Surah Ad-Dukhan

Daftar Surah
0:00
0:00

بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
حٰمۤ ۚ١
Ḥā mīm.
[1] Haa Miim.

وَالْكِتٰبِ الْمُبِيْنِۙ٢
Wal-kitābil-mubīn(i).
[2] Sekawit (sekawit) Kitab (Al-Qur’an) sing cetha,

اِنَّآ اَنْزَلْنٰهُ فِيْ لَيْلَةٍ مُّبٰرَكَةٍ اِنَّا كُنَّا مُنْذِرِيْنَ٣
Innā anzalnāhu fī lailatim mubārakatin innā kunnā munżirīn(a).
[3] setemené Ingsun nurunaken kuwé (Kitab) neng wengi sing déberkahi. 790 Temen ingsun kuwé sing awéh pengéling-eling.
790) Wengi Al-Qur’an kawitan déturunaken

فِيْهَا يُفْرَقُ كُلُّ اَمْرٍ حَكِيْمٍۙ٤
Fīhā yufraqu kullu amrin ḥakīm(in).
[4] Neng (wengi kuwé) degenahna sekabéh urusan sing akéh hikmahé, 791
791) Kabéh prekara sing ana gandhéng-cénéngé karo penguripané titah kayadéné urip-mati, rejeki, nasib apik, nasib ala lan liyané.

اَمْرًا مِّنْ عِنْدِنَاۗ اِنَّا كُنَّا مُرْسِلِيْنَۖ٥
Amram min ‘indinā, innā kunnā mursilīn(a).
[5] (yakuwé) urusan sekang sisihé Ingsun. Temen, Ingsun kuwé sing ngutus rasul-rasul,

رَحْمَةً مِّنْ رَّبِّكَ ۗاِنَّهٗ هُوَ السَّمِيْعُ الْعَلِيْمُۗ٦
Raḥmatam mir rabbik(a), innahū huwas-samī‘ul-‘alīm(u).
[6] minangka kewelasan (rahmat) sekang Pengéranmu. Temen, Penjenengané Maha Midhanget, Maha Ngawuningani.

رَبِّ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِ وَمَا بَيْنَهُمَاۘ اِنْ كُنْتُمْ مُّوْقِنِيْنَ٧
Rabbis-samāwāti wal-arḍi wa mā bainahumā, in kuntum mūqinīn(a).
[7] Pengéran (sing ngreksa) langit lan bumi lan apa sing ana neng antarané sekloroné; angger ko kabéh wong-wong sing precaya.

لَآ اِلٰهَ اِلَّا هُوَ يُحْيٖ وَيُمِيْتُ ۗرَبُّكُمْ وَرَبُّ اٰبَاۤىِٕكُمُ الْاَوَّلِيْنَ٨
Lā ilāha illā huwa yuḥyī wa yumīt(u), rabbukum wa rabbu ābā'ikumul-awwalīn(a).
[8] Ora nana Pengéran seliyané Penjenengané, Penjenengané sing nguripna lan matékna (Penjenengané kuwé) Pengérané ko kabéh lan Pengérané kaki-ninimu gemiyén.

بَلْ هُمْ فِيْ شَكٍّ يَّلْعَبُوْنَ٩
Bal hum fī syakkiy yal‘abūn(a).
[9] Ning wong-wong kuwé neng sejeroné mamang, dhéwéké padha dolanan.

فَارْتَقِبْ يَوْمَ تَأْتِى السَّمَاۤءُ بِدُخَانٍ مُّبِيْنٍ١٠
Fartaqib yauma ta'tis-samā'u bidukhānim mubīn(in).
[10] Mangka enténana neng dina rikala langit nggawa pedhut sing katon cetha, 792
792) Marabaya kencoten sing nibani kaum Quraisy merga dhéwéké padha mbangkang maring Nabi Muhammad s.a.w.

يَغْشَى النَّاسَۗ هٰذَا عَذَابٌ اَلِيْمٌ١١
Yagsyan-nās(a), hāżā ‘ażābun alīm(un).
[11] sing nglingkupi menungsa. Kiyé siksa sing perih.

رَبَّنَا اكْشِفْ عَنَّا الْعَذَابَ اِنَّا مُؤْمِنُوْنَ١٢
Rabbanaksyif ‘annal-‘ażāba innā mu'minūn(a).
[12] (Wong-wong kuwé padha nyenyuwun), “Dhuh Pengéran kula sami, mugi icalaken siksa niku saking kula sedaya, éstu kula sedaya ajeng pitados (precaya).”

