ بِمَا تَعْمَلُوْنَ بَصِيْرٌ٢
Huwal-lażī khalaqakum fa minkum kāfiruw wa minkum mu'min(un), wallāhu bimā ta‘malūna baṣīr(un).
[2]
Penjenengané sing nyiptakena ko kabéh, banjur neng antarané ko kabéh ana sing kapir lan neng antarané ko kabéh (uga) ana sing mukmin. Lan Gusti Allah Maha Mriksani apa sing ko padha pergawé.
خَلَقَ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضَ بِالْحَقِّ وَصَوَّرَكُمْ فَاَحْسَنَ صُوَرَكُمْۚ وَاِلَيْهِ الْمَصِيْرُ٣
Khalaqas-samāwāti wal-arḍa bil-ḥaqqi wa ṣawwarakum fa'aḥsana ṣuwarakum, wa ilaihil-maṣīr(u).
[3]
Penjenengané nyiptakena langit lan bumi kanthi (tujuan) sing sejati, Penjenengané mbangun rupamu banjur mbagusi rupamu, lan maring Penjenengané panggonan bali.
يَعْلَمُ مَا فِى السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِ وَيَعْلَمُ مَا تُسِرُّوْنَ وَمَا تُعْلِنُوْنَۗ وَاللّٰهُ عَلِيْمٌ ۢبِذَاتِ الصُّدُوْرِ٤
Ya‘lamu mā fis-samāwāti wal-arḍi wa ya‘lamu mā tusirrūna wa mā tu‘linūn(a), wallāhu ‘alīmum biżātiṣ-ṣudūr(i).
[4]
Penjenengané ngawuningani apa sing neng langit lan neng bumi, lan ngawuningani apa sing ko padha umpetna lan apa sing ko padha edhéngna. Lan Gusti Allah Maha Ngawuningani sekabéh isiné ati.
اَلَمْ يَأْتِكُمْ نَبَؤُا الَّذِيْنَ كَفَرُوْا مِنْ قَبْلُ ۖفَذَاقُوْا وَبَالَ اَمْرِهِمْ وَلَهُمْ عَذَابٌ اَلِيْمٌ٥
Alam ya'tikum naba'ul-lażīna kafarū min qabl(u), fa żāqū wabāla amrihim wa lahum ‘ażābun alīm(un).
[5]
Apa urung butul maring ko kabéh (wong-wong kapir) wertané wong-wong kapir gemiyén? Mangka dhéwéké wis padha ngrasakna akibat sing ala sekang penggawéané lan dhéwéké padha nampa siksa sing perih.
ذٰلِكَ بِاَنَّهٗ كَانَتْ تَّأْتِيْهِمْ رُسُلُهُمْ بِالْبَيِّنٰتِ فَقَالُوْٓا اَبَشَرٌ يَّهْدُوْنَنَاۖ فَكَفَرُوْا وَتَوَلَّوْا وَّاسْتَغْنَى اللّٰهُ ۗوَاللّٰهُ غَنِيٌّ حَمِيْدٌ٦
Żālika bi'annahū kānat ta'tīhim rusuluhum bil-bayyināti fa qālū abasyaruy yahdūnanā, fa kafarū wa tawallau wastagnallāh(u), wallāhu ganiyyun ḥamīd(un).
[6]
Sing mengkana kuwé merga setemené rikala rasul-rasul teka maring wong-wong kuwé (nggawa) keterangan-keterangan banjur dhéwéké padha ngucap, “Apa (pantes) menungsa sing awéh pituduh maring inyong kabéh?” Banjur dhéwéké padha ingkar lan mléngos; mangkané Gusti Allah ora mbutuhna (dhéwéké kabéh). Lan Gusti Allah Mahasugih, Maha Pinuji.
زَعَمَ الَّذِيْنَ كَفَرُوْٓا اَنْ لَّنْ يُّبْعَثُوْاۗ قُلْ بَلٰى وَرَبِّيْ لَتُبْعَثُنَّ ثُمَّ لَتُنَبَّؤُنَّ بِمَا عَمِلْتُمْۗ وَذٰلِكَ عَلَى اللّٰهِ يَسِيْرٌ٧
Za‘amal-lażīna kafarū allay yub‘aṡū, qul balā wa rabbī latub‘aṡunna ṡumma latunabba'unna bimā ‘amiltum, wa żālika ‘alallāhi yasīr(un).
[7]
Wong-wong sing mbangkang (kapir) padha ngira, lamon dhéwéké ora bakal détangékna. Dhawuha (Muhammad), “Ora mengkana kuwé, sekawit (sekawit) Pengéranku, ko kabéh mesthi détangékna, banjur dewertakna kabéh sing ko padha pergawé.” Lan sing mengkana kuwé gampang mungguh Gusti Allah.
