Surah Al-Qamar

Daftar Surah
0:00
0:00

بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
اِقْتَرَبَتِ السَّاعَةُ وَانْشَقَّ الْقَمَرُ١
Iqtarabatis-sā‘atu wansyaqqal-qamar(u).
[1] Wektuné (dina Kiyamat) sengsaya pérek, wulané kesigar.

وَاِنْ يَّرَوْا اٰيَةً يُّعْرِضُوْا وَيَقُوْلُوْا سِحْرٌ مُّسْتَمِرٌّ٢
Wa iy yarau āyatay yu‘riḍū wa yaqūlū siḥrum mustamirr(un).
[2] Lan angger dhéwéké (wong-wong musrik) weruh sewijiné tandha (mukjijat), dhéwéké padha mléngos lan ngucap, “(Kiyé) sihir sing terus-terusan.”

وَكَذَّبُوْا وَاتَّبَعُوْٓا اَهْوَاۤءَهُمْ وَكُلُّ اَمْرٍ مُّسْتَقِرٌّ٣
Wa każżabū wattaba‘ū ahwā'ahum wa kullu amrim mustaqirr(un).
[3] Lan dhéwéké padha nggorohna (Muhammad) lan nuruti kepénginané, mangkané saben-saben urusan wis ana ketetepané.

وَلَقَدْ جَاۤءَهُمْ مِّنَ الْاَنْۢبَاۤءِ مَا فِيْهِ مُزْدَجَرٌۙ٤
Wa laqad jā'ahum minal-ambā'i mā fīhi muzdajar(un).
[4] Lan temen, wis butul maring wong-wong kuwé pirang-pirang crita sing neng njeroné ana ancaman (ingatasé laku kapir),

حِكْمَةٌ ۢ بَالِغَةٌ فَمَا تُغْنِ النُّذُرُۙ٥
Ḥikmatum bāligatun famā tugnin-nużur(u).
[5] (kuwé) sewijiné hikmah sing sempurna, ning (pirang-pirang) pengéling-éling kuwé ora nana gunané (tumrap dhéwéké kabéh),

فَتَوَلَّ عَنْهُمْ ۘ يَوْمَ يَدْعُ الدَّاعِ اِلٰى شَيْءٍ نُّكُرٍۙ٦
Fa tawalla ‘anhum, yauma yad‘ud-dā‘i ilā syai'in nukur(in).
[6] mangka mléngosa sliramu (Muhammad) sekang wong-wong kuwé neng dina (rikala) juru undang (malaékat) ajék (dhéwéké kabéh) maring sewenéh sing ora nyenengna (dina piwales),

خُشَّعًا اَبْصَارُهُمْ يَخْرُجُوْنَ مِنَ الْاَجْدَاثِ كَاَنَّهُمْ جَرَادٌ مُّنْتَشِرٌۙ٧
Khusysya‘an abṣāruhum yakhrujūna minal-ajdāṡi ka'annahum jarādum muntasyir(un).
[7] Penyawangé wong-wong kuwé ndingkluk, rikala dhéwéké padha metu sekang kuburan, kaya-kaya dhéwéké kuwé walang sing padha ambring,

مُّهْطِعِيْنَ اِلَى الدَّاعِۗ يَقُوْلُ الْكٰفِرُوْنَ هٰذَا يَوْمٌ عَسِرٌ٨
Muhṭi‘īna ilad-dā‘(i), yaqūlul-kāfirūna hāżā yaumun ‘asir(un).
[8] kanthi miturut wong-wong kuwé padha gagiyan teka maring sing ngundang kuwé. Wong-wong kapir padha ngucap: “Kiyé dina sing ngrekasa.”

۞ كَذَّبَتْ قَبْلَهُمْ قَوْمُ نُوْحٍ فَكَذَّبُوْا عَبْدَنَا وَقَالُوْا مَجْنُوْنٌ وَّازْدُجِرَ٩
Każżabat qablahum qaumu nūḥin fakażżabū ‘abdanā wa qālū majnūnuw wazdujir(a).
[9] Seurungé wong-wong kuwé, kaumé Nuh uga wis nggorohna (Rasul), mangka dhéwéké kabéh nggorohna kewulané Ingsun (Nuh) lan padha ngucap, “Dhéwéké wong ora waras!” banjur (Nuh) déurak kanthi ancaman.

فَدَعَا رَبَّهٗٓ اَنِّيْ مَغْلُوْبٌ فَانْتَصِرْ١٠
Fa da‘ā rabbahū annī maglūbun fantaṣir.
[10] Mangka dhéwéké (Nuh) wadul maring Pengérané, “Sejatosipun kula empun dipun asoraken, mangka mugi tulungi (kula).”

