Surah Al-Hujurat
Daftar Surah
0:00
0:00
بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا لَا تُقَدِّمُوْا بَيْنَ يَدَيِ اللّٰهِ وَرَسُوْلِهٖ وَاتَّقُوا اللّٰهَ ۗاِنَّ اللّٰهَ سَمِيْعٌ عَلِيْمٌ١
Yā ayyuhal-lażīna āmanū lā tuqaddimū baina yadayillāhi wa rasūlihī wattaqullāh(a), innallāha samī‘un ‘alīm(un).
[1]
Hé wong-wong sing padha precaya! Aja pisan-pisan ko padha ndhisiti Gusti Allah lan Utusan-É 809 lan padha semaraha (takwa) maring Gusti Allah. Temen, Gusti Allah Maha Midhanget, Maha Ngawuningani.
809) Maksudé, wong-wong mukmin ora kena netepna sewiji hukum seurungé ana ketetepan sekang Gusti Allah lan Utusan-É.
يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا لَا تَرْفَعُوْٓا اَصْوَاتَكُمْ فَوْقَ صَوْتِ النَّبِيِّ وَلَا تَجْهَرُوْا لَهٗ بِالْقَوْلِ كَجَهْرِ بَعْضِكُمْ لِبَعْضٍ اَنْ تَحْبَطَ اَعْمَالُكُمْ وَاَنْتُمْ لَا تَشْعُرُوْنَ٢
Yā ayyuhal-lażīna āmanū lā tarfa‘ū aṣwātakum fauqa ṣautin-nabiyyi wa lā tajharū lahū bil-qauli kajahri ba‘ḍikum liba‘ḍin an taḥbaṭa a‘mālukum wa antum lā tasy‘urūn(a).
[2]
Hé wong-wong sing padha precaya! Aja pisan-pisan ko padha ngrosakna sewaramu nglewihi sewarané Kanjeng Nabi, lan aja pisan-pisan ngucap maring slirané kanthi sewara rosa kayadéné rosané (sewara) sebagéané ko kabéh maring sing liyané, mengko ganjaranmu bisa kebusek éwadéné ko padha ora rumangsa.
اِنَّ الَّذِيْنَ يَغُضُّوْنَ اَصْوَاتَهُمْ عِنْدَ رَسُوْلِ اللّٰهِ اُولٰۤىِٕكَ الَّذِيْنَ امْتَحَنَ اللّٰهُ قُلُوْبَهُمْ لِلتَّقْوٰىۗ لَهُمْ مَّغْفِرَةٌ وَّاَجْرٌ عَظِيْمٌ٣
Innal-lażīna yaguḍḍūna aṣwātahum ‘inda rasūlillāhi ulā'ikal-lażīnamtaḥanallāhu qulūbahum lit-taqwā, lahum magfiratuw wa ajrun ‘aẓīm(un).
[3]
Setemené wong-wong sing padha nglirihna sewarané neng sisihé Rasulullah, dhéwéké kabéh kuwé wong-wong sing wis déuji atiné déning Gusti Allah supayané padha semarah (takwa). Wong-wong kuwé bakal nampa pengampura lan ganjaran sing gedhé.
اِنَّ الَّذِيْنَ يُنَادُوْنَكَ مِنْ وَّرَاۤءِ الْحُجُرٰتِ اَكْثَرُهُمْ لَا يَعْقِلُوْنَ٤
Innal-lażīna yunādūnaka miw warā'il-ḥujurāti akṡaruhum lā ya‘qilūn(a).
[4]
Setemené wong-wong sing ngundang sliramu (Muhammad) sekang senjabané senthong(mu) kuwé akéh-akéhé wong mau padha ora ngreti.
وَلَوْ اَنَّهُمْ صَبَرُوْا حَتّٰى تَخْرُجَ اِلَيْهِمْ لَكَانَ خَيْرًا لَّهُمْ ۗوَاللّٰهُ غَفُوْرٌ رَّحِيْمٌ٥
Wa lau annahum ṣabarū ḥattā takhruja ilaihim lakāna khairal lahum, wallāhu gafūrur raḥīm(un).
