Surah Al-Ahqaf
Daftar Surah
0:00
0:00
بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
حٰمۤ ۚ١
Ḥā mīm.
[1]
Haa Miiim.
تَنْزِيْلُ الْكِتٰبِ مِنَ اللّٰهِ الْعَزِيْزِ الْحَكِيْمِ٢
Tanzīlul-kitābi minallāhil ‘azīzil-ḥakīm(i).
[2]
Kitab kiyé déturunaken sekang Gusti Allah Sing Maha Digdaya, Maha Wicaksana.
مَا خَلَقْنَا السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضَ وَمَا بَيْنَهُمَآ اِلَّا بِالْحَقِّ وَاَجَلٍ مُّسَمًّىۗ وَالَّذِيْنَ كَفَرُوْا عَمَّآ اُنْذِرُوْا مُعْرِضُوْنَ٣
Mā khalaqnas-samāwāti wal-arḍa wa mā bainahumā illā bil-ḥaqqi wa ajalim musammā(n), wal-lażīna kafarū ‘ammā unżirū mu‘riḍūn(a).
[3]
Ingsun ora nyiptakna langit lan bumi lan apa sing ana neng antarané sekloroné kejaba kanthi (tujuan) sing sejati (hak) lan sejeroné wektu sing wis détemtokna. Ning wong-wong sing mbangkang (kapir), padha mléngos sekang pengéling-éling sing déparingna maring dhéwéké kabéh.
قُلْ اَرَءَيْتُمْ مَّا تَدْعُوْنَ مِنْ دُوْنِ اللّٰهِ اَرُوْنِيْ مَاذَا خَلَقُوْا مِنَ الْاَرْضِ اَمْ لَهُمْ شِرْكٌ فِى السَّمٰوٰتِ ۖائْتُوْنِيْ بِكِتٰبٍ مِّنْ قَبْلِ هٰذَآ اَوْ اَثٰرَةٍ مِّنْ عِلْمٍ اِنْ كُنْتُمْ صٰدِقِيْنَ٤
Qul ara'aitum mā tad‘ūna min dūnillāhi arūnī māżā khalaqū minal-arḍi am lahum syirkun fis-samāwāt(i), i'tūnī bikitābim min qabli hāżā au aṡāratim min ‘ilmin in kuntum ṣādiqīn(a).
[4]
Dhawuha (Muhammad), “Terangna (maring inyong) ngenani apa sing ko padha sembah seliyané Gusti Allah; tidhokna maring inyong apa sing wis dhéwéké ciptakna sekang bumi, utawa apa ana urun-urun sekang dhéwéké neng (penciptanan) langit? Gawakna maring inyong kitab sing seurungé (Al-Qur’an) kiyé utawa tinggalan sekang kawruhé (wong-wong gemiyén) angger ko kabéh wong sing bener.”
وَمَنْ اَضَلُّ مِمَّنْ يَّدْعُوْا مِنْ دُوْنِ اللّٰهِ مَنْ لَّا يَسْتَجِيْبُ لَهٗٓ اِلٰى يَوْمِ الْقِيٰمَةِ وَهُمْ عَنْ دُعَاۤىِٕهِمْ غٰفِلُوْنَ٥
Wa man aḍallu mimmay yad‘ū min dūnillāhi mal lā yastajību lahū ilā yaumil-qiyāmati wa hum ‘an du‘ā'ihim gāfilūn(a).
[5]
Lan sapa sing lewih kesasar tenimbang wong-wong sing nyembah seliyané Gusti Allah (sembahan) sing ora bisa ngeparengna (penyuwun)é nganti butul dina Kiyamat lan dhéwéké (sembahan mau) padha kelalén sekang nggatékna penyuwunané wong-wong kuwé?
وَاِذَا حُشِرَ النَّاسُ كَانُوْا لَهُمْ اَعْدَاۤءً وَّكَانُوْا بِعِبَادَتِهِمْ كٰفِرِيْنَ٦
Wa iżā ḥusyiran-nāsu kānū lahum a‘dā'aw wa kānū bi‘ibādatihim kāfirīn(a).
[6]
Lan angger menungsa dékumpulna (neng dina Kiyamat), sembahan kuwé dadi mungsuhé wong-wong mau lan ngingkari pemujan-pemujan sing délakoni déning wong-wong kuwé maring dhéwéké.
وَاِذَا تُتْلٰى عَلَيْهِمْ اٰيٰتُنَا بَيِّنٰتٍ قَالَ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا لِلْحَقِّ لَمَّا جَاۤءَهُمْۙ هٰذَا سِحْرٌ مُّبِيْنٌۗ٧
Wa iżā tutlā ‘alaihim āyātunā bayyinātin qālal-lażīna kafarū lil-ḥaqqi lammā jā'ahum, hāżā siḥrum mubīn(un).
