Surah Muhammad

Daftar Surah
0:00
0:00

بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
اَلَّذِيْنَ كَفَرُوْا وَصَدُّوْا عَنْ سَبِيْلِ اللّٰهِ اَضَلَّ اَعْمَالَهُمْ١
Allażīna kafarū wa ṣaddū ‘an sabīlillāhi aḍalla a‘mālahum.
[1] Wong-wong sing mbangkang (kapir) lan ngalang-alangi (menungsa) sekang dalané Gusti Allah, Gusti Allah mbusek kabéh amal (temindak becik)é dhéwéké kabéh.

وَالَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَعَمِلُوا الصّٰلِحٰتِ وَاٰمَنُوْا بِمَا نُزِّلَ عَلٰى مُحَمَّدٍ وَّهُوَ الْحَقُّ مِنْ رَّبِّهِمْ ۚ كَفَّرَ عَنْهُمْ سَيِّاٰتِهِمْ وَاَصْلَحَ بَالَهُمْ٢
Wal-lażīna āmanū wa ‘amiluṣ-ṣāliḥāti wa āmanū bimā nuzzila ‘alā muḥammadiw wa huwal-ḥaqqu mir rabbihim, kaffara ‘anhum sayyi'ātihim wa aṣlaḥa bālahum.
[2] Lan wong-wong sing padha precaya (precaya maring Gusti Allah) lan nindakna kebecikan uga precaya maring apa sing déturunaken maring Muhammad, lan kuwé bebener sekang Pengérané dhéwéké kabéh, Gusti Allah mbusek kesalahan-kesalahané wong-wong kuwé lan ndandani kahanané dhéwéké kabéh.

ذٰلِكَ بِاَنَّ الَّذِيْنَ كَفَرُوا اتَّبَعُوا الْبَاطِلَ وَاَنَّ الَّذِيْنَ اٰمَنُوا اتَّبَعُوا الْحَقَّ مِنْ رَّبِّهِمْ ۗ كَذٰلِكَ يَضْرِبُ اللّٰهُ لِلنَّاسِ اَمْثَالَهُمْ٣
Żālika bi'annal-lażīna kafaruttaba‘ul-bāṭila wa annal-lażīna āmanuttaba‘ul-ḥaqqa mir rabbihim, każālika yaḍribullāhu lin-nāsi amṡālahum.
[3] Sing mengkana kuwé, merga setemené wong-wong kapir padha ngetutna sing batil (kesasar) lan setemené wong-wong sing precaya padha ngetutna bebener sekang Pengérané dhéwéké kabéh. Mengkana kuwé Gusti Allah gawé peumpaman-peumpaman nggo (para) menungsa.

فَاِذَا لَقِيْتُمُ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا فَضَرْبَ الرِّقَابِۗ حَتّٰٓى اِذَآ اَثْخَنْتُمُوْهُمْ فَشُدُّوا الْوَثَاقَۖ فَاِمَّا مَنًّاۢ بَعْدُ وَاِمَّا فِدَاۤءً حَتّٰى تَضَعَ الْحَرْبُ اَوْزَارَهَا ەۛ ذٰلِكَ ۛ وَلَوْ يَشَاۤءُ اللّٰهُ لَانْتَصَرَ مِنْهُمْ وَلٰكِنْ لِّيَبْلُوَا۟ بَعْضَكُمْ بِبَعْضٍۗ وَالَّذِيْنَ قُتِلُوْا فِيْ سَبِيْلِ اللّٰهِ فَلَنْ يُّضِلَّ اَعْمَالَهُمْ٤
Fa iżā laqītumul-lażīna kafarū faḍarbar-riqāb(i), ḥattā iżā aṡkhantumūhum fa syuddul-waṡāq(a), fa'immā mannam ba‘du wa immā fidā'an ḥattā taḍa‘al-ḥarbu auzārahā - żālika - wa lau yasyā'ullāhu lantaṣara minhum wa lākil liyabluwa ba‘ḍakum biba‘ḍ(in), wal-lażīna qutilū fī sabīlillāhi falay yuḍilla a‘mālahum.
[4] Mangka angger ko padha ketemu karo wong-wong sing kapir (neng palagan perang) mangka gebuga watang guluné dhéwéké kabéh. Seterusé angger ko wis padha ngalahna wong-wong kuwé, tawanen dhéwéké kabéh. Lan sewisé kuwé ko padha kena mbébasna dhéwéké kabéh utawa nampani tebusan nganti butul perangé rampung. Mengkana kuwé, lan sekirané Gusti Allah ngersakna, mesthi Penjenengané numpes dhéwéké kabéh. Ning Penjenengan kersa nguji ko kabéh siji lan liyané. Lan wong sing padha gugur neng dalané Gusti Allah, Gusti Allah ora nyiya-nyiyakna amalé dhéwéké kabéh.

