Surah Al-Waqi’ah
Daftar Surah
0:00
0:00
بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
اِذَا وَقَعَتِ الْوَاقِعَةُۙ١
Iżā waqa‘atil-wāqi‘ah(tu).
[1]
Arikala kedadéan dina Kiyamat,
لَيْسَ لِوَقْعَتِهَا كَاذِبَةٌ ۘ٢
Laisa liwaq‘atihā kāżibah(tun).
[2]
kedadéané kuwé ora bisa dégorohna (depungkiri).
خَافِضَةٌ رَّافِعَةٌ٣
Khāfiḍatur rāfi‘ah(tun).
[3]
(Kedadéan kuwé) ngasorna (siji golongan) lan ngluhurna (golongan liyané).
اِذَا رُجَّتِ الْاَرْضُ رَجًّاۙ٤
Iżā rujjatil-arḍu rajjā(n).
[4]
Rikala bumi deobyagna seporét-porété,
وَّبُسَّتِ الْجِبَالُ بَسًّاۙ٥
Wa bussatil-jibālu bassā(n).
[5]
lan gunung-gunung deajur-leburna seajur-ajuré,
فَكَانَتْ هَبَاۤءً مُّنْۢبَثًّاۙ٦
Fa kānat habā'am mumbaṡṡā(n).
[6]
mangka dadia dhéwéké lebu sing padha mamprung,
وَّكُنْتُمْ اَزْوَاجًا ثَلٰثَةً ۗ٧
Wa kuntum azwājan ṡalāṡah(tan).
[7]
lan ko padha dadi telung golongan,
فَاَصْحٰبُ الْمَيْمَنَةِ ەۙ مَآ اَصْحٰبُ الْمَيْمَنَةِ ۗ٨
Fa aṣḥābul-maimanah(ti), mā aṣḥābul-maimanah(ti).
[8]
yakuwé golongan tengen, 824 banget mulyané golongan tengen kuwé,
824) Wong-wong sing nampa buku cathetan lakuné kanthi tangan tengen.
وَاَصْحٰبُ الْمَشْـَٔمَةِ ەۙ مَآ اَصْحٰبُ الْمَشْـَٔمَةِ ۗ٩
Wa aṣḥābul-masy'amah(ti), mā aṣḥābul-masy'amah(ti).
[9]
lan golongan kiwé, 825 banget sengsarané golongan kiwé kuwé,
825) Wong-wong sing nampa buku cathetan lakuné kanthi tangan kiwé.
وَالسّٰبِقُوْنَ السّٰبِقُوْنَۙ١٠
Was-sābiqūnas-sābiqūn(a).
[10]
lan wong-wong sing paling kawitan (padha precaya), dhéwéké kabéh sing paling gasik (mlebu suwarga).
اُولٰۤىِٕكَ الْمُقَرَّبُوْنَۚ١١
Ulā'ikal-muqarrabūn(a).
[11]
Dhéwéké kabéh kuwé wong sing kepérek (maring Gusti Allah).
فِيْ جَنّٰتِ النَّعِيْمِ١٢
Fī jannātin-na‘īm(i).
[12]
Manggon neng njero suwarga kenékmatan,
ثُلَّةٌ مِّنَ الْاَوَّلِيْنَۙ١٣
Ṡullatum minal-awwalīn(a).
[13]
segolongan gedhé sekang wong-wong sing gemiyén, 826
826) Kabéh umat nabi-nabi seurungé Nabi Muhammad s.a.w. Lan sing démaksud wong sing keri yakuwé umaté Nabi Muhammad s.a.w.
وَقَلِيْلٌ مِّنَ الْاٰخِرِيْنَۗ١٤
Wa qalīlum minal-ākhirīn(a).
[14]
Lan segolongan cilik sekang wong-wong sing kéri.
عَلٰى سُرُرٍ مَّوْضُوْنَةٍۙ١٥
‘Alā sururim mauḍūnah(tin).