[7]
Lan angger dhéwéké padha déwacakna ayat-ayat-É Ingsun sing cetha, wong-wong sing mbangkang (kapir) ngucap rikala bebener kuwé teka maring dhéwéké, “Kiyé sihir sing nyata,”
اَمْ يَقُوْلُوْنَ افْتَرٰىهُ ۗ قُلْ اِنِ افْتَرَيْتُهٗ فَلَا تَمْلِكُوْنَ لِيْ مِنَ اللّٰهِ شَيْـًٔا ۗهُوَ اَعْلَمُ بِمَا تُفِيْضُوْنَ فِيْهِۗ كَفٰى بِهٖ شَهِيْدًا ۢ بَيْنِيْ وَبَيْنَكُمْ ۗ وَهُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ٨
Am yaqūlūnaftarāh(u), qul iniftaraituh(ū), falā tamlikūna lī minallāhi syai'ā(n), huwa a‘lamu bimā tufīḍūna fīh(i), kafā bihī syahīdam bainī wa bainakum, wa huwal-gafūrur-raḥīm(u).
[8]
Malah dhéwéké padha ngucap, “Sliramu (Muhammad) wis gawé-gawé (Al-Qur’an).” Dhawuha, “Angger inyong gawé-gawé (Al-Qur’an) mangka ko ora kewawa semendhing-mendhinga ngindhakna inyong sekang siksané Gusti Allah. Penjenengané lewih ngawuningani apa sing ko padha ucapna ngenani (Al-Qur’an) kuwé. Cukup Penjenengané dadi seksi antarané inyong karo ko kabéh. Penjenengané Maha Ngampura, Mahaasih.”
قُلْ مَا كُنْتُ بِدْعًا مِّنَ الرُّسُلِ وَمَآ اَدْرِيْ مَا يُفْعَلُ بِيْ وَلَا بِكُمْۗ اِنْ اَتَّبِعُ اِلَّا مَا يُوْحٰٓى اِلَيَّ وَمَآ اَنَا۠ اِلَّا نَذِيْرٌ مُّبِيْنٌ٩
Qul mā kuntu bid‘am minar-rusuli wa mā adrī mā yuf‘alu bī wa lā bikum, in attabi‘u illā mā yūḥā ilayya wa mā ana illā nażīrum mubīn(un).
[9]
Dhawuha (Muhammad), “Inyong udu utusan sing kawitan neng antarané para utusan lan inyong ora ngerti ngenani apa sing bakal dépergawé maring inyong lan maring ko kabéh. Inyong mung nuruti maring apa sing dédhawuhna maring inyong lan inyong mung tukang awéh pengéling-éling sing nggenahna.”
قُلْ اَرَءَيْتُمْ اِنْ كَانَ مِنْ عِنْدِ اللّٰهِ وَكَفَرْتُمْ بِهٖ وَشَهِدَ شَاهِدٌ مِّنْۢ بَنِيْٓ اِسْرَاۤءِيْلَ عَلٰى مِثْلِهٖ فَاٰمَنَ وَاسْتَكْبَرْتُمْۗ اِنَّ اللّٰهَ لَا يَهْدِى الْقَوْمَ الظّٰلِمِيْنَ ࣖ١٠
Qul ara'aitum in kāna min ‘indillāhi wa kafartum bihī wa syahida syāhidum mim banī isrā'īla ‘alā miṡlihī fa āmana wastakbartum, innallāha lā yahdil-qaumaẓ-ẓālimīn(a).
[10]
Dhawuha, “Terangna maring inyong kepriwé penemumu lamon sebeneré (Al-Qur’an) kiyé teka sekang Gusti Allah lan ko padha ngingkari kuwé, mangkané ana seksi siji sekang Bani Israil 801 sing ngakoni (beneré) sing serupa karo sing désebut neng (Al-Qur’an) banjur dhéwéké precaya, ko padha ngagul-agulna awakmu dhéwék. Temen, Gusti Allah ora paring pitudhuh maring wong-wong sing padha aniaya (dolim).
801) Sing démaksud “wong siji sekang Bani Israil” kuwé Abdullah bin Salam, dhéwéké ngakoni precaya maring Kanjeng Nabi Muhammad sewisé nggatékna lamon neng antarané isi Al-Qur’an ana sing padha karo Taurat kayadéné ajaran tauhid, janji lan ancaman, kenabiané Kanjeng Nabi Muhammad, anané penguripan akhérat lan liya-liyané.