سَيَهْدِيْهِمْ وَيُصْلِحُ بَالَهُمْۚ٥
Sayahdīhim wa yuṣliḥu bālahum.
[5] Gusti Allah bakal paring pituduh maring wong-wong kuwé lan ndandani kahanané dhéwéké kabéh,

وَيُدْخِلُهُمُ الْجَنَّةَ عَرَّفَهَا لَهُمْ٦
Wa yudkhiluhumul-jannata ‘arrafahā lahum.
[6] lan nglebokna wong-wong kuwé maring suwarga sing wis demengertekna (déning Penjenengané) maring dhéwéké kabéh.

يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْٓا اِنْ تَنْصُرُوا اللّٰهَ يَنْصُرْكُمْ وَيُثَبِّتْ اَقْدَامَكُمْ٧
Yā ayyuhal-lażīna āmanū in tanṣurullāha yanṣurkum wa yuṡabbit aqdāmakum.
[7] Hé wong-wong sing padha precaya! Angger ko padha nulungi (agamané) Gusti Allah, mesthi Penjenengané bakal nulungi ko kabéh lan neguhna pelungguhanmu.

وَالَّذِيْنَ كَفَرُوْا فَتَعْسًا لَّهُمْ وَاَضَلَّ اَعْمَالَهُمْ٨
Wal-lażīna kafarū fata‘sal lahum wa aḍalla a‘mālahum.
[8] Lan wong wong-wong sing kapir, mangka cilaka pisan dhéwéké kabéh lan Gusti Allah mbusek sekabéh amalé (temindak becike).

ذٰلِكَ بِاَنَّهُمْ كَرِهُوْا مَآ اَنْزَلَ اللّٰهُ فَاَحْبَطَ اَعْمَالَهُمْ٩
Żālika bi'annahum karihū mā anzalallāhu fa aḥbaṭa a‘mālahum.
[9] Sing mengkana kuwé merga dhéwéké padha wadheh apa (Al-Qur’an) sing déturunaken (déning) Gusti Allah, mangka Gusti Allah mbusek sekabéh amalé wong-wong kuwé.

۞ اَفَلَمْ يَسِيْرُوْا فِى الْاَرْضِ فَيَنْظُرُوْا كَيْفَ كَانَ عَاقِبَةُ الَّذِيْنَ مِنْ قَبْلِهِمْ ۗ دَمَّرَ اللّٰهُ عَلَيْهِمْ ۖوَلِلْكٰفِرِيْنَ اَمْثَالُهَا١٠
Afalam yasīrū fil-arḍi fayanẓurū kaifa kāna ‘āqibatul-lażīna min qablihim, dammarallāhu ‘alaihim, wa lil-kāfirīna amṡāluhā.
[10] Mangka apa wong-wong kuwé ora nglakon padha lelungan neng bumi, saéngga bisa nggatékna kaya apa wekasané wong-wong sing seurungé dhéwéké kabéh. Gusti Allah wis numpes dhéwéké kabéh lan tumrap wong-wong kapir bakal nampa (nasib) sing serupa kuwé.

