Surah Al-An`am
Daftar Surah
0:00
0:00
بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ الَّذِيْ خَلَقَ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضَ وَجَعَلَ الظُّلُمٰتِ وَالنُّوْرَ ەۗ ثُمَّ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا بِرَبِّهِمْ يَعْدِلُوْنَ١
Al-ḥamdu lillāhil-lażī khalaqas-samāwāti wal-arḍa wa ja‘alaẓ-ẓulumāti wan-nūr(a), ṡummal-lażīna kafarū birabbihim ya‘dilūn(a).
[1]
Sekabéh pengalem kagungané Gusti Allah sing wis nyiptakna langit lan bumi, lan nda-dékna peteng lan padhang, ning wong-wong sing mbangkang (kapir) ésih nyekuthokna Pengérané karo sewiji-wiji.
هُوَ الَّذِيْ خَلَقَكُمْ مِّنْ طِيْنٍ ثُمَّ قَضٰٓى اَجَلًا ۗوَاَجَلٌ مُّسَمًّى عِنْدَهٗ ثُمَّ اَنْتُمْ تَمْتَرُوْنَ٢
Huwal-lażī khalaqakum min ṭīnin ṡumma qaḍā ajalā(n), wa ajalum musamman ‘indahū ṡumma antum tamtarūn(a).
[2]
Penjenengané sing nyiptakna ko kabéh sekang lemah, banjur Penjenengané netepna ajal (patimu), lan wates wektu pinesthi sing mung dekawuningani dening Penjenengané. Ning ko kabéh ésih padha mamangna kuwé.
وَهُوَ اللّٰهُ فِى السَّمٰوٰتِ وَفِى الْاَرْضِۗ يَعْلَمُ سِرَّكُمْ وَجَهْرَكُمْ وَيَعْلَمُ مَا تَكْسِبُوْنَ٣
Wa huwallāhu fis-samāwāti wa fil-arḍ(i), ya‘lamu sirrakum wa jahrakum wa ya‘lamu mā taksibūn(a).
[3]
Lan Penjenengané Gusti Allah sing (désem-bah), neng langit uga neng bumi; Penjene-ngané ngawuningani apa sing ko padha umpetna lan apa sing ko padha edhéngna lan ngawuningani (uga) apa sing ko kabéh pergawé.
وَمَا تَأْتِيْهِمْ مِّنْ اٰيَةٍ مِّنْ اٰيٰتِ رَبِّهِمْ اِلَّا كَانُوْا عَنْهَا مُعْرِضِيْنَ٤
Wa mā ta'tīhim min āyatim min āyāti rabbihim illā kānū ‘anhā mu‘riḍīn(a).
[4]
Lan saben ayat sekang ayat-ayat 304 Pengéran sing butul maring dhéwéké kabéh (wong kapir), sekabéhané mesthi padha deingkari.
304) “ayat” neng kéné tegesé mukjizat utawa ayat Al-Qur’an utawa kedadéan-kedadéan sing ana neng ngalam sing mbuktikna kewasané Gusti Allah.
فَقَدْ كَذَّبُوْا بِالْحَقِّ لَمَّا جَاۤءَهُمْۗ فَسَوْفَ يَأْتِيْهِمْ اَنْۢبـٰۤؤُا مَا كَانُوْا بِهٖ يَسْتَهْزِءُوْنَ٥
Faqad każżabū bil-ḥaqqi lammā jā'ahum fa saufa ya'tīhim ambā'u mā kānū bihī yastahzi'ūn(a).
[5]
Temen, wong-wong mau wis nggorohi bebener (Al-Qur’an) rikala butul maring dhéwéké kabéh, mangka mbésuk bakal butul maring dhéwéké kabéh (kesunyatan sekang) werta-werta sing biasa dhéwéké perguyu.
اَلَمْ يَرَوْا كَمْ اَهْلَكْنَا مِنْ قَبْلِهِمْ مِّنْ قَرْنٍ مَّكَّنّٰهُمْ فِى الْاَرْضِ مَا لَمْ نُمَكِّنْ لَّكُمْ وَاَرْسَلْنَا السَّمَاۤءَ عَلَيْهِمْ مِّدْرَارًا ۖوَّجَعَلْنَا الْاَنْهٰرَ تَجْرِيْ مِنْ تَحْتِهِمْ فَاَهْلَكْنٰهُمْ بِذُنُوْبِهِمْ وَاَنْشَأْنَا مِنْۢ بَعْدِهِمْ قَرْنًا اٰخَرِيْنَ٦
Alam yarau kam ahlaknā min qablihim min qarnim makkanāhum fil-arḍi mā lam numakkil lakum wa arsalnas-samā'a ‘alaihim midrārā(n), wa ja‘alnal-anhāra tajrī min taḥtihim fa ahlaknāhum biżunūbihim wa ansya'nā mim ba‘dihim qarnan ākharīn(a).
[6]
Apa wong-wong mau ora nggatékna pira akéhé trah seurungé dhéwéké sing wis Ingsun sirnakna, mangkané (trah kuwé), wis Ingsun jejegna pelungguhané neng bumi, yakuwé keteguhan sing urung tau Ingsun paringna maring ko kabéh. Ingsun grujugna udan sing gedhé nggo dhéwéké kabéh lan Ingsun dadékna kali-kali padha mili neng ngisoré dhéwéké, banjur Ingsun sirnakna wong-wong mau merga dosa-dosané dhéwék, lan Ingsun ciptakna trah liyané sewisé trahé dhéwéké kabéh.
وَلَوْ نَزَّلْنَا عَلَيْكَ كِتٰبًا فِيْ قِرْطَاسٍ فَلَمَسُوْهُ بِاَيْدِيْهِمْ لَقَالَ الَّذِيْنَ كَفَرُوْٓا اِنْ هٰذَآ اِلَّا سِحْرٌ مُّبِيْنٌ٧
Wa lau nazzalnā ‘alaika kitāban fī qirṭāsin fa lamasūhu bi'aidīhim laqālal-lażīna kafarū in hāżā illā siḥrum mubīn(un).
[7]
Lan umpama Ingsun turunaken maring sliramu (Muhammad) tulisan neng kertas, saéngga wong-wong mau bisa nyekel nganggo tangané dhéwék, mesthi wong-wong sing mbangkang (kapir) mau bakal ngucap, “Kiyé ora mung liya sihir sing nyata.”
وَقَالُوْا لَوْلَآ اُنْزِلَ عَلَيْهِ مَلَكٌ ۗوَلَوْ اَنْزَلْنَا مَلَكًا لَّقُضِيَ الْاَمْرُ ثُمَّ لَا يُنْظَرُوْنَ٨
Wa qālū lau lā unzila ‘alaihi malak(un), wa lau anzalnā malakal laquḍiyal-amru ṡumma lā yunẓarūn(a).
[8]
Lan dhéwéké padha ngucap, “Kenangapa ora déturunaken malaékat maring slirané (Muhammad)?” 305 Angger Ingsun turunaken malaékat (maring slirané), mesthi rampung urusané 306 ning dhéwéké kabéh ora déparingi kelonggaran (senajan semendhing).
305) Nggo nggenahna lamon Nabi Muhammad s.a.w kuwé nabi temen.
306) Umpama déturunaken malaékat maring wong-wong kaé, mangkané dhéwéké padha ora precaya, mesthi dhéwéké bakal désiksa déning Gusti Allah, nganti wong-wong mau mati kabéh.
وَلَوْ جَعَلْنٰهُ مَلَكًا لَّجَعَلْنٰهُ رَجُلًا وَّلَلَبَسْنَا عَلَيْهِمْ مَّا يَلْبِسُوْنَ٩
Wa lau ja‘alnāhu malakal laja‘alnāhu rajulaw wa lalabasnā ‘alaihim mā yalbisūn(a).
[9]
Lan sekirané utusan kuwé Ingsun dadékna (sekang) malaékat, mesthi Ingsun dadékna (wujudé) wong lanang, lan (kanthi kaya kuwé) mesthi Ingsun dadékna wong-wong mau tetep mamang kayadéné siki dhéwéké padha mamang. 307
307) Angger Gusti Allah ngutus malaékat dadi Rasul mesthi Gusti Allah ngutus dhéwéké wujud menungsa, merga menungsa ora bisa weruh malaékat, lan wong-wong mau mesthi uga bakal ngucap, “Kiyé udu malaékat, ning menungsa kayadéné dhéwék.” Wong-wong mau bakal tetep mamang.
وَلَقَدِ اسْتُهْزِئَ بِرُسُلٍ مِّنْ قَبْلِكَ فَحَاقَ بِالَّذِيْنَ سَخِرُوْا مِنْهُمْ مَّا كَانُوْا بِهٖ يَسْتَهْزِءُوْنَ ࣖ١٠
Wa laqadistuhzi'a birusulim min qablika fa ḥāqa bil-lażīna sakhirū minhum mā kānū bihī yastahzi'ūn(a).
[10]
Lan temen, sewetara utusan seurungé sliramu (Muhammad), wis nggo perguyon, saéngga deturunanaken siksa maring wong-wong sing padha merguyu kuwé minangka piwales guyonané dhéwéké.
قُلْ سِيْرُوْا فِى الْاَرْضِ ثُمَّ انْظُرُوْا كَيْفَ كَانَ عَاقِبَةُ الْمُكَذِّبِيْنَ١١
Qul sīrū fil-arḍi ṡummanẓurū kaifa kāna ‘āqibatul-mukażżibīn(a).
[11]
Dhawuha (Muhammad), “Jlajahen bumi, banjur gatékna kepriwé wekasané wong-wong sing padha nggorohna kuwé.”
قُلْ لِّمَنْ مَّا فِى السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِۗ قُلْ لِّلّٰهِ ۗ كَتَبَ عَلٰى نَفْسِهِ الرَّحْمَةَ ۗ لَيَجْمَعَنَّكُمْ اِلٰى يَوْمِ الْقِيٰمَةِ لَا رَيْبَ فِيْهِۗ اَلَّذِيْنَ خَسِرُوْٓا اَنْفُسَهُمْ فَهُمْ لَا يُؤْمِنُوْنَ١٢
Qul limam mā fis-samāwāti wal-arḍ(i), qul lillāh(i), kataba ‘alā nafsihir-raḥmah(ta), layajma‘annakum ilā yaumil-qiyāmati lā raiba fīh(i), al-lażīna khasirū anfusahum fahum lā yu'minūn(a).
[12]
Dhawuha (Muhammad), “Kagungané sapa sekabéhané sing ana neng langit lan neng bumi?” Dhawuha, “Kagungané Gusti Allah.” Penjenengané wis netepna (sipat) welas-asih maring Penjenengané pribadi. 308 Penjenengané temen bakal ngumpulna ko kabéh neng dina Kiyamat sing ora demamangna maning. Wong-wong sing gawé tuna (maring) awaké dhéwék, dhéwéké kabéh kuwé ora padha precaya.
308) Gusti Allah wis janji, minangka wujud lomané Penjenengané bakal nglubéri welas-asih maring kabéh sing décipta (makhluk-É).
۞ وَلَهٗ مَا سَكَنَ فِى الَّيْلِ وَالنَّهَارِ ۗوَهُوَ السَّمِيْعُ الْعَلِيْمُ١٣
Wa lahū mā sakana fil-laili wan-nahār(i), wa huwas-samī‘ul-‘alīm(u).
[13]
Lan kagungan Penjenengané sekabéhé apa sing ana neng wengi lan awan. Lan Penjenengané sing Maha Midhanget, Maha Ngawuningani.
قُلْ اَغَيْرَ اللّٰهِ اَتَّخِذُ وَلِيًّا فَاطِرِ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِ وَهُوَ يُطْعِمُ وَلَا يُطْعَمُ ۗ قُلْ اِنِّيْٓ اُمِرْتُ اَنْ اَكُوْنَ اَوَّلَ مَنْ اَسْلَمَ وَلَا تَكُوْنَنَّ مِنَ الْمُشْرِكِيْنَ١٤
Qul agairallāhi attakhiżu waliyyan fāṭiris-samāwāti wal-arḍi wa huwa yuṭ‘imu wa lā yuṭ‘am(u), qul innī umirtu an akūna awwala man aslama wa lā takūnanna minal-musyrikīn(a).
[14]
Dhawuha (Muhammad), “Apa inyong bakal ndadékna pengayom seliyané Gusti Allah sing gawé langit lan bumi, mangkané Penjenengané paring pangan lan ora deaturi dhaharan?” Dhawuha, “Setemené inyong dedhawuhi supaya inyong dadi wong sing kawitan masrahna awak (maring Gusti Allah), lan aja pisan-pisan ko padha mlebu golongan wong sing nyekuthokna (musrik).”
قُلْ اِنِّيْٓ اَخَافُ اِنْ عَصَيْتُ رَبِّيْ عَذَابَ يَوْمٍ عَظِيْمٍ١٥
Qul innī akhāfu in ‘aṣaitu rabbī ‘ażāba yaumin ‘aẓīm(in).
[15]
Dhawuha (Muhammad), “Inyong temen-temen wedi maring siksané dina sing agung (dina Kiyamat), angger inyong ndurakani Pengéranku.”
مَنْ يُّصْرَفْ عَنْهُ يَوْمَىِٕذٍ فَقَدْ رَحِمَهٗ ۗوَذٰلِكَ الْفَوْزُ الْمُبِيْنُ١٦
May yuṣraf ‘anhu yauma'iżin faqad raḥimah(ū), wa żālikal-fauzul-mubīn(u).
[16]
Sapa wongé dedohna sekang siksa ingatasé awaké neng dina kuwé, temen, Gusti Allah wis paring welas maring dhéwéké. Lan kuwé kemenangan sing nyata.
وَاِنْ يَّمْسَسْكَ اللّٰهُ بِضُرٍّ فَلَا كَاشِفَ لَهٗٓ اِلَّا هُوَ ۗوَاِنْ يَّمْسَسْكَ بِخَيْرٍ فَهُوَ عَلٰى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيْرٌ١٧
Iy yamsaskallāhu biḍurrin falā kāsyifa lahū illā huw(a), wa iy yamsaska bikhairin fa huwa ‘alā kulli syai'in qadīr(un).
[17]
Lan angger Gusti Allah nibakna bebaya maring ko, ora nana sing bisa ngilangna (bebaya kuwé) seliyané Penjenengané. Lan angger Penjenengané nekakna kebagusan maring ko, mangka Penjenengané Mahakewasa ingatasé samubarang kabéh.
وَهُوَ الْقَاهِرُ فَوْقَ عِبَادِهٖۗ وَهُوَ الْحَكِيْمُ الْخَبِيْرُ١٨
Wa huwal-qāhiru fauqa ‘ibādih(ī), wa huwal-ḥakīmul-khabīr(u).
[18]
Lan Penjenegané sing ngewasani kawula-kawula-Né. Lan Penjenengané Mahawicaksana, Maha Ngawuningani.
قُلْ اَيُّ شَيْءٍ اَكْبَرُ شَهَادَةً ۗ قُلِ اللّٰهُ ۗشَهِيْدٌۢ بَيْنِيْ وَبَيْنَكُمْ ۗوَاُوْحِيَ اِلَيَّ هٰذَا الْقُرْاٰنُ لِاُنْذِرَكُمْ بِهٖ وَمَنْۢ بَلَغَ ۗ اَىِٕنَّكُمْ لَتَشْهَدُوْنَ اَنَّ مَعَ اللّٰهِ اٰلِهَةً اُخْرٰىۗ قُلْ لَّآ اَشْهَدُ ۚ قُلْ اِنَّمَا هُوَ اِلٰهٌ وَّاحِدٌ وَّاِنَّنِيْ بَرِيْۤءٌ مِّمَّا تُشْرِكُوْنَ١٩
Qul ayyu syai'in akbaru syahādah(tan), qulillāhu syahīdum bainī wa bainakum, wa ūḥiya ilayya hāżal-qur'ānu li'unżirakum bihī wa man balag(a), a'innakum latasyhadūna anna ma‘allāhi ālihatan ukhrā, qul lā asyhad(u), qul innamā huwa ilāhuw wāḥiduw wa innanī barī'um mimmā tusyrikūn(a).
[19]
Dhawuha (Muhammmad), “Sapa sing lewih kuwat persekséne?” Dhawuha, “Gusti Allah, Penjenengané dadi seksi antarané inyong karo ko kabéh. Al-Qur’an kiyé dewahyokna maring inyong supaya karo (Al-Qur’an) kuwé inyong awéh pengéling-éling maring ko kabéh lan maring wong sing butul (Al-Qur’an maring dhéwéké). Apa ko bisa temen-temen dadi seksi lamon ana pengéran-pengéran liyané sing mbarengi Gusti Allah?” Dhawuha, “Inyong ora bisa dadi seksi.” Dhawuha, “Setemené mung Penjenengané Sing Mahatunggal lan setemené inyong ora cawé-cawé maring apa sing ko sekuthokna (karo Gusti Allah).
اَلَّذِيْنَ اٰتَيْنٰهُمُ الْكِتٰبَ يَعْرِفُوْنَهٗ كَمَا يَعْرِفُوْنَ اَبْنَاۤءَهُمْۘ اَلَّذِيْنَ خَسِرُوْٓا اَنْفُسَهُمْ فَهُمْ لَا يُؤْمِنُوْنَ ࣖ٢٠
Al-lażīna ātaināhumul-kitāba ya‘rifūnahū kamā ya‘rifūna abnā'ahum, al-lażīna khasirū anfusahum fahum lā yu'minūn(a).
[20]
Wong-wong sing wis Ingsun paringi Kitab maring dhéwéké, wong-wong mau ngerténi (Muhammad) kayadéné wong-wong mau ngerténi anak-anaké dhéwék. Wong-wong sing gawé tuna awaké dhéwék, dhéwéké kuwé padha ora precaya (maring Gusti Allah).”
وَمَنْ اَظْلَمُ مِمَّنِ افْتَرٰى عَلَى اللّٰهِ كَذِبًا اَوْ كَذَّبَ بِاٰيٰتِهٖۗ اِنَّهٗ لَا يُفْلِحُ الظّٰلِمُوْنَ٢١
Wa man aẓlamu mimmaniftarā ‘alallāhi każiban au każżaba bi'āyātih(ī), innahū lā yufliḥuẓ-ẓālimūn(a).
[21]
Lan sapa sing lewih aniaya (dolim) tenimbang wong-sing padha ngréka-réka sewijiné apus-apus maring Gusti Allah, utawa sing nggorohna ayat-ayat-É? Setemené wong-wong sing aniaya (dolim) kuwé ora begya.
وَيَوْمَ نَحْشُرُهُمْ جَمِيْعًا ثُمَّ نَقُوْلُ لِلَّذِيْنَ اَشْرَكُوْٓا اَيْنَ شُرَكَاۤؤُكُمُ الَّذِيْنَ كُنْتُمْ تَزْعُمُوْنَ٢٢
Wa yauma naḥsyuruhum jamī‘an ṡumma naqūlu lil-lażīna asyrakū aina syurakā'ukumul-lażīna kuntum taz‘umūn(a).
[22]
Lan (élinga), maring dina rikala Ingsun ngumpulna wong-wong mau kabéh banjur Ingsun dhawuh maring wong-wong sing nyekuthokna Gusti Allah, “Neng ngendi sembahan-sembahanmu sing ganu ko padha ngira (batir-batir Ingsun)?”
ثُمَّ لَمْ تَكُنْ فِتْنَتُهُمْ اِلَّآ اَنْ قَالُوْا وَاللّٰهِ رَبِّنَا مَا كُنَّا مُشْرِكِيْنَ٢٣
Ṡumma lam takun fitnatuhum illā an qālū wallāhi rabbinā mā kunnā musyrikīn(a).
[23]
Banjur ora nana jawaban apus-apus (sekang) dhéwéké, kejaba ngucap, “Sekawit (sekawit) Gusti Allah, dhuh Pengéran kula sedaya, kula sami mboten nyekutokna Gusti Allah.”
اُنْظُرْ كَيْفَ كَذَبُوْا عَلٰٓى اَنْفُسِهِمْ وَضَلَّ عَنْهُمْ مَّا كَانُوْا يَفْتَرُوْنَ٢٤
Unẓur kaifa każabū ‘alā anfusihim wa ḍalla ‘anhum mā kānū yaftarūn(a).
[24]
Delengen, kepriwé dhéwéké padha nglombo maring awaké dhéwék? Lan sembahan sing dhéwéké réka-réka ganu bakal ilang sekang dhéwéké kabéh.
وَمِنْهُمْ مَّنْ يَّسْتَمِعُ اِلَيْكَ ۚوَجَعَلْنَا عَلٰى قُلُوْبِهِمْ اَكِنَّةً اَنْ يَّفْقَهُوْهُ وَفِيْٓ اٰذَانِهِمْ وَقْرًا ۗوَاِنْ يَّرَوْا كُلَّ اٰيَةٍ لَّا يُؤْمِنُوْا بِهَا ۗحَتّٰٓى اِذَا جَاۤءُوْكَ يُجَادِلُوْنَكَ يَقُوْلُ الَّذِيْنَ كَفَرُوْٓا اِنْ هٰذَآ اِلَّآ اَسَاطِيْرُ الْاَوَّلِيْنَ٢٥
Wa minhum may yastami‘u ilaik(a), wa ja‘alnā ‘alā qulūbihim akinnatan ay yafqahūhu wa fī āżānihim waqrā(n), wa iy yarau kulla āyatil lā yu'minū bihā, ḥattā iżā jā'ūka yujādilūnaka yaqūlul-lażīna kafarū in hāżā illā asāṭīrul-awwalīn(a).
[25]
Lan neng antarané wong-wong mau ana sing ngrungokna wacananmu (Muhammad), lan Ingsun wis ndadékna atiné dhéwéké padha ketutup (saéngga dhéwéké kabéh) ora ngerténi, lan kupingé kesumpel. Lan seumpama dhéwéké kabéh weruh sekabéhé tenger (bebener), dhéwéké tetep ora gelem precaya maring (tenger) kuwé. Saéngga angger dhéwéké padha teka maring sliramu seperlu mbantah sliramu, wong-wong kapir mau ngucap, “Kiyé (Al-Qur’an) ora liya mung dongengané wong-wong (jaman) gemiyén.”
