Surah Al-Jumu’ah

Daftar Surah
0:00
0:00

بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
يُسَبِّحُ لِلّٰهِ مَا فِى السَّمٰوٰتِ وَمَا فِى الْاَرْضِ الْمَلِكِ الْقُدُّوْسِ الْعَزِيْزِ الْحَكِيْمِ١
Yusabbiḥu lillāhi mā fis-samāwāti wa mā fil-arḍil-malikil-quddūsil-‘azīzil-ḥakīm(i).
[1] Apa sing ana neng langit lan apa sing ana neng bumi tansah padha maha-nyucekna (maca tasbéh) maring Gusti Allah; Maharaja, Sing Mahasuci, Sing Mahadigdaya, Mahawicaksana.

هُوَ الَّذِيْ بَعَثَ فِى الْاُمِّيّٖنَ رَسُوْلًا مِّنْهُمْ يَتْلُوْا عَلَيْهِمْ اٰيٰتِهٖ وَيُزَكِّيْهِمْ وَيُعَلِّمُهُمُ الْكِتٰبَ وَالْحِكْمَةَ وَاِنْ كَانُوْا مِنْ قَبْلُ لَفِيْ ضَلٰلٍ مُّبِيْنٍۙ٢
Huwal-lażī ba‘aṡa fil-ummiyyīna rasūlam minhum yatlū ‘alaihim āyātihī wa yuzakkīhim wa yu‘allimuhumul-kitāba wal-ḥikmata wa in kānū min qablu lafī ḍalālim mubīn(in).
[2] Penjenengané sing ngutus sewijiné Rasul maring kaum sing wuta aksara sekang kalangané wong-wong kuwé dhéwék, sing macakna maring wong-wong kuwé ayat-ayat-É, nyucékna (jiwané) dhéwéké lan mulangna maring dhéwéké Kitab lan Hikmah (Sunnah), senajan seurungé, dhéwéké kabéh temen-temen sejeroné kesasar sing nyata.

وَّاٰخَرِيْنَ مِنْهُمْ لَمَّا يَلْحَقُوْا بِهِمْۗ وَهُوَ الْعَزِيْزُ الْحَكِيْمُۙ٣
Wa ākharīna minhum lammā yalḥaqū bihim, wa huwal-‘azīzul-ḥakīm(u).
[3] Lan (uga) maring kaum sing liya sekang dhéwéké sing urung srawungan karo dhéwéké kabéh. Lan Penjenengané Sing Mahadigdaya, Mahawicaksana.

ذٰلِكَ فَضْلُ اللّٰهِ يُؤْتِيْهِ مَنْ يَّشَاۤءُۗ وَاللّٰهُ ذُو الْفَضْلِ الْعَظِيْمِ٤
Żālika faḍlullāhi yu'tīhi may yasyā'(u), wallāhu żul-faḍlil-‘aẓīm(i).
[4] Mengkana kuwé ganjarané Gusti Allah sing déparingna maring sapa sing Penjenengané kersakna. Lan Gusti Allah kagungan kenugrahan sing gedhé.

مَثَلُ الَّذِيْنَ حُمِّلُوا التَّوْرٰىةَ ثُمَّ لَمْ يَحْمِلُوْهَا كَمَثَلِ الْحِمَارِ يَحْمِلُ اَسْفَارًاۗ بِئْسَ مَثَلُ الْقَوْمِ الَّذِيْنَ كَذَّبُوْا بِاٰيٰتِ اللّٰهِ ۗوَاللّٰهُ لَا يَهْدِى الْقَوْمَ الظّٰلِمِيْنَ٥
Maṡalul-lażīna ḥummilut-taurāta ṡumma lam yaḥmilūhā kamaṡalil-ḥimāri yaḥmilu asfārā(n), bi'sa maṡalul-qaumil-lażīna każżabū bi'āyātillāh(i), wallāhu lā yahdil-qaumaẓ-ẓālimīn(a).
[5] Peumpaman wong-wong sing déparingi dhawuh nggawa Taurat, banjur dhéwéké padha ora nggawa (ora nglakoni ajarané) yakuwé kaya jaran khimar (keledai) sing nggawa kitab-kitab sing kandhel. Banget alané peumpamané kaum sing nggorohna ayat-ayat-É Gusti Allah. Lan Gusti Allah ora paring pituduh maring wong-wong sing padha aniaya (dolim).

قُلْ يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ هَادُوْٓا اِنْ زَعَمْتُمْ اَنَّكُمْ اَوْلِيَاۤءُ لِلّٰهِ مِنْ دُوْنِ النَّاسِ فَتَمَنَّوُا الْمَوْتَ اِنْ كُنْتُمْ صٰدِقِيْنَ٦
Qul yā ayyuhal-lażīna hādū in za‘amtum annakum auliyā'u lillāhi min dūnin-nāsi fa tamannawul-mauta in kuntum ṣādiqīn(a).
[6] Dhawuha (Muhammad), “Hé wong-wong Yahudi! Angger ko padha ngira lamon ko kabéh (sing dadi) kekasihé Gusti Allah, udu wong-wong sing liya, mangka padha ngarep-arepa kematianmu, angger ko kabéh wong sing bener.”