فَفَتَحْنَآ اَبْوَابَ السَّمَاۤءِ بِمَاۤءٍ مُّنْهَمِرٍۖ١١
Fa fataḥnā abwābas-samā'i bimā'im munhamir(in).
[11] Banjur Ingsun bukakna lawang-lawang langit kanthi (nurunaken) banyu sing gemrujug.

وَّفَجَّرْنَا الْاَرْضَ عُيُوْنًا فَالْتَقَى الْمَاۤءُ عَلٰٓى اَمْرٍ قَدْ قُدِرَ ۚ١٢
Wa fajjarnal-arḍa ‘uyūnan faltaqal-mā'u ‘alā amrin qad qudir(a).
[12] lan Ingsun dadékna bumi nyemburna bludagan-bludagan banyu, mangka padha ketemu (banyu-banyu) kuwé, saéngga (mbludag ndadékna) kahanan (blabur) sing wis détetepna.

وَحَمَلْنٰهُ عَلٰى ذَاتِ اَلْوَاحٍ وَّدُسُرٍۙ١٣
Wa ḥamalnāhu ‘alā żāti alwāḥiw wa dusur(in).
[13] Lan Ingsun angkut dhéwéké (Nuh) maring ndhuwur (prahu) sing dégawé sekang blabag lan panték,

تَجْرِيْ بِاَعْيُنِنَاۚ جَزَاۤءً لِّمَنْ كَانَ كُفِرَ١٤
Tajrī bi'a‘yuninā, jazā'al liman kāna kufir(a).
[14] sing mlaku nglayar kanthi pengreksan (pengawat-awatané) Ingsun minangka dadi piwales nggo wong sing wis deingkari (déning kaumé).

وَلَقَدْ تَّرَكْنٰهَآ اٰيَةً فَهَلْ مِنْ مُّدَّكِرٍ١٥
Wa laqat taraknāhā āyatan fahal mim muddakir(in).
[15] Lan temen, prahu kuwé wis Ingsun dadékna minangka tandha (piwulang), mangka apa ana wong sing gelem ngalap piwulang?

فَكَيْفَ كَانَ عَذَابِيْ وَنُذُرِ١٦
Fa kaifa kāna ‘ażābī wa nużur(i).
[16] Mangka banget nggilaniné sikasané Ingsun lan pengéling-élingé Ingsun!

وَلَقَدْ يَسَّرْنَا الْقُرْاٰنَ لِلذِّكْرِ فَهَلْ مِنْ مُّدَّكِرٍ١٧
Wa laqad yassarnal-qur'āna liż-żikri fahal mim muddakir(in).
[17] Lan temen, wis Ingsun gampangna Al-Qur’an nggo pengéling-éling, mangka apa ana wong sing gelem ngalap piwulang?

كَذَّبَتْ عَادٌ فَكَيْفَ كَانَ عَذَابِيْ وَنُذُرِ١٨
Każżabat ‘ādun fa kaifa kāna ‘ażābī wa nużur(i).
[18] Kaum ‘Ad uga wis nggorohna. Mangka banget nggilaniné siksané Ingsun lan pengéling-élingé Ingsun!

اِنَّآ اَرْسَلْنَا عَلَيْهِمْ رِيْحًا صَرْصَرًا فِيْ يَوْمِ نَحْسٍ مُّسْتَمِرٍّۙ١٩
Innā arsalnā ‘alaihim rīḥan ṣarṣaran fī yaumi naḥsim mustamirr(in).
[19] Setemené Ingsun wis nyebulna angin sing banget gedhené maring dhéwéké kabéh neng dina apes sing terus-terusan.

تَنْزِعُ النَّاسَۙ كَاَنَّهُمْ اَعْجَازُ نَخْلٍ مُّنْقَعِرٍ٢٠
Tanzi‘un-nās(a), ka'annahum a‘jāzu nakhlim munqa‘ir(in).
[20] Sing gawé menungsa padha pating glimpang, wong-wong kuwé paribasané wit-wit korma sing dhungkar karo oyod-oyodé.

فَكَيْفَ كَانَ عَذَابِيْ وَنُذُرِ٢١
Fa kaifa kāna ‘ażābī wa nużur(i).
[21] Mangka banget nggilaniné siksané Ingsun lan pengéling-élingé Ingsun!