[15]
Dhéwéké padha neng dhuwur ambén-ambén sing detretes emas lan prelikan,
مُّتَّكِـِٕيْنَ عَلَيْهَا مُتَقٰبِلِيْنَ١٦
Muttaki'īna ‘alaihā mutaqābilīn(a).
[16]
dhéwéké kabéh séndhéhan neng ndhuwuré padha adhep-adhepan.
يَطُوْفُ عَلَيْهِمْ وِلْدَانٌ مُّخَلَّدُوْنَۙ١٧
Yaṭūfu ‘alaihim wildānum mukhalladūn(a).
[17]
Dhéwéké padha dékubengi déning bocah-bocah nom sing ajeg nom,
بِاَكْوَابٍ وَّاَبَارِيْقَۙ وَكَأْسٍ مِّنْ مَّعِيْنٍۙ١٨
Bi'akwābiw wa abārīq(a), wa ka'sim mim ma‘īn(in).
[18]
kanthi nggawa gelas, cérét, lan sloki (cawik) isiné inuman sing déjikot sekang banyu sing mili,
لَّا يُصَدَّعُوْنَ عَنْهَا وَلَا يُنْزِفُوْنَۙ١٩
Lā yuṣadda‘ūna ‘anhā wa lā yunzifūn(a).
[19]
dhéwéké padha ora puyeng merga (inuman) kuwé lan uga ora wuru,
وَفَاكِهَةٍ مِّمَّا يَتَخَيَّرُوْنَۙ٢٠
Wa fākihatim mimmā yatakhayyarūn(a).
[20]
lan woh-wohan apa baé sing dhéwéké pilih,
وَلَحْمِ طَيْرٍ مِّمَّا يَشْتَهُوْنَۗ٢١
Wa laḥmi ṭairim mimmā yasytahūn(a).
[21]
lan daging manuk apa baé sing dhéwéké padha kepéngini,
وَحُوْرٌ عِيْنٌۙ٢٢
Wa ḥūrun ‘īn(un).
[22]
Lan widadari-widadari sing maén matané,
كَاَمْثَالِ اللُّؤْلُؤِ الْمَكْنُوْنِۚ٢٣
Ka'amṡālil-lu'lu'il-maknūn(i).
[23]
lir umpamané mutiara sing kesimpén (kanthi) becik.
جَزَاۤءًۢ بِمَا كَانُوْا يَعْمَلُوْنَ٢٤
Jazā'am bimā kānū ya‘malūn(a).
[24]
Minangka ganjaran ingatasé apa sing dhéwéké padha pergawé.
لَا يَسْمَعُوْنَ فِيْهَا لَغْوًا وَّلَا تَأْثِيْمًاۙ٢٥
Lā yasma‘ūna fīhā lagwaw wa lā ta'ṡīmā(n).
[25]
Neng kana dhéwéké padha ora krungu ucapan sing muspra utawa sing njalari dosa.
اِلَّا قِيْلًا سَلٰمًا سَلٰمًا٢٦
Illā qīlan salāman salāmā(n).
[26]
ning dhéwéké padha ngrungokna ucapan salam (pengayubegya).
وَاَصْحٰبُ الْيَمِيْنِ ەۙ مَآ اَصْحٰبُ الْيَمِيْنِۗ٢٧
Wa aṣḥābul-yamīn(i), mā aṣḥābul-yamīn(i).
[27]
Lan golongan tengen, sapa golongan tengen kuwé.
فِيْ سِدْرٍ مَّخْضُوْدٍۙ٢٨
Fī sidrim makhḍūd(in).
[28]
(Dhéwéké kabéh) ana neng antarané wit bidara sing ora nana eriné,
وَّطَلْحٍ مَّنْضُوْدٍۙ٢٩
Wa ṭalḥim manḍūd(in).
[29]
lan wit gedhang sing sungsun-sungsun (wohé),
وَّظِلٍّ مَّمْدُوْدٍۙ٣٠
Wa ẓillim mamdūd(in).