وَقَالَ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا لِلَّذِيْنَ اٰمَنُوْا لَوْ كَانَ خَيْرًا مَّا سَبَقُوْنَآ اِلَيْهِۗ وَاِذْ لَمْ يَهْتَدُوْا بِهٖ فَسَيَقُوْلُوْنَ هٰذَآ اِفْكٌ قَدِيْمٌ١١
Wa qālal-lażīna kafarū lil-lażīna āmanū lau kāna khairam mā sabaqūnā ilaih(i), wa iż lam yahtadū bihī fasayaqūlūna hāżā ifkun qadīm(un).
[11]
Lan wong-wong sing mbangkang (kapir) ngucap maring wong-wong sing padha precaya, “Sekirané Al-Qur’an kuwé sewiji-wiji sing apik mesthi dhéwéké ora pantes padha ndhingini inyong kabéh (ngprecayai) maring kuwé.” 802 Ning merga dhéwéké padha ora olih pituduh kanthi kuwé, mangka dhéwéké bakal padha ngucap, “Kiyé apus-apus sing lawas.”
802) Lamon wong-wong kapir kuwé ngina wong-wong Islam kanthi ngucap, “Sekirané Al-Qur’an kuwé bener mesti inyong lewih dhisit precaya maring kuwé tenimbang wong-wong sing miskin lan asor kayadéné Bilal, ‘Ammar, Suhaib, Habbab, lan liyané.
وَمِنْ قَبْلِهٖ كِتٰبُ مُوْسٰٓى اِمَامًا وَّرَحْمَةً ۗوَهٰذَا كِتٰبٌ مُّصَدِّقٌ لِّسَانًا عَرَبِيًّا لِّيُنْذِرَ الَّذِيْنَ ظَلَمُوْا ۖوَبُشْرٰى لِلْمُحْسِنِيْنَ١٢
Wa min qablihī kitābu mūsā imāmaw wa raḥmah(tan), wa hāżā kitābum muṣaddiqul lisānan ‘arabiyyal liyunżiral-lażīna ẓalamū, wa busyrā lil-muḥsinīn(a).
[12]
Lan seurungé (Al-Qur’an) kuwé wis ana Kitabé Musa minangka dadi pituduh lan kewelasan (rahmat). Lan (Al-Qur’an) kiyé dadi kitab sing mbenerna nganggo basa Arab nggo awéh pengéling-éling maring wong-wong sing aniaya (dolim) lan awéh werta bebungah maring wong-wong sing temindak apik.
اِنَّ الَّذِيْنَ قَالُوْا رَبُّنَا اللّٰهُ ثُمَّ اسْتَقَامُوْا فَلَا خَوْفٌ عَلَيْهِمْ وَلَا هُمْ يَحْزَنُوْنَۚ١٣
Innal-lażīna qālū rabbunallāhu ṡummastaqāmū falā khaufun ‘alaihim wa lā hum yaḥzanūn(a).
[13]
Setemené wong-wong sing padha ngucap, “Pengéranku kuwé Gusti Allah,” banjur dhéwéké padha tetep mersudi (istiqomah) 803 ora nana rasa kewatir tumrap dhéwéké kabéh lan dhéwéké (uga) ora padha susah neng ati.
803) Teguh kemantepané neng prekara tauhid lan ajeg temindak apiké.
اُولٰۤىِٕكَ اَصْحٰبُ الْجَنَّةِ خٰلِدِيْنَ فِيْهَاۚ جَزَاۤءً ۢبِمَا كَانُوْا يَعْمَلُوْنَ١٤
Ulā'ika aṣḥābul-jannati khālidīna fīhā, jazā'am bimā kānū ya‘malūn(a).
[14]
Dhéwéké kabéh kuwé para warga suwarga, langgeng neng njeroné; minangka dadi piwales ingatasé apa sing wis dhéwéké padha pergawé.
وَوَصَّيْنَا الْاِنْسَانَ بِوَالِدَيْهِ اِحْسَانًا ۗحَمَلَتْهُ اُمُّهٗ كُرْهًا وَّوَضَعَتْهُ كُرْهًا ۗوَحَمْلُهٗ وَفِصٰلُهٗ ثَلٰثُوْنَ شَهْرًا ۗحَتّٰىٓ اِذَا بَلَغَ اَشُدَّهٗ وَبَلَغَ اَرْبَعِيْنَ سَنَةًۙ قَالَ رَبِّ اَوْزِعْنِيْٓ اَنْ اَشْكُرَ نِعْمَتَكَ الَّتِيْٓ اَنْعَمْتَ عَلَيَّ وَعَلٰى وَالِدَيَّ وَاَنْ اَعْمَلَ صَالِحًا تَرْضٰىهُ وَاَصْلِحْ لِيْ فِيْ ذُرِّيَّتِيْۗ اِنِّيْ تُبْتُ اِلَيْكَ وَاِنِّيْ مِنَ الْمُسْلِمِيْنَ١٥
Wa waṣṣainal-insāna biwālidaihi iḥsānā(n), ḥamalathu ummuhū kurhaw wa waḍa‘athu kurhā(n), wa ḥamluhū wa fiṣāluhū ṡalāṡūna syahrā(n), ḥattā iżā balaga asyuddahū wa balaga arba‘īna sanah(tan), qāla rabbi auzi‘nī an asykura ni‘matakal-latī an‘amta ‘alayya wa ‘alā wālidayya wa an a‘mala ṣāliḥan tarḍāhu wa aṣliḥ lī fī żurriyyatī, innī tubtu ilaika wa innī minal-muslimīn(a).
