Surah Al-Hadid
Daftar Surah
0:00
0:00
بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
سَبَّحَ لِلّٰهِ مَا فِى السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِۚ وَهُوَ الْعَزِيْزُ الْحَكِيْمُ١
Sabbaḥa lillāhi mā fis-samāwāti wal-arḍ(i), wa huwal-‘azīzul-ḥakīm(u).
[1]
Apa sing neng langit lan neng bumi padha padha maha-nyucekna (maca tasbéh) maring Gusti Allah. Penjenengané Sing Mahadigdaya, Mahawicaksana.
لَهٗ مُلْكُ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِۚ يُحْيٖ وَيُمِيْتُۚ وَهُوَ عَلٰى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيْرٌ٢
Lahū mulkus-samāwāti wal-arḍ(i), yuḥyī wa yumīt(u), wa huwa ‘alā kulli syai'in qadīr(un).
[2]
Kagungané Penjenengané praja langit lan bumi, Penjenengané nguripna lan matékna, lan Penjenengané Mahakewasa ingatasé samubarang kabéh.
هُوَ الْاَوَّلُ وَالْاٰخِرُ وَالظَّاهِرُ وَالْبَاطِنُۚ وَهُوَ بِكُلِّ شَيْءٍ عَلِيْمٌ٣
Huwal-awwalu wal-ākhiru waẓ-ẓāhiru wal-bāṭin(u), wa huwa bikulli syai'in ‘alīm(un).
[3]
Penjenengané Sing Kawitan, Sing Wekasan, Sing Wadhag lan Sing Samar, 829 lan Penjenengané Maha Ngawuningani samubarang kabéh.
829) “Sing Kawitan” yakuwé sing wis ana seurungé sekabéhané barang ana, “Sing Wekasan” yakuwé sing tetep ana sewisé sekabéhé barang musnah, “Sing Wadhag ” yakuwé sing Mahaluhur lan Sing Samar yakuwé ora nana sing ngalang-alangi Penjenengané lan Penjenengané lewih pérek maring titah tenimbang titah kuwé maring Penjenengané.
هُوَ الَّذِيْ خَلَقَ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضَ فِيْ سِتَّةِ اَيَّامٍ ثُمَّ اسْتَوٰى عَلَى الْعَرْشِۗ يَعْلَمُ مَا يَلِجُ فِى الْاَرْضِ وَمَا يَخْرُجُ مِنْهَا وَمَا يَنْزِلُ مِنَ السَّمَاۤءِ وَمَا يَعْرُجُ فِيْهَاۗ وَهُوَ مَعَكُمْ اَيْنَ مَا كُنْتُمْۗ وَاللّٰهُ بِمَا تَعْمَلُوْنَ بَصِيْرٌۗ٤
Huwal-lażī khalaqas-samāwāti wal-arḍa fī sittati ayyāmin ṡummastawā ‘alal-‘arsy(i), ya‘lamu mā yaliju fil-arḍi wa mā yakhruju minhā wa mā yanzilu minas-samā'i wa mā ya‘ruju fīhā, wa huwa ma‘akum aina mā kuntum, wallāhu bimā ta‘malūna baṣīr(un).
[4]
Penjenengané sing nyiptakna langit lan bumi sejeroné nem mangsa; banjur milenggah neng ndhuwur ‘Arsy. Penjenengané ngawuningani apa sing mlebu maring bumi lan apa sing metu sekang njeroné, apa sing temurun sekang langit lan apa sing munggah maring nganah. 830 Lan Penjenengané mbarengi ko kabéh neng ngendi baé ko padha ana. Lan Gusti Allah Maha Mriksani apa sing ko padha pergawé.
830) Sing démaksud “sing munggah” antarané amal-amal lan donga-donga kewula-Né.
لَهٗ مُلْكُ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِۗ وَاِلَى اللّٰهِ تُرْجَعُ الْاُمُوْرُ٥
Lahū mulkus-samāwāti wal-arḍ(i), wa ilallāhi turja‘ul-umūr(u).
[5]
Kagungan Penjenengané praja langit lan bumi. Lan mung maring Gusti Allah sekabéh urusan débalékna.