اَنّٰى لَهُمُ الذِّكْرٰى وَقَدْ جَاۤءَهُمْ رَسُوْلٌ مُّبِيْنٌۙ١٣
Annā lahumuż-żikrā wa qad jā'ahum rasūlum mubīn(un).
[13] Kepriwé dhéwéké kabéh bisa nampani pengéling-éling, mangkané (seurungé baé) wis teka sewiji utusan awéh keterangan maring dhéwéké kabéh,

ثُمَّ تَوَلَّوْا عَنْهُ وَقَالُوْا مُعَلَّمٌ مَّجْنُوْنٌۘ١٤
Ṡumma tawallau ‘anhu wa qālū mu‘allamum majnūn(un).
[14] banjur dhéwéké padha mléngos sekang pengeling-eling, lan ngucap, “Dhéwéké kuwé wong sing nampa piwulang (sekang wong liya) lan wong édan. 793
793) Nabi Muhammad s.a.w. déarani nampa ilmu sekang wong sing udu bangsa Arab jenengé Addas agamané nasrani.

اِنَّا كَاشِفُوا الْعَذَابِ قَلِيْلًا اِنَّكُمْ عَاۤىِٕدُوْنَۘ١٥
Innā kāsyiful-‘ażābi qalīlan innakum ‘ā'idūn(a).
[15] Temen, (angger) Ingsun ngilangna siksa kuwé semendhing baé, mesthi dhéwéké kabéh bakal padha balik (ingkar).

يَوْمَ نَبْطِشُ الْبَطْشَةَ الْكُبْرٰىۚ اِنَّا مُنْتَقِمُوْنَ١٦
Yauma nabṭisyul baṭsyatal kubrā, innā muntaqimūn(a).
[16] (Élinga) maring dina (rikala) Ingsun nggebug wong-wong kuwé kanthi rosa. 794 Ingsun mesthi paring piwales.
794) Gebugan sing rosa kuwé neng Perang Badar. Rikala wong-wong musrik degebug mundur dadi kalah. Lan akéh pemimpiné sing padha tiwas.

۞ وَلَقَدْ فَتَنَّا قَبْلَهُمْ قَوْمَ فِرْعَوْنَ وَجَاۤءَهُمْ رَسُوْلٌ كَرِيْمٌۙ١٧
Wa laqad fatannā qablahum qauma fir‘auna wa jā'ahum rasūlun karīm(un).
[17] Lan temen, seurungé dhéwéké kabéh Ingsun nyata-nyata wis nguji maring kaumé Fir’aun lan wis teka maring dhéwéké kabéh sewiji rasul sing mulya,

اَنْ اَدُّوْٓا اِلَيَّ عِبَادَ اللّٰهِ ۗاِنِّيْ لَكُمْ رَسُوْلٌ اَمِيْنٌۙ١٨
An addū ilayya ‘ibādallāh(i), innī lakum rasūlun amīn(un).
[18] (kanthi ngucap), “Pasrahna maring enyong kewula-kewulané Gusti Allah (Bani Israil). Setemené inyong kuwé utusané Gusti Allah sing bisa ko andel,

وَّاَنْ لَّا تَعْلُوْا عَلَى اللّٰهِ ۚاِنِّيْٓ اٰتِيْكُمْ بِسُلْطٰنٍ مُّبِيْنٍۚ١٩
Wa al lā ta‘lū ‘alallāh(i), innī ātīkum bisulṭānim mubīn(in).
[19] lan aja pisan-pisan ko kabéh ngagul-agulna awakmu maring Gusti Allah.Temen, inyong teka maring ko kabéh kanthi nggawa bukti sing nyata.

وَاِنِّيْ عُذْتُ بِرَبِّيْ وَرَبِّكُمْ اَنْ تَرْجُمُوْنِۚ٢٠
Wa innī ‘użtu birabbī wa rabbikum an tarjumūn(i).
[20] Lan setemené inyong mengayom maring Pengéranku lan Pengéranmu sekang ancamanmu ngrutug watu (rajam) maring inyong.

وَاِنْ لَّمْ تُؤْمِنُوْا لِيْ فَاعْتَزِلُوْنِ٢١
Wa il lam tu'minū lī fa‘tazilūn(i).
[21] Lan angger ko padha ora precaya maring inyong, mangka rilakna baé inyong (mimpin Bani Israil).”

فَدَعَا رَبَّهٗٓ اَنَّ هٰٓؤُلَاۤءِ قَوْمٌ مُّجْرِمُوْنَ٢٢
Fa da‘ā rabbahū anna hā'ulā'i qaumum mujrimūn(a).
[22] Banjur dhéwéké (Musa) nyenyuwun maring Pengérané, “Temen, kiyambeké sedaya niki kaum ingkang dosa (mugi enggalaken siksa nggé kiyambeké sedaya).”