[15]
Lan Ingsun préntahna maring menungsa supaya padha temindak apik maring wong tuwa sekloroné. Biyungé wis ngandhut dhéwéké kanthi rekasa lan nglairna dhéwéké kanthi rekasa (uga). Wektuné ngandhut nganti butul nyapih lawasé telung puluh wulan, saéngga angger dhéwéké (anaké kuwé) wis diwasa lan umuré nganti butul patang puluh taun, dhéwéké nyenyuwun, “Dhuh Pengéran kula, mugi paring pitedah dhateng kula supados kula saged nyukuri nékmat (paringan) Penjenengan ingkang empun dipun paringaken dhateng kula lan dhateng tiyang sepuh kula lan supados kula saged nglampahi kesaénan ingkang Penjenengan renani, lan mugi paringi kula kesaénan ingkang badhé mili dugi dhateng anak-putu kula. Saéstu, kula sami mertobat dhateng Penjenengan lan éstu, kula kelebet tiyang semarah (muslim).”
اُولٰۤىِٕكَ الَّذِيْنَ نَتَقَبَّلُ عَنْهُمْ اَحْسَنَ مَا عَمِلُوْا وَنَتَجَاوَزُ عَنْ سَيِّاٰتِهِمْ فِيْٓ اَصْحٰبِ الْجَنَّةِۗ وَعْدَ الصِّدْقِ الَّذِيْ كَانُوْا يُوْعَدُوْنَ١٦
Ulā'ikal-lażīna nataqabbalu ‘anhum aḥsana mā ‘amilū wa natajāwazu ‘an sayyi'atihim fī aṣḥābil-jannah(ti), wa‘daṣ-ṣidqil-lażī kānū yū‘adūn(a).
[16]
Dhéwéké kabéh kuwé wong-wong sing Ingsun tampani laku apiké sing wis dhéwéké lakoni, lan (wong-wong) sing Ingsun ampura kesalahan-kesalahané, (dhéwéké bakal padha dadi) warga-warga neng suwarga. Kuwé janji sing bener sing wis déjanjékna maring dhéwéké kabéh.
وَالَّذِيْ قَالَ لِوَالِدَيْهِ اُفٍّ لَّكُمَآ اَتَعِدَانِنِيْٓ اَنْ اُخْرَجَ وَقَدْ خَلَتِ الْقُرُوْنُ مِنْ قَبْلِيْۚ وَهُمَا يَسْتَغِيْثٰنِ اللّٰهَ وَيْلَكَ اٰمِنْ ۖاِنَّ وَعْدَ اللّٰهِ حَقٌّۚ فَيَقُوْلُ مَا هٰذَآ اِلَّآ اَسَاطِيْرُ الْاَوَّلِيْنَ١٧
Wal-lażī qāla liwālidaihi uffil lakumā ata‘idāninī an ukhraja wa qad khalatil qurūnu min qablī, wa humā yastagīṡānillāha wailaka āmin, inna wa‘dallāhi ḥaqq(un), fayaqūlu mā hāżā illā asāṭīrul-awwalīn(a).
[17]
Lan wong sing ngucap maring wong tuwané, “Ah.” 804 Apa ko sekloron ngélingna maring inyong lamon inyong bakal détangékna (sekang kubur), mangkané sewetara umat seurungé inyong wis padha keliwat? Banjur wong tuwané sekloron nyuwun pitulungan maring Gusti Allah (kanthi ngucap), “Cilaka ko, mara precayaa ko! Setemené janjiné Gusti Allah kuwé bener.” Banjur dhéwéké (anak kuwé) ngucap, “Kiyé mung dongéngé wong-wong gemiyén.”
804) Tembung-tembung, kalimat, utawa sasmita sing nadané nantang.