ذٰلِكَ بِاَنَّ اللّٰهَ مَوْلَى الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَاَنَّ الْكٰفِرِيْنَ لَا مَوْلٰى لَهُمْ ࣖ١١
Żālika bi'annallāha maulal-lażīna āmanū wa annal-kāfirīna lā maulā lahum.
[11] Sing mengkana kuwé merga Gusti Allah pengayom tumrap wong-wong sing padha precaya, éwadéné wong-wong sing mbangkang (kapir) ora nana pengayom tumrap dhéwéké kabéh.

اِنَّ اللّٰهَ يُدْخِلُ الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَعَمِلُوا الصّٰلِحٰتِ جَنّٰتٍ تَجْرِيْ مِنْ تَحْتِهَا الْاَنْهٰرُ ۗوَالَّذِيْنَ كَفَرُوْا يَتَمَتَّعُوْنَ وَيَأْكُلُوْنَ كَمَا تَأْكُلُ الْاَنْعَامُ وَالنَّارُ مَثْوًى لَّهُمْ١٢
Innallāha yudkhilul-lażīna āmanū wa ‘amiluṣ-ṣāliḥāti jannātin tajrī min taḥtihal-anhār(u), wal-lażīna kafarū yatamatta‘ūna wa ya'kulūna kamā ta'kulul-an‘āmu wan-nāru maṡwal lahum.
[12] Temen, Gusti Allah bakal nglebokna wong-wong sing padha precaya lan nglakoni kebecikan maring njero suwarga sing neng ngisoré mili bengawan-bengawan. Lan wong-wong sing mbangkang (kapir) padha nékmati kesenengan (dunya) lan dhéwéké padha mangan kayadéné kéwan mangan; lan (mbésuk) neraka dadi papan panggonané dhéwéké kabéh.

وَكَاَيِّنْ مِّنْ قَرْيَةٍ هِيَ اَشَدُّ قُوَّةً مِّنْ قَرْيَتِكَ الَّتِيْٓ اَخْرَجَتْكَۚ اَهْلَكْنٰهُمْ فَلَا نَاصِرَ لَهُمْ١٣
Wa ka'ayyim min qaryatin hiya asyaddu quwwatam min qaryatikal-latī akhrajatk(a), ahlaknāhum falā nāṣira lahum.
[13] Lan sepira akéhé negari sing (wargané) lewih kuwat tenimbang (warga) negariné sliramu (Muhammad) sing wis ngurak sliramu kuwé. Ingsun wis numpes dhéwéké kabéh; mangka ora nana sijia wong sing nulungi wong-wong kuwé.

اَفَمَنْ كَانَ عَلٰى بَيِّنَةٍ مِّنْ رَّبِّهٖ كَمَنْ زُيِّنَ لَهٗ سُوْۤءُ عَمَلِهٖ وَاتَّبَعُوْٓا اَهْوَاۤءَهُمْ١٤
Afaman kāna ‘alā bayyinatim mir rabbihī kaman zuyyina lahū sū'u ‘amalihī wattaba‘ū ahwā'ahum.
[14] Mangka apa wong sing cekelan maring keterangan sing teka sekang Pengérané padha karo wong sing dédadékna ngrasa éndah tumrap dhéwéké penggawéané sing ala lan nuruti kepénginané?