يُوْلِجُ الَّيْلَ فِى النَّهَارِ وَيُوْلِجُ النَّهَارَ فِى الَّيْلِۗ وَهُوَ عَلِيْمٌ ۢبِذَاتِ الصُّدُوْرِ٦
Yūlijul-laila fin-nahāri wa yūlijun-nahāra fil-lail(i), wa huwa ‘alīmum biżātiṣ-ṣudūr(i).
[6]
Penjenengané nglebokna wengi maring awan lan nglebokna awan maring wengi. Lan Penjenengané Maha Ngawuningani sekabéh isiné ati.
اٰمِنُوْا بِاللّٰهِ وَرَسُوْلِهٖ وَاَنْفِقُوْا مِمَّا جَعَلَكُمْ مُّسْتَخْلَفِيْنَ فِيْهِۗ فَالَّذِيْنَ اٰمَنُوْا مِنْكُمْ وَاَنْفَقُوْا لَهُمْ اَجْرٌ كَبِيْرٌۚ٧
Āminū billāhi wa rasūlihī wa anfiqū mimmā ja‘alakum mustakhlafīna fīh(i), fal-lażīna āmanū minkum wa anfaqū lahum ajrun kabīr(un).
[7]
Padha precayaa (precaya) ko kabéh maring Gusti Allah lan Rasul-É lan sumbangna (neng dalané Gusti Allah) sebagéan sekang bandha sing Penjenengané wis ndadékna ko kabéh minangka sing ngewasani (amanah). Mangka wong-wong sing precaya neng antarané ko kabéh lan nyumbangna (bandhané neng dalané Gusti Allah) nampa ganjaran sing gedhé.
وَمَا لَكُمْ لَا تُؤْمِنُوْنَ بِاللّٰهِ ۚوَالرَّسُوْلُ يَدْعُوْكُمْ لِتُؤْمِنُوْا بِرَبِّكُمْ وَقَدْ اَخَذَ مِيْثَاقَكُمْ اِنْ كُنْتُمْ مُّؤْمِنِيْنَ٨
Wa mā lakum lā tu'minūna billāh(i), war-rasūlu yad‘ūkum litu'minū birabbikum wa qad akhaża mīṡāqakum in kuntum mu'minīn(a).
[8]
Lan kenangapa ko padha ora precaya maring Gusti Allah, mangkané Rasul ajék ko kabéh precaya maring Pengéranmu? Lan Penjenengané wis mundhut janji (setia)mu, angger ko kabéh wong-wong mukmin.
هُوَ الَّذِيْ يُنَزِّلُ عَلٰى عَبْدِهٖٓ اٰيٰتٍۢ بَيِّنٰتٍ لِّيُخْرِجَكُمْ مِّنَ الظُّلُمٰتِ اِلَى النُّوْرِۗ وَاِنَّ اللّٰهَ بِكُمْ لَرَءُوْفٌ رَّحِيْمٌ٩
Huwal-lażī yunazzilu ‘alā ‘abdihī āyātim bayyinātil liyukhrijakum minaẓ-ẓulumāti ilan-nūr(i), wa innallāha bikum lara'ūfur raḥīm(un).
[9]
Penjenengané sing nurunaken ayat-ayat sing cetha (Al-Qur’an) maring kewula-Né (Muhammad) nggo ngetokna ko kabéh sekang pepeteng maring pepadhang. Lan temen, maring ko kabéh Gusti Allah Mahaaris, Mahaasih.
وَمَا لَكُمْ اَلَّا تُنْفِقُوْا فِيْ سَبِيْلِ اللّٰهِ وَلِلّٰهِ مِيْرَاثُ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِۗ لَا يَسْتَوِيْ مِنْكُمْ مَّنْ اَنْفَقَ مِنْ قَبْلِ الْفَتْحِ وَقَاتَلَۗ اُولٰۤىِٕكَ اَعْظَمُ دَرَجَةً مِّنَ الَّذِيْنَ اَنْفَقُوْا مِنْۢ بَعْدُ وَقَاتَلُوْاۗ وَكُلًّا وَّعَدَ اللّٰهُ الْحُسْنٰىۗ وَاللّٰهُ بِمَا تَعْمَلُوْنَ خَبِيْرٌ ࣖ١٠
Wa mā lakum allā tunfiqū fī sabīlillāhi wa lillāhi mīrāṡus-samāwāti wal-arḍ(i), lā yastawī minkum man anfaqa min qablil-fatḥi wa qātal(a), ulā'ika a‘ẓamu darajatam minal-lażīna anfaqū mim ba‘du wa qātalū, wa kullaw wa‘adallāhul-ḥusnā, wallāhu bimā ta‘malūna khabīr(un).