اُولٰۤىِٕكَ الَّذِيْنَ حَقَّ عَلَيْهِمُ الْقَوْلُ فِيْٓ اُمَمٍ قَدْ خَلَتْ مِنْ قَبْلِهِمْ مِّنَ الْجِنِّ وَالْاِنْسِ ۗاِنَّهُمْ كَانُوْا خٰسِرِيْنَ١٨
Ulā'ikal-lażīna ḥaqqa ‘alaihimul-qaulu fī umamin qad khalat min qablihim minal-jinni wal-ins(i), innahum kānū khāsirīn(a).
[18]
Dhéwéké kabéh kuwé wong-wong sing wis mesthi kepatrapan pepesthi (siksa) bareng karo umat-umat gemiyén seurung dhéwéké, sekang (golongan) jin lan menungsa. Dhéwéké kabéh kuwé wong-wong sing padha kapitunan.
وَلِكُلٍّ دَرَجٰتٌ مِّمَّا عَمِلُوْاۚ وَلِيُوَفِّيَهُمْ اَعْمَالَهُمْ وَهُمْ لَا يُظْلَمُوْنَ١٩
Wa likullin darajātum mimmā ‘amilū, wa liyuwaffiyahum a‘mālahum wa hum lā yuẓlamūn(a).
[19]
Lan saben wong olih drajat sepadhan karo apa sing wis dhéwéké padha lakoni lan supaya Gusti Allah nyukupna piwales tindak beciké dhéwéké kabéh lan dhéwéké ora padha dékapitunani.
وَيَوْمَ يُعْرَضُ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا عَلَى النَّارِۗ اَذْهَبْتُمْ طَيِّبٰتِكُمْ فِيْ حَيَاتِكُمُ الدُّنْيَا وَاسْتَمْتَعْتُمْ بِهَاۚ فَالْيَوْمَ تُجْزَوْنَ عَذَابَ الْهُوْنِ بِمَا كُنْتُمْ تَسْتَكْبِرُوْنَ فِى الْاَرْضِ بِغَيْرِ الْحَقِّ وَبِمَا كُنْتُمْ تَفْسُقُوْنَ ࣖ٢٠
Wa yauma yu‘raḍul-lażīna kafarū ‘alan-nār(i), ażhabtum ṭayyibātikum fī ḥayātikumud-dun-yā wastamta‘tum bihā, fal-yauma tujzauna ‘ażābal-hūni bimā kuntum tastakbirūna fil-arḍi bigairil-ḥaqqi wa bimā kuntum tafsuqūn(a).
[20]
Lan (élinga) neng dina (rikala) wong-wong sing padha mbangkang (kapir) déadhepna maring neraka (karo déucapna maring dhéwéké), “Ko wis padha ngentongna (rejeki) sing apik nggo penguripan dunyamu lan ko wis padha seneng-seneng (nékmati) kuwé, mangka neng dina kiyé ko kabéh dewales kanthi siksa sing nisthakna merga ko padha gemedhé neng bumi tanpa merdulekna babener lan merga ko padha gawé duraka (ora manut maring Gusti Allah).”
۞ وَاذْكُرْ اَخَا عَادٍۗ اِذْ اَنْذَرَ قَوْمَهٗ بِالْاَحْقَافِ وَقَدْ خَلَتِ النُّذُرُ مِنْۢ بَيْنِ يَدَيْهِ وَمِنْ خَلْفِهٖٓ اَلَّا تَعْبُدُوْٓا اِلَّا اللّٰهَ ۗاِنِّيْٓ اَخَافُ عَلَيْكُمْ عَذَابَ يَوْمٍ عَظِيْمٍ٢١
Ważkur akhā ‘ād(in), iż anżara qaumahū bil-aḥqāfi wa qad khalatin-nużuru mim baini yadaihi wa min khalfihī allā ta‘budū illallāh(a), innī akhāfu ‘alaikum ‘ażāba yaumin ‘aẓīm(in).
[21]
Lan élinga (Hud) seduluré kaum ’Ad yakuwé rikala dhéwéké ngélingna kaumé ngenani gunung-gunung wedhi setemené wis keliwat pirang-pirang wong sing awéh pengéling-éling seurungé lan sewisé (kanthi ngucap), “Aja pisan-pisan ko padha nyembah seliyané Gusti Allah, inyong temen kewatir setemené mengko ko padha ketiban siksa neng dina sing gedhé.”
قَالُوْٓا اَجِئْتَنَا لِتَأْفِكَنَا عَنْ اٰلِهَتِنَاۚ فَأْتِنَا بِمَا تَعِدُنَآ اِنْ كُنْتَ مِنَ الصّٰدِقِيْنَ٢٢
Qālū aji'tanā lita'fikanā ‘an ālihatinā fa'tinā bimā ta‘idunā in kunta minaṣ-ṣādiqīn(a).
