Surah As-Saff
Daftar Surah
0:00
0:00
بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
سَبَّحَ لِلّٰهِ مَا فِى السَّمٰوٰتِ وَمَا فِى الْاَرْضِۚ وَهُوَ الْعَزِيْزُ الْحَكِيْمُ١
Sabbaḥa lillāhi mā fis-samāwāti wa mā fil-arḍ(i), wa huwal-‘azīzul-ḥakīm(u).
[1]
Apa sing ana neng langit lan apa sing ana neng bumi padha maha-nyecekna (maca tasbéh) maring Gusti Allah; lan Penjenengané Sing Mahadigdaya, Mahawicaksana.
يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا لِمَ تَقُوْلُوْنَ مَا لَا تَفْعَلُوْنَ٢
Yā ayyuhal-lażīna āmanū lima taqūlūna mā lā taf‘alūn(a).
[2]
Hé wong-wong sing padha precaya! Kenangapa ko padha ngucapna sewiji-wiji sing ko padha ora lakoni?
كَبُرَ مَقْتًا عِنْدَ اللّٰهِ اَنْ تَقُوْلُوْا مَا لَا تَفْعَلُوْنَ٣
Kabura maqtan ‘indallāhi an taqūlū mā lā taf‘alūn(a).
[3]
(Kuwé) banget dewadhehi neng sisihé Gusti Allah angger ko padha ngucapna apa-apa sing ko kabéh ora lakoni.
اِنَّ اللّٰهَ يُحِبُّ الَّذِيْنَ يُقَاتِلُوْنَ فِيْ سَبِيْلِهٖ صَفًّا كَاَنَّهُمْ بُنْيَانٌ مَّرْصُوْصٌ٤
Innallāha yuḥibbul-lażīna yuqātilūna fī sabīlihī ṣaffan ka'annahum bun-yānum marṣūṣ(un).
[4]
Setemené Gusti Allah ngarenani wong-wong sing padha perang neng dalan-É sejeroné barisan sing bares, dhéwéké kabéh kaya-kaya sewijiné bangunan sing temata kukuh.
وَاِذْ قَالَ مُوْسٰى لِقَوْمِهٖ يٰقَوْمِ لِمَ تُؤْذُوْنَنِيْ وَقَدْ تَّعْلَمُوْنَ اَنِّيْ رَسُوْلُ اللّٰهِ اِلَيْكُمْۗ فَلَمَّا زَاغُوْٓا اَزَاغَ اللّٰهُ قُلُوْبَهُمْۗ وَاللّٰهُ لَا يَهْدِى الْقَوْمَ الْفٰسِقِيْنَ٥
Wa iż qāla mūsā liqaumihī yā qaumi lima tu'żūnanī wa qad ta‘lamūna annī rasūlullāhi ilaikum, falammā zāgū azāgallāhu qulūbahum, wallāhu lā yahdil-qaumal-fāsiqīn(a).
[5]
Lan (élinga) rikala Musa ngucap maring kaumé, “Hé kaumku! Kenangapa ko padha nglarani inyong, mangkané ko kabéh temen ngaweruhi lamon inyong setemené utusané Gusti Allah maring ko kabéh?” Mangka rikala wong-wong kuwé padha mléngos (sekang bebener), Gusti Allah mléngosna atiné dhéwéké kabéh. 840 Lan Gusti Allah ora paring pituduh maring kaum sing padha dosa (pasék).
840) Merga dhéwéké padha mléngos sekang bebener, mangka Gusti Allah ngejorna kesasar atiné saéngga dhéwéké tambah adoh sekang bebener.
وَاِذْ قَالَ عِيْسَى ابْنُ مَرْيَمَ يٰبَنِيْٓ اِسْرَاۤءِيْلَ اِنِّيْ رَسُوْلُ اللّٰهِ اِلَيْكُمْ مُّصَدِّقًا لِّمَا بَيْنَ يَدَيَّ مِنَ التَّوْرٰىةِ وَمُبَشِّرًاۢ بِرَسُوْلٍ يَّأْتِيْ مِنْۢ بَعْدِى اسْمُهٗٓ اَحْمَدُۗ فَلَمَّا جَاۤءَهُمْ بِالْبَيِّنٰتِ قَالُوْا هٰذَا سِحْرٌ مُّبِيْنٌ٦
Wa iż qāla ‘īsabnu maryama yā banī isrā'īla innī rasūlullāhi ilaikum muṣaddiqal limā baina yadayya minat-taurāti wa mubasysyiram birasūliy ya'tī mim ba‘dismuhū aḥmad(u), falammā jā'ahum bil-bayyināti qālū hāżā siḥrum mubīn(un).
