Surah Al-Ma`idah
Daftar Surah
0:00
0:00
بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْٓا اَوْفُوْا بِالْعُقُوْدِۗ اُحِلَّتْ لَكُمْ بَهِيْمَةُ الْاَنْعَامِ اِلَّا مَا يُتْلٰى عَلَيْكُمْ غَيْرَ مُحِلِّى الصَّيْدِ وَاَنْتُمْ حُرُمٌۗ اِنَّ اللّٰهَ يَحْكُمُ مَا يُرِيْدُ١
Yā ayyuhal-lażīna āmanū aufū bil-‘uqūd(i), uḥillat lakum bahīmatul-an‘āmi illā mā yutlā ‘alaikum gaira muḥilliṣ-ṣaidi wa antum ḥurum(un), innallāha yaḥkumu mā yurīd(u).
[1]
Hé wong-wong sing padha precaya! Leksanakna janji-janji. 252 Kéwan ingon-ingon désekolihna (halal) tumrap ko kabéh, kejaba sing arep désebutna maring ko kabéh, kanthi ora nyekolihna buru kéwan rikala ko padha lagi ihram (kaji utawa umrah). Setemené Gusti Allah netepna hukum laras karo sing Penjenengané kersakna.
252) Janji neng kéné janji tuhu (manut-miturut) kawula maring Gusti Allah lan janji sing dégawé déning menungsa neng jeroné sesrawungan sepadhané.
يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا لَا تُحِلُّوْا شَعَاۤىِٕرَ اللّٰهِ وَلَا الشَّهْرَ الْحَرَامَ وَلَا الْهَدْيَ وَلَا الْقَلَاۤىِٕدَ وَلَآ اٰۤمِّيْنَ الْبَيْتَ الْحَرَامَ يَبْتَغُوْنَ فَضْلًا مِّنْ رَّبِّهِمْ وَرِضْوَانًا ۗوَاِذَا حَلَلْتُمْ فَاصْطَادُوْا ۗوَلَا يَجْرِمَنَّكُمْ شَنَاٰنُ قَوْمٍ اَنْ صَدُّوْكُمْ عَنِ الْمَسْجِدِ الْحَرَامِ اَنْ تَعْتَدُوْاۘ وَتَعَاوَنُوْا عَلَى الْبِرِّ وَالتَّقْوٰىۖ وَلَا تَعَاوَنُوْا عَلَى الْاِثْمِ وَالْعُدْوَانِ ۖوَاتَّقُوا اللّٰهَ ۗاِنَّ اللّٰهَ شَدِيْدُ الْعِقَابِ٢
Yā ayyuhal-lażīna āmanū lā tuḥillū sya‘ā'irallāhi wa lasy-syahral-ḥarāma wa lal-hadya wa lal-qalā'ida wa lā āmmīnal-baital-ḥarāma yabtagūna faḍlam mir rabbihim wa riḍwānā(n), wa iżā ḥalaltum faṣṭādū, wa lā yajrimannakum syana'ānu qaumin an ṣaddūkum ‘anil- asjidil-ḥarāmi an ta‘tadū, wa ta‘āwanū ‘alal-birri wat-taqwā, wa lā ta‘āwanū ‘alal-iṡmi wal-‘udwān(i), wattaqullāh(a), innallāha syadīdul-‘iqāb(i).
[2]
Hé wong-wong sing padha precaya! Aja nganti ko kabéh nerak kuncara-kuncara (syi’ar-syi’ar) kesuciané Gusti Allah 253 lan aja (nglanggar kemulyané) wulan-wulan haram 254 aja ngganggu hadyu (kéwan-kéwan korban) 255 lan qala’id (kéwan-kéwan kurban sing déwéhi tandha) 256 , lan aja (uga) ngganggu wong-wong sing nekani baitulharam; dhéwéké padha nggolét kanugrahan lan karenané Pengérané. 257 Ning angger ko kabéh wis ngrampungna ihram, mangka désekolihi ko padha buru kéwan. Aja nganti kewadhéhanmu maring sewiji kaum merga dhéwéké padha ngalang-alangimu sekang Masjidilharam merekna ko kabéh temindak nglewihi wates (maring wong-wong mau). Lan padha tulung-tinulunga ko kabéh sejeroné (nglakoni) kebecikan lan semarah. Lan aja padha tulung-tinulung neng sejeroné nglakoni dosa lan cecongkrahan. Semaraha maring Gusti Allah, temen, Gusti Allah banget abot siksané.
253) Syi’ar-syi’ar kesuciane Gusti Allah yakuwé kabéh amalan sing délakoni mung sejeroné ibadah haji kaya tata cara nglakokna thawaf lan sa’i, lan panggonan-panggonané nglakoni kaya ka’bah Safa lan Marwa.
254) Wulan haram yakuwé Dzulkaidah, Dzulhijjah, Muharram lan Rajab. Neng wulan-wulan kuwé délarang nglakoni perang.
255) Hadyu, yakuwé kéwan sing désembeléh nggo ngganti (dam) pegawéan wajib sing détinggalna. Utawa nggo dhendha merga nglanggar bab-bab sing délarang nglakokna neng jerone ngibadah haji.
256) Qolaid yakuwé kéwan hadyu sing déwéhi kalung supayané déngerténi wong lamon kéwan kuwé wis dékanggokna nggo dégawa maring ka’bah
257) Maksudé karo kanugrahan yakuwé kebegyan sing déparingi Gusti Allah sejeroné lelungan ngibadah haji. Anadéné karenané Gusti Allah yakuwé ganjaran ngibadah haji
حُرِّمَتْ عَلَيْكُمُ الْمَيْتَةُ وَالدَّمُ وَلَحْمُ الْخِنْزِيْرِ وَمَآ اُهِلَّ لِغَيْرِ اللّٰهِ بِهٖ وَالْمُنْخَنِقَةُ وَالْمَوْقُوْذَةُ وَالْمُتَرَدِّيَةُ وَالنَّطِيْحَةُ وَمَآ اَكَلَ السَّبُعُ اِلَّا مَا ذَكَّيْتُمْۗ وَمَا ذُبِحَ عَلَى النُّصُبِ وَاَنْ تَسْتَقْسِمُوْا بِالْاَزْلَامِۗ ذٰلِكُمْ فِسْقٌۗ اَلْيَوْمَ يَىِٕسَ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا مِنْ دِيْنِكُمْ فَلَا تَخْشَوْهُمْ وَاخْشَوْنِۗ اَلْيَوْمَ اَكْمَلْتُ لَكُمْ دِيْنَكُمْ وَاَتْمَمْتُ عَلَيْكُمْ نِعْمَتِيْ وَرَضِيْتُ لَكُمُ الْاِسْلَامَ دِيْنًاۗ فَمَنِ اضْطُرَّ فِيْ مَخْمَصَةٍ غَيْرَ مُتَجَانِفٍ لِّاِثْمٍۙ فَاِنَّ اللّٰهَ غَفُوْرٌ رَّحِيْمٌ٣
Ḥurrimat ‘alaikumul-maitatu wad-damu wa laḥmul-khinzīri wa mā uhilla ligairillāhi bihī wal-munkhaniqatu wal-mauqūżatu wal-mutaraddiyatu wan-naṭīḥatu wa mā akalas-sabu‘u illā mā żakkaitum, wa mā żubiḥa ‘alan-nuṣubi wa an tastaqsimū bil-azlām(i), żālikum fisq(un), al-yauma ya'isal-lażīna kafarū min dīnikum falā takhsyauhum wakhsyaun(i), al-yauma akmaltu lakum dīnakum wa atmamtu ‘alaikum ni‘matī wa raḍītu lakumul-islāma dīnā(n), fa maniḍṭurra fī makhmaṣatin gaira mutajānifil li'iṡm(in), fa innallāha gafūrur raḥīm(un).
[3]
Délarang (haram) tumrap ko kabéh (mangan) bathang, getih, 258 daging babi lan (daging) kéwan sing désembeléh udu merga (asmané) Gusti Allah, sing ketekek (kendhat), sing dégebug, sing tiba, sing kenang sungu lan sing décengkerem kéwan galak, kejaba sing ésih bisa ko sembeléh. 259 Lan (déharamna uga) sing désembeléh kanggo brehala, lan (déharamna uga) ngogan (ngramal) nasib karo azlam (jemparing) 260 merga kuwé sewiji penggawéan pasék. Neng dina kiyé 261 wong-wong kapir wis padha pedhot pengarep-arepé nggo (ngalahna) agamamu, mula kuwé aja nganti ko padha wedi maring dhéwéké, ning padha wedia maring Ingsun. Neng dina kiyé wis Ingsun sempurnakna agamamu kanggo ko kabéh lan wis Ingsun cukupna nékmaté Ingsun tumrap ko kabéh, lan wis Ingsun keparengaken (ridhani) Islam minangka agamamu kabéh. Ning sapa wongé kepeksa 262 merga kencot ora merga kepéngin gawé dosa, mangka temen, Gusti Allah Maha Ngampura, Mahaasih.
258) Getih sing metu sekang awak, kayadéné désebutna neng Al An’am (6) : 145
259) Kéwan sing ketekek (kendhat), sing dégebug, sing tiba, sing désrudug lan sing décengkerem kéwan galak kuwé halal angger konangan ésih urip lan ésih bisa désembeléh seurungé mati.
260) Al-azlam tegesé jemparing (anak panah – Ind.) sing urung nganggo wulu. Wong Arab jahiliyah nganggo barang kuwé nggo nemtokna apa dhéwéké arep nglakoni sewiji pegawéan apa ora. Carané : dhéwéké njikot jemparing telu sing urung nganggo wulu, sewisé détulisi dhéwék-dhéwék yakuwé karo “lakonana” karo “aja lakonana”, lan sing nomer telu ora détulisi apa-apa. Jemparing telu kuwé désogna neng sewijiné wadhah lan dédelah neng njero Ka’bah. Angger dhéwéké arep padha nglakoni sewiji penggawéyan mangka dhéwéké njaluk supayané juru kunci Ka’bah njikot jemparing siji kuwé. Dhéwéké arep nglakoni utawa ora nglakoni penggawéyan kuwé manut maring tulisan sing ana neng jemparing sing déjikot. Angger sing kejikot jemparing sing ora nana tulisané, ngogané débaléni m(...)
يَسْـَٔلُوْنَكَ مَاذَآ اُحِلَّ لَهُمْۗ قُلْ اُحِلَّ لَكُمُ الطَّيِّبٰتُۙ وَمَا عَلَّمْتُمْ مِّنَ الْجَوَارِحِ مُكَلِّبِيْنَ تُعَلِّمُوْنَهُنَّ مِمَّا عَلَّمَكُمُ اللّٰهُ فَكُلُوْا مِمَّآ اَمْسَكْنَ عَلَيْكُمْ وَاذْكُرُوا اسْمَ اللّٰهِ عَلَيْهِ ۖوَاتَّقُوا اللّٰهَ ۗاِنَّ اللّٰهَ سَرِيْعُ الْحِسَابِ٤
Yas'alūnaka māżā uḥilla lahum, qul uḥilla lakumuṭ-ṭayyibāt(u), wa mā ‘allamtum minal-jawāriḥi mukallibīna tu‘allimūnahunna mimmā ‘allamakumullāhu fa kulū mimmā amsakna ‘alaikum ważkurusmallāhi ‘alaih(i), wattaqullāh(a), innallāha sarī‘ul-ḥisāb(i).
[4]
Dhéwéké padha takon maring sliramu (Muhammad), “Apa sing kena dépangan (déhalalna) tumrap dhéwéké?” Dhawuha, “Sing déhalalna tumrap ko kabéh (yakuwé panganan) sing apik-apik lan (kéwan buron sing wis décekel) neng kéwan sing wis délatih nggo buru, sing ko ajari manut apa sing déajarna déning Gusti Allah maring ko kabéh. Mangka panganen apa sing décekel (neng kéwan sing délatih kuwé) nggo ko kabéh 263 lan sebuten asmané Gusti Allah wektu (ngeculna kéwan kuwé). Lan padha semaraha maring Gusti Allah, temen Gusti Allah banget cepet perétungan-E.
263) Kéwan buron sing décekel déning kéwan galak (contoné alap-alap sing délatih nyekel manuk) mligi nggo wong sing ngingu lan kéwan galak kuwé ora mangan kéwan buroné semendhing-mendhinga.
اَلْيَوْمَ اُحِلَّ لَكُمُ الطَّيِّبٰتُۗ وَطَعَامُ الَّذِيْنَ اُوْتُوا الْكِتٰبَ حِلٌّ لَّكُمْ ۖوَطَعَامُكُمْ حِلٌّ لَّهُمْ ۖوَالْمُحْصَنٰتُ مِنَ الْمُؤْمِنٰتِ وَالْمُحْصَنٰتُ مِنَ الَّذِيْنَ اُوْتُوا الْكِتٰبَ مِنْ قَبْلِكُمْ اِذَآ اٰتَيْتُمُوْهُنَّ اُجُوْرَهُنَّ مُحْصِنِيْنَ غَيْرَ مُسٰفِحِيْنَ وَلَا مُتَّخِذِيْٓ اَخْدَانٍۗ وَمَنْ يَّكْفُرْ بِالْاِيْمَانِ فَقَدْ حَبِطَ عَمَلُهٗ ۖوَهُوَ فِى الْاٰخِرَةِ مِنَ الْخٰسِرِيْنَ ࣖ٥
Al-yauma uḥilla lakumuṭ-ṭayyibāt(u), wa ṭa‘āmul-lażīna ūtul-kitāba ḥillul lakum, wa ṭa‘āmukum ḥillul lahum, wal-muḥṣanātu minal-mu'mināti wal-muḥṣanātu minal-lażīna ūtul-kitāba min qablikum iżā ātaitumūhunna ujūrahunna muḥṣinīna gaira musāfiḥīna wa lā muttakhiżī akhdān(in), wa may yakfur bil-īmāni faqad ḥabiṭa ‘amaluh(ū), wa huwa fil-ākhirati minal-khāsirīn(a).
[5]
Neng dina kiyé déhalalna tumrap ko kabéh apa baé sing apik-apik. Panganan (sembelé-hané) Ahli Kitab kuwé halal tumrap ko kabéh, lan pangananmu halal kanggo dhéwéké. Lan (déhalalna tumrap ko kabéh mbojo) wong-wong wadon sing ngreksa kemulyané 264 neng antarané wong-wong wadon sing precaya, lan wong-wong wadon sing ngreksa kemulyané neng antarané wong-wong sing déparingi kitab seurungé ko kabéh. Angger ko padha mbayar mas kawiné dhéwéké nggo débojo, ora karo maksud jina lan ora nggo ndadékna gundhik. Sapa wongé mbangkang (kapir) sewisé precaya, mangka temen, muspra amalé dhéwéké, lan neng akhérat dhéwéké padha klebu wong-wong sing kapitunan.
264) Ana sing duwe penemu, wong-wong wadon sing bébas.
يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْٓا اِذَا قُمْتُمْ اِلَى الصَّلٰوةِ فَاغْسِلُوْا وُجُوْهَكُمْ وَاَيْدِيَكُمْ اِلَى الْمَرَافِقِ وَامْسَحُوْا بِرُءُوْسِكُمْ وَاَرْجُلَكُمْ اِلَى الْكَعْبَيْنِۗ وَاِنْ كُنْتُمْ جُنُبًا فَاطَّهَّرُوْاۗ وَاِنْ كُنْتُمْ مَّرْضٰٓى اَوْ عَلٰى سَفَرٍ اَوْ جَاۤءَ اَحَدٌ مِّنْكُمْ مِّنَ الْغَاۤىِٕطِ اَوْ لٰمَسْتُمُ النِّسَاۤءَ فَلَمْ تَجِدُوْا مَاۤءً فَتَيَمَّمُوْا صَعِيْدًا طَيِّبًا فَامْسَحُوْا بِوُجُوْهِكُمْ وَاَيْدِيْكُمْ مِّنْهُ ۗمَا يُرِيْدُ اللّٰهُ لِيَجْعَلَ عَلَيْكُمْ مِّنْ حَرَجٍ وَّلٰكِنْ يُّرِيْدُ لِيُطَهِّرَكُمْ وَلِيُتِمَّ نِعْمَتَهٗ عَلَيْكُمْ لَعَلَّكُمْ تَشْكُرُوْنَ٦
Yā ayyuhal-lażīna āmanū iżā qumtum ilaṣ-ṣalāti fagsilū wujūhakum wa aidiyakum ilal-marāfiqi wamsaḥū biru'ūsikum wa arjulakum ilal-ka‘bain(i), wa in kuntum junuban faṭṭahharū, wa in kuntum marḍā au ‘alā safarin au jā'a aḥadum minkum minal-gā'iṭi au lāmastumun-nisā'a falam tajidū mā'an fa tayammamū ṣa‘īdan ṭayyiban famsaḥū biwujūhikum wa aidīkum minh(u), mā yurīdullāhu liyaj‘ala ‘alaikum min ḥarajiw wa lākiy yurīdu liyuṭahhirakum wa liyutimma na‘matahū ‘alaikum la‘allakum tasykurūn(a).
[6]
Hé wong-wong sing padha precaya. Angger ko kabéh arep nindakna sembayang (solat) mangka wasuhen raimu, lang tanganmu butul maring sikut, lan usapen sirahmu lan kumbah sikilmu loro butul maring thontho. Angger junub, mangka adusa. Angger ko padha mriyang 265 utawa lagi neng dalan utawa bali sekang peturasan (kakus) utawa nyénggol 266 wong wadon, mangka angger ko kabéh ora olih banyu, mangka tayamum-a karo lebu sing apik (suci), usapana raimu lan tanganmu karo (lebu) kuwé. Gusti Allah ora kersa paring angél maring ko kabéh, ning Penjenengané kersa mbrésihna ko kabéh lan nyempurnakna nékmaté nggo ko kabéh supayané ko padha kesuwun.
265) Lara sing ora olih kenang banyu
266) Nyénggol miturut teges sing umum yakuwé “sénggolan kulit”. Ning miturut sebagéan juru tapsir, yakuwé “kembulan karo bojo”.
وَاذْكُرُوْا نِعْمَةَ اللّٰهِ عَلَيْكُمْ وَمِيْثَاقَهُ الَّذِيْ وَاثَقَكُمْ بِهٖٓ ۙاِذْ قُلْتُمْ سَمِعْنَا وَاَطَعْنَا ۖوَاتَّقُوا اللّٰهَ ۗاِنَّ اللّٰهَ عَلِيْمٌ ۢبِذَاتِ الصُّدُوْرِ٧
Ważkurū ni‘matallāhi ‘alaikum wa mīṡāqahul-lażī wāṡaqakum bih(ī), iż qultum sami‘nā wa aṭa‘nā, wattaqullāh(a), innallāha ‘alīmum biżātiṣ-ṣudūr(i).
[7]
Lan élinga maring nékmaté Gusti Allah nggo ko kabéh lan janji-Né 267 sing wis déjiretna maring ko kabéh, rikala ko padha ngucapna, “Inyong kabéh krungu lan inyong kabéh manut,” lan padha semaraha maring Gusti Allah, temen, Gusti Allah Maha Mriksani sekabéh isiné ati.
267) Janji arep ngrungokna lan mélu Nabi neng sejeroné apa baé sing déikrarna wektu bai’ah (prasetia).
يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا كُوْنُوْا قَوَّامِيْنَ لِلّٰهِ شُهَدَاۤءَ بِالْقِسْطِۖ وَلَا يَجْرِمَنَّكُمْ شَنَاٰنُ قَوْمٍ عَلٰٓى اَلَّا تَعْدِلُوْا ۗاِعْدِلُوْاۗ هُوَ اَقْرَبُ لِلتَّقْوٰىۖ وَاتَّقُوا اللّٰهَ ۗاِنَّ اللّٰهَ خَبِيْرٌۢ بِمَا تَعْمَلُوْنَ٨
Yā ayyuhal-lażīna āmanū kūnū qawwāmīna lillāhi syuhadā'a bil-qisṭi wa lā yajrimannakum syana'ānu qamin ‘alā allā ta‘dilū, i‘dilū, huwa aqrabu lit-taqwā wattaqullāh(a), innallāha khabīrum bimā ta‘malūn(a).
[8]
Hé wong-wong sing padha precaya! Dadia ko kabéh pengadeg adil krana Gusti Allah, (rikala) dadi seksi kanthi adil. Lan aja nganti wadhéhé ko kabéh maring sewiji kaum merekna ko padha temindak ora adil. Temindaka sing adil. Merga (adil) kuwé lewih kepérek maring semarah (takwa). Lan padha semaraha maring Gusti Allah. Temen, Gusti Allah Mahanastiti ingatasé apa sing ko padha pergawé.