[30]
lan iyub-iyuban sing degelar amba,
وَّمَاۤءٍ مَّسْكُوْبٍۙ٣١
Wa mā'im maskūb(in).
[31]
lan banyu sing mili terus-terusan,
وَّفَاكِهَةٍ كَثِيْرَةٍۙ٣٢
Wa fākihatin kaṡīrah(tin).
[32]
lan woh-wohan sing akéh,
لَّا مَقْطُوْعَةٍ وَّلَا مَمْنُوْعَةٍۙ٣٣
Lā maqṭū‘atiw wa lā mamnū‘ah(tin).
[33]
sing ora mandheg olihé woh lan ora délarang njikoté,
وَّفُرُشٍ مَّرْفُوْعَةٍۗ٣٤
Wa furusyim marfū‘ah(tin).
[34]
lan kasur-kasur sing kandel tur empuk
اِنَّآ اَنْشَأْنٰهُنَّ اِنْشَاۤءًۙ٣٥
Innā ansya'nāhunna insyā'ā(n).
[35]
Ingsun nyiptakna wong-wong kuwé (widadari-widadari mau) nganggo cara langsung. 827
827) Dhéwéké padha déciptakena ora nganggo délairna lan langsung dadi perawan.
فَجَعَلْنٰهُنَّ اَبْكَارًاۙ٣٦
Faja‘alnāhunna abkārā(n).
[36]
banjur Ingsun dadékna dhéwéké kabéh prawan-prawan,
عُرُبًا اَتْرَابًاۙ٣٧
‘Uruban atrābā(n).
[37]
sing sugih ketresnan (lan) rampag umuré,
لِّاَصْحٰبِ الْيَمِيْنِۗ٣٨
Li'aṣḥābil-yamīn(i).
[38]
nggo golongan tengen,
ثُلَّةٌ مِّنَ الْاَوَّلِيْنَۙ٣٩
Ṡullatum minal-awwalīn(a).
[39]
segolongan gedhé sekang wong-wong sing gemiyén,
وَثُلَّةٌ مِّنَ الْاٰخِرِيْنَۗ ࣖ٤٠
Wa ṡullatum minal-ākhirīn(a).
[40]
lan segolongan gedhé uga sekang wong-wong sing kéri.
وَاَصْحٰبُ الشِّمَالِ ەۙ مَآ اَصْحٰبُ الشِّمَالِۗ٤١
Wa aṣḥābusy-syimāl(i), mā aṣḥābusy-syimāl(i).
[41]
Lan golongan kiwé, banget sengsarané golongan kiwé kuwé.
فِيْ سَمُوْمٍ وَّحَمِيْمٍۙ٤٢
Fī samūmiw wa ḥamīm(in).
[42]
(Dhéwéké padha) neng sejeroné pesiksan angin sing banget panasé lan banyu sing umeb.
وَّظِلٍّ مِّنْ يَّحْمُوْمٍۙ٤٣
Wa ẓillim miy yaḥmūm(in).
[43]
Lan iyuban kukus sing ireng,
لَّا بَارِدٍ وَّلَا كَرِيْمٍ٤٤
Lā bāridiw wa lā karīm(in).
[44]
ora adhem lan ora nyenengna
اِنَّهُمْ كَانُوْا قَبْلَ ذٰلِكَ مُتْرَفِيْنَۚ٤٥
Innahum kānū qabla żālika mutrafīn(a).
[45]
setemené dhéwéké kabéh seurungé kuwé (gemiyén) padha urip moncer-monceran,
وَكَانُوْا يُصِرُّوْنَ عَلَى الْحِنْثِ الْعَظِيْمِۚ٤٦
Wa kānū yuṣirrūna ‘alal-ḥinṡil-‘aẓīm(i).