[6]
Lan (élinga) rikala Isa putrané Maryam ngucap, “Hé Bani Israil! Setemené inyong utusané Gusti Allah maring ko kabéh, sing mbenerna kitab (sing temurun) seurungé inyong, yakuwé Taurat lan awéh werta bebungah kanthi sewijiné Utusan sing bakal teka sewisé inyong, sing asmané Ahmad (Muhammad).” Ning rikala Rasul kuwé teka kanthi nggawa bukti-bukti sing nyata, dhéwéké padha ngucap, “Kiyé sihir sing nyata.”
وَمَنْ اَظْلَمُ مِمَّنِ افْتَرٰى عَلَى اللّٰهِ الْكَذِبَ وَهُوَ يُدْعٰىٓ اِلَى الْاِسْلَامِۗ وَاللّٰهُ لَا يَهْدِى الْقَوْمَ الظّٰلِمِيْنَ٧
Wa man aẓlamu mimmaniftarā ‘alallāhil-każiba wa huwa yud‘ā ilal-islām(i), wallāhu lā yahdil-qaumaẓ-ẓālimīn(a).
[7]
Lan sapa sing lewih aniaya (dolim) tenimbang wong sing gawé apus-apus maring Gusti Allah, mangkané dhéwéké padha dejék maring (agama) Islam? Lan Gusti Allah ora paring pituduh maring wong-wong sing aniaya (dolim).
يُرِيْدُوْنَ لِيُطْفِـُٔوْا نُوْرَ اللّٰهِ بِاَفْوَاهِهِمْۗ وَاللّٰهُ مُتِمُّ نُوْرِهٖ وَلَوْ كَرِهَ الْكٰفِرُوْنَ٨
Yurīdūna liyuṭfi'ū nūrallāhi bi'afwāhihim, wallāhu mutimmu nūrihī wa lau karihal-kāfirūn(a).
[8]
Wong-wong kuwé arep padha nyirep cahya (agamané) Gusti Allah kanthi lésan (ucapan-ucapané) dhéwéké, ning Gusti Allah tetep nyempurnakna cahya-Né senajan wong-wong kapir padha wadhéh (maring kuwé).
هُوَ الَّذِيْٓ اَرْسَلَ رَسُوْلَهٗ بِالْهُدٰى وَدِيْنِ الْحَقِّ لِيُظْهِرَهٗ عَلَى الدِّيْنِ كُلِّهٖۙ وَلَوْ كَرِهَ الْمُشْرِكُوْنَ ࣖ٩
Wa huwal-lażī arsala rasūlahū bil-hudā wa dīnil-ḥaqqi liyuẓhirahū ‘alad-dīni kullih(ī), wa lau karihal-musyrikūn(a).
[9]
Penjenengané sing ngutus Rasul-É kanthi nggawa pituduh lan agama sing bener, nggo menangna (agama kuwé) ingatasé sekabéh agama senajan wong-wong musrik padha wadhéh (maring kuwé).
يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا هَلْ اَدُلُّكُمْ عَلٰى تِجَارَةٍ تُنْجِيْكُمْ مِّنْ عَذَابٍ اَلِيْمٍ١٠
Yā ayyuhal-lażīna āmanū hal adullukum ‘alā tijāratin tunjīkum min ‘ażābin alīm(in).
[10]
Hé wong-wong sing padha precaya! Apa ko padha gelem Ingsun tidhokna sewijiné dagang sing bisa nylametna ko kabéh sekang siksa sing perih?
تُؤْمِنُوْنَ بِاللّٰهِ وَرَسُوْلِهٖ وَتُجَاهِدُوْنَ فِيْ سَبِيْلِ اللّٰهِ بِاَمْوَالِكُمْ وَاَنْفُسِكُمْۗ ذٰلِكُمْ خَيْرٌ لَّكُمْ اِنْ كُنْتُمْ تَعْلَمُوْنَۙ١١
Tu'minūna billāhi wa rasūlihī wa tujāhidūna fī sabīlillāhi bi'amwālikum wa anfusikum, żālikum khairul lakum in kuntum ta‘lamūn(a).
