Surah Az-Zariyat
Daftar Surah
0:00
0:00
بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
وَالذّٰرِيٰتِ ذَرْوًاۙ١
Waż-żāriyāti żarwā(n).
[1]
Sekawit (angin) sing ngaburna lebu,
فَالْحٰمِلٰتِ وِقْرًاۙ٢
Fal-ḥāmilāti wiqrā(n).
[2]
lan lamuk sing nggawa (udan),
فَالْجٰرِيٰتِ يُسْرًاۙ٣
Fal-jāriyāti yusrā(n).
[3]
lan (prahu-prahu) sing mlaku nglayar kanthi gampang,
فَالْمُقَسِّمٰتِ اَمْرًاۙ٤
Fal-muqassimāti amrā(n).
[4]
lan (malaékat-malaékat) sing mbagi-mbagi urusan,
اِنَّمَا تُوْعَدُوْنَ لَصَادِقٌۙ٥
Innamā tū‘adūna laṣādiq(un).
[5]
temen, apa sing déjanjékna maring ko kabéh mesthi bener,
وَّاِنَّ الدِّيْنَ لَوَاقِعٌۗ٦
Wa innad-dīna lawāqi‘(un).
[6]
lan temen, (dina) piwalesan mesthi kelakoné.
وَالسَّمَاۤءِ ذَاتِ الْحُبُكِۙ٧
Was-samā'i żātil-ḥubuk(i).
[7]
Sekawit (sekawit) langit sing duwé dalan-dalan, 810
810) Garis ubengé lintang, planét (kayadéné bumi) lan barang-barang langit liyané. Uga ana sing negesi Zaatil Hubuk “duwé penciptanan sing bagus”, “duwé pepaés lintang-lintang”, utawa “duwé bangunan sing kukuh”.
اِنَّكُمْ لَفِيْ قَوْلٍ مُّخْتَلِفٍۙ٨
Innakum lafī qaulim mukhtalif(in).
[8]
temen, ko kabéh nyata-nyata padha neng kahanan beda-beda penemu, 811
811) Béda-bédané penemuné kaum musrik ngenani Kanjeng Nabi Muhammad lan Al-Qur’an.
يُّؤْفَكُ عَنْهُ مَنْ اُفِكَۗ٩
Yu'faku ‘anhu man ufik(a).
[9]
depléngosna sekang kuwé (Al-Qur’an lan Rasul) wong sing keblinger.
قُتِلَ الْخَرَّاصُوْنَۙ١٠
Qutilal-kharrāṣūn(a).
[10]
Kenang laknata wong-wong sing padha akéh apus-apusé,
الَّذِيْنَ هُمْ فِيْ غَمْرَةٍ سَاهُوْنَۙ١١
Allażīna hum fī gamratin sāhūn(a).
[11]
(yakuwé) wong-wong sing padha kesilep déning bebodho lan pengemprah,
يَسْـَٔلُوْنَ اَيَّانَ يَوْمُ الدِّيْنِۗ١٢
Yas'alūna ayyāna yaumud-dīn(i).
[12]
dhéwéké padha takon, “Kapan (tekané) dina piwales kuwé?”
يَوْمَ هُمْ عَلَى النَّارِ يُفْتَنُوْنَ١٣
Yauma hum ‘alan-nāri yuftanūn(a).
[13]
(Dina piwales kuwé) dina (rikala) dhéwéké padha désiksa neng sejeroné geni neraka.
ذُوْقُوْا فِتْنَتَكُمْۗ هٰذَا الَّذِيْ كُنْتُمْ بِهٖ تَسْتَعْجِلُوْنَ١٤
Żūqū fitnatakum, hāżal-lażī kuntum bihī tasta‘jilūn(a).
[14]
(Dédhawuhna maring dhéwéké), “Padha rasakna siksané ko kabéh kiyé. Kiyé siksa sing gemiyén ko kabéh jaluk supaya degagiyanaken.”
اِنَّ الْمُتَّقِيْنَ فِيْ جَنّٰتٍ وَّعُيُوْنٍۙ١٥
Innal-muttaqīna fī jannātiw wa ‘uyūn(in).
