Surah At-Tur

Daftar Surah
0:00
0:00

بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
وَالطُّوْرِۙ١
Waṭ-ṭūr(i).
[1] Sekawit (sekawit) gunung (Sinai),

وَكِتٰبٍ مَّسْطُوْرٍۙ٢
Wa kitābim masṭūr(in).
[2] lan sekawit Kitab sing detulis,

فِيْ رَقٍّ مَّنْشُوْرٍۙ٣
Fī raqqim mansyūr(in).
[3] neng lembaran sing kebukak,

وَّالْبَيْتِ الْمَعْمُوْرِۙ٤
Wal-baitil-ma‘mūr(i).
[4] sekawit Baitulma’mur (Ka’bah), 814
814) Riwayat Bukhari, Muslim lan Tapsir Ibnu Kasir, “Umah neng langit kepitu sing tansah deramékena déning 70.000 malaékat sing padha maca tasbih”.

وَالسَّقْفِ الْمَرْفُوْعِۙ٥
Was-saqfil-marfū‘(i).
[5] sekawit payon sing dedhuwurna (langit),

وَالْبَحْرِ الْمَسْجُوْرِۙ٦
Wal-baḥril-masjūr(i).
[6] sekawit segara sing kebek ombak.

اِنَّ عَذَابَ رَبِّكَ لَوَاقِعٌۙ٧
Inna ‘ażāba rabbika lawāqi‘(un).
[7] temen, siksané Pengéranmu mesthi kelakoné,

مَّا لَهٗ مِنْ دَافِعٍۙ٨
Mā lahū min dāfi‘(in).
[8] ora nana sewiji apa sing bisa nolak kuwé,

يَّوْمَ تَمُوْرُ السَّمَاۤءُ مَوْرًاۙ٩
Yauma tamūrus-samā'u maurā(n).
[9] neng dina (rikala) langit obyag sekuwat-kuwaté,

وَّتَسِيْرُ الْجِبَالُ سَيْرًاۗ١٠
Wa tasīrul-jibālu sairā(n).
[10] lan gunung padha mlaku (boyong-boyong).

فَوَيْلٌ يَّوْمَىِٕذٍ لِّلْمُكَذِّبِيْنَۙ١١
Fawailuy yauma'iżil lil-mukażżibīn(a).
[11] Mangka temen cilaka neng dina kuwé, tumrap wong-wong sing padha ora nggugu (nggorohna).

الَّذِيْنَ هُمْ فِيْ خَوْضٍ يَّلْعَبُوْنَۘ١٢
Allażīna hum fī khauḍiy yal‘abūn(a).
[12] Wong-wong sing padha dolanan neng keluputan (penggawé dosa),

يَوْمَ يُدَعُّوْنَ اِلٰى نَارِ جَهَنَّمَ دَعًّاۗ١٣
Yauma yuda‘‘ūna ilā nāri jahannama da‘‘ā(n).
[13] neng dina (rikala) kuwé wong-wong padha desurung maring neraka Jahanam sekuwat-kuwaté,

هٰذِهِ النَّارُ الَّتِيْ كُنْتُمْ بِهَا تُكَذِّبُوْنَ١٤
Hāżihin-nārul-latī kuntum bihā tukażżibūn(a).
[14] (déucapna maring wong-wong kuwé), “Kiyé neraka sing gemiyén ko padha ora nggugu (nggorohna).

اَفَسِحْرٌ هٰذَآ اَمْ اَنْتُمْ لَا تُبْصِرُوْنَ١٥
Afasiḥrun hāżā am antum lā tubṣirūn(a).
[15] Mangka apa kiyé sihir? Utawa apa ko ora ndeleng?

اِصْلَوْهَا فَاصْبِرُوْٓا اَوْ لَا تَصْبِرُوْاۚ سَوَاۤءٌ عَلَيْكُمْۗ اِنَّمَا تُجْزَوْنَ مَا كُنْتُمْ تَعْمَلُوْنَ١٦
Iṣlauhā faṣbirū au lā taṣbirū, sawā'un ‘alaikum, innamā tujzauna mā kuntum ta‘malūn(a).
[16] Mlebua maring njeroné (rasakna panasé geni kuwé), arepa ko padha sabar utawa ora padha baé tumrap ko kabéh; setemené ko mung nampa piwales ingatasé apa sing wis ko padha pergawé.