[11]
(Yakuwé) ko padha precaya maring Gusti Allah lan Rasul-É lan padha lelabuh (jihad) neng dalané Gusti Allah kanthi bandha lan nyawamu. Kuwé sing lewih apik tumrap ko kabéh angger ko padha mengerténi,
يَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوْبَكُمْ وَيُدْخِلْكُمْ جَنّٰتٍ تَجْرِيْ مِنْ تَحْتِهَا الْاَنْهٰرُ وَمَسٰكِنَ طَيِّبَةً فِيْ جَنّٰتِ عَدْنٍۗ ذٰلِكَ الْفَوْزُ الْعَظِيْمُۙ١٢
Yagfir lakum żunūbakum wa yudkhilkum jannātin tajrī min taḥtihal-anhāru wa masākina ṭayyibatan fī jannāti ‘adn(in), żālikal-fauzul-‘aẓīm(u).
[12]
mesthi Gusti Allah ngampurani dosa-dosamu lan nglebokna ko kabéh maring suwarga sing mili neng ngisoré bengawan-bengawan, lan maring papan-papan panggonan sing apik neng njeroné suwarga Ngaden (‘Adn). Kuwé kemenangan sing agung.
وَاُخْرٰى تُحِبُّوْنَهَاۗ نَصْرٌ مِّنَ اللّٰهِ وَفَتْحٌ قَرِيْبٌۗ وَبَشِّرِ الْمُؤْمِنِيْنَ١٣
Wa ukhrā tuḥibbūnahā, naṣrum minallāhi wa fatḥun qarīb(un), wa basysyiril-mu'minīn(a).
[13]
Lan (ana maning) ganjaran sing liya sing ko padha senengi (yakuwé) pitulungan sekang Gusti Allah lan kemenangan sing pérek (wektuné). Lan butulna werta bebungah maring wong-wong mukmin.
يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا كُوْنُوْٓا اَنْصَارَ اللّٰهِ كَمَا قَالَ عِيْسَى ابْنُ مَرْيَمَ لِلْحَوَارِيّٖنَ مَنْ اَنْصَارِيْٓ اِلَى اللّٰهِ ۗقَالَ الْحَوَارِيُّوْنَ نَحْنُ اَنْصَارُ اللّٰهِ فَاٰمَنَتْ طَّاۤىِٕفَةٌ مِّنْۢ بَنِيْٓ اِسْرَاۤءِيْلَ وَكَفَرَتْ طَّاۤىِٕفَةٌ ۚفَاَيَّدْنَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا عَلٰى عَدُوِّهِمْ فَاَصْبَحُوْا ظٰهِرِيْنَ ࣖ١٤
Yā ayyuhal-lażīna āmanū kūnū anṣārallāhi kamā qāla ‘īsabnu maryama lil-ḥawāriyyīna man anṣārī ilallāh(i), qālal-ḥawāriyyūna naḥnu anṣārullāhi fa'āmanaṭ-ṭā'ifatum mim banī isrā'īla wa kafaraṭ-ṭā'ifah(tun), fa'ayyadnal-lażīna āmanū ‘alā ‘aduwwihim fa'aṣbaḥū ẓāhirīn(a).
[14]
Hé wong-wong sing padha precaya! Padha dadia ko kabéh penulung-penulung (agamané) Gusti Allah kayadéné Isa putrané Maryam wis ngucap maring pendhérék-pendhéréké sing padha manut, “Sapa sing arep dadi penulung-penulungé inyong (nggo njejegna agamané) Gusti Allah?” Pendhérék-pendhéréké sing padha manut kuwé ngucap, “Inyong kabéh kiyé penulung-penulungé (agamané) Gusti Allah,” banjur segolongan Bani Israil padha precaya lan segolongan (liyané) kapir, banjur Ingsun paring kekuwatan maring wong-wong sing padha precaya ingatasé mungsuh-mungsuhé dhéwéké, saéngga dhéwéké dadi wong sing padha menang.