مَثَلُ الْجَنَّةِ الَّتِيْ وُعِدَ الْمُتَّقُوْنَ ۗفِيْهَآ اَنْهٰرٌ مِّنْ مَّاۤءٍ غَيْرِ اٰسِنٍۚ وَاَنْهٰرٌ مِّنْ لَّبَنٍ لَّمْ يَتَغَيَّرْ طَعْمُهٗ ۚوَاَنْهٰرٌ مِّنْ خَمْرٍ لَّذَّةٍ لِّلشّٰرِبِيْنَ ەۚ وَاَنْهٰرٌ مِّنْ عَسَلٍ مُّصَفًّى ۗوَلَهُمْ فِيْهَا مِنْ كُلِّ الثَّمَرٰتِ وَمَغْفِرَةٌ مِّنْ رَّبِّهِمْ ۗ كَمَنْ هُوَ خَالِدٌ فِى النَّارِ وَسُقُوْا مَاۤءً حَمِيْمًا فَقَطَّعَ اَمْعَاۤءَهُمْ١٥
Maṡalul-jannatil-latī wu‘idal-muttaqūn(a), fīhā anhārum mim mā'in gairi āsin(in), wa anhārum mil labanil lam yatagayyar ṭa‘muh(ū), wa anhārum min khamril lażżatil lisy-syāribīn(a), wa anhārum min ‘asalim muṣaffā(n), wa lahum fīhā min kulliṡ-ṡamarāti wa magfiratum mir rabbihim, kaman huwa khālidun fin-nāri wa suqū mā'an ḥamīman faqaṭṭa‘a am‘ā'ahum.
[15] Peumpamané taman suwarga sing déjanjékna maring wong-wong sing padha semarah (takwa); neng kana ana bengawan-bengawan sing banyuné ora anta, lan bengawan-bengawan (banyu) susu sing ora owah rasané. Lan bengawan-bengawan khamar (ciu sing ora gawé wuru) sing enak rasané tumrap sapa sing nginum. Lan bengawan madu sing murni. Neng njeroné (suwarga) dhéwéké padha nampa werna-werna woh-wohan lan pengampura sekang Pengérané. Apa padha dhéwéké kabéh karo wong-wong sing padha langgeng neng neraka lan déparingi inuman karo banyu sing umeb saéngga ususé mbrodholi?

وَمِنْهُمْ مَّنْ يَّسْتَمِعُ اِلَيْكَۚ حَتّٰىٓ اِذَا خَرَجُوْا مِنْ عِنْدِكَ قَالُوْا لِلَّذِيْنَ اُوْتُوا الْعِلْمَ مَاذَا قَالَ اٰنِفًا ۗ اُولٰۤىِٕكَ الَّذِيْنَ طَبَعَ اللّٰهُ عَلٰى قُلُوْبِهِمْ وَاتَّبَعُوْٓا اَهْوَاۤءَهُمْ١٦
Wa minhum may yastami‘u ilaiīk(a), ḥattā iżā kharajū min ‘indika qālū lil-ażīna ūtul-ilma māżā qāla ānifā(n), ulā'ikal-ażīna ṭaba‘allāhu ‘alā qulūbihim wattaba‘ū ahwā'ahum.
[16] Lan neng antarané wong-wong kuwé ana sing krungu pengucapé sliramu (Muhammad), ning angger dhéwéké padha metu sekang sisihmu dhéwéké ngucap maring wong sing wis déwéhi ilmu (batir-batiré Nabi), “Apa sing déucapna miki?” Dhéwéké kuwé wong-wong sing dekunci atiné déning Gusti Allah lan nuruti kepénginané dhéwék.

وَالَّذِيْنَ اهْتَدَوْا زَادَهُمْ هُدًى وَّاٰتٰىهُمْ تَقْوٰىهُمْ١٧
Wal-ażīnahtadau zādahum hudaw wa ātāhum taqwāhum.
[17] Lan wong-wong sing olih pituduh, Gusti Allah bakal nambah pituduh maring dhéwéké lan nganugrahi semarahé dhéwéké kabéh.

فَهَلْ يَنْظُرُوْنَ اِلَّا السَّاعَةَ اَنْ تَأْتِيَهُمْ بَغْتَةً ۚ فَقَدْ جَاۤءَ اَشْرَاطُهَا ۚ فَاَنّٰى لَهُمْ اِذَا جَاۤءَتْهُمْ ذِكْرٰىهُمْ١٨
Fahal yanẓurūna illas-ā‘ata an ta'tiyahum bagtah(tan), faqad jā'a asyrāṭuhā, fa'annā lahum iżā jā'athum żikrāhum.
[18] Mangka apa maning sing dhéwéké padha tunggu-tunggu seliyané Kiyamat sing bakal teka maring dhéwéké kanthi dadakan merga tandha-tandhané temen wis teka. Mangka apa gunané tumrap dhéwéké sadharé dhéwéké kabéh angger (dina Kiyamat) kuwé wis teka?