اِنَّ الْمُتَّقِيْنَ فِيْ جَنّٰتٍ وَّنَعِيْمٍۙ١٧
Innal-muttaqīna fī jannātiw wa na‘īm(in).
[17] Setemené wong-wong sing padha semarah (takwa) ana neng sejeroné suwarga lan kenékmatan,

فٰكِهِيْنَ بِمَآ اٰتٰىهُمْ رَبُّهُمْۚ وَوَقٰىهُمْ رَبُّهُمْ عَذَابَ الْجَحِيْمِ١٨
Fākihīna bimā ātāhum rabbuhum, wa waqāhum rabbuhum ‘ażābal-jaḥīm(i).
[18] wong-wong kuwé padha seneng-seneng kanthi apa sing déparingna déning Pengéran maring dhéwéké; lan Pengéran ngreksa wong-wong kuwé sekang siksa neraka.

كُلُوْا وَاشْرَبُوْا هَنِيْۤـًٔا ۢبِمَا كُنْتُمْ تَعْمَلُوْنَۙ١٩
Kulū wasyrabū hanī'am bimā kuntum ta‘malūn(a).
[19] (Déucapna maring wong-wong kuwé), “Padha mangan lan nginuma kanthi rasa nékmat minangka dadi piwales ingatasé apa sing ko kabéh padha pergawé.”

مُتَّكِـِٕيْنَ عَلٰى سُرُرٍ مَّصْفُوْفَةٍۚ وَزَوَّجْنٰهُمْ بِحُوْرٍ عِيْنٍ٢٠
Muttaki'īna ‘alā sururim maṣfūfah(tin), wa zawwajnāhum biḥūrin ‘īn(in).
[20] Wong-wong kuwé padha séndhéhan neng ndhuwur ambén-ambén sing desungsun lan Ingsun paringna maring dhéwéké kabéh jodho widadari sing mripaté bagus.

وَالَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَاتَّبَعَتْهُمْ ذُرِّيَّتُهُمْ بِاِيْمَانٍ اَلْحَقْنَا بِهِمْ ذُرِّيَّتَهُمْ وَمَآ اَلَتْنٰهُمْ مِّنْ عَمَلِهِمْ مِّنْ شَيْءٍۗ كُلُّ امْرِئٍ ۢبِمَا كَسَبَ رَهِيْنٌ٢١
Wal-lażīna āmanū wattaba‘athum żurriyyatuhum bi'īmānin alḥaqnā bihim żurriyyatahum wa mā alatnāhum min ‘amalihim min syai'(in), kullumri'im bimā kasaba rahīn(un).
[21] Lan wong-wong sing padha precaya, bareng karo anak-putuné sing nuruti dhéwéké neng sejeroné precaya, Ingsun temokna wong-wong kuwé karo anak-putuné (neng njero suwarga), lan Ingsun ora nyuda semendhing-mendhinga ganjaran laku (kebagusané) wong-wong kuwé. Saben-saben wong kejiret karo apa sing dhéwéké pergawé.

وَاَمْدَدْنٰهُمْ بِفَاكِهَةٍ وَّلَحْمٍ مِّمَّا يَشْتَهُوْنَ٢٢
Wa amdadnāhum bifākihatiw wa laḥmim mimmā yasytahūn(a).
[22] Lan Ingsun paringna maring wong-wong kuwé tambahan rupané woh-wohan lan daging sekang sekabéhé werna sing dhéwéké padha kepéngini.

يَتَنَازَعُوْنَ فِيْهَا كَأْسًا لَّا لَغْوٌ فِيْهَا وَلَا تَأْثِيْمٌ٢٣
Yatanāza‘ūna fīhā ka'sal lā lagwun fīhā wa lā ta'ṡīm(un).
[23] (Nang sejeroné suwarga kuwé) wong-wong padha ulung-ulungan gelas sing isiné ora (njalari) ucapan sing ora migunani utawa uga penggawéan dosa.