فَاَسْرِ بِعِبَادِيْ لَيْلًا اِنَّكُمْ مُّتَّبَعُوْنَۙ٢٣
Fa asri bi‘ibādī lailan innakum muttaba‘ūn(a).
[23] (Gusti Allah dhawuh), “Merga kuwé padha mlakua bareng karo kewula-kewulané Ingsun neng wektu wengi. Setemené ko kabéh bakal deuber,

وَاتْرُكِ الْبَحْرَ رَهْوًاۗ اِنَّهُمْ جُنْدٌ مُّغْرَقُوْنَ٢٤
Watrukil-baḥra rahwā(n), innahum jundum mugraqūn(a).
[24] lan jorna segara kuwé kesigar. Setemené wong-wong kuwé, wadyabala sing bakal délelepna.”

كَمْ تَرَكُوْا مِنْ جَنّٰتٍ وَّعُيُوْنٍۙ٢٥
Kam tarakū min jannātiw wa ‘uyūn(in).
[25] Sepira akéhé batir-batir lan sumber banyu sing dhéwéké padha tinggalna,

وَّزُرُوْعٍ وَّمَقَامٍ كَرِيْمٍۙ٢٦
Wa zurū‘iw wa maqāmin karīm(in).
[26] uga kebon-kebon lan papan-papan panggonan sing semanger,

وَّنَعْمَةٍ كَانُوْا فِيْهَا فٰكِهِيْنَۙ٢٧
Wa na‘matin kānū fīhā fākihīn(a).
[27] lan kesenengan-kesenengan sing bisa dhéwéké kabéh nékmati neng kana,

كَذٰلِكَ ۗوَاَوْرَثْنٰهَا قَوْمًا اٰخَرِيْنَۚ٢٨
Każālik(a), wa auraṡnāhā qauman ākharīn(a).
[28] mengkana kuwé, lan Ingsun warisna (kabéh) kuwé maring kaum sing liya.

فَمَا بَكَتْ عَلَيْهِمُ السَّمَاۤءُ وَالْاَرْضُۗ وَمَا كَانُوْا مُنْظَرِيْنَ ࣖ٢٩
Famā bakat ‘alaihimus-samā'u wal-arḍ(u), wa mā kānū munẓarīn(a).
[29] Mangka langit lan bumi ora nangisi wong-wong kuwé, lan dhéwéké kabéh uga ora déparingi tangguhan wektu.

وَلَقَدْ نَجَّيْنَا بَنِيْٓ اِسْرَاۤءِيْلَ مِنَ الْعَذَابِ الْمُهِيْنِۙ٣٠
Wa laqad najjainā banī isrā'īla minal-‘ażābil-muhīn(i).
[30] Lan temen, wis Ingsun slametna Bani Israil sekang siksa sing gawé nistha,

مِنْ فِرْعَوْنَ ۗاِنَّهٗ كَانَ عَالِيًا مِّنَ الْمُسْرِفِيْنَ٣١
Min fir‘aun(a), innahū kāna ‘āliyam minal-musrifīn(a).
[31] sekang (siksanané) Fir’aun, temen, dhéwéké kuwé wong sing gemedhé, klebu wong-wong sing padha ngliwati wates.

وَلَقَدِ اخْتَرْنٰهُمْ عَلٰى عِلْمٍ عَلَى الْعٰلَمِيْنَ ۚ٣٢
Wa laqadikhtarnāhum ‘alā ‘ilmin ‘alal-‘ālamīn(a).
[32] Lan temen, Ingsun pilih wong-wong kuwé kabéh (Bani Israil) kanthi ilmuné (Ingsun) sendhuwuré kabéh bangsa (wektu kuwé).

وَاٰتَيْنٰهُمْ مِّنَ الْاٰيٰتِ مَا فِيْهِ بَلٰۤـؤٌا مُّبِيْنٌ٣٣
Wa ātaināhum minal-āyāti mā fīhi balā'um mubīn(un).
[33] Lan wis Ingsun paringna maring dhéwéké kabéh neng antarané tandha-tandha (agungé Ingsun) sewiji-wiji sing neng njeroné ana nékmat sing nyata. 795
795) Kaya iyub-iyubé awan, medhuné mann lan salwa; mancuré banyu sekang watu, lan sigaré segara.