فَاعْلَمْ اَنَّهٗ لَآ اِلٰهَ اِلَّا اللّٰهُ وَاسْتَغْفِرْ لِذَنْۢبِكَ وَلِلْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنٰتِۚ وَاللّٰهُ يَعْلَمُ مُتَقَلَّبَكُمْ وَمَثْوٰىكُمْ ࣖ١٩
Fa‘lam annahū lā ilāha illallāhu wastagfir liżambika wa lil-u'minīna wal-u'mināt(i), wallāhu ya‘lamu mutaqallabakum wa maṡwākum.
[19] Mangka kawruhana lamon ora nana Pengéran sing patut désembah seliyané Gusti Allah lan padha nyuwuna pengampura ingatasé dosamu lan (dosané) wong-wong mukmin, lanang lan wadon. Lan Gusti Allah ngawuningani papan usaha lan papan panggonanmu kabéh.

وَيَقُوْلُ الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا لَوْلَا نُزِّلَتْ سُوْرَةٌ ۚفَاِذَآ اُنْزِلَتْ سُوْرَةٌ مُّحْكَمَةٌ وَّذُكِرَ فِيْهَا الْقِتَالُ ۙرَاَيْتَ الَّذِيْنَ فِيْ قُلُوْبِهِمْ مَّرَضٌ يَّنْظُرُوْنَ اِلَيْكَ نَظَرَ الْمَغْشِيِّ عَلَيْهِ مِنَ الْمَوْتِۗ فَاَوْلٰى لَهُمْۚ٢٠
Wa yaqūlul-ażīna āmanū lau lā nuzzilat sūrah(tun), fa iżā unzilat sūratum muḥkamatuw wa żukira fīhal-itāl(u), ra'aital-ażīna fī qulūbihim maraḍuy yanẓurūna ilaika naẓaral-magsyiyyi ‘alaihi minal-maut(i), fa'aulā lahum.
[20] Lan wong-wong sing padha precaya ngucap, “Kenangapa ora nana sewiji surah (ngenani préntah lelabuh/jihad) sing déturunaken?” Mangka angger ana sewiji surah sing déturunaken sing genah maksudé lan neng njeroné kesebut (préntah) perang, sliramu weruh wong-wong sing neng njero atiné ana prenyakit bakal padha ndeleng maring sliramu kayadéné pendelengé wong sing semaput merga wedi mati. Ning kuwé lewih pantes tumrap wong-wong kuwé.

طَاعَةٌ وَّقَوْلٌ مَّعْرُوْفٌۗ فَاِذَا عَزَمَ الْاَمْرُۗ فَلَوْ صَدَقُوا اللّٰهَ لَكَانَ خَيْرًا لَّهُمْۚ٢١
Ṭā‘atuw wa qaulum ma‘rūf(un), fa'iżā ‘azamal-amr(u), falau ṣadaqullāha lakāna khairal lahum.
[21] (Sing lewih apik nggo dhéwéké kabéh kuwé) manut-miturut (maring Gusti Allah) lan ngucap tembung sing apik. Merga lamon préntah (perang) détetepna (dhéwéké padha ora seneng). Mangkané angger dhéwéké padha nyata-nyata (precaya) maring Gusti Allah mesthi sing mengkana kuwé lewih apik tumrap dhéwéké kabéh.

فَهَلْ عَسَيْتُمْ اِنْ تَوَلَّيْتُمْ اَنْ تُفْسِدُوْا فِى الْاَرْضِ وَتُقَطِّعُوْٓا اَرْحَامَكُمْ٢٢
Fahal ‘asaitum in tawallaitum an tufsidū fil-arḍi wa tuqaṭṭi‘ū arḥāmakum.
[22] Mangka apa sekirané ko padha kewasa, ko bakal padha gawé kerusakan neng bumi lan padha medhot srawung peseduluran?

اُولٰۤىِٕكَ الَّذِيْنَ لَعَنَهُمُ اللّٰهُ فَاَصَمَّهُمْ وَاَعْمٰٓى اَبْصَارَهُمْ٢٣
Ulā'ikal-lażīna la‘anahumullāhu fa aṣammahum wa a‘mā abṣārahum.
[23] Dhéwéké kabéh kuwé wong-wong sing désupatani déning Gusti Allah; banjur dégawé budheg (pengrungoné) lan dewutakna pendelengé.