[22]
Dhéwéké padha semaur, “Apa ko teka maring inyong nggo mléngosna inyong sekang (mundhi) sembahan-sembahané inyong kabéh? Mangka tekakna maring inyong kabéh siksa sing wis ko ancamna nggo inyong angger ko kelebu wong sing bener.”
قَالَ اِنَّمَا الْعِلْمُ عِنْدَ اللّٰهِ ۖوَاُبَلِّغُكُمْ مَّآ اُرْسِلْتُ بِهٖ وَلٰكِنِّيْٓ اَرٰىكُمْ قَوْمًا تَجْهَلُوْنَ٢٣
Qāla innamal ‘ilmu ‘indallāh(i), wa uballigukum mā ursiltu bihī wa lākinnī arākum qauman tajhalūn(a).
[23]
Dhéwéké (Hud) ngucap, “Setemené ilmu (ngenani kuwé) mung neng ( astané) Gusti Allah, lan inyong (mung) mbutulna maring ko kabéh apa sing déwahyokna maring inyong, ning inyong weruh ko kuwé kaum sing padha temindhak bodho.”
فَلَمَّا رَاَوْهُ عَارِضًا مُّسْتَقْبِلَ اَوْدِيَتِهِمْ قَالُوْا هٰذَا عَارِضٌ مُّمْطِرُنَا ۗبَلْ هُوَ مَا اسْتَعْجَلْتُمْ بِهٖ ۗرِيْحٌ فِيْهَا عَذَابٌ اَلِيْمٌۙ٢٤
Falammā ra'auhu ‘āriḍam mustaqbila audiyatihim, qālū hāżā ‘āriḍum mumṭirunā, bal huwa masta‘jaltum bih(ī), rīḥun fīhā ‘ażābun alīm(un).
[24]
Mangka rikala dhéwéké padha weruh siksa kuwé sing rupané lamuk sing temuju maring tanah-tanah lebaké, dhéwéké padha ngucap, “Kiyé lamuk sing bakal nurunaken udan maring dhéwék kabéh.” (Udu!) Ning kuwé siksa sing ko jaluk supaya dégelisna tekané (yakuwé) angin sing ngemu siksa sing perih,
تُدَمِّرُ كُلَّ شَيْءٍۢ بِاَمْرِ رَبِّهَا فَاَصْبَحُوْا لَا يُرٰىٓ اِلَّا مَسٰكِنُهُمْۗ كَذٰلِكَ نَجْزِى الْقَوْمَ الْمُجْرِمِيْنَ٢٥
Tudammiru kulla syai'im bi'amri rabbihā fa'aṣbaḥū lā yurā illā masākinuhum, każālika najzil-qaumal-mujrimīn(a).
[25]
sing ngajurna samubarang kabéh kanthi préntahé Pengérané, saéngga dhéwéké kabéh (kaum ‘Ad) dadi ora keton maning (neng bumi) kejaba mung (tilas-tilasé) papan panggonané dhéwéké kabéh. Mengkana kuwé Ingsun paring piwales maring kaum sing padha gawé dosa.
وَلَقَدْ مَكَّنّٰهُمْ فِيْمَآ اِنْ مَّكَّنّٰكُمْ فِيْهِ وَجَعَلْنَا لَهُمْ سَمْعًا وَّاَبْصَارًا وَّاَفْـِٕدَةًۖ فَمَآ اَغْنٰى عَنْهُمْ سَمْعُهُمْ وَلَآ اَبْصَارُهُمْ وَلَآ اَفْـِٕدَتُهُمْ مِّنْ شَيْءٍ اِذْ كَانُوْا يَجْحَدُوْنَ بِاٰيٰتِ اللّٰهِ وَحَاقَ بِهِمْ مَّا كَانُوْا بِهٖ يَسْتَهْزِءُوْنَ ࣖ٢٦
Wa laqad makkannāhum fīmā im makkannākum fīhi wa ja‘alnā lahum sam‘aw wa abṣāraw wa af'idah(tan), famā agnā ‘anhum sam‘uhum wa lā abṣāruhum wa lā af'idatuhum min syai'in iż kānū yajḥadūna bi'āyātillāhi wa ḥāqa bihim mā kānū bihī yastahzi'ūn(a).
[26]
Lan temen, Ingsun wis nguwatna kelunggguhané dhéwéké kabéh (kanthi kemakmuran lan kekuwatan) sing urung nglakon Ingsun paringna maring ko kabéh, lan ingsun wis paring maring dhéwéké pengrungu, pendelengan, lan ati; ning pengrungu, pendelengan lan atiné dhéwéké ora padha kanggo gawé semendhing-mendhinga tumrap dhéwéké kabéh, merga dhéwéké tansah padha ngingkari ayat-ayat-É Gusti Allah, lan (ancaman) siksa sing gemiyén padha dhéwéké perguyokna wis ngubengi dhéwéké kabéh.