[5]
Lan sekirané wong-wong kuwé padha sabar nganti sliramu metu nemoni dhéwéké, mesthi bakal lewih becik tumrap dhéwéké kabéh. Lan Gusti Allah Maha Ngampura, Mahawelas.
يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْٓا اِنْ جَاۤءَكُمْ فَاسِقٌۢ بِنَبَاٍ فَتَبَيَّنُوْٓا اَنْ تُصِيْبُوْا قَوْمًاۢ بِجَهَالَةٍ فَتُصْبِحُوْا عَلٰى مَا فَعَلْتُمْ نٰدِمِيْنَ٦
Yā ayyuhal-lażīna āmanū in jā'akum fāsiqum binaba'in fa tabayyanū an tuṣībū qaumam bijahālatin fa tuṣbiḥū ‘alā mā fa‘altum nādimīn(a).
[6]
Hé wong-wong sing padha precaya! Angger sewiji wong sing ala (pasék) teka maring ko kabéh nggawa sewiji werta, mangka detliti beneré supaya ko ora padha gawé cilaka maring sewijiné kaum merga bodhoné (ngemprahe), sing wekasané ko padha ngajogi penggawéyan kuwé.
وَاعْلَمُوْٓا اَنَّ فِيْكُمْ رَسُوْلَ اللّٰهِ ۗ لَوْ يُطِيْعُكُمْ فِيْ كَثِيْرٍ مِّنَ الْاَمْرِ لَعَنِتُّمْ وَلٰكِنَّ اللّٰهَ حَبَّبَ اِلَيْكُمُ الْاِيْمَانَ وَزَيَّنَهٗ فِيْ قُلُوْبِكُمْ وَكَرَّهَ اِلَيْكُمُ الْكُفْرَ وَالْفُسُوْقَ وَالْعِصْيَانَ ۗ اُولٰۤىِٕكَ هُمُ الرّٰشِدُوْنَۙ٧
Wa‘lamū anna fīkum rasūlallāh(i), lau yuṭī‘ukum fī kaṡīrim minal-amri la‘anittum wa lākinnallāha ḥabbaba ilaikumul-īmāna wa zayyanahū fī qulūbikum wa karraha ilaikumul-kufra wal-fusūqa wal-‘iṣyān(a), ulā'ika humur-rāsyidūn(a).
[7]
Lan padha kawruhana déning ko kabéh lamon neng tengah-tengahmu ana utusané Gusti Allah. Angger dhéwéké nuruti (kekarepan)mu neng pirang-pirang prekara mesthi ko kabéh bakal olih kesusahan. Ning Gusti Allah ndadékna ko padha seneng maring keprecayaan lan ndadékna (precaya) kuwé éndah neng atimu, lan ndadékna ko padha wadheh maring kekapiran, kepasékan, lan kedurakan. Dhéwéké kuwé wong-wong sing nuruti dalan sing jejeg,
فَضْلًا مِّنَ اللّٰهِ وَنِعْمَةً ۗوَاللّٰهُ عَلِيْمٌ حَكِيْمٌ٨
Faḍlam minallāhi wa ni‘mah(tan), wallāhu ‘alīmun ḥakīm(un).
[8]
minangka kanugrahan lan nékmat sekang Gusti Allah. Lan Gusti Allah Maha Ngawuningani, Mahawicaksana.
وَاِنْ طَاۤىِٕفَتٰنِ مِنَ الْمُؤْمِنِيْنَ اقْتَتَلُوْا فَاَصْلِحُوْا بَيْنَهُمَاۚ فَاِنْۢ بَغَتْ اِحْدٰىهُمَا عَلَى الْاُخْرٰى فَقَاتِلُوا الَّتِيْ تَبْغِيْ حَتّٰى تَفِيْۤءَ اِلٰٓى اَمْرِ اللّٰهِ ۖفَاِنْ فَاۤءَتْ فَاَصْلِحُوْا بَيْنَهُمَا بِالْعَدْلِ وَاَقْسِطُوْا ۗاِنَّ اللّٰهَ يُحِبُّ الْمُقْسِطِيْنَ٩
Wa in ṭā'ifatāni minal-mu'minīnaqtatalū fa aṣliḥū bainahumā, fa im bagat iḥdāhumā ‘alal-ukhrā fa qātilul-latī tabgī ḥattā tafī'a ilā amrillāh(i), fa in fā'at fa aṣliḥū bainahumā bil-‘adli wa aqsiṭū, innallāha yuḥibbul-muqsiṭīn(a).