[10]
Lan kenangapa ko ora padha nyumbangna (infak) bandhamu neng dalané Gusti Allah, mangkané kangungané Gusti Allah kabéh pusaka langit lan bumi? Ora padha wong sing nyumbangna (bandhané neng dalané Gusti Allah) neng antarané ko kabéh lan perang seurungé nelukna (Mekah). Dhéwéké kabéh kuwé lewih dhuwur drajaté tenimbang wong-wong sing padha nyumbangna (bandhané) lan perang sewisé kuwé. Lan Gusti Allah njanjékna maring saben-saben wong-wong kuwé (piwales) sing lewih apik. Lan Gusti Allah Mahanastiti ingatasé apa sing ko padha pergawé.
مَنْ ذَا الَّذِيْ يُقْرِضُ اللّٰهَ قَرْضًا حَسَنًا فَيُضٰعِفَهٗ لَهٗ وَلَهٗٓ اَجْرٌ كَرِيْمٌ١١
Man żal-lażī yuqriḍullāha qarḍan ḥasanan fa yuḍā‘ifahū lahū wa lahū ajrun karīm(un).
[11]
Sapa wongé sing ngutangi maring Gusti Allah karo utangan sing becik, mangka Gusti Allah bakal mbalékena kuwé (kanthi) tikel-tekuk nggo dhéwéké, lan tumrap dhéwéké ganjaran sing mulya,
يَوْمَ تَرَى الْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنٰتِ يَسْعٰى نُوْرُهُمْ بَيْنَ اَيْدِيْهِمْ وَبِاَيْمَانِهِمْ بُشْرٰىكُمُ الْيَوْمَ جَنّٰتٌ تَجْرِيْ مِنْ تَحْتِهَا الْاَنْهٰرُ خٰلِدِيْنَ فِيْهَاۗ ذٰلِكَ هُوَ الْفَوْزُ الْعَظِيْمُۚ١٢
Yauma taral-mu'minīna wal-mu'mināti yas‘ā nūruhum baina aidīhim wa bi'aimānihim busyrākumul-yauma jannātun tajrī min taḥtihal-anhāru khālidīna fīhā, żālika huwal-fauzul-‘aẓīm(u).
[12]
neng dina sliramu bakal weruh wong-wong sing padha precaya lanang utawa wadon, banget mencorongé cahyané dhéwéké kabéh, neng ngarep lan neng iring tengené dhéwéké, (déucapna maring dhéwéké kabéh), “Neng dina kiyé ana werta bebungah nggo ko kabéh, (yakuwé) suwarga-suwarga sing mili neng ngisoré bengawan-bengawan, dhéwéké langgeng neng njeroné. Mengkana kuwé kemenangan sing agung.”
يَوْمَ يَقُوْلُ الْمُنٰفِقُوْنَ وَالْمُنٰفِقٰتُ لِلَّذِيْنَ اٰمَنُوا انْظُرُوْنَا نَقْتَبِسْ مِنْ نُّوْرِكُمْۚ قِيْلَ ارْجِعُوْا وَرَاۤءَكُمْ فَالْتَمِسُوْا نُوْرًاۗ فَضُرِبَ بَيْنَهُمْ بِسُوْرٍ لَّهٗ بَابٌۗ بَاطِنُهٗ فِيْهِ الرَّحْمَةُ وَظَاهِرُهٗ مِنْ قِبَلِهِ الْعَذَابُۗ١٣
Yauma yaqūlul-munāfiqūna wal-munāfiqātu lil-lażīna āmanunẓurūnā naqtabis min nūrikum, qīlarji‘ū warā'akum faltamisū nūrā(n), faḍuriba bainahum bisūril lahū bāb(un), bāṭinuhū fīhir-raḥmatu wa ẓāhiruhū min qibalihil-‘ażāb(u).