وَهُمْ يَنْهَوْنَ عَنْهُ وَيَنْـَٔوْنَ عَنْهُ ۚوَاِنْ يُّهْلِكُوْنَ اِلَّآ اَنْفُسَهُمْ وَمَا يَشْعُرُوْنَ٢٦
Wa hum yanhauna ‘anhu wa yan'auna ‘anh(u), wa iy yuhlikūna illā anfusahum wa mā yasy‘urūn(a).
[26]
Lan wong-wong mau nglarang (wong liya) ngrungokna (Al-Qur’an) lan dhéwéké (uga) padha ngedohna awaké dhéwék sekang (Al-Qur’an) kuwé, lan dhéwéké padha ngrusak awaké dhéwék, ning dhéwéké padha ora rumangasa.
وَلَوْ تَرٰٓى اِذْ وُقِفُوْا عَلَى النَّارِ فَقَالُوْا يٰلَيْتَنَا نُرَدُّ وَلَا نُكَذِّبَ بِاٰيٰتِ رَبِّنَا وَنَكُوْنَ مِنَ الْمُؤْمِنِيْنَ٢٧
Wa lau tarā iż wuqifū ‘alan-nāsi fa qālū yā laitanā nuraddu wa lā nukażżiba bi'āyāti rabbinā wa nakūna minal-mu'minīn(a).
[27]
Lan Umpamané sliramu (Muhammad) weruh rikala wong-wong mau déadhepna maring neraka, dhéwéké padha ngucap, “Angger inyong kabéh débalékna (maring dunya) mesthi inyong padha ora bakal nggorohi ayat-ayat-É Pengérané inyong kabéh, lan dadi wong-wong sing precaya.”
بَلْ بَدَا لَهُمْ مَّا كَانُوْا يُخْفُوْنَ مِنْ قَبْلُ ۗوَلَوْ رُدُّوْا لَعَادُوْا لِمَا نُهُوْا عَنْهُ وَاِنَّهُمْ لَكٰذِبُوْنَ٢٨
Bal badā lahum mā kānū yukhfūna min qabl(u), wa lau ruddū la‘ādū limā nuhū ‘anhu wa innahum lakāżibūn(a).
[28]
Ning (sebeneré) tumrap dhéwéké kabéh wis nyata kejahatan sing dhéwéké padha umpetna gemiyén. Umpamané dhéwéké débalékna maring dunya, mesthi dhéwéké bakal padha mbaléni maning apa sing wis délarang délakoni. Dhéwéké kabéh kuwé nyata-nyata tukang goroh.
وَقَالُوْٓا اِنْ هِيَ اِلَّا حَيَاتُنَا الدُّنْيَا وَمَا نَحْنُ بِمَبْعُوْثِيْنَ٢٩
Wa qālū in hiya illā ḥayātunad-dun-yā wa mā naḥnu bimab‘ūṡīn(a).
[29]
Lan mesthi dhéwéké bakal ngucap (uga), “Urip mung neng dunya kiyé, lan inyong kabéh ora bakal detangékna (maning).”
وَلَوْ تَرٰٓى اِذْ وُقِفُوْا عَلٰى رَبِّهِمْ ۗ قَالَ اَلَيْسَ هٰذَا بِالْحَقِّ ۗقَالُوْا بَلٰى وَرَبِّنَا ۗقَالَ فَذُوْقُوا الْعَذَابَ بِمَا كُنْتُمْ تَكْفُرُوْنَ ࣖ٣٠
Wa lau tarā iż wuqifū ‘alā rabbihim, qāla alaisa hāżā bil-ḥaqq(i), qālū balā wa rabbinā, qāla fa żūqul-‘ażāba bimā kuntum takfurūn(a).
[30]
Lan angger sliramu (Muhammad) weruh rikala dhéwéké padha déadhepna maring Pengérané (mesthi sliramu weruh kedadéan sing ngrentesna ati). Penjenengané dhawuh, “Mbok (detangékna) kiyé bener?” Dhéwéké padha nyauri, “Saéstu leres, sekawit (sekawit) Pengéran kula sedaya.” Penjenengané dhawuh, “Rasakna siksa kiyé, merga gemiyén ko padha ngingkari kuwé.”
قَدْ خَسِرَ الَّذِيْنَ كَذَّبُوْا بِلِقَاۤءِ اللّٰهِ ۗحَتّٰٓى اِذَا جَاۤءَتْهُمُ السَّاعَةُ بَغْتَةً قَالُوْا يٰحَسْرَتَنَا عَلٰى مَا فَرَّطْنَا فِيْهَاۙ وَهُمْ يَحْمِلُوْنَ اَوْزَارَهُمْ عَلٰى ظُهُوْرِهِمْۗ اَلَا سَاۤءَ مَا يَزِرُوْنَ٣١
Qad khasiral-lażīna każżabū biliqā'illāh(i), ḥattā iżā jā'athumus-sā‘atu bagtatan qālū yā ḥasratanā ‘alā mā farraṭnā fīhā, wa hum yaḥmilūna auzārahum ‘alā ẓuhūrihim, alā sā'a mā yazirūn(a).
[31]
Temen kapitunan wong-wong sing padha nggorohna (anané) sapatemon karo Gusti Allah; saéngga angger ijig-ijig Kiyamat teka maring dhéwéké kabéh, dhéwéké padha ngucap, “Banget gedhéné pengajogé inyong kabéh ingatasé penglaluné dhéwék ngenani Kiyamat kiyé,” karo dhéwéké mikul dosa-dosané neng ndhuwur gigiré. Banget alané apa sing dhéwéké pikul kuwé.
وَمَا الْحَيٰوةُ الدُّنْيَآ اِلَّا لَعِبٌ وَّلَهْوٌ ۗوَلَلدَّارُ الْاٰخِرَةُ خَيْرٌ لِّلَّذِيْنَ يَتَّقُوْنَۗ اَفَلَا تَعْقِلُوْنَ٣٢
Wa mal-ḥayātud-dun-yā illā la‘ibuw wa lahw(un), wa lad-dārul-ākhiratu khairul lil-lażīna yattaqūn(a), afalā ta‘qilūn(a).
[32]
Lan urip neng dunya kiyé, mung dolanan lan glewéhan. Mangkané negari akhérat kuwé temen lewih apik tumrap wong-wong sing semarah (takwa). Apa ko ora padha ngerti?
قَدْ نَعْلَمُ اِنَّهٗ لَيَحْزُنُكَ الَّذِيْ يَقُوْلُوْنَ فَاِنَّهُمْ لَا يُكَذِّبُوْنَكَ وَلٰكِنَّ الظّٰلِمِيْنَ بِاٰيٰتِ اللّٰهِ يَجْحَدُوْنَ٣٣
Qad na‘lamu innahū layaḥzunukal-lażī yaqūlūna fa innahum lā yukażżibūnaka wa lākinnaẓ-ẓālimīna bi'āyātillāhi yajhadūn(a).
[33]
Temen, Ingsun ngawuningani lamon apa sing déucapna wong-wong kuwé nyusahna atimu (Muhammad), (aja susah neng ati) merga sebeneré dhéwéké kabéh ora ngapusi sliramu, ning wong-wong aniaya (dolim) kuwé padha ngingkari ayat-ayat-É Gusti Allah.
وَلَقَدْ كُذِّبَتْ رُسُلٌ مِّنْ قَبْلِكَ فَصَبَرُوْا عَلٰى مَا كُذِّبُوْا وَاُوْذُوْا حَتّٰٓى اَتٰىهُمْ نَصْرُنَا ۚوَلَا مُبَدِّلَ لِكَلِمٰتِ اللّٰهِ ۚوَلَقَدْ جَاۤءَكَ مِنْ نَّبَإِ۟ى الْمُرْسَلِيْنَ٣٤
Wa laqad kużżibat rusulum min qablika fa ṣabarū ‘alā mā kużżibū wa ūżū ḥattā atāhum naṣrunā, wa lā mubaddila likalimātillāh(i), wa laqad jā'aka min naba'il-mursalīn(a).
[34]
Lan setemené utusan-utusan seurungé sliramu uga wis deapusi, ning dhéwéké kabéh padha sabar maring apus-apus lan pilara (sing détibakna) maring dhéwéké, saéngga teka pitulungan Ingsun maring dhéwéké. Lan ora nana sing bisa ngowahi kalimah-kalimah (ketetepané) Gusti Allah. Lan temen wis butul maring sliramu sebagéan sekang wertané utusan-utusan kuwé.
وَاِنْ كَانَ كَبُرَ عَلَيْكَ اِعْرَاضُهُمْ فَاِنِ اسْتَطَعْتَ اَنْ تَبْتَغِيَ نَفَقًا فِى الْاَرْضِ اَوْ سُلَّمًا فِى السَّمَاۤءِ فَتَأْتِيَهُمْ بِاٰيَةٍ ۗوَلَوْ شَاۤءَ اللّٰهُ لَجَمَعَهُمْ عَلَى الْهُدٰى فَلَا تَكُوْنَنَّ مِنَ الْجٰهِلِيْنَ٣٥
Wa in kāna kabura ‘alaika i‘rāḍuhum fa inistaṭa‘ta an tabtagiya nafaqan fil-arḍi au sullaman fis-samā'i fa ta'tiyahum bi'āyah(tin), wa lau syā'allāhu lajama‘ahum ‘alal-hudā falā takūnanna minal-jāhilīn(a).
[35]
Lan angger mléngosé wong-wong mau rasané abot tumrap sliramu (Muhammad), mangka angger sliramu bisa gawé luwang neng bumi utawa andha maring langit banjur sliramu bisa nekakna mukjijat maring dhéwéké, (mangka gawénen). Lan angger Gusti Allah ngersakna, mesthi Penjenengané ndadékna wong-wong mau kabéh ngetutna pitudhuh, merga kuwé aja pisan-pisan sliramu klebu wong-wong sing bodho.
۞ اِنَّمَا يَسْتَجِيْبُ الَّذِيْنَ يَسْمَعُوْنَ ۗوَالْمَوْتٰى يَبْعَثُهُمُ اللّٰهُ ثُمَّ اِلَيْهِ يُرْجَعُوْنَ٣٦
Innamā yastajībul-lażīna yasma‘ūn(a), wal-mautā yab‘aṡuhumullāhu ṡumma ilaihi yurja‘ūn(a).
[36]
Mung wong-wong sing krungu baé sing manut (dhawuhé Gusti Allah), lan wong-wong sing mati mbésuk bakal detangékna déning Gusti Allah, banjur maring Penjenengané wong-wong mau débalékna.
وَقَالُوْا لَوْلَا نُزِّلَ عَلَيْهِ اٰيَةٌ مِّنْ رَّبِّهٖۗ قُلْ اِنَّ اللّٰهَ قَادِرٌ عَلٰٓى اَنْ يُّنَزِّلَ اٰيَةً وَّلٰكِنَّ اَكْثَرَهُمْ لَا يَعْلَمُوْنَ٣٧
Wa qālū lau lā nuzzila ‘alaihi āyatum mir rabbih(ī), qul innallāha qādirun ‘alā ay yunazzila āyataw wa lākinna akṡarahum lā ya‘lamūn(a).
[37]
Lan dhéwéké kabéh (wong-wong musrik mau) ngucap, “Kenangapa ora déturunaken maring dhéwéké (Muhammad) sewijiné mukjijat sekang Pengérané?” Dhawuha, “Setemené Gusti Allah kewasa nurunaken sewijiné mukjijat, ning akéh-akéhé sekang dhéwéké padha ora ngerti.”
وَمَا مِنْ دَاۤبَّةٍ فِى الْاَرْضِ وَلَا طٰۤىِٕرٍ يَّطِيْرُ بِجَنَاحَيْهِ اِلَّآ اُمَمٌ اَمْثَالُكُمْ ۗمَا فَرَّطْنَا فِى الْكِتٰبِ مِنْ شَيْءٍ ثُمَّ اِلٰى رَبِّهِمْ يُحْشَرُوْنَ٣٨
Wa mā min dābbatin fil-arḍi wa lā ṭā'iriy yaṭīru bijanāḥaihi illā umamun amṡālukum, mā farraṭnā fil-kitābi min syai'in ṡumma ilā rabbihim yuḥsyarūn(a).
[38]
Lan ora nana sewijiné kéwan sing ana neng bumi lan manuk-manuk sing mabur nganggo cewiwiné loro, ning kabéh mau kuwé umat-umat (uga) kayadéné ko kabéh. Ora nana sewijiné barang sing Ingsun supékna neng sejeroné Kitab, 309 banjur maring Pengérané dhéwéké dékumpulna.
309) Sebagéan juru tapsir nepsiri Kitab kuwé Lauh Mahfuz sing tegesé nasibé kabéh makhluk wis detulis (détetepna) neng Lauh Mahfuz. Lan ana uga sing nepsiri Al-Qur’an, maksudé neng Al-Qur’an kuwé wis ana pokok-pokok agama, aturan-aturan, hukum-hukum, hikmah-hikmah lan tuntunan murih begyané menungsa neng dunya lan akhérat.
وَالَّذِيْنَ كَذَّبُوْا بِاٰيٰتِنَا صُمٌّ وَّبُكْمٌ فِى الظُّلُمٰتِۗ مَنْ يَّشَاِ اللّٰهُ يُضْلِلْهُ وَمَنْ يَّشَأْ يَجْعَلْهُ عَلٰى صِرَاطٍ مُّسْتَقِيْمٍ٣٩
Wal-lażīna każżabū bi'āyātinā ṣummuw wa bukmun fiẓ-ẓulumāt(i), may yasya'illāhu yuḍlilhu wa may yasya' yaj‘alhu ‘alā ṣirāṭim mustaqīm(in).
[39]
Lan wong-wong sing nggorohna ayat-ayat-É Ingsun kuwé budheg, bisu, lan ana neng sejeroné peteng-dhédhet. Sapa wongé dékersakna déning Gusti Allah (neng sejrone sasar), mesthi désasarna déning Penjenengané. Lan sapa wongé dékersakna Gusti Allah (olih pitudhuh), mesthi Penjenengané ndadékna dhéwéké ana neng dalan sing jejeg.
قُلْ اَرَءَيْتَكُمْ اِنْ اَتٰىكُمْ عَذَابُ اللّٰهِ اَوْ اَتَتْكُمُ السَّاعَةُ اَغَيْرَ اللّٰهِ تَدْعُوْنَۚ اِنْ كُنْتُمْ صٰدِقِيْنَ٤٠
Qul ara'aitakum in atākum ‘ażābullāhi au atatkumus-sā‘atu agairallāhi tad‘ūn(a), in kuntum ṣādiqīn(a).
[40]
Dhawuha (Muhammad), “Terangna maring inyong angger siksané Gusti Allah butul maring ko kabéh, utawa dina Kiyamat butul maring ko kabéh, apa ko padha arep sesambat (maring pengéran) seliyané Gusti Allah, angger ko kabéh wong-wong sing bener!”
بَلْ اِيَّاهُ تَدْعُوْنَ فَيَكْشِفُ مَا تَدْعُوْنَ اِلَيْهِ اِنْ شَاۤءَ وَتَنْسَوْنَ مَا تُشْرِكُوْنَ ࣖ٤١
Bal iyyāhu tad‘ūna fa yaksyifu mā tad‘ūna ilaihi in syā'a wa tansauna mā tusyrikūn(a).
[41]
(Ora), mung maring Penjenengané ko padha njaluk tulung. Angger Penjenengané ngersakna, Penjenengané ngilangna apa (bebaya) sing ko suwun maring Penjenengané, lan ko padha ninggalna apa sing ko sekuthokna (karo Gusti Allah).
وَلَقَدْ اَرْسَلْنَآ اِلٰٓى اُمَمٍ مِّنْ قَبْلِكَ فَاَخَذْنٰهُمْ بِالْبَأْسَاۤءِ وَالضَّرَّاۤءِ لَعَلَّهُمْ يَتَضَرَّعُوْنَ٤٢
Wa laqad arsalnā ilā umamim min qablika fa akhażnāhum bil-ba'sā'i waḍ-ḍarrā'i la‘allahum yataḍarra‘ūn(a).
[42]
Lan temen, Ingsun wis ngutus (para rasul) maring umat-umat seurungé ko, banjur Ingsun siksa umat mau kanthi (nibakna) kemlaratan lan kesengsaran, supaya dhéwéké nyenyuwun (maring Gusti Allah) kanthi andhap-asor.
فَلَوْلَآ اِذْ جَاۤءَهُمْ بَأْسُنَا تَضَرَّعُوْا وَلٰكِنْ قَسَتْ قُلُوْبُهُمْ وَزَيَّنَ لَهُمُ الشَّيْطٰنُ مَا كَانُوْا يَعْمَلُوْنَ٤٣
Falau lā iż jā'ahum ba'sunā taḍarra‘ū wa lākin qasat qulūbuhum wa zayyana lahumusy-syaiṭānu mā kānū ya‘malūn(a).
[43]
Ning kenangapa dhéwéké ora nyuwun (maring Gusti Allah) kanthi andhap asor rikala siksané Ingsun temiba maring dhéwéké? Malah atiné dhéwéké wis dadi atos lan sétan uga ndadékna rinasa apik tumrap dhéwéké apa sing biasa dhéwéké pergawé.
فَلَمَّا نَسُوْا مَا ذُكِّرُوْا بِهٖ فَتَحْنَا عَلَيْهِمْ اَبْوَابَ كُلِّ شَيْءٍۗ حَتّٰٓى اِذَا فَرِحُوْا بِمَآ اُوْتُوْٓا اَخَذْنٰهُمْ بَغْتَةً فَاِذَا هُمْ مُّبْلِسُوْنَ٤٤
Falammā nasū mā żukkirū bihī fataḥnā ‘alaihim abwāba kulli syai'(in), ḥattā iżā fariḥū bimā ūtū akhażnāhum bagtatan fa iżā hum mublisūn(a).
[44]
Mangka rikala dhéwéké padha nglalékna pengéling-éling sing wis déparingna maring dhéwéké, Ingsun banjur mbukakna kabéh lawang (kesenengan) nggo dhéwéké kabéh. Saéngga rikala dhéwéké padha seneng-seneng ingatasé apa sing wis déparingna maring dhéwéké, Ingsun siksa dhéwéké kanthi dadakan, mangka rikala kuwé dhéwéké padha blangkemen (meneng) pungkes pengarep-arepé.
فَقُطِعَ دَابِرُ الْقَوْمِ الَّذِيْنَ ظَلَمُوْاۗ وَالْحَمْدُ لِلّٰهِ رَبِّ الْعٰلَمِيْنَ٤٥
Fa quṭi‘a dābirul-qaumil-lażīna ẓalamū, wal-ḥamdu lillāhi rabbil-‘ālamīn(a).
[45]
Mangka wong-wong sing aniaya (dolim) kuwé desirnakna nganti (butul) seoyod-oyodé. Lan sekabéhé pengalem kagungané Gusti Allah, Pengérané sekabéhé ngalam.
قُلْ اَرَاَيْتُمْ اِنْ اَخَذَ اللّٰهُ سَمْعَكُمْ وَاَبْصَارَكُمْ وَخَتَمَ عَلٰى قُلُوْبِكُمْ مَّنْ اِلٰهٌ غَيْرُ اللّٰهِ يَأْتِيْكُمْ بِهٖۗ اُنْظُرْ كَيْفَ نُصَرِّفُ الْاٰيٰتِ ثُمَّ هُمْ يَصْدِفُوْنَ٤٦
Qul ara'aitum in akhażallāhu sam‘akum wa abṣārakum wa khatama ‘alā qulūbikum man ilāhun gairullāhi ya'tīkum bih(ī), unẓur kaifa nuṣarriful-āyāti ṡumma hum yaṣdifūn(a).
[46]
Dhawuha (Muhammad), “Terangna maring inyong, umpama Gusti Allah njabud pengrungu lan pendeleng lan nutup atiné ko kabéh, sapa sesembahan seliyané Gusti Allah sing kuwasa mbalékna maring ko kabéh?” Gatékna, kepriwé Ingsun nerangna bola-bali (maring dhéwéké kabéh) tenger-tengeré kewasané (Ingsun), ning dhéwéké padha tetep mléngos.
قُلْ اَرَاَيْتَكُمْ اِنْ اَتٰىكُمْ عَذَابُ اللّٰهِ بَغْتَةً اَوْ جَهْرَةً هَلْ يُهْلَكُ اِلَّا الْقَوْمُ الظّٰلِمُوْنَ٤٧
Qul ara'aitakum in atākum ‘ażābullāhi bagtatan au jahratan hal yuhlaku illal-qaumuẓ-ẓālimūn(a).
[47]
Dhawuha (Muhammad), “Terangna maring inyong angger siksané Gusti Allah teka maring ko kabéh kanthi dadakan utawa terang-terangan, mangka apa ana sing desirnakna déning Gusti Allah kejaba wong-wong sing aniaya (dolim)?”
وَمَا نُرْسِلُ الْمُرْسَلِيْنَ اِلَّا مُبَشِّرِيْنَ وَمُنْذِرِيْنَۚ فَمَنْ اٰمَنَ وَاَصْلَحَ فَلَا خَوْفٌ عَلَيْهِمْ وَلَا هُمْ يَحْزَنُوْنَ٤٨
Wa mā nursilul-mursalīna illā mubasysyirīna wa munżirīn(a), faman āmana wa aṣlaḥa falā khaufun ‘alaihim wa lā hum yaḥzanūn(a).
[48]
Para Rasul sing Ingsun utus kuwé anané nggo awéh werta bebungah lan awéh pengéling-éling. Sapa wongé precaya lan gawé perdandan kebagusan, mangka ora nana rasa wedi tumrap dhéwéké lan dhéwéké ora susah neng ati.
وَالَّذِيْنَ كَذَّبُوْا بِاٰيٰتِنَا يَمَسُّهُمُ الْعَذَابُ بِمَا كَانُوْا يَفْسُقُوْنَ٤٩
Wal-lażīna każżabū bi'āyātinā yamassuhumul-‘ażābu bimā kānū yafsuqūn(a).