وَعَدَ اللّٰهُ الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَعَمِلُوا الصّٰلِحٰتِۙ لَهُمْ مَّغْفِرَةٌ وَّاَجْرٌ عَظِيْمٌ٩
Wa‘adallāhul-lażīna āmanū wa ‘amiluṣ-ṣāliḥāt(i), lahum magfiratuw wa ajrun ‘aẓīm(un).
[9]
Gusti Allah wis paring janji maring wong-wong sing padha precaya lan kelakuané becik, (lamon) dhéwéké bakal olih pengampura lan ganjaran sing gedhé.
وَالَّذِيْنَ كَفَرُوْا وَكَذَّبُوْا بِاٰيٰتِنَآ اُولٰۤىِٕكَ اَصْحٰبُ الْجَحِيْمِ١٠
Wal-lażīna kafarū wa każżabū bi'āyātinā ulā'ika aṣḥābul-jaḥīm(i).
[10]
Anadéné wong-wong sing mbangkang (kapir) lan nggorohna ayat-ayat Ingsun, dhéwéké kabéh kuwé panggonané neng neraka.
يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوا اذْكُرُوْا نِعْمَتَ اللّٰهِ عَلَيْكُمْ اِذْ هَمَّ قَوْمٌ اَنْ يَّبْسُطُوْٓا اِلَيْكُمْ اَيْدِيَهُمْ فَكَفَّ اَيْدِيَهُمْ عَنْكُمْۚ وَاتَّقُوا اللّٰهَ ۗوَعَلَى اللّٰهِ فَلْيَتَوَكَّلِ الْمُؤْمِنُوْنَ ࣖ١١
Yā ayyuhal-lażīna āmanużkurū ni‘matallāhi ‘alaikum iż hamma qaumun ay yabsuṭū ilaikum aidiyahum fa kaffa aidiyahum ‘ankum, wattaqullāh(a), wa ‘alallāhi falyatawakkalil-mu'minūn(a).
[11]
Hé wong-wong sing padha precaya! Élinga nékmaté Gusti Allah (sing déparingna) maring ko kabéh, rikala sewiji kaum duwé ancas arep nyerang ko kabéh karo tangané, banjur Gusti Allah nahan tangané wong-wong kuwé sekang ko kabéh. Lan semaraha maring Gusti Allah, lan mung maring Gusti Allah preyogane wong-wong precaya kuwé padha semarah.
۞ وَلَقَدْ اَخَذَ اللّٰهُ مِيْثَاقَ بَنِيْٓ اِسْرَاۤءِيْلَۚ وَبَعَثْنَا مِنْهُمُ اثْنَيْ عَشَرَ نَقِيْبًاۗ وَقَالَ اللّٰهُ اِنِّيْ مَعَكُمْ ۗ لَىِٕنْ اَقَمْتُمُ الصَّلٰوةَ وَاٰتَيْتُمُ الزَّكٰوةَ وَاٰمَنْتُمْ بِرُسُلِيْ وَعَزَّرْتُمُوْهُمْ وَاَقْرَضْتُمُ اللّٰهَ قَرْضًا حَسَنًا لَّاُكَفِّرَنَّ عَنْكُمْ سَيِّاٰتِكُمْ وَلَاُدْخِلَنَّكُمْ جَنّٰتٍ تَجْرِيْ مِنْ تَحْتِهَا الْاَنْهٰرُۚ فَمَنْ كَفَرَ بَعْدَ ذٰلِكَ مِنْكُمْ فَقَدْ ضَلَّ سَوَاۤءَ السَّبِيْلِ١٢
Wa laqad akhażallāhu mīṡāqa banī isrā'īl(a), wa ba‘aṡnā minhumuṡnai ‘asyara naqībā(n), wa qālallāhu innī ma‘akum, la'in aqamtumuṣ-ṣalāta wa ātaitumuz-zakāta wa āmantum birusulī wa ‘azzartumūhum wa aqraḍtumullāha qarḍan ḥasanal la'ukaffiranna ‘ankum sayyi'ātikum wa la'udkhilannakum jannātin tajrī min taḥtihal-anhār(u), faman kafara ba‘da żālika minkum faqad ḍalla sawā'as-sabīl(i).
[12]
Lan temen, Gusti Allah wis mundhut janji sekang Bani Israil lan Ingsun wis ngangkat rolas pemimpin neng antarané dhéwéké kabéh. Lan Gusti Allah dhawuh, “Ingsun bareng ko kabéh.” Temen, angger ko kabéh nglakoni sembayang (solat) lan mbayar jakat uga precaya maring utusan-utusan Ingsun lan ko padha ngréwangi para utusan mau lan ko padha ngutangi maring Gusti Allah kanthi utangan sing apik, 268 mesthi bakal Ingsun busek kesalah-kesalahanmu, lan mesthi bakal Ingsun lebokna maring njero suwarga, sing mili neng ngisoré kali-kali. Ning sapa wongé kapir neng antarané ko kabéh sewisé kuwé, mangka setemené dhéwéké kabéh wis kesasar sekang dalan sing jejeg.”
268) Nyumbangna bandha nggo netepi kewajiban kanthi ati sing iklas.
فَبِمَا نَقْضِهِمْ مِّيْثَاقَهُمْ لَعَنّٰهُمْ وَجَعَلْنَا قُلُوْبَهُمْ قٰسِيَةً ۚ يُحَرِّفُوْنَ الْكَلِمَ عَنْ مَّوَاضِعِهٖۙ وَنَسُوْا حَظًّا مِّمَّا ذُكِّرُوْا بِهٖۚ وَلَا تَزَالُ تَطَّلِعُ عَلٰى خَاۤىِٕنَةٍ مِّنْهُمْ اِلَّا قَلِيْلًا مِّنْهُمْ ۖ فَاعْفُ عَنْهُمْ وَاصْفَحْ ۗاِنَّ اللّٰهَ يُحِبُّ الْمُحْسِنِيْنَ١٣
Fabimā naqḍihim mīṡāqahum la‘annāhum wa ja‘alnā qulūbahum qāsiyah(tan), yuḥarrifūnal-kalima ‘am mawāḍi‘ih(ī), wa nasū ḥaẓẓam mimmā żukkirū bih(ī), wa lā tazālu taṭṭali‘u ‘alā khā'inatim minhum illā qalīlam minhum fa‘fu ‘anhum waṣfaḥ, innallāha yuḥibbul-muḥsinīn(a).
[13]
(Ning) merga dhéwéké padha nglanggar janjiné, mangka Ingsun supatani dhéwéké kabéh, lan Ingsun dadékna atiné dhéwéké atos kaya watu. Dhéwéké padha seneng ngowahi sabdané Gusti Allah sekang panggonané 269 lan dhéwéké padha (nguja) nglalékna sebagéan wélingan sing wis (wanti-wanti) deélingna maring dhéwéké. Sliramu (Muhammad) selawasé bakal nyekséni cecidran sekang dhéwéké, kejaba segolongan cilik neng antarané dhéwéké (sing ora nyidrani), mangka ampuranen dhéwéké lan jorna dhéwéké kabéh. Temen, Gusti Allah ngrenani wong-wong sing mergawé apik.
269) Ngowahi maksud tembung-tembung, panggonan utawa nambahi lan ngurangi.
وَمِنَ الَّذِيْنَ قَالُوْٓا اِنَّا نَصٰرٰٓى اَخَذْنَا مِيْثَاقَهُمْ فَنَسُوْا حَظًّا مِّمَّا ذُكِّرُوْا بِهٖۖ فَاَغْرَيْنَا بَيْنَهُمُ الْعَدَاوَةَ وَالْبَغْضَاۤءَ اِلٰى يَوْمِ الْقِيٰمَةِ ۗ وَسَوْفَ يُنَبِّئُهُمُ اللّٰهُ بِمَا كَانُوْا يَصْنَعُوْنَ١٤
Wa minal-lażīna qālū innā naṣārā akhażnā mīṡāqahum fa nasū ḥaẓẓam mimmā żukkirū bih(ī), fa agrainā bainahumul-‘adāwata wal-bagḍā'a ilā yaumil-qiyāmah(ti), wa saufa yunabbi'uhumullāhu bimā kānū yaṣna‘ūn(a).
[14]
Lan neng antarané wong-wong sing padha ngucap, “Inyong kiyé wong Nasrani,” Ingsun wis mundhut janjiné wong-wong kuwé, ning dhéwéké (nguja) nglalékna sebagéan wéling sing wis déwanti-wanti maring dhéwéké kabéh, mangka Ingsun dadékna memungsuhan lan wewadhéhan neng antarané dhéwéké butul dina Kiyamat. Lan mbésuk Gusti Allah bakal mertakna maring dhéwéké apa sing wis dhéwéké kabéh pergawé.
يٰٓاَهْلَ الْكِتٰبِ قَدْ جَاۤءَكُمْ رَسُوْلُنَا يُبَيِّنُ لَكُمْ كَثِيْرًا مِّمَّا كُنْتُمْ تُخْفُوْنَ مِنَ الْكِتٰبِ وَيَعْفُوْا عَنْ كَثِيْرٍەۗ قَدْ جَاۤءَكُمْ مِّنَ اللّٰهِ نُوْرٌ وَّكِتٰبٌ مُّبِيْنٌۙ١٥
Yā ahlal-kitābi qad jā'akum rasūlunā yubayyinu lakum kaṡīram mimmā kuntum tukhfūna minal-kitābi wa ya‘fū ‘an kaṡīr(in), qad jā'akum minallāhi nūruw wa kitābum mubīn(un).
[15]
Hé ahli kitab! Temen, Utusan Ingsun wis teka maring ko kabéh, nggenahna maring ko pirang-pirang prékara sekang (isiné) kitab sing ko padha umpetna. Lan akéh uga sing déapengna (déjorna). Temen, wis teka maring ko kabéh cahya sekang Gusti Allah, lan Kitab 270 sing gawé genah.
270) Cahya, maksudé Nabi Muhammad s.a.w lan kitab maksudé Al-Qur’an.
يَّهْدِيْ بِهِ اللّٰهُ مَنِ اتَّبَعَ رِضْوَانَهٗ سُبُلَ السَّلٰمِ وَيُخْرِجُهُمْ مِّنَ الظُّلُمٰتِ اِلَى النُّوْرِ بِاِذْنِهٖ وَيَهْدِيْهِمْ اِلٰى صِرَاطٍ مُّسْتَقِيْمٍ١٦
Yahdī bihillāhi manittaba‘a riḍwānahū subulas-salāmi wa yukhrijuhum minaẓ-ẓulumāti ilan-nūri bi'iżnihī wa yahdīhim ilā ṣirāṭim mustaqīm(in).
[16]
Kanthi Kitab kuwé Gusti Allah paring pitudhuh maring wong sing padha nuruti karenan-É (ridha-Né) maring dalan keslame-tan, lan (karo Kitab kuwé uga) Gusti Allah ngetokna wong-wong kuwé sekang peteng-dhédhet maring cahya kanthi kepareng-É, lan nidhokna maring dalan sing jejeg.
لَقَدْ كَفَرَ الَّذِيْنَ قَالُوْٓا اِنَّ اللّٰهَ هُوَ الْمَسِيْحُ ابْنُ مَرْيَمَۗ قُلْ فَمَنْ يَّمْلِكُ مِنَ اللّٰهِ شَيْـًٔا اِنْ اَرَادَ اَنْ يُّهْلِكَ الْمَسِيْحَ ابْنَ مَرْيَمَ وَاُمَّهٗ وَمَنْ فِى الْاَرْضِ جَمِيْعًا ۗوَلِلّٰهِ مُلْكُ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِ وَمَا بَيْنَهُمَا ۗ يَخْلُقُ مَا يَشَاۤءُ ۗوَاللّٰهُ عَلٰى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيْرٌ١٧
Laqad kafaral-lażīna qālū innallāha huwal-masīḥubnu maryam(a), qul famay yamliku minallāhi syai'an in arāda ay yuhlikal-masīḥabna maryama wa ummahū wa man fil-arḍi jamī‘ā(n), wa lillāhi mulkus-samāwāti wal-arḍi wa mā bainahumā, yakhluqu mā yasyā'(u), wallāhu ‘alā kulli syai'in qadīr(un).
[17]
Temen, wis kapir wong sing ngucap, “Sete-mené Gusti Allah kuwé slirané Al-Masih putra Maryam.” Dhawuhna (Muhammad), “Sapa sing bisa ngalang-alangi kersané Gusti Allah angger Penjenengané kersa nyirnakna Al-masih putra Maryam sisan karo biyungé lan kabéh (menungsa) sing ana neng bumi? Lan kagungané Gusti Allah praja langit lan bumi lan apa sing ana neng antarané sekaroné. Penjenengané nyiptakna apa sing Penjenengané kersakna. Lan Gusti Allah Mahakewasa ingatasé samubarang kabéh.
وَقَالَتِ الْيَهُوْدُ وَالنَّصٰرٰى نَحْنُ اَبْنٰۤؤُا اللّٰهِ وَاَحِبَّاۤؤُهٗ ۗ قُلْ فَلِمَ يُعَذِّبُكُمْ بِذُنُوْبِكُمْ ۗ بَلْ اَنْتُمْ بَشَرٌ مِّمَّنْ خَلَقَۗ يَغْفِرُ لِمَنْ يَّشَاۤءُ وَيُعَذِّبُ مَنْ يَّشَاۤءُۗ وَلِلّٰهِ مُلْكُ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِ وَمَا بَيْنَهُمَا ۖوَاِلَيْهِ الْمَصِيْرُ١٨
Wa qālatil-yahūdu wan-naṣārā naḥnu abnā'ullāhi wa aḥibbā'uh(ū), qul falima yu‘ażżibukum biżunūbikum, bal antum basyarum mimman khalaq(a), yagfiru limay yasyā'u wa yu‘ażżibu may yasyā'(u), wa lillāhi mulkus-samāwāti wal-arḍi wa mā bainahumā, wa ilaihil-maṣīr(u).
[18]
Wong Yahudi lan Nasrani ngucap, “Inyong kabéh kuwé anak-anaké Gusti Allah lan kekasih-kekasihé.” Dhawuha, “Kenangapa Gusti Allah nyiksa ko kabéh merga dosa-dosamu? Ora, ko kabéh kuwé menungsa (biasa) neng antarané wong-wong sing Penjenengané ciptakna. Penjenengané paring ampura maring sapa baé sing Penjenengané kersakna. Lan kagungané Gusti Allah kabéh praja langit lan bumi karo apa sing ana neng antarané sekaroné. Lan maring Penjenengané sekabéhé arep padha bali.”
يٰٓاَهْلَ الْكِتٰبِ قَدْ جَاۤءَكُمْ رَسُوْلُنَا يُبَيِّنُ لَكُمْ عَلٰى فَتْرَةٍ مِّنَ الرُّسُلِ اَنْ تَقُوْلُوْا مَا جَاۤءَنَا مِنْۢ بَشِيْرٍ وَّلَا نَذِيْرٍۗ فَقَدْ جَاۤءَكُمْ بَشِيْرٌ وَّنَذِيْرٌ ۗوَاللّٰهُ عَلٰى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيْرٌ ࣖ١٩
Yā ahlal-kitābi qad jā'akum rasūlunā yubayyinu lakum ‘alā fatratim minar-rusuli an taqūlū mā jā'anā mim basyīriw wa lā nażīr(in), faqad jā'akum basyīruw wa nażīr(un), wallāhu ‘alā kulli syai'in qadīr(un).
[19]
Hé Ahli Kitab! Temen, Utusan Ingsun wis teka maring ko kabéh, nggenahna (saréngat Ingsun) maring ko kabéh rikala pedhoté (kirprecaya) utusan-utusan supayané ko ora padha ngucap, “Ora nana sing teka maring inyong kabéh, becik sewiji wong sing nggawa werta apik, utawané wong sing awéh pengélin-éling.” Temen, wis teka maring ko kabéh wong sing nggawa kabar apik lan awéh pengéling-éling. Lan Gusti Allah Mahkewasa ingatasé samubarang kabéh.
وَاِذْ قَالَ مُوْسٰى لِقَوْمِهٖ يٰقَوْمِ اذْكُرُوْا نِعْمَةَ اللّٰهِ عَلَيْكُمْ اِذْ جَعَلَ فِيْكُمْ اَنْۢبِيَاۤءَ وَجَعَلَكُمْ مُّلُوْكًاۙ وَّاٰتٰىكُمْ مَّا لَمْ يُؤْتِ اَحَدًا مِّنَ الْعٰلَمِيْنَ٢٠
Wa iż qāla mūsā liqaumihī yā qaumiżkurū ni‘matallāhi ‘alaikum iż ja‘ala fīkum ambiyā'a wa ja‘alakum mulūkā(n), wa ātākum mā lam yu'ti aḥadam minal-‘ālamīn(a).
[20]
Lan (élinga) rikala Musa ngucap maring kaumé, “Hé kaumku! Padha émuta maring nékmaté Gusti Allah sing nggo ko kabéh, rikala Penjenengané ngangkat nabi-nabi neng antarané ko kabéh, lan ndadékna ko kabéh wong-wong sing bébas, lan paring maring ko kabéh apa sing urung nglakon déparingna maring siji baé wong neng antarané umat sing liya.”
يٰقَوْمِ ادْخُلُوا الْاَرْضَ الْمُقَدَّسَةَ الَّتِيْ كَتَبَ اللّٰهُ لَكُمْ وَلَا تَرْتَدُّوْا عَلٰٓى اَدْبَارِكُمْ فَتَنْقَلِبُوْا خٰسِرِيْنَ٢١
Yā qaumidkhulul-arḍal-muqaddasatal-latī kataballāhu lakum wa lā tartaddū ‘alā adbārikum fa tanqalibū khāsirīn(a).
[21]
Hé kaumku! Padha mlebua maring tanah suci (Palestina) sing wis détemtokna déning Gusti Allah nggo ko kabéh 271 lan aja pisan-pisan ko kabéh balik maring mburi (merga wedi maring mungsuh), mengko ko kabéh dadi wong sing padha kapitunan.
271) Tanah Palestina kuwé détemtokna déning Gusti Allah nggo kaum Yahudi selagi dhéwéké padha precaya lan manut maring Gusti Allah.
قَالُوْا يٰمُوْسٰٓى اِنَّ فِيْهَا قَوْمًا جَبَّارِيْنَۖ وَاِنَّا لَنْ نَّدْخُلَهَا حَتّٰى يَخْرُجُوْا مِنْهَاۚ فَاِنْ يَّخْرُجُوْا مِنْهَا فَاِنَّا دٰخِلُوْنَ٢٢
Qālū yā mūsā inna fīhā qauman jabbārīn(a), wa innā lan nadkhulahā ḥattā yakhrujū minhā, fa iy yakhrujū minhā fa innā dākhilūn(a).
[22]
Wong-wong mau padha ngucap, “Hé Musa! Setemené neng tanah (Palestina) kuwé ana wong-wong sing banget kuwaté tur mbrangas, inyong ora arep padha mlebu nganah seurungé wong-wong mau padha metu sekang kana. Angger dhéwéké metu sekang kana, mesthi inyong padha bakal mlebu.”
قَالَ رَجُلَانِ مِنَ الَّذِيْنَ يَخَافُوْنَ اَنْعَمَ اللّٰهُ عَلَيْهِمَا ادْخُلُوْا عَلَيْهِمُ الْبَابَۚ فَاِذَا دَخَلْتُمُوْهُ فَاِنَّكُمْ غٰلِبُوْنَ ەۙ وَعَلَى اللّٰهِ فَتَوَكَّلُوْٓا اِنْ كُنْتُمْ مُّؤْمِنِيْنَ٢٣
Qāla rajulāni minal-lażīna yakhāfūna an‘amallāhu ‘alaihimadkhulū ‘alaihimul-bāb(a), fa iżā dakhaltumūhu fa innakum gālibūn(a), wa ‘alallāhi fa tawakkalū in kuntum mu'minīn(a).
[23]
Ngucap wong lanang loro sing padha semarah (takwa) neng antarané wong-wong mau, sing wis déparingi nékmat déning Gusti Allah, “Serbunen dhéwéké liwat lawang gapura (negari) kuwé. Angger ko padha mlebu mesthi ko kabéh bakal menang. Lan padha semaraha ko kabéh mung maring Gusti Allah angger ko wong-wong sing padha precaya.