[46]
lan dhéwéké terus-terusan nglakoni dosa sing gedhé,
وَكَانُوْا يَقُوْلُوْنَ ەۙ اَىِٕذَا مِتْنَا وَكُنَّا تُرَابًا وَّعِظَامًا ءَاِنَّا لَمَبْعُوْثُوْنَۙ٤٧
Wa kānū yaqūlūn(a), a'iżā mitnā wa kunnā turābaw wa ‘iẓāman a'innā lamab‘ūṡūn(a).
[47]
lan wong-wong kuwé padha ngucap, “Angger inyong wis padha mati, dadi lemah lan balung-klunthung, apa inyong temen-temen bakal padha détangékna maning?
اَوَاٰبَاۤؤُنَا الْاَوَّلُوْنَ٤٨
Awa'ābā'unal-awwalūn(a).
[48]
Apa kaki-nininé inyong kabéh sing gemiyén (uga détangékna)?”
قُلْ اِنَّ الْاَوَّلِيْنَ وَالْاٰخِرِيْنَۙ٤٩
Qul innal-awwalīna wal-ākhirīn(a).
[49]
Ngucapa, “(Ya), setemené wong-wong sing gemiyén lan sing mburi-kéri,
لَمَجْمُوْعُوْنَۙ اِلٰى مِيْقَاتِ يَوْمٍ مَّعْلُوْمٍ٥٠
Lamajmū‘ūn(a), ilā mīqāti yaumim ma‘lūm(in).
[50]
mesthi kabéh bakal dékumpulna neng wektu sing ketemtokna, neng dina sing wis padha dekaweruhi.
ثُمَّ اِنَّكُمْ اَيُّهَا الضَّاۤ لُّوْنَ الْمُكَذِّبُوْنَۙ٥١
Ṡumma innakum ayyuhaḍ-ḍāllūnal-mukażżibūn(a).
[51]
Banjur setemené ko kabéh, hé wong-wong sing kesasar lan ngapusi!
لَاٰكِلُوْنَ مِنْ شَجَرٍ مِّنْ زَقُّوْمٍۙ٥٢
La'ākilūna min syajarim min zaqqūm(in).
[52]
mesti bakal padha mangan wit zaqqum, 828
828) Wit neng neraka sing njalari lara sing banget larané tumrap wong sing mangan wit kuwé.
فَمَالِـُٔوْنَ مِنْهَا الْبُطُوْنَۚ٥٣
Fa māli'ūna minhal-buṭūn(a).
[53]
mangka bakal kebek wetengmu déning kuwé.
فَشٰرِبُوْنَ عَلَيْهِ مِنَ الْحَمِيْمِۚ٥٤
Fasyāribūna ‘alaihi minal-ḥamīm(i).
[54]
Sewisé kuwé ko bakal padha nginum banyu sing banget panasé.
فَشٰرِبُوْنَ شُرْبَ الْهِيْمِۗ٥٥
Fa syāribūna syurbal-hīm(i).
[55]
Mangka ko padha nginum kayadéné onta (sing banget ngonggore) nginum.
هٰذَا نُزُلُهُمْ يَوْمَ الدِّيْنِۗ٥٦
Hāżā nuzuluhum yaumad-dīn(i).
[56]
Kuwé ancengan nggo wong-wong kuwé neng dina piwalésan.”
نَحْنُ خَلَقْنٰكُمْ فَلَوْلَا تُصَدِّقُوْنَ٥٧
Naḥnu khalaqnākum falau lā tuṣaddiqūn(a).
[57]
Ingsun wis nyiptakna ko kabéh, kenangapa ko padha ora nggugu (dina tangi sekang kubur)?
اَفَرَءَيْتُمْ مَّا تُمْنُوْنَۗ٥٨
Afa ra'aitum mā tumnūn(a).
[58]
Mangka apa ko kabéh padha nggatékena, ngenani (winih menungsa) sing ko padha pancurna.