[15]
Setemené wong-wong sing semarah (takwa) padha neng taman-taman lan sumber banyu,
اٰخِذِيْنَ مَآ اٰتٰىهُمْ رَبُّهُمْ ۗ اِنَّهُمْ كَانُوْا قَبْلَ ذٰلِكَ مُحْسِنِيْنَۗ١٦
Ākhiżīna mā ātāhum rabbuhum, innahum kānū qabla żālika muḥsinīn(a).
[16]
dhéwéké padha nampani apa sing déparingna déning Pengéran maring dhéwéké. Setemené dhéwéké kabéh seurungé kuwé (neng dunya) dadi wong sing padha temindak becik,
كَانُوْا قَلِيْلًا مِّنَ الَّيْلِ مَا يَهْجَعُوْنَ١٧
Kānū qalīlam minal-laili mā yahja‘ūn(a).
[17]
dhéwéké semendhing pisan olihé padha turu neng wektu wengi;
وَبِالْاَسْحَارِ هُمْ يَسْتَغْفِرُوْنَ١٨
Wa bil-asḥāri hum yastagfirūn(a).
[18]
lan neng pungkasané wengi wong-wong kuwé padha nyuwun pengampura (maring Gusti Allah).
وَفِيْٓ اَمْوَالِهِمْ حَقٌّ لِّلسَّاۤىِٕلِ وَالْمَحْرُوْمِ١٩
Wa fī amwālihim ḥaqqul lis-sā'ili wal-maḥrūm(i).
[19]
Lan neng bandha dunyané dhéwéké ana bagéan (hak) nggo wong miskin sing padha jaluk lan wong miskin sing ora padha jaluk.
وَفِى الْاَرْضِ اٰيٰتٌ لِّلْمُوْقِنِيْنَۙ٢٠
Wa fil-arḍi āyātul lil-mūqinīn(a).
[20]
Lan neng bumi ana tandha-tandha (agungé Gusti Allah) tumrap wong-wong sing padha precaya (yakin),
وَفِيْٓ اَنْفُسِكُمْ ۗ اَفَلَا تُبْصِرُوْنَ٢١
Wa fī anfusikum, afalā tubṣirūn(a).
[21]
lan (uga) neng awakmu dhéwék. Mangka apa ko ora padha nggatékna?
وَفِى السَّمَاۤءِ رِزْقُكُمْ وَمَا تُوْعَدُوْنَ٢٢
Wa fis-samā'i rizqukum wa mā tū‘adūn(a).
[22]
Lan neng langit ana (sebab-musababé) rejekimu lan apa sing déjanjékna maring ko kabéh.
فَوَرَبِّ السَّمَاۤءِ وَالْاَرْضِ اِنَّهٗ لَحَقٌّ مِّثْلَ مَآ اَنَّكُمْ تَنْطِقُوْنَ ࣖ٢٣
Fa wa rabbis-samā'i wal-arḍi innahū laḥaqqum miṡla mā annakum tanṭiqūn(a).
[23]
Mangka sekawiy (sekawit) Pengérané langit lan bumi, temen, apa sing déjanjékna kuwé mesthi kelakoné kaya sing ko padha ucapna.
هَلْ اَتٰىكَ حَدِيْثُ ضَيْفِ اِبْرٰهِيْمَ الْمُكْرَمِيْنَۘ٢٤
Hal atāka ḥadīṡu ḍaifi ibrāhīmal-mukramīn(a).
[24]
Apa wis butul maring sliramu (Muhammad) critané dhayohé Ibrahim (malaékat-malaékat) sing demulyakna?
اِذْ دَخَلُوْا عَلَيْهِ فَقَالُوْا سَلٰمًا ۗقَالَ سَلٰمٌۚ قَوْمٌ مُّنْكَرُوْنَ٢٥
Iż dakhalū ‘alaihi fa qālū salāmā(n), qāla salām(un), qaumum munkarūn(a).