وَلَقَدْ اَهْلَكْنَا مَا حَوْلَكُمْ مِّنَ الْقُرٰى وَصَرَّفْنَا الْاٰيٰتِ لَعَلَّهُمْ يَرْجِعُوْنَ٢٧
Wa laqad ahlaknā mā ḥaulakum minal-qurā wa ṣarrafnal-āyāti la‘allahum yarji‘ūn(a).
[27]
Lan temen, wis ingsun tumpes negari-negari neng seubengé ko kabéh lan uga wis Ingsun genahna kanthi bolan-balén tandha-tandha (agungé Ingsun) supayané dhéwéké padha bali (mertobat).
فَلَوْلَا نَصَرَهُمُ الَّذِيْنَ اتَّخَذُوْا مِنْ دُوْنِ اللّٰهِ قُرْبَانًا اٰلِهَةً ۗبَلْ ضَلُّوْا عَنْهُمْۚ وَذٰلِكَ اِفْكُهُمْ وَمَا كَانُوْا يَفْتَرُوْنَ٢٨
Falau lā naṣarahumul-lażīnattakhażū min dūnillāhi qurbānan ālihah(tan), bal ḍallū ‘anhum, wa żālika ifkuhum wa mā kānū yaftarūn(a).
[28]
Mangka kenangapa (brehala-brehala lan sembahan-sembahan) sing dhéwéké padha sembah seliyané Gusti Allah nggo ngepérekna dhéwéké (maring Gusti Allah) ora bisa nulungi dhéwéké kabéh? Malah sembahan-sembahan kuwé wis ilang sekang dhéwéké? Lan kuwé akibat gorohé dhéwéké kabéh lan apa sing gemiyén dhéwéké padha gawé-gawé.
وَاِذْ صَرَفْنَآ اِلَيْكَ نَفَرًا مِّنَ الْجِنِّ يَسْتَمِعُوْنَ الْقُرْاٰنَۚ فَلَمَّا حَضَرُوْهُ قَالُوْٓا اَنْصِتُوْاۚ فَلَمَّا قُضِيَ وَلَّوْا اِلٰى قَوْمِهِمْ مُّنْذِرِيْنَ٢٩
Wa iż ṣarafnā ilaika nafaram minal-jinni yastami‘ūnal-qur'ān(a), falammā ḥaḍarūhu qālū anṣitū, falammā quḍiya wallau ilā qaumihim munżirīn(a).
[29]
Lan (élinga) rikala Ingsun adhepna maring sliramu (Muhammad) rombongan jin sing padha ngrungokna (wacanan) Al-Qur’an, mangka rikala dhéwéké nekani (pewacanané) dhéwéké padha ngucap, “Menenga ko kabéh! (nggo ngrungokna)!” Mangka rikala wis rampung dhéwéké padha bali maring kaumé (nggo) awéh pengéling-éling.
قَالُوْا يٰقَوْمَنَآ اِنَّا سَمِعْنَا كِتٰبًا اُنْزِلَ مِنْۢ بَعْدِ مُوْسٰى مُصَدِّقًا لِّمَا بَيْنَ يَدَيْهِ يَهْدِيْٓ اِلَى الْحَقِّ وَاِلٰى طَرِيْقٍ مُّسْتَقِيْمٍ٣٠
Qālū yā qaumanā innā sami‘nā kitāban unzila mim ba‘di mūsā muṣaddiqal limā baina yadaihi yahdī ilal-ḥaqqi wa ilā ṭarīqim mustaqīm(in).
[30]
Dhéwéké padha ngucap, “Hé kaumé inyong! Temen, inyong wis padha ngrungokna Kitab (Al-Qur’an) sing déturunaken sewisé Musa, mbenerna (kitab kitab) sing teka seurungé, nuntun maring bebener lan maring dalan sing jejeg.
يٰقَوْمَنَآ اَجِيْبُوْا دَاعِيَ اللّٰهِ وَاٰمِنُوْا بِهٖ يَغْفِرْ لَكُمْ مِّنْ ذُنُوْبِكُمْ وَيُجِرْكُمْ مِّنْ عَذَابٍ اَلِيْمٍ٣١
Yā qaumanā ajībū dā‘iyallāhi wa āminū bihī yagfir lakum min żunūbikum wa yujirkum min ‘ażābin alīm(in).
[31]
Hé kaumé inyong kabéh! Tampanana (pengajék-ajéké) wong (Muhammad) sing ajék maring Gusti Allah. Lan padha precayaa (precaya) maring Penjenengané, mesthi Penjenengané bakal ngampurani dosa-dosamu lan ngeculna ko kabéh sekang siksa sing perih.