[49]
Lan wong-wong sing nggorohna ayat-ayat-É Ingsun, bakal détibani siksa merga dhéwéké biasa nglakoni pasék (nglakoni dosa).
قُلْ لَّآ اَقُوْلُ لَكُمْ عِنْدِيْ خَزَاۤىِٕنُ اللّٰهِ وَلَآ اَعْلَمُ الْغَيْبَ وَلَآ اَقُوْلُ لَكُمْ اِنِّيْ مَلَكٌۚ اِنْ اَتَّبِعُ اِلَّا مَا يُوْحٰٓى اِلَيَّۗ قُلْ هَلْ يَسْتَوِى الْاَعْمٰى وَالْبَصِيْرُۗ اَفَلَا تَتَفَكَّرُوْنَ ࣖ٥٠
Qul lā aqūlu lakum ‘indī khazā'inullāhi wa lā a‘lamul-gaiba wa lā aqūlu lakum innī malak(un), in attabi‘u illā mā yūḥā ilayy(a), qul hal yastawil-a‘mā wal-baṣīr(u), afalā tatafakkarūn(a).
[50]
Dhawuha (Muhammad), “Inyong ora ngucap maring ko kabéh, lamon kagungané Gusti Allah ana neng inyong, lan inyong ora ngerti sing kasat mata (gaib) lan inyong ora (uga) ngucap maring ko kabéh lamon inyong malaékat. Inyong mung nuruti apa sing dédhawuhna maring inyong.” Dhawuha, “Apa padha wong sing picek karo wong sing weruh? Apa ko padha ora mikirna?”
وَاَنْذِرْ بِهِ الَّذِيْنَ يَخَافُوْنَ اَنْ يُّحْشَرُوْٓا اِلٰى رَبِّهِمْ لَيْسَ لَهُمْ مِّنْ دُوْنِهٖ وَلِيٌّ وَّلَا شَفِيْعٌ لَّعَلَّهُمْ يَتَّقُوْنَ٥١
Wa anżir bihil-lażīna yakhāfūna ay yuḥsyarū ilā rabbihim laisa lahum min dūnihī waliyyuw wa lā syafī‘ul la‘allahum yattaqūn(a).
[51]
Emutna kanthi kuwé (Al-Qur’an) wong-wong sing wedi bakal dékumpulna ngadhep maring Pengérané (neng dina Kiyamat), ora nana tumrap dhéwéké kabéh pengayom lan sing paring sapangat (pitulungan) kejaba Gusti Allah, supayané dhéwéké padha semarah (takwa).
وَلَا تَطْرُدِ الَّذِيْنَ يَدْعُوْنَ رَبَّهُمْ بِالْغَدٰوةِ وَالْعَشِيِّ يُرِيْدُوْنَ وَجْهَهٗ ۗمَا عَلَيْكَ مِنْ حِسَابِهِمْ مِّنْ شَيْءٍ وَّمَا مِنْ حِسَابِكَ عَلَيْهِمْ مِّنْ شَيْءٍ فَتَطْرُدَهُمْ فَتَكُوْنَ مِنَ الظّٰلِمِيْنَ٥٢
Wa lā taṭrudil-lażīna yad‘ūna rabbahum bil-gadāti wal-‘asyiyyi yurīdūna wajhah(ū), mā ‘alaika min ḥisābihim min syai'iw wa mā min ḥisābika ‘alaihim min syai'in fa taṭrudahum fa takūna minaẓ-ẓālimīn(a).
[52]
Aja nganti ko ngurak wong-wong sing sesambat (maring) Pengérané neng wektu ésuk lan soré, dhéwéké kabéh ngarep-arep renané Penjenengané. Sliramu ora mikul tanggung jawab semendhing-mendhinga ingatasé penggawéyané dhéwéké lan dhéwéké (uga) ora mikul tanggung jawab semendhing-mrndhinga ingatasé penggawéyanmu, sing merekna sliramu (duwé hak) ngurak dhéwéké, saéngga sliramu klebu wong-wong sing aniaya (dolim). 310
310) Wektu Rasulullah s.a.w. Lagi lenggahan bareng karo sewetara wong mukmin sing déanggep asor lan mlarat déning kaum Quraisy, teka para pemimpin Quraisy arep wicara karo Kanjeng Nabi, ning dhéwéké padha ora gelem njagong bareng karo wong mukmin mlarat kuwé, lan dhéwéké padha usul supayané wong-wong mukmin mlarat kuwé déurak baé, dadi dhéwéké kabéh bisa wicara karo Kanjeng Nabi, banjur temurun ayat kiyé.
وَكَذٰلِكَ فَتَنَّا بَعْضَهُمْ بِبَعْضٍ لِّيَقُوْلُوْٓا اَهٰٓؤُلَاۤءِ مَنَّ اللّٰهُ عَلَيْهِمْ مِّنْۢ بَيْنِنَاۗ اَلَيْسَ اللّٰهُ بِاَعْلَمَ بِالشّٰكِرِيْنَ٥٣
Wa każālika fatannā ba‘ḍahum biba‘ḍil liyaqūlū ahā'ulā'i mannallāhu ‘alaihim mim baininā, alaisallāhu bi'a‘lama bisy-syākirīn(a).
[53]
Mengkana kuwé Ingsun wis nguji sebagéan sekang dhéwéké kabéh (wong-wong sing sugih) kanthi sebagéan liyané (wong sing mlarat), supayané dhéwéké (wong-wong sing sugih kuwé) padha ngucap, “(Apa) wong-wong kaya kiyé neng antarané inyong kabéh sing déparingi kanugrahan déning Gusti Allah?” (Gusti Allah dhawuh), “Apa Gusti Allah ora lewih ngawuningani ingatasé dhéwéké sing padha ngrasa kesuwun (maring Penjenengané)?”
وَاِذَا جَاۤءَكَ الَّذِيْنَ يُؤْمِنُوْنَ بِاٰيٰتِنَا فَقُلْ سَلٰمٌ عَلَيْكُمْ كَتَبَ رَبُّكُمْ عَلٰى نَفْسِهِ الرَّحْمَةَۙ اَنَّهٗ مَنْ عَمِلَ مِنْكُمْ سُوْۤءًاۢ بِجَهَالَةٍ ثُمَّ تَابَ مِنْۢ بَعْدِهٖ وَاَصْلَحَ فَاَنَّهٗ غَفُوْرٌ رَّحِيْمٌ٥٤
Wa iżā jā'akal-lażīna yu'minūna bi'āyātinā fa qul salāmun ‘alaikum kataba rabbukum ‘alā nafsihir-raḥmah(ta), annahū man ‘amila minkum sū'am bijahālatin ṡumma tāba mim ba‘dihī wa aṣlaḥa fa annahū gafūrur raḥīm(un).
[54]
Lan angger wong-wong sing precaya maring ayat-ayat-É Ingsun teka maring ko, ngucapa, “salaamun ‘alaikum (slamet lan ayem-tentrem nggo ko kabéh).” Pengéranmu uwis netepna sipat welas-asih maring Penjenengané Pribadi, (yakuwé) sapa wongé nglakoni kejahatan neng antarané ko kabéh merga bodho, banjur dhéwéké tobat sewisé kuwé lan ndandani awaké, mangka Penjenengané Maha Ngampura, Mahaasih.
وَكَذٰلِكَ نُفَصِّلُ الْاٰيٰتِ وَلِتَسْتَبِيْنَ سَبِيْلُ الْمُجْرِمِيْنَ ࣖ٥٥
Wa każālika nufaṣṣilul-āyāti wa litastabīna sabīlal-mujrimīn(a).
[55]
Lan mengkana kuwé Ingsun nerangna ayat-ayat Al-Qur’an, (supayané keton genah dalané wong-wong sing apik kelakuané) lan supayané keton genah (uga) dalané wong-wong sing padha luput (dosa).
قُلْ اِنِّيْ نُهِيْتُ اَنْ اَعْبُدَ الَّذِيْنَ تَدْعُوْنَ مِنْ دُوْنِ اللّٰهِ ۗ قُلْ لَّآ اَتَّبِعُ اَهْوَاۤءَكُمْۙ قَدْ ضَلَلْتُ اِذًا وَّمَآ اَنَا۠ مِنَ الْمُهْتَدِيْنَ٥٦
Qul innī nuhītu an a‘budal-lażīna tad‘ūna min dūnillāh(i), qul lā attabi‘u ahwā'akum, qad ḍalaltu iżaw wa mā ana minal-muhtadīn(a).
[56]
Dhawuha (Muhammad), “Inyong ora kepareng nyembah pengéran-pengéran sing ko padha sembah seliyané Gusti Allah.” Dhawuha, “Inyong ora bakal mélu kepénginanmu. Angger nglakoni kaya kuwé, temen inyong kesasar lan inyong ora klebu wong sing olih pitudhuh.”
قُلْ اِنِّيْ عَلٰى بَيِّنَةٍ مِّنْ رَّبِّيْ وَكَذَّبْتُمْ بِهٖۗ مَا عِنْدِيْ مَا تَسْتَعْجِلُوْنَ بِهٖۗ اِنِ الْحُكْمُ اِلَّا لِلّٰهِ ۗيَقُصُّ الْحَقَّ وَهُوَ خَيْرُ الْفٰصِلِيْنَ٥٧
Qul innī ‘alā bayyinatim mir rabbī wa każżabtum bih(ī), mā ‘indī mā tasta‘jilūna bih(ī), inil-ḥukmu illā lillāh(i), yaquṣṣul-ḥaqqa wa huwa khairul-fāṣilīn(a).
[57]
Dhawuha (Muhammad), “Inyong (ana) neng ndhuwuré keterangan sing nyata (Al-Qur’an) sekang Pengéranku ning ko padha nggorohi. Udu wenangku (nururaken siksa) sing ko kabéh jaluk supayané desigrakna tekané. Netepna (ukuman kuwé) mung wenangé Gusti Allah. Penjenengané nerangna bebener lan Penjenengané (juru) paring putusan sing paling apik.”
قُلْ لَّوْ اَنَّ عِنْدِيْ مَا تَسْتَعْجِلُوْنَ بِهٖ لَقُضِيَ الْاَمْرُ بَيْنِيْ وَبَيْنَكُمْ ۗوَاللّٰهُ اَعْلَمُ بِالظّٰلِمِيْنَ٥٨
Qul lau anna ‘indī mā tasta‘jilūna bihī laquḍiyal-amru bainī wa bainakum, wallāhu a‘lamu biẓ-ẓālimīn(a).
[58]
Dhawuha (Muhammad), “Umpamané ana neng inyong apa (siksa) sing ko padha jaluk supayané desigrakna tekané, mesthi rampung kabéh urusan antarané inyong karo ko kabéh.” 311 Lan Gusti Allah lewih ngawuningani wong-wong sing padha aniaya (dolim).
311) Mesthi Gusti Allah nurunaken siksa maring ko kabéh nganti ko padha sirna
۞ وَعِنْدَهٗ مَفَاتِحُ الْغَيْبِ لَا يَعْلَمُهَآ اِلَّا هُوَۗ وَيَعْلَمُ مَا فِى الْبَرِّ وَالْبَحْرِۗ وَمَا تَسْقُطُ مِنْ وَّرَقَةٍ اِلَّا يَعْلَمُهَا وَلَا حَبَّةٍ فِيْ ظُلُمٰتِ الْاَرْضِ وَلَا رَطْبٍ وَّلَا يَابِسٍ اِلَّا فِيْ كِتٰبٍ مُّبِيْنٍ٥٩
Wa ‘indahū mafātiḥul-gaibi lā ya‘lamuhā illā huw(a), wa ya‘lamu mā fil-barri wal-baḥr(i), wa mā tasquṭu miw waraqatin illā ya‘lamuhā wa lā ḥabbatin fī ẓulumātil-arḍi wa lā raṭbiw wa lā yābisin illā fī kitābim mubīn(in).
[59]
Lan kunci-kunci sekabéhané sing ora kasatmata (gaib) ana neng Penjenengané; ora nana sing ngerti kejaba Penjenengané. Penjenengané ngawuningani apa sing neng dharat lan neng segara. Ora nana selembar godhong baé sing rogol sing ora dekawuningani déning Penjenengané. Ora nana seblindhi wiji baé neng petengé bumi lan ora nana apa baé sing teles utawa garing sing ora ketulis neng sejeroné Kitab sing nyata (Lauh Mahfuz).
وَهُوَ الَّذِيْ يَتَوَفّٰىكُمْ بِالَّيْلِ وَيَعْلَمُ مَا جَرَحْتُمْ بِالنَّهَارِ ثُمَّ يَبْعَثُكُمْ فِيْهِ لِيُقْضٰٓى اَجَلٌ مُّسَمًّىۚ ثُمَّ اِلَيْهِ مَرْجِعُكُمْ ثُمَّ يُنَبِّئُكُمْ بِمَا كُنْتُمْ تَعْمَلُوْنَ ࣖ٦٠
Wa huwal-lażī yatawaffākum bil-laili wa ya‘lamu mā jaraḥtum bin-nahāri ṡumma yab‘aṡukum fīhi liyuqḍā ajalum musammā(n), ṡumma ilaihi marji‘ukum ṡumma yunabbi'ukum bimā kuntum ta‘malūn(a).
[60]
Lan Penjenengané sing nurokna ko kabéh neng wektu wengi lan Penjenengané ngawuningani apa sing ko padha lakoni neng wektu awan. Banjur Penjenengané nangékna ko kabéh neng wektu awan nggo desempurnakna umurmu sing uwis détetepna. Banjur maring Penjenengané panggonané ko kabéh bali, banjur Penjenengané paring ngerti maring ko kabéh apa sing wis ko kabéh pergawé.
وَهُوَ الْقَاهِرُ فَوْقَ عِبَادِهٖ وَيُرْسِلُ عَلَيْكُمْ حَفَظَةً ۗحَتّٰٓى اِذَا جَاۤءَ اَحَدَكُمُ الْمَوْتُ تَوَفَّتْهُ رُسُلُنَا وَهُمْ لَا يُفَرِّطُوْنَ٦١
Wa huwal-qāhiru fauqa ‘ibādihī wa yursilu ‘alaikum ḥafaẓah(tan), ḥattā iżā jā'a aḥadakumul-mautu tawaffathu rusulunā wa hum lā yufarriṭūn(a).
[61]
Lan Penjenengané Sing kuwasa penuh ingatasé sekabéh kewula-Né. Lan déutus déning Penjenengané malaékat-malaékat juru jaga maring ko kabéh, saéngga rikala pati teka maring salah sijiné wong neng antarané ko kabéh, malaékat-malaékaté Ingsun njabud nyawané, lan dhéwéké ora padha nglirwakna pegawéané.
ثُمَّ رُدُّوْٓا اِلَى اللّٰهِ مَوْلٰىهُمُ الْحَقِّۗ اَلَا لَهُ الْحُكْمُ وَهُوَ اَسْرَعُ الْحٰسِبِيْنَ٦٢
Ṡumma ruddū ilallāhi maulāhumul-ḥaqq(i), alā lahul-ḥukmu wa huwa asra‘ul-ḥāsibīn(a).
[62]
Banjur wong-wong mau (para kewulané Gusti Allah) débalékna maring Gusti Allah, sing senyatane ngewasani ingatasé dhéwéké kabéh. Ngerténana lamon sekabéhé hukum (neng dina kuwé) ana neng Penjenengané. Lan Penjenengané kuwé sing gawé pétungan sing paling sigra.
قُلْ مَنْ يُّنَجِّيْكُمْ مِّنْ ظُلُمٰتِ الْبَرِّ وَالْبَحْرِ تَدْعُوْنَهٗ تَضَرُّعًا وَّخُفْيَةً ۚ لَىِٕنْ اَنْجٰىنَا مِنْ هٰذِهٖ لَنَكُوْنَنَّ مِنَ الشّٰكِرِيْنَ٦٣
Qul may yunajjīkum min ẓulumātil-barri wal-baḥri tad‘ūnahū taḍarru‘aw wa khufyah(tan), la'in anjānā min hāżihī lanakūnanna minasy- syākirīn(a).
[63]
Dhawuha (Muhammad), “Sapa sing bisa nylametna ko kabéh sekang bebaya neng dharat lan neng segara, rikala ko padha nyenyuwun maring Penjenengané karo dhépé-dhépé lan kanthi swara sing ngarih-arih?” (Karo ngucapna) ”Sekirané Penjenengané nylametna inyong kabéh padha (bebaya) kiyé, mesthi inyong dadi wong-wong sing padha kesuwun.”
قُلِ اللّٰهُ يُنَجِّيْكُمْ مِّنْهَا وَمِنْ كُلِّ كَرْبٍ ثُمَّ اَنْتُمْ تُشْرِكُوْنَ٦٤
Qulillāhu yunajjīkum minhā wa min kulli karbin ṡumma antum tusyrikūn(a).
[64]
Dhawuha (Muhammmad), “Gusti Allah sing nylametna ko kabéh sekang bebaya kuwé lan sekang sekabéhé kesusahan, ning banjur ko padha (balik maning) nyekuthokna Penjenengané.”
قُلْ هُوَ الْقَادِرُ عَلٰٓى اَنْ يَّبْعَثَ عَلَيْكُمْ عَذَابًا مِّنْ فَوْقِكُمْ اَوْ مِنْ تَحْتِ اَرْجُلِكُمْ اَوْ يَلْبِسَكُمْ شِيَعًا وَّيُذِيْقَ بَعْضَكُمْ بَأْسَ بَعْضٍۗ اُنْظُرْ كَيْفَ نُصَرِّفُ الْاٰيٰتِ لَعَلَّهُمْ يَفْقَهُوْنَ٦٥
Qul huwal-qādiru ‘alā ay yab‘aṡa ‘alaikum ‘ażābam min fauqikum au min taḥti arjulikum au yalbisakum syiya‘aw wa yużīqa ba‘ḍakum ba'sa ba‘ḍ(in), unẓur kaifa nuṣarriful-āyāti la‘allahum yafqahūn(a).
[65]
Dhawuha (Muhammad), “Penjenengané sing kewasa ngirimna siksa maring ko kabéh, sekang ndhuwur utawa sekang ngisor sikilmu 312 utawa Penjenengané nyampurna ko kabéh neng golongan-golongan (sing pandha pesulayan) lan paring rasa maring sebagéané ko kabéh kejemé sebagéan liyané.” Gatékna, kepriwé Ingsun nerangna bola-bali tandha-tandha (kewasané Ingsun) 313 supayané dhéwéké padha ngerténi (kuwé).
312) Siksa sing teka sekang ndhuwur contoné udan watu, samberan bledhég, lan liya-liyané. Sing teka sekang ngisor contoné lindhu, blabur, lan liya-liyané.
313) Gusti Allah nerangna tandha-tandha kewasa-Né neng werna-werna rupa karo cara sing gonta-ganti. Ana uga juru tapsir sing negesna ayat kiyé karo ayat-ayat sing wujudé pengéling-éling, crita-crita, aturan hukum, lan liya-liyané.
وَكَذَّبَ بِهٖ قَوْمُكَ وَهُوَ الْحَقُّۗ قُلْ لَّسْتُ عَلَيْكُمْ بِوَكِيْلٍ ۗ٦٦
Wa każżaba bihī qaumuka wa huwal-ḥaqq(u), qul lastu ‘alaikum biwakīl(in).
[66]
Lan kaumé ko padha nggorohi (siksa) 314 mangkané (siksa) kuwé bener anané. Dhawuha (Muhammad), “Inyong kiyé udu sing nanggung-jawabi ko kabéh.”
314) Sebagéan juru tapsir nerangna lamon sing dégorohna mau yakuwé Al-Qur’an.
لِكُلِّ نَبَاٍ مُّسْتَقَرٌّ وَّسَوْفَ تَعْلَمُوْنَ٦٧
Likulli naba'im mustaqarruw wa saufa ta‘lamūn(a).
[67]
Saben-saben werta (sing degawa déning utusan) ana (wektu) kedadéané lan mbésuk ko bakal ngawéruhi.
وَاِذَا رَاَيْتَ الَّذِيْنَ يَخُوْضُوْنَ فِيْٓ اٰيٰتِنَا فَاَعْرِضْ عَنْهُمْ حَتّٰى يَخُوْضُوْا فِيْ حَدِيْثٍ غَيْرِهٖۗ وَاِمَّا يُنْسِيَنَّكَ الشَّيْطٰنُ فَلَا تَقْعُدْ بَعْدَ الذِّكْرٰى مَعَ الْقَوْمِ الظّٰلِمِيْنَ٦٨
Wa iżā ra'aital-lażīna yakhūḍūna fī āyātinā fa a‘riḍ ‘anhum ḥattā yakhūḍū fī ḥadīṡin gairih(ī), wa immā yunsiyannakasy-syaiṭānu falā taq‘ud ba‘daż-żikrā ma‘al-qaumiẓ-ẓālimīn(a).
[68]
Angger sliramu (Muhammad) priksa wong-wong padha merguyu ayat-ayat-É Ingsun, mangka tinggalna baé dhéwéké nganti dhéwéké ganti maring omongan liyané. Lan angger sétan nyata-nyata ndadékna sliramu kelalén (maring larangan kiyé), sewisé kélingan maning aja nganti sliramu jagongan karo wong-wong sing aniaya (dolim).
وَمَا عَلَى الَّذِيْنَ يَتَّقُوْنَ مِنْ حِسَابِهِمْ مِّنْ شَيْءٍ وَّلٰكِنْ ذِكْرٰى لَعَلَّهُمْ يَتَّقُوْنَ٦٩
Wa mā ‘alal-lażīna yattaqūna min ḥisābihim min syai'iw wa lākin żikrā la‘allahum yattaqūn(a).
[69]
Wong-wong sing padha semarah (takwa) ora ana tanggung jawab semendhing-mendhinga ingatasé (dosa-dosané) wong-wong (aniaya) mau; ning (wajib) ngélingna supayané dhéwéké (uga) padha semarah (takwa).