قَالُوْا يٰمُوْسٰٓى اِنَّا لَنْ نَّدْخُلَهَآ اَبَدًا مَّا دَامُوْا فِيْهَا ۖفَاذْهَبْ اَنْتَ وَرَبُّكَ فَقَاتِلَآ اِنَّا هٰهُنَا قٰعِدُوْنَ٢٤
Qālū yā mūsā innā lan nadkhulahā abadam mā dāmū fīhā, fażhab anta wa rabbuka fa qātilā innā hāhunā qā‘idūn(a).
[24]
Wong-wong mau padha ngucap, “Hé Musa, butula kapan baé inyong kabéh ora arep ngleboni (tanah Palestina) selaginé wong-wong (sing kuwat tur mbrangas) mau ésih ana neng senjeroné. Merga kuwé mangkata ko dhéwék karo Pengéranmu, lan padha peranga ko sekloron. Jorna inyong kabéh tetep (ngenténi) neng kéné baé.”
قَالَ رَبِّ اِنِّيْ لَآ اَمْلِكُ اِلَّا نَفْسِيْ وَاَخِيْ فَافْرُقْ بَيْنَنَا وَبَيْنَ الْقَوْمِ الْفٰسِقِيْنَ٢٥
Qāla rabbi innī lā amliku illā nafsī wa akhī fafruq bainanā wa bainal-qaumil-fāsiqīn(a).
[25]
Slirané (Musa) ngucap, “Dhuh Pengéran kula, kula namung ngewasani awak kula kiyambek lan sedhérék kula. Mergi niku mugi Penjenengan pisahakén kula sami kaliyan tiyang-tiyang pasék niku.”
قَالَ فَاِنَّهَا مُحَرَّمَةٌ عَلَيْهِمْ اَرْبَعِيْنَ سَنَةً ۚيَتِيْهُوْنَ فِى الْاَرْضِۗ فَلَا تَأْسَ عَلَى الْقَوْمِ الْفٰسِقِيْنَ ࣖ٢٦
Qāla fa innahā muḥarramatun ‘alaihim arba‘īna sanah(tan), yatīhūna fil-arḍ(i), falā ta'sa ‘alal qaumil-fāsiqīn(a).
[26]
(Gusti Allah) dhawuh, “(Angger kaya mengkana) mangka (negari) kuwé déharamna tumrap wong-wong mau sedawané patang puluh taun, (selawasé kuwé) wong-wong mau bakal padha klayaban kebingungen neng bumi. Mangka aja nganti sliramu (Musa) susah atiné (mikirna nasib) wong-wong sing pasék kuwé.”
۞ وَاتْلُ عَلَيْهِمْ نَبَاَ ابْنَيْ اٰدَمَ بِالْحَقِّۘ اِذْ قَرَّبَا قُرْبَانًا فَتُقُبِّلَ مِنْ اَحَدِهِمَا وَلَمْ يُتَقَبَّلْ مِنَ الْاٰخَرِۗ قَالَ لَاَقْتُلَنَّكَ ۗ قَالَ اِنَّمَا يَتَقَبَّلُ اللّٰهُ مِنَ الْمُتَّقِيْنَ٢٧
Watlu ‘alaihim naba'abnai ādama bil-ḥaqqi iż qarrabā qurbānan fa tuqubbila min aḥadihimā wa lam yutaqabbal minal-ākhar(i), qāla la'aqtulannak(a), qāla innamā yataqabbalullāhu minal-muttaqīn(a).
[27]
Lan critakna (Muhammad) sing sebeneré maring dhéwéké kabéh ngenani riwayaté putra loroné Adam, 272 rikala anaké loro kuwé padha asok kurban, mangka (kurbané) salah sijiné sekang wong loro mau (Habil) ketrima lan sekang sing liyané (Qabil) ora ketrima. Dhéwéké (Qabil) ngucap, “Temen, inyong mesthi merjaya ko!” Dhéwéké (Habil) ngucap. “Setemené Gusti Allah mung nampa (ngamal) sekang wong sing semarah (takwa).”
272) Para ahli tapsir ngucap, arané Qabil lan Habil.
لَىِٕنْۢ بَسَطْتَّ اِلَيَّ يَدَكَ لِتَقْتُلَنِيْ مَآ اَنَا۠ بِبَاسِطٍ يَّدِيَ اِلَيْكَ لِاَقْتُلَكَۚ اِنِّيْٓ اَخَافُ اللّٰهَ رَبَّ الْعٰلَمِيْنَ٢٨
La'im basaṭta ilayya yadaka litaqtulanī mā ana bibāsiṭiy yadiya ilaika li'aqtulak(a), innī akhāfullāha rabbal-‘ālamīn(a).
[28]
“Temen, angger ko (Qobil) ngobahna tanganmu maring inyong nggo merjaya inyong, inyong ora bakal ngobahna tanganku maring ko nggo merjaya ko. Inyong wedi maring Gusti Allah, Pengérané ngalam kabéh.”
اِنِّيْٓ اُرِيْدُ اَنْ تَبُوْۤاَ بِاِثْمِيْ وَاِثْمِكَ فَتَكُوْنَ مِنْ اَصْحٰبِ النَّارِۚ وَذٰلِكَ جَزٰۤؤُا الظّٰلِمِيْنَۚ٢٩
Innī urīdu an tabū'a bi'iṡmī wa iṡmika fa takūna min aṣḥābin-nār(i), wa żālika jazā'uẓ-ẓālimīn(a).
[29]
“Setemené inyong kepéngin supayané ko bali karo (nggawa) dosa (merjaya) inyong lan dosamu dhéwék. Mangka ko bakal manggoni neraka; lan kuwé piwales nggo wong sing aniaya.”
فَطَوَّعَتْ لَهٗ نَفْسُهٗ قَتْلَ اَخِيْهِ فَقَتَلَهٗ فَاَصْبَحَ مِنَ الْخٰسِرِيْنَ٣٠
Fa ṭawwa‘at lahū nafsuhū qatla akhīhi fa qatalahū fa aṣbaḥa minal-khāsirīn(a).
[30]
Mangka nepsune (Qabil) njorogna dhéwéké nggo merjaya seduluré, banjur dhéwéké (temen-temen) merjaya. Mangka dhéwéké dadi klebu wong sing kapitunan.
فَبَعَثَ اللّٰهُ غُرَابًا يَّبْحَثُ فِى الْاَرْضِ لِيُرِيَهٗ كَيْفَ يُوَارِيْ سَوْءَةَ اَخِيْهِ ۗ قَالَ يٰوَيْلَتٰٓى اَعَجَزْتُ اَنْ اَكُوْنَ مِثْلَ هٰذَا الْغُرَابِ فَاُوَارِيَ سَوْءَةَ اَخِيْۚ فَاَصْبَحَ مِنَ النّٰدِمِيْنَ ۛ٣١
Fa ba‘aṡallāhu gurābay yabḥaṡu fil-arḍi liyuriyahū kaifa yuwārī sau'ata akhīh(i), qāla yā wailatā a‘ajazta an akūna miṡla hāżal-gurābi fa uwāriya sau'ata akhī, fa aṣbaḥa minan-nādimīn(a).
[31]
Banjur Gusti Allah ngutus sewiji manuk gaok (kon) ngoreh lemah nggo déweruhna maring dhéwéké (Qabil) kepriwé kuduné dhéwéké mendhem layoné (mayid) seduluré. Qabil ngucap, “Oh, cilaka inyong! Kenangapa inyong ora bisa temindak kaya manuk gaok kuwé, saéngga inyong bisa mendhem mayidé seduluré inyong kiyé. Mangka dhéwéké klebu dadi wong sing ngajog.
مِنْ اَجْلِ ذٰلِكَ ۛ كَتَبْنَا عَلٰى بَنِيْٓ اِسْرَاۤءِيْلَ اَنَّهٗ مَنْ قَتَلَ نَفْسًاۢ بِغَيْرِ نَفْسٍ اَوْ فَسَادٍ فِى الْاَرْضِ فَكَاَنَّمَا قَتَلَ النَّاسَ جَمِيْعًاۗ وَمَنْ اَحْيَاهَا فَكَاَنَّمَآ اَحْيَا النَّاسَ جَمِيْعًا ۗوَلَقَدْ جَاۤءَتْهُمْ رُسُلُنَا بِالْبَيِّنٰتِ ثُمَّ اِنَّ كَثِيْرًا مِّنْهُمْ بَعْدَ ذٰلِكَ فِى الْاَرْضِ لَمُسْرِفُوْنَ٣٢
Min ajli żālik(a), katabnā ‘alā banī isrā'īla annahū man qatala nafsam bigairi nafsin au fasādin fil-arḍi fa ka'annamā qatalan-nāsa jamī‘ā(n), wa man aḥyāhā fa ka'annamā aḥyan-nāsa jamī‘ā(n), wa laqad jā'athum rusulunā bil-bayyināt(i), ṡumma inna kaṡīram minhum ba‘da żālika fil-arḍi lamusrifūn(a).
[32]
Déning merga kuwé Ingsun tetepna (sewiji hukum) nggo Bani Israil, lamon sapa wongé merjaya siji wong udu merga wong kuwé merjaya wong liya 273 utawa udu merga dhéwéké gawé rusak neng bumi, mangka kaya-kaya dhéwéké wis merjaya sekabéh menungsa. 274 Sapa wongé ngupakara uripé menungsa siji, mangka kaya-kaya dhéwéké wis ngreksa uripé sekabéh menungsa. Setemené Utusan Ingsun wis teka maring wong-wong mau karo (nggawa) pirang-pirang keterangan sing cetha. Ning banjur akéh neng antarané wong-wong mau sewisé kuwé padha ngliwati wates neng bumi.
273) Yakuwé merjaya (maténi) wong udu merga qisas.
274) Hukum kiyé ora mung ngenani Bani Israil baé, ning uga ngenani menungsa sekabéhané. Neng ngarsané Gusti Allah merjaya (maténi) wong siji padha karo merjaya sekabéh menungsa, kaya kuwé uga sewaliké.
اِنَّمَا جَزٰۤؤُا الَّذِيْنَ يُحَارِبُوْنَ اللّٰهَ وَرَسُوْلَهٗ وَيَسْعَوْنَ فِى الْاَرْضِ فَسَادًا اَنْ يُّقَتَّلُوْٓا اَوْ يُصَلَّبُوْٓا اَوْ تُقَطَّعَ اَيْدِيْهِمْ وَاَرْجُلُهُمْ مِّنْ خِلَافٍ اَوْ يُنْفَوْا مِنَ الْاَرْضِۗ ذٰلِكَ لَهُمْ خِزْيٌ فِى الدُّنْيَا وَلَهُمْ فِى الْاٰخِرَةِ عَذَابٌ عَظِيْمٌ٣٣
Innamā jazā'ul-lażīna yuḥāribūnallāha wa rasūlahū wa yas‘auna fil-arḍi fasādan ay yuqattalū au yuṣallabū au tuqaṭṭa‘a aidīhim wa arjuluhum min khilāfin au yunfau minal-arḍ(i), żālika lahum khizyun fid-dun-yā wa lahum fil-ākhirati ‘ażābun ‘aẓīm(un).
[33]
Ukuman nggo wong-wong sing merangi (nglawan) Gusti Allah lan Utusan-É lan gawé rusak neng bumi mung dépaténi utawa désalib (dépenthéng), utawa détugel tangan lan sikilé nganggo cara selang-seling, 275 utawa désingkirna sekang papan sing dénggoni. Sing kaya kuwé (dadi) kenisthan kanggo dhéwéké kabéh neng dunya, lan neng akhérat wong-wong mau olih siksa sing gedhé.
275) Nugel tangan tengen lan sikil kiwé, lan angger nglakoni kejahatan sepisan maning mangka détugel tangan kiwé lan sikil tengen.
اِلَّا الَّذِيْنَ تَابُوْا مِنْ قَبْلِ اَنْ تَقْدِرُوْا عَلَيْهِمْۚ فَاعْلَمُوْٓا اَنَّ اللّٰهَ غَفُوْرٌ رَّحِيْمٌ ࣖ٣٤
Illal-lażīna tābū min qabli an taqdirū ‘alaihim, fa‘lamū annallāha gafūrur raḥīm(un).
[34]
Kajaba wong-wong sing padha tobat seurungé ko padha bisa nguwasani dhéwéké kabéh, mangka ngertia lamon Gusti Allah Maha Ngampura, Mahaasih.
يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوا اتَّقُوا اللّٰهَ وَابْتَغُوْٓا اِلَيْهِ الْوَسِيْلَةَ وَجَاهِدُوْا فِيْ سَبِيْلِهٖ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ٣٥
Yā ayyuhal-lażīna āmanuttaqullāha wabtagū ilaihil-wasīlata wa jāhidū fī sabīlihī la‘allakum tufliḥūn(a).
[35]
Hé wong-wong sing padha precaya! Padha semaraha maring Gusti Allah lan padha nggoléta lantaran (dalan) nggo dhépé-dhépé awakmu maring Gusti Allah, lan toh-patia (jihad) neng dalané Gusti Allah supayané ko kabéh padha begya.
اِنَّ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا لَوْ اَنَّ لَهُمْ مَّا فِى الْاَرْضِ جَمِيْعًا وَّمِثْلَهٗ مَعَهٗ لِيَفْتَدُوْا بِهٖ مِنْ عَذَابِ يَوْمِ الْقِيٰمَةِ مَا تُقُبِّلَ مِنْهُمْ ۚ وَلَهُمْ عَذَابٌ اَلِيْمٌ٣٦
Innal-lażīna kafarū lau anna lahum mā fil-arḍi jamī‘aw wa miṡlahū ma‘ahū liyaftadū bihī min ‘ażābi yaumil-qiyāmati mā tuqubbila minhum, wa lahum ‘ażābun alīm(un).
[36]
Setemené wong-wong sing padha mbangkang (kapir), umpamané dhéwéké padha duwé kabéh apa sing ana neng bumi lan détambah karo semeno akéhé (maning) nggo nebus awaké dhéwék sekang siksa neng dina Kiyamat, mesthi kabéh (tebusan) kuwé ora bakal détampa sekang wong-wong mau. Dhéwéké (tetep) olih siksa sing perih.
يُرِيْدُوْنَ اَنْ يَّخْرُجُوْا مِنَ النَّارِ وَمَا هُمْ بِخٰرِجِيْنَ مِنْهَا ۖوَلَهُمْ عَذَابٌ مُّقِيْمٌ٣٧
Yurīdūna ay yakhrujū minan-nāri wa mā hum bikhārijīna minhā, wa lahum ‘ażābun muqīm(un).
[37]
Wong-wong mau padha kepéngin metu sekang neraka, ning ora bakal bisa metu sekang kono. Lan dhéwéké kabéh padha olih siksa sing langgeng.
وَالسَّارِقُ وَالسَّارِقَةُ فَاقْطَعُوْٓا اَيْدِيَهُمَا جَزَاۤءًۢ بِمَا كَسَبَا نَكَالًا مِّنَ اللّٰهِ ۗوَاللّٰهُ عَزِيْزٌ حَكِيْمٌ٣٨
Was-sāriqu was-sāriqatu faqṭa‘ū aidiyahumā jazā'am bimā kasabā nakālam minallāh(i), wallāhu ‘azīzun ḥakīm(un).
[38]
Anadéné wong lanang utawané wong wadon sing nyolong, tugelen tangan sekaroné (minangka) piwales ingatasé penggawéyan sing dhéwéké kabéh lakoni lan minangka siksa sekang Gusti Allah. Lan Gusti Allah Mahadigdaya, Mahawicaksana.
فَمَنْ تَابَ مِنْۢ بَعْدِ ظُلْمِهٖ وَاَصْلَحَ فَاِنَّ اللّٰهَ يَتُوْبُ عَلَيْهِ ۗاِنَّ اللّٰهَ غَفُوْرٌ رَّحِيْمٌ٣٩
Faman tāba mim ba‘di ẓulmihī wa aṣlaḥa fa innallāha yatūbu ‘alaih(i), innallāha gafūrur raḥīm(un).
[39]
Ning sapa wongé kawus (tobat) sewisé nglakoni kejahatané kuwé lan ngapiki awaké, mangka setemené Gusti Allah nampa tobaté. Temen, Gusti Allah Maha Ngampura, Mahaasih.
اَلَمْ تَعْلَمْ اَنَّ اللّٰهَ لَهٗ مُلْكُ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِۗ يُعَذِّبُ مَنْ يَّشَاۤءُ وَيَغْفِرُ لِمَنْ يَّشَاۤءُ ۗوَاللّٰهُ عَلٰى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيْرٌ٤٠
Alam ta‘lam annallāha lahū mulkus-samāwāti wal-arḍ(i), yu‘ażżibu may yasyā'u wa yagfiru limay yasyā'(u), wallāhu ‘alā kulli syai'in qadīr(un).
[40]
Apa ko padha ora ngerti, lamon Gusti Allah kagungan sekabéh praja langit lan bumi, Penjenengané nyiksa sapa baé sing Penjenengané kersakna lan ngampura sapa baé sing Penjenengané kersakna. Gusti Allah Mahakewasa ingatasé samubarang kabéh.
۞ يٰٓاَيُّهَا الرَّسُوْلُ لَا يَحْزُنْكَ الَّذِيْنَ يُسَارِعُوْنَ فِى الْكُفْرِ مِنَ الَّذِيْنَ قَالُوْٓا اٰمَنَّا بِاَفْوَاهِهِمْ وَلَمْ تُؤْمِنْ قُلُوْبُهُمْ ۛ وَمِنَ الَّذِيْنَ هَادُوْا ۛ سَمّٰعُوْنَ لِلْكَذِبِ سَمّٰعُوْنَ لِقَوْمٍ اٰخَرِيْنَۙ لَمْ يَأْتُوْكَ ۗ يُحَرِّفُوْنَ الْكَلِمَ مِنْۢ بَعْدِ مَوَاضِعِهٖۚ يَقُوْلُوْنَ اِنْ اُوْتِيْتُمْ هٰذَا فَخُذُوْهُ وَاِنْ لَّمْ تُؤْتَوْهُ فَاحْذَرُوْا ۗوَمَنْ يُّرِدِ اللّٰهُ فِتْنَتَهٗ فَلَنْ تَمْلِكَ لَهٗ مِنَ اللّٰهِ شَيْـًٔا ۗ اُولٰۤىِٕكَ الَّذِيْنَ لَمْ يُرِدِ اللّٰهُ اَنْ يُّطَهِّرَ قُلُوْبَهُمْ ۗ لَهُمْ فِى الدُّنْيَا خِزْيٌ ۖوَّلَهُمْ فِى الْاٰخِرَةِ عَذَابٌ عَظِيْمٌ٤١
Yā ayyuhar-rasūlu lā yaḥzunkal-lażīna yusāri‘ūna fil-kufri minal-lażīna qālū āmannā bi'afwāhihim wa lam tu'min qulūbuhum - wa minal-lażīna hādū - sammā‘ūna lil-każibi sammā‘ūna liqaumin ākharīna lam ya'tūk(a), yuḥarrifūnal-kalima mim ba‘di mawāḍi‘ih(ī), yaqūlūna in ūtītum hāżā fa khużhu wa illam tu'tauhu faḥżarū, wa may yuridillāhu fitnatahū falan tamlika lahū minallāhi syai'ā(n), ulā'ikal-lażīna lam yuridillāhu ay yuṭahhira qulūbahum, lahum fid-dun-yā khizyuw wa lahum fil-ākhirati ‘ażābun ‘aẓīm(un).
[41]
Hé Utusan (Muhammad)! Aja nganti sliramu dégawe susah merga wong-wong kaé padha ayon-ayonan neng njero kapiré. Yakuwé wong-wong (munapék) sing ngucap karo cangkemé dhéwéké kabéh, “Inyong wis padha precaya,” mangkané atiné dhéwéké urung padha precaya, lan uga wong-wong Yahudi sing seneng banget ngrungokna (werta-werta) goroh 276 lan seneng banget ngrungokna (omongan-omongané) wong liya sing urung tau teka maring sliramu. 277 Wong-wong mau ngowahi tembung-tembung (Taurat) sekang teges sing sebeneré. Wong-wong mau ngucap, “Angger kiyé sing déwéhna maring ko kabéh (sing wis déowahi) tampanen, lan angger ko kabéh déwéhi sing udu kiyé, mangka ngati-atia.” Sapa wongé dékersakna (déning) Gusti Allah nggo déjorna kesasar, semendhing baé ko ora bakal bisa nolak sewiji-wiji sekang Gusti Allah (nggo nulungi dhéwéké). Dhéwéké kabéh kuwé wong-wong sing wis ora dékersakna déning Gusti Allah nggo nyucékna atiné dhéwéké. Neng dunya dhéwéké padha olih kenisthan lan neng akhérat bakal olih siksa sing gedhé.