فَاٰمِنُوْا بِاللّٰهِ وَرَسُوْلِهٖ وَالنُّوْرِ الَّذِيْٓ اَنْزَلْنَاۗ وَاللّٰهُ بِمَا تَعْمَلُوْنَ خَبِيْرٌ٨
Fa āminū billāhi wa rasūlihī wan-nūril-lażī anzalnā, wallāhu bimā ta‘malūna khabīr(un).
[8]
Mangka padha precayaa (precaya) ko kabéh maring Gusti Allah lan Rasul-É lan maring cahya (Al-Qur’an) sing wis Ingsun turunaken. Lan Gusti Allah Mahanastiti ingatasé apa sing ko padha pergawé.
يَوْمَ يَجْمَعُكُمْ لِيَوْمِ الْجَمْعِ ذٰلِكَ يَوْمُ التَّغَابُنِۗ وَمَنْ يُّؤْمِنْۢ بِاللّٰهِ وَيَعْمَلْ صَالِحًا يُّكَفِّرْ عَنْهُ سَيِّاٰتِهٖ وَيُدْخِلْهُ جَنّٰتٍ تَجْرِيْ مِنْ تَحْتِهَا الْاَنْهٰرُ خٰلِدِيْنَ فِيْهَآ اَبَدًاۗ ذٰلِكَ الْفَوْزُ الْعَظِيْمُ٩
Yauma yajma‘ukum liyaumil-jam‘i żālika yaumut-tagābun(i), wa may yu'mim billāhi wa ya‘mal ṣāliḥay yukaffir ‘anhu sayyi'ātihī wa yudkhilhu jannātin tajrī min taḥtihal-anhāru khālidīna fīhā abadā(n), żālikal-fauzul-‘aẓīm(u).
[9]
(Élinga) maring dina (rikala) Gusti Allah ngumpulna ko kabéh neng dinané ngumpul, kuwé dina mbukak kesalahan-kesalahan. Lan sapa wongé sing precaya maring Gusti Allah lan padha mergawé kebecikan, mesthi Gusti Allah bakal mbusek kesalahan-kesalahané lan nglebokna maring suwarga sing mili neng ngisoré bengawan-bengawan, dhéwéké padha langgeng neng njeroné. Kuwé kemenangan sing gedhé.
وَالَّذِيْنَ كَفَرُوْا وَكَذَّبُوْا بِاٰيٰتِنَآ اُولٰۤىِٕكَ اَصْحٰبُ النَّارِ خٰلِدِيْنَ فِيْهَاۗ وَبِئْسَ الْمَصِيْرُ ࣖ١٠
Wal-lażīna kafarū wa każżabū bi'āyātinā ulā'ika aṣḥābun-nāri khālidīna fīhā, wa bi'sal-maṣīr(u).
[10]
Lan wong-wong sing kapir lan padha nggorohna ayat-ayat-É Ingsun, dhéwéké kuwé sing ngenggoni neraka, dhéwéké langgeng neng njeroné selawas-lawasé. Lan kuwé seala-alané panggonan bali.
مَآ اَصَابَ مِنْ مُّصِيْبَةٍ اِلَّا بِاِذْنِ اللّٰهِ ۗوَمَنْ يُّؤْمِنْۢ بِاللّٰهِ يَهْدِ قَلْبَهٗ ۗوَاللّٰهُ بِكُلِّ شَيْءٍ عَلِيْمٌ١١
Mā aṣāba mim muṣībatin illā bi'iżnillāh(i), wa may yu'mim billāhi yahdi qalbah(ū), wallāhu bikulli syai'in ‘alīm(un).
[11]
Ora nana sewijiné rubéda sing temiba (maring sewenéh wong), kejaba kanthi idiné Gusti Allah; lan sapa wongé precaya maring Gusti Allah mesthi Gusti Allah bakal paring pituduh maring atiné. Lan Gusti Allah Maha Ngawuningani samubarang kabéh.
وَاَطِيْعُوا اللّٰهَ وَاَطِيْعُوا الرَّسُوْلَۚ فَاِنْ تَوَلَّيْتُمْ فَاِنَّمَا عَلٰى رَسُوْلِنَا الْبَلٰغُ الْمُبِيْنُ١٢
Wa aṭī‘ullāha wa aṭī‘ur-rasūl(a), fa'in tawallaitum fa innamā ‘alā rasūlinal-balāgul-mubīn(u).