وَذَرِ الَّذِيْنَ اتَّخَذُوْا دِيْنَهُمْ لَعِبًا وَّلَهْوًا وَّغَرَّتْهُمُ الْحَيٰوةُ الدُّنْيَا وَذَكِّرْ بِهٖٓ اَنْ تُبْسَلَ نَفْسٌۢ بِمَا كَسَبَتْۖ لَيْسَ لَهَا مِنْ دُوْنِ اللّٰهِ وَلِيٌّ وَّلَا شَفِيْعٌ ۚوَاِنْ تَعْدِلْ كُلَّ عَدْلٍ لَّا يُؤْخَذْ مِنْهَاۗ اُولٰۤىِٕكَ الَّذِيْنَ اُبْسِلُوْا بِمَا كَسَبُوْا لَهُمْ شَرَابٌ مِّنْ حَمِيْمٍ وَّعَذَابٌ اَلِيْمٌ ۢبِمَا كَانُوْا يَكْفُرُوْنَ ࣖ٧٠
Wa żaril-lażīnattakhażū dīnahum la‘ibaw wa lahwaw wa garrathumul-ḥayātud-dun-yā wa żakkir bihī an tubsala nafsum bimā kasabat, laisa lahā min dūnillāhi waliyyuw wa lā syafī‘(un), wa in ta‘dil kulla ‘adlil lā yu'khaż minhā, ulā'ikal-lażīna ubsilū bimā kasabū lahum syarābum min ḥamīmiw wa ‘ażābun alīmum bimā kānū yakfurūn(a).
[70]
Tinggalna wong-wong sing padha ndadékna agamané nggo dolanan lan guyonan, lan dhéwéké wis kapusan déning urip kedunyan. Élingna (dhéwéké kabéh) kanthi Al-Qur’an supaya saben wong ora kecemplung (maring njero neraka), merga kelakuané dhéwék. Ora nana tumrap dhéwéké pengayom lan sing paring pitulungan (sapangat) seliyané Gusti Allah. Lan angger dhéwéké karep nebus karo sekabéh werna tebusan apa baé, mesthi ora bakal détampa. Wong-wong kuwé sing dejeblosna (maring neraka), merga kelakuané dhéwék, Dhéwéké padha olih inuman rupa banyu sing umeb lan siksa sing perih merga mbangkangé (kapiré) dhéwéké gemiyén.
قُلْ اَنَدْعُوْا مِنْ دُوْنِ اللّٰهِ مَا لَا يَنْفَعُنَا وَلَا يَضُرُّنَا وَنُرَدُّ عَلٰٓى اَعْقَابِنَا بَعْدَ اِذْ هَدٰىنَا اللّٰهُ كَالَّذِى اسْتَهْوَتْهُ الشَّيٰطِيْنُ فِى الْاَرْضِ حَيْرَانَ لَهٗٓ اَصْحٰبٌ يَّدْعُوْنَهٗٓ اِلَى الْهُدَى ائْتِنَا ۗ قُلْ اِنَّ هُدَى اللّٰهِ هُوَ الْهُدٰىۗ وَاُمِرْنَا لِنُسْلِمَ لِرَبِّ الْعٰلَمِيْنَۙ٧١
Qul anad‘ū min dūnillāhi mā lā yanfa‘unā wa lā yaḍurrunā wa nuraddu ‘alā a‘qābinā ba‘da iż hadānallāhu kal-lażīstahwathusy-syayāṭīnu fil-arḍi ḥairāna lahū aṣḥābuy yad‘ūnahū ilal-huda'tinā, qul inna hudallāhi huwal-hudā, wa umirnā linuslima lirabbil-‘ālamīn(a).
[71]
Dhawuha (Muhammad), “Apa dhéwék padha arep nyenyuwun maring sewiji-wiji seliyané Gusti Allah, sing ora bisa awéh piguna (manpangat) lan ora (uga) nekakna rubéda (mudarat) maring dhéwék kabéh, apa dhéwék bakal débalékna maring mburi, 315 sewisé Gusti Allah paring pituduh maring awaké dhéwék, kayadéné wong sing wis désasarna déning sétan neng bumi, neng sejeroné kahanan bingung.” Batir-batiré padha ajék maring dalan sing jejeg (kanthi ngucapna), “Melua maring inyong kabéh.” Dhawuha, “Setemené pituduhé Gusti Allah kuwé pitudhuh (sing sejati); lan inyong kabéh dedhawuhi supaya pasrah awak maring Pengérané sekabéhé ngalam,
315) Maksudé yakuwé syirik
وَاَنْ اَقِيْمُوا الصَّلٰوةَ وَاتَّقُوْهُۗ وَهُوَ الَّذِيْٓ اِلَيْهِ تُحْشَرُوْنَ٧٢
Wa aqīmuṣ-ṣalāta wattaqūh(u), wa huwal-lażī ilaihi tuḥsyarūn(a).
[72]
lan supaya nglakoni sembayang lan semarah (takwa) maring Penjenengané.” Lan Penjenengané Pengéran sing maring Penjenengané ko kabéh bakal dékumpulna.
وَهُوَ الَّذِيْ خَلَقَ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضَ بِالْحَقِّۗ وَيَوْمَ يَقُوْلُ كُنْ فَيَكُوْنُۚ قَوْلُهُ الْحَقُّۗ وَلَهُ الْمُلْكُ يَوْمَ يُنْفَخُ فِى الصُّوْرِۗ عٰلِمُ الْغَيْبِ وَالشَّهَادَةِ وَهُوَ الْحَكِيْمُ الْخَبِيْرُ٧٣
Wa huwal-lażī khalaqas-samāwāti wal-arḍa bil-ḥaqq(i), wa yauma yaqūlu kun fa yakūn(u), qauluhul-ḥaqq(u), wa lahul-mulku yauma yunfakhu fiṣ-ṣūr(i), ‘ālimul-gaibi wasy-syahādati wa huwal-ḥakīmul-khabīr(u).
[73]
Penjenengané sing nyiptakna langit lan bumi kanthi hak (bener), rikala Penjene-ngané dhawuh, “Dadia!” Mangka demadi sewiji-wiji kuwé. Sabdané Penjenengan-É kuwé bener, lan kagungan Penjenengané sekabéhé wewenang rikalané slomprét dedamu. Penjenengané ngawuningani sing ora kasatmata (gaib) lan sing keton. Penjenengané Sing Mahawicaksana, Mahanastiti.
۞ وَاِذْ قَالَ اِبْرٰهِيْمُ لِاَبِيْهِ اٰزَرَ اَتَتَّخِذُ اَصْنَامًا اٰلِهَةً ۚاِنِّيْٓ اَرٰىكَ وَقَوْمَكَ فِيْ ضَلٰلٍ مُّبِيْنٍ٧٤
Wa iż qāla ibrāhīmu li'abīhi āzara atattakhiżu aṣnāman ālihah(tan), innī arāka wa qaumaka fī ḍalālim mubīn(in).
[74]
Lan (élinga) rikala Ibrahim matur maring ramané (sing asmané) Azar, 316 “Apa pantes rika ndadékna reca-reca kaé minangka Pengéran? Setemené inyong weruh rika karo kaumé rika ana neng sejeroné kesasar sing nyata.”
316) Neng antarané juru tapsir ana sing napsirna lamon sing démaksud abihi (ramané) yakuwé pamané.
وَكَذٰلِكَ نُرِيْٓ اِبْرٰهِيْمَ مَلَكُوْتَ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِ وَلِيَكُوْنَ مِنَ الْمُوْقِنِيْنَ٧٥
Wa każālika nurī ibrāhīma malakūtas-samāwāti wal-arḍi wa liyakūna minal-mūqinīn(a).
[75]
Lan mengkana kuwé Ingsun ngawruhna maring Ibrahim kewasané (Ingsun sing ana) neng langit lan bumi, lan supayané dhéwéké klebu wong-wong sing precaya (yakin).
فَلَمَّا جَنَّ عَلَيْهِ الَّيْلُ رَاٰ كَوْكَبًا ۗقَالَ هٰذَا رَبِّيْۚ فَلَمَّآ اَفَلَ قَالَ لَآ اُحِبُّ الْاٰفِلِيْنَ٧٦
Falammā janna ‘alaihil-lailu ra'ā kaukabā(n), qāla hāżā rabbī, falammā afala qāla lā uḥibbul-āfilīn(a).
[76]
Rikala wengi wis dadi peteng, dhéwéké (Ibrahim) weruh sewiji lintang (banjur) dhéwéké ngucap, “Kiyé Pengérané inyong,” Mangka rikala lintang kuwé surup, dhéwéké matur, “Inyong ora seneng maring sing surup.”
فَلَمَّا رَاَ الْقَمَرَ بَازِغًا قَالَ هٰذَا رَبِّيْ ۚفَلَمَّآ اَفَلَ قَالَ لَىِٕنْ لَّمْ يَهْدِنِيْ رَبِّيْ لَاَكُوْنَنَّ مِنَ الْقَوْمِ الضَّاۤلِّيْنَ٧٧
Falammā ra'al-qamara bāzigan qāla hāżā rabbī, falammā afala qāla la'illam yahdinī rabbī la'akūnanna minal-qaumiḍ-ḍāllīn(a).
[77]
Banjur rikala dhéwéké weruh wulan mlethék dhéwéké ngucap, “Kiyé Pengérané inyong.” Ning rikala wulan kuwé surup dhéwéké ngucap, “Temen, angger Pengéran ora awéh pituduh maring inyong, mesthi inyong klebu wong-wong sing kesasar.”
فَلَمَّا رَاَ الشَّمْسَ بَازِغَةً قَالَ هٰذَا رَبِّيْ هٰذَآ اَكْبَرُۚ فَلَمَّآ اَفَلَتْ قَالَ يٰقَوْمِ اِنِّيْ بَرِيْۤءٌ مِّمَّا تُشْرِكُوْنَ٧٨
Falammā ra'asy-syamsa bāzigatan qāla hāżā rabbī hāżā akbar(u), falammā afalat qāla yā qaumi innī barī'um mimmā tusyrikūn(a).
[78]
Banjur rikala dhéwéké weruh srengéngé mlethék, dhéwéké ngucap, “Kiyé Pengérané inyong, kiyé lewih gedhé.” Ning rikala srengéngé mau surup, dhéwéké ngucap, “Hé kaumé inyong! Temen, inyong ora cawé-cawé karo apa sing ko padha sekuthokna.”
اِنِّيْ وَجَّهْتُ وَجْهِيَ لِلَّذِيْ فَطَرَ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضَ حَنِيْفًا وَّمَآ اَنَا۠ مِنَ الْمُشْرِكِيْنَۚ٧٩
Innī wajjahtu wajhiya lil-lażī faṭaras-samāwāti wal-arḍa ḥanīfaw wa mā ana minal-musyrikīn(a).
[79]
Inyong ngadhepna rainé inyong maring (Gusti Allah) sing nyiptakna langit lan bumi kanthi setemen-temené pasrah (ngetutna) agama sing bener, lan inyong udu klebu wong-wong sing nyekuthokna (musrik).
وَحَاۤجَّهٗ قَوْمُهٗ ۗقَالَ اَتُحَاۤجُّوْۤنِّيْ فِى اللّٰهِ وَقَدْ هَدٰىنِۗ وَلَآ اَخَافُ مَا تُشْرِكُوْنَ بِهٖٓ اِلَّآ اَنْ يَّشَاۤءَ رَبِّيْ شَيْـًٔا ۗوَسِعَ رَبِّيْ كُلَّ شَيْءٍ عِلْمًا ۗ اَفَلَا تَتَذَكَّرُوْنَ٨٠
Wa ḥājjahū qaumuh(ū), qāla atuḥājjūnnī fillāhi wa qad hadān(i), wa lā akhāfu mā tusyrikūna bihī illā ay yasyā'a rabbī syai'ā(n), wasi‘a rabbī kulla syai'in ‘ilmā(n), afalā tatażakkarūn(a).
[80]
Lan kaumé padha mbantah dhéwéké. Dhéwéké (Ibrahim) ngucap, “Apa ko kabéh arep mbantah inyong ngenani Gusti Allah, mangkané Penjenengané nyata-nyata wis paring pituduh maring inyong? Inyong ora wedi maring (bebaya sekang) apa sing ko kabéh sekuthokna karo Gusti Allah, kejaba Pengéranku ngersakna sewiji-wiji. Ilmuné Pengéranku nglingkupi samubarang kabéh. Apa ko kabéh ora bisa ngalap piwulangan?
وَكَيْفَ اَخَافُ مَآ اَشْرَكْتُمْ وَلَا تَخَافُوْنَ اَنَّكُمْ اَشْرَكْتُمْ بِاللّٰهِ مَا لَمْ يُنَزِّلْ بِهٖ عَلَيْكُمْ سُلْطٰنًا ۗفَاَيُّ الْفَرِيْقَيْنِ اَحَقُّ بِالْاَمْنِۚ اِنْ كُنْتُمْ تَعْلَمُوْنَۘ٨١
Wa kaifa akhāfu mā asyraktum wa lā takhāfūna annakum asyraktum billāhi mā lam yunazzil bihī ‘alaikum sulṭānā(n), fa ayyul-farīqaini aḥaqqu bil-amn(i), in kuntum ta‘lamūn(a).
[81]
Kepriwé inyong wedi maring apa sing ko padha sekuthokna (karo Gusti Allah), mangkané ko kabéh ora wedi maring apa sing Gusti Allah pribadi ora nurunaken keterangan maring ko kabéh supayané nyekuthokna Penjenengané. Endi sekang rong golongan kuwé sing lewih duwé hak olih pengayoman (sekang marabaya), angger ko mengerténi? 317
317) Sewisé dedhéngna déning Gusti Allah maring Nabi Ibrahim tetenger keagungan-E lan tambah teguh precayaé maring Gusti Allah (ayat 75), mangka Nabi Ibrahim a.s mimpin kaumé maring tauhid kanthi ngetutna ngalam pikirané wong-wong mau.
اَلَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَلَمْ يَلْبِسُوْٓا اِيْمَانَهُمْ بِظُلْمٍ اُولٰۤىِٕكَ لَهُمُ الْاَمْنُ وَهُمْ مُّهْتَدُوْنَ ࣖ٨٢
Al-lażīna āmanū wa lam yalbisū īmānahum biẓulmin ulā'ika lahumul-amnu wa hum muhtadūn(a).
[82]
Wong-wong sing precaya ora nyampur-bawur precayaé karo syirik, dhéwéké kuwé wong-wong sing olih rasa aman lan dhéwéké padha olih pituduh.
وَتِلْكَ حُجَّتُنَآ اٰتَيْنٰهَآ اِبْرٰهِيْمَ عَلٰى قَوْمِهٖۗ نَرْفَعُ دَرَجٰتٍ مَّنْ نَّشَاۤءُۗ اِنَّ رَبَّكَ حَكِيْمٌ عَلِيْمٌ٨٣
Wa tilka ḥujjatunā ātaināhā ibrāhīma ‘alā qaumih(ī), narfa‘u darajātim man nasyā'(u), inna rabbaka ḥakīmun ‘alīm(un).
[83]
Lan kuwé keterangané Ingsun sing Ingsun paringna maring Ibrahim nggo ngadhepi kaumé. Ingsun dhuwurna drajaté sapa sing Ingsun kersakna. Setemené Pengéranmu Mahawicaksana, Maha Ngawuningani.
وَوَهَبْنَا لَهٗٓ اِسْحٰقَ وَيَعْقُوْبَۗ كُلًّا هَدَيْنَا وَنُوْحًا هَدَيْنَا مِنْ قَبْلُ وَمِنْ ذُرِّيَّتِهٖ دَاوٗدَ وَسُلَيْمٰنَ وَاَيُّوْبَ وَيُوْسُفَ وَمُوْسٰى وَهٰرُوْنَ ۗوَكَذٰلِكَ نَجْزِى الْمُحْسِنِيْنَۙ٨٤
Wa wahabnā lahū isḥāqa wa ya‘qūb(a), kullan hadainā wa nūḥan hadainā min qablu wa min żurriyyatihī dāwūda wa sulaimāna wa ayyūba wa yūsufa wa mūsā wa hārūna wa każālika najzil-muḥsinīn(a).
[84]
Lan Ingsun wis nganugrahna Ishak lan Yakub maring dhéwéké (Ibrahim). Maring sekaroné wis Ingsun paringi pituduh; lan seurungé kuwé Ingsun wis paring pitudhuh maring Nuh, lan maring sebagéan sekang keturunané (Ibrahim) yakuwé Dawud, Sulaiman, Ayub, Yusuf, Musa lan Harun. Lan kaya kuwé Ingsun paring piwales maring wong-wong sing temindak apik,
وَزَكَرِيَّا وَيَحْيٰى وَعِيْسٰى وَاِلْيَاسَۗ كُلٌّ مِّنَ الصّٰلِحِيْنَۙ٨٥
Wa zakariyyā wa yaḥyā wa ‘īsā wa ilyās(a), kullum minaṣ-ṣāliḥīn(a).
[85]
lan Zakariya, Yahya, Isa lan Ilyas. Kabéh klebu wong-wong sing pantes (saléh),
وَاِسْمٰعِيْلَ وَالْيَسَعَ وَيُوْنُسَ وَلُوْطًاۗ وَكُلًّا فَضَّلْنَا عَلَى الْعٰلَمِيْنَۙ٨٦
Wa ismā‘īla wal-yasa‘a wa yūnusa wa lūṭā(n), wa kullan faḍḍalnā ‘alal-‘ālamīn(a).
[86]
lan Ismail, Ilyasa, Yunus, lan Lut. Dhéwéké kabéh padha-padha wis delewihna (drajaté) neng ndhuwuré umat liya (neng jamané),
وَمِنْ اٰبَاۤىِٕهِمْ وَذُرِّيّٰتِهِمْ وَاِخْوَانِهِمْ ۚوَاجْتَبَيْنٰهُمْ وَهَدَيْنٰهُمْ اِلٰى صِرَاطٍ مُّسْتَقِيْمٍ٨٧
Wa min ābā'ihim wa żurriyyātihim wa ikhwānihim, wajtabaināhum wa hadaināhum ilā ṣirāṭim mustaqīm(in).
[87]
(lan Ingsun lewihna uga drajaté) sebagéan sekang kaki-nininé dhéwéké, turunané dhéwéké, lan sedulur-seduluré dhéwéké. Ingsun wis milih dhéwéké kabéh (dadi nabi lan utusan) lan dhéwéké kabéh Ingsun paringi pituduh maring dalan sing jejeg.
ذٰلِكَ هُدَى اللّٰهِ يَهْدِيْ بِهٖ مَنْ يَّشَاۤءُ مِنْ عِبَادِهٖ ۗوَلَوْ اَشْرَكُوْا لَحَبِطَ عَنْهُمْ مَّا كَانُوْا يَعْمَلُوْنَ٨٨
Żālika hudallāhi yahdī bihī may yasyā'u min ‘ibādih(ī), wa lau asyrakū laḥabiṭa ‘anhum mā kānū ya‘malūn(a).
[88]
Kuwé pituduhé Gusti Allah, kanthi kuwé Penjenengané paring pituduh maring sapa baé neng antarané kewula-kewula-Né sing Penjenengané kersakna. Sekirané dhéwéké padha nyekuthokna Gusti Allah, mesthi ilang temindak becik (ngamal) sing wis dhéwéké kabéh pergawé.
اُولٰۤىِٕكَ الَّذِيْنَ اٰتَيْنٰهُمُ الْكِتٰبَ وَالْحُكْمَ وَالنُّبُوَّةَ ۚفَاِنْ يَّكْفُرْ بِهَا هٰٓؤُلَاۤءِ فَقَدْ وَكَّلْنَا بِهَا قَوْمًا لَّيْسُوْا بِهَا بِكٰفِرِيْنَ٨٩
Ulā'ikal-lażīna ātaināhumul-kitāba wal-ḥukma wan-nubuwwah(ta), fa iy yakfur bihā hā'ulā'i faqad wakkalnā bihā qaumal laisū bihā bikāfirīn(a).
[89]
Dhéwéké kabéh kuwé wong-wong sing wis Ingsun paringi kitab, hikmah, lan kenabian. Angger wong-wong (Quraisy) kuwé ngingkari, mangka Ingsun bakal paringna maring kaum sing ora ngingkari (peparing mau).
اُولٰۤىِٕكَ الَّذِيْنَ هَدَى اللّٰهُ فَبِهُدٰىهُمُ اقْتَدِهْۗ قُلْ لَّآ اَسْـَٔلُكُمْ عَلَيْهِ اَجْرًاۗ اِنْ هُوَ اِلَّا ذِكْرٰى لِلْعٰلَمِيْنَ ࣖ٩٠
Ulā'ikal-lażīna hadallāhu fa bihudāūhumuqtadih, qul lā as'alukum ‘alaihi ajrā(n), in huwa illā żikrā lil-‘ālamīn(a).
[90]
Wong-wong kuwé (nabi-nabi) sing wis déparingi pituduh déning Gusti Allah, mangka padha mélua maring pituduhé dhéwéké kabéh. Dhawuha (Muhammad), “Inyong ora njaluk imbalan maring ko kabéh sejeroné mbutulna (Al-Qur’an). Al-Qur’an kuwé ora liya mung pengéling-éling nggo (sewernané umat) sekabéh ngalam.
وَمَا قَدَرُوا اللّٰهَ حَقَّ قَدْرِهٖٓ اِذْ قَالُوْا مَآ اَنْزَلَ اللّٰهُ عَلٰى بَشَرٍ مِّنْ شَيْءٍۗ قُلْ مَنْ اَنْزَلَ الْكِتٰبَ الَّذِيْ جَاۤءَ بِهٖ مُوْسٰى نُوْرًا وَّهُدًى لِّلنَّاسِ تَجْعَلُوْنَهٗ قَرَاطِيْسَ تُبْدُوْنَهَا وَتُخْفُوْنَ كَثِيْرًاۚ وَعُلِّمْتُمْ مَّا لَمْ تَعْلَمُوْٓا اَنْتُمْ وَلَآ اٰبَاۤؤُكُمْ ۗقُلِ اللّٰهُ ۙثُمَّ ذَرْهُمْ فِيْ خَوْضِهِمْ يَلْعَبُوْنَ٩١
Wa mā qadarullāha ḥaqqa qadrihī iż qālū mā anzalallāhu ‘alā basyarim min syai'(in), qul man anzalal-kitābal-lażī jā'a bihī mūsā nūraw wa hudal lin-nāsi taj‘alūnahū qarāṭīsa tubdūnahā wa tukhfūna kaṡīrā(n), wa ‘ullimtum mā lam ta‘lamū antum wa lā ābā'ukum, qulillāh(u), ṡumma żarhum fī khauḍihim yal‘abūn(a).