وَلَا يَتَمَنَّوْنَهٗٓ اَبَدًاۢ بِمَا قَدَّمَتْ اَيْدِيْهِمْۗ وَاللّٰهُ عَلِيْمٌۢ بِالظّٰلِمِيْنَ٧
Wa lā yatamannaunahū abadam bimā qaddamat aidīhim, wallāhu ‘alīmum biẓ-ẓālimīn(a).
[7] Lan dhéwéké ora bakal padha ngarep-arep kematian kuwé selawasé jalaran kejahatan sing wis padha dhéwéké pergawé kanthi tangané dhéwék. Lan Gusti Allah Maha Ngawuningani maring wong-wong sing padha aniaya (dolim).

قُلْ اِنَّ الْمَوْتَ الَّذِيْ تَفِرُّوْنَ مِنْهُ فَاِنَّهٗ مُلٰقِيْكُمْ ثُمَّ تُرَدُّوْنَ اِلٰى عَالِمِ الْغَيْبِ وَالشَّهَادَةِ فَيُنَبِّئُكُمْ بِمَا كُنْتُمْ تَعْمَلُوْنَ ࣖ٨
Qul innal-mautal-lażī tafirrūna minhu fa innahū mulāqīkum ṡumma turaddūna ilā ‘ālimil-gaibi wasy-syahādati fa yunabbi'ukum bimā kuntum ta‘malūn(a).
[8] Ucapna, “Setemené pati sing ko padha mlayu sekang kuwé, dhéwéké mesthi nemoni ko kabéh, banjur ko bakal padha débalékna maring Gusti Allah, sing ngawuningani sing ora keton (gaib) lan sing nyata, banjur Penjenengané wertakna maring ko kabéh apa sing wis ko padha pergawé.”

يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْٓا اِذَا نُوْدِيَ لِلصَّلٰوةِ مِنْ يَّوْمِ الْجُمُعَةِ فَاسْعَوْا اِلٰى ذِكْرِ اللّٰهِ وَذَرُوا الْبَيْعَۗ ذٰلِكُمْ خَيْرٌ لَّكُمْ اِنْ كُنْتُمْ تَعْلَمُوْنَ٩
Yā ayyuhal-lażīna āmanū iżā nūdiya liṣ-ṣalāti miy yaumil-jumu‘ati fas‘au ilā żikrillāhi wa żarul-bai‘(a), żālikum khairul lakum in kuntum ta‘lamūn(a).
[9] Hé wong-wong sing padha precaya! Angger wis deundang supaya padha nglakoni sembayang neng dina Jemuah, mangka gagiyan ko padha éling (maring) Gusti Allah lan tinggalna dol-tinuku. Sing mengkana kuwé lewih apik tumrap ko kabéh angger ko padha ngaweruhi.

فَاِذَا قُضِيَتِ الصَّلٰوةُ فَانْتَشِرُوْا فِى الْاَرْضِ وَابْتَغُوْا مِنْ فَضْلِ اللّٰهِ وَاذْكُرُوا اللّٰهَ كَثِيْرًا لَّعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ١٠
Fa iżā quḍiyatiṣ-ṣalātu fantasyirū fil-arḍi wabtagū min faḍlillāhi ważkurullāha kaṡīral la‘allakum tufliḥūn(a).
[10] Angger sembayang wis délakoni, mangka padha semebara ko kabéh neng bumi; goléta kenugrahané Gusti Allah lan padha élinga (maring) Gusti Allah seakéh-akéhé supaya ko kabéh begya.

وَاِذَا رَاَوْا تِجَارَةً اَوْ لَهْوًا ۨانْفَضُّوْٓا اِلَيْهَا وَتَرَكُوْكَ قَاۤىِٕمًاۗ قُلْ مَا عِنْدَ اللّٰهِ خَيْرٌ مِّنَ اللَّهْوِ وَمِنَ التِّجَارَةِۗ وَاللّٰهُ خَيْرُ الرّٰزِقِيْنَ ࣖ١١
Wa iżā ra'au tijāratan au lahwaninfaḍḍū ilaihā wa tarakūka qā'imā(n), qul mā ‘indallāhi khairum minal-lahwi wa minat-tijārah(ti), wallāhu khairur-rāziqīn(a).
[11] Lan angger wong-wong kuwé weruh dol-tinuku utawa dolanan, dhéwéké padha gagiyan mérek maring nganah lan dhéwéké padha ninggal sliramu (Muhammad) lagi jumeneng (khotbah). Dhawuha, “Apa sing ana neng sisihé Gusti Allah lewih apik tenimbang dolanan lan dol-tinuku,” lan Gusti Allah juru paring rejeki sing paling apik.