۞ وَيَطُوْفُ عَلَيْهِمْ غِلْمَانٌ لَّهُمْ كَاَنَّهُمْ لُؤْلُؤٌ مَّكْنُوْنٌۚ٢٤
Wa yaṭūfu ‘alaihim gilmānul lahum ka'annahum lu'lu'um maknūn(un).
[24] Lan neng seubengé wong-wong kuwé ana bocah-bocah nom sing mider nggo (ngewulani) dhéwéké kabéh, kaya-kaya wong-wong mau mutiara sing kesimpen

وَاَقْبَلَ بَعْضُهُمْ عَلٰى بَعْضٍ يَّتَسَاۤءَلُوْنَ٢٥
Wa aqbala ba‘ḍuhum ‘alā ba‘ḍiy yatasā'alūn(a).
[25] Lan sebagéané wong-wong kuwé padha adhep-adhepan siji lan sijiné padha takon-takonan.

قَالُوْٓا اِنَّا كُنَّا قَبْلُ فِيْٓ اَهْلِنَا مُشْفِقِيْنَ٢٦
Qālū innā kunnā qablu fī ahlinā musyfiqīn(a).
[26] Wong-wong mau padha ngucap, “Setemené inyong kabéh gemiyén, sewektu neng tengah-tengah kulawargané inyong, padha rumasa wedi (bakal désiksa).

فَمَنَّ اللّٰهُ عَلَيْنَا وَوَقٰىنَا عَذَابَ السَّمُوْمِ٢٧
Fa mannallāhu ‘alainā wa waqānā ‘ażābas-samūm(i).
[27] Mula Gusti Allah paring kanugrahan maring inyong kabéh lan ngreksa inyong kabéh sekang siksa neraka.

اِنَّا كُنَّا مِنْ قَبْلُ نَدْعُوْهُۗ اِنَّهٗ هُوَ الْبَرُّ الرَّحِيْمُ ࣖ٢٨
Innā kunnā min qablu nad‘ūh(u), innahū huwal-barrur-raḥīm(u).
[28] Setemené inyong padha nyembah Penjene-ngané kawit gemiyén. Penjenengané Sing Maha Nglubérna Kebecikan, Mahaasih.”

فَذَكِّرْ فَمَآ اَنْتَ بِنِعْمَتِ رَبِّكَ بِكَاهِنٍ وَّلَا مَجْنُوْنٍۗ٢٩
Fa żakkir famā anta bini‘mati rabbika bikāhiniw wa lā majnūn(in).
[29] Mangka aweha pengeling-éling, merga kanthi nékmaté Pengeramu sliramu (Muhammad) udu tukang tenung lan uga udu wong ora waras.

اَمْ يَقُوْلُوْنَ شَاعِرٌ نَّتَرَبَّصُ بِهٖ رَيْبَ الْمَنُوْنِ٣٠
Am yaqūlūna syā‘irin natarabbaṣu bihī raibal-manūn(i).
[30] Malah wong-wong kuwé ngucap, “Dhéwéké kuwé tukang guritan (singir) sing inyong padha nunggu-nunggu kecilakan nibani dhéwéké.”

قُلْ تَرَبَّصُوْا فَاِنِّيْ مَعَكُمْ مِّنَ الْمُتَرَبِّصِيْنَۗ٣١
Qul tarabbaṣū fa innī ma‘akum minal-mutarabbiṣīn(a).
[31] Dhawuha (Muhammad), “Enténia! Setemené inyong uga klebu wong sing lagi ngenteni bareng karo ko kabéh.”

اَمْ تَأْمُرُهُمْ اَحْلَامُهُمْ بِهٰذَآ اَمْ هُمْ قَوْمٌ طَاغُوْنَۚ٣٢
Am ta'muruhum aḥlāmuhum bihāżā am hum qaumun ṭāgūn(a).
[32] Apa wong-wong mau padha dépréntah déning pikiran-pikirané dhéwéké nggo ngucapna (pendakwa-pendakwa) kiyé utawa dhéwéké kaum sing padha ngliwati wates?