276) Wong-wong Yahudi banget seneng ngrungokna omongan-omongan pendhitané sing goroh, utawa banget seneng ngrungokna dhawuh-dhawuh/ngendikané Nabi Muhammad s.a.w. Nggo débutulna maring pendhita-pendhita lan kanca-kancané wong-wong mau nganggo cara sing ora jujur.
277) Wong-wong mau banget seneng ngrungokna omongan-omongané pemimpin-pemimpine sing goroh sing urung tau ketemu karo Nabi Muhammad s.a.w. Merga banget wadheh maring slirane utawa banget senengé ngrungokna pengendikané Nabi Muhammad s.a.w nggo débutulna kanthi ora jujur maring kanca-kancané.
سَمّٰعُوْنَ لِلْكَذِبِ اَكّٰلُوْنَ لِلسُّحْتِۗ فَاِنْ جَاۤءُوْكَ فَاحْكُمْ بَيْنَهُمْ اَوْ اَعْرِضْ عَنْهُمْ ۚوَاِنْ تُعْرِضْ عَنْهُمْ فَلَنْ يَّضُرُّوْكَ شَيْـًٔا ۗ وَاِنْ حَكَمْتَ فَاحْكُمْ بَيْنَهُمْ بِالْقِسْطِۗ اِنَّ اللّٰهَ يُحِبُّ الْمُقْسِطِيْنَ٤٢
Sammā‘ūna lil-każibi akkālūna lis-suḥt(i), fa in jā'ūka faḥkum bainahum au a‘riḍ ‘anhum, wa in tu‘riḍ ‘anhum falay yaḍurrūka syai'ā(n), wa in ḥakamta faḥkum bainahum bil-qisṭ(i), innallāha yuḥibbul-muqsiṭīn(a).
[42]
Wong-wong mau seneng pisan ngrungokna werta goroh, akéh mangan (panganan) sing haram. 278 Angger dhéwéké kabéh (wong Yahudi) teka maring sliramu (Muhammad nggo njaluk putusan), mangka paringana putusan antarané dhéwéké mau utawa mléngosa sekang wong-wong mau, lan angger sliramu mléngos sekang wong-wong mau mangka dhéwéké kabéh ora bakal mbebayani apa-apa maring sliramu. Ning angger sliramu mutusna (prékarané wong-wong mau), mangka mutusana kanthi adil. Setemené Gusti Allah nresnani wong-wong sing adil.
278) Kayadéné dhuwit sogok lan sepadhané.
وَكَيْفَ يُحَكِّمُوْنَكَ وَعِنْدَهُمُ التَّوْرٰىةُ فِيْهَا حُكْمُ اللّٰهِ ثُمَّ يَتَوَلَّوْنَ مِنْۢ بَعْدِ ذٰلِكَ ۗوَمَآ اُولٰۤىِٕكَ بِالْمُؤْمِنِيْنَ ࣖ٤٣
Wa kaifa yuḥakkimūnaka wa ‘indahumut-taurātu fīhā ḥukmullāhi ṡumma yatawallauna mim ba‘di żālik(a), wa mā ulā'ika bil-mu'minīn(a).
[43]
Lan kepriwé wong-wong mau arep ngangkat sliramu dadi hakimé dhéwéké kabéh, mangkané dhéwéké padha duwé Taurat sing neng sejeroné (ana) hukumé Gusti Allah, mengko wong-wong mau padha mléngos (sekang putusané sliramu) sewisé kuwé? Temen, wong-wong mau udu wong sing padha precaya.
اِنَّآ اَنْزَلْنَا التَّوْرٰىةَ فِيْهَا هُدًى وَّنُوْرٌۚ يَحْكُمُ بِهَا النَّبِيُّوْنَ الَّذِيْنَ اَسْلَمُوْا لِلَّذِيْنَ هَادُوْا وَالرَّبّٰنِيُّوْنَ وَالْاَحْبَارُ بِمَا اسْتُحْفِظُوْا مِنْ كِتٰبِ اللّٰهِ وَكَانُوْا عَلَيْهِ شُهَدَاۤءَۚ فَلَا تَخْشَوُا النَّاسَ وَاخْشَوْنِ وَلَا تَشْتَرُوْا بِاٰيٰتِيْ ثَمَنًا قَلِيْلًا ۗوَمَنْ لَّمْ يَحْكُمْ بِمَآ اَنْزَلَ اللّٰهُ فَاُولٰۤىِٕكَ هُمُ الْكٰفِرُوْنَ٤٤
Innā anzalnat-taurāta fīhā hudaw wa nūr(un), yaḥkumu bihan-nabiyyūnal-lażīna aslamū lil-lażīna hādū war-rabbāniyyūna wal-aḥbāru bimastuḥfiẓū min kitābillāhi wa kānū ‘alaihi syuhadā'(a), falā takhsyawun-nāsa wakhsyauni wa lā tasytarū bi'āyātī ṡamanan qalīlā(n), wa mal lam yaḥkum bimā anzalallāhu fa ulā'ika humul-kāfirūn(a).
[44]
Temen, Ingsun wis nurunaken Kitab Taurat; neng sejeroné (ana) pitudhuh lan cahya (pepadhang). Sing karo Kitab kuwé para nabi sing padha semarah maring Gusti Allah awéh putusan prékarané wong Yahudi, mengkana uga para ulama lan pendhita-pendhitané wong-wong mau, merga dhéwéké padha dépréntah kon ngreksa kitab-kitabé Gusti Allah lan wong-wong mau dadi seksi ingatasé kitab kuwé. Merga kuwé aja nganti ko kabéh wedi maring menungsa (ning) padha wedia maring Ingsun. Lan aja nganti ko kabéh adol ayat-ayat-É Ingsun kanthi rega sing murah. Sapa wongé sing ora mutusna karo apa sing déturunaken déning Gusti Allah mangka dhéwéké kabéh kuwé wong-wong kapir.
وَكَتَبْنَا عَلَيْهِمْ فِيْهَآ اَنَّ النَّفْسَ بِالنَّفْسِ وَالْعَيْنَ بِالْعَيْنِ وَالْاَنْفَ بِالْاَنْفِ وَالْاُذُنَ بِالْاُذُنِ وَالسِّنَّ بِالسِّنِّۙ وَالْجُرُوْحَ قِصَاصٌۗ فَمَنْ تَصَدَّقَ بِهٖ فَهُوَ كَفَّارَةٌ لَّهٗ ۗوَمَنْ لَّمْ يَحْكُمْ بِمَآ اَنْزَلَ اللّٰهُ فَاُولٰۤىِٕكَ هُمُ الظّٰلِمُوْنَ٤٥
Wa katabnā ‘alaihim fīhā annan-nafsa bin-nafsi wal-‘aina bil-‘aini wal-anfa bil-anfi wal-użuna bil-użuni was-sinna bis-sinni wal-jurūḥa qiṣāṣ(un), faman taṣaddaqa bihī fa huwa kaffāratul lah(ū), wa mal lam yaḥkum bimā anzalallāhu fa ulā'ika humuẓ-ẓālimūn(a).
[45]
Ingsun wis netepna ingatasé dhéwéké kabéh neng sejeroné (Taurat) lamon nyawa (déwales) karo nyawa, mata karo mata, irung karo irung, kuping karo kuping, untu karo untu, lan tatu karo tatu (uga) ana qisas-É (piwales sing padha). Sapa wongé nglepasna (hak qisas)-É, mangka kuwé (dadi) tebusan dosa tumrap dhéwéké. Sapa wongé ora ngukumi (mutusi) prékara karo apa sing déturunaken déning Gusti Allah, mangka dhéwéké kabéh kuwé (temen) wong-wong aniaya (dolim).
وَقَفَّيْنَا عَلٰٓى اٰثَارِهِمْ بِعِيْسَى ابْنِ مَرْيَمَ مُصَدِّقًا لِّمَا بَيْنَ يَدَيْهِ مِنَ التَّوْرٰىةِ ۖوَاٰتَيْنٰهُ الْاِنْجِيْلَ فِيْهِ هُدًى وَّنُوْرٌۙ وَّمُصَدِّقًا لِّمَا بَيْنَ يَدَيْهِ مِنَ التَّوْرٰىةِ وَهُدًى وَّمَوْعِظَةً لِّلْمُتَّقِيْنَۗ٤٦
Wa qaffainā ‘alā āṡārihim bi‘īsabni maryama muṣaddiqal limā baina yadaihi minat-taurāh(ti), wa ātaināhul-injīla fīhi hudaw wa nūr(un), wa muṣaddiqal limā baina yadaihi minat-taurāti wa hudaw wa mau‘iẓatal lil-muttaqīn(a).
[46]
Lan Ingsun terusna lampahé wong-wong mau kanthi ngutus Isa putrané Maryam, mbenerna Kitab sing seurungé yakuwé Taurat. Lan Ingsun nurunaken Injil maring slirané, neng njeroné ana pitudhuh lan pepadhang, lan mbenerna Kitab sing seurungé yakuwé Taurat, lan minangka pituduh lan pitutur nggo wong-wong sing padha semarah (takwa).
وَلْيَحْكُمْ اَهْلُ الْاِنْجِيْلِ بِمَآ اَنْزَلَ اللّٰهُ فِيْهِۗ وَمَنْ لَّمْ يَحْكُمْ بِمَآ اَنْزَلَ اللّٰهُ فَاُولٰۤىِٕكَ هُمُ الْفٰسِقُوْنَ٤٧
Walyaḥkum ahlul-injīli bimā anzalallāhu fīh(i), wa mal lam yaḥkum bimā anzalallāhu fa ulā'ika humul-fasiqūn(a).
[47]
Lan preyoga wong sing manut maring Injil mutusna prékara miturut apa apa sing déturunaken déning Gusti Allah neng sejeroné, 279 sapa wongé ora mutusna prékara miturut apa sing déturunaken déning Gusti Allah, mangka dhéwéké kabéh kuwé wong-wong pasék. 280
279) Wong-wong sing nuruti kitab Injil kuwé déwajibna mutus (ngukumi) prekara miturut apa sing déturunaken déning Gusti Allah neng jero kitab Injil kuwé, nganti tekan wektuné déturunaken Al-Qur’an.
280) Wong sing ora mutusna prekara karo hukumé Gusti Allah ana telung werna: a). Merga wadheh lan ingkaré maring hukumé Gusti Allah, wong sing kaya kiyé kapir (Al-Maidah (5) 44). b). Merga mélu hawa napsu lan gawé tuna maring wong liya déarani dolim (aniaya), (Al-Maidah (5) 45) c). Merga pasék kayadéné sing ana jeroné ayat 47 surat kiyé.
وَاَنْزَلْنَآ اِلَيْكَ الْكِتٰبَ بِالْحَقِّ مُصَدِّقًا لِّمَا بَيْنَ يَدَيْهِ مِنَ الْكِتٰبِ وَمُهَيْمِنًا عَلَيْهِ فَاحْكُمْ بَيْنَهُمْ بِمَآ اَنْزَلَ اللّٰهُ وَلَا تَتَّبِعْ اَهْوَاۤءَهُمْ عَمَّا جَاۤءَكَ مِنَ الْحَقِّۗ لِكُلٍّ جَعَلْنَا مِنْكُمْ شِرْعَةً وَّمِنْهَاجًا ۗوَلَوْ شَاۤءَ اللّٰهُ لَجَعَلَكُمْ اُمَّةً وَّاحِدَةً وَّلٰكِنْ لِّيَبْلُوَكُمْ فِيْ مَآ اٰتٰىكُمْ فَاسْتَبِقُوا الْخَيْرٰتِۗ اِلَى اللّٰهِ مَرْجِعُكُمْ جَمِيْعًا فَيُنَبِّئُكُمْ بِمَا كُنْتُمْ فِيْهِ تَخْتَلِفُوْنَۙ٤٨
Wa anzalnā ilaikal-kitāba bil-ḥaqqi muṣaddiqal limā baina yadaihi minal-kitābi wa muhaiminan ‘alaihi faḥkum bainahum bimā anzalallāhu wa lā tattabi‘ ahwā'ahum ‘ammā jā'aka minal-ḥaqq(i), likullin ja‘alnā minkum syir‘ataw wa minhājā(n), wa lau syā'allāhu laja‘alakum ummataw wāḥidataw wa lākil liyabluwakum fī mā ātākum fastabiqul-khairāt(i), ilallāhi marji‘ukum jamī‘an fa yunabbi'ukum bimā kuntum fīhi takhtalifūn(a).
[48]
Lan Ingsun wis nurunaken Kitab (Al-Qur’an) maring sliramu (Muhammad) kanthi nggawa bebener sing mbenerna kitab-kitab sing déturunaken seurungé, lan ngreksa 281 (Al-Qur’an), mangka mutusana prékarané wong-wong mau kanthi apa sing déturunaken déning Gusti Allah lan aja nganti ko kabéh nuruti kepénginané wong-wong mau kanthi ninggalna bebener sing wis teka maring sliramu. Nggo saben umat neng antarané ko kabéh 282 Ingsun paringna aturan lan dalan sing padhang. Angger Gusti Allah ngersakna, mesthi ko kabéh Penje-nengané dadékna siji umat (baé). Ning Gusti Allah kersa nguji ko kabéh ingatasé peparing sing wis déparingna maring ko kabéh. Mangka padha ayon-ayonana gawé kebagusan. Mung maring Gusti Allah ko kabéh bali, banjur Penjenengané kawruhna maring ko kabéh ingatasé apa sing ganu ko kabéh persulayakna.
281) Al-Qur’an kiyé dadi ukuran nggo nemtokna bener lan orané ayat-ayat sing déturunaken senjeroné kitab-kitab seurungé.
282) Umaté Nabi Muhammad s.a.w lan umat-umat seurungé.
وَاَنِ احْكُمْ بَيْنَهُمْ بِمَآ اَنْزَلَ اللّٰهُ وَلَا تَتَّبِعْ اَهْوَاۤءَهُمْ وَاحْذَرْهُمْ اَنْ يَّفْتِنُوْكَ عَنْۢ بَعْضِ مَآ اَنْزَلَ اللّٰهُ اِلَيْكَۗ فَاِنْ تَوَلَّوْا فَاعْلَمْ اَنَّمَا يُرِيْدُ اللّٰهُ اَنْ يُّصِيْبَهُمْ بِبَعْضِ ذُنُوْبِهِمْ ۗوَاِنَّ كَثِيْرًا مِّنَ النَّاسِ لَفٰسِقُوْنَ٤٩
Wa aniḥkum bainahum bimā anzalallāhu wa lā tattabi‘ ahwā'ahum waḥżarūhum ay yaftinūka ‘am ba‘ḍi mā anzalallāhu ilaik(a), fa in tawallau fa‘lam annamā yurīdullāhu ay yuṣībahum biba‘ḍi żunūbihim, wa inna kaṡīram minan-nāsi lafāsiqūn(a).
[49]
lan ko preyoga padha mutusna (ngukumi) prékara antarané wong-wong mau kanthi apa sing déturunaken déning Gusti Allah, lan aja nganti ko kabéh nuruti kepénginané wong-wong mau. Lan padha sing waspada maring dhéwéké kabéh, aja nganti dhéwéké padha ngréka-réka ko kabéh ingatasé sebagéan sekang apa sing wis déturunaken déning Gusti Allah maring ko kabéh. Angger wong-wong mau padha mléngos (sekang hukum sing wis déturunaken déning Gusti Allah), mangka ngertia lamon setemené Gusti Allah kersa nibakna marabaya (musibah) maring dhéwéké kabéh. Lan temen, akéh-akéhé menungsa kiyé wong-wong sing pasék.
اَفَحُكْمَ الْجَاهِلِيَّةِ يَبْغُوْنَۗ وَمَنْ اَحْسَنُ مِنَ اللّٰهِ حُكْمًا لِّقَوْمٍ يُّوْقِنُوْنَ ࣖ٥٠
Afaḥukmul-jāhiliyyati yabgūn(a), wa man aḥsanu minallāhi ḥukmal liqaumiy yūqinūn(a).
[50]
Apa hukum (aturan) Jahiliyah sing dhéwéké kabéh karepna? (Hukumé) sapa sing lewih apik tenimbang (hukumé) Gusti Allah tumrap wong-wong sing padha precayai (agamané)?
۞ يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا لَا تَتَّخِذُوا الْيَهُوْدَ وَالنَّصٰرٰٓى اَوْلِيَاۤءَ ۘ بَعْضُهُمْ اَوْلِيَاۤءُ بَعْضٍۗ وَمَنْ يَّتَوَلَّهُمْ مِّنْكُمْ فَاِنَّهٗ مِنْهُمْ ۗ اِنَّ اللّٰهَ لَا يَهْدِى الْقَوْمَ الظّٰلِمِيْنَ٥١
Yā ayyuhal-lażīna āmanū lā tattakhiżul-yahūda wan-naṣārā auliyā'(a), ba‘ḍuhum auliyā'u ba‘ḍ(in), wa may yatawallahum minkum fa innahū minhum, innallāha lā yahdil-qaumaẓ-ẓālimīn(a).
[51]
Hé wong-wong sing padha precaya! Aja nganti ko padha ndadékna wong Yahudi lan Nasrani dadi kanca raket(mu); dhéwéké kabéh padha yom-kinayoman (padhadéné ngayomi). Sapa wongé antarané ko kabéh sing ndadékna wong-wong mau kanca raket, mangka setemené dhéwéké klebu golongané wong-wong mau. Temen, Gusti Allah ora awéh pitudhuh maring wong-wong sing aniaya (dolim).
فَتَرَى الَّذِيْنَ فِيْ قُلُوْبِهِمْ مَّرَضٌ يُّسَارِعُوْنَ فِيْهِمْ يَقُوْلُوْنَ نَخْشٰٓى اَنْ تُصِيْبَنَا دَاۤىِٕرَةٌ ۗفَعَسَى اللّٰهُ اَنْ يَّأْتِيَ بِالْفَتْحِ اَوْ اَمْرٍ مِّنْ عِنْدِهٖ فَيُصْبِحُوْا عَلٰى مَآ اَسَرُّوْا فِيْٓ اَنْفُسِهِمْ نٰدِمِيْنَۗ٥٢
Fa taral-lażīna fī qulūbihim maraḍuy yusāri‘ūna fīhim yaqūlūna nakhsyā an tuṣībanā dā'irah(tun), fa ‘asallāhu ay ya'tiya bil-fatḥi au amrim min ‘indihī fa yuṣbiḥū ‘alā mā asarrū fī anfusihim nādimīn(a).
[52]
Mangka ko kabéh bakal weruh wong-wong sing neng atiné ana prenyakit padha gagiyan méreki dhéwéké (Yahudi lan Nasrani) karo ngucap, “Inyong kabéh wedi bakal ketiban marabaya.” Moga-moga Gusti Allah bakal nekakna kemenangan (maring Utusan-É) utawa sewijiné putusan sekang sisih-É, saéngga wong-wong mau dadi ngajog ingatasé apa sing dhéwéké kabéh umpetna neng njero awaké dhéwéké kabéh.
وَيَقُوْلُ الَّذِيْنَ اٰمَنُوْٓا اَهٰٓؤُلَاۤءِ الَّذِيْنَ اَقْسَمُوْا بِاللّٰهِ جَهْدَ اَيْمَانِهِمْۙ اِنَّهُمْ لَمَعَكُمْۗ حَبِطَتْ اَعْمَالُهُمْ فَاَصْبَحُوْا خٰسِرِيْنَ٥٣
Wa yaqūlul-lażīna āmanū ahā'ulā'il-lażīna aqsamū billāhi jahda aimānihim, innahum lama‘akum, ḥabiṭat a‘māluhum fa aṣbaḥū khāsirīn(a).
[53]
Lan wong-wong sing padha precaya bakal ngucap, “Apa kiyé wong sing padha sumpah kanthi temenan karo (asmané) Gusti Allah, lamon dhéwéké sebeneré bareng karo ko kabéh?” Sekabéhé amalé dhéwéké kabéh dadi muspra, banjur dhéwéké padha dadi wong sing kapitunan.
يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا مَنْ يَّرْتَدَّ مِنْكُمْ عَنْ دِيْنِهٖ فَسَوْفَ يَأْتِى اللّٰهُ بِقَوْمٍ يُّحِبُّهُمْ وَيُحِبُّوْنَهٗٓ ۙاَذِلَّةٍ عَلَى الْمُؤْمِنِيْنَ اَعِزَّةٍ عَلَى الْكٰفِرِيْنَۖ يُجَاهِدُوْنَ فِيْ سَبِيْلِ اللّٰهِ وَلَا يَخَافُوْنَ لَوْمَةَ لَاۤىِٕمٍ ۗذٰلِكَ فَضْلُ اللّٰهِ يُؤْتِيْهِ مَنْ يَّشَاۤءُۗ وَاللّٰهُ وَاسِعٌ عَلِيْمٌ٥٤
Yā ayyuhal-lażīna āmanū may yartadda minkum ‘an dīnihī fa saufa ya'tillāhu biqaumiy yuḥibbuhum wa yuḥibbūnah(ū), ażillatin ‘alal-mu'minīna a‘izzatin ‘alal-kāfirīn(a), yujāhidūna fī sabīlillāhi wa lā yakhāfūna laumata lā'im(in), żālika faḍlullāhi yu'tīhi may yasyā'(u), wallāhu wāsi‘un ‘alīm(un).
[54]
Hé wong-wong sing padha precaya! Sapa wongé neng antarané ko kabéh sing murtad (metu) sekang agamané, mangka mbésuk Gusti Allah bakal nekakna sewijiné kaum, Penjenengané nresnani wong-wong mau lan wong-wong mau nresnani Penjenengané, lan temindaka sing aris maring wong-wong sing precaya, ning temindaka sing kereng (tegas) maring wong-wong kapir, sing padha toh-pati (jihad) neng dalané Gusti Allah, lan sing ora wedi maring penyacadé wong sing seneng nyacad. Kuwé peparingé Gusti Allah sing déparingna maring sapa sing Penjenengané kersakna. Lan Gusti Allah Mahajembar (peparing-É), Maha Ngudanéni.
اِنَّمَا وَلِيُّكُمُ اللّٰهُ وَرَسُوْلُهٗ وَالَّذِيْنَ اٰمَنُوا الَّذِيْنَ يُقِيْمُوْنَ الصَّلٰوةَ وَيُؤْتُوْنَ الزَّكٰوةَ وَهُمْ رٰكِعُوْنَ٥٥
Innamā waliyyukumullāhu wa rasūluhū wal-lażīna āmanul-lażīna yuqīmūnaṣ-ṣalāta wa yu'tūnaz-zakāta wa hum rāki‘ūn(a).
[55]
setemené penulungmu mung Gusti Allah, Utusan-É, lan wong-wong sing precaya, sing nglakoni sembayang lan nglunasi jakat nyambi temungkul (maring Gusti Allah).
وَمَنْ يَّتَوَلَّ اللّٰهَ وَرَسُوْلَهٗ وَالَّذِيْنَ اٰمَنُوْا فَاِنَّ حِزْبَ اللّٰهِ هُمُ الْغٰلِبُوْنَ ࣖ٥٦
Wa may yatawallallāha wa rasūlahū wal-lażīna āmanū fa inna ḥizballāhi humul-gālibūn(a).
[56]
Lan sapa wongé ndadékna Gusti Allah, Utusan-É, lan wong-wong sing precaya dadi penulungé, mangka temen, pendhérék (agamané) Gusti Allah kuwé sing menang.
يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا لَا تَتَّخِذُوا الَّذِيْنَ اتَّخَذُوْا دِيْنَكُمْ هُزُوًا وَّلَعِبًا مِّنَ الَّذِيْنَ اُوْتُوا الْكِتٰبَ مِنْ قَبْلِكُمْ وَالْكُفَّارَ اَوْلِيَاۤءَۚ وَاتَّقُوا اللّٰهَ اِنْ كُنْتُمْ مُّؤْمِنِيْنَ٥٧
Yā ayyuhal-lażīna āmanū lā tattakhiżul-lażīnattakhażū dīnakum huzuwaw wa la‘ibam minal-lażīna ūtul-kitāba min qablikum wal-kuffāra auliyā'(a), wattaqullāha in kuntum mu'minīn(a).
[57]
Hé wong-wong sing padha precaya! Aja nganti ko padha ndadékna pemimpin wong sing gawé agamamu dadi nyék-nyékan lan dolanan, (yakuwé) neng antarané wong-wong sing wis déwéhi kitab seurungé ko kabéh lan wong-wong kapir (wong musrik) lan padha semaraha (takwa) maring Gusti Allah angger ko kabéh wong-wong sing precaya.
وَاِذَا نَادَيْتُمْ اِلَى الصَّلٰوةِ اتَّخَذُوْهَا هُزُوًا وَّلَعِبًا ۗذٰلِكَ بِاَ نَّهُمْ قَوْمٌ لَّا يَعْقِلُوْنَ٥٨
Wa iżā nādaitum ilaṣ-ṣalātittakhażūhā huzuwaw wa la‘ibā(n), żālika bi'annahum qaumul lā ya‘qilūn(a).
[58]
Lan angger ko kabéh ajék-ajék (wong-wong mau) kon padha (nglakoni) sembayang, wong-wong mau ndadékna pengajék-ajék kuwé nyék-nyékan lan dolanan. Sing kaya kuwé mau merga dhéwéké kabéh wong-wong sing ora padha mengerténi.
قُلْ يٰٓاَهْلَ الْكِتٰبِ هَلْ تَنْقِمُوْنَ مِنَّآ اِلَّآ اَنْ اٰمَنَّا بِاللّٰهِ وَمَآ اُنْزِلَ اِلَيْنَا وَمَآ اُنْزِلَ مِنْ قَبْلُۙ وَاَنَّ اَكْثَرَكُمْ فٰسِقُوْنَ٥٩
Qul yā ahlal-kitābi hal tanqimūna minnā illā an āmannā billāhi wa mā unzila ilainā wa mā unzila min qabl(u), wa anna akṡarakum fāsiqūn(a).
[59]
Dhawuha, “Hé para Ahli Kitab! Apa ko padha nganggep inyong kabéh salah, mung merga inyong kabéh precaya maring Gusti Allah lan maring apa sing déturunaken maring inyong kabéh lan maring apa sing déturunaken seurungé? Temen, akéh-akéhé sekang ko kuwé wong-wong sing padha pasék.”
قُلْ هَلْ اُنَبِّئُكُمْ بِشَرٍّ مِّنْ ذٰلِكَ مَثُوْبَةً عِنْدَ اللّٰهِ ۗمَنْ لَّعَنَهُ اللّٰهُ وَغَضِبَ عَلَيْهِ وَجَعَلَ مِنْهُمُ الْقِرَدَةَ وَالْخَنَازِيْرَ وَعَبَدَ الطَّاغُوْتَۗ اُولٰۤىِٕكَ شَرٌّ مَّكَانًا وَّاَضَلُّ عَنْ سَوَاۤءِ السَّبِيْلِ٦٠
Qul hal unabbi'ukum bisyarrim min żālika maṡūbatan ‘indallāh(i), mal la‘anahullāhu wa gaḍiba ‘alaihi wa ja‘ala minhumul-qiradata wal-khanāzīra wa ‘abadaṭ-ṭāgūt(a), ulā'ika syarrum makānaw wa aḍallu ‘an sawā'is-sabīl(i).
[60]
Dhawuha (Muhammad), “Apa bakal ingsun wertakna maring ko kabéh ngenani wong sing lewih ala piwalesé tenimbang (wong pasék) neng sisihé Gusti Allah? Yakuwé wong sing désupatani lan dédukani déning Gusti Allah, neng antarané wong-wong mau (ana) sing dédadékna kethék, lan céléng 283 lan (wong sing) nyembah Tagut.” Wong-wong kuwé lewih ala panggonané lan lewih kesasar sekang dalan sing jejeg.
283) Wong-wong Yahudi sing nglanggar kemulyané dina Sabat (deleng Al-Baqarah (2) : 65).
وَاِذَا جَاۤءُوْكُمْ قَالُوْٓا اٰمَنَّا وَقَدْ دَّخَلُوْا بِالْكُفْرِ وَهُمْ قَدْ خَرَجُوْا بِهٖ ۗوَاللّٰهُ اَعْلَمُ بِمَا كَانُوْا يَكْتُمُوْنَ٦١
Wa iżā jā'ūkum qālū āmannā wa qad dakhalū bil-kufri wa hum qad kharajū bih(ī), wallāhu a‘lamu bimā kānū yaktumūn(a).
[61]
Lan angger wong-wong mau (Yahudi utawa munapék) teka maring ko kabéh, dhéwéké padha ngucap, “Inyong kabéh wis padha precaya,” mangkané wong-wong mau teka maring ko kabéh kanthi kapiré lan dhéwéké padha lunga uga kaya kuwé. Lan Gusti Allah lewih mriksani apa sing dhéwéké kabéh umpetna.
وَتَرٰى كَثِيْرًا مِّنْهُمْ يُسَارِعُوْنَ فِى الْاِثْمِ وَالْعُدْوَانِ وَاَكْلِهِمُ السُّحْتَۗ لَبِئْسَ مَا كَانُوْا يَعْمَلُوْنَ٦٢
Wa tarā kaṡīram minhum yusāri‘ūna fil-iṡmi wal-‘udwāni wa aklihimus-suḥt(a), labi'sa mā kānū ya‘malūn(a).
[62]
Lan ko kabéh bakal weruh akéh-akéhé neng antarané wong-wong mau (wong Yahudi) padha ayon-ayonan neng sejeroné gawé dosa, memungsuhan lan mangan sing haram. Temen, banget alané sing dhéwéké padha pergawé.
لَوْلَا يَنْهٰىهُمُ الرَّبّٰنِيُّوْنَ وَالْاَحْبَارُ عَنْ قَوْلِهِمُ الْاِثْمَ وَاَكْلِهِمُ السُّحْتَۗ لَبِئْسَ مَا كَانُوْا يَصْنَعُوْنَ٦٣
Lau lā yanhāhumur-rabbāniyyūna wal-aḥbāru ‘an qaulihimul-iṡma wa aklihimus-suḥt(a), labi'sa mā kānū yaṣna‘ūn(a).
[63]
Kenangapa para ulamané lan para pendhitané wong-wong mau ora nglarang dhéwéké padha ngucapna omongan goroh lan mangan sing haram? Temen, banget alané apa sing dhéwéké padha pergawé.
وَقَالَتِ الْيَهُوْدُ يَدُ اللّٰهِ مَغْلُوْلَةٌ ۗغُلَّتْ اَيْدِيْهِمْ وَلُعِنُوْا بِمَا قَالُوْا ۘ بَلْ يَدٰهُ مَبْسُوْطَتٰنِۙ يُنْفِقُ كَيْفَ يَشَاۤءُۗ وَلَيَزِيْدَنَّ كَثِيْرًا مِّنْهُمْ مَّآ اُنْزِلَ اِلَيْكَ مِنْ رَّبِّكَ طُغْيَانًا وَّكُفْرًاۗ وَاَلْقَيْنَا بَيْنَهُمُ الْعَدَاوَةَ وَالْبَغْضَاۤءَ اِلٰى يَوْمِ الْقِيٰمَةِۗ كُلَّمَآ اَوْقَدُوْا نَارًا لِّلْحَرْبِ اَطْفَاَهَا اللّٰهُ ۙوَيَسْعَوْنَ فِى الْاَرْضِ فَسَادًاۗ وَاللّٰهُ لَا يُحِبُّ الْمُفْسِدِيْنَ٦٤
Wa qālatil-yahūdu yadullāhi maglūlah(tun), gullat aidīhim wa lu‘inū bimā qālū, bal yadāhu mabsūṭatān(i), yunfiqu kaifa yasyā'(u), wa layazīdanna kaṡīram minhum mā unzila ilaika mir rabbika ṭugyānaw wa kufrā(n), wa alqainā bainahumul-‘adāwata wal-bagḍā'a ilā yaumil-qiyāmah(ti), kullamā auqadū nāral lil-ḥarbi aṭfa'ahallāh(u), wa yas‘auna fil-arḍi fasādā(n), wallāhu lā yuḥibbul-mufsidīn(a).
[64]
Lan wong-wong Yahudi padha ngucap, “Astané Gusti Allah kebanda,” 284 setemené tangané wong-wong mau sing débanda lan dhéwéké kabéh sing débendoni merga apa sing wong-wong mau ucapna kuwé, mangkané astané loro Gusti Allah 285 mbukak; Penjenengané paring rejeki kayadéné sing Penjenengané kersakna. Lan (Al-Qur’an) sing déturunaken maring ko kabéh sekang Pengéranmu kuwé mesthi bakal nambahi durakané lan kapiré tumrap akéh-akéhé wong-wong mau. Lan Ingsun tuwuhna sesatronan lan wewadhéhan neng antarané dhéwéké kabéh nganti butul dina Kiyamat. Saben dhéwéké padha nguripna geni peperangan, Gusti Allah maténi geni mau. Lan wong-wong mau molah (nuwuhna) kerusakan neng bumi. Lan Gusti Allah ora nresnani wong-wong sing gawé kerusakan.
284) Maksudé yakuwé medhit.
285) astané Gusti Allah ora padha karo tangan menungsa (mahluk).
وَلَوْ اَنَّ اَهْلَ الْكِتٰبِ اٰمَنُوْا وَاتَّقَوْا لَكَفَّرْنَا عَنْهُمْ سَيِّاٰتِهِمْ وَلَاَدْخَلْنٰهُمْ جَنّٰتِ النَّعِيْمِ٦٥
Wa lau anna ahlal-kitābi āmanū wattaqau lakaffarnā ‘anhum sayyi'ātihim wa la'adkhalnāhum jannātin-na‘īm(i).
[65]
Lan sekirané wong Ahli Kitab kuwé padha precaya lan semarah, mesthi Ingsun busek (ilangna) kesalahan-kesalahané dhéwéké kabéh, lan wong-wong mau mesthi Ingsun lebokna maring njero suwarga-suwarga sing kebek kenékmatan.
وَلَوْ اَنَّهُمْ اَقَامُوا التَّوْرٰىةَ وَالْاِنْجِيْلَ وَمَآ اُنْزِلَ اِلَيْهِمْ مِّنْ رَّبِّهِمْ لَاَكَلُوْا مِنْ فَوْقِهِمْ وَمِنْ تَحْتِ اَرْجُلِهِمْۗ مِنْهُمْ اُمَّةٌ مُّقْتَصِدَةٌ ۗ وَكَثِيْرٌ مِّنْهُمْ سَاۤءَ مَا يَعْمَلُوْنَ ࣖ٦٦
Wa lau annahum aqāmut-taurāta wal-injīla wa mā unzila ilaihim mir rabbihim la'akalū min fauqihim wa min taḥti arjulihim, minhum ummatum muqtaṣidah(tun), wa kaṡīrum minhum sā'a mā ya‘malūn(a).
[66]
Lan sekirané wong-wong mau nyata-nyata padha nindakna (hukum) Taurat, Injil lan (Al-Qur’an) sing déturunaken maring dhéwéké kabéh sekang Pengérané, mesthi wong-wong mau bakal olih panganan sekang sendhuwuré dhéwéké lan sekang sengisor sikilé dhéwéké kabéh. 286 Neng antarané wong-wong mau ana segolongan sing tulus lan miturut. Lan akéh neng antarané wong-wong mau banget alané apa sing dhéwéké kabéh pergawé.
286) Gusti Allah bakal paring welas-asih sekang langit kanthi nurunaken udan, nukulna wit-witan sing wohé rémbél-rémbél.
۞ يٰٓاَيُّهَا الرَّسُوْلُ بَلِّغْ مَآ اُنْزِلَ اِلَيْكَ مِنْ رَّبِّكَ ۗوَاِنْ لَّمْ تَفْعَلْ فَمَا بَلَّغْتَ رِسٰلَتَهٗ ۗوَاللّٰهُ يَعْصِمُكَ مِنَ النَّاسِۗ اِنَّ اللّٰهَ لَا يَهْدِى الْقَوْمَ الْكٰفِرِيْنَ٦٧
Yā ayyuhar-rasūlu ballig mā unzila ilaika mir rabbik(a), wa illam taf‘al famā ballagta risālatah(ū), wallāhu ya‘ṣimuka minan-nās(i), innallāha lā yahdil-qaumal-kāfirīn(a).
[67]
Hé Utusan! Butulna apa sing déturunaken déning Pengérané sliramu maring sliramu. Angger ora sliramu lakoni (apa sing dépréntahna kuwé) mangka tegesé sliramu ora mbutulna amanat-É. Lan Gusti Allah ngreksa sliramu sekang (gangguané) menungsa. 287 Temen, Gusti Allah ora paring pitudhuh maring wong-wong kapir.
287) Ora nana wong sijia sing bisa merjaya (maténi) Nabi Muhammad s.a.w.
قُلْ يٰٓاَهْلَ الْكِتٰبِ لَسْتُمْ عَلٰى شَيْءٍ حَتّٰى تُقِيْمُوا التَّوْرٰىةَ وَالْاِنْجِيْلَ وَمَآ اُنْزِلَ اِلَيْكُمْ مِّنْ رَّبِّكُمْ ۗوَلَيَزِيْدَنَّ كَثِيْرًا مِّنْهُمْ مَّآ اُنْزِلَ اِلَيْكَ مِنْ رَّبِّكَ طُغْيَانًا وَّكُفْرًاۚ فَلَا تَأْسَ عَلَى الْقَوْمِ الْكٰفِرِيْنَ٦٨
Qul yā ahlal-kitābi lastum ‘alā syai'in ḥattā tuqīmut-taurāta wal-injīla wa mā unzila ilaikum mir rabbikum, wa layazīdanna kaṡīram minhum mā unzila ilaika mir rabbika ṭugyānaw wa kufrā(n), falā ta'sa ‘alal-qaumil-kāfirīn(a).
[68]
Dhawuha (Muhammad), “Hé Ahli Kitab! Ko kabéh ora déarani duwé agama babar-pisan saéngga ko padha ngadegna ajaran-ajarané Taurat, Injil lan (Al-Qur’an) sing déturunaken déning Pengéranmu maring ko kabéh.” Lan apa sing déturunaken déning Pengéranmu maring sliramu mesthi bakal gawé akéh neng antarané dhéwéké dadi lewih duraka lan lewih ingkar, mangka sliramu aja pedhot pengarep-arep ingatasé wong-wong kapir kuwé.
اِنَّ الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَالَّذِيْنَ هَادُوْا وَالصَّابِـُٔوْنَ وَالنَّصٰرٰى مَنْ اٰمَنَ بِاللّٰهِ وَالْيَوْمِ الْاٰخِرِ وَعَمِلَ صَالِحًا فَلَا خَوْفٌ عَلَيْهِمْ وَلَا هُمْ يَحْزَنُوْنَ٦٩
Innal-lażīna āmanū wal-lażīna hādū waṣ-ṣābi'ūna wan-naṣārā man āmana billāhi wal-yaumil-ākhiri wa ‘amila ṣāliḥan falā khaufun ‘alaihim wa lā hum yaḥzanūn(a).
[69]
Setemené wong-wong sing padha precaya, wong-wong Yahudi, lan wong-wong Shabiin, lan wong-wong Nasrani, sapa wongé precaya maring Gusti Allah, lan maring dina pungkasan lan nglakoni kebagusan, mangka ora nana rasa wedi tumrap dhéwéké, lan wong-wong mau ora padha susah atiné.
لَقَدْ اَخَذْنَا مِيْثَاقَ بَنِيْٓ اِسْرَاۤءِيْلَ وَاَرْسَلْنَآ اِلَيْهِمْ رُسُلًا ۗ كُلَّمَا جَاۤءَهُمْ رَسُوْلٌۢ بِمَا لَا تَهْوٰٓى اَنْفُسُهُمْۙ فَرِيْقًا كَذَّبُوْا وَفَرِيْقًا يَّقْتُلُوْنَ٧٠
Laqad akhażnā mīṡāqa banī isrā'īla wa arsalnā ilaihim rusulā(n), kullamā jā'ahum rasūlum bimā lā tahwā anfusuhum, farīqan każżabū wa farīqay yaqtulūn(a).
[70]
Setemené Ingsun wis mundhut janji sekang Bani Israil, 288 lan wis Ingsun utus maring dhéwéké kabéh utusan-utusan. Ning saben utusan teka maring wong-wong mau kanthi nggawa apa sing ora cocog karo kepénginané (mangka) sebagéan (sekang utusan mau) dhéwéké cidrani, lan sebagéan liyané dhéwéké perjaya.
288) Perjanjian kuwé isiné, wong-wong mau precaya maring Gusti Allah lan utusan-utusan-É.