[13]
Neng dina wong-wong lamis (munapék) lanang lan wadon padha ngucap maring wong-wong sing padha precaya, “Enténia inyong kabéh! Inyong kabéh kepéngin ngalap cahyamu.” (Maring wong-wong kuwé) déucapna, “Balia ko kabéh maring mburi, lan padha nggoléta dhéwék cahya (kanggo ko kabéh).” Banjur neng antarané wong-wong kuwé depasangi pager (nggo misah) sing ana lawangé. Neng mbang njero ana kewelasan (rahmat) lan neng njabané mung ana siksa.
يُنَادُوْنَهُمْ اَلَمْ نَكُنْ مَّعَكُمْۗ قَالُوْا بَلٰى وَلٰكِنَّكُمْ فَتَنْتُمْ اَنْفُسَكُمْ وَتَرَبَّصْتُمْ وَارْتَبْتُمْ وَغَرَّتْكُمُ الْاَمَانِيُّ حَتّٰى جَاۤءَ اَمْرُ اللّٰهِ وَغَرَّكُمْ بِاللّٰهِ الْغَرُوْرُ١٤
Yunādūnahum alam nakum ma‘akum, qālū balā wa lākinnakum fatantum anfusakum wa tarabbaṣtum wartabtum wa garratkumul-amāniyyu ḥattā jā'a amrullāhi wa garrakum billāhil-garūr(u).
[14]
Wong-wong lamis (munapék) padha nyeluki wong-wong mukmin, “Apa ora gemiyén inyong padha bareng karo ko kabéh?” Wong-wong (mukmin) padha semaur, “Bener, ning ko padha nyilakakna awakmu dhéwék, lan ko mung padha ngenténi, mamang karo (janjiné Gusti Allah) lan deapusi déning angen-angen suwung nganti teka ketetepané Gusti Allah; lan tukang apus-apus (sétan) teka ngapusi ko kabéh ngenani Gusti Allah.
فَالْيَوْمَ لَا يُؤْخَذُ مِنْكُمْ فِدْيَةٌ وَّلَا مِنَ الَّذِيْنَ كَفَرُوْاۗ مَأْوٰىكُمُ النَّارُۗ هِيَ مَوْلٰىكُمْۗ وَبِئْسَ الْمَصِيْرُ١٥
Fal-yauma lā yu'khażu minkum fidyatuw wa lā minal-lażīna kafarū, ma'wākumun-nār(u), hiya maulākum, wa bi'sal-maṣīr(u).
[15]
Mangka neng dina kiyé ora bakal détampa tebusan sekang ko kabéh utawa sekang wong-wong kapir. Panggonanmu neng neraka. Kuwé papan ayomanmu, lan kuwé seala-alané panggonan.”
۞ اَلَمْ يَأْنِ لِلَّذِيْنَ اٰمَنُوْٓا اَنْ تَخْشَعَ قُلُوْبُهُمْ لِذِكْرِ اللّٰهِ وَمَا نَزَلَ مِنَ الْحَقِّۙ وَلَا يَكُوْنُوْا كَالَّذِيْنَ اُوْتُوا الْكِتٰبَ مِنْ قَبْلُ فَطَالَ عَلَيْهِمُ الْاَمَدُ فَقَسَتْ قُلُوْبُهُمْۗ وَكَثِيْرٌ مِّنْهُمْ فٰسِقُوْنَ١٦
Alam ya'ni lil-lażīna āmanū an takhsya‘a qulūbuhum liżikrillāhi wa mā nazala minal-ḥaqq(i), wa lā yakūnū kal-lażīna ūtul-kitāba min qablu faṭāla ‘alaihimul-amadu faqasat qulūbuhum, wa kaṡīrum minhum fāsiqūn(a).
[16]
Apa urung butul wektuné tumrap wong-wong sing padha precaya, nggo gentur (khusuk) éling maring Gusti Allah lan nuhoni bebener sing wis déwahyokna (maring dhéwéké kabéh), lan aja pisan-pisan dhéwéké padha (temindak) kaya wong-wong sing wis nampa kitab seurungé kuwé, banjur dhéwéké padha ngliwati wektu sing suwé saéngga atiné wong-wong kuwé dadi wangkot. Lan akéh neng antarané dhéwéké padha dadi wong-wong sing dosa (pasék).