[9]
Lan angger ana rong golongan wong mukmin padha perang, mangka rukunaken antarané sekloroné. Angger salah siji sekang rong golongan kuwé temindak aniaya (dolim) maring (golongan) sing liya, mangka perang-ana (golongan) sing gawé aniaya kuwé saéngga dhéwéké padha bali maring préntahé Gusti Allah. Angger golongan kuwé wis bali (maring préntahé Gusti Allah), mangka rukunaken antarané sekloroné kanthi adil, lan padha temindaka sing adil. Temen, Gusti Allah dhemen maring wong-wong sing padha temindak adil.
اِنَّمَا الْمُؤْمِنُوْنَ اِخْوَةٌ فَاَصْلِحُوْا بَيْنَ اَخَوَيْكُمْ وَاتَّقُوا اللّٰهَ لَعَلَّكُمْ تُرْحَمُوْنَ ࣖ١٠
Innamal-mu'minūna ikhwatun fa aṣliḥū baina akhawaikum wattaqullāha la‘allakum turḥamūn(a).
[10]
Setemené wong-wong mukmin kuwé padhadéné sedulur, mangka padha derukunaken antarané sekloroné sedulurmu (sing padha pesulayan) lan padha semaraha (takwa) maring Gusti Allah supaya ko kabéh olih kewelasan (rahmat).
يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا لَا يَسْخَرْ قَوْمٌ مِّنْ قَوْمٍ عَسٰٓى اَنْ يَّكُوْنُوْا خَيْرًا مِّنْهُمْ وَلَا نِسَاۤءٌ مِّنْ نِّسَاۤءٍ عَسٰٓى اَنْ يَّكُنَّ خَيْرًا مِّنْهُنَّۚ وَلَا تَلْمِزُوْٓا اَنْفُسَكُمْ وَلَا تَنَابَزُوْا بِالْاَلْقَابِۗ بِئْسَ الِاسْمُ الْفُسُوْقُ بَعْدَ الْاِيْمَانِۚ وَمَنْ لَّمْ يَتُبْ فَاُولٰۤىِٕكَ هُمُ الظّٰلِمُوْنَ١١
Yā ayyuhal-lażīna āmanū lā yaskhar qaumum min qaumin ‘asā ay yakūnū khairam minhum wa lā nisā'um min nisā'in ‘asā ay yakunna khairam minhunn(a), wa lā talmizū anfusakum wa lā tanābazū bil-alqāb(i), bi'salismul-fusūqu ba‘dal-īmān(i), wa mal lam yatub fa ulā'ika humuẓ-ẓālimūn(a).
[11]
Hé wong-wong sing padha precaya! Aja pisan-pisan sewiji kaum merguyu maring kaum liyané (merga) bisa uga dhéwéké (sing deperguyokna) kuwé lewih becik tenimbang dhéwéké (sing padha merguyu) lan uga aja wong-wong wadon padha (merguyu) maring wong wadon liyané (merga) bisa uga wong wadon (sing deperguyu) lewih becik tenimbang wong wadon (sing padha merguyu). Aja pisan-pisan ko padha cacad-cacadan antarané siji lan sijiné lan aja padhadéné nyeluk kanthi celukan sing ala. Seala-alané penyeluk yakuwé penyeluk sing ala (pasék) sewisé precaya. Lan sapa wongé ora gelem mertobat, mangka dhéwéké kuwé wong sing padha aniaya (dolim).
يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوا اجْتَنِبُوْا كَثِيْرًا مِّنَ الظَّنِّۖ اِنَّ بَعْضَ الظَّنِّ اِثْمٌ وَّلَا تَجَسَّسُوْا وَلَا يَغْتَبْ بَّعْضُكُمْ بَعْضًاۗ اَيُحِبُّ اَحَدُكُمْ اَنْ يَّأْكُلَ لَحْمَ اَخِيْهِ مَيْتًا فَكَرِهْتُمُوْهُۗ وَاتَّقُوا اللّٰهَ ۗاِنَّ اللّٰهَ تَوَّابٌ رَّحِيْمٌ١٢
Yā ayyuhal-lażīna āmanujtanibū kaṡīram minaẓ-ẓann(i), inna ba‘daẓ-ẓanni iṡmuw wa lā tajassasū wa lā yagtab ba‘ḍukum ba‘ḍā(n), ayuḥibbu aḥadukum ay ya'kula laḥma akhīhi maitan fa karihtumūh(u), wattaqullāh(a), innallāha tawwābur raḥīm(un).
[12]
Hé wong-wong sing padha precaya! Padha ngadoha sekang akéh-akéhé persangkan, setemené sebagéan persangkan kuwé dosa lan aja pisan-pisan ko padha nggolét-golét kesalahané wong liya lan aja ana neng antarané ko padha ngrasani sebagéan sing liyané. Apa ana neng antarané ko sing seneng mangan dagingé seduluré sing wis mati? Mesthi ko padha krasa jijih. Lan padha semaraha (takwa) maring Gusti Allah, setemené Gusti Allah Maha Nampani Tobat, Mahawelas.
يٰٓاَيُّهَا النَّاسُ اِنَّا خَلَقْنٰكُمْ مِّنْ ذَكَرٍ وَّاُنْثٰى وَجَعَلْنٰكُمْ شُعُوْبًا وَّقَبَاۤىِٕلَ لِتَعَارَفُوْا ۚ اِنَّ اَكْرَمَكُمْ عِنْدَ اللّٰهِ اَتْقٰىكُمْ ۗاِنَّ اللّٰهَ عَلِيْمٌ خَبِيْرٌ١٣
Yā ayyuhan-nāsu innā khalaqnākum min żakariw wa unṡā wa ja‘alnākum syu‘ūbaw wa qabā'ila lita‘ārafū, inna akramakum ‘indallāhi atqākum, innallāha ‘alīmun khabīr(un).
[13]
Hé menungsa! Temen, Ingsun wis nyiptakna ko kabéh sekang wong lanang siji lan wadon siji, banjur Ingsun dadékna ko kabéh pirang-pirang bangsa lan trah-trah supayané ko padha srawung-srawungan, setemené sing paling mulya neng antarané ko kabéh neng sisihé Gusti Allah yakuwé wong sing paling semarah (takwa). Temen, Gusti Allah Maha Ngawuningani, Mahanastiti.
۞ قَالَتِ الْاَعْرَابُ اٰمَنَّا ۗ قُلْ لَّمْ تُؤْمِنُوْا وَلٰكِنْ قُوْلُوْٓا اَسْلَمْنَا وَلَمَّا يَدْخُلِ الْاِيْمَانُ فِيْ قُلُوْبِكُمْ ۗوَاِنْ تُطِيْعُوا اللّٰهَ وَرَسُوْلَهٗ لَا يَلِتْكُمْ مِّنْ اَعْمَالِكُمْ شَيْـًٔا ۗاِنَّ اللّٰهَ غَفُوْرٌ رَّحِيْمٌ١٤
Qālatil-a‘rābu āmannā, qul lam tu'minū wa lākin qūlū aslamnā wa lammā yadkhulil-īmānu fī qulūbikum, wa in tuṭī‘ullāha wa rasūlahū lā yalitkum min a‘mālikum syai'ā(n), innallāha gafūrur raḥīm(un).