[91]
Wong-wong kuwé ora ngagungna Gusti Allah kaya sing semesthiné rikala dhéwéké ngucap, “Gusti Allah ora nurunaken apa-apa maring menungsa.” Dhawuha (Muhammad), “Sapa sing nurunaken Kitab (Taurat) sing degawa Musa minangka cahya lan pituduh kanggo menungsa, ko padha ndadékna Kitab kuwé lembaran-lembaran kertas sing pating prethil, ko kabéh ngedhéngna (sebagéané) lan akéh sing ko padha umpetna, mangkané wis dewarahna maring ko kabéh apa sing ora dengerténi neng ko utawa neng kaki-ninimu.” Dhawuha, “Gusti Allah (sing nurunaken),” banjur (sewisé kuwé), jorna dhéwéké padha dolanan neng dalan kesasaré. 318
318) Nggo pesemon maring wong-wong kesasar kayadéné dhéwéké déanggep bocah cilik sing urung duwé nalar.
وَهٰذَا كِتٰبٌ اَنْزَلْنٰهُ مُبٰرَكٌ مُّصَدِّقُ الَّذِيْ بَيْنَ يَدَيْهِ وَلِتُنْذِرَ اُمَّ الْقُرٰى وَمَنْ حَوْلَهَاۗ وَالَّذِيْنَ يُؤْمِنُوْنَ بِالْاٰخِرَةِ يُؤْمِنُوْنَ بِهٖ وَهُمْ عَلٰى صَلَاتِهِمْ يُحٰفِظُوْنَ٩٢
Wa hāżā kitābun anzalnāhu mubārakum muṣaddiqul-lażī baina yadaihi wa litunżira ummal-qurā wa man ḥaulahā, wal-lażīna yu'minūna bil-ākhirati yu'minūna bihī wa hum ‘alā ṣalātihim yuḥāfiẓūn(a).
[92]
Lan kiyé (Al-Qur’an), Kitab sing wis Ingsun turunaken kanthi lubér berkah; mbenerna kitab-kitab sing (déturunaken) seurungé lan supayané sliramu awéh pengéling-éling maring (wargané) Ummul Qura (Mekah) lan wong-wong sing ana neng seubengé. Wong-wong sing precaya maring (penguripan) akhérat mesthi ngprecayai (Al-Qur’an), dhéwéké mesthi padha ngreksa sembayangé.
وَمَنْ اَظْلَمُ مِمَّنِ افْتَرٰى عَلَى اللّٰهِ كَذِبًا اَوْ قَالَ اُوْحِيَ اِلَيَّ وَلَمْ يُوْحَ اِلَيْهِ شَيْءٌ وَّمَنْ قَالَ سَاُنْزِلُ مِثْلَ مَآ اَنْزَلَ اللّٰهُ ۗوَلَوْ تَرٰٓى اِذِ الظّٰلِمُوْنَ فِيْ غَمَرٰتِ الْمَوْتِ وَالْمَلٰۤىِٕكَةُ بَاسِطُوْٓا اَيْدِيْهِمْۚ اَخْرِجُوْٓا اَنْفُسَكُمْۗ اَلْيَوْمَ تُجْزَوْنَ عَذَابَ الْهُوْنِ بِمَا كُنْتُمْ تَقُوْلُوْنَ عَلَى اللّٰهِ غَيْرَ الْحَقِّ وَكُنْتُمْ عَنْ اٰيٰتِهٖ تَسْتَكْبِرُوْنَ٩٣
Wa man aẓlamu mimmaniftarā ‘alallāhi każiban au qāla ūḥiya ilayya wa lam yūḥa ilaihi syai'uw wa man qāla sa'unzilu miṡla mā anzalallāh(u), wa lau tarā iżiẓ-ẓālimūna fī gamarātil-mauti wal-malā'ikatu bāsiṭū aidīhim, akhirjū anfusakum, al-yauma tujzauna ‘ażābal-hūni bimā kuntum taqūlūna ‘alallāhi gairal-ḥaqqi wa kuntum ‘an āyātihī tastakbirūn(a).
[93]
Sapa sing lewih aniaya (dolim) tenimbang wong-wong sing ngréka-réka penggorohan maring Gusti Allah utawa sing ngucap, ”Wis dewahyokna maring inyong,” mangkané ora dewahyokna apa-apa maring dhéwéké, lan wong sing ngucap, ”Inyong bakal nurunaken kayadéné apa sing déturunaken déning Gusti Allah.” (Banget kériné) angger sliramu weruh rikala wong-wong aniaya (dolim) kuwé (ana) neng larané sakaratul maut, lan para malaékat nggebug nganggo tangané, karo ngucap, ”Tokna nyawamu!” Neng dina kiyé ko bakal dewales karo siksa sing banget nisthakna, merga ko ngucapna maring Gusti Allah (ucapan) sing ora bener lan (merga) ko ngagulna awaké dhéwék maring ayat-ayat-É.
وَلَقَدْ جِئْتُمُوْنَا فُرَادٰى كَمَا خَلَقْنٰكُمْ اَوَّلَ مَرَّةٍ وَّتَرَكْتُمْ مَّا خَوَّلْنٰكُمْ وَرَاۤءَ ظُهُوْرِكُمْۚ وَمَا نَرٰى مَعَكُمْ شُفَعَاۤءَكُمُ الَّذِيْنَ زَعَمْتُمْ اَنَّهُمْ فِيْكُمْ شُرَكٰۤؤُا ۗ لَقَدْ تَّقَطَّعَ بَيْنَكُمْ وَضَلَّ عَنْكُمْ مَّا كُنْتُمْ تَزْعُمُوْنَ ࣖ٩٤
Wa laqad ji'tumūnā furādā kamā khalaqnākum awwala marratiw wa taraktum mā khawwalnākum warā'a ẓuhūrikum, wa mā narā ma‘akum syufa‘ā'akumul-lażīna za‘amtum annahum fīkum syurakā'(u), laqat taqaṭṭa‘a bainakum wa ḍalla ‘ankum mā kuntum taz‘umūn(a).
[94]
Lan ko kabéh temen-temen teka dhéwék-dhéwék maring Ingsun kayadéné Ingsun nyiptakna ko kabéh rikala kawitané, lan apa sing wis Ingsun paringna maring ko kabéh, ko padha tinggal neng mburimu (neng dunya). Ingsun ora priksa sing awéh pitulu-ngan (sapangat) bareng karo ko kabéh sing ko padha anggep lamon dhéwéké kuwé batir-batiré (Gusti Allah). Temen, wis pedhot (sekabéhé gegandhéngan) antarané ko kabéh lan wis ilang sekang ko kabéh apa sing gemiyén ko padha kira (dadi sekuthoné Gusti Allah).
۞ اِنَّ اللّٰهَ فَالِقُ الْحَبِّ وَالنَّوٰىۗ يُخْرِجُ الْحَيَّ مِنَ الْمَيِّتِ وَمُخْرِجُ الْمَيِّتِ مِنَ الْحَيِّ ۗذٰلِكُمُ اللّٰهُ فَاَنّٰى تُؤْفَكُوْنَ٩٥
Innallāha fāliqul-ḥabbi wan-nawā, yukhrijul-ḥayya minal-mayyiti wa mukhrijul-mayyiti minal-ḥayy(i), żālikumullāhu fa annā tu'fakūn(a).
[95]
Temen, Gusti Allah sing nuwuhna winih (pari-parian) lan wiji (kurma). Penjenengané ngetokna sing urip sekang sing mati lan ngetokna sing mati sekang sing urip. Kuwé (kewasané) Gusti Allah, mangka kenangapa ko ésih padha mléngos?
فَالِقُ الْاِصْبَاحِۚ وَجَعَلَ الَّيْلَ سَكَنًا وَّالشَّمْسَ وَالْقَمَرَ حُسْبَانًا ۗذٰلِكَ تَقْدِيْرُ الْعَزِيْزِ الْعَلِيْمِ٩٦
Fāliqul-iṣbāḥ(i), wa ja‘alal-laila sakanaw wasy-syamsa wal-qamara ḥusbānā(n), żālika taqdīrul-‘azīzil-‘alīm(i).
[96]
Penjenengané sing mlethékna ésuk lan ndadékna wengi nggo ngaso, lan (ndadékna) srengéngé lan wulan nggo perétungan. Kuwé ketetepané Gusti Allah Sing Mahadigdaya, Maha Ngawuningani.
وَهُوَ الَّذِيْ جَعَلَ لَكُمُ النُّجُوْمَ لِتَهْتَدُوْا بِهَا فِيْ ظُلُمٰتِ الْبَرِّ وَالْبَحْرِۗ قَدْ فَصَّلْنَا الْاٰيٰتِ لِقَوْمٍ يَّعْلَمُوْنَ٩٧
Wa huwal-lażī ja‘ala lakumun-nujūma litahtadū bihā fī ẓulumātil-barri wal-baḥr(i), qad faṣṣalnal-āyāti liqaumiy ya‘lamūn(a).
[97]
Lan Penjenengané sing ndadékna lintang-lintang nggo ko kabéh, supayané ko padha ndadékna (kuwé) nggo pathokan kahanan peteng neng dharat lan neng segara. Ingsun wis nerangna tandha-tandha (kewasané Ingsun) maring wong-wong sing ngawéruhi.
وَهُوَ الَّذِيْٓ اَنْشَاَكُمْ مِّنْ نَّفْسٍ وَّاحِدَةٍ فَمُسْتَقَرٌّ وَّمُسْتَوْدَعٌ ۗقَدْ فَصَّلْنَا الْاٰيٰتِ لِقَوْمٍ يَّفْقَهُوْنَ٩٨
Wa huwal-lażī ansya'akum min nafsiw wāḥidatin fa mustaqarruw wa mustauda‘(un), qad faṣṣalnal-āyāti liqaumiy yafqahūn(a).
[98]
Lan Penjenengané sing nyiptakna ko kabéh sekang awak sing siji (Adam), mangka (nggo ko kabéh) ana papan manggon lan papan simpenan. 319 Setemené wis Ingsun terangna tandha-tandha (agungé Ingsun) maring wong-wong sing padha ngawéruhi.
319) Neng antarané juru tapsir ana sing duwé penemu sing démaksud “papan manggon” yakuwé balung sulbiné ramané lan “papan simpénan” yakuwé gua garba (rahimé) biyung. Lan ana uga sing ngarani papan manggon yakuwé neng dhuwur bumi wektu menungsa ésih urip lan panggonan simpénan yakuwé neng njero bumi (kuburan) wektu menungsa wis mati.
وَهُوَ الَّذِيْٓ اَنْزَلَ مِنَ السَّمَاۤءِ مَاۤءًۚ فَاَخْرَجْنَا بِهٖ نَبَاتَ كُلِّ شَيْءٍ فَاَخْرَجْنَا مِنْهُ خَضِرًا نُّخْرِجُ مِنْهُ حَبًّا مُّتَرَاكِبًاۚ وَمِنَ النَّخْلِ مِنْ طَلْعِهَا قِنْوَانٌ دَانِيَةٌ وَّجَنّٰتٍ مِّنْ اَعْنَابٍ وَّالزَّيْتُوْنَ وَالرُّمَّانَ مُشْتَبِهًا وَّغَيْرَ مُتَشَابِهٍۗ اُنْظُرُوْٓا اِلٰى ثَمَرِهٖٓ اِذَٓا اَثْمَرَ وَيَنْعِهٖ ۗاِنَّ فِيْ ذٰلِكُمْ لَاٰيٰتٍ لِّقَوْمٍ يُّؤْمِنُوْنَ٩٩
Wa huwal-lażī anzala minas-samā'i mā'ā(n), fa akhrajnā bihī nabāta kulli syai'in fa akhrajnā minhu khaḍiran nukhriju minhu ḥabbam mutarākibā(n), wa minan nakhli min ṭal‘ihā qinwānun dāniyatuw wa jannātim min a‘nābiw waz-zaitūna war-rummāna musytabihaw wa gaira mutasyābih(in), unẓurū ilā ṡamarihī iżā aṡmara wa yan‘ih(ī), inna fī żālikum la'āyātil liqaumiy yu'minūn(a).
[99]
Lan Penjenengané sing nurunaken banyu sekang langit, banjur Ingsun thukulna karo banyu kuwé werna-werna thethukulan, mangka Ingsun tokna sekang thethukulan kuwé tanduran sing ijo, Ingsun tokna sekang tanduran sing ijo kuwé wiji sing akéh; lan sekang manggar kurma, megar gagang-gagangé sing mengkelung, lan kebon-kebon anggur, lan (Ingsun tokna uga) zaitun lan delima sing serupa lan sing ora serupa. Gatékna wohé rikala woh, lan dadi mateng. Temen, neng sing mengkana kuwé ana tandha-tandha (kewasané Gusti Allah) tumrap wong-wong sing padha precaya.
وَجَعَلُوْا لِلّٰهِ شُرَكَاۤءَ الْجِنَّ وَخَلَقَهُمْ وَخَرَقُوْا لَهٗ بَنِيْنَ وَبَنٰتٍۢ بِغَيْرِ عِلْمٍۗ سُبْحٰنَهٗ وَتَعٰلٰى عَمَّا يَصِفُوْنَ ࣖ١٠٠
Wa ja‘alū lillāhi syurakā'al-jinna wa khalaqahum wa kharaqū lahū banīna wa banātim bigairi ‘ilm(in), subḥānahū wa ta‘ālā ‘ammā yaṣifūn(a).
[100]
Lan wong-wong (musrik) padha ndadékna jin minangka sekuthon-sekuthoné Gusti Allah, mangkané Penjenengané sing nyiptakna (jin-jin kuwé), lan dhéwéké padha apus-apus (kanthi ngucapna), “Gusti Allah duwé anak lanang lan anak wadon,” tanpa (dhasar) ilmu. 320 Mahasuci Gusti Allah lan Mahaluhur sekang sipat-sipat sing dhéwéké padha gambarna.
320) Dhéwéké ngucap lamon Gusti Allah duwé anak kaya wong Yahudi ngucap Uzair putrané Gusti Allah, lan wong-wong musrik ngomong lamon malaékat anak wadoné Gusti Allah. Dhéwéké padha ngomong kaya kuwé sebab bodho.
بَدِيْعُ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِۗ اَنّٰى يَكُوْنُ لَهٗ وَلَدٌ وَّلَمْ تَكُنْ لَّهٗ صَاحِبَةٌ ۗوَخَلَقَ كُلَّ شَيْءٍۚ وَهُوَ بِكُلِّ شَيْءٍ عَلِيْمٌ١٠١
Badī‘us-samāwāti wal-arḍ(i), annā yakūnu lahū waladuw wa lam takul lahū ṣāḥibah(tun), wa khalaqa kulla syai'(in), wa huwa bikulli syai'in‘alīm(un).
[101]
Penjenengané (Gusti Allah) sing nyipta langit lan bumi. Kepriwé (bisané) Penjenengané kagungan putra mangkané Penjenengané ora kagungan garwa. Penjenengané nyipta samubarang kabéh; lan Penjenengané ngawuningani samubarang kabéh.
ذٰلِكُمُ اللّٰهُ رَبُّكُمْۚ لَآ اِلٰهَ اِلَّا هُوَۚ خَالِقُ كُلِّ شَيْءٍ فَاعْبُدُوْهُ ۚوَهُوَ عَلٰى كُلِّ شَيْءٍ وَّكِيْلٌ١٠٢
Żālikumullāhu rabbukum, lā ilāha illā huw(a), khāliqu kulli syai'in fa‘budūh(u), wa huwa ‘alā kulli syai'iw wakīl(un).
[102]
Kuwé Gusti Allah, Pengérané ko kabéh; ora nana Pengéran seliyané Penjenengané; sing nyipta samubarang kabéh, mangka sembaha Penjenengané; Penjenengané sing ngreksa samubarang kabéh.
لَا تُدْرِكُهُ الْاَبْصَارُ وَهُوَ يُدْرِكُ الْاَبْصَارَۚ وَهُوَ اللَّطِيْفُ الْخَبِيْرُ١٠٣
Lā tudrikuhul-abṣāru wa huwa yudrikul-abṣār(a), wa huwal-laṭīful-khabīr(u).
[103]
Penjenengané ora bisa decandhak nganggo pendelengé mata, ning Penjenengané bisa mriksani sekabéhé sing keton kuwé lan Penjenengané Sing Mahaalus, Mahanastiti.
قَدْ جَاۤءَكُمْ بَصَاۤىِٕرُ مِنْ رَّبِّكُمْۚ فَمَنْ اَبْصَرَ فَلِنَفْسِهٖۚ وَمَنْ عَمِيَ فَعَلَيْهَاۗ وَمَآ اَنَا۠ عَلَيْكُمْ بِحَفِيْظٍ١٠٤
Qad jā'akum baṣā'iru mir rabbikum, faman abṣara fa linafsih(ī), wa man ‘amiya fa ‘alaihā, wa mā ana ‘alaikum biḥafīẓ(in).
[104]
Temen, bukti-bukti nyata wis teka sekang Pengérané ko kabéh. Sapa wongé weruh (bebener kuwé), 321 mangka (pigunané) nggo awaké dhéwék; lan sapa wongé picek (ora weruh bebener kuwé), mangka dhéwéké sing kapitunan. Lan inyong (Muhammad) udu sing njagani ko kabéh.
321) Sapa wongé ngerténi sing bener lan nglakoni kebagusan, lan olih pituduh, mula uwis butul maring puncaké kesenengan.
وَكَذٰلِكَ نُصَرِّفُ الْاٰيٰتِ وَلِيَقُوْلُوْا دَرَسْتَ وَلِنُبَيِّنَهٗ لِقَوْمٍ يَّعْلَمُوْنَ١٠٥
Wa każālika nuṣarriful-āyāti wa liyaqūlū darasta wa linubayyinahū liqaumiy ya‘lamūn(a).
[105]
Lan kaya kuwé Ingsun nerangna bola-bali ayat-ayat-É Ingsun supayané wong-wong musrik padha ngucap, “Sliramu uwis nyinaoni ayat-ayat kuwé (sekang Ahli Kitab),” lan supayané nerangna Al-Qur’an kuwé maring wong-wong sing mengerténi.
اِتَّبِعْ مَآ اُوْحِيَ اِلَيْكَ مِنْ رَّبِّكَۚ لَآ اِلٰهَ اِلَّا هُوَۚ وَاَعْرِضْ عَنِ الْمُشْرِكِيْنَ١٠٦
Ittabi‘ mā ūḥiya ilaika mir rabbik(a), lā ilāha illā huw(a), wa a‘riḍ ‘anil-musyrikīn(a).
[106]
Manuta maring apa sing wis déwahyokna déning Pengéranmu maring sliramu (Muhammad); ora nana sesembahan kejaba Penjenengané; lan padha mléngosa sekang wong-wong nyekuthokna (musrik).
وَلَوْ شَاۤءَ اللّٰهُ مَآ اَشْرَكُوْاۗ وَمَا جَعَلْنٰكَ عَلَيْهِمْ حَفِيْظًاۚ وَمَآ اَنْتَ عَلَيْهِمْ بِوَكِيْلٍ١٠٧
Wa lau syā'allāhu mā asyrakū, wa mā ja‘alnā ‘alaihim ḥafīẓā(n), wa mā anta ‘alaihim biwakīl(in).
[107]
Lan sekirané Gusti Allah ngersakna, mesthi dhéwéké padha ora nyekuthokna (Penjenengané). Lan Ingsun ora ndadékna sliramu sing njagani wong-wong kuwé, lan sliramu uga udu sing ngreksa dhéwéké kabéh.
وَلَا تَسُبُّوا الَّذِيْنَ يَدْعُوْنَ مِنْ دُوْنِ اللّٰهِ فَيَسُبُّوا اللّٰهَ عَدْوًاۢ بِغَيْرِ عِلْمٍۗ كَذٰلِكَ زَيَّنَّا لِكُلِّ اُمَّةٍ عَمَلَهُمْۖ ثُمَّ اِلٰى رَبِّهِمْ مَّرْجِعُهُمْ فَيُنَبِّئُهُمْ بِمَا كَانُوْا يَعْمَلُوْنَ١٠٨
Wa lā tasubbul-lażīna yad‘ūna min dūnillāhi fa yasubbullāha ‘adwam bigairi ‘ilm(in), każālika zayyannā likulli ummatin ‘amalahum, ṡumma ilā rabbihim marji‘uhum fa yunabbi'uhum bimā kānū ya‘malūn(a).
[108]
Lan aja nganti ko padha ngumpa-umpa sembahan sing dhéwéké sembah seliyané Gusti Allah, merga dhéwéké mengko bakal ngumpa-umpa Gusti Allah kanthi nglewati wates tanpa dhasar ilmu. Mengkana kuwé, Ingsun dadékna saben umat nganggep apik penggawéyané dhéwéké kabéh. Banjur ma-ring Pengéran panggonan baliné dhéwéké, banjur Penjenengané bakal paring weruh maring dhéwéké apa sing wis dhéwék padha pergawé.
وَاَقْسَمُوْا بِاللّٰهِ جَهْدَ اَيْمَانِهِمْ لَىِٕنْ جَاۤءَتْهُمْ اٰيَةٌ لَّيُؤْمِنُنَّ بِهَاۗ قُلْ اِنَّمَا الْاٰيٰتُ عِنْدَ اللّٰهِ وَمَا يُشْعِرُكُمْ اَنَّهَآ اِذَا جَاۤءَتْ لَا يُؤْمِنُوْنَ١٠٩
Wa aqsamū billāhi jahda aimānihim la'in jā'athum āyatul layu'minunna bihā, qul innamal-āyātu ‘indallāhi wa mā yusy‘irukum annahā iżā jā'at lā yu'minūn(a).