وَحَسِبُوْٓا اَلَّا تَكُوْنَ فِتْنَةٌ فَعَمُوْا وَصَمُّوْا ثُمَّ تَابَ اللّٰهُ عَلَيْهِمْ ثُمَّ عَمُوْا وَصَمُّوْا كَثِيْرٌ مِّنْهُمْۗ وَاللّٰهُ بَصِيْرٌۢ بِمَا يَعْمَلُوْنَ٧١
Wa ḥasibū allā takūna fitnatun fa ‘amū wa ṣammū ṡumma tāballāhu ‘alaihim ṡumma ‘amū wa ṣammū kaṡīrum minhum, wallāhu baṣīrum bimā ya‘malūn(a).
[71]
Lan dhéwéké padha ngira lamon ora bakal kedadéan bebaya apa-apa (ingatasé wong-wong mau sewisé dhéwéké merjaya nabi-nabi), merga kuwé dhéwéké padha dadi wuta lan budheg, banjur Gusti Allah mundhut tobaté wong-wong mau, banjur akéh neng antarané wong-wong mau padha wuta lan budheg. Lan Gusti Allah Maha Mriksani apa sing padha dhéwéké pergawé.
لَقَدْ كَفَرَ الَّذِيْنَ قَالُوْٓا اِنَّ اللّٰهَ هُوَ الْمَسِيْحُ ابْنُ مَرْيَمَ ۗوَقَالَ الْمَسِيْحُ يٰبَنِيْٓ اِسْرَاۤءِيْلَ اعْبُدُوا اللّٰهَ رَبِّيْ وَرَبَّكُمْ ۗاِنَّهٗ مَنْ يُّشْرِكْ بِاللّٰهِ فَقَدْ حَرَّمَ اللّٰهُ عَلَيْهِ الْجَنَّةَ وَمَأْوٰىهُ النَّارُ ۗوَمَا لِلظّٰلِمِيْنَ مِنْ اَنْصَارٍ٧٢
Laqad kafaral-lażīna qālū innallāha huwal-masīḥubnu maryam(a), wa qālal-masīḥu yā banī isrā'īla‘budullāha rabbī wa rabbakum, innahū may yusyrik billāhi faqad ḥarramallāhu ‘alaihil-jannata wa ma'wāhun nār(u), wa mā liẓ-ẓālimīna min anṣār(in).
[72]
Temen, wis kapir wong-wong sing ngucap, “Setemené Gusti Allah yakuwé Al-Masih putrané Maryam.” Mangka Al-Masih (pribadi) dhawuh, “Hé Bani Israil! Sembahen Gusti Allah, Pengéranku lan Pengéranmu.” Setemené sapa wongé nyekuthokna Gusti Allah mangka temen Gusti Allah ngaramna (ora marengna) suwarga tumrap dhéwéké, lan panggonané kuwé neraka. Lan ora nana sewiji baé penulung nggo wong-wong aniaya (dolim) kuwé.
لَقَدْ كَفَرَ الَّذِيْنَ قَالُوْٓا اِنَّ اللّٰهَ ثَالِثُ ثَلٰثَةٍ ۘ وَمَا مِنْ اِلٰهٍ اِلَّآ اِلٰهٌ وَّاحِدٌ ۗوَاِنْ لَّمْ يَنْتَهُوْا عَمَّا يَقُوْلُوْنَ لَيَمَسَّنَّ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا مِنْهُمْ عَذَابٌ اَلِيْمٌ٧٣
Laqad kafaral-lażīna qālū innallāha ṡāliṡu ṡalāsah(tin), wa mā min ilāhin illā ilāhuw wāḥid(un), wa illam yantahū ‘ammā yaqūlūna layamassannal-lażīna kafarū minhum ‘ażābun alīm(un).
[73]
Temen, wis kapir wong-wong sing padha ngucap lamon Gusti Allah kuwé salah sewiji sekang sing telu, mangkané ora nana Pengéran (sing kudu désembah) sliyané Pengéran sing tunggal. Angger wong-wong mau ora liren sekang apa sing padha dhéwéké ucapna, mesthi wong-wong sing kapir neng antarané dhéwéké kabéh bakal ngrasakna siksa sing perih.
اَفَلَا يَتُوْبُوْنَ اِلَى اللّٰهِ وَيَسْتَغْفِرُوْنَهٗۗ وَاللّٰهُ غَفُوْرٌ رَّحِيْمٌ٧٤
Afalā yatūbūna ilallāhi wa yastagfirūnah(ū), wallāhu gafūrur raḥīm(un).
[74]
Kenangapa wong-wong mau ora padha tobat maring Gusti Allah lan nyuwun pengampura maring Penjenengané? Gusti Allah Maha Ngampura, Mahaasih.
مَا الْمَسِيْحُ ابْنُ مَرْيَمَ اِلَّا رَسُوْلٌۚ قَدْ خَلَتْ مِنْ قَبْلِهِ الرُّسُلُۗ وَاُمُّهٗ صِدِّيْقَةٌ ۗ كَانَا يَأْكُلَانِ الطَّعَامَ ۗ اُنْظُرْ كَيْفَ نُبَيِّنُ لَهُمُ الْاٰيٰتِ ثُمَّ انْظُرْ اَنّٰى يُؤْفَكُوْنَ٧٥
Mal-masīḥubnu maryama illā rasūl(un), qad khalat min qablihir rusul(u), wa ummuhū ṣiddīqah(tun), kānā ya'kulāniṭ-ṭa‘ām(a), unẓur kaifa nubayyinu lahumul-āyāti ṡummanẓur annā yu'fakūn(a).
[75]
Al-Masih putrané Maryam ora liya mung sawiji Utusan. Seurungé uga wis keliwat pirang-pirang utusan. Lan biyungé sewiji wong sing banget ngugemi bebener. Sekaroné biasa dhahar panganan. 289 Padha dégatékna kepriwé Ingsun nerangna ayat-ayat (tandha-tandha kewasané) maring wong-wong mau (Ahli Kitab), banjur gatékna kepriwé wong-wong mau padha déslewengna (déning kepénginané).
289) Lamon Nabi Isa a.s. lan biyungé kuwé menungsa biasa, sing butuh apa sing débutuhna menungsa liya, kayadéné mangan, nginum lan sepadhané.
قُلْ اَتَعْبُدُوْنَ مِنْ دُوْنِ اللّٰهِ مَا لَا يَمْلِكُ لَكُمْ ضَرًّا وَّلَا نَفْعًا ۗوَاللّٰهُ هُوَ السَّمِيْعُ الْعَلِيْمُ٧٦
Qul ata‘budūna min dūnillāhi mā lā yamliku lakum ḍarraw wa lā naf‘ā(n), wallāhu huwas-samī‘ul-‘alīm(u).
[76]
Dhawuha (Muhammad), “Kenangapa ko padha nyembah sing seliyané Gusti Allah, sewiji-wiji sing ora bisa gawé bebaya maring ko lan ora (uga) awéh piguna? Lan Gusti Allah Maha Midhanget, Maha Ngawuningani.
قُلْ يٰٓاَهْلَ الْكِتٰبِ لَا تَغْلُوْا فِيْ دِيْنِكُمْ غَيْرَ الْحَقِّ وَلَا تَتَّبِعُوْٓا اَهْوَاۤءَ قَوْمٍ قَدْ ضَلُّوْا مِنْ قَبْلُ وَاَضَلُّوْا كَثِيْرًا وَّضَلُّوْا عَنْ سَوَاۤءِ السَّبِيْلِ ࣖ٧٧
Qul yā ahlal-kitābi lā taglū fī dīnikum gairal-ḥaqqi wa lā tattabi‘ū ahwā'a qaumin qad ḍallū min qablu wa aḍallū kaṡīraw wa ḍallū ‘an sawā'is-sabīl(i).
[77]
Dhawuha (Muhammad), “Hé Ahli Kitab! Aja nganti ko padha kelewihen kanthi cara sing ora bener sejeroné (nglakoni) agamamu. Lan aja nganti ko padha mélu maring karepé wong-wong sing wis padha kesasar gemiyén lan (wis) padha nyasarna akéh (menungsa), lan wong-wong mau dhéwék kesasar sekang dalan sing jejeg.”
لُعِنَ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا مِنْۢ بَنِيْٓ اِسْرَاۤءِيْلَ عَلٰى لِسَانِ دَاوٗدَ وَعِيْسَى ابْنِ مَرْيَمَ ۗذٰلِكَ بِمَا عَصَوْا وَّكَانُوْا يَعْتَدُوْنَ٧٨
Lu‘inal-lażīna kafarū mim banī isrā'īla ‘alā lisāni dāwūda wa ‘īsabni maryam(a), żālika bimā ‘aṣaw wa kānū ya‘tadūn(a).
[78]
Wong-wong kapir sekang Bani Israil wis désupatani liwat lésan (ucapané) Dawud lan Isa putrané Maryam. Sing kaya kuwé mau merga dhéwéké padha duraka lan tansah ngliwati wates.
كَانُوْا لَا يَتَنَاهَوْنَ عَنْ مُّنْكَرٍ فَعَلُوْهُۗ لَبِئْسَ مَا كَانُوْا يَفْعَلُوْنَ٧٩
Kānū lā yatanāhauna ‘am munkarin fa‘alūh(u), labi'sa mā kānū yaf‘alūn(a).
[79]
Wong-wong mau ora cegah-cinegah neng penggawé mungkar sing tansah dhéwéké padha lakoni. Temen, banget alané apa sing dhéwéké padha pergawé.
تَرٰى كَثِيْرًا مِّنْهُمْ يَتَوَلَّوْنَ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا ۗ لَبِئْسَ مَا قَدَّمَتْ لَهُمْ اَنْفُسُهُمْ اَنْ سَخِطَ اللّٰهُ عَلَيْهِمْ وَفِى الْعَذَابِ هُمْ خٰلِدُوْنَ٨٠
Tarā kaṡīram minhum yatawallaunal-lażīna kafarū, labi'sa mā qaddamat lahum anfusuhum an sakhiṭallāhu ‘alaihim wa fil ‘ażābi hum khālidūn(a).
[80]
Ko padha weruh akéh neng antarané wong-wong mau lung-tinulung karo wong-wong kapir (musrik). Temen, banget alané apa sing wong-wong mau lakoni tumrap awaké dhéwék, yakuwé benduné Gusti Allah, lan dhéwéké kabéh bakal langgeng neng sejeroné siksa.
وَلَوْ كَانُوْا يُؤْمِنُوْنَ بِاللّٰهِ وَالنَّبِيِّ وَمَآ اُنْزِلَ اِلَيْهِ مَا اتَّخَذُوْهُمْ اَوْلِيَاۤءَ وَلٰكِنَّ كَثِيْرًا مِّنْهُمْ فٰسِقُوْنَ٨١
Wa lau kānū yu'minūna billāhi wan-nabiyyi wa mā unzila ilaihi mattakhażūhum auliyā'a wa lākinna kaṡīram minhum fāsiqūn(a).
[81]
Lan sekirané wong-wong mau padha precaya maring Gusti Allah, maring Nabi (Muhammad) lan maring apa sing déturunakem maring slirane, mesthi dhéwéké kabéh ora bakal ndadékna wong musrik kuwé kanca raket. Ning akéh neng antarané dhéwéké kabéh wong-wong sing pasék.
۞ لَتَجِدَنَّ اَشَدَّ النَّاسِ عَدَاوَةً لِّلَّذِيْنَ اٰمَنُوا الْيَهُوْدَ وَالَّذِيْنَ اَشْرَكُوْاۚ وَلَتَجِدَنَّ اَقْرَبَهُمْ مَّوَدَّةً لِّلَّذِيْنَ اٰمَنُوا الَّذِيْنَ قَالُوْٓا اِنَّا نَصٰرٰىۗ ذٰلِكَ بِاَنَّ مِنْهُمْ قِسِّيْسِيْنَ وَرُهْبَانًا وَّاَنَّهُمْ لَا يَسْتَكْبِرُوْنَ ۔٨٢
Latajidanna asyaddan-nāsi ‘adāwatal lil-lażīna āmanul-yahūda wal-lażīna asyrakū, wa latajidanna aqrabahum mawaddatal lil-lażīna āmanul-lażīna qālū innā naṣārā, żālika bi'anna minhum qissīsīna wa ruhbānaw wa annahum lā yastakbirūn(a).
[82]
Mesthi bakal ko kabéh temokna wong sing paling nemen goli mungsuhi maring wong-wong sing padha precaya, yakuwé wong-wong Yahudi lan wong-wong musrik. Lan mesthi bakal ko kabéh temokna wong sing paling pérek kekancanané karo wong-wong sing padha precaya, yakuwé wong-wong sing ngucap, “Setemené inyong kabéh kiyé wong Nasrani.” Sing kaya kuwé mau merga neng antarané dhéwéké kabéh ana para pendhita lan para rahib (uga) merga wong-wong mau ora padha ngagul-agulna awaké dhéwék.
وَاِذَا سَمِعُوْا مَآ اُنْزِلَ اِلَى الرَّسُوْلِ تَرٰٓى اَعْيُنَهُمْ تَفِيْضُ مِنَ الدَّمْعِ مِمَّا عَرَفُوْا مِنَ الْحَقِّۚ يَقُوْلُوْنَ رَبَّنَآ اٰمَنَّا فَاكْتُبْنَا مَعَ الشّٰهِدِيْنَ٨٣
Wa iżā sami‘ū mā unzila ilar-rasūli tarā a‘yunahum tafīḍu minad-dam‘i mimmā ‘arafū minal-ḥaqq(i), yaqūlūna rabbanā āmannā faktubnā ma‘asy-syāhidīn(a).
[83]
Lan angger wong-wong mau padha ngrungokna apa (Al-Qur’an) sing déturunaken maring Utusan (Muhammad), ko kabéh weruh mripaté wong-wong mau padha mrebes mili (nétésna luh), merga bebener sing wis padha dhéwéké kawruhi (sekang kitab-kitabé wong-wong mau dhéwék) karo ngucap, “Dhuh Pengéran, kula sami empun precaya, mangka mugi Penjenengan kersa nyathet kula sami sesarengan tiyang-tiyang ingkang dados seksi (leresé Al-Qur’an lan kenabian Muhammad).
وَمَا لَنَا لَا نُؤْمِنُ بِاللّٰهِ وَمَا جَاۤءَنَا مِنَ الْحَقِّۙ وَنَطْمَعُ اَنْ يُّدْخِلَنَا رَبُّنَا مَعَ الْقَوْمِ الصّٰلِحِيْنَ٨٤
Wa mā lanā lā nu'minu billāhi wa mā jā'anā minal-ḥaqq(i), wa naṭma‘u ay yudkhilanā rabbunā ma‘al-qaumiṣ-ṣāliḥīn(a).
[84]
Lan kenging napa kula sami mboten ajeng pitados dhateng Gusti Allah lan dhateng leleres ingkang dugi dhateng kula sedaya, mangkane kula sami sanget kepéngin supados Pengéran nglebetaken kula sedaya dhateng golongan tiyang-tiyang ingkang saé (saléh).”
فَاَثَابَهُمُ اللّٰهُ بِمَا قَالُوْا جَنّٰتٍ تَجْرِيْ مِنْ تَحْتِهَا الْاَنْهٰرُ خٰلِدِيْنَ فِيْهَاۗ وَذٰلِكَ جَزَاۤءُ الْمُحْسِنِيْنَ٨٥
Fa aṡābahumullāhu bimā qālū jannātin tajrī min taḥtihal-anhāru khālidīna fīhā, wa żālika jazā'ul-muḥsinīn(a).
[85]
Mangka Gusti Allah paring ganjaran maring wong-wong mau merga pengucap sing wis dhéwéké kabéh ucapna, (yakuwé) suwarga sing neng ngisoré mili kali-kali. Wong-wong mau langgeng neng njeroné. Lan kuwé mau piwales (nggo) wong sing gawé kebagusan.
وَالَّذِيْنَ كَفَرُوْا وَكَذَّبُوْا بِاٰيٰتِنَآ اُولٰۤىِٕكَ اَصْحٰبُ الْجَحِيْمِ ࣖ٨٦
Wal-lażīna kafarū wa każżabū bi'āyātinā ulā'ika aṣḥābul-jaḥīm(i).
[86]
Lan wong-wong sing kapir, lan padha nggorohna ayat-ayat-É Ingsun, dhéwéké kabéh kuwé panggonané neng neraka.
يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا لَا تُحَرِّمُوْا طَيِّبٰتِ مَآ اَحَلَّ اللّٰهُ لَكُمْ وَلَا تَعْتَدُوْا ۗاِنَّ اللّٰهَ لَا يُحِبُّ الْمُعْتَدِيْنَ٨٧
Yā ayyuhal-lażīna āmanū lā tuḥarrimū ṭayyibāti mā aḥallallāhu lakum wa lā ta‘tadū, innallāha lā yuḥibbul-mu‘tadīn(a).
[87]
Hé wong-wong sing padha precaya! Aja nganti ko kabéh ngaramna (nglarang) apa sing apik sing wis déhalalna (déparengna déning) Gusti Allah ingatasé ko kabéh, lan ko aja padha ngliwati wates. Setemené Gusti Allah ora karenan maring wong-wong sing ngliwati wates.
وَكُلُوْا مِمَّا رَزَقَكُمُ اللّٰهُ حَلٰلًا طَيِّبًا ۖوَّاتَّقُوا اللّٰهَ الَّذِيْٓ اَنْتُمْ بِهٖ مُؤْمِنُوْنَ٨٨
Wa kulū mimmā razaqakumullāhu ḥalālan ṭayyibā(n), wattaqullāhal-lażī antum bihī mu'minūn(a).
[88]
Lan padha mangana sekang apa sing wis déparingna déning Gusti Allah maring ko kabéh minangka rejeki sing halal lan apik. Lan padha semaraha (takwa) maring Gusti Allah sing ko kabéh padha precaya maring Penjenengané.
لَا يُؤَاخِذُكُمُ اللّٰهُ بِاللَّغْوِ فِيْٓ اَيْمَانِكُمْ وَلٰكِنْ يُّؤَاخِذُكُمْ بِمَا عَقَّدْتُّمُ الْاَيْمَانَۚ فَكَفَّارَتُهٗٓ اِطْعَامُ عَشَرَةِ مَسٰكِيْنَ مِنْ اَوْسَطِ مَا تُطْعِمُوْنَ اَهْلِيْكُمْ اَوْ كِسْوَتُهُمْ اَوْ تَحْرِيْرُ رَقَبَةٍ ۗفَمَنْ لَّمْ يَجِدْ فَصِيَامُ ثَلٰثَةِ اَيَّامٍ ۗذٰلِكَ كَفَّارَةُ اَيْمَانِكُمْ اِذَا حَلَفْتُمْ ۗوَاحْفَظُوْٓا اَيْمَانَكُمْ ۗ كَذٰلِكَ يُبَيِّنُ اللّٰهُ لَكُمْ اٰيٰتِهٖ لَعَلَّكُمْ تَشْكُرُوْنَ٨٩
Lā yu'ākhiżukumullāhu bil-lagwi fī aimānikum wa lākiy yu'ākhiżukum bimā ‘aqqattumul-aimān(a), fa kaffāratuhū iṭ‘āmu ‘asyarati masākīna min ausaṭi mā tuṭ‘imūna ahlīkum au kiswatuhum au taḥrīru raqabah(tin), famal lam yajid fa ṣiyāmu ṡalāṡati ayyām(in), żālika kaffāratu aimānikum iżā ḥalaftum, waḥfaẓū aimānakum, każālika yubayyinullāhu lakum āyātihī la‘allakum tasykurūn(a).
[89]
Gusti Allah ora ngukum (nyiksa) ko kabéh merga sumpah-sumpahmu sing ora désengaja (kanggo sumpah), ning Penjenengané nyiksa ko kabéh merga sumpah-sumpah sing ko padha sengaja, mangka kafarat-É (dhenda nglanggar sumpah) awéh panganan maring wong miskin sepuluh, yakuwé sekang panganan sing biasa ko kabéh wéhna maring keluwargamu, utawa awéh maring wong-wong mau sandhangan utawa mbébasna batur-tukon (budak) siji. Sapa wongé ora sanggup nglakoni, mangka (tebusané) puasa telung dina. Kuwé mau tebusané sumpah-sumpahmu angger ko padha sumpah. Lan reksanen sumpahmu. Kaya kuwé mau Gusti Allah olihé nerangna hukum-hukum-É maring ko kabéh supayané ko padha kesuwun (maring Penjenengan-É).
يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْٓا اِنَّمَا الْخَمْرُ وَالْمَيْسِرُ وَالْاَنْصَابُ وَالْاَزْلَامُ رِجْسٌ مِّنْ عَمَلِ الشَّيْطٰنِ فَاجْتَنِبُوْهُ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ٩٠
Yā ayyuhal-lażīna āmanū innamal-khamru wal-maisiru wal-anṣābu wal-azlāmu rijsum min ‘amalisy-syaiṭāni fajtanibūhu la‘allakum tufliḥūn(a).
[90]
Hé wong-wong sing padha precaya! Setemené inuman muroni (ciu lan liyané), main kertu, (sajen nggo) brehala, lan ngogan (ngundi nasib) karo jemparing (panah), kuwé penggawéyan clemer lan klebu lakuné sétan. Mangka padha dohana (lakon-lakon) kuwé supayané ko padha begya.
اِنَّمَا يُرِيْدُ الشَّيْطٰنُ اَنْ يُّوْقِعَ بَيْنَكُمُ الْعَدَاوَةَ وَالْبَغْضَاۤءَ فِى الْخَمْرِ وَالْمَيْسِرِ وَيَصُدَّكُمْ عَنْ ذِكْرِ اللّٰهِ وَعَنِ الصَّلٰوةِ فَهَلْ اَنْتُمْ مُّنْتَهُوْنَ٩١
Innamā yurīdusy-syaiṭānu ay yūqi‘a bainakumul-‘adāwata wal-bagḍā'a fil-khamri wal-maisiri wa yaṣuddakum ‘an żikrillāhi wa ‘aniṣ-ṣalāti fahal antum muntahūn(a).
[91]
Kanthi inuman muroni lan main kertu mau, sétan mung kepéngin nuwuhna memungsuhan lan sesatron neng antarané ko kabéh lan nyegah ko kabéh sekang éling maring Gusti Allah lan ngleksanakna sembayang, mangka apa ko kabéh ora padha gelem lérén?
وَاَطِيْعُوا اللّٰهَ وَاَطِيْعُوا الرَّسُوْلَ وَاحْذَرُوْا ۚفَاِنْ تَوَلَّيْتُمْ فَاعْلَمُوْٓا اَنَّمَا عَلٰى رَسُوْلِنَا الْبَلٰغُ الْمُبِيْنُ٩٢
Wa aṭī‘ullāha wa aṭī‘ur-rasūla waḥżarū, fa in tawallaitum fa‘lamū annamā ‘alā rasūlinal-balāgul-mubīn(u).
[92]
Lan padha manuta ko kabéh maring Gusti Allah lan manuta ko kabéh marig Utusan lan padha ngati-atia. Angger ko padha mléngos mangka ngertia lamon kewajiban Utusané Ingsun mung mbutulna (amanah) kanthi terang.
لَيْسَ عَلَى الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَعَمِلُوا الصّٰلِحٰتِ جُنَاحٌ فِيْمَا طَعِمُوْٓا اِذَا مَا اتَّقَوْا وَّاٰمَنُوْا وَعَمِلُوا الصّٰلِحٰتِ ثُمَّ اتَّقَوْا وَّاٰمَنُوْا ثُمَّ اتَّقَوْا وَّاَحْسَنُوْا ۗوَاللّٰهُ يُحِبُّ الْمُحْسِنِيْنَ ࣖ٩٣
Laisa ‘alal-lażīna āmanū wa ‘amiluṣ-ṣāliḥāti ṡummattaqau wa āmanū ṡummattaqau wa aḥsanū, wallāhu yuḥibbul-muḥsinīn(a).
[93]
Ora dosa tumrapé wong-wong sing precaya lan nglakoni kebagusan ingatasé apa sing dhéwéké kabéh pangan (gemiyén) angger wong-wong mau semarah lan precaya, lan nglakoni kebagusan, banjur dhéwéké kabéh tetep semarah lan precaya, banjur wong-wong mau (tetep uga) semarah lan gawé kebagusan. Lan Gusti Allah karenan maring wong-wong sing gawé kebagusan.
يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا لَيَبْلُوَنَّكُمُ اللّٰهُ بِشَيْءٍ مِّنَ الصَّيْدِ تَنَالُهٗٓ اَيْدِيْكُمْ وَرِمَاحُكُمْ لِيَعْلَمَ اللّٰهُ مَنْ يَّخَافُهٗ بِالْغَيْبِۚ فَمَنِ اعْتَدٰى بَعْدَ ذٰلِكَ فَلَهٗ عَذَابٌ اَلِيْمٌ٩٤
Yā ayyuhal-lażīna āmanū layabluwannakumullāhu bisyai'im minaṣ-ṣaidi tanāluhū aidīkum wa rimāḥukum liya‘lamallāhu may yakhāfuhū bil-gaib(i), fa mani‘tadā ba‘da żālika fa lahū ‘ażābun alīm(un).
[94]
Hé wong-wong sing padha precaya! Gusti Allah mesthi bakal nguji ko kabéh kanthi héwan buron sing kanthi gampang ko kabéh pekolih karo tangan lan tumbakmu, supaya-né Gusti Allah priksa sapa sing wedi maring Penjenengané, senajan dhéwéké ora weruh Penjenengané. Sapa wongé ngliwati wates sewisé kuwé, mangka dhéwéké bakal olih siksa sing perih.
يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا لَا تَقْتُلُوا الصَّيْدَ وَاَنْتُمْ حُرُمٌ ۗوَمَنْ قَتَلَهٗ مِنْكُمْ مُّتَعَمِّدًا فَجَزَۤاءٌ مِّثْلُ مَا قَتَلَ مِنَ النَّعَمِ يَحْكُمُ بِهٖ ذَوَا عَدْلٍ مِّنْكُمْ هَدْيًاۢ بٰلِغَ الْكَعْبَةِ اَوْ كَفَّارَةٌ طَعَامُ مَسٰكِيْنَ اَوْ عَدْلُ ذٰلِكَ صِيَامًا لِّيَذُوْقَ وَبَالَ اَمْرِهٖ ۗعَفَا اللّٰهُ عَمَّا سَلَفَ ۗوَمَنْ عَادَ فَيَنْتَقِمُ اللّٰهُ مِنْهُ ۗوَاللّٰهُ عَزِيْزٌ ذُو انْتِقَامٍ٩٥
Yā ayyuhal-lażīna āmanū lā taqtuluṣ-ṣaida wa antum ḥurum(un), wa man qatalahū minkum muta‘ammidan fa jazā'um miṡlu mā qatala minan-na‘ami yaḥkumu bihī żawā ‘adlim minkum hadyam bāligal-ka‘bati au kaffāratun ṭa‘āmu masākīna au ‘adlu żālika ṣiyāmal liyażūqa wabāla amrih(ī), ‘afallāhu ‘ammā salaf(a), wa man ‘āda fa yantaqimullāhu minh(u), wallāhu ‘azīzun żuntiqām(in).
[95]
Hé wong-wong sing padha precaya! Aja nganti ko kabéh maténi kéwan buron, 290 rikala ko lagi padha nglakoni ihram (haji utawa umroh). Sapa wongé neng antarané ko kabéh maténi (kéwan kuwé) kanthi sengaja mangka dhendhané yakuwé ngganti karo kéwan ingon sing setimbang karo buron sing dépaténi, manut putusané wong loro sing adil neng antarané ko kabéh minangka hadyu (pisungsun) sing dégawa maring Ka’bah, 291 utawa kafarat (mbayar tebusan kanthi) awéh panganan maring wong-wong miskin, 292 utawa puasa, setimbang karo panganan sing détokna kuwé, 293 supayané dhéwéké ngrasakna akibat alané kelakuané. Gusti Allah wis ngampura apa sing wis keliwat. 294 Lan sapa wongé bali nglakoni keluputan mau, mesthi Gusti Allah bakal nyiksa dhéwéké. Lan Gusti Allah Mahadigdaya, kagungan (kuwasa nggo) paring siksa.
290) Kéwan buron padha sing olih dépangan utawa ora, kejaba manuk gaok, manuk dok, ketunggéng, sremet lan asu galak. Neng sewiji riwayat klebu uga ula.
291) Sing dégawa nganti butul tanah haram nggo désembeléh neng kono lan dagingé déwéhna maring fakir miskin.
292) Sepadhané karo rega kéwan ingon nggenténi kéwan sing dépaténi kuwé.
293) Puasa sing jumlah dinané seakéhé mud (takeran) sing déwéhna maring fakir miskin, serega kéwan sing dépaténi, carané wong siji fakir miskin olih siji mud (luwih kurang 6,5 ons).
294) Maténi kéwan seurungé temurun ayat sing ngaramna kiyé.
اُحِلَّ لَكُمْ صَيْدُ الْبَحْرِ وَطَعَامُهٗ مَتَاعًا لَّكُمْ وَلِلسَّيَّارَةِ ۚوَحُرِّمَ عَلَيْكُمْ صَيْدُ الْبَرِّ مَا دُمْتُمْ حُرُمًا ۗوَاتَّقُوا اللّٰهَ الَّذِيْٓ اِلَيْهِ تُحْشَرُوْنَ٩٦
Uḥilla lakum ṣaidul-baḥri wa ṭa‘āmuhū matā‘al lakum wa lis-sayyārah(ti), wa ḥurrima ‘alaikum ṣaidul-barri mā dumtum ḥurumā(n), wattaqullāhal-lażī ilaihi tuḥsyarūn(a).
[96]
Déhalalna (déparengna) tumrap ko kabéh kéwan buron segara 295 lan panganan (sing asalé) sekang segara 296 minangka panganan sing enak nggo ko kabéh, lan nggo wong-wong sing lagi neng lelungan; lan déharam-na (ora kepareng) nggo ko kabéh (buru) kéwan dharat, sedawané ko padha lagi ihram. Lan padha semaraha maring Gusti Allah sing maringi Penjenengané ko kabéh bakal dékumpulna (bali).
295) Kéwan buron segara sing olihé nganggo dalan usaha kayadéné mancing, njaring lan sepadhané. Klebu pengertén segara yakuwé kali, tlaga, blumbang lan sepadhané.
296) Iwak utawa kéwan segara sing goli olih kanthi gampang merga wis mati kemambang utawa nggletak neng kisik segara lan sepadhané.
۞ جَعَلَ اللّٰهُ الْكَعْبَةَ الْبَيْتَ الْحَرَامَ قِيٰمًا لِّلنَّاسِ وَالشَّهْرَ الْحَرَامَ وَالْهَدْيَ وَالْقَلَاۤىِٕدَ ۗذٰلِكَ لِتَعْلَمُوْٓا اَنَّ اللّٰهَ يَعْلَمُ مَا فِى السَّمٰوٰتِ وَمَا فِى الْاَرْضِۙ وَاَنَّ اللّٰهَ بِكُلِّ شَيْءٍ عَلِيْمٌ٩٧
Ja‘alallāhul-ka‘batal-baital-ḥarāma qiyāmal lin-nāsi wasy-syahral-ḥarāma wal-hadya wal-qalā'id(a), żālika lita‘lamū annallāha ya‘lamu mā fis-samāwāti wa mā fil-arḍ(i), wa annallāha bikulli syai'in ‘alīm(un).
[97]
Gusti Allah wis ndadékna Ka’bah, umah suci panggonané menungsa padha kumpul. 297 Kaya kuwé uga wulan haram, hadyu lan qalaid. Sing kaya kuwé mau supayané ko kabéh ngerténi lamon Gusti Allah Ngawuningani apa sing ana neng langit lan apa sing ana neng bumi, lan lamon Gusti Allah Maha Ngawuningani ingatasé samubarang kabéh.
297) Ka’bah lan seubengé dadi panggonan sing aman tumrapé menungsa nggo nglakoni urusan-urusan sing ana gandhéng-cenengé karo dunya lan akhérat, lan pusaté ngibadah haji.
اِعْلَمُوْٓا اَنَّ اللّٰهَ شَدِيْدُ الْعِقَابِۙ وَاَنَّ اللّٰهَ غَفُوْرٌ رَّحِيْمٌۗ٩٨
I‘lamū annallāha syadīdul-‘iqāb(i), wa annallāha gafūrur raḥīm(un).
[98]
Ngertia (ko kabéh), setemené Gusti Allah banget keras siksané lan setemené Gusti Allah Maha Ngampura, Mahaasih.
مَا عَلَى الرَّسُوْلِ اِلَّا الْبَلٰغُ ۗوَاللّٰهُ يَعْلَمُ مَا تُبْدُوْنَ وَمَا تَكْتُمُوْنَ٩٩
Mā ‘alar-rasūli illal-balāg(u),wallāhu ya‘lamu mā tubdūna wa mā taktumūn(a).
[99]
Kewajibané Utusan ora liya mung mbutulna (amanaté Gusti Allah), lan Gusti Allah mriksani apa sing ko kabéh edhéngna lan apa sing ko kabéh umpetna.
قُلْ لَّا يَسْتَوِى الْخَبِيْثُ وَالطَّيِّبُ وَلَوْ اَعْجَبَكَ كَثْرَةُ الْخَبِيْثِۚ فَاتَّقُوا اللّٰهَ يٰٓاُولِى الْاَلْبَابِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ ࣖ١٠٠
Qul lā yastawil-khabīṡu waṭ-ṭayyibu wa lau a‘jabaka kaṡratul-khabīṡ(i), fattaqullāha yā ulil-albābi la‘allakum tufliḥūn(a).
[100]
Dhawuha (Muhammad), “Ora padha sing ala karo sing apik, senajan akéh-akehé sing ala kuwé nyenengna atimu, mangka padha semaraha maring Gusti Allah, hé wong-wong sing duwé nalar waras, supayané ko padha begya.
يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا لَا تَسْـَٔلُوْا عَنْ اَشْيَاۤءَ اِنْ تُبْدَ لَكُمْ تَسُؤْكُمْ ۚوَاِنْ تَسْـَٔلُوْا عَنْهَا حِيْنَ يُنَزَّلُ الْقُرْاٰنُ تُبْدَ لَكُمْ ۗعَفَا اللّٰهُ عَنْهَا ۗوَاللّٰهُ غَفُوْرٌ حَلِيْمٌ١٠١
Yā ayyuhal-lażīna āmanū lā tas'alū ‘an asy-yā'a in tubda lakum tasu'kum, wa in tas'alū ‘anhā ḥīna yunazzalul-qur'ānu tubda lakum, afallāhu ‘anhā, wallāhu gafūrun ḥalīm(un).
[101]
Hé wong-wong sing padha precaya! Aja nganti ko padha takon (maring nabimu) prékara-prékara sing angger déterangna maring ko kabéh (malah) ndadékna ko padha susah. Angger ko kabéh takon rikala Al-Qur’an lagi déturunaken, (mesthi) bakal déterangna maring ko kabéh. Gusti Allah wis ngampura (ko kabéh) ngenani pitakonan kuwé. Lan Gusti Allah Maha Ngampura, Mahaaris.
قَدْ سَاَلَهَا قَوْمٌ مِّنْ قَبْلِكُمْ ثُمَّ اَصْبَحُوْا بِهَا كٰفِرِيْنَ١٠٢
Qad sa'alahā qaumum min qablikum ṡumma aṣbaḥū bihā kāfirīn(a).
[102]
Setemené seurungé ko kabéh wis ana segolongan menungsa sing takon prékara-prékara kaya kuwé (maring nabiné), banjur wong-wong mau padha dadi kapir.
مَا جَعَلَ اللّٰهُ مِنْۢ بَحِيْرَةٍ وَّلَا سَاۤىِٕبَةٍ وَّلَا وَصِيْلَةٍ وَّلَا حَامٍ ۙوَّلٰكِنَّ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا يَفْتَرُوْنَ عَلَى اللّٰهِ الْكَذِبَۗ وَاَكْثَرُهُمْ لَا يَعْقِلُوْنَ١٠٣
Mā ja‘alallāhu mim baḥīratiw wa lā sā'ibatiw wa lā waṣīlatiw wa lā ḥām(in), wa lākinnal-lażīna kafarū yaftarūna ‘alallāhil-każib(a), wa akṡaruhum lā ya‘qilūn(a).
[103]
Gusti Allah ora tau nyaréngatna anané Bahirah, 298 Sa’ibah, 299 Wasilah, 300 lan Ham. 301 Ning wong-wong kapir gawé-gawé penggorohan ingatasé Gusti Allah, lan akéh-akéhé wong-wong mau padha ora nalar (ora ngerténi).
298) Bahirah: onta wadon sing wis manak ping lima lan anak sing nomer lima kuwé lanang. Banjur onta wadon kuwé déiris kupingé, déumbar, ora kena détunggangi maning lan ora kena déjikot banyu susuné.
299) Sa’ibah: onta wadon sing déjorna lunga maring endi baé merga sawijiné nadar, kaya dené, angger sewijiné wong Arab jahiliyah arep nglakoni sawiji-wiji utawa lelungan sing ngrekasa, mangka dhéwéké biasané gawé nadar arep ndadékna ontané sa’ibah angger maksudé utawa lelungané kasil lan slamet.
300) Washilah: sewiji wedhus gémbél wadon manak kembar lanang lan wadon, mangka sing lanang kiyé déarani wasilah, ora kena désembeléh lan kudu dépasrahna maring brehala.
301) Ham: onta lanang sing ora kena déganggu-ganggu maning, merga wis bisa gawé meteng onta wadon ping sepuluh. Perlakon maring bahirah, saibah, wasilah, lan ham kiyé kepercayané wong Arab jahiliyah.
وَاِذَا قِيْلَ لَهُمْ تَعَالَوْا اِلٰى مَآ اَنْزَلَ اللّٰهُ وَاِلَى الرَّسُوْلِ قَالُوْا حَسْبُنَا مَا وَجَدْنَا عَلَيْهِ اٰبَاۤءَنَا ۗ اَوَلَوْ كَانَ اٰبَاۤؤُهُمْ لَا يَعْلَمُوْنَ شَيْـًٔا وَّلَا يَهْتَدُوْنَ١٠٤
Wa iżā qīla lahum ta‘ālau ilā mā anzalallāhu wa ilar-rasūli qālū ḥasbunā mā wajadnā ‘alaihi ābā'anā, awalau kāna ābā'uhum lā ya‘lamūna syai'aw wa lā yahtadūn(a).
[104]
Lan angger déucapna maring wong-wong mau, “Mayuh (ngetutna) apa sing déturuna-ken déning Gusti Allah lan (ngetutna) Utusan.” Dhéwéké kabéh semaur, “(Wis) cukup tumrapé inyong kabéh apa sing inyong pekolih sekang kaki-nininé inyong (nglakoniné).” Apa (dhéwéké kabéh arep ngetutna) uga para kaki-nininé senajan para kaki-nininé kuwé ora ngawéruhi apa-apa lan ora (uga) olih pitudhuh?
يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا عَلَيْكُمْ اَنْفُسَكُمْ ۚ لَا يَضُرُّكُمْ مَّنْ ضَلَّ اِذَا اهْتَدَيْتُمْ ۗ اِلَى اللّٰهِ مَرْجِعُكُمْ جَمِيْعًا فَيُنَبِّئُكُمْ بِمَا كُنْتُمْ تَعْمَلُوْنَ١٠٥
Yā ayyuhal-lażīna āmanū ‘alaikum anfusakum, lā yaḍurrukum man ḍalla iżahtadaitum, ilallāhi marji‘ukum jamī‘an fa yunabbi'ukum bimā kuntum ta‘malūn(a).
[105]
Hé wong-wong sing padha precaya! Reksanen awakmu; (mergané) wong sing sasar kuwé ora bakal mbahayakna ko kabéh angger ko wis padha olih pitudhuh. Mung maring Gusti Allah ko kabéh bakal bali, banjur Penjenengané bakal nerangna maring ko kabéh apa sing wis ko padha pergawé.
يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا شَهَادَةُ بَيْنِكُمْ اِذَا حَضَرَ اَحَدَكُمُ الْمَوْتُ حِيْنَ الْوَصِيَّةِ اثْنٰنِ ذَوَا عَدْلٍ مِّنْكُمْ اَوْ اٰخَرٰنِ مِنْ غَيْرِكُمْ اِنْ اَنْتُمْ ضَرَبْتُمْ فِى الْاَرْضِ فَاَصَابَتْكُمْ مُّصِيْبَةُ الْمَوْتِۗ تَحْبِسُوْنَهُمَا مِنْۢ بَعْدِ الصَّلٰوةِ فَيُقْسِمٰنِ بِاللّٰهِ اِنِ ارْتَبْتُمْ لَا نَشْتَرِيْ بِهٖ ثَمَنًا وَّلَوْ كَانَ ذَا قُرْبٰىۙ وَلَا نَكْتُمُ شَهَادَةَ اللّٰهِ اِنَّآ اِذًا لَّمِنَ الْاٰثِمِيْنَ١٠٦
Yā ayyuhal-lażīna āmanū syahādatu bainikum iżā ḥaḍara aḥadakumul-mautu ḥīnal-waṣiyyatiṡnāni żawā ‘adlim minkum au ākharāni min gairikum in antum ḍarabtum fil-arḍi fa aṣābatkum muṣībatul-maut(i), taḥbisūnahumā mim ba‘diṣ-ṣalāti fa yuqsimāni billāhi inirtabtum lā nasytarī bihī ṡamanaw wa lau kāna żā qurbā, wa lā naktumu syahādatallāhi innā iżal laminal-āṡimīn(a).