اِعْلَمُوْٓا اَنَّ اللّٰهَ يُحْيِ الْاَرْضَ بَعْدَ مَوْتِهَاۗ قَدْ بَيَّنَّا لَكُمُ الْاٰيٰتِ لَعَلَّكُمْ تَعْقِلُوْنَ١٧
I‘lamū annallāha yuḥyil-arḍa ba‘da mautihā, qad bayyannā lakumul-āyāti la‘allakum ta‘qilūn(a).
[17]
Kawruhana lamon Gusti Allah sing nguripna bumi sewisé mati (garing). Temen, wis Ingsun genahna maring ko kabéh tandha-tandha (agungé Ingsun) supaya ko padha ngreti.
اِنَّ الْمُصَّدِّقِيْنَ وَالْمُصَّدِّقٰتِ وَاَقْرَضُوا اللّٰهَ قَرْضًا حَسَنًا يُّضٰعَفُ لَهُمْ وَلَهُمْ اَجْرٌ كَرِيْمٌ١٨
Innal-muṣṣaddiqīna wal-muṣṣaddiqāti wa aqraḍullāha qarḍan ḥasanay yuḍā‘afu lahum wa lahum ajrun karīm(un).
[18]
Setemené wong-wong sing padha merwéwéh (sedhekah), lanang utawa wadon lan ngutangi maring Gusti Allah kanthi utangan sing becik bakal detikel-tekukna (piwalesé) tumrap dhéwéké, lan dhéwéké bakal padha nampa ganjaran sing mulya.
وَالَّذِيْنَ اٰمَنُوْا بِاللّٰهِ وَرُسُلِهٖٓ اُولٰۤىِٕكَ هُمُ الصِّدِّيْقُوْنَ ۖوَالشُّهَدَاۤءُ عِنْدَ رَبِّهِمْۗ لَهُمْ اَجْرُهُمْ وَنُوْرُهُمْۗ وَالَّذِيْنَ كَفَرُوْا وَكَذَّبُوْا بِاٰيٰتِنَآ اُولٰۤىِٕكَ اَصْحٰبُ الْجَحِيْمِ ࣖ١٩
Wal-lażīna āmanū billāhi wa rasūlihī ulā'ika humuṣ-ṣiddīqūn(a), wasy-syuhadā'u ‘inda rabbihim, lahum ajruhum wa nūruhum, wal-lażīna kafarū wa każżabū bi'āyātinā ulā'ika aṣḥābul-jaḥīm(i).
[19]
Lan wong-wong sing padha precaya maring Gusti Allah lan utusan-utusan-É, dhéwéké kabéh kuwé wong sing padha tulus atiné (dhemen maring bebener) lan seksi-seksi neng sisihé Pengérané. Wong-wong kuwé duwé hak nampa ganjaran lan cahya. Ning wong-wong sing mbangkang (kapir) lan nggorohna ayat-ayat-É Ingsun, dhéwéké kuwé sing padha manggon neng neraka.
اِعْلَمُوْٓا اَنَّمَا الْحَيٰوةُ الدُّنْيَا لَعِبٌ وَّلَهْوٌ وَّزِيْنَةٌ وَّتَفَاخُرٌۢ بَيْنَكُمْ وَتَكَاثُرٌ فِى الْاَمْوَالِ وَالْاَوْلَادِۗ كَمَثَلِ غَيْثٍ اَعْجَبَ الْكُفَّارَ نَبَاتُهٗ ثُمَّ يَهِيْجُ فَتَرٰىهُ مُصْفَرًّا ثُمَّ يَكُوْنُ حُطَامًاۗ وَفِى الْاٰخِرَةِ عَذَابٌ شَدِيْدٌۙ وَّمَغْفِرَةٌ مِّنَ اللّٰهِ وَرِضْوَانٌ ۗوَمَا الْحَيٰوةُ الدُّنْيَآ اِلَّا مَتَاعُ الْغُرُوْرِ٢٠
I‘lamū annamal-ḥayātud-dun-yā la‘ibuw wa lahwuw wa zīnatuw wa tafākhurum bainakum wa takāṡurun fil-amwāli wal-aulād(i), kamaṡali gaiṡin a‘jabal-kuffāra nabātuhū ṡumma yahīju fatarāhu muṣfarran ṡumma yakūnu ḥuṭāmā(n), wa fil-ākhirati ‘ażābun syadīd(un), wa magfiratum minallāhi wa riḍwān(un), wa mal-ḥayātud-dun-yā illā matā‘ul-gurūr(i).