اِنَّ هٰٓؤُلَاۤءِ لَيَقُوْلُوْنَۙ٣٤
Inna hā'ulā'i layaqūlūn(a).
[34] Setemené dhéwéké kabéh (kaum musrik) kuwé mesthi bakal ngucap,

اِنْ هِيَ اِلَّا مَوْتَتُنَا الْاُوْلٰى وَمَا نَحْنُ بِمُنْشَرِيْنَ٣٥
In hiya illā mautatunal-ūlā wa mā naḥnu bimunsyarīn(a).
[35] “Ora nana pati kejaba pati neng dunya kiyé. Lan inyong kabéh ora bakal détangékna. 796
796) Wong-wong musrik Mekah ngingkari lamon sewisé mati menungsa bakal déuripna maning.

فَأْتُوْا بِاٰبَاۤىِٕنَآ اِنْ كُنْتُمْ صٰدِقِيْنَ٣٦
Fa'tū bi'ābā'inā in kuntum ṣādiqīn(a).
[36] mangka tekakna (maning) kaki-nininé inyong angger ko wong sing bener.”

اَهُمْ خَيْرٌ اَمْ قَوْمُ تُبَّعٍۙ وَّالَّذِيْنَ مِنْ قَبْلِهِمْۗ اَهْلَكْنٰهُمْ اِنَّهُمْ كَانُوْا مُجْرِمِيْنَ٣٧
Ahum khairun am qaumu tubba‘(in), wal-lażīna min qablihim, ahlaknāhum innahum kānū mujrimīn(a).
[37] Apa dhéwéké kabéh (kaum musrik) sing lewih apik apa kaum Tubba’, 797 lan wong-wong sing seurungé dhéwéké kabéh sing wis Ingsun tumpes merga dhéwéké kabéh kuwé wong-wong sing akéh dosané.
797) Tubba’ yakuwé gelar nggo raja-rajané suku Himyar lan Tubba’.

وَمَا خَلَقْنَا السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضَ وَمَا بَيْنَهُمَا لٰعِبِيْنَ٣٨
Wa mā khalaqnas-samāwāti wal-arḍa wa mā bainahumā lā‘ibīn(a).
[38] Lan ora pisan-pisan Ingsun dolanan nyiptakna langit lan bumi lan apa sing ana neng antarané sekloroné.

مَا خَلَقْنٰهُمَآ اِلَّا بِالْحَقِّ وَلٰكِنَّ اَكْثَرَهُمْ لَا يَعْلَمُوْنَ٣٩
Mā khalaqnāhumā illā bil-ḥaqqi wa lākinna akṡarahum lā ya‘lamūn(a).
[39] Ora-orané Ingsun ciptakna sekloroné kejaba kanthi haq (bener) ning akéh-akéhé dhéwéké padha ora ngaweruhi.

اِنَّ يَوْمَ الْفَصْلِ مِيْقَاتُهُمْ اَجْمَعِيْنَ ۙ٤٠
Inna yaumal-faṣli mīqātuhum ajma‘īn(a).
[40] Temen, neng dina putusan (dina Kiyamat) kuwé wektu sing déjanjékna maring wong-wong kuwé kabéh,

يَوْمَ لَا يُغْنِيْ مَوْلًى عَنْ مَّوْلًى شَيْـًٔا وَّلَا هُمْ يُنْصَرُوْنَۙ٤١
Yauma lā yugnī maulan ‘am maulan syai'aw wa lā hum yunṣarūn(a).
[41] yakuwé neng dina (rikala) sewiji batir babar pisan ora bisa awéh piguna maring batir liyané, lan dhéwéké kabéh ora olih pitulungan,

اِلَّا مَنْ رَّحِمَ اللّٰهُ ۗاِنَّهٗ هُوَ الْعَزِيْزُ الرَّحِيْمُ ࣖ٤٢
Illā mar raḥimallāh(u), innahū huwal-‘azīzur-raḥīm(u).
[42] kejaba wong sing déparingi kewelasan (rahmat) déning Gusti Allah. Temen, Penjenengan Mahadigdaya, Mahaasih.

اِنَّ شَجَرَتَ الزَّقُّوْمِۙ٤٣
Inna syajarataz-zaqqūm(i).
[43] Temen wit zaqqum kuwé,

طَعَامُ الْاَثِيْمِ ۛ٤٤
Ṭa‘āmul-aṡīm(i).
[44] panganan nggo wong sing akéh dosané.

كَالْمُهْلِ ۛ يَغْلِيْ فِى الْبُطُوْنِۙ٤٥
Kal-muhl(i), yaglī fil-buṭūn(i).
[45] Kayadéné jér-jéran tembaga sing umeb neng njero weteng,

كَغَلْيِ الْحَمِيْمِ ۗ٤٦
Kagalyil-ḥamīm(i).
[46] kayadéné umebé banyu sing banget panasé.