وَلَقَدْ يَسَّرْنَا الْقُرْاٰنَ لِلذِّكْرِ فَهَلْ مِنْ مُّدَّكِرٍ ࣖ٢٢
Wa laqad yassarnal-qur'āna liż-żikri fahal mim muddakir(in).
[22] Lan temen, wis Ingsun gampangna Al-Qur’an nggo pengéling-éling, mangka apa ana wong sing gelem ngalap piwulang?

كَذَّبَتْ ثَمُوْدُ بِالنُّذُرِ٢٣
Każżabat ṡamūdu bin-nużur(i).
[23] Kaumé Samud uga wis nggorohna pengéling-éling kuwé.

فَقَالُوْٓا اَبَشَرًا مِّنَّا وَاحِدًا نَّتَّبِعُهٗٓ ۙاِنَّآ اِذًا لَّفِيْ ضَلٰلٍ وَّسُعُرٍ٢٤
Fa qālū abasyaram minnā wāḥidan nattabi‘uh(ū), innā iżal lafī ḍalāliw wa su‘ur(in).
[24] Mangka wong-wong kuwé padha ngucap, “Kepriwé inyong padha arep nuruti sewijiné wong (biasa) neng antarané inyong kabéh? Temen, angger kaya kuwé inyong kabéh wis padha kesasar tur ora waras.

ءَاُلْقِيَ الذِّكْرُ عَلَيْهِ مِنْۢ بَيْنِنَا بَلْ هُوَ كَذَّابٌ اَشِرٌ٢٥
A'ulqiyaż-żikru ‘alaihi mim baininā bal huwa każżābun asyir(un).
[25] Apa wahyu kuwé déturunaken maring dhéwéké neng antarané inyong kabéh? Mesthi dhéwéké (Saléh) sewijiné wong sing banget olihé apus-apus (lan) gemedhé.”

سَيَعْلَمُوْنَ غَدًا مَّنِ الْكَذَّابُ الْاَشِرُ٢٦
Saya‘lamūna gadam manil-każżābul-asyir(u).
[26] Mbésuk wong-wong kuwé bakal padha ngaweruhi sapa sing sebeneré banget olihé apus-apus (lan) gemedhé kuwé.

اِنَّا مُرْسِلُوا النَّاقَةِ فِتْنَةً لَّهُمْ فَارْتَقِبْهُمْ وَاصْطَبِرْۖ٢٧
Innā mursilun-nāqati fitnatal lahum fartaqibhum waṣṭabir.
[27] Setemené Ingsun bakal ngirim onta wadon minangka dadi coban tumrap wong-wong kuwé, mangka éntenana dhéwéké kabéh lan sing sabara (sliramu, Saléh).

وَنَبِّئْهُمْ اَنَّ الْمَاۤءَ قِسْمَةٌ ۢ بَيْنَهُمْۚ كُلُّ شِرْبٍ مُّحْتَضَرٌ٢٨
Wa nabbi'hum annal-mā'a qismatum bainahum, kullu syirbim muḥtaḍar(un).
[28] Lan wéhna ngerti maring wong-wong kuwé, lamon banyu kuwé debagi neng antarané dhéwéké kabéh (karo onta wadon kuwé); saben wong duwé bagéan (hak) nampa giliran nginum.

فَنَادَوْا صَاحِبَهُمْ فَتَعَاطٰى فَعَقَرَ٢٩
Fa nādau ṣāḥibahum fa ta‘āṭā fa ‘aqar(a).
[29] Mangka wong-wong kuwé padha nyeluk batiré, banjur dhéwéké ndikep lan nyembeléh (onta kuwé).

فَكَيْفَ كَانَ عَذَابِيْ وَنُذُرِ٣٠
Fakaifa kāna ‘ażābī wa nużur(i).
[30] Mangka banget nggilaniné siksané Ingsun lan pengéling-élingé Ingsun!

اِنَّآ اَرْسَلْنَا عَلَيْهِمْ صَيْحَةً وَّاحِدَةً فَكَانُوْا كَهَشِيْمِ الْمُحْتَظِرِ٣١
Innā arsalnā ‘alaihim ṣaiḥataw wāḥidatan fa kānū kahasyīmil-muḥtaẓir(i).
[31] Ingsun ngirimna ingatasé wong-wong kuwé sewenéh sewara sing rosa gemleger, mangka dadia wong-wong kuwé kaya pampung garing sing kropos.

وَلَقَدْ يَسَّرْنَا الْقُرْاٰنَ لِلذِّكْرِ فَهَلْ مِنْ مُّدَّكِرٍ٣٢
Wa laqad yassarnal-qur'āna liż-żikri fahal mim muddakir(in).
[32] Lan temen, wis Ingsun gampangna Al-Qur’an nggo pengéling-éling, mangka apa ana wong sing gelem ngalap piwulang?