ءَاَنْتُمْ تَخْلُقُوْنَهٗٓ اَمْ نَحْنُ الْخٰلِقُوْنَ٥٩
A'antum takhluqūnahū am naḥnul-khāliqūn(a).
[59]
Apa ko sing padha nyiptakna, apa Ingsun sing nyiptakna?
نَحْنُ قَدَّرْنَا بَيْنَكُمُ الْمَوْتَ وَمَا نَحْنُ بِمَسْبُوْقِيْنَۙ٦٠
Naḥnu qaddarnā bainakumul-mauta wa mā naḥnu bimasbūqīn(a).
[60]
Ingsun wis nemtokna patiné saben-saben ko kabéh lan Ingsun ora apes (kurang daya),
عَلٰٓى اَنْ نُّبَدِّلَ اَمْثَالَكُمْ وَنُنْشِئَكُمْ فِيْ مَا لَا تَعْلَمُوْنَ٦١
‘Alā an nubaddila amṡālakum wa nunsyi'akum fī mā lā ta‘lamūn(a).
[61]
nggo ngganti ko kabéh karo wong-wong sing kaya ko (neng dunya) lan nangékna ko kabéh mbésuk (neng akhérat) kanthi kahanan sing ko ora padha kaweruhi.
وَلَقَدْ عَلِمْتُمُ النَّشْاَةَ الْاُوْلٰى فَلَوْلَا تَذَكَّرُوْنَ٦٢
Wa laqad ‘alimtumun-nasy'atal-ūlā falau lā tażakkarūn(a).
[62]
Lan temen, ko wis padha ngaweruhi penciptanan sing kawitan, kenangapa ko ora padha ngalap piwulang?
اَفَرَءَيْتُمْ مَّا تَحْرُثُوْنَۗ٦٣
Afara'aitum mā taḥruṡūn(a).
[63]
Apa ko padha nglakon nggatékena winih sing ko tandur?
ءَاَنْتُمْ تَزْرَعُوْنَهٗٓ اَمْ نَحْنُ الزّٰرِعُوْنَ٦٤
A'antum tazra‘ūnahū am naḥnuz-zāri‘ūn(a).
[64]
Apa ko sing padha nukulna apa Ingsun sing nukulna?
لَوْ نَشَاۤءُ لَجَعَلْنٰهُ حُطَامًا فَظَلْتُمْ تَفَكَّهُوْنَۙ٦٥
Lau nasyā'u laja‘alnāhu ḥuṭāman fa ẓaltum tafakkahūn(a).
[65]
Sekirané Ingsun kersakna, mesthi Ingsun ajurna nganti lebur; mangka ko bakal gumun kapitenggengen.
اِنَّا لَمُغْرَمُوْنَۙ٦٦
Innā lamugramūn(a).
[66]
(karo ngucap), “Temen, inyong kabéh temen-temen nandhang kapitunan,
بَلْ نَحْنُ مَحْرُوْمُوْنَ٦٧
Bal naḥnu maḥrūmūn(a).
[67]
malah inyong padha ora olih kasil apa-apa.”
اَفَرَءَيْتُمُ الْمَاۤءَ الَّذِيْ تَشْرَبُوْنَۗ٦٨
Afa ra'aitumul-mā'al-lażī tasyrabūn(a).
[68]
Apa ko padha nggatekéna banyu sing ko inum?
ءَاَنْتُمْ اَنْزَلْتُمُوْهُ مِنَ الْمُزْنِ اَمْ نَحْنُ الْمُنْزِلُوْنَ٦٩
A'antum anzaltumūhu minal-muzni am naḥnul-munzilūn(a).
[69]
Apa ko sing padha nurunaken sekang lamuk utawa Ingsun sing nurunaken?
لَوْ نَشَاۤءُ جَعَلْنٰهُ اُجَاجًا فَلَوْلَا تَشْكُرُوْنَ٧٠
Lau nasyā'u ja‘alnāhu ujājan falau lā tasykurūn(a).