وَمَنْ لَّا يُجِبْ دَاعِيَ اللّٰهِ فَلَيْسَ بِمُعْجِزٍ فِى الْاَرْضِ وَلَيْسَ لَهٗ مِنْ دُوْنِهٖٓ اَوْلِيَاۤءُ ۗ اُولٰۤىِٕكَ فِيْ ضَلٰلٍ مُّبِيْنٍ٣٢
Wa mal lā yujib dā‘iyallāhi falaisa bimu‘jizin fil-arḍi wa laisa lahū min dūnihī auliyā'(u), ulā'ika fī ḍalālim mubīn(in).
[32]
Lan sapa wongé sing ora nrima (pengajék-ajék) wong sing ajék maring Gusti Allah (Muhammad) mangka dhéwéké ora bakal bisa ngeculna awaké dhéwék sekang siksané Gusti Allah neng bumi mangkané ora nana pengayom tumrap dhéwéké seliyané Gusti Allah. Dhéwéké kabéh neng sejeroné kesasar sing nyata.”
اَوَلَمْ يَرَوْا اَنَّ اللّٰهَ الَّذِيْ خَلَقَ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضَ وَلَمْ يَعْيَ بِخَلْقِهِنَّ بِقٰدِرٍ عَلٰٓى اَنْ يُّحْيِ َۧ الْمَوْتٰى ۗبَلٰٓى اِنَّهٗ عَلٰى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيْرٌ٣٣
Awalam yarau annallāhal-lażī khalaqas-samāwāti wal-arḍa wa lam ya‘ya bikhalqihinna biqādirin ‘alā ay yuḥyiyal-mautā, balā innahū ‘alā kulli syai'in qadīr(un).
[33]
Lan apa dhéwéké ora padha nggatékna lamon setemené Gusti Allah sing nyiptakna langit lan bumi lan Penjenengané ora ngrasakna sayah merga nyiptakna kuwé kabéh, lan Penjenengané kewasa nguripna sing mati? Kaya kuwé; temen, Penjenengané Mahakewasa ingatasé samubarang kabéh.
وَيَوْمَ يُعْرَضُ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا عَلَى النَّارِۗ اَلَيْسَ هٰذَا بِالْحَقِّ ۗ قَالُوْا بَلٰى وَرَبِّنَا ۗقَالَ فَذُوْقُوا الْعَذَابَ بِمَا كُنْتُمْ تَكْفُرُوْنَ٣٤
Wa yauma yu‘raḍul-lażīna kafarū ‘alan-nār(i), alaisa hāżā bil-ḥaqq(i), qālū balā wa rabbinā, qāla fażūqul-‘ażāba bimā kuntum takfurūn(a).
[34]
Lan (élinga) neng dina (rikala) wong-wong sing kapir déadhepna maring dhéwéké kabéh (dhéwéké arep padha détakoni), “Apa ora siksa kiyé nyata?” Dhéwéké padha semaur, “Nggih nyata, sekawit (sekawit) Pengérané kula sami.” Gusti Allah dhawuh, “Mangka rasakna siksa kiyé, merga gemiyén ko padha ngingkari kuwé.”
فَاصْبِرْ كَمَا صَبَرَ اُولُوا الْعَزْمِ مِنَ الرُّسُلِ وَلَا تَسْتَعْجِلْ لَّهُمْ ۗ كَاَنَّهُمْ يَوْمَ يَرَوْنَ مَا يُوْعَدُوْنَۙ لَمْ يَلْبَثُوْٓا اِلَّا سَاعَةً مِّنْ نَّهَارٍ ۗ بَلٰغٌ ۚفَهَلْ يُهْلَكُ اِلَّا الْقَوْمُ الْفٰسِقُوْنَ ࣖ٣٥
Faṣbir kamā ṣabara ulul-‘azmi minar-rusuli wa lā tasta‘jil lahum, ka'annahum yauma yarauna mā yū‘adūn(a), lam yalbaṡū illā sā‘atam min nahār(in), balāg(un), fahal yuhlaku illal-qaumul-fāsiqūn(a).
[35]
Mangka sing sabar sliramu (Muhammad) kayadéné sabaré rasul-rasul sing padha duwé ati teguh lan aja pisan-pisan sliramu nyuwun supaya siksa dégelisna (tekané) nggo dhéwéké kabéh. Neng dina dhéwéké padha weruh siksa sing déjanjékna, dhéwéké padha krasa kaya-kaya dhéwéké manggon (neng dunya) mung sedhéla neng wektu awan. Wajibé sliramu mung mbutulna. Mangka ora nana sing détumpes kejaba kaum sing padha pasék (ora manut maring Gusti Allah).