اَمْ يَقُوْلُوْنَ تَقَوَّلَهٗۚ بَلْ لَّا يُؤْمِنُوْنَۚ٣٣
Am yaqūlūna taqawwalah(ū), bal lā yu'minūn(a).
[33] Utawa apa wong-wong mau padha ngucap, “Dhéwéké (Muhammad) ngréka-ngréka kuwé,” Ora! Dhéwéké kabéh sing padha ora precaya.

فَلْيَأْتُوْا بِحَدِيْثٍ مِّثْلِهٖٓ اِنْ كَانُوْا صٰدِقِيْنَۗ٣٤
Falya'tū biḥadīṡim miṡlihī in kānū ṣādiqīn(a).
[34] Mangka jajal dhéwéké padha gawé sing seumpama karo kuwé (Al-Qur’an) angger dhéwéké wong-wong sing padha bener.

اَمْ خُلِقُوْا مِنْ غَيْرِ شَيْءٍ اَمْ هُمُ الْخٰلِقُوْنَۗ٣٥
Am khuliqū min gairi syai'in am humul-khāliqūn(a).
[35] Utawa apa wong-wong kuwé padha kecipta ora nganggo asal-usul, utawa wong-wong kuwé sing padha nyiptakna (awaké dhéwék)?

اَمْ خَلَقُوا السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضَۚ بَلْ لَّا يُوْقِنُوْنَۗ٣٦
Am khalaqus-samāwāti wal-arḍ(a), bal lā yūqinūn(a).
[36] Utawa apa wong-wong kuwé wis padha nyiptakna langit lan bumi? Sebeneré dhéwéké kabéh padha ora yakin (karo apa sing dhéwéké ucapna).

اَمْ عِنْدَهُمْ خَزَاۤىِٕنُ رَبِّكَ اَمْ هُمُ الْمُصَۣيْطِرُوْنَۗ٣٧
Am ‘indahum khazā'inu rabbika am humul-musaiṭirūn(a).
[37] Utawa apa neng sisihé dhéwéké kabéh ana gudhang (khazanah)é Pengéranmu utawa apa wong-wong kuwé sing padha kewasa?

اَمْ لَهُمْ سُلَّمٌ يَّسْتَمِعُوْنَ فِيْهِۚ فَلْيَأْتِ مُسْتَمِعُهُمْ بِسُلْطٰنٍ مُّبِيْنٍۗ٣٨
Am lahum sullamuy yastami‘ūna fīh(i), falya'ti mustami‘uhum bisulṭānim mubīn(in).
[38] Utawa apa wong-wong kuwé padha duwé andha (maring langit) nggo ngrungokna (pre-kara sing gaib)? Mangka preyogané wong sing ngrungokna neng antarané dhéwéké kabéh kuwé teka nggawa keterangan sing nyata.

اَمْ لَهُ الْبَنٰتُ وَلَكُمُ الْبَنُوْنَۗ٣٩
Am lahul-banātu wa lakumul-banūn(a).
[39] Utawa apa (pantes) mungguh Penjenengané anak-anak wadon aridené nggo ko kabéh anak-anak lanang?

اَمْ تَسْـَٔلُهُمْ اَجْرًا فَهُمْ مِّنْ مَّغْرَمٍ مُّثْقَلُوْنَۗ٤٠
Am tas'aluhum ajran fahum mim magramim muṡqalūn(a).
[40] Utawa apa sliramu (Muhammad) njaluk upah maring wong-wong kuwé, saéngga dhéwéké padha deboti karo utang?

اَمْ عِنْدَهُمُ الْغَيْبُ فَهُمْ يَكْتُبُوْنَۗ٤١
Am ‘indahumul-gaibu fahum yaktubūn(a).
[41] Utawa apa (neng sisihé) wong-wong kuwé duwé (kawruh) ngenani (prekara) sing gaib banjur dhéwéké padha nulis kawruh kuwé?

اَمْ يُرِيْدُوْنَ كَيْدًاۗ فَالَّذِيْنَ كَفَرُوْا هُمُ الْمَكِيْدُوْنَۗ٤٢
Am yurīdūna kaidā(n), fal-lażīna kafarū humul-makīdūn(a).
[42] Utawa apa dhéwéké arep padha gawé réka daya? Ning wong-wong sing kapir kuwé, dhéwéké sing malah padha kenang réka daya.