اَفَلَا يَتَدَبَّرُوْنَ الْقُرْاٰنَ اَمْ عَلٰى قُلُوْبٍ اَقْفَالُهَا٢٤
Afalā yatadabbarūnal-qur'āna am ‘alā qulūbin aqfāluhā.
[24] Mangka apa dhéwéké padha ora ngangen-angen Al-Qur’an, utawa (pancén) atiné dhéwéké wis padha dekunci?

اِنَّ الَّذِيْنَ ارْتَدُّوْا عَلٰٓى اَدْبَارِهِمْ مِّنْۢ بَعْدِ مَا تَبَيَّنَ لَهُمُ الْهُدَى الشَّيْطٰنُ سَوَّلَ لَهُمْۗ وَاَمْلٰى لَهُمْ٢٥
Innal-lażīnartaddū ‘alā adbārihim mim ba‘di mā tabayyana lahumul-hudasy-syaiṭānu sawwala lahum, wa amlā lahum.
[25] Setemené wong-wong sing padha balik (maring kapir) sewisé pituduh kuwé genah tumrap dhéwéké, sétan sing ngarih-arih dhéwéké lan ndawakna pengangen-angené dhéwéké kabéh.

ذٰلِكَ بِاَنَّهُمْ قَالُوْا لِلَّذِيْنَ كَرِهُوْا مَا نَزَّلَ اللّٰهُ سَنُطِيْعُكُمْ فِيْ بَعْضِ الْاَمْرِۚ وَاللّٰهُ يَعْلَمُ اِسْرَارَهُمْ٢٦
Żālika bi'annahum qālū lil-lażīna karihū mā nazzalallāhu sanuṭī‘ukum fī ba‘ḍil-amr(i), wallāhu ya‘lamu isrārahum.
[26] Sing mengkana kuwé, merga setemené dhéwéké wis padha ngucap maring wong-wong (Yahudi) sing ora seneng maring apa sing déturunaken déning Gusti Allah, “Inyong kabéh bakal manut maring sliramu neng sewetara urusan,” ning Gusti Allah ngawuningwni wewadiné dhéwéké kabéh.

فَكَيْفَ اِذَا تَوَفَّتْهُمُ الْمَلٰۤىِٕكَةُ يَضْرِبُوْنَ وُجُوْهَهُمْ وَاَدْبَارَهُمْ٢٧
Fa kaifa iżā tawaffathumul-malā'ikatu yaḍribūna wujūhahum wa adbārahum.
[27] Mangka kepriwé (nasibé wong-wong kuwé) angger malaékat (juru pati) njabud nyawané dhéwéké, nggebug rai lan gigiré dhéwéké kabéh?

ذٰلِكَ بِاَنَّهُمُ اتَّبَعُوْا مَآ اَسْخَطَ اللّٰهَ وَكَرِهُوْا رِضْوَانَهٗ فَاَحْبَطَ اَعْمَالَهُمْ ࣖ٢٨
Żālika bi'annahumuttaba‘ū mā askhaṭallāha wa karihū riḍwānahū fa aḥbaṭa a‘mālahum.
[28] Sing mengkana kuwé merga setemené wong-wong mau padha nuruti apa sing ndadékna benduné Gusti Allah lan wadheh (apa sing gawé) karenané Penjenengané; merga kuwé Gusti Allah mbusek amal kebecikané dhéwéké kabéh.

اَمْ حَسِبَ الَّذِيْنَ فِيْ قُلُوْبِهِمْ مَّرَضٌ اَنْ لَّنْ يُّخْرِجَ اللّٰهُ اَضْغَانَهُمْ٢٩
Am ḥasibal-lażīna fī qulūbihim maraḍun allay yukhrijallāhu aḍgānahum.
[29] Utawa apa wong-wong sing neng njero atiné ana prenyakit ngira lamon Gusti Allah ora bakal ngetonaken drengkiné dhéwéké kabéh?