[109]
Lan wong-wong mau padha sumpah karo asmané Gusti Allah kanthi temen pisan, lamon angger teka mukjijat maring dhéwéké kabéh, mesthi dhéwéké padha bakal precaya maring Penjenengané. Dhawuha, “Mukjijat-mukjijat kuwé mung ana neng sisihé Gusti Allah.” Lan apa sliramu ngerti lamon angger mukjijat (ayat-ayat) teka, dhéwéké ora bakal precaya uga. 322
322) Wong musrik sumpah, angger teka sekang Gusti Allah mukjijat,dhéwéké bakal precaya, sebab kuwé wong mukmin njaluk maring Nabi supayané Gusti Allah nurunaken mukjijat sing démaksud kuwé. Gusti Allah nolak kekarepané wong-wong mukmin mau karo ayat kiyé.
وَنُقَلِّبُ اَفْـِٕدَتَهُمْ وَاَبْصَارَهُمْ كَمَا لَمْ يُؤْمِنُوْا بِهٖٓ اَوَّلَ مَرَّةٍ وَّنَذَرُهُمْ فِيْ طُغْيَانِهِمْ يَعْمَهُوْنَ ࣖ ۔١١٠
Wa nuqallibu af'idatahum wa abṣārahum kamā lam yu'minū bihī awwala marratiw wa nażaruhum fī ṭugyānihim ya‘mahūn(a).
[110]
Lan (kaya kuwé uga) Ingsun plengosna ati lan pendelengané dhéwéké kabéh kaya rikala kawitan dhéwéké ora precaya maring (Al-Qur’an), lan Ingsun jorna dhéwéké padha bingung neng sejeroné kesasar.
۞ وَلَوْ اَنَّنَا نَزَّلْنَآ اِلَيْهِمُ الْمَلٰۤىِٕكَةَ وَكَلَّمَهُمُ الْمَوْتٰى وَحَشَرْنَا عَلَيْهِمْ كُلَّ شَيْءٍ قُبُلًا مَّا كَانُوْا لِيُؤْمِنُوْٓا اِلَّآ اَنْ يَّشَاۤءَ اللّٰهُ وَلٰكِنَّ اَكْثَرَهُمْ يَجْهَلُوْنَ١١١
Wa lau annanā nazzalnā ilaihimul-malā'ikata wa kallamahumul-mautā wa ḥasyarnā ‘alaihim kulla syai'in qubulam mā kānū liyu'minū illā ay yasyā'allāhu wa lākinna akṡarahum yajhalūn(a).
[111]
Lan senajan Ingsun nyata-nyata nurunaken malaékat maring dhéwéké kabéh, lan wong sing wis mati ngomong karo dhéwéké lan Ingsun kumpulna (uga) neng ngarepé dhéwéké samubarang kabéh (sing dhéwéké kepéngini), dhéwéké uga ora bakal precaya, kejaba Gusti Allah ngersakna. Ning akéh-akéhé sekang dhéwéké padha ora mengerténi (tegesé bebener).
وَكَذٰلِكَ جَعَلْنَا لِكُلِّ نَبِيٍّ عَدُوًّا شَيٰطِيْنَ الْاِنْسِ وَالْجِنِّ يُوْحِيْ بَعْضُهُمْ اِلٰى بَعْضٍ زُخْرُفَ الْقَوْلِ غُرُوْرًا ۗوَلَوْ شَاۤءَ رَبُّكَ مَا فَعَلُوْهُ فَذَرْهُمْ وَمَا يَفْتَرُوْنَ١١٢
Wa każālika ja‘alnā likulli nabiyyin ‘aduwwan syayāṭīnal-insi wal-jinni yūḥī ba‘ḍuhum ilā ba‘ḍin zukhrufal-qauli gurūrā(n), wa lau syā'a rabbuka mā fa‘alūhu fa żarhum wa mā yaftarūn(a).
[112]
Lan mengkana kuwé, tumrap saben nabi Ingsun dadékna mungsuh sing démadi sekang sétan-sétan, menungsa lan jin, sebagéan (mungsuh kuwé) ngrisiki maring sebagéan liyané (karo) ucapan sing bagus nggo apus-apus. Lan angger Pengéranmu ngersakna, mesthi dhéwéké kabéh ora bakal temindak (sing kaya kuwé), mangka jorna dhéwéké kabéh bareng karo apa (apus-apus) sing dhéwéké padha réka-réka.
وَلِتَصْغٰٓى اِلَيْهِ اَفْـِٕدَةُ الَّذِيْنَ لَا يُؤْمِنُوْنَ بِالْاٰخِرَةِ وَلِيَرْضَوْهُ وَلِيَقْتَرِفُوْا مَا هُمْ مُّقْتَرِفُوْنَ١١٣
Wa litaṣgā ilaihi af'idatul-lażīna lā yu'minūna bil-ākhirati wa liyarḍauhu wa liyaqtarifū mā hum muqtarifūn(a).
[113]
Lan supayané atiné wong-wong sing ora precaya maring akhérat, kepéncut maring krisikan kuwé, lan nyenengi, lan supaya dhéwéké padha nglakoni apa sing biasa dhéwéké lakokna.
اَفَغَيْرَ اللّٰهِ اَبْتَغِيْ حَكَمًا وَّهُوَ الَّذِيْٓ اَنْزَلَ اِلَيْكُمُ الْكِتٰبَ مُفَصَّلًا ۗوَالَّذِيْنَ اٰتَيْنٰهُمُ الْكِتٰبَ يَعْلَمُوْنَ اَنَّهٗ مُنَزَّلٌ مِّنْ رَّبِّكَ بِالْحَقِّ فَلَا تَكُوْنَنَّ مِنَ الْمُمْتَرِيْنَ١١٤
Afagairallāhi abtagī ḥakamaw wa huwal-lażī anzala ilaikumul-kitāba mufaṣṣalā(n), wal-lażīna ātaināhumul-kitāba ya‘lamūna annahū munazzalum mir rabbika bil-ḥaqqi falā takunanna minal-mumtarīn(a).
[114]
Apa pantes inyong nggolét hakim seliyané Gusti Allah, mangkané Penjenengané sing nurunaken Kitab (Al-Qur'an) maring ko kabéh kanthi slesih. Wong-wong sing wis Ingsun paringi Kitab padha ngerti temen lamon (Al-Qur’an) kuwé déturunaken sekang Pengéranmu kanthi bener. Mangka aja nganti ko padha klebu wong-wong sing mamang.
وَتَمَّتْ كَلِمَتُ رَبِّكَ صِدْقًا وَّعَدْلًاۗ لَا مُبَدِّلَ لِكَلِمٰتِهٖ ۚوَهُوَ السَّمِيْعُ الْعَلِيْمُ١١٥
Wa tammat kalimatu rabbika ṣidqaw wa ‘adlā(n), lā mubaddila likalimātih(ī), wa huwas-samī‘ul-‘alīm(u).
[115]
Lan wis sempura sabdané Pengéranmu (Al-Qur’an) kanthi bener lan adil. Ora nana sing bisa ngowahi sabdané Penjenengané. Lan Penjenengané Maha Midhanget, Maha Ngawuningani.
وَاِنْ تُطِعْ اَكْثَرَ مَنْ فِى الْاَرْضِ يُضِلُّوْكَ عَنْ سَبِيْلِ اللّٰهِ ۗاِنْ يَّتَّبِعُوْنَ اِلَّا الظَّنَّ وَاِنْ هُمْ اِلَّا يَخْرُصُوْنَ١١٦
Wa in tuṭi‘ akṡara man fil-arḍi yuḍillūka ‘an sabīlillāh(i), iy yattabi‘ūna illaẓ-ẓanna wa in hum illā yakhruṣ ūn(a).
[116]
Lan angger ko padha ngetutna akeh-akehé wong neng bumi kiyé, mesthi dhéwéké bakal padha nyasarna ko sekang dalané Gusti Allah. Sing dhéwéké peloni mung pengira-ira lan dhéwéké mung padha ngréka apus-apus.
اِنَّ رَبَّكَ هُوَ اَعْلَمُ مَنْ يَّضِلُّ عَنْ سَبِيْلِهٖۚ وَهُوَ اَعْلَمُ بِالْمُهْتَدِيْنَ١١٧
Inna rabbaka huwa a‘lamu may yaḍillu ‘an sabīlih(ī), wa huwa a‘lamu bil-muhtadīn(a).
[117]
Setemené Pengéranmu, Penjenengané lewih ngawuningani sapa sing kesasar sekang dalan-É, lan Penjenengané lewih ngawuningani wong-wong sing olih pituduh.
فَكُلُوْا مِمَّا ذُكِرَ اسْمُ اللّٰهِ عَلَيْهِ اِنْ كُنْتُمْ بِاٰيٰتِهٖ مُؤْمِنِيْنَ١١٨
Fa kulū mimmā żukirasmullāhi ‘alaihi in kuntum bi'āyātihī mu'minīn(a).
[118]
Mangka mangana sekang apa (daging kéwan) sing (rikala désembeléh) nyebut asmané Gusti Allah, angger ko padha precaya maring ayat-ayat-É Penjenengané.
وَمَا لَكُمْ اَلَّا تَأْكُلُوْا مِمَّا ذُكِرَ اسْمُ اللّٰهِ عَلَيْهِ وَقَدْ فَصَّلَ لَكُمْ مَّا حَرَّمَ عَلَيْكُمْ اِلَّا مَا اضْطُرِرْتُمْ اِلَيْهِ ۗوَاِنَّ كَثِيْرًا لَّيُضِلُّوْنَ بِاَهْوَاۤىِٕهِمْ بِغَيْرِ عِلْمٍ ۗاِنَّ رَبَّكَ هُوَ اَعْلَمُ بِالْمُعْتَدِيْنَ١١٩
Wa mā lakum allā ta'kulū mimmā żukirasmullāhi ‘alaihi wa qad faṣṣala lakum mā ḥarrama ‘alaikum illā maḍṭurirtum ilaih(i), wa inna kaṡīral layuḍillūna bi'ahwā'ihim bigairi ‘ilm(in), inna rabbaka huwa a‘lamu bil-mu‘tadīn(a).
[119]
Lan kenangapa ko padha ora gelem mangan sekang apa (daging kéwan) sing (rikala désembeléh) nyebut asmané Gusti Allah, mangkané Gusti Allah wis nerangna maring ko kabéh apa sing délarang (déharamna) déning Penjenengané maring ko kabéh, kejaba angger ko ana neng kahanan kepeksa. Lan temen, akéh sing nyasarna wong kanthi kekarepané tanpa dhasar ilmu. Pengéranmu lewih ngawuningani wong-wong sing padha nglewihi wates.
وَذَرُوْا ظَاهِرَ الْاِثْمِ وَبَاطِنَهٗ ۗاِنَّ الَّذِيْنَ يَكْسِبُوْنَ الْاِثْمَ سَيُجْزَوْنَ بِمَا كَانُوْا يَقْتَرِفُوْنَ١٢٠
Wa żarū ẓāhiral-iṡmi wa bāṭinah(ū), innal-lażīna yaksibūnal-iṡma sayujzauna bimā kānū yaqtarifūn(a).
[120]
Lan tinggalna dosa sing keton utawa uga sing ora keton. Temen, wong-wong sing nglakoni (pegawéan) dosa mbésuk bakal déparingi piwales padha karo apa sing dhéwéké pergawé.
وَلَا تَأْكُلُوْا مِمَّا لَمْ يُذْكَرِ اسْمُ اللّٰهِ عَلَيْهِ وَاِنَّهٗ لَفِسْقٌۗ وَاِنَّ الشَّيٰطِيْنَ لَيُوْحُوْنَ اِلٰٓى اَوْلِيَاۤىِٕهِمْ لِيُجَادِلُوْكُمْ ۚوَاِنْ اَطَعْتُمُوْهُمْ اِنَّكُمْ لَمُشْرِكُوْنَ ࣖ١٢١
Wa lā ta'kulū mimmā lam yużkarismullāhi ‘alaihi wa innahū lafisq(un), wa innasy-syayāṭīna layūḥūna ilā auliyā'ihim liyujādilūkum, wa in aṭa‘tumūhum innakum lamusyrikūn(a).
[121]
Lan aja nganti ko padha mangan sekang apa (daging kéwan) sing (rikala désembeléh) ora nyebut asmané Gusti Allah, pegawéan kuwé nyata-nyata sewijiné laku pasék (dosa). Se-temené sétan-sétan bakal ngrisikna maring batir-batiré supayané dhéwéké padha mbantah ko kabéh. Lan angger ko padha manut maring dhéwéké, mesthi ko kabéh wis dadi wong sing nyekuthokna (musrik).
اَوَمَنْ كَانَ مَيْتًا فَاَحْيَيْنٰهُ وَجَعَلْنَا لَهٗ نُوْرًا يَّمْشِيْ بِهٖ فِى النَّاسِ كَمَنْ مَّثَلُهٗ فِى الظُّلُمٰتِ لَيْسَ بِخَارِجٍ مِّنْهَاۗ كَذٰلِكَ زُيِّنَ لِلْكٰفِرِيْنَ مَا كَانُوْا يَعْمَلُوْنَ١٢٢
Awa man kāna maitan fa aḥyaināhu wa ja‘alnā lahū nūray yamsyī bihī fin-nāsi kamam maṡaluhū fiẓ-ẓulumāti laisa bikhārijim minhā, każālika zuyyina lil-kāfirīna mā kānū ya‘malūn(a).
[122]
Lan apa wong sing wis mati banjur Ingsun uripna lan Ingsun paringi dhéwéké cahya sing mérekna dhéwéké bisa mlaku neng tengah-tengahé wong akéh, padha karo wong sing ana neng petengan, saéngga dhéwéké ora bisa metu sekang kana? Kaya kuwé dédadékna dérasa apik tumrap wong-wong kapir ingatasé apa sing dhéwéké padha pergawé.
وَكَذٰلِكَ جَعَلْنَا فِيْ كُلِّ قَرْيَةٍ اَكٰبِرَ مُجْرِمِيْهَا لِيَمْكُرُوْا فِيْهَاۗ وَمَا يَمْكُرُوْنَ اِلَّا بِاَنْفُسِهِمْ وَمَا يَشْعُرُوْنَ١٢٣
Wa każālika ja‘alnā fī kulli qaryatin akābira mujrimīhā liyamkurū fīhā, wa mā yamkurūna illā bi'anfusihim wa mā yasy‘urūn(a).
[123]
Lan mengkana kuwé neng saben negari Ingsun dadékna penggedhé-penggedhé sing jahat 323 supayané padha nglakoni apus-apus neng negari kuwé. Ning dhéwéké kabéh mung ngapusi awaké dhéwék tanpa ngrumangsani.
323) Penemu sebagéan mufasir Akabiramujrimiha tegesé yakuwé penjahat-penjahat gedhé.
وَاِذَا جَاۤءَتْهُمْ اٰيَةٌ قَالُوْا لَنْ نُّؤْمِنَ حَتّٰى نُؤْتٰى مِثْلَ مَآ اُوْتِيَ رُسُلُ اللّٰهِ ۘ اَللّٰهُ اَعْلَمُ حَيْثُ يَجْعَلُ رِسٰلَتَهٗۗ سَيُصِيْبُ الَّذِيْنَ اَجْرَمُوْا صَغَارٌ عِنْدَ اللّٰهِ وَعَذَابٌ شَدِيْدٌۢ بِمَا كَانُوْا يَمْكُرُوْنَ١٢٤
Wa iżā jā'athum āyatun qālū lan nu'mina ḥattā nu'tā miṡla mā ūtiya rusulullāh(i), allāhu a‘lamu ḥaiṡu yaj‘alu risālatah(ū), sayuṣībul-lażīna ajramū ṣagārun ‘indallāhi wa ‘ażābun syadīdum bimā kānū yamkurūn(a).
[124]
Lan angger teka sewijiné ayat maring dhéwé-ké kabéh, dhéwéké padha ngucap, “Inyong kabéh ora bakal precaya seurungé déwéhna maring inyong kabéh kaya apa sing déwéhna maring utusan-utusané Gusti Allah.” Gusti Allah lewih ngawuningani neng ngendi Penjenengané ndhodhokna kewajiban kerasulan-É. Wong-wong sing dosa mengko bakal détibani kenisthan neng sisihé Gusti Allah lan siksa sing keras merga apus-apus sing dhéwéké lakoni.
فَمَنْ يُّرِدِ اللّٰهُ اَنْ يَّهْدِيَهٗ يَشْرَحْ صَدْرَهٗ لِلْاِسْلَامِۚ وَمَنْ يُّرِدْ اَنْ يُّضِلَّهٗ يَجْعَلْ صَدْرَهٗ ضَيِّقًا حَرَجًا كَاَنَّمَا يَصَّعَّدُ فِى السَّمَاۤءِۗ كَذٰلِكَ يَجْعَلُ اللّٰهُ الرِّجْسَ عَلَى الَّذِيْنَ لَا يُؤْمِنُوْنَ١٢٥
Fa may yuridillāhu ay yahdiyahū yasyraḥ ṣadrahū lil-islām(i), wa may yurid ay yuḍillahū yaj‘al ṣadrahū ḍayyiqan ḥarajan ka'annamā yaṣṣa‘‘adu fis-samā'(i), każālika yaj‘alullāhur-rijsa ‘alal-lażīna lā yu'minūn(a).
[125]
Sapa wongé dékersakna Gusti Allah bakal olih hidayah (pituduh), Penjenengané bakal mbukakna dhadhané nggo (nampa) Islam. Lan sapa wongé dékersakna Penjenengané dadi kesasar, Penjenengané ndadékna dhadhané ciut lan sesek, kaya-kaya dhéwéké (lagi) manjat maring langit. Mengkana kuwé Gusti Allah nibakna siksa maring wong-wong sing padha ora precaya.
وَهٰذَا صِرَاطُ رَبِّكَ مُسْتَقِيْمًاۗ قَدْ فَصَّلْنَا الْاٰيٰتِ لِقَوْمٍ يَّذَّكَّرُوْنَ١٢٦
Wa hāżā ṣirāṭu rabbika mustaqīmā(n), qad faṣṣalnal-āyāti liqaumiy yażżakkarūn(a).
[126]
Lan kiyé dalan Pengéranmu sing jejeg. Ingsun wis nerangna ayat-ayat-É (Ingsun) maring wong-wong sing nampa pengéling-éling.
۞ لَهُمْ دَارُ السَّلٰمِ عِنْدَ رَبِّهِمْ وَهُوَ وَلِيُّهُمْ بِمَا كَانُوْا يَعْمَلُوْنَ١٢٧
Lahum dārus-salāmi ‘inda rabbihim wa huwa waliyyuhum bimā kānū ya‘malūn(a).
[127]
Tumrap wong-wong kuwé (désedhiakna) panggonan sing tentrem (suwarga) neng sisihé Pengérané. Lan Penjenengané pengayomé dhéwéké kabéh merga amal kebecikan sing dhéwéké padha lakoni.
وَيَوْمَ يَحْشُرُهُمْ جَمِيْعًاۚ يٰمَعْشَرَ الْجِنِّ قَدِ اسْتَكْثَرْتُمْ مِّنَ الْاِنْسِ ۚوَقَالَ اَوْلِيَاۤؤُهُمْ مِّنَ الْاِنْسِ رَبَّنَا اسْتَمْتَعَ بَعْضُنَا بِبَعْضٍ وَّبَلَغْنَآ اَجَلَنَا الَّذِيْٓ اَجَّلْتَ لَنَا ۗقَالَ النَّارُ مَثْوٰىكُمْ خٰلِدِيْنَ فِيْهَآ اِلَّا مَا شَاۤءَ اللّٰهُ ۗاِنَّ رَبَّكَ حَكِيْمٌ عَلِيْمٌ١٢٨
Wa yauma yaḥsyuruhum jamī‘ā(n), yā ma‘syaral-jinni qadistakṡartum minal-ins(i), wa qāla auliyā'uhum minal-insi rabbanastamta‘a ba‘ḍunā biba‘ḍiw wa balagnā ajalanal-lażī ajjalta lanā, qālan-nāru maṡwākum khālidīna fīhā illā mā syā'allāh(u), inna rabbaka ḥakīmun ‘alīm(un).
[128]
Lan (élinga) maring dina rikala Penjeneng-ané ngumpulna wong-wong mau kabéh (lan Gusti Allah dhawuh), “Hé golongan jin! Ko kabéh wis akéh (nyasarna) menungsa.” Lan batir-batiré dhéwéké sekang golongan menungsa padha ngucap, “Dhuh Pengéran, kula sami empun sami-dénten angsal kesenengan 324 lan seniki wekdal sing empun Penjenengan tetepaken nggé kula sedaya empun dugi.” Gusti Allah dhawuh, “Neraka kuwé panggonané ko kabéh selawas-lawasé, kejaba angger Gusti Allah ngersakna liyané.” Temen, Pengéranmu Mahawicak-sana lan Maha Ngawuningani.
324) Jin (sétan) wis kasil ngapusi menungsa lan mélu krisikané, lan ngrasakna werna-werna kenékmatan dunya.
وَكَذٰلِكَ نُوَلِّيْ بَعْضَ الظّٰلِمِيْنَ بَعْضًاۢ بِمَا كَانُوْا يَكْسِبُوْنَ ࣖ١٢٩
Wa każālika nuwallī ba‘ḍaẓ-ẓālimīna ba‘ḍam bimā kānū yaksibūn(a).
[129]
Lan mengkana kuwé Ingsun dadékna sebagéan wong-wong sing aniaya (dolim) kekancan karo sepadhané, patrap karo apa sing dhéwéké lakoni.