[25]
(Élinga) rikala dhéwéké padha mlebu maring panggonané (Ibrahim) banjur padha ngucap, “Salaman (rahayu),” Ibrahim uga mangsuli, “Salamun (rahayu).” (Dhayoh-dhayoh kuwé) wong-wong sing urung demengerténi.
فَرَاغَ اِلٰٓى اَهْلِهٖ فَجَاۤءَ بِعِجْلٍ سَمِيْنٍۙ٢٦
Farāga ilā ahlihī fa jā'a bi‘ijlin samīn(in).
[26]
Mangka kanthi umpet-umpetan (Ibrahim) mlaku nemoni kulawargané, banjur dhéwéké nggawa daging pedhét lemu (sing dépanggang),
فَقَرَّبَهٗٓ اِلَيْهِمْۚ قَالَ اَلَا تَأْكُلُوْنَ٢٧
Fa qarrabahū ilaihim, qāla alā ta'kulūn(a).
[27]
banjur desuguhna maring dhayoh-dhayohé (ning dhéwéké padha ora kersa ndhahar). Ibrahim ngucap, “Kenangapa sampéyan ora padha dhahar?”
فَاَوْجَسَ مِنْهُمْ خِيْفَةً ۗقَالُوْا لَا تَخَفْۗ وَبَشَّرُوْهُ بِغُلٰمٍ عَلِيْمٍ٢٨
Fa aujasa minhum khīfah(tan), qālū lā takhaf, wa basysyarūhu bigulāmin ‘alīm(in).
[28]
Mangka dhéwéké (Ibrahim) krasa wedi maring dhayoh-dhayohé. Dhayohé kuwé ngucap, “Sliramu aja wedi,” lan dhayoh kuwé padha awéh werta bebungah maring dhéwéké (Ibrahim) kanthi lairé anak sing sugih kawruh (yakuwé Ishak).
فَاَقْبَلَتِ امْرَاَتُهٗ فِيْ صَرَّةٍ فَصَكَّتْ وَجْهَهَا وَقَالَتْ عَجُوْزٌ عَقِيْمٌ٢٩
Fa aqbalatimra'atuhū fī ṣarratin fa ṣakkat wajhahā wa qālat ‘ajūzun ‘aqīm(un).
[29]
Banjur bojoné teka njempling (kapitenggengen) banjur neplak rainé dhéwék karo ngucap, “(Inyong kiyé) wong wadon tuwa tur gabug.”
قَالُوْا كَذٰلِكِۙ قَالَ رَبُّكِ ۗاِنَّهٗ هُوَ الْحَكِيْمُ الْعَلِيْمُ ۔٣٠
Qālū każālik(i), qāla rabbuk(i), innahū huwal-ḥakīmul-‘alīm(u).
[30]
Dhayoh-dhayoh kuwé ngucap, “Mengkana kuwé Pengéranmu sabda. Temen, Penjenengané Sing Mahawicaksana, Maha Ngawuningani.”
۞ قَالَ فَمَا خَطْبُكُمْ اَيُّهَا الْمُرْسَلُوْنَۚ٣١
Qāla famā khaṭbukum ayyuhal-mursalūn(a).
[31]
Dhéwéké (Ibrahim) ngucap, “Apa urusané sampéyan sing penting, hé para utusan?”
قَالُوْآ اِنَّآ اُرْسِلْنَآ اِلٰى قَوْمٍ مُّجْرِمِيْنَۙ٣٢
Qālū innā ursilnā ilā qaumim mujrimīn(a).
[32]
Dhayoh-dhayoh kuwé semaur, “Setemené inyong kabéh déutus maring kaum sing padha gawé dosa (kaumé Lut),
لِنُرْسِلَ عَلَيْهِمْ حِجَارَةً مِّنْ طِيْنٍۙ٣٣
Linursila ‘alaihim ḥijāratam min ṭīn(in).
[33]
supaya Ingsun ngrutugi wong-wong kuwé nganggo watu-watu sekang lemah (sing atos),
مُّسَوَّمَةً عِنْدَ رَبِّكَ لِلْمُسْرِفِيْنَ٣٤
Musawwamatan ‘inda rabbika lil-musrifīn(a).