[14]
Wong-wong Baduwi padha ngucap, “Inyong wis padha precaya.” Ucapna (maring dhéwéké kabéh), “Ko urung padha precaya, ning ucapna, ‘inyong wis padha tundhuk (Islam),’ merga precaya urung mlebu maring atimu. Lan angger ko padha manut-miturut maring Gusti Allah lan Utusan-É, Penjenengané ora bakal nyuda semendhing baé (ganjaran) amal penggawéyanmu. Temen, Gusti Allah Maha Ngampura, Mahawelas.”
اِنَّمَا الْمُؤْمِنُوْنَ الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا بِاللّٰهِ وَرَسُوْلِهٖ ثُمَّ لَمْ يَرْتَابُوْا وَجَاهَدُوْا بِاَمْوَالِهِمْ وَاَنْفُسِهِمْ فِيْ سَبِيْلِ اللّٰهِ ۗ اُولٰۤىِٕكَ هُمُ الصّٰدِقُوْنَ١٥
Innamal-mu'minūnal-lażīna āmanū billāhi wa rasūlihī ṡumma lam yartābū wa jāhadū bi'amwālihim wa anfusihim fī sabīlillāh(i), ulā'ika humuṣ-ṣādiqūn(a).
[15]
Setemené wong-wong mukmin sing sejati yakuwé dhéwéké sing padha precaya maring Gusti Allah lan Utusan-É banjur atiné padha ora mamang lan dhéwéké padha lelabuh (jihad) karo bandha lan nyawané neng dalané Gusti Allah. Dhéwéké kabéh kuwé wong-wong sing bener.
قُلْ اَتُعَلِّمُوْنَ اللّٰهَ بِدِيْنِكُمْۗ وَاللّٰهُ يَعْلَمُ مَا فِى السَّمٰوٰتِ وَمَا فِى الْاَرْضِۗ وَاللّٰهُ بِكُلِّ شَيْءٍ عَلِيْمٌ١٦
Qul atu‘alimūnallāha bidīnikum, wallāhu ya‘lamu mā fis-samāwāti wa mā fil-arḍ(i), wallāhu bikulli syai'in ‘alīm(un).
[16]
Ucapna (maring wong-wong kuwé), “Apa ko arep padha atur-priksa maring Gusti Allah ngenani agamamu (keyakinanmu), mangkané Gusti Allah ngawuningani apa sing ana neng langit lan apa sing ana neng bumi lan Gusti Allah Maha Ngawuningani samubarang kabéh.”
يَمُنُّوْنَ عَلَيْكَ اَنْ اَسْلَمُوْا ۗ قُلْ لَّا تَمُنُّوْا عَلَيَّ اِسْلَامَكُمْ ۚبَلِ اللّٰهُ يَمُنُّ عَلَيْكُمْ اَنْ هَدٰىكُمْ لِلْاِيْمَانِ اِنْ كُنْتُمْ صٰدِقِيْنَ١٧
Yamunnūna ‘alaika an aslamū, qul lā tamunnū ‘alayya islāmakum, balillāhu yamunnu ‘alaikum an hadākum lil-īmāni in kuntum ṣādiqīn(a).
[17]
Wong-wong kuwé padha rumasa gawé jasa maring sliramu kanthi islamé dhéwéké kabéh. Ucapna, “Aja pisan-pisan ko padha rumasa gawé jasa maring inyong kanthi islamé ko kabéh, setemené Gusti Allah sing nglubérna nékmat maring ko kabéh kanthi nidhokna maring ko kabéh maring keprecayaan angger ko wong sing padha bener.
اِنَّ اللّٰهَ يَعْلَمُ غَيْبَ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِۗ وَاللّٰهُ بَصِيْرٌۢ بِمَا تَعْمَلُوْنَ ࣖ١٨
Innallāha ya‘lamu gaibas-samāwāti wal-arḍ(i), wallāhu baṣīrum bimā ta‘malūn(a).
[18]
Temen, Gusti Allah ngawuningani apa sing ora keton (gaib) neng bumi lan neng langit. Lan Gusti Allah Maha Mriksani apa sing ko padha pergawé