يٰمَعْشَرَ الْجِنِّ وَالْاِنْسِ اَلَمْ يَأْتِكُمْ رُسُلٌ مِّنْكُمْ يَقُصُّوْنَ عَلَيْكُمْ اٰيٰتِيْ وَيُنْذِرُوْنَكُمْ لِقَاۤءَ يَوْمِكُمْ هٰذَاۗ قَالُوْا شَهِدْنَا عَلٰٓى اَنْفُسِنَا وَغَرَّتْهُمُ الْحَيٰوةُ الدُّنْيَا وَشَهِدُوْا عَلٰٓى اَنْفُسِهِمْ اَنَّهُمْ كَانُوْا كٰفِرِيْنَ١٣٠
Yā ma‘syaral-jinni wal-insi alam ya'tikum rusulum minkum yaquṣṣūna ‘alaikum āyātī wa yunżirūnakum liqā'a yaumikum hāżā, qālū syahidnā ‘alā anfusinā wa garrathumul-ḥayātud-un-yā wa syahidū ‘alā anfusihim annahum kānū kāfirīn(a).
[130]
Hé golongan jin lan menungsa! Mbok iya wis teka maring ko kabéh utusan-utusan sekang golonganmu dhéwék, dhéwéké padha mbutulna ayat-ayat-Ku maring ko kabéh lan ngélingna ko ngenani sapatemon neng dina kiyé? Dhéwéké padha nyauri, “(Nggih), kula sami dados seksi nggé awak kula kiyambek-kiyambek.” Ning dhéwéké kapusan déning penguripan dunya lan dhéwéké wis dadi seksi nggo awaké dhéwék-dhéwék, lamon dhéwéké kuwé wong-wong sing mbangkang (kapir).
ذٰلِكَ اَنْ لَّمْ يَكُنْ رَّبُّكَ مُهْلِكَ الْقُرٰى بِظُلْمٍ وَّاَهْلُهَا غٰفِلُوْنَ١٣١
Żālika allam yakur rabbuka muhlikal-qurā biẓulmiw wa ahluhā gāfilūn(a).
[131]
Mengkana kuwé (rasul-rasul déutus) merga Pengéranmu ora bakal ngancurna sewijiné negari kanthi (cara) aniaya, selagi wargané neng kahanan limpé (urung ngerti).
وَلِكُلٍّ دَرَجٰتٌ مِّمَّا عَمِلُوْاۗ وَمَا رَبُّكَ بِغَافِلٍ عَمَّا يَعْمَلُوْنَ١٣٢
Wa likullin darajātum mimmā ‘amilū, wa mā rabbuka bigāfilin ‘ammā ya‘malūn(a).
[132]
Lan saben wong ana tingkatané, (sepadhan) karo apa sing dhéwéké pergawé. Lan Pengéranmu ora limpé karo apa sing dhéwéké kabéh pergawé.
وَرَبُّكَ الْغَنِيُّ ذُو الرَّحْمَةِ ۗاِنْ يَّشَأْ يُذْهِبْكُمْ وَيَسْتَخْلِفْ مِنْۢ بَعْدِكُمْ مَّا يَشَاۤءُ كَمَآ اَنْشَاَكُمْ مِّنْ ذُرِّيَّةِ قَوْمٍ اٰخَرِيْنَ١٣٣
Wa rabbukal-ganiyyu żur-raḥmah(ti), iy yasya' yużhibkum wa yastakhlif mim ba‘dikum mā yasyā'u kamā ansya'akum min żurriyyati qaumin ākharīn(a).
[133]
Lan Pengéranmu Mahasugih, ombér welas-asihé. Angger Penjenengané ngersakna, Penjenengané bakal ngilangna ko kabéh lan sewisé ko padha (ilang) bakal Penjenengané ganti karo sing Penjenengané kersakna, kayadéné Penjenengané ndadékna ko kabéh sekang keturunan golongan liya.
اِنَّ مَا تُوْعَدُوْنَ لَاٰتٍۙ وَّمَآ اَنْتُمْ بِمُعْجِزِيْنَ١٣٤
Innamā tū‘adūna la'āt(in), wa mā antum bimu‘jizīn(a).
[134]
Setemené apa sing déjanjékna maring ko kabéh mesthi teka lan ko ora padha bisa nolak kuwé.
قُلْ يٰقَوْمِ اعْمَلُوْا عَلٰى مَكَانَتِكُمْ اِنِّيْ عَامِلٌۚ فَسَوْفَ تَعْلَمُوْنَۙ مَنْ تَكُوْنُ لَهٗ عَاقِبَةُ الدَّارِۗ اِنَّهٗ لَا يُفْلِحُ الظّٰلِمُوْنَ١٣٥
Qul yā qaumi‘malū ‘alā makānatikum innī ‘āmil(un), fa saufa ta‘lamūn(a), man takūnu lahū ‘āqibatud-dār(i), innahū lā yufliḥuẓ-ẓālimūn(a).
[135]
Dhawuha (Muhammad), “Hé kaumku! Padha mergawéa miturut pilungguhmu, inyong uga temindak (kaya kuwé). Mbésuk ko kabéh bakal ngerténi, sapa sing bakal olih panggonan (paling apik) neng akhérat (mbésuk). Setemené wong-wong sing padha aniaya (dolim) kuwé ora bakal begya.
وَجَعَلُوْا لِلّٰهِ مِمَّا ذَرَاَ مِنَ الْحَرْثِ وَالْاَنْعَامِ نَصِيْبًا فَقَالُوْا هٰذَا لِلّٰهِ بِزَعْمِهِمْ وَهٰذَا لِشُرَكَاۤىِٕنَاۚ فَمَا كَانَ لِشُرَكَاۤىِٕهِمْ فَلَا يَصِلُ اِلَى اللّٰهِ ۚوَمَا كَانَ لِلّٰهِ فَهُوَ يَصِلُ اِلٰى شُرَكَاۤىِٕهِمْۗ سَاۤءَ مَا يَحْكُمُوْنَ١٣٦
Wa ja‘alū lillāhi mimmā żara'a minal-ḥarṡi wal-an‘āmi naṣīban fa qālū hāżā lillāhi biza‘mihim wa hāżā lisyurakā'inā, famā kāna lisyurakā'ihim falā yaṣilu ilallāh(i), wa mā kāna lillāhi fa huwa yaṣilu ilā syurakā'ihim, sā'a mā yaḥkumūn(a).
[136]
Lan dhéwéké padha nyedhiakna sebagéan kasil tanduran lan kéwan (sebagéan) nggo Gusti Allah karo ngucap miturut pengujaré dhéwéké kabéh, “Kiyé nggo Gusti Allah lan sing kiyé nggo brehala-brehalané inyong kabéh.” Bagéan sing nggo brehala-brehalané ora bakal butul maring Gusti Allah, lan bagéan sing nggo Gusti Allah bakal butul maring brehala-brehalané dhéwéké. 325 Banget alané penetepané dhéwéké kuwé.
325) Dériwayatna lamon kasil tanduran lan kéwan ingon sing dhéwéké sedhiakna nggo Gusti Allah, dhéwéké wéhna maring fakir, miskin, lan ngamal sosial malah maring brehala. Lan sing nggo brehala-brehala, déwéhna maring sing njaga brehala ora nggo fakir, miskin, utawa ngamal sosial. Padatan kuwé délaknat déning Gusti Allah.
وَكَذٰلِكَ زَيَّنَ لِكَثِيْرٍ مِّنَ الْمُشْرِكِيْنَ قَتْلَ اَوْلَادِهِمْ شُرَكَاۤؤُهُمْ لِيُرْدُوْهُمْ وَلِيَلْبِسُوْا عَلَيْهِمْ دِيْنَهُمْۗ وَلَوْ شَاۤءَ اللّٰهُ مَا فَعَلُوْهُ فَذَرْهُمْ وَمَا يَفْتَرُوْنَ١٣٧
Wa każālika zayyana likaṡīrim minal-musyrikīna qatla aulādihim syurakā'uhum liyurdūhum wa liyalbisū ‘alaihim dīnahum, wa lau syā'allāhu mā fa‘alūhu fa żarhum wa mā yaftarūn(a).
[137]
Lan mengkana kuwé brehala-brehalané dhéwéké (sétan) ndadékna krasa apik tumrap akéh-akéhé wong-wong musrik maténi anak-anaké, nggo ngrusak dhéwéké lan ngorak-arik agamané dhéwéké. 326 Lan angger Gusti Allah ngersakna, mesthi dhéwéké ora bakal nglakoni kuwé. Jorna dhéwéké bareng karo apa (apus-apus) sing dhéwéké padha réka-réka.
326) Sebagéan wong Arab nganut saréngaté Nabi Ibrahim. Nabi Ibrahim a.s nglakon dépréntah Gusti Allah ngorbanaken putrané Ismail. Banjur pemimpin-pemipin agamané wong-wong mau padha mblangsakna tegesé kurban kuwé, saéngga bisa awéh kawruh lamon maténi anak kuwé apik kanthi alesan nggo dhépé-dhépé maring Gusti Allah, mangkané alesan sebeneré yakuwé merga dhéwéké padha wedi mlarat lan wedi kewirangan.
وَقَالُوْا هٰذِهٖٓ اَنْعَامٌ وَّحَرْثٌ حِجْرٌ لَّا يَطْعَمُهَآ اِلَّا مَنْ نَّشَاۤءُ بِزَعْمِهِمْ وَاَنْعَامٌ حُرِّمَتْ ظُهُوْرُهَا وَاَنْعَامٌ لَّا يَذْكُرُوْنَ اسْمَ اللّٰهِ عَلَيْهَا افْتِرَاۤءً عَلَيْهِۗ سَيَجْزِيْهِمْ بِمَا كَانُوْا يَفْتَرُوْنَ١٣٨
Wa qālū hāżihī an‘āmuw wa ḥarṡun ḥijrul lā yaṭ‘amuhā illā man nasyā'u biza‘mihim wa an‘āmun ḥurrimat ẓuhūruhā wa an‘āmul lā yażkurūnasmallāhi ‘alaihaftirā'an ‘alaih(i), sayajzīhim bimā kānū yaftarūn(a).
[138]
Lan dhéwéké padha ngucap (miturut anggepané dhéwéké), “Kiyé kéwan ingon lan kasil bumi sing délarang, ora kena depangan, kejaba déning wong sing inyong kabéh karepna.” Lan ana uga kéwan sing délarang (ora kena) détunggangi, lan ana kéwan ingon sing (rikala désembeléh) kena ora nyebut asmané Gusti Allah, kuwé dadi gorohan maring Gusti Allah. Mbésuk Gusti Allah bakal paring piwales sekabéh apa sing dhéwéké padha réka-réka.
وَقَالُوْا مَا فِيْ بُطُوْنِ هٰذِهِ الْاَنْعَامِ خَالِصَةٌ لِّذُكُوْرِنَا وَمُحَرَّمٌ عَلٰٓى اَزْوَاجِنَاۚ وَاِنْ يَّكُنْ مَّيْتَةً فَهُمْ فِيْهِ شُرَكَاۤءُ ۗسَيَجْزِيْهِمْ وَصْفَهُمْۗ اِنَّهٗ حَكِيْمٌ عَلِيْمٌ١٣٩
Wa qālū mā fī buṭūni hāżihil-an‘āmi khāliṣatul liżukūrinā wa muḥarramun ‘alā azwājinā, wa iy yakum maitatan fahum fīhi syurakā'(u), sayajzīhim waṣfahum, innahū ḥakīmun ‘alīm(un).
[139]
Lan dhéwéké ngucap (uga), “Apa sing ana neng sejeroné weteng kéwan ingon kiyé mligi nggo wong-wong lanangé inyong kabéh, ora kena (haram) nggo bojo-bojoné inyong kabéh.“ Lan angger sing neng weteng kuwé (delairna) mati, kabéhan kena (mangan kuwé). Mbésuk Gusti Allah bakal paring piwales maring penetepané dhéwéké kabéh. Setemené Gusti Allah Mahawicak-sana, Maha Ngawuningani.
قَدْ خَسِرَ الَّذِيْنَ قَتَلُوْٓا اَوْلَادَهُمْ سَفَهًاۢ بِغَيْرِ عِلْمٍ وَّحَرَّمُوْا مَا رَزَقَهُمُ اللّٰهُ افْتِرَاۤءً عَلَى اللّٰهِ ۗقَدْ ضَلُّوْا وَمَا كَانُوْا مُهْتَدِيْنَ ࣖ١٤٠
Qad khasiral-lażīna qatalū aulādahum safaham bigairi ‘ilmiw wa ḥarramū mā razaqahumullāhuftirā'an ‘alallāh(i), qad ḍallū wa mā kānū muhtadīn(a).
[140]
Temen kapitunan dhéwéké sing padha merjaya (maténi) anak-anaké merga bodho tanpa kawruh, lan nglarang (ngaramna) rejeki sing déparingna déning Gusti Allah maring dhéwéké kabéh, mligi mung nggo ngréka-réka gorohan maring Gusti Allah. Temen dhéwéké padha wis kesasar lan ora olih pituduh.
۞ وَهُوَ الَّذِيْٓ اَنْشَاَ جَنّٰتٍ مَّعْرُوْشٰتٍ وَّغَيْرَ مَعْرُوْشٰتٍ وَّالنَّخْلَ وَالزَّرْعَ مُخْتَلِفًا اُكُلُهٗ وَالزَّيْتُوْنَ وَالرُّمَّانَ مُتَشَابِهًا وَّغَيْرَ مُتَشَابِهٍۗ كُلُوْا مِنْ ثَمَرِهٖٓ اِذَآ اَثْمَرَ وَاٰتُوْا حَقَّهٗ يَوْمَ حَصَادِهٖۖ وَلَا تُسْرِفُوْا ۗاِنَّهٗ لَا يُحِبُّ الْمُسْرِفِيْنَۙ١٤١
Wa huwal-lażī ansya'a jannātim ma‘rūsyātiw wa gaira ma‘rūsyātiw wan-nakhla waz-zar‘a mukhtalifan ukuluhū waz-zaitūna war-rummāna mutasyābihaw wa gaira mutasyābih(in), kulū min ṡamarihī iżā aṡmara wa ātū ḥaqqahū yauma ḥaṣādih(ī), wa lā tusrifū, innahū lā yuḥibbul-musrifīn(a).
[141]
Lan Penjenengané sing ndadékna tanduran-tanduran sing mrambat, lan sing ora mram-bat, wit korma, tanduran sing werna-werna rasané, zaitun, lan delima sing serupa (wujud lan wernané) lan ora serupa (rasané). Pangana wohé angger dhéwéké woh lan wéhna haké (jakat) neng wektu methik kasilé, ning aja kelewihen. Setemené Gusti Allah ora karenan maring wong sing ngliwati wates,
وَمِنَ الْاَنْعَامِ حَمُوْلَةً وَّفَرْشًا ۗ كُلُوْا مِمَّا رَزَقَكُمُ اللّٰهُ وَلَا تَتَّبِعُوْا خُطُوٰتِ الشَّيْطٰنِۗ اِنَّهٗ لَكُمْ عَدُوٌّ مُّبِيْنٌۙ١٤٢
Wa minal-an‘āmi ḥamūlataw wa farsyā(n), kulū mimmā razaqakumullāhu wa lā tattabi‘ū khuṭuwātisy-syaiṭān(i), innahū lakum ‘aduwwum mubīn(un).
[142]
lan neng antarané kéwan-kéwan ingon kuwé ana sing dédadékna kéwan sing ngangkut barang lan ana (uga) sing nggo désembeléh. Pangana rejeki sing déparingna déning Gusti Allah maring ko kabéh, lan aja nganti ko padha mélu laku-lakuné sétan. Setemené sétan kuwé mungsuh sing nyata tumrap ko kabéh,
ثَمٰنِيَةَ اَزْوَاجٍۚ مِنَ الضَّأْنِ اثْنَيْنِ وَمِنَ الْمَعْزِ اثْنَيْنِۗ قُلْ ءٰۤالذَّكَرَيْنِ حَرَّمَ اَمِ الْاُنْثَيَيْنِ اَمَّا اشْتَمَلَتْ عَلَيْهِ اَرْحَامُ الْاُنْثَيَيْنِۗ نَبِّـُٔوْنِيْ بِعِلْمٍ اِنْ كُنْتُمْ صٰدِقِيْنَ١٤٣
Ṡamāniya azwāj(in), minaḍ-ḍa'niṡnaini wa minal-ma‘ziṡnain(i), qul āżżakaraini ḥarrama amil-unṡayaini ammasytamalat ‘alaihi arḥāmul-unṡayain(i), nabbi'ūnī bi‘ilmin in kuntum ṣādiqīn(a).
[143]
ana kéwan ingon wolu sing pasang-pasangan (patang pasang), sepasang wedhus gembel lan sepasang wedhus biasa. Dhawuha, “Apa sing délarang (déharamna) déning Gusti Allah loro sing lanang utawa loro sing wadon utawa sing ana neng njero wetengé karoné sing wadon? Terangna maring inyong kanthi dhasar ilmu angger ko wong sing padha bener.”
وَمِنَ الْاِبِلِ اثْنَيْنِ وَمِنَ الْبَقَرِ اثْنَيْنِۗ قُلْ ءٰۤالذَّكَرَيْنِ حَرَّمَ اَمِ الْاُنْثَيَيْنِ اَمَّا اشْتَمَلَتْ عَلَيْهِ اَرْحَامُ الْاُنْثَيَيْنِۗ اَمْ كُنْتُمْ شُهَدَاۤءَ اِذْ وَصّٰىكُمُ اللّٰهُ بِهٰذَاۚ فَمَنْ اَظْلَمُ مِمَّنِ افْتَرٰى عَلَى اللّٰهِ كَذِبًا لِّيُضِلَّ النَّاسَ بِغَيْرِ عِلْمٍۗ اِنَّ اللّٰهَ لَا يَهْدِى الْقَوْمَ الظّٰلِمِيْنَ ࣖ١٤٤
Wa minal-ibiliṡnaini wa minal-baqariṡnain(i), qul āżżakaraini ḥarrama amil-unṡayaini ammasytamalat ‘alaihi arḥāmul-unṡayain(i), am kuntum syuhadā'a iż waṣṣākumullāhu bihāżā, faman aẓlamu mimmaniftarā ‘alallāhi każibal liyuḍillan-nāsa bigairi ‘ilm(in), innallāha lā yahdil-qaumaẓ-ẓālimīn(a).
[144]
Lan sekang onta sepasang lan sekang sapi sepasang. Dhawuha, “Apa sing déharamna déning Gusti Allah loro sing lanang apa loro sing wadon apa sing ana neng jero wetengé karoné sing wadon? Apa ko padha dadi seksi rikala Gusti Allah netepna kiyé nggo ko ka-béh? Sapa sing lewih aniaya (dolim) tenim-bang wong sing ngréka-réka penggorohan maring Gusti Allah nggo nyasarna wong-wong sing ora duwé ilmu?” setemené Gusti Allah ora bakal paring pituduh maring wong-wong sing aniaya (dolim).
قُلْ لَّآ اَجِدُ فِيْ مَآ اُوْحِيَ اِلَيَّ مُحَرَّمًا عَلٰى طَاعِمٍ يَّطْعَمُهٗٓ اِلَّآ اَنْ يَّكُوْنَ مَيْتَةً اَوْ دَمًا مَّسْفُوْحًا اَوْ لَحْمَ خِنْزِيْرٍ فَاِنَّهٗ رِجْسٌ اَوْ فِسْقًا اُهِلَّ لِغَيْرِ اللّٰهِ بِهٖۚ فَمَنِ اضْطُرَّ غَيْرَ بَاغٍ وَّلَا عَادٍ فَاِنَّ رَبَّكَ غَفُوْرٌ رَّحِيْمٌ١٤٥
Qul lā ajidu fīmā ūḥiya ilayya muḥarraman ‘alā ṭā‘imiy yaṭ‘amuhū illā ay yakūna maitatan au damam masfūḥan au laḥma khinzīrin fa innahū rijsun au fisqan uhilla ligairillāhi bih(ī), famaniḍṭurra gaira bāgiw wa lā ‘ādin fa inna rabbaka gafūrur raḥīm(un).
[145]
Dhawuha, “Ora inyong temoni neng njeroné apa sing dewahyokna maring inyong, sewiji sing déharamna mangan tumrap wong sing kepéngin mangan kuwé, kejaba daging kéwan sing mati (bathang), getih sing mili, daging babi - merga kabéh kuwé kotor - utawa kéwan sing désembeléh ora nyebut (asmané) Gusti Allah. Ning sapa wongé kepeksa ora merga kepéngin lan ora nglewihi (watesé kepeksa) mangka temen, Pengéranmu Maha Ngampura, Mahaasih.
وَعَلَى الَّذِيْنَ هَادُوْا حَرَّمْنَا كُلَّ ذِيْ ظُفُرٍۚ وَمِنَ الْبَقَرِ وَالْغَنَمِ حَرَّمْنَا عَلَيْهِمْ شُحُوْمَهُمَآ اِلَّا مَا حَمَلَتْ ظُهُوْرُهُمَآ اَوِ الْحَوَايَآ اَوْ مَا اخْتَلَطَ بِعَظْمٍۗ ذٰلِكَ جَزَيْنٰهُمْ بِبَغْيِهِمْۚ وَاِنَّا لَصٰدِقُوْنَ١٤٦
Wa ‘alal-lażīna hādū ḥarramnā kulla żī ẓufur(in), wa minal-baqari wal-ganami ḥarramnā ‘alaihim syuḥūmahumā illā mā ḥamalat ẓuhūruhumā awil-ḥawāyā au makhtalaṭa bi‘aẓm(in), żālika jazaināhum bibagyihim, wa innā laṣādiqūn(a).
[146]
Lan maring wong-wong Yahudi, Ingsun nglarang (ngaramna) kabéh (kéwan) sing duwé kuku. 327 Lan Ingsun ngaramna maring dhéwéké gajih sapi lan wedhus gembel, kejaba sing kraket neng gigiré, utawa sing ana neng njero isi wetengé, utawa sing campur karo balung. Kayakuwé Ingsun ngukum dhéwéké merga goli padha duraka. Lan temen, Ingsun Mahabener.
327) Sing démaksud kéwan duwé kuku kuwé kéwan-kéwan sing jenthik-jenthiké ora misah sing siji karo sing liyané, kayadéné: onta, bébék, banyak, lan liya-liyané. Sebagéan juru tapsir negesi kéwan sing duwé kuku kaya jaran, keledai, lan liya-liyané.