[70]
Sekirané Ingsun ngersakna, mesthi Ingsun dadékna asin, kenangapa ko ora padha kesuwun (sukur)?
اَفَرَءَيْتُمُ النَّارَ الَّتِيْ تُوْرُوْنَۗ٧١
Afa ra'aitumun-nāral-latī tūrūn(a).
[71]
Mangka apa ko ora padha nglakon nggatekena geni sing ko urubna (karo suluh)?
ءَاَنْتُمْ اَنْشَأْتُمْ شَجَرَتَهَآ اَمْ نَحْنُ الْمُنْشِـُٔوْنَ٧٢
A'antum ansya'tum syajaratahā am naḥnul-munsyi'ūn(a).
[72]
Apa ko sing padha nukulna suluh (kayu) kuwé apa Ingsun sing nukulna?
نَحْنُ جَعَلْنٰهَا تَذْكِرَةً وَّمَتَاعًا لِّلْمُقْوِيْنَۚ٧٣
Naḥnu ja‘alnāhā tażkirataw wa matā‘al lil-muqwīn(a).
[73]
Ingsun ndadékna (geni kuwé) nggo pengéling-éling lan barang sing migunani nggo musafir.
فَسَبِّحْ بِاسْمِ رَبِّكَ الْعَظِيْمِ ࣖ٧٤
Fa sabbiḥ bismi rabbikal-‘aẓīm(i).
[74]
Mangka padha maha-nyucekna (maca tasbéh) kanthi (nyebut) asmané Pengéranmu Sing Mahaagung.
۞ فَلَآ اُقْسِمُ بِمَوٰقِعِ النُّجُوْمِ٧٥
Falā uqsimu bimawāqi‘in-nujūm(i).
[75]
Banjur Ingsun sumpah kanthi nggon mideré lintang-lintang.
وَاِنَّهٗ لَقَسَمٌ لَّوْ تَعْلَمُوْنَ عَظِيْمٌۙ٧٦
Wa innahū laqasamul lau ta‘lamūna ‘aẓīm(un).
[76]
Lan setemené kuwé nyata-nyata sumpah sing gedhé, sekirané ko padha ngaweruhi.
اِنَّهٗ لَقُرْاٰنٌ كَرِيْمٌۙ٧٧
Innahū laqur'ānun karīm(un).
[77]
Lan (kiyé) setemené Al-Qur’an sing banget mulyané.
فِيْ كِتٰبٍ مَّكْنُوْنٍۙ٧٨
Fī kitābim maknūn(in).
[78]
Neng sejeroné Kitab sing kereksa (Lauh Mahfuz),
لَّا يَمَسُّهٗٓ اِلَّا الْمُطَهَّرُوْنَۗ٧٩
Lā yamassuhū illal-muṭahharūn(a).
[79]
Ora nana sing nyénggol seliyané kewula-kewula sing desucékna.
تَنْزِيْلٌ مِّنْ رَّبِّ الْعٰلَمِيْنَ٨٠
Tanzīlum mir rabbil-‘ālamīn(a).
[80]
Déturunaken sekang Pengérané sekabéh ngalam.
اَفَبِهٰذَا الْحَدِيْثِ اَنْتُمْ مُّدْهِنُوْنَۙ٨١
Afa biḥāżal-ḥadīṡi antum mudhinūn(a).
[81]
Apa ko padha nganggep remeh pewerta kiyé (Al-Qur’an)?
وَتَجْعَلُوْنَ رِزْقَكُمْ اَنَّكُمْ تُكَذِّبُوْنَ٨٢
Wa taj‘alūna rizqakum annakum tukażżibūn(a).
[82]
lan ko padha ndadékna rejeki sing ko tampa (sekang Gusti Allah) malah nggo nggorohna (Penjenengané)?
فَلَوْلَآ اِذَا بَلَغَتِ الْحُلْقُوْمَۙ٨٣
Falau lā iżā balagatil-ḥulqūm(a).