كَذَّبَتْ قَوْمُ لُوْطٍ ۢبِالنُّذُرِ٣٣
Każżabat qaumu lūṭim bin-nużur(i).
[33] Kaumé Lut uga wis nggorohna pengéling-éling kuwé.

اِنَّآ اَرْسَلْنَا عَلَيْهِمْ حَاصِبًا اِلَّآ اٰلَ لُوْطٍ ۗنَجَّيْنٰهُمْ بِسَحَرٍۙ٣٤
Innā arsalnā ‘alaihim ḥāṣiban illā āla lūṭ(in), najjaināhum bisaḥar(in).
[34] Setemené Ingsun kirimna maring wong-wong kuwé grubugan sing nggawa watu-watu (sing ngrutugi dhéwéké kabéh), kejaba kulawargané Lut. Ingsun slametna dhéwéké kabéh seurungé bang wétan (pajar) mlethék,

نِّعْمَةً مِّنْ عِنْدِنَاۗ كَذٰلِكَ نَجْزِيْ مَنْ شَكَرَ٣٥
Ni‘matam min ‘indinā, każālika najzī man syakar(a).
[35] minangka nékmat sekang Ingsun. Mengkana kuwé Ingsun paring piwales maring wong-wong sing padha kesuwun (sukur).

وَلَقَدْ اَنْذَرَهُمْ بَطْشَتَنَا فَتَمَارَوْا بِالنُّذُرِ٣٦
Wa laqad anżarahum baṭsyatanā fa tamārau bin-nużur(i).
[36] Lan temen, dhéwéké (Lut) wis ngélingna wong-wong kuwé ingatasé ukumané Ingsun, ning dhéwéké padha nggorohna pengéling-élingé Ingsun.

وَلَقَدْ رَاوَدُوْهُ عَنْ ضَيْفِهٖ فَطَمَسْنَآ اَعْيُنَهُمْ فَذُوْقُوْا عَذَابِيْ وَنُذُرِ٣٧
Wa laqad rāwadūhu ‘an ḍaifihī fa ṭamasnā a‘yunahum fa żūqū ‘ażābī wa nużur(i).
[37] Lan temen, wong-wong kuwé (kaumé Lut) wis ngarih-arih dhéwéké (supayané masrahna) tamuné (maring wong-wong kuwé), banjur Ingsun gawé picek matané wong-wong kuwé, mangka rasakna siksané Ingsun lan pengéling-élingé Ingsun!

وَلَقَدْ صَبَّحَهُمْ بُكْرَةً عَذَابٌ مُّسْتَقِرٌّۚ٣٨
Wa laqad ṣabbaḥahum bukratan ‘ażābum mustaqirr(un).
[38] Lan temen, neng dina ngésuké wong-wong kuwé nyata-nyata détibani siksa sing tetep,

فَذُوْقُوْا عَذَابِيْ وَنُذُرِ٣٩
Fa żūqū ‘ażābī wa nużur(i).
[39] Mangka rasakna siksané Ingsun lan pengéling-élingé Ingsun!

وَلَقَدْ يَسَّرْنَا الْقُرْاٰنَ لِلذِّكْرِ فَهَلْ مِنْ مُّدَّكِرٍ ࣖ٤٠
Wa laqad yassarnal-qur'āna liż-żikri fahal mim muddakir(in).
[40] Lan temen, wis Ingsun gampangna Al-Qur’an nggo pengéling-éling, mangka apa ana wong sing gelem ngalap piwulang?

وَلَقَدْ جَاۤءَ اٰلَ فِرْعَوْنَ النُّذُرُۚ٤١
Wa laqad jā'a āla fir‘aunan-nużur(u).
[41] Lan temen, pengéling-éling wis butul maring kulawargané Fir’aun.

كَذَّبُوْا بِاٰيٰتِنَا كُلِّهَا فَاَخَذْنٰهُمْ اَخْذَ عَزِيْزٍ مُّقْتَدِرٍ٤٢
Każżabū bi'āyātinā kullihā fa'akhażnāhum akhża ‘azīzim muqtadir(in).
[42] Wong-wong kuwé padha nggorohna kabéh mukjijat-mukjiaté Ingsun, mangka Ingsun siksa dhéwéké kanthi siksa sekang Sing Mahadigdaya, Mahakewasa.