وَلَوْ نَشَاۤءُ لَاَرَيْنٰكَهُمْ فَلَعَرَفْتَهُمْ بِسِيْمٰهُمْ ۗوَلَتَعْرِفَنَّهُمْ فِيْ لَحْنِ الْقَوْلِۗ وَاللّٰهُ يَعْلَمُ اَعْمَالَكُمْ٣٠
Wa lau nasyā'u la'arainākahum fala‘araftahum bisīmāhum, wa lata‘rifannahum fī laḥnil-qaul(i), wallāhu ya‘lamu a‘mālakum.
[30] Lan sekirané Ingsun ngersakna, mesthi Ingsun weruhna dhéwéké kabéh maring sliramu (Muhammad) saéngga sliramu nyata-nyata bisa mengerténi wong-wong kuwé karo tandha-tandhané, lan sliramu nyata-nyata bakal mengerténi dhéwéké kabéh sekang carané wicara lan Gusti Allah ngawuningani sekabéh amal penggawéanmu.

وَلَنَبْلُوَنَّكُمْ حَتّٰى نَعْلَمَ الْمُجٰهِدِيْنَ مِنْكُمْ وَالصّٰبِرِيْنَۙ وَنَبْلُوَا۟ اَخْبَارَكُمْ٣١
Wa lanabluwannakum ḥattā na‘lamal-mujāhidīna minkum waṣ-ṣābirīn(a), wa nabluwa akhbārakum.
[31] Lan temen, Ingsun nyata-nyata bakal nguji ko kabéh saéngga Ingsun ngawuningani wong-wong sing nyata-nyata padha lelabuh (jihad) lan sabar neng antarané ko kabéh lan bakal Ingsun uji kahanané ko kabéh.

اِنَّ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا وَصَدُّوْا عَنْ سَبِيْلِ اللّٰهِ وَشَاۤقُّوا الرَّسُوْلَ مِنْۢ بَعْدِ مَا تَبَيَّنَ لَهُمُ الْهُدٰى لَنْ يَّضُرُّوا اللّٰهَ شَيْـًٔاۗ وَسَيُحْبِطُ اَعْمَالَهُمْ٣٢
Innal-lażīna kafarū wa ṣaddū ‘an sabīlillāhi wa syāqqur-rasūla mim ba‘di mā tabayyana lahumul-hudā lay yaḍurrullāha syai'ā(n), wa sayuḥbiṭu a‘mālahum.
[32] Setemené wong-wong sing padha mbangkang (kapir) lan ngalang-alangi (wong liya) maring dalané Gusti Allah karo mungsuhi Rasul sewisé ana pituduh sing genah nggo dhéwéké kabéh, dhéwéké ora bakal padha dadi mudarat (bahaya) maring Gusti Allah semendhing-mendhinga. Lan mbésuk Gusti Allah mbusek sekabéh amalé dhéwéké kabéh.

۞ يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْٓا اَطِيْعُوا اللّٰهَ وَاَطِيْعُوا الرَّسُوْلَ وَلَا تُبْطِلُوْٓا اَعْمَالَكُمْ٣٣
Yā ayyuhal-lażīna āmanū aṭī‘ullāha wa aṭī‘ur-rasūla wa lā tubṭilū a‘mālakum.
[33] Hé wong-wong sing padha precaya! Padha manut-mituruta maring Gusti Allah lan manuta maring rasul lan aja pisan-pisan ko padha ngrusak sekabéh amalmu.

اِنَّ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا وَصَدُّوْا عَنْ سَبِيْلِ اللّٰهِ ثُمَّ مَاتُوْا وَهُمْ كُفَّارٌ فَلَنْ يَّغْفِرَ اللّٰهُ لَهُمْ٣٤
Innal-lażīna kafarū wa ṣaddū ‘an sabīlillāhi ṡumma mātū wa hum kuffārun falay yagfirallāhu lahum.
[34] Setemené wong-wong sing mbangkang (kapir) lan ngalang-alangi (wong liya) sekang dalané Gusti Allah, banjur dhéwéké padha mati sejeroné kahanan kapir, mangka Gusti Allah ora bakal ngampurani dhéwéké kabéh.