[12]
Lan padha manuta maring Gusti Allah lan manuta maring Rasul. Angger ko padha mléngos mangka setemené kewajibané Utusané Ingsun mung mbutulna (titipané Gusti Allah) kanthi gamblang.
اَللّٰهُ لَآ اِلٰهَ اِلَّا هُوَۗ وَعَلَى اللّٰهِ فَلْيَتَوَكَّلِ الْمُؤْمِنُوْنَ١٣
Allāhu lā ilāha illā huw(a), wa ‘alallāhi falyatawakkalil-mu'minūn(a).
[13]
(Penjenengané) Gusti Allah, ora nana sembahan kejaba Penjenengané. Lan preyogané wong-wong mukmin padha pasrah (tawakal) maring Gusti Allah.
يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْٓا اِنَّ مِنْ اَزْوَاجِكُمْ وَاَوْلَادِكُمْ عَدُوًّا لَّكُمْ فَاحْذَرُوْهُمْۚ وَاِنْ تَعْفُوْا وَتَصْفَحُوْا وَتَغْفِرُوْا فَاِنَّ اللّٰهَ غَفُوْرٌ رَّحِيْمٌ١٤
Yā ayyuhal-lażīna āmanū inna min azwājikum wa aulādikum ‘aduwwal lakum faḥżarūhum, wa in ta‘fū wa taṣfaḥū wa tagfirū fa innallāha gafūrur raḥīm(un).
[14]
Hé wong-wong sing padha precaya! Setemené neng antarané bojo-bojomu lan anak-anakmu ana sing dadi mungsuh tumrap ko kabéh, 843 mangka padha ngati-atia ko kabéh maring dhéwéké; lan angger ko padha aris lan ko padha welasi lan (uga) ngampurani (dhéwéké kabéh), mangka temen, Gusti Allah Maha Ngampura, Mahaasih.
843) Kadhang-kadhang bojo utawa anak bisa mlésétna lanangé utawa ramané nggo nglakoni penggawé-penggawéan sing ora débenerna déning agama.
اِنَّمَآ اَمْوَالُكُمْ وَاَوْلَادُكُمْ فِتْنَةٌ ۗوَاللّٰهُ عِنْدَهٗٓ اَجْرٌ عَظِيْمٌ١٥
Innamā amwālukum wa aulādukum fitnah(tun), wallāhu ‘indahū ajrun ‘aẓīm(un).
[15]
Setemené bandhamu lan anak-anakmu mung coban (tumrap ko kabéh), lan neng sisihé Gusti Allah ganjaran sing gedhé.
فَاتَّقُوا اللّٰهَ مَا اسْتَطَعْتُمْ وَاسْمَعُوْا وَاَطِيْعُوْا وَاَنْفِقُوْا خَيْرًا لِّاَنْفُسِكُمْۗ وَمَنْ يُّوْقَ شُحَّ نَفْسِهٖ فَاُولٰۤىِٕكَ هُمُ الْمُفْلِحُوْنَ١٦
Fattaqullāha mastaṭa‘tum wasma‘ū wa aṭī‘ū wa anfiqū khairal li'anfusikum, wa may yūqa syuḥḥa nafsihī fa ulā'ika humul-mufliḥūn(a).
[16]
Mangka padha semaraha (takwa) ko kabéh maring Gusti Allah miturut kesanggupanmu lan rungokna lan manuta; lan sumbangna (infak) bandha sing apik nggo awakmu. Lan sapa wongé dejaga awaké sekang sipat medhit, dhéwéké kelebu wong-wong sing padha begya.
اِنْ تُقْرِضُوا اللّٰهَ قَرْضًا حَسَنًا يُّضٰعِفْهُ لَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْۗ وَاللّٰهُ شَكُوْرٌ حَلِيْمٌۙ١٧
In tuqriḍullāha qarḍan ḥasanay yuḍā‘ifhu lakum wa yagfir lakum, wallāhu syakūrun ḥalīm(un).
[17]
Angger ko padha ngutangi maring Gusti Allah kanthi utangan sing becik, mesthi Penjenengané nikel-tekukna (piwales) nggo ko lan ngampurani ko kabéh. Lan Gusti Allah Maha Ngesuwuni, Mahaaris.
عٰلِمُ الْغَيْبِ وَالشَّهَادَةِ الْعَزِيْزُ الْحَكِيْمُ ࣖ١٨
‘Ālimul-gaibi wasy-syahādatil-‘azīzul-ḥakīm(u).
[18]
Sing Ngawuningani sing ora keton (gaib) lan sing nyata. Sing Mahadigdaya, Mahawicaksana.