اَكُفَّارُكُمْ خَيْرٌ مِّنْ اُولٰۤىِٕكُمْ اَمْ لَكُمْ بَرَاۤءَةٌ فِى الزُّبُرِۚ٤٣
Akuffārukum khairum min ulā'ikum am lakum barā'atun fiz-zubur(i).
[43] Apa wong-wong sing padha mbangkang (kapir) neng sekubengmu (kaum musrik) lewih apik tenimbang wong-wong kuwé, utawa apa ko padha wis olih penanggungan luwar (sekang siksa) sekang kitab-kitab gemiyén?

اَمْ يَقُوْلُوْنَ نَحْنُ جَمِيْعٌ مُّنْتَصِرٌ٤٤
Am yaqūlūna naḥnu jamī‘um muntaṣir(un).
[44] Utawa wong-wong kuwé padha mertélakna, “Inyong kabéh kiyé golongan sing nyewiji sing mesthi menangé.”

سَيُهْزَمُ الْجَمْعُ وَيُوَلُّوْنَ الدُّبُرَ٤٥
Sayuhzamul-jam‘u wa yuwallūnad-dubur(a).
[45] Golongan kuwé mesthi bakal dékalahna lan wong-wong kuwé bakal mundur maring mburi.

بَلِ السَّاعَةُ مَوْعِدُهُمْ وَالسَّاعَةُ اَدْهٰى وَاَمَرُّ٤٦
Balis-sā‘atu mau‘iduhum was-sā‘atu adhā wa amarr(u).
[46] Malah dina Kiyamat kuwé dina sing déjanjékna maring dhéwéké kabéh lan dina Kiyamat kuwé lewih nggilani lan lewih pait.

اِنَّ الْمُجْرِمِيْنَ فِيْ ضَلٰلٍ وَّسُعُرٍۘ٤٧
Innal-mujrimīna fī ḍalāliw wa su‘ur(in).
[47] Temen, wong-wong sing dosa padha ana neng kesasar (neng dunya) lan bakal manggon neng neraka (neng akhérat).

يَوْمَ يُسْحَبُوْنَ فِى النَّارِ عَلٰى وُجُوْهِهِمْۗ ذُوْقُوْا مَسَّ سَقَرَ٤٨
Yauma yusḥabūna fin-nāri ‘alā wujūhihim, żūqū massa saqar(a).
[48] Neng dinané wong-wong kuwé padha degéréd maring neraka neng iring rainé. (déucapna maring dhéwéké kabéh), “Rasakna sénggolané geni neraka.”

اِنَّا كُلَّ شَيْءٍ خَلَقْنٰهُ بِقَدَرٍ٤٩
Innā kulla syai'in khalaqnāhu biqadar(in).
[49] Temen, Ingsun nyiptakna samubarang kabéh miturut takeran.

وَمَآ اَمْرُنَآ اِلَّا وَاحِدَةٌ كَلَمْحٍ ۢبِالْبَصَرِ٥٠
Wa mā amrunā illā wāḥidatun kalamḥim bil-baṣar(i).
[50] Lan préntahé Ingsun mung (kanthi) pengucap siji kayadéné kedhépan mata.

وَلَقَدْ اَهْلَكْنَآ اَشْيَاعَكُمْ فَهَلْ مِنْ مُّدَّكِرٍ٥١
Wa laqad ahlaknā asy-yā‘akum fahal mim muddakir(in).
[51] Lan temen, wis Ingsun tumpes wong sing padha karo ko kabéh (kapiré). Mula apa ana wong sing gelem ngalap piwulang?

وَكُلُّ شَيْءٍ فَعَلُوْهُ فِى الزُّبُرِ٥٢
Wa kullu syai'in fa‘alūhu fiz-zubur(i).
[52] Lan samubarang kabéh sing wis dhéwéké padha pergawé kecathet neng buku-buku cathetan.

وَكُلُّ صَغِيْرٍ وَّكَبِيْرٍ مُّسْتَطَرٌ٥٣
Wa kullu ṣagīriw wa kabīrim mustaṭar(un).
[53] Lan sekabéh (sewiji-wiji) sing cilik utawa sing gedhé (kabéh) kecathet.

اِنَّ الْمُتَّقِيْنَ فِيْ جَنّٰتٍ وَّنَهَرٍۙ٥٤
Innal-muttaqīna fī jannātiw wa nahar(in).
[54] Temen, wong-wong sing padha semarah (takwa) ana neng taman-taman lan bengawan-bengawan,

فِيْ مَقْعَدِ صِدْقٍ عِنْدَ مَلِيْكٍ مُّقْتَدِرٍ ࣖ٥٥
Fī maq‘adi ṣidqin ‘inda malīkim muqtadir(in).
[55] neng papan sing désenengi neng sisihé Pengéran Sing Mahakewasa.