[34]
sing déwéhi tandha sekang Pengéranmu nggo (numpes) wong-wong sing padha ngliwati wates." 812
812) Watu-watu kuwé déwéhi tandha nganggo jeneng wong sing dépaténi.
فَاَخْرَجْنَا مَنْ كَانَ فِيْهَا مِنَ الْمُؤْمِنِيْنَۚ٣٥
Fa akhrajnā man kāna fīhā minal-mu'minīn(a).
[35]
Banjur Ingsun tokna wong-wong sing padha precaya sing ana neng njeroné (negariné kaum Lut) kuwé.
فَمَا وَجَدْنَا فِيْهَا غَيْرَ بَيْتٍ مِّنَ الْمُسْلِمِيْنَۚ٣٦
Famā wajadnā fīhā gaira baitim minal-muslimīn(a).
[36]
Mangka Ingsun ora nemokna neng njeroné (negari kuwé), kejaba umah siji, umahé wong-wong Muslim (Lut).
وَتَرَكْنَا فِيْهَآ اٰيَةً لِّلَّذِيْنَ يَخَافُوْنَ الْعَذَابَ الْاَلِيْمَۗ٣٧
Wa taraknā fīhā āyatal lil-lażīna yakhāfūnal-‘ażābal-alīm(a).
[37]
Lan Ingsun ninggali neng (negari kuwé) sewijiné tandha 813 nggo wong-wong sing padha wedi maring siksa sing perih.
813) Watu-watu sing numpuk sing nggo numpes kaum Nabi Lut. Ana uga sing ngarani sijiné tlaga sing banyuné ireng lan bacin ambuné.
وَفِيْ مُوْسٰىٓ اِذْ اَرْسَلْنٰهُ اِلٰى فِرْعَوْنَ بِسُلْطٰنٍ مُّبِيْنٍ٣٨
Wa fī mūsā iż arsalnāhu ilā fir‘auna bisulṭānim mubīn(in).
[38]
Lan neng (pribadiné) Musa (ana tandha-tandha kewasané Gusti Allah) rikala Ingsun ngutus dhéwéké maring Fir’aun kanthi nggawa mukjijat sing nyata.
فَتَوَلّٰى بِرُكْنِهٖ وَقَالَ سٰحِرٌ اَوْ مَجْنُوْنٌ٣٩
Fa tawallā biruknihī wa qāla sāḥirun au majnūn(un).
[39]
Ning dhéwéké (Fir’aun) karo wadyabalané padha mléngos lan ngucap, “Ko kuwé tukang sihir utawa wong ora waras.”
فَاَخَذْنٰهُ وَجُنُوْدَهٗ فَنَبَذْنٰهُمْ فِى الْيَمِّ وَهُوَ مُلِيْمٌۗ٤٠
Fa akhażnāhu wa junūdahū fanabażnāhum fil-yammi wa huwa mulīm(un).
[40]
Mangka Ingsun siksa dhéwéké sisan wadyabalané, banjur Ingsun balangna dhéwéké kabéh maring njero segara, neng kahanan nistha.
وَفِيْ عَادٍ اِذْ اَرْسَلْنَا عَلَيْهِمُ الرِّيْحَ الْعَقِيْمَۚ٤١
Wa fī ‘ādin iż arsalnā ‘alaihimur-rīḥal-‘aqīm(a).
[41]
Lan (uga) neng (critané kaum) ‘Ad, rikala Ingsun kirimna maring dhéwéké kabéh angin sing gawé ajur,
مَا تَذَرُ مِنْ شَيْءٍ اَتَتْ عَلَيْهِ اِلَّا جَعَلَتْهُ كَالرَّمِيْمِۗ٤٢
Mā tażaru min syai'in atat ‘alaihi illā ja‘alathu kar-ramīm(i).
[42]
(angin kuwé) ora ngengah sewiji apa sing deterak neng dhéwéké, malah dedadikna kaya bubuk.