اَمْ لَهُمْ اِلٰهٌ غَيْرُ اللّٰهِ ۗسُبْحٰنَ اللّٰهِ عَمَّا يُشْرِكُوْنَ٤٣
Am lahum ilāhun gairullāh(i), subḥānallāhi ‘ammā yusyrikūn(a).
[43] Utawa apa wong-wong kuwé padha duwé sembahan seliyané Gusti Allah? Mahasuci Gusti Allah sekang apa sing dhéwéké kabéh sekuthokna.

وَاِنْ يَّرَوْا كِسْفًا مِّنَ السَّمَاۤءِ سَاقِطًا يَّقُوْلُوْا سَحَابٌ مَّرْكُوْمٌ٤٤
Wa iy yarau kisfam minas-samā'i sāqiṭay yaqūlū saḥābum markūm(un).
[44] Lan angger wong-wong kuwé weruh lamuk ngundhung-undhung padha tiba sekang langit, dhéwéké kabéh ngucap, “Kaé kuwé lamuk sing numpuk-numpuk.”

فَذَرْهُمْ حَتّٰى يُلٰقُوْا يَوْمَهُمُ الَّذِيْ فِيْهِ يُصْعَقُوْنَۙ٤٥
Fażarhum ḥattā yulāqū yaumahumul-lażī fīhi yuṣ‘aqūn(a).
[45] Mangka jorna wong-wong kuwé nganti dhéwéké padha nemoni dina (sing déjanjékna maring) dhéwéké kabéh, neng dina kuwé wong-wong kuwé détumpes,

يَوْمَ لَا يُغْنِيْ عَنْهُمْ كَيْدُهُمْ شَيْـًٔا وَّلَا هُمْ يُنْصَرُوْنَۗ٤٦
Yauma lā yugnī ‘anhum kaiduhum syai'aw wa lā hum yunṣarūn(a).
[46] (yakuwé) neng dina (rikala) réka dayané dhéwéké ora nana gunané semendhing-mendhinga tumrap wong-wong kuwé lan dhéwéké ora bakal déparingi pitulungan.

وَاِنَّ لِلَّذِيْنَ ظَلَمُوْا عَذَابًا دُوْنَ ذٰلِكَ وَلٰكِنَّ اَكْثَرَهُمْ لَا يَعْلَمُوْنَ٤٧
Wa inna lil-lażīna ẓalamū ‘ażāban dūna żālika wa lākinna akṡarahum lā ya‘lamūn(a).
[47] Lan setemené tumrap wong-wong sing padha aniaya (dolim) ésih ana siksa seliyané kuwé. Ning akéh-akéhé dhéwéké padha ora mengerténi. 815
815) Anané mangsan ketiga, kencoten, malapetaka sing nibani maring dhéwéké, siksa kubur lan liya-liyané.

وَاصْبِرْ لِحُكْمِ رَبِّكَ فَاِنَّكَ بِاَعْيُنِنَا وَسَبِّحْ بِحَمْدِ رَبِّكَ حِيْنَ تَقُوْمُۙ٤٨
Waṣbir liḥukmi rabbika fa innaka bi'a‘yuninā wa sabbiḥ biḥamdi rabbika ḥīna taqūm(u).
[48] Lan sing sabara (Muhammad) ngenténi ketetepan sekang Pengéranmu, merga setemené sliranmu neng sejeroné pengawat-awaté Ingsun, lan maha-nyucekna (maca tasbéh) kanthi mengalembana Pengéranmu rikala sliramu tangi,

وَمِنَ الَّيْلِ فَسَبِّحْهُ وَاِدْبَارَ النُّجُوْمِ ࣖ٤٩
Wa minal-laili fa sabbiḥhu wa idbāran-nujūm(i).
[49] lan neng sebagéan wéngi maha-nyucekna (maca tasbéh) maring Penjenengané lan (uga) rikala surupé lintang-lintang (neng wektu gagat ésuk).