[83]
Mangka angger kaya kuwé kenangapa (ora nyegah) rikala (nyawa) wis butul maring gulu,
وَاَنْتُمْ حِيْنَىِٕذٍ تَنْظُرُوْنَۙ٨٤
Wa antum ḥīna'iżin tanẓurūn(a).
[84]
lan ko rikala kuwé padha weruh.
وَنَحْنُ اَقْرَبُ اِلَيْهِ مِنْكُمْ وَلٰكِنْ لَّا تُبْصِرُوْنَ٨٥
Wa naḥnu aqrabu ilaihi minkum wa lākil lā tubṣirūn(a).
[85]
lan Ingsun lewih pérek maring dhéwéké ketimbang maring ko kabéh, ning ko padha ora weruh,
فَلَوْلَآ اِنْ كُنْتُمْ غَيْرَ مَدِيْنِيْنَۙ٨٦
Falau lā in kuntum gaira madīnīn(a).
[86]
mangka kenangapa angger ko pancén ora padha dekewasani (déning Gusti Allah),
تَرْجِعُوْنَهَآ اِنْ كُنْتُمْ صٰدِقِيْنَ٨٧
Tarji‘ūnahā in kuntum ṣādiqīn(a).
[87]
ko ora padha mbalékna (nyawa kuwé) angger ko wong sing padha bener?
فَاَمَّآ اِنْ كَانَ مِنَ الْمُقَرَّبِيْنَۙ٨٨
Fa ammā in kāna minal-muqarrabīn(a).
[88]
Angger dhéwéké (wong sing mati) kuwé kelebu sing depérekena (maring Gusti Allah),
فَرَوْحٌ وَّرَيْحَانٌ ەۙ وَّجَنَّتُ نَعِيْمٍ٨٩
Fa rauḥuw wa raiḥān(un), wa jannatu na‘īm(in).
[89]
mangka dhéwéké nampa ketentreman lan rejeki lan suwarga (sing lubér) kenékmatan.
وَاَمَّآ اِنْ كَانَ مِنْ اَصْحٰبِ الْيَمِيْنِۙ٩٠
Wa ammā in kāna min aṣḥābil-yamīn(i).
[90]
Lan anadéné angger dhéwéké kelebu golongan tengen,
فَسَلٰمٌ لَّكَ مِنْ اَصْحٰبِ الْيَمِيْنِۗ٩١
Fa salāmul laka min aṣḥābil-yamīn(i).
[91]
mangka, “Salam (rahayu) tumrap ko kabéh (he), golongan tengen!” (pengayu-begyané malaékat).
وَاَمَّآ اِنْ كَانَ مِنَ الْمُكَذِّبِيْنَ الضَّاۤلِّيْنَۙ٩٢
Wa ammā in kāna minal-mukażżibīnaḍ-ḍāllīn(a).
[92]
Lan anadéné angger dhéwéké kelebu golongan wong-wong sing padha apus-apus lan kesasar,
فَنُزُلٌ مِّنْ حَمِيْمٍۙ٩٣
Fa nuzulum min ḥamīm(in).
[93]
mangka dhéwéké depethuk (kanthi) siraman banyu sing umeb,
وَّتَصْلِيَةُ جَحِيْمٍ٩٤
Wa taṣliyatu jaḥīm(in).
[94]
lan debakar neng njero neraka.
اِنَّ هٰذَا لَهُوَ حَقُّ الْيَقِيْنِۚ٩٥
Inna hāżā lahuwal-ḥaqqul-yaqīn(i).
[95]
Temen, kiyé peprecaya sing bener.
فَسَبِّحْ بِاسْمِ رَبِّكَ الْعَظِيْمِ ࣖ٩٦
Fa sabbiḥ bismi rabbikal-‘aẓīm(i).
[96]
Mangka padha maha-nyucekna (maca tasbéh) kanthi (nyebut) asmané Pengéranmu Sing Mahaagung.