[106]
Hé wong-wong sing padha precaya! Angger sewijiné wong (neng antarané) ko kabéh ngadhepi pati, mangkané dhéwéké arep gawé wasiyat, mangka preyoga (wasiyat kuwé) nganggo seksi wong loro sing adil neng antarané ko kabéh, utawa wong loro sing séjén (agama) karo ko kabéh. Angger ko kabéh ana neng sejeroné lelungan neng bumi, banjur ko kenang bebaya pati, preyoga ko padha ngendheg seksi loro kuwé sewisé sembayang, supayané seksi loro mau désumpah kanthi asmané Gusti Allah angger ko padha mamang. “Sekawit Allah inyong kabéh padha ora arep ngarah bathi kanthi sumpah kiyé, senajan dhéwéké klebu sanak, lan inyong padha ora ngumpetna persekséné Gusti Allah; setemené angger kaya kuwé mesthi inyong padha klebu wong-wong sing dosa.”
فَاِنْ عُثِرَ عَلٰٓى اَنَّهُمَا اسْتَحَقَّآ اِثْمًا فَاٰخَرٰنِ يَقُوْمٰنِ مَقَامَهُمَا مِنَ الَّذِيْنَ اسْتَحَقَّ عَلَيْهِمُ الْاَوْلَيٰنِ فَيُقْسِمٰنِ بِاللّٰهِ لَشَهَادَتُنَآ اَحَقُّ مِنْ شَهَادَتِهِمَا وَمَا اعْتَدَيْنَآ ۖاِنَّآ اِذًا لَّمِنَ الظّٰلِمِيْنَ١٠٧
Fa in ‘uṡira ‘alā annahumastaḥaqqā iṡman fa ākharāni yaqūmāni maqāmahumā minal-lażīnastaḥaqqa ‘alaihimul-aulayāni fa yuqsimāni billāhi lasyahādatunā aḥaqqu min syahādatihimā wa ma‘tadainā, innā iżal laminaẓ-ẓālimīn(a).
[107]
Angger kebukti seksi loro kuwé mergawé dosa 302 mangka wong loro sing seliyané ngganti seksi loro mau, yakuwé sekang antarané ahli waris sing lewih pérek maring wong sing mati, mangka wong loro mau désumpah kanthi asmané Gusti Allah. “Temen, persekséné inyong kabéh lewih pantes détampa tenimbang persekséné seksi loro mau, lan inyong padha ora nglanggar wates. Setemené angger inyong padha nglakoni kaya kuwé mesthi inyong padha klebu wong-wong aniaya (dolim).
302) Nglakoni cidra (ora bares) neng persekséné dhéwéké lan kiyé nembé konangan sewisé dhéwéké nglakoni sumpah.
ذٰلِكَ اَدْنٰٓى اَنْ يَّأْتُوْا بِالشَّهَادَةِ عَلٰى وَجْهِهَآ اَوْ يَخَافُوْٓا اَنْ تُرَدَّ اَيْمَانٌۢ بَعْدَ اَيْمَانِهِمْۗ وَاتَّقُوا اللّٰهَ وَاسْمَعُوْا ۗوَاللّٰهُ لَا يَهْدِى الْقَوْمَ الْفٰسِقِيْنَ ࣖ١٠٨
Żālika adnā ay ya'tū bisy-syahādati ‘alā wajhihā au yakhāfū an turadda aimānum ba‘da aimānihim, wattaqullāha wasma‘ū, wallāhu lā yahdil qaumal-fāsiqīn(a).
[108]
Kanthi cara kuwé wong-wong mau lewih pantes awéh perseksén miturut sing sebeneré, lan dhéwéké padha krasa wedi mbok débalékna sumpahé (maring ahli warise) sewisé wong-wong mau sumpah. 303 (Padha) semaraha maring Gusti Allah lan padha derungokna (dhawuhé Gusti Allah). Lan Gusti Allah ora paring pitudhuh maring wong-wong sing pasék.
303) Sumpah kuwé débalékna, maksudé sumpahé seksi-seksi sing sejen agama kuwé détolak karo sumpahé seksi-seksi, yakuwé sekang sanak-sedulur utawa wong-wong sing sumpah kuwé bakal olih piwales neng dunya lan akhérat, merga nglakoni sumpah palsu.
۞ يَوْمَ يَجْمَعُ اللّٰهُ الرُّسُلَ فَيَقُوْلُ مَاذَٓا اُجِبْتُمْ ۗ قَالُوْا لَا عِلْمَ لَنَا ۗاِنَّكَ اَنْتَ عَلَّامُ الْغُيُوْبِ١٠٩
Yauma yajma‘ullāhur-rusula fa yaqūlu māżā ujibtum, qālū lā ‘ilma lanā, innaka anta ‘allāmul-guyūb(i).
[109]
(Élinga) maring dina rikala Gusti Allah ngumpulna para utusan, banjur Penjenengan mundhut priksa (maring para utusan mau), “Apa jawabané (kaummu) ingatasé (pengajék-ajék)mu?” Kiyambeké kabéh (para utusan) atur jawab, “Kula sami mboten ngertos (perkawis niku). Sejatosi-pun Penjenengan ingkang Maha Mangertos dhateng sedaya ingkang samar (gaib).”
اِذْ قَالَ اللّٰهُ يٰعِيْسَى ابْنَ مَرْيَمَ اذْكُرْ نِعْمَتِيْ عَلَيْكَ وَعَلٰى وَالِدَتِكَ ۘاِذْ اَيَّدْتُّكَ بِرُوْحِ الْقُدُسِۗ تُكَلِّمُ النَّاسَ فِى الْمَهْدِ وَكَهْلًا ۚوَاِذْ عَلَّمْتُكَ الْكِتٰبَ وَالْحِكْمَةَ وَالتَّوْرٰىةَ وَالْاِنْجِيْلَ ۚوَاِذْ تَخْلُقُ مِنَ الطِّيْنِ كَهَيْـَٔةِ الطَّيْرِ بِاِذْنِيْ فَتَنْفُخُ فِيْهَا فَتَكُوْنُ طَيْرًاۢ بِاِذْنِيْ وَتُبْرِئُ الْاَكْمَهَ وَالْاَبْرَصَ بِاِذْنِيْ ۚوَاِذْ تُخْرِجُ الْمَوْتٰى بِاِذْنِيْ ۚوَاِذْ كَفَفْتُ بَنِيْٓ اِسْرَاۤءِيْلَ عَنْكَ اِذْ جِئْتَهُمْ بِالْبَيِّنٰتِ فَقَالَ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا مِنْهُمْ اِنْ هٰذَآ اِلَّا سِحْرٌ مُّبِيْنٌ١١٠
Iż qālallāhu yā ‘īsabna maryamażkur ni‘matī ‘alaika wa ‘alā wālidatik(a), iż ayyattuka birūḥil-qudus(i), tukallimun-nāsa fil-mahdi wa kahlā(n), wa iż ‘allamtukal-kitāba wal-ḥikmata wat-taurāta wal-injīl(a), wa iż takhluqu minaṭ-ṭīni kahai'atiṭ-ṭairi bi'iżnī fa tanfukhu fīhā fa takūnu ṭairam bi'iżnī wa tubri'ul-akmaha wal-abraṣa bi'iżnī, wa iż tukhrijul-mautā bi'iżnī, wa iż kafaftu banī isrā'īla ‘anka iż ji'tahum bil-bayyināti fa qālal-lażīna kafarū minhum in hāżā illā siḥrum mubīn(un).
[110]
Lan élinga, rikala Gusti Allah dhawuh, “Hé Isa putrané Maryam! Élinga nékmaté Ingsun maring sliramu lan maring biyungmu, neng wektu Ingsun neguhna sliramu kanthi Ruhul Qudus. Sliramu bisa ngucap karo menungsa neng wektu ésih neng embanan lan sewisé diwasa. Lan élinga rikala Ingsun paring wulang nulis maring sliramu, (uga) Hikmah, Taurat lan Injil. Lan élinga rikala sliramu ngréka rupané manuk sekang lemah, kanthi idiné Ingsun, banjur sliramu damu, mangka dadi sewiji manuk (sing sebeneré) kanthi idiné Ingsun. Lan élinga rikala sliramu nambani (gawé mélék) wong sing picek kawit lair lan wong sing duwé pernyakit lepra kelawan idiné Ingsun. Lan élinga rikala sliramu ngetokna wong mati (sekang kubur dadi urip) kanthi idiné Ingsun. Lan élinga rikala Ingsun ngalang-ngalangi Bani Israil (sekang kepénginané merjaya sliramu) rikala sliramu nerangna maring dhéwéké kabéh kanthi keterangan-keterangan sing cetha, banjur wong-wong kapir neng antarané dhéwéké kabéh ngucap, “Kiyé ora liya mung sihir sing nyata.”
وَاِذْ اَوْحَيْتُ اِلَى الْحَوَارِيّٖنَ اَنْ اٰمِنُوْا بِيْ وَبِرَسُوْلِيْ ۚ قَالُوْٓا اٰمَنَّا وَاشْهَدْ بِاَنَّنَا مُسْلِمُوْنَ١١١
Wa iż auḥaitu ilal-ḥawāriyyīna an āminū bī wa birasūlī, qālū āmannā wasyhad bi'annanā muslimūn(a).
[111]
Lan (élinga) rikala Ingsun paring wisik (ilham) maring para pendhéréké Isa (kaum Hawariyah) sing setia, “Padha precayaa ko kabéh maring Ingsun lan maring Utusan-É Ingsun. Wong-wong mau padha mangsuli, “Kula sami empun precaya lan mugi seksénana (hé Utusan), bilih kula sedaya niku tiyang-tiyang ingkang sami pasrah (muslim).
اِذْ قَالَ الْحَوَارِيُّوْنَ يٰعِيْسَى ابْنَ مَرْيَمَ هَلْ يَسْتَطِيْعُ رَبُّكَ اَنْ يُّنَزِّلَ عَلَيْنَا مَاۤىِٕدَةً مِّنَ السَّمَاۤءِ ۗقَالَ اتَّقُوا اللّٰهَ اِنْ كُنْتُمْ مُّؤْمِنِيْنَ١١٢
Iż qālal-ḥawāriyyūna yā ‘īsabna maryama hal yastaṭī‘u rabbuka ay yunazzila ‘alainā mā'idatam minas-samā'(i), qālattaqullāha in kuntum mu'minīn(a).
[112]
(Élinga) rikala para pendhéréké Isa sing setia (kaum Hawariyah) padha matur, “Hé Isa putrané Maryam, apa Pengérane sliramu kersa nurunaken suguhan sekang langit nggo inyong kabéh?” Isa mangsuli, “Padha semaraha ko kabéh maring Gusti Allah angger ko padha precaya”.
قَالُوْا نُرِيْدُ اَنْ نَّأْكُلَ مِنْهَا وَتَطْمَىِٕنَّ قُلُوْبُنَا وَنَعْلَمَ اَنْ قَدْ صَدَقْتَنَا وَنَكُوْنَ عَلَيْهَا مِنَ الشّٰهِدِيْنَ١١٣
Qālū nurīdu an na'kula minhā wa taṭma'inna qulūbunā wa na‘lama an qad ṣadaqtanā wa nakūna ‘alaihā minasy-syāhidīn(a).
[113]
Wong-wong mau ngucap: “Inyong kabéh kepéngin mangan suguhan kuwé supayané tentrem atiné lan supayané inyong padha precaya lamon penjenengan kuwé wicara bener maring inyong kabéh, lan inyong padha dadi wong-wong sing nyekséni (suguhan mau).”
قَالَ عِيْسَى ابْنُ مَرْيَمَ اللّٰهُمَّ رَبَّنَآ اَنْزِلْ عَلَيْنَا مَاۤىِٕدَةً مِّنَ السَّمَاۤءِ تَكُوْنُ لَنَا عِيْدًا لِّاَوَّلِنَا وَاٰخِرِنَا وَاٰيَةً مِّنْكَ وَارْزُقْنَا وَاَنْتَ خَيْرُ الرّٰزِقِيْنَ١١٤
Qāla ‘īsabnu maryamallāhumma rabbanā anzil ‘alainā mā'idatam minas-samā'i takūnu lanā ‘īdal li'awwalinā wa ākhirinā wa āyatam minka warzuqnā wa anta khairur-rāziqīn(a).
[114]
Isa putrané Maryam nyenyuwun: “Dhuh Pengéran kula, mugi Penjenengan turunaken dhateng kula sedaya suguhan saking langit (ingkang dinten turunipun) ajeng dados dinten riyadi tumrap kula sami, nggih niku tumrap tiyang-tiyang ingkang seniki sesare-ngan kalih kula sedaya, ugi tiyang-tiyang ingkang dhateng sesampuné kula sedaya, lan dados tenger kuwaosé Penjenengan; paringana kula sedaya rejeki, lan Penjeneng-an niku sesaé-saéné ingkang paring rejeki.”
قَالَ اللّٰهُ اِنِّيْ مُنَزِّلُهَا عَلَيْكُمْ ۚ فَمَنْ يَّكْفُرْ بَعْدُ مِنْكُمْ فَاِنِّيْٓ اُعَذِّبُهٗ عَذَابًا لَّآ اُعَذِّبُهٗٓ اَحَدًا مِّنَ الْعٰلَمِيْنَ ࣖ١١٥
Qālallāhu innī munazziluhā ‘alaikum, famay yakfur ba‘du minkum fa innī u‘ażżibuhū ‘ażābal lā u‘ażzibuhū aḥadam minal-‘ālamīn(a).
[115]
Gusti Allah dhawuh: “Temen Ingsun bakal nurunaken suguhan kuwé maring ko kabéh, ning sapa wongé mbangkang (kapir) neng antarané ko kabéh sewisé (temuruné suguhan) kuwé, temen Ingsun bakal nyiksa wong mau karo siksa sing ora nglakon Ingsun tibakna maring sewiji menungsa neng antarané bangsa menungsa (neng sekabéhé ngalam).”
وَاِذْ قَالَ اللّٰهُ يٰعِيْسَى ابْنَ مَرْيَمَ ءَاَنْتَ قُلْتَ لِلنَّاسِ اتَّخِذُوْنِيْ وَاُمِّيَ اِلٰهَيْنِ مِنْ دُوْنِ اللّٰهِ ۗقَالَ سُبْحٰنَكَ مَا يَكُوْنُ لِيْٓ اَنْ اَقُوْلَ مَا لَيْسَ لِيْ بِحَقٍّ ۗاِنْ كُنْتُ قُلْتُهٗ فَقَدْ عَلِمْتَهٗ ۗتَعْلَمُ مَا فِيْ نَفْسِيْ وَلَآ اَعْلَمُ مَا فِيْ نَفْسِكَ ۗاِنَّكَ اَنْتَ عَلَّامُ الْغُيُوْبِ١١٦
Wa iż qālallāhu yā ‘īsabna maryama a'anta qulta lin-nāsittakhiżūnī wa ummiya ilāhaini min dūnillah(i), qāla subḥānaka mā yakūnu lī an aqūla mā laisa lī biḥaqq(in), in kuntu qultuhū faqad ‘alimtah(ū), ta‘lamu mā fī nafsī wa lā a‘lamu mā fī nafsik(a), innaka anta ‘allāmul-guyūb(i).
[116]
Lan (élinga) rikala Gusti Allah dhawuh: “Hé Isa putrané Maryam, apa sliramu sing ngucap maring wong-wong, dadékna inyong karo biyung inyong minangka pengéran loro seliyané Gusti Allah?” Isa semaur, “Mahasuci Penjenengan, mboten pantes tumrap kula ngucap napa ingkang sanés hak kula. Menawi kula naté ngucapaken, temtu Penjenengan mesthi empun mangertosi. Penjenengan mriksani napa ingkang wonten badan kula lan kula mboten ngertos napa ingkang wonten Penjenengan. Éstu, Penjenengan niku Ingkang Maha Mriksani sedaya ingkang kasat-mripat.”
مَا قُلْتُ لَهُمْ اِلَّا مَآ اَمَرْتَنِيْ بِهٖٓ اَنِ اعْبُدُوا اللّٰهَ رَبِّيْ وَرَبَّكُمْ ۚوَكُنْتُ عَلَيْهِمْ شَهِيْدًا مَّا دُمْتُ فِيْهِمْ ۚ فَلَمَّا تَوَفَّيْتَنِيْ كُنْتَ اَنْتَ الرَّقِيْبَ عَلَيْهِمْ ۗوَاَنْتَ عَلٰى كُلِّ شَيْءٍ شَهِيْدٌ١١٧
Mā qultu lahum illā mā amartanī bihī ani‘budullāha rabbī wa rabbakum, wa kuntu ‘alaihim syahīdam mā dumtu fīhim, falammā tawaffaitanī kunta antar-raqība ‘alaihim, wa anta ‘alā kulli syai'in syahīd(un).
[117]
Kula mboten ngucap dhateng tiyang-tiyang wau kejawi napa ingkang Penjenengan dhawuhakén dhateng kula (nggih niku), “Sembaha Gusti Allah, Pengéranku lan Pengéranmu,” lan kula dados seksi ingatasé tiyang-tiyang wau, selaminé kula wonten tengah-tengah tiyang-tiyang wau. Mangka se-empuné Penjenengan njabud nyawa kula, Penjenengan ingkang nyekséni tiyang-tiyang wau. Lan Penjenengan Ingkang Maha Nyekséni ingatasé sedaya samukawis.”
اِنْ تُعَذِّبْهُمْ فَاِنَّهُمْ عِبَادُكَ ۚوَاِنْ تَغْفِرْ لَهُمْ فَاِنَّكَ اَنْتَ الْعَزِيْزُ الْحَكِيْمُ١١٨
In tu‘ażżibhum fa innahum ‘ibāduk(a), wa in tagfir lahum fa innaka antal-‘azīzul-ḥakīm(u).
[118]
Upami Penjenengan nyiksa tiyang-tiyang wau, sejatosipun kiyambeké sedaya niku kawulané Penjenengan, lan upami Penjenengan ngapunteni tiyang-tiyang wau, sejatosipun Penjenengan Mahadigdaya, Mahawicaksana.
قَالَ اللّٰهُ هٰذَا يَوْمُ يَنْفَعُ الصّٰدِقِيْنَ صِدْقُهُمْ ۗ لَهُمْ جَنّٰتٌ تَجْرِيْ مِنْ تَحْتِهَا الْاَنْهٰرُ خٰلِدِيْنَ فِيْهَآ اَبَدًا ۗرَضِيَ اللّٰهُ عَنْهُمْ وَرَضُوْا عَنْهُ ۗذٰلِكَ الْفَوْزُ الْعَظِيْمُ١١٩
Qālallāhu hāżā yaumu yanfa‘uṣ-ṣādiqīna ṣidquhum, lahum jannātun tajrī min taḥtihal-anhāru khālidīna fīhā abadā(n), raḍiyallāhu ‘anhum wa raḍū ‘anh(u), żālikal-fauzul-‘aẓīm(u).
[119]
Gusti Allah dhawuh, “Kiyé wektuné wong-wong sing bener padha olih piguna sekang beneré. Wong-wong mau olih suwarga sing mili neng ngisoré kali-kali, dhéwéké kabéh langgeng neng njeroné selawasé. Gusti Allah karenan maring wong-wong mau, wong mau kabéh (uga) seneng maring Gusti Allah. Kuwé mau kemenangan sing agung.
لِلّٰهِ مُلْكُ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِ وَمَا فِيْهِنَّ ۗوَهُوَ عَلٰى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيْرٌ ࣖ١٢٠
Lillāhi mulkus-samāwāti wal-arḍi wa mā fīhinn(a), wa huwa ‘alā kulli syai'in qadīr(un).
[120]
Kagungané Gusti Allah praja langit lan bumi lan sekabéhané sing neng sejeroné; lan Penjenengané Mahakewasa ingatasé samubarang kabéh.