خُذُوْهُ فَاعْتِلُوْهُ اِلٰى سَوَاۤءِ الْجَحِيْمِۙ٤٧
Khużūhu fa‘‘tilūhu ilā sawā'il-jaḥīm(i).
[47] “Cekelen dhéwéké, banjur géréd dhéwéké nganti butul tengah-tengahé neraka,

ثُمَّ صُبُّوْا فَوْقَ رَأْسِهٖ مِنْ عَذَابِ الْحَمِيْمِۗ٤٨
Ṡumma ṣubbū fauqa ra'sihī min ‘azābil-ḥamīm(i).
[48] banjur siramna maring neng ndhuwur sirahé siksa (sekang) banyu sing banget panasé.”

ذُقْۚ اِنَّكَ اَنْتَ الْعَزِيْزُ الْكَرِيْمُ٤٩
Żuq, innaka antal-‘azīzul-karīm(u).
[49] “Rasakna, setemené ko kabéh nyata-nyata wong sing digdaya lan mulya.”

اِنَّ هٰذَا مَا كُنْتُمْ بِهٖ تَمْتَرُوْنَ٥٠
Inna hāżā mā kuntum bihī tamtarūn(a).
[50] Temen, kiyé siksa sing gemiyén ko padha mamangna.

اِنَّ الْمُتَّقِيْنَ فِيْ مَقَامٍ اَمِيْنٍۙ٥١
Innal-muttaqīna fī maqāmin amīn(in).
[51] Temen wong-wong sing semarah (takwa) padha manggon neng papan sing aman,

فِيْ جَنّٰتٍ وَّعُيُوْنٍ ۙ٥٢
Fī jannātiw wa ‘uyūn(in).
[52] (yakuwé) neng sejeroné kebon kebon lan sumber-sumber banyu,

يَّلْبَسُوْنَ مِنْ سُنْدُسٍ وَّاِسْتَبْرَقٍ مُّتَقٰبِلِيْنَۚ٥٣
Yalbasūna min sundusiw wa istabraqim mutaqābilīn(a).
[53] wong wong kuwé padha nganggo sutra sing alus lan kandel (njagong) adhep-adhepan,

كَذٰلِكَۗ وَزَوَّجْنٰهُمْ بِحُوْرٍ عِيْنٍۗ٥٤
Każālik(a), wa zawwajnāhum biḥūrin ‘īn(in).
[54] mengkana kuwé, banjur Ingsun paringna maring dhéwéké kabéh jodho (rupa) widadari sing matané maen.

يَدْعُوْنَ فِيْهَا بِكُلِّ فَاكِهَةٍ اٰمِنِيْنَۙ٥٥
Yad‘ūna fīhā bikulli fākihatin āminīn(a).
[55] Neng njeroné dhéwéké padha bisa njaluk sekabéh werna woh-wohan kanthi aman lan ayem-tentrem, 798
798) Tanpa kewatir kentongan utawa kewatir lara.

لَا يَذُوْقُوْنَ فِيْهَا الْمَوْتَ اِلَّا الْمَوْتَةَ الْاُوْلٰىۚ وَوَقٰىهُمْ عَذَابَ الْجَحِيْمِۙ٥٦
Lā yażūqūna fīhal-mauta illal-mautatal-ūlā, wa waqāhum ‘ażābal-jaḥīm(i).
[56] Wong-wong kuwé ora bakal ngrasakna mati neng njeroné seliyané pati sing kawitan (neng dunya). Gusti Allah ngayomi dhéwéké kabéh sekang siksa neraka,

فَضْلًا مِّنْ رَّبِّكَۚ ذٰلِكَ هُوَ الْفَوْزُ الْعَظِيْمُ٥٧
Faḍlam mir rabbika żālika huwal-fauzul-‘aẓīm(u).
[57] kuwé minangka anugrah sekang Pengéranmu. Mengkana kuwé kemenangan sing agung.

فَاِنَّمَا يَسَّرْنٰهُ بِلِسَانِكَ لَعَلَّهُمْ يَتَذَكَّرُوْنَ٥٨
Fa innamā yassarnāhu bilisānika la‘allahum yatażakkarūn(a).
[58] Temen, Ingsun gampangna Al-Qur’an kuwé karo basané sliramu supayané dhéwéké padha olih piwulang.

فَارْتَقِبْ اِنَّهُمْ مُّرْتَقِبُوْنَ ࣖࣖ٥٩
Fartaqib innahum murtaqibūn(a).
[59] Mangka enténana; temen, dhéwéké kabéh (uga lagi) ngenténi.