[20]
Kawruhana, setemené penguripan dunya kuwé mung dolanan lan perguyon, pepaés lan padha agul-agulan neng antarané ko kabéh, lan padha ayon-ayonan neng urusan kesugihan lan anak-keturunan, kaya udan sing tanduran-tandurané nggumunaken wong-wong tani; banjur (tanduran) kuwé dadi garing lan ko padha weruh wernané kuning banjur dadi ludhes. Lan neng akhérat (mengko) ana siksa sing keras lan pengampura sekang Gusti Allah sarta karenan-É. Lan penguripan dunya ora nana liya mung kesenengan sing palsu.
سَابِقُوْٓا اِلٰى مَغْفِرَةٍ مِّنْ رَّبِّكُمْ وَجَنَّةٍ عَرْضُهَا كَعَرْضِ السَّمَاۤءِ وَالْاَرْضِۙ اُعِدَّتْ لِلَّذِيْنَ اٰمَنُوْا بِاللّٰهِ وَرُسُلِهٖۗ ذٰلِكَ فَضْلُ اللّٰهِ يُؤْتِيْهِ مَنْ يَّشَاۤءُ ۗوَاللّٰهُ ذُو الْفَضْلِ الْعَظِيْمِ٢١
Sābiqū ilā magfiratim mir rabbikum wa jannatin ‘arḍuhā ka‘arḍis-samā'i wal-arḍ(i), u‘iddat lil-lażīna āmanū billāhi wa rasūlih(ī), żālika faḍlullāhi yu'tīhi may yasyā'(u), wallāhu żul-faḍlil-‘aẓīm(i).
[21]
Padha ayon-ayonana ko kabéh nggo mekolih pengampura sekang Pengéranmu lan suwarga sing ambané sejembar langit lan bumi, sing desedhiakna nggo wong-wong sing padha precaya maring Gusti Allah lan utusan-Né. Kuwé kanugrahané Gusti Allah sing déparingna maring sapa sing Penjenengané kersakna. Lan Gusti Allah kagungan kanugrahan sing gedhé.
مَآ اَصَابَ مِنْ مُّصِيْبَةٍ فِى الْاَرْضِ وَلَا فِيْٓ اَنْفُسِكُمْ اِلَّا فِيْ كِتٰبٍ مِّنْ قَبْلِ اَنْ نَّبْرَاَهَا ۗاِنَّ ذٰلِكَ عَلَى اللّٰهِ يَسِيْرٌۖ٢٢
Mā aṣāba mim muṣībatin fil-arḍi wa lā fī anfusikum illā fī kitābim min qabli an nabra'ahā, inna żālika ‘alallāhi yasīr(un).
[22]
Saben-saben marabaya sing temiba neng bumi lan sing temiba maring awakmu dhéwék, kabéh wis detulis sajeroné Kitab (Lauh Mahfuz) seurungé Ingsun mujudna. Temen, sing mengkana kuwé gampang mungguhé Gusti Allah.
لِّكَيْلَا تَأْسَوْا عَلٰى مَا فَاتَكُمْ وَلَا تَفْرَحُوْا بِمَآ اٰتٰىكُمْ ۗوَاللّٰهُ لَا يُحِبُّ كُلَّ مُخْتَالٍ فَخُوْرٍۙ٢٣
Likailā ta'sau ‘alā mā fātakum wa lā tafraḥū bimā ātākum, wallāhu lā yuḥibbu kulla mukhtālin fakhūr(in).