فَلَا تَهِنُوْا وَتَدْعُوْٓا اِلَى السَّلْمِۖ وَاَنْتُمُ الْاَعْلَوْنَۗ وَاللّٰهُ مَعَكُمْ وَلَنْ يَّتِرَكُمْ اَعْمَالَكُمْ٣٥
Falā tahinū wa tad‘ū ilas-salm(i), wa antumul-a‘laun(a), wallāhu ma‘akum wa lay yatirakum a‘mālakum.
[35] Mangka aja pisan-pisan ko padha ngasor lan njaluk rukun merga ko kabéh sing lewih unggul lan Gusti Allah (uga) bareng karo ko lan Penjenengané ora pisan-pisan bakal nyuda sekabéh amalmu.

اِنَّمَا الْحَيٰوةُ الدُّنْيَا لَعِبٌ وَّلَهْوٌ ۗوَاِنْ تُؤْمِنُوْا وَتَتَّقُوْا يُؤْتِكُمْ اُجُوْرَكُمْ وَلَا يَسْـَٔلْكُمْ اَمْوَالَكُمْ٣٦
Innamal-ḥayātud-dun-yā la‘ibuw wa lahw(un), wa in tu'minū wa tattaqū yu'tikum ujūrakum wa lā yas'alkum amwālakum.
[36] Setemené penguripan dunya kuwé mung dolanan lan perguyon. Lan angger ko padha precaya lan semarah (takwa), Gusti Allah bakal paring ganjaran maring ko kabéh lan Penjenengané ora bakal mundhut bandhamu.

اِنْ يَّسْـَٔلْكُمُوْهَا فَيُحْفِكُمْ تَبْخَلُوْا وَيُخْرِجْ اَضْغَانَكُمْ٣٧
Iy yas'alkumūhā fa yuḥfikum tabkhalū wa yukhrij aḍgānakum.
[37] Sekirané Penjenengané mundhut bandha maring ko banjur maksa ko (supaya ngawéhna kabéh) mesthi ko bakal padha medhit lan Penjenengané bakal ngetonaken drengkimu.

هٰٓاَنْتُمْ هٰٓؤُلَاۤءِ تُدْعَوْنَ لِتُنْفِقُوْا فِيْ سَبِيْلِ اللّٰهِۚ فَمِنْكُمْ مَّنْ يَّبْخَلُ ۚوَمَنْ يَّبْخَلْ فَاِنَّمَا يَبْخَلُ عَنْ نَّفْسِهٖ ۗوَاللّٰهُ الْغَنِيُّ وَاَنْتُمُ الْفُقَرَاۤءُ ۗوَاِنْ تَتَوَلَّوْا يَسْتَبْدِلْ قَوْمًا غَيْرَكُمْۙ ثُمَّ لَا يَكُوْنُوْٓا اَمْثَالَكُمْ ࣖ٣٨
Hā antum hā'ulā'i tud‘auna litunfiqū fī sabīlillāh(i), fa minkum may yabkhal(u), wa may yabkhal fa innamā yabkhalu ‘an nafsih(ī), wallāhul-ganiyyu wa antumul-fuqarā'(u), wa in tatawallau yastabdil qauman gairakum, ṡumma lā yakūnū amṡālakum.
[38] Élinga, ko kabéh kuwé wong-wong sing dejék supayané nyumbangna (bandhamu) neng dalané Gusti Allah. Banjur neng antarané ko ana wong sing medhit, lan sapa sing medhit setemené dhéwéké mung medhit maring awaké dhéwék. Lan Gusti Allah Mahasugih éwadéné ko kabéh wong-wong sing butuh (maring Gusti Allah). Lan angger ko padha mléngos (sekang dalan sing bener) mesthi Penjenengané bakal ngganti (ko kabéh) kanthi kaum sing liyané; lan dhéwéké kabéh ora bakal (duraka) kayadéné ko kabéh (kiyé).