وَفِيْ ثَمُوْدَ اِذْ قِيْلَ لَهُمْ تَمَتَّعُوْا حَتّٰى حِيْنٍ٤٣
Wa fī ṡamūda iż qīla lahum tamatta‘ū ḥattā ḥīn(in).
[43]
Lan neng (critané kaum) Samud, rikala déucapna maring dhéwéké, “Padha bungah-bungaha ko kabéh butul maring wektu sing détemtokna.”
فَعَتَوْا عَنْ اَمْرِ رَبِّهِمْ فَاَخَذَتْهُمُ الصّٰعِقَةُ وَهُمْ يَنْظُرُوْنَ٤٤
Fa‘atau ‘an amri rabbihim fa akhażathumuṣ-ṣā‘iqatu wa hum yanẓurūn(a).
[44]
Banjur dhéwéké padha temindak angkuh maring préntahé Pengérané, mangka wong-wong kuwé désamber bledhég mangkané dhéwéké padha weruh (bledhég) kuwé.
فَمَا اسْتَطَاعُوْا مِنْ قِيَامٍ وَّمَا كَانُوْا مُنْتَصِرِيْنَۙ٤٥
Famastaṭā‘ū min qiyāmiw wa mā kānū muntaṣirīn(a).
[45]
Mangka dhéwéké padha ora kewawa menyat lan uga ora olih pitulungan,
وَقَوْمَ نُوْحٍ مِّنْ قَبْلُ ۗ اِنَّهُمْ كَانُوْا قَوْمًا فٰسِقِيْنَ ࣖ٤٦
Wa qauma nūḥim min qabl(u), innahum kānū qauman fāsiqīn(a).
[46]
lan seurungé kuwé (wis Ingsun tumpes) kaumé Nuh. Temen, dhéwéké kabéh kuwé kaum sing dosa (pasék).
وَالسَّمَاۤءَ بَنَيْنٰهَا بِاَيْىدٍ وَّاِنَّا لَمُوْسِعُوْنَ٤٧
Was-samā'a banaināhā bi'aidiw wa innā lamūsi‘ūn(a).
[47]
Lan langit Ingsun bangun kanthi kewasané (Ingsun), lan Ingsun temen-temen njembarna (langit kuwé).
وَالْاَرْضَ فَرَشْنٰهَا فَنِعْمَ الْمٰهِدُوْنَ٤٨
Wal-arḍa farasynāhā fa ni‘mal-māhidūn(a).
[48]
Lan bumi Ingsun gelar; mangka (Ingsun) seapik-apiké sing wis nggelarna.
وَمِنْ كُلِّ شَيْءٍ خَلَقْنَا زَوْجَيْنِ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ٤٩
Wa min kulli syai'in khalaqnā zaujaini la‘allakum tażakkarūn(a).
[49]
Lan samubarang kabéh Ingsun ciptakna pasang-pasangan supayané ko padha ngélingi (agungé Gusti Allah).
فَفِرُّوْٓا اِلَى اللّٰهِ ۗاِنِّيْ لَكُمْ مِّنْهُ نَذِيْرٌ مُّبِيْنٌۚ٥٠
Fa firrū ilallāh(i), innī lakum minhu nażīrum mubīn(un).
[50]
Mangka padha gagiyan bali maring (nuruti) Gusti Allah. Temen, inyong kiyé wong sing awéh pengéling-éling sing nyata sekang Gusti Allah nggo ko kabéh.
وَلَا تَجْعَلُوْا مَعَ اللّٰهِ اِلٰهًا اٰخَرَۗ اِنِّيْ لَكُمْ مِّنْهُ نَذِيْرٌ مُّبِيْنٌ٥١
Wa lā taj‘alū ma‘allāhi ilāhan ākhar(a), innī lakum minhu nażīrum mubīn(un).
[51]
Lan aja pisan-pisan ko padha gawé sembahan seliyané Gusti Allah. Temen, inyong kiyé wong sing awéh pengéling-éling sing nyata sekang Gusti Allah nggo ko kabéh.