[23]
Supayané ko ora padha susah atiné ingatasé apa sing mlését (ora depekolih) neng ko kabéh, lan uga aja padha keliwat bungah ingatasé apa sing Penjenengané paringna maring ko kabéh. Lan Gusti Allah ora karenan maring saben wong sing gemedhé lan ngagul-agulna awaké dhéwék,
ۨالَّذِيْنَ يَبْخَلُوْنَ وَيَأْمُرُوْنَ النَّاسَ بِالْبُخْلِ ۗوَمَنْ يَّتَوَلَّ فَاِنَّ اللّٰهَ هُوَ الْغَنِيُّ الْحَمِيْدُ٢٤
Allażīna yabkhalūna wa ya'murūnan-nāsa bil-bukhl(i), wa may yatawalla fa'innallāha huwal-ganiyyul-ḥamīd(u).
[24]
yakuwé wong-wong sing medhit lan préntah wong liya supaya padha medhit. Sapa wongé sing mléngos (sekang préntah-préntahé Gusti Allah), mangka setemené Gusti Allah, Penjenengané Mahasugih, Maha Pinuji.
لَقَدْ اَرْسَلْنَا رُسُلَنَا بِالْبَيِّنٰتِ وَاَنْزَلْنَا مَعَهُمُ الْكِتٰبَ وَالْمِيْزَانَ لِيَقُوْمَ النَّاسُ بِالْقِسْطِۚ وَاَنْزَلْنَا الْحَدِيْدَ فِيْهِ بَأْسٌ شَدِيْدٌ وَّمَنَافِعُ لِلنَّاسِ وَلِيَعْلَمَ اللّٰهُ مَنْ يَّنْصُرُهٗ وَرُسُلَهٗ بِالْغَيْبِۗ اِنَّ اللّٰهَ قَوِيٌّ عَزِيْزٌ ࣖ٢٥
Laqad arsalnā rusulanā bil-bayyināti wa anzalnā ma‘ahumul-kitāba wal-mīzāna liyaqūman-nāsu bil-qisṭ(i), wa anzalnal-ḥadīda fīhi ba'sun syadīduw wa manāfi‘u lin-nāsi wa liya‘lamallāhu may yanṣuruhū wa rusulahū bil-gaib(i), innallāha qawiyyun ‘azīz(un).
[25]
Temen, Ingsun wis ngutus rasul-rasul Ingsun kanthi bukti-bukti sing nyata lan Ingsun turunaken bareng dhéwéké kitab lan timbangan (keadilan) supaya menungsa bisa temindak adil. Lan Ingsun nyiptakna wesi sing duwé kekuwatan gedhé lan akéh pigunané nggo menungsa, lan supaya Gusti Allah ngawuningani sapa sing nulungi (agama)-Né lan utusan-utusan-É senajan Gusti Allah ora deweruhi (déning wong kuwé), setemené Gusti Allah Mahakuwat, Mahadigdaya.
وَلَقَدْ اَرْسَلْنَا نُوْحًا وَّاِبْرٰهِيْمَ وَجَعَلْنَا فِيْ ذُرِّيَّتِهِمَا النُّبُوَّةَ وَالْكِتٰبَ فَمِنْهُمْ مُّهْتَدٍۚ وَكَثِيْرٌ مِّنْهُمْ فٰسِقُوْنَ٢٦
Wa laqad arsalnā nūḥaw wa ibrāhīma wa ja‘alnā fī żurriyyatihiman-nubuwwata wal-kitāba fa minhum muhtad(in), wa kaṡīrum minhum fāsiqūn(a).
[26]
Lan temen, Ingsun wis ngutus Nuh lan Ibrahim lan Ingsun paringna kenabian lan kitab (wahyu) maring keturunané sekloroné, neng antarané dhéwéké kabéh ana sing nampa pituduh lan akéh neng antarané dhéwéké sing padha dosa (pasék).