فَاِنْ كَذَّبُوْكَ فَقُلْ رَّبُّكُمْ ذُوْ رَحْمَةٍ وَّاسِعَةٍۚ وَلَا يُرَدُّ بَأْسُهٗ عَنِ الْقَوْمِ الْمُجْرِمِيْنَ١٤٧
Fa in każżabūka faqur rabbukum żū raḥmatiw wāsi‘ah(tin), wa lā yuraddu ba'suhū ‘anil-qaumil-mujrimīn(a).
[147]
Mangka angger dhéwéké ngapusi sliramu, dhawuha, “Pengérané ko kabéh kagungan welas sing ombér, lan siksa-Né tumrap wong-wong sing dosa ora bisa detampik.”
سَيَقُوْلُ الَّذِيْنَ اَشْرَكُوْا لَوْ شَاۤءَ اللّٰهُ مَآ اَشْرَكْنَا وَلَآ اٰبَاۤؤُنَا وَلَا حَرَّمْنَا مِنْ شَيْءٍۗ كَذٰلِكَ كَذَّبَ الَّذِيْنَ مِنْ قَبْلِهِمْ حَتّٰى ذَاقُوْا بَأْسَنَاۗ قُلْ هَلْ عِنْدَكُمْ مِّنْ عِلْمٍ فَتُخْرِجُوْهُ لَنَاۗ اِنْ تَتَّبِعُوْنَ اِلَّا الظَّنَّ وَاِنْ اَنْتُمْ اِلَّا تَخْرُصُوْنَ١٤٨
Sayaqūlul-lażīna asyrakū lau syā'allāhu mā asyraknā wa lā ābā'unā wa lā ḥarramnā min syai'(in), każālika każżabal-lażīna min qablihim ḥattā żāqū ba'sanā, qul hal ‘indakum min ‘ilmin fa tukhrijūhu lanā, in tattabi‘ūna illaẓ-ẓanna wa in antum illā takhruṣūn(a).
[148]
Wong-wong sing nyekuthokna (musrik) bakal ngucap, “Angger Gusti Allah ngersak-na mesthi inyong kabéh ora bakal nyekuthok-na Penjenengané, semana uga kaki-nininé inyong kabéh, lan inyong kabéh ora arep ngaramna apa-apa.” Mengkana uga wong-wong seurungé dhéwéké sing wis padha nggorohi (para utusan) saéngga dhéwéké ngrasakna siksané Ingsun. Dhawuha (Muhammad), “Apa ko padha duwé kawruh sing bisa ko terangna maring inyong kabéh? Sing ko padha péloni mung pengangen-angen, lan ko mung padha ngira-ira.”
قُلْ فَلِلّٰهِ الْحُجَّةُ الْبَالِغَةُۚ فَلَوْ شَاۤءَ لَهَدٰىكُمْ اَجْمَعِيْنَ١٤٩
Qul fa lillāhil-ḥujjatul-bāligah(tu), fa lau syā'a lahadākum ajma‘īn(a).
[149]
Dhawuha (Muhammad), “Alesan sing kuwat mung neng (astané) Gusti Allah. Mangka angger Penjenengané ngersakna, mesthi ko kabéh padha olih pituduh.”
قُلْ هَلُمَّ شُهَدَاۤءَكُمُ الَّذِيْنَ يَشْهَدُوْنَ اَنَّ اللّٰهَ حَرَّمَ هٰذَاۚ فَاِنْ شَهِدُوْا فَلَا تَشْهَدْ مَعَهُمْۚ وَلَا تَتَّبِعْ اَهْوَاۤءَ الَّذِيْنَ كَذَّبُوْا بِاٰيٰتِنَا وَالَّذِيْنَ لَا يُؤْمِنُوْنَ بِالْاٰخِرَةِ وَهُمْ بِرَبِّهِمْ يَعْدِلُوْنَ ࣖ١٥٠
Qul halumma syuhadā'akumul-lażīna yasyhadūna annallāha ḥarrama hāżā, fa in syahidū falā tasyhad ma‘ahum, wa lā tattabi‘ ahwā'al-lażīna każżabū bi'āyātinā wal-lażīna lā yu'minūna bil-ākhirati wa hum birabbihim ya‘dilūn(a).
[150]
Dhawuha (Muhammad), “Gawanen seksi-seksimu sing bisa mbuktékna lamon Gusti Allah nglarang (ngaramna) kiyé.” Angger dhéwéké padha awéh perseksén, ko aja padha (melu uga) awéh perseksén bareng dhéwéké kabéh. Aja nganti ko padha mélu karepé wong-wong sing nggorohi ayat-ayat-É Ingsun lan wong-wong sing ora precaya maring akhérat, lan dhéwéké padha nyekuthokna Pengéran.
۞ قُلْ تَعَالَوْا اَتْلُ مَا حَرَّمَ رَبُّكُمْ عَلَيْكُمْ اَلَّا تُشْرِكُوْا بِهٖ شَيْـًٔا وَّبِالْوَالِدَيْنِ اِحْسَانًاۚ وَلَا تَقْتُلُوْٓا اَوْلَادَكُمْ مِّنْ اِمْلَاقٍۗ نَحْنُ نَرْزُقُكُمْ وَاِيَّاهُمْ ۚوَلَا تَقْرَبُوا الْفَوَاحِشَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَۚ وَلَا تَقْتُلُوا النَّفْسَ الَّتِيْ حَرَّمَ اللّٰهُ اِلَّا بِالْحَقِّۗ ذٰلِكُمْ وَصّٰىكُمْ بِهٖ لَعَلَّكُمْ تَعْقِلُوْنَ١٥١
Qul ta‘ālau atlu mā ḥarrama rabbukum ‘alaikum allā tusyrikū bihī syai'aw wa bil-wālidaini iḥsānā(n), wa lā taqtulū aulādakum min imlāq(in), naḥnu narzuqukum wa iyyāhum, wa lā taqrabul-fawāḥisya mā ẓahara minhā wa mā baṭan(a), wa lā taqtulun-nafsal-latī ḥarramallāhu illā bil-ḥaqq(i), żālikum waṣṣākum bihī la‘allakum ta‘qilūn(a).
[151]
Dhawuha (Muhammad), “Ngénéh inyong wacakna apa sing délarang (déharamna) déning Pengéran maring ko kabéh. Aja padha nyekuthokna Penjenengané karo apa baé, gawé becika maring rama-biyung, aja merjaya (maténi) anak-anakmu merga mlarat. Ingsun sing paring rejeki maring ko lan maring dhéwéké kabéh. Aja nganti ko padha méreki penggawéyan kotor, sing keton utawa sing ora keton, aja nganti ko padha merjaya (maténi) wong sing délarang (déharamna) déning Gusti Allah kejaba kanthi dhasar sing bener. 328 Mengkana kuwé Penjenengané ndhawuhna maring ko kabéh supayané ko padha ngerti.
328) Sing débenerna déning saréngat kayadéné qisas, maténi wong murtad, rajam, lan liya-liyané.
وَلَا تَقْرَبُوْا مَالَ الْيَتِيْمِ اِلَّا بِالَّتِيْ هِيَ اَحْسَنُ حَتّٰى يَبْلُغَ اَشُدَّهٗ ۚوَاَوْفُوا الْكَيْلَ وَالْمِيْزَانَ بِالْقِسْطِۚ لَا نُكَلِّفُ نَفْسًا اِلَّا وُسْعَهَاۚ وَاِذَا قُلْتُمْ فَاعْدِلُوْا وَلَوْ كَانَ ذَا قُرْبٰىۚ وَبِعَهْدِ اللّٰهِ اَوْفُوْاۗ ذٰلِكُمْ وَصّٰىكُمْ بِهٖ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَۙ١٥٢
Wa lā taqrabū mālal-yatīmi illā bil-latī hiya aḥsanu ḥattā yabluga asyuddah(ū), wa auful-kaila wal-mīzāna bil-qisṭ(i), lā nukallifu nafsan illā wus‘ahā, wa iżā qultum fa‘dilū wa lau kāna żā qurbā, wa bi‘ahdillāhi aufū, żālikum waṣṣākum bihī la‘allakum tażakkarūn(a).
[152]
Lan aja pisan-pisan ko padha méreki bandhané bocah yatim, kejaba nganggo cara sing lewih migunani saéngga dhéwéké ngancik (umur) diwasa. Lan sempurnakna takeran lan timbangan kanthi adil. Ingsun ora ngebot-bot sewiji wong kejaba miturut kesanggupané. Angger ko wicara, padha wicara sebeneré, senajan dhéwéké sedulur-mu lan tetepi janjiné Gusti Allah. Mengkana kuwé Penjenengané ndhawuhna maring ko kabéh supayané ko padha éling.”
وَاَنَّ هٰذَا صِرَاطِيْ مُسْتَقِيْمًا فَاتَّبِعُوْهُ ۚوَلَا تَتَّبِعُوا السُّبُلَ فَتَفَرَّقَ بِكُمْ عَنْ سَبِيْلِهٖ ۗذٰلِكُمْ وَصّٰىكُمْ بِهٖ لَعَلَّكُمْ تَتَّقُوْنَ١٥٣
Wa anna hāżā ṣirāṭī mustaqīman fattabi‘ūh(u), wa lā tattabi‘us-subula fa tafarraqa bikum ‘an sabīlih(ī), żālikum waṣṣākum bihī la‘allakum tattaqūn(a).
[153]
Lan temen, kiyé dalané Ingsun sing jejeg. Mangka tutna! Aja ko padha peloni dalan-dalan (liyané) sing bakal misahna ko kabéh sekang dalané Penjenengané. Mengkana kuwé Penjenengané ndhawuhna maring ko kabéh supayané ko padha semarah (takwa).
ثُمَّ اٰتَيْنَا مُوْسَى الْكِتٰبَ تَمَامًا عَلَى الَّذِيْٓ اَحْسَنَ وَتَفْصِيْلًا لِّكُلِّ شَيْءٍ وَّهُدًى وَّرَحْمَةً لَّعَلَّهُمْ بِلِقَاۤءِ رَبِّهِمْ يُؤْمِنُوْنَ ࣖ١٥٤
Ṡumma ātainā mūsal-kitāba tamāman ‘alal-lażī aḥsana wa tafṣīlal likulli syai'iw wa hudaw wa raḥmatal la‘allahum biliqā'i rabbihim yu'minūn(a).
[154]
Banjur Ingsun wis paring maring Musa, Kitab (Taurat) nggo nyempurnakna (kenék-matan Ingsun) maring wong sing nglakoni kebagusan, nggo nerangna samubarang kabéh, lan nggo pitudhuh lan kewelasan, supayané wong-wong padha precaya maring anané sapatemon karo Pengérané.
وَهٰذَا كِتٰبٌ اَنْزَلْنٰهُ مُبٰرَكٌ فَاتَّبِعُوْهُ وَاتَّقُوْا لَعَلَّكُمْ تُرْحَمُوْنَۙ١٥٥
Wa hāżā kitābun anzalnāhu mubārakun fattabi‘ūhu wattaqū la‘allakum turḥamūn(a).
[155]
Lan kiyé anané Kitab (Al-Qur’an) sing Ingsun turunaken kanthi kebek berkah. Tutna, lan semaraha supayané ko padha olih kewelasan,
اَنْ تَقُوْلُوْٓا اِنَّمَآ اُنْزِلَ الْكِتٰبُ عَلٰى طَاۤىِٕفَتَيْنِ مِنْ قَبْلِنَاۖ وَاِنْ كُنَّا عَنْ دِرَاسَتِهِمْ لَغٰفِلِيْنَۙ١٥٦
An taqūlū innamā unzilal-kitābu ‘alā ṭā'ifataini min qablinā, wa in kunnā ‘an dirāsatihim lagāfilīn(a).
[156]
(Ingsun turunaken Al-Qur’an kuwé) supaya ko (ora) padha ngucap, “Kitab kuwé mung detutunaken maring rong golongan seurungé inyong kabéh (Yahudi lan Nasrani) lan temen, inyong padha ora nggatékna maring apa sing dhéwéké waca,”
اَوْ تَقُوْلُوْا لَوْ اَنَّآ اُنْزِلَ عَلَيْنَا الْكِتٰبُ لَكُنَّآ اَهْدٰى مِنْهُمْۚ فَقَدْ جَاۤءَكُمْ بَيِّنَةٌ مِّنْ رَّبِّكُمْ وَهُدًى وَّرَحْمَةٌ ۚفَمَنْ اَظْلَمُ مِمَّنْ كَذَّبَ بِاٰيٰتِ اللّٰهِ وَصَدَفَ عَنْهَا ۗسَنَجْزِى الَّذِيْنَ يَصْدِفُوْنَ عَنْ اٰيٰتِنَا سُوْۤءَ الْعَذَابِ بِمَا كَانُوْا يَصْدِفُوْنَ١٥٧
Au taqūlū lau annā unzila ‘alainal-kitābu lakunnā ahdā minhum, faqad jā'akum bayyinatum mir rabbikum wa hudaw wa raḥmah(tun), faman aẓlamu mimman każżaba bi'āyātillāhi wa ṣadafa ‘anhā, sanajzil-lażīna yaṣdifūna ‘an āyātinā sū'al-‘ażābi bimā kānū yaṣdifūn(a).
[157]
utawa supaya ko (ora) padha ngucap, “Angger Kitab kuwé déturunaken maring inyong kabéh, mesthi inyong padha lewih olih pituduh ketimbang dhéwéké kabéh.” Temen, wis teka maring ko kabéh keterangan sing cetha, pituduh lan kewelasan sekang Pengéranmu. Sapa sing lewih aniaya (dolim) ketimbang wong sing nggorohna ayat-ayat-É Gusti Allah lan mléngos sekang kuwé? Mbésuk Ingsun bakal paring piwales maring wong-wong sing padha mléngos sekang ayat-ayat Ingsun karo siksa sing keras, merga dhéwéké tansah mléngos.
هَلْ يَنْظُرُوْنَ اِلَّآ اَنْ تَأْتِيَهُمُ الْمَلٰۤىِٕكَةُ اَوْ يَأْتِيَ رَبُّكَ اَوْ يَأْتِيَ بَعْضُ اٰيٰتِ رَبِّكَ ۗيَوْمَ يَأْتِيْ بَعْضُ اٰيٰتِ رَبِّكَ لَا يَنْفَعُ نَفْسًا اِيْمَانُهَا لَمْ تَكُنْ اٰمَنَتْ مِنْ قَبْلُ اَوْ كَسَبَتْ فِيْٓ اِيْمَانِهَا خَيْرًاۗ قُلِ انْتَظِرُوْٓا اِنَّا مُنْتَظِرُوْنَ١٥٨
Hal yanẓurūna illā an ta'tiyahumul-malā'ikatu au ya'tiya rabbuka au ya'tiya ba‘ḍu āyāti rabbik(a), yauma ya'tī ba‘ḍu āyāti rabbika lā yanfa‘u nafsan īmānuhā lam takun āmanat min qablu au kasabat fī īmānihā khairā(n), qulintaẓirū innā muntaẓirūn(a).
[158]
Sing dhéwéké padha enténi mung tekané malaékat maring dhéwéké kabéh, utawa rawuhé Pengéranmu, utawa sebagéan tandha-tandha sekang Pengéranmu. Neng dina tekané sebagéan tandha-tandhané Pengéranmu (wis) ora nana gunané maning piandel (precayaé) sewijiné wong sing urung precaya seurungé kuwé, utawa (urung) ngupaya nglakoni kebagusan kanthi precayaé kuwé. Dhawuha, “Enténana! Ingsun uga ngenténi.”
اِنَّ الَّذِيْنَ فَرَّقُوْا دِيْنَهُمْ وَكَانُوْا شِيَعًا لَّسْتَ مِنْهُمْ فِيْ شَيْءٍۗ اِنَّمَآ اَمْرُهُمْ اِلَى اللّٰهِ ثُمَّ يُنَبِّئُهُمْ بِمَا كَانُوْا يَفْعَلُوْنَ١٥٩
Innal-lażīna farraqū dīnahum wa kānū syiya‘al lasta minhum fī syai'(in), innamā amruhum ilallāhi ṡumma yunabbi'uhum bimā kānū yaf‘alūn(a).
[159]
Setemené wong-wong sing mecah-mecah agamané lan dhéwéké dadi padha (kepecah) neng njero golongan-golongan, semendhing baé udu tanggung jawabmu (Muhammad) ingatasé dhéwéké kabéh. Setemené urusané wong-wong mau (nyumanggakna) maring Gusti Allah. Banjur Penjenengané bakal paring weruh maring wong-wong mau apa sing wis dhéwéké padha pergawé.
مَنْ جَاۤءَ بِالْحَسَنَةِ فَلَهٗ عَشْرُ اَمْثَالِهَا ۚوَمَنْ جَاۤءَ بِالسَّيِّئَةِ فَلَا يُجْزٰٓى اِلَّا مِثْلَهَا وَهُمْ لَا يُظْلَمُوْنَ١٦٠
Man jā'a bil-ḥasanati fa lahū ‘asyru amṡālihā, wa man jā'a bis-sayyi'ati falā yujzā illā miṡlahā wa hum lā yuẓlamūn(a).
[160]
Sapa wongé gawé kebagusan olih piwales tikel sepuluh penggawéané. Lan sapa wongé gawé kejahatan déparingi piwales seimbang karo kejahatané. Dhéwéké kabéh semendhing baé ora dékapitunani (dedolimi).
قُلْ اِنَّنِيْ هَدٰىنِيْ رَبِّيْٓ اِلٰى صِرَاطٍ مُّسْتَقِيْمٍ ەۚ دِيْنًا قِيَمًا مِّلَّةَ اِبْرٰهِيْمَ حَنِيْفًاۚ وَمَا كَانَ مِنَ الْمُشْرِكِيْنَ١٦١
Qul innanī hadānī rabbī ilā ṣirāṭim mustaqīm(in), dīnan qiyamam millata ibrāhīma ḥanīfā(n), wa mā kāna minal-musyrikīn(a).
[161]
Dhawuha (Muhammad), “Setemené Pengéranku wis maringi inyong pituduh temuju dalan sing jejeg, agama sing bener, agamané Ibrahim sing jejeg. Dhéwéké (Ibrahim) ora klebu wong-wong sing nyekuthokna (musrik).”
قُلْ اِنَّ صَلَاتِيْ وَنُسُكِيْ وَمَحْيَايَ وَمَمَاتِيْ لِلّٰهِ رَبِّ الْعٰلَمِيْنَۙ١٦٢
Qul inna ṣalātī wa nusukī wa maḥyāya wa mamātī lillāhi rabbil-‘ālamīn(a).
[162]
Dhawuha (Muhammad), “Setemené sembayangku, ngabektiku, uripku, lan matiku mligi mung konjuk Gusti Allah, Pengérané sekabéhé ngalam,
لَا شَرِيْكَ لَهٗ ۚوَبِذٰلِكَ اُمِرْتُ وَاَنَا۠ اَوَّلُ الْمُسْلِمِيْنَ١٦٣
Lā syarīka lah(ū), wa biżālika umirtu wa ana awwalul-muslimīn(a).
[163]
ora nana sekuthon tumrap Penjenengané, lan kaya mengkana sing dédhawuhna maring inyong lan inyong wong sing kawitan pasrah awak (muslim).”
قُلْ اَغَيْرَ اللّٰهِ اَبْغِيْ رَبًّا وَّهُوَ رَبُّ كُلِّ شَيْءٍۗ وَلَا تَكْسِبُ كُلُّ نَفْسٍ اِلَّا عَلَيْهَاۚ وَلَا تَزِرُ وَازِرَةٌ وِّزْرَ اُخْرٰىۚ ثُمَّ اِلٰى رَبِّكُمْ مَّرْجِعُكُمْ فَيُنَبِّئُكُمْ بِمَا كُنْتُمْ فِيْهِ تَخْتَلِفُوْنَ١٦٤
Qul agairallāhi abgī rabbaw wa huwa rabbu kulli syai'(in), wa lā taksibu kullu nafsin illā ‘alaihā, wa lā taziru wāziratuw wizra ukhrā, ṡumma ilā rabbikum marji‘ukum fa yunabbi'ukum bimā kuntum fīhi takhtalifūn(a).
[164]
Dhawuha (Muhammad), “Apa (pantes) inyong nggolét Pengéran seliyané Gusti Allah, mangkan Penjenengané Pengéran ingatasé samubarang kabéh. Saben penggawéan dosa sewijiné wong, dhéwéké sing tanggungjawab. Lan sewijiné wong ora bakal mikul renggan dosané wong liya. Banjur maring Pengéranmu ko kabéh bali, lan bakal déparingna weruh maring ko kabéh apa sing gemiyén ko padha persulayakna.”
وَهُوَ الَّذِيْ جَعَلَكُمْ خَلٰۤىِٕفَ الْاَرْضِ وَرَفَعَ بَعْضَكُمْ فَوْقَ بَعْضٍ دَرَجٰتٍ لِّيَبْلُوَكُمْ فِيْ مَآ اٰتٰىكُمْۗ اِنَّ رَبَّكَ سَرِيْعُ الْعِقَابِۖ وَاِنَّهٗ لَغَفُوْرٌ رَّحِيْمٌ ࣖ١٦٥
Wa huwal-lażī ja‘alakum khalā'ifal-arḍi wa rafa‘a ba‘ḍakum fauqa ba‘ḍin darajātil liyabluwakum fī mā ātākum, inna rabbaka sarī‘ul-‘iqāb(i), wa innahū lagafūrur raḥīm(un).
[165]
Lan Penjenengané sing ndadékna ko kabéh dadi penerus-penerus (khalifah-khalifah) neng bumi lan Penjenengané njunjung (drajaté) sebagéané ko kabéh sendhuwuré sing liyané, nggo ndadar (nguji) ko kabéh ingatasé (kanugrahan) sing déparingna déning Penjenenganmu maring ko kabéh. Setemené Pengéranmu banget sigrané paring ukuman lan temen, Penjenengané Maha Ngampura, Mahaasih.