كَذٰلِكَ مَآ اَتَى الَّذِيْنَ مِنْ قَبْلِهِمْ مِّنْ رَّسُوْلٍ اِلَّا قَالُوْا سَاحِرٌ اَوْ مَجْنُوْنٌ٥٢
Każālika mā atal-lażīna min qablihim mir rasūlin illā qālū sāḥirun au majnūn(un).
[52]
Mengkana kuwé saben-saben ana Utusan sing teka maring wong-wong sing seurungé dhéwéké kabéh, dhéwéké (kaumé) mesthi padha ngucapna, “Dhéwéké kuwé tukang sihir utawa wong ora waras.”
اَتَوَاصَوْا بِهٖۚ بَلْ هُمْ قَوْمٌ طَاغُوْنَۚ٥٣
Atawāṣau bih(ī), bal hum qaumun ṭāgūn(a).
[53]
Apa dhéwéké padha tukar crita ngenani apa sing déucapna kuwé. Sebeneré dhéwéké kuwé kaum sing padha ngliwati wates.
فَتَوَلَّ عَنْهُمْ فَمَآ اَنْتَ بِمَلُوْمٍ٥٤
Fa tawalla ‘anhum famā anta bimalūm(in).
[54]
Mangka mléngosa sliramu sekang wong-wong mau, lan sliramu babar pisan ora kainan.
وَذَكِّرْ فَاِنَّ الذِّكْرٰى تَنْفَعُ الْمُؤْمِنِيْنَ٥٥
Wa żakkir fa innaż-żikra tanfa‘ul-mu'minīn(a).
[55]
Lan tetepa awéh pengéling-éling, merga setemené pengéling-éling kuwé migunani tumrap wong-wong mukmin.
وَمَا خَلَقْتُ الْجِنَّ وَالْاِنْسَ اِلَّا لِيَعْبُدُوْنِ٥٦
Wa mā khalaqtul-jinna wal-insa illā liya‘budūn(i).
[56]
Ingsun ora nyiptakna jin lan menungsa kejabané supaya dhéwéké padha ngabekti (ngibadah) maring Ingsun.
مَآ اُرِيْدُ مِنْهُمْ مِّنْ رِّزْقٍ وَّمَآ اُرِيْدُ اَنْ يُّطْعِمُوْنِ٥٧
Mā urīdu minhum mir rizqiw wa mā urīdu ay yuṭ‘imūn(i).
[57]
Ingsun ora ngersakna rejeki semendhing baé sekang dhéwéké kabéh lan Ingsun ora ngersakna supaya dhéwéké padha ngaturi dhaharan maring Ingsun.
اِنَّ اللّٰهَ هُوَ الرَّزَّاقُ ذُو الْقُوَّةِ الْمَتِيْنُ٥٨
Innallāha huwar-razzāqu żul-quwwatil-matīn(u).
[58]
Temen Gusti Allah, Penjenengané Sing Paring rejeki Sing Kagungan Kekuwatan tur Banget Kukuhé.
فَاِنَّ لِلَّذِيْنَ ظَلَمُوْا ذَنُوْبًا مِّثْلَ ذَنُوْبِ اَصْحٰبِهِمْ فَلَا يَسْتَعْجِلُوْنِ٥٩
Fa inna lil-lażīna ẓalamū żanūbam miṡla żanūbi aṣḥābihim falā yasta‘jilūn(i).
[59]
Mangka temen, nggo wong-wong sing padha aniaya (dolim) ana bagéan (siksa) kayadéné bagéané batir-batiré dhéwéké (gemiyén); mangka aja pisan-pisan dhéwéké padha nyuwun maring Ingsun supaya (siksa kuwé) degagiyanaken (tekané).
فَوَيْلٌ لِّلَّذِيْنَ كَفَرُوْا مِنْ يَّوْمِهِمُ الَّذِيْ يُوْعَدُوْنَ ࣖ٦٠
Fa wailul lil-lażīna kafarū miy yaumihimul-lażī yū‘adūn(a).
[60]
Mangka temen cilaka wong-wong sing padha mbangkang (kapir) neng dina sing wis déjanjékna maring dhéwéké kabéh (dina Kiyamat).