ثُمَّ قَفَّيْنَا عَلٰٓى اٰثَارِهِمْ بِرُسُلِنَا وَقَفَّيْنَا بِعِيْسَى ابْنِ مَرْيَمَ وَاٰتَيْنٰهُ الْاِنْجِيْلَ ەۙ وَجَعَلْنَا فِيْ قُلُوْبِ الَّذِيْنَ اتَّبَعُوْهُ رَأْفَةً وَّرَحْمَةً ۗوَرَهْبَانِيَّةَ ِۨابْتَدَعُوْهَا مَا كَتَبْنٰهَا عَلَيْهِمْ اِلَّا ابْتِغَاۤءَ رِضْوَانِ اللّٰهِ فَمَا رَعَوْهَا حَقَّ رِعَايَتِهَا ۚفَاٰتَيْنَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا مِنْهُمْ اَجْرَهُمْ ۚ وَكَثِيْرٌ مِّنْهُمْ فٰسِقُوْنَ٢٧
Ṡumma qaffainā ‘alā āṡārihim birusulinā wa qaffainā bi‘īsabni maryama wa ātaināhul-injīl(a), wa ja‘alnā fī qulūbil-lażīnattaba‘ūhu ra'fataw wa raḥmah(tan), wa rahbāniyyatanibtada‘ūhā mā katabnā ‘alaihim illabtigā'a riḍwānillāhi famā ra‘auhā ḥaqqa ri‘āyatihā, fa'ātainal-lażīna āmanū minhum ajrahum, wa kaṡīrum minhum fāsiqūn(a).
[27]
Banjur Ingsun susulaken utusan-utusan Ingsun ngetutburéni labeté dhéwéké kabéh, lan Ingsun susulaken (uga) Isa putrane Maryam; lan Ingsun paringna Injil maring dhéwéké lan Ingsun dadékna rasa aris lan welas asih neng njero atiné wong-wong sing padha ngetutbureni dhéwéké. Wong-wong kuwé padha ngana-nganakna rahbaniyah, 831 mangkané Ingsun ora ngwajibna (mréntahna) kuwé maring dhéwéké kabéh (sing Ingsun wajibna mung) nggolét karenané Gusti Allah, ning (kewajiban kuwé) ora padha dereksa sing semestiné. Mangka maring wong-wong sing precaya neng antarané dhéwéké kabéh Ingsun paringna ganjarané, lan akéh neng antarané dhéwéké sing padha dosa (pasék).
831) Ora duwé bojo utawa lanang (ora umah-umah) lan mingit awak dhéwék sejeroné biara
يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوا اتَّقُوا اللّٰهَ وَاٰمِنُوْا بِرَسُوْلِهٖ يُؤْتِكُمْ كِفْلَيْنِ مِنْ رَّحْمَتِهٖ وَيَجْعَلْ لَّكُمْ نُوْرًا تَمْشُوْنَ بِهٖ وَيَغْفِرْ لَكُمْۗ وَاللّٰهُ غَفُوْرٌ رَّحِيْمٌۙ٢٨
Yā ayyuhal-lażīna āmanuttaqullāha wa āminū birasūlihī yu'tikum kiflaini mir raḥmatihī wa yaj‘al lakum nūran tamsyūna bihī wa yagfir lakum, wallāhu gafūrur raḥīm(un).
[28]
Hé wong-wong sing padha precaya! Padha semaraha (takwa) maring Gusti Allah lan precayaa maring utusan-Né (Muhammad), mesthi Gusti Allah maringna kewelasan (rahmat)-É maring ko kabéh rong bagéan, lan ndadékna cahya nggo ko kabéh lan kanthi cahya kuwé ko padha bisa mlaku lan Penjenengané ngampurani ko kabéh. Lan Gusti Allah Maha Ngampura, Mahawelas,
لِّئَلَّا يَعْلَمَ اَهْلُ الْكِتٰبِ اَلَّا يَقْدِرُوْنَ عَلٰى شَيْءٍ مِّنْ فَضْلِ اللّٰهِ وَاَنَّ الْفَضْلَ بِيَدِ اللّٰهِ يُؤْتِيْهِ مَنْ يَّشَاۤءُ ۗوَاللّٰهُ ذُو الْفَضْلِ الْعَظِيْمِ ࣖ ۔٢٩
Li'allā ya‘lama ahlul-kitābi allā yaqdirūna ‘alā syai'im min faḍlillāhi wa annal-faḍla biyadillāhi yu'tīhi may yasyā'(u), wallāhu żul-faḍlil-‘aẓīm(i).
[29]
supayané Ahli Kitab padha ngaweruhi lamon semendhing baé dhéwéké ora bakal nampa kanugrahané Gusti Allah (angger dhéwéké ora padha precaya maring Muhammad), lan kanugrahan kuwé ana neng astané Gusti Allah, Penjenengané maringna kuwé maring sapa sing Penjenengané kersakna. Lan Gusti Allah kagungan